Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054)

Judul
Sambungan
1. Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 054–104). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 11-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie. No. 338 ... f 0.50

Abimanyu Kèrêm

anggitanipun
Sukir
cap-capan 2
Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm

--- [1] ---

Abimanyu Kèrêm
anggitanipun
Sukir
cap-capan 2
Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtat Sêblad 1912 N0.600

--- [3] ---

1. Sinom

1. nahên ta gancaring kata | măngka bêbukaning tulis | karajan Jênggalarêtna | inggih praja Dwarawati | wênang ingucap bilih | nagari panjang apunjung | kang jumênêng narendra | Mahaprabu Arimurti | ajêjuluk Narapati Padmanaba ||

2. wau ta sri naranata | miyos siniwakèng dasih | alênggah dhampar kancana | pinatik ing sêsotyadi | pêpêk andhèr kang nangkil | sadaya amarikêlu | kang munggwèng byantarendra | putra Pangeran Dipati | Anom Radèn Sămba lêlancuring praja ||

3. jajar lawan ingkang paman | Si Radyan Arya Satyaki | rajaputra Lesanpura | ing paglaran kang anangkil | Udawa Kyana Patih | lan sagung para tumenggung | andhèr pra wadyabala | pindha trunaning udadi | lir ngrubuhkên pancak sujining paglaran ||

4. ya ta enggaling carita | alon ngandika sang aji | mring putra sang narpatmaja | dhuh kulup padha basuki | paran wus sawatawis | sebanta nèng sitiluhur | Dyan Sămba matur nêmbah | nuwun timbalan dewa ji | ulun pundhi kapêtêk ing mastakamba ||

5. kacancang pucuking keswa | dadosa jimat paripih | nuwun sadèrèng paduka | dewaji miyos tinangkil | wonten ing păncaniti | putrendra manglesot dangu | muhung sêmbah bêktyamba | konjuk ing kangjêng dewaji | dumunung ing pada paduka narendra ||

--- 4 ---

6. manggut ngandika sang nata | dahat sun tarima kaki | tarlèn mung pangèstuningwang | mring sira ambanyu mili | Radyan Sămba wotsari | matur kapundhi pukulun | nata malih ngandika | mring ari Arya Satyaki | apadene ari ya padha raharja ||

7. Radyan Arya Wrêsniwira | umatur saha wotsari | kaka prabu kang timbalan | sakalangkung ulun pundhi | amba cancang ing wèni | kapêtêk wontên ing êmbun | mêwahi kayuwanan | tan lyan sêmbah pangabekti | ulun konjuk pada paduka kakendra ||

8. sang nata arum ngandika | dahat sun tarima yayi | pangèstuningsun mring sira | dyan arya matur kapundhi | sang nata ngandikaris | mring putra sang narpasunu | dhuh putraningsun Sămba | marma sira ingsun piji | ing sebanta aywa dadi gitaning tyas ||

9. kulup dadia wruhanta | ana ingkang ingsun pikir | jatine gyan ngong sineba | mamèt lipuring prihatin | mungguh wosing tyas sêdhih | prakara ing murcanipun | bibèkira Sumbadra | de lalu tan antuk warti | ngong upaya têkèng mêngko durung panggya ||

10. narpaputra duk miyarsa | pangandikanya sang aji | dahat karantaning driya | barubah yayah rinujit | tumungkul awotsari | matur paduka pukulun | măngsa kakilapana | bab murcanipun jêng bibi | dhuh saiba duhkitanipun jêng paman ||

11. awit jêng bibi murcanya | atilar putra taksyalit | pun kulup Bimanyu tansah | siyang ratri gung anangis |

--- 5 ---

pramila paduka ji | tulunga mring kawlasayun | ngulati murcanira | jêng bibi kang nis ing ratri | măngka dadi usadaning tyas duhkita ||

12. ngandika sri naranata | bênêr aturira kaki | wruhanta kèhing lêlakyan | atas karsaning dewadi | kawula mung sadarmi | lumaksana ing satuduh | puluh-puluh lir paran | Dyan Sămba matur wotsari | kaluhuran dewaji dhawuh paduka ||

13. sang nata malih ngandika | ing nguni sun wus anuding | nimbali Pratiwanggana | pamanta ing Saptabumi | suwe tan ana prapti | yèku kang arsa sun utus | ngupaya ingkang murca | narpatmaja awotsari | kacarita Mahaprabu Padmanaba ||

14. gyannya imbal pangandika | lan putra narendrasiwi | dèrèng kongsi tri pandurat | kasaru gêdêring jawi | ebah wadya kang nangkil | gita risang mantringayun | mriksa ebahing wadya | wonten punggawa tur uning | praptanira satriya Saptapratala ||

15. Radèn Pratiwianggana | arsa sowan mring sang aji | nging mangke maksih angantya | wonten sakidul waringin | kurung sang nindya mantri | gya minggah mring sitiluhur | praptaning byantarendra | wotsêkar konjêm ing siti | narpatmaja arum pangandikanira ||

16. hèh wa patih paran marma | sira tumêkèng sitinggil | lir paran wigatinira | kya patih matur wotsari | dhuh anggèr narpasiwi | kawuningana pukulun | amba atur uninga | paman jengandika prapti | Dyan Pratiwanggana [Prati...]

--- 6 ---

[...wanggana] ing Saptapratala ||

17. arsa sowan sri narendra | maksih ngantya wonten jawi | sri narendra duk miyarsa | wimbaning pangandikaris | Udawa dipun aglis | timbalana ariningsun | Dhimas Pratiwanggana | ywa lalu nganti nèng jawi | mantrimuka tur sêmbah lèngsèr sing ngarsa ||

18. sapraptanira ing jaba | mantrimuka sampun panggih | lan Radyan Pratiwanggana | glising carita wus kerit | minggah mring păncaniti | cingak kang samya andulu | mring Dyan Pratiwanggana | praptaning ngabyantaraji | angrêpèpèh lir sata amanggih krama ||

19. tur sembah kang lagya prapta | wus lênggah cakêt sang aji | tumungkul dènira lênggah | muka lir konjem ing siti | langkung rêsêp sang aji | angandika pait madu | mring Dyan Pratiwanggana | yayi marma sun timbali | baya sira yayi kang dadya sarana ||

20. madhangkên pêtênging driya | măngka usadèng prihatin | Dyan Pratiwi matur nêmbah | dhuh kaka prabu lir nèki | dhawuh pangandika ji | arinta dèrèng dumunung | saking jugul kawula | sang nata ngandika manis | dhuh riningsun kaya bênêr aturira ||

21. lire pangandikaningwang | layak yayi tan mangarti | sejatine jênêng ingwang | mangkya kataman rudatin | kang dadya witing sêdhih | tarlèn mung bab murcanipun | Kakangira Sumbadra | tita tan antuk pawarti | tanpa kanthi buh mring êndi kang sinêdya ||

2. Kinanthi

1. wau ta nalikanipun | Pratiwanggana miyarsi | pangandikanya Sri Krêsna | kumêmbêng waspanirèki [waspa...]

--- [7] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054): Citra 1 dari 5
...Yayi marma sun timbali, baya sira yayi kang dadi sarana ...

--- 8 ---

[...nirèki] | sakala bela sungkawa | ngandika Danardanaji ||

2. dhuh Pratiwi Ariningsun | mungguh karsanipun yayi | ingkang pantês ingsun duta | ngupaya murcanirèki | Si Rêtna Wara Sumbadra | muhung jênêng sira yayi ||

3. marmane dhuh ariningsun | ngong minta pitulung yayi | mangkya sira lumakua | mring Madukara manggihi | kakangira Si Arjuna | tundhungên padha saiki ||

4. saking kasatriyanipun | dene jênêng sira yayi | ywa was sumêlanging driya | yen kakangira Jahnawi | băngga nuli rampungana | de yèn wus kalakon yayi ||

5. kakangira Pandhusunu | kèngsêr sing Madukarèki | yèn bisa gawanên pisan | maring ngarsaningsun yayi | awit kakangmu Arjuna | darbe luput gêng mring mami ||

6. Pratiwi nêmbah umatur | kakaji pêpundhèn kami | Arinta Pratiwanggana | darmi lumakswa satuding | dhuh kakaji amit pêjah | ngandika Sri Arimurti ||

7. dhuh Pratiwi ariningsun | sira datan ngong prih lalis | muga-muga laksitanta | manggiha suka basuki | Pratiwanggana tur sembah | têrang timbalan kakaji ||

8. lajêng kewala pun ulun | dhatêng ing Madukarèki | manggut Sri Narendra Krêsna | Pratiwi mit dèn lilani | lèngsèr saking ngarsa nata | wau ta sri narapati ||

9. nenggih ing saunduripun | Pratiwanggana sang pêkik | minggu kongsi tri pandurat | puwara ngandika aris | mring putra sang narpatmaja | dhuh Sămba atmaja mami ||

10. sira mrantia dèn gupuh | sakapraboning ajurit | lakune

--- 9 ---

Pratiwanggana | untapna jawining kikis | lawan wadya sawatara | Dyan Sămba matur wotsari ||

11. nuwun sandika pukulun | têlasing pangandikaji | jog tumêdhak sing palăngka | sri narindra nolih ngiri | anyampar kanang cênela | tandya kondur ngênyapuri ||

12. gugup sagung para arum | ingkang samya ngampil-ampil | upacaraning narendra | piyak ngarsa tangkêp wuri | angayap sri naranata | gyanira angênyapuri ||

13. Dyan Sămba wotsari mundur | tanapi Arya Satyaki | nêdya arsa magelaran | dhawuhkên timbalan aji | ya ta ingkang kacarita | kondure sri narapati ||

14. wus utusan sang aprabu | marang pawongan kêkalih | Nyai Sêpêtmadu lawan | Madupinasthika sami | tumamèng jroning puraya | wigati atur udani ||

15. kondurira sang aprabu | dhumateng jêng pramèswari | laju tindaknya sang nata | ginarubyug para cèthi | sarawuhirèng puraya | pinêthuk jêng pramèswari ||

16. gya kanthèn asta sang prabu | lawan jêng wara supadmi | ri wusnya lênggah satata | pramèswari nungsung warti | gyanira sri naranata | miyos wonten păncaniti ||

17. tandya wêwarta sang prabu | mring garwa pramèswari tri | ing purwa têkèng wasana | ya ta jêng sri narèswari | katri myarsa parêng nêmbah | ri wusira sawatawis ||

18. sri narendra tandya kondur | lawan para pramèswari | sigra maring pamêlêngan | ngêningkên [ngê...]

--- 10 ---

[...ningkên] tyas sri bupati | manêgês manungku puja | nyirnakkên asmarèng kingkin ||

3. Asmarandana

1. gantya kang winarnèng tulis | narpaputra Radyan Sămba | lawan Arya Satyakine | mundur saking sitibêntar | laju mring pagêlaran | angêmban timbalan prabu | sapraptanirèng paglaran ||

2. Radyan Sămba lan Satyaki | wus panggih lan ingkang paman | Radyan Pratiwangganane | tuwin Kya Patih Udawa | lan sagung pra punggawa | dèrèng wontên ingkang mantuk | ri wusira tata lênggah ||

3. Pratiwanggana lingnyaris | mring putra Dyan Wisnubrata | dhuh kulup paran mulane | sira nungka lakuningwang | paran wigatinira | Dyan Sămba nêmbah umatur | dhuh paman Pratiwanggana ||

4. pramila amba tumuli | nungka jêngandika paman | ingkang dadya wigatose | amba angêmban timbalan- | ipun jêng rama nata | kinèn anguntapkên ulun | mring paduka praptèng rangkah ||

5. narendraputra lingnya ris | payo Udawa budhalna | sagung wadya punggawane | tur sêmbah sang mantrimuka | nuwun dhatêng sandika | gya nêmbang têngaranipun | sasmita budhaling wadya ||

6. gya budhal panganjurnèki | ing wuri gya sinambungan | gumer gumuruh swarane | rajaputra Wisnubrata | ngancarani kang paman | samya tan suwalèng kayun | tandya parêng nitih kuda ||

7. Pratiwanggana nèng ngarsi | jajar lawan Radèn Sămba | nulya Arya Satyakine | wuri Kya Patih Udawa | ginarbêg para wadya | ingkang samya ngurung-urung | sangkêp sakapraboning [sakapra...]

--- 11 ---

[...boning] prang ||

8. nahên ta lampahing baris | wus prapti kikising kitha | sagung wadya punggawane | ing ngriku kèndêl sadaya | ri wusnya sawatara | Dyan Sămba alon umatur | mring Radèn Pratiwanggana ||

9. dhuh paman lampah puniki | rèhning sampun praptèng rangkah | kados pundi prayogine | amba muhung atas karsa | Pratiwanggana nabda | mring putra narendrasunu | dhuh-dhuh kulup Wisnubrata ||

10. mungguh karsaningsun kaki | gon ingsun arsa tumêka | marang ing Madukarane | mrih ywa kawistarèng lampah | ngong ijèn tanpa rowang | dene jênêng sira kulup | lan Adhi Mas Lesanpura ||

11. tuwin pra punggawa sami | kabèh balia mring praja | nora luwih andum gawe | Dyan Sămba matur wotsêkar | nuwun dhateng sandika | nihan ta enggaling tutur | Raden Pratiwianggana ||

12. lan putra sang narpasiwi | tuwin Arya Wrêsniwira | saha wadya punggawane | ri wusnya andum raharja | narpatmaja Dyan Sămba | adan bidhal samya wangsul | maring praja Dwarawatya ||

13. ing marga datan winarni | samana wus praptèng praja | ya ta kawursita maneh | Pratiwanggana kang arsa | marang ing Madukara | pribadi datanpa kancuh | lampahira murang marga ||

14. ngambah pringganing wanadri | nusup ing glagah rayungan | turut jêjurang pèrènge | mrih ywa kawistarèng kathah | ing marga tan kawarna | sigeg gantya kang tinutur | satriya ing Madukara ||

15. wau risang Pandhusiwi |

--- 12 ---

lan kang garwa Sang Kusuma | Retna Wara Srikandhine | lênggah madyaning pandhapa | amomong putranira | Dyan Abimanyu rum-arum | sawêg yuswa catur warsa ||

16. tinilar ing ibunèki | Sang Retna Wara Sumbadra | murca tanpa karanane | tan ana pawartanira | gêsang lan sedanira | marma Risang Pandhusunu | dahat duhkitaning driya ||

17. saking jibêging tyas sêdhih | kongsi supe dhahar nendra | lir lolos otot bayune | angga yayah sinampirna | de kang garwa sang rêtna | tan pae rudatinipun | lan kang Raka Sang Harjuna ||

18. Abimanyu anggung nangis | budi ing sadina-dina | kang tinanya mung ibune | sing judhêging tyasing Parta | mung kêdah nganyut jiwa | dene kang kaparèng ngayun | kang Putra Dyan Gathutkaca ||

19. satriya ing Pringgadani | tumungkul mawang bantala | tansah kumêmbeng waspane | kang măngka panglipur driya | yèn Lurah Badranaya | sowan sapranakanipun | Garèng Petruk anggung drêdah ||

20. wau ta Dyan Pandhusiwi | ri sêdhêngira sungkawa | ya ta kasaru sowane | Kyai Lurah Nayantaka | lawan atmajanira | Nala Garèng tuwin Petruk | Arjuna jroning wardaya ||

21. ragi lêjar sawatawis | ngandika mring Badranaya | kakang têka rada suwe | dahat muncul mring ngarsèngwang | nèng wuri pijêr apa | Lurah Sêmar alon matur | dhuh lae-lae bandara ||

22. manawi dangu kang abdi | dhuh bandara langkung kathah | pakaryan kula yêktine |

--- 13 ---

siyang ratri masak-masak | pijêr tinrambul mêngsah | Garèng Petruk samya rusuh | ngrêsahi wong mindhang kluwak ||

4. Pucung

1. wanci esuk kula ngliwêt dèrèng êmpuk | êmpuk yèn êmpuka | tiyang dèrèng ngong obori | kula tilar pados kajêng nèng kêbonan ||

2. kula mantuk kêndhil maksih mangkruk-mangkruk | kula tan nglêgewa | kêndhil lajêng ngong obori | wedang umob molak-malik lir dèn udhak ||

3. kula kêdhuk botên wontên grênjêlipun | lajêng kula tumplak | bêrasipun sampun gusis | dan-edanan Garèng Petruk botên gênah ||

4. duk puniku tyas kula kalangkung bêndu | tiyang kalihira | ngong ulati samya dhêlik | kalih pisan pinanggih nèng kandhang ayam ||

5. pating cramuk bêrase sami dèn êmut | pinamah lan brambang | pêrlune damêl mêdhaki | badanipun gyannya sami babak bundhas ||

6. sami bênjut labêtipun mêntas gêlut | kula dupi wikan | datan saronta ing ati | kalih pisan ngong uncali slarak kandhang ||

7. samya jumbul wong kalih sarêng lumayu | sampuna lumajar | ngong dublak têmbêlèk pitik | Sang Arjuna mèsêm kalane miyarsa ||

8. gyannya umuk Lurah Sêmar langkung gupruk | Dyan Parta ngandika | mring Garèng paran sirèki | anèng wuri sira nambut karya apa ||

9. Garèng matur nun inggih pakaryan ulun | anukang kêmasan [kêma...]

--- 14 ---

[...san] | anggarap kang rêmit-rêmit | ngantos kondhang dumugi ing tanah sabrang ||

10. kula nyêngkut nyêngkakakên damêl parut | Sêmar dupi myarsa | gumuyu sarwi nudingi | marang Garèng ngucap hèh wong gêndhêng sira ||

11. aja umuk nora isin Si Bêngkêluk | de ngaku kêmasan | garapane băngsa rêmit | tibaning don mung gawe parut karyanta ||

12. Garèng ngrungu mangsuli sêrêng tur sêru | apa parut ika | dudu garapan kang rêmit | Sêmar ngucap bênêr rêmit nanging gampang ||

13. Pandhusunu alon pangandikanipun | lah ta Pètruk sira | paran karyanta kang mêsthi | têka suwe nora ngadhêp mring ngarsèngwang ||

14. Petruk matur saking boten nate libur | kêncêng padamêlan | ngantos boten sagêd prèi | radyan nabda lah iya paran karyanta ||

15. Petruk guguk matur malih sarwi ngantuk | padamêlan kula | wanci ènjing tangi guling | bibar nêdha tuwuk gya têrus tilêman ||

16. mangke lamun sampun jam satêngah wolu | gya wiwit klekaran | dumugi jam sanga ngagir | bibar ngagir têrus lajêng lumah-lumah ||

17. jam sapuluh ngathang-athang têkèng bêdhug | sayah ngathang-athang | lèyèh-lèyèh têkèng jam ji | gya leyangan dalu lajêng mapan nèndra ||

18. praptèng esuk ngantos botên kobêr lungguh | suprandene kula | têka botên sagêd sugih | enjing sontên sinêrêg utang-piutang ||

19. Semar ngrungu aturing

--- 15 ---

Petruk kadyèku | Sêmar sru wuwusnya | hèh Petruk aywa dalêming | lah tutugna karêpmu ingkang mangkana ||

20. têkèng besuk Petruk sira kongsi dhawuk | sun pasthèkkên sira | kurang sandhang kurang bukti | awit saka sira lumuh nambut karya ||

21. Petruk muwus ya bênêr rama kandhamu | nging karsaning dewa | sipat murah sipat asih | anggêr urip pasthi ginantungan pangan ||

22. Sêmar muwus iku ucape wong cubluk | uga bênêr mangan | ananging kurang utami | utamane wong urip budidayarja ||

23. mobah muwus istiyar kanthi tyas ayu | wêkêl barang karya | yèn kaya karsanta anjing | nora wurung sida cingkluk turut pasar ||

24. Petruk muwus rama sira aja baung | sanadyan cêngkluka | awak-awakku pribadi | ala becik iya tak sandhang priyăngga ||

25. Sêmar guguk nabda bangsat tèka dlarung | katanggor wong nèkad | baludhus tan wruh ing isin | lah rasakna yèn praptèng wisma tak ajar ||

26. nengna wau ya ta Radyan Pandhusunu | lawan ingkang garwa | Kusuma Wara Srikandhi | tuwin Putra Prabu Anom Gathutkaca ||

27. tyas margiyuh umyat mring Dyan Abimanyu | gyanira datansah | siyang ratri anggung nangis | kèndêlira mung lamun pinuju nèndra ||

28. yèn wus wungu ngiyêng nangis takon ibu | sinlamur sabarang | dedolanan warni-warni | nora mênêng saya gung panangisira ||

29. nêngna wau kang lagya duhkitèng kalbu | risang Pandhuputra [Pandhupu...]

--- 16 ---

[...tra] | kasaru praptanirèki | ingkang Rayi Radèn Pratiwianggana ||

30. gupuh-gupuh ingacaran tata lungguh | ri wusing mangkana | nambrama Dyan Pandhusiwi | mring kang rayi Radèn Pratiwianggana ||

31. sabdanipun sêrêt ririh mêlasayun | dhuh-dhuh ariningwang | praptanta padha basuki | anèng marga kongsi praptèng Madukara ||

32. alon matur Radèn Pratiwangganèku | dhuh kakang Arjuna | dahat gyaningsun memundhi | timbalanta muwuhi bawalêksana ||

33. tarlèn muhung sêmbah pangabêktiningsun | katur mring sriranta | ngandika Dyan Pandhusiwi | dhuh riningsun dahat panarimaningwang ||

34. kajabèku bangêt gitaning tyas ingsun | praptanta adhimas | paran wigatine yayi | apa muhung saking karsanta priyăngga ||

35. tinjo mringsun ingkang lagya kawlasayun | sukur yèn mangkana | Pratiwanggana turnya ris | dhuh kakang mas wruhanira praptèningwang ||

36. nèng ngarsamu kang sapisan rèh wus dangu | tan tinjo kakang mas | dahat onênging tyas mami | ping dwinira tetuwi ing raharjanta ||

37. ping trinipun kakang mas mungguh praptèngsun | tuhune dinuta | dening Sri Krêsna Kaka Ji | nanging muga ywa dadi gitaning driya ||

38. rèhning ingsun muhung lumakswa satuduh | dadia wruhanta | dhawuhing Krêsna Kaka Ji | sun dinuta mikut mring sira kakang mas ||

39. wit sirèku luput gêng mring Kaka Prabu | Sri Bathara Krêsna | dahat dukane tan sipi | lamun băngga ingsun [ing...]

--- 17 ---

[...sun] sêmbadani sira ||

40. dene lamun budi sun rampungi tuhu | arinta tan wêgah | ngêndi ênggonmu sun ungsir | angungsia mring tutuking taksakendra ||

41. duk puniku Wara Srikandhi Sang Ayu | myarsa ling tan yogya | sigra mundur èsmu tangis | malbèng panti lan angêmban putranira ||

42. ya ta wau Sang Arjuna dupi ngrungu | ujar kang mangkana | dahat kabangan tyas runtik | sanalika wus nyipta yuda kanaka ||

5. Pangkur

1. nanging sinamun ing netya | lon ngandika dahat amêlasasih | dhuh Pratiwi ariningsun | ucapmu kang mangkana | pan samêndhang tan rumasa raganingsun | dosa mring Kaka Sri Krêna | Pratiwanggana nudingi ||

2. sarwi nabda sêrêng sora | hèh-hèh Kakang Arjuna ywa cariwis | wus jamake manungsèku | tan wikan luputira | nadyan kongsi tumpa-tumpuk ngundhung-undhung | nanging yèn wruh luputing lyan | samrêki dèn uthik-uthik ||

3. ingkang mangkono wus lumrah | kadiparan karsanira kang mêsthi | apa băngga apa nutut | yèn nutut sun pusara | lamun băngga pasthi kagêm ngastaningsun | Pratiwanggana samana | sirna traping tata krami ||

4. têpane mring kadang wrêda[1] | pathenthengan sarwi amalangkêrik | ujar sêrêng lir kêmarung | wau ta kacarita | Prabu Anom Gathutkaca dupi ngrungu | ujaring Pratiwanggana | dahat kabangan tyas runtik ||

5. angga lir mubal dahana | kanang lathi kumêdut waja gathik | netra andik imba têpung | lir tinêpak kang muka | sanalika Pratiwanggana [Pra...]

--- 18 ---

[...tiwanggana] tinubruk | asru binanting ing kisma | ingundha binuncang têbih ||

6. gumêbrug tibèng bantala | kyatingrat Sang Gathutkaca nututi | Pratiwi tinubruk luput | milar ngiri jinangkah | milar nganan Gathutkaca paksa ngêsuk | trangginas Pratiwanggana | Guritna dhinupak lusi ||

7. Pratiwanggana mangrangsang | Gathutkaca tinêpak kras ngendhani | sinaut-saut marucut | Guritna tangkis asta | Dyan Pratiwi tinêbak mukane kantu | jrêbabah dhêpani kisma | dupi arsa pining kalih ||

8. gregah tangi kras anjangkah | Gathutkaca sarosa tinampiling | medal konang panonipun | mubêng yayah kitiran | brêg angloso cinandhak binuncang sêbrung | Guritna dhawah kalênggak | gumêbrug satêngah kanin ||

9. Sang Arjuna awas mulat | yèn kang Putra Dyan Guritna katitih | bramantya Sang Pandhusunu | tetulung ing ayuda | kras malumpat Pratiwi tinubruk luput | Arjuna ngêsuk mangrangsang | Pratiwi cukat ngendhani ||

10. Dyan Parta sinotho milar | Dyan Pratiwi liwung mangêsuk wani | pindha banthèng tawan tatu | Arjuna kras manêpak | prêg anjola Pratiwi mumêt tan emut | anjungkêl Arjuna sigra | Pratiwi binuncang têbih ||

11. gumêbrug tibèng bantala | sanalika dupi kasilir angin | Pratiwi jagegah wungu | sarya sora anabda | Kakang Parta amung samene bobotmu | Arjuna nauri sugal | hèh maksih tangèh Pratiwi ||

12. bobot [bo...]

--- [19] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054): Citra 2 dari 5
dadya dêdêr dêr-idêran, kèdêr dêdêr têmah puntir-pinuntir

--- 20 ---

[...bot] kadibyaning Parta | hèh Pratiwi ywa ngucira ing jurit | Pratiwanggana duk ngrungu | madêg suraning driya | dahat krodha sigra sarosa manubruk | parêng gapyuk drêg-udrêgan | gya pêluk-pinêluk gênti ||

13. dadya dêdêr dêr-idêran | kèdêr dêdêr temah puntir-pinuntir | astaning Parta kacakup | kinêmpit pinggangira | sru pinithing Arjuna têmah ngalumpruk | gumêtêr sariranira | otot bayune kadya nir ||

14. rumasa wus tan kuwawa | Sang Arjuna binuncang dhawah linggih | sakala Sang Pandhusunu | èngêt mring putranira | gregah wungu gya malbèng mring suyasèku | tuwin Radèn Gathutkaca | Pratiwanggana nututi ||

15. nanging wus kinêban lawang | Dyan Pratiwi têmah tan bisa manjing | anèng sajawining pintu | mangangên-angêning tyas | kacarita Sang Arjuna wus kapangguh | lan garwa putri Cêmpala | Rêtna Srikandhi gung nangis ||

16. sarwi ngêmban putranira | glising tutur Dyan Arya Pandhusiwi | lan kang garwa sang retnayu | tuwin Dyan Gathutkaca | rèh wus ngrasa soring yuda sêdyanipun | lolos saking kasatriyan | sakala rêmbag wus gilig ||

17. sigra bidhal sêsingidan | tindakira tan ana kang udani | ya ta lêpas lampahipun | gênti ingkang winarna | Dyan Pratiwi kang anèng jawining pintu | sigra andêdêl wiwara | manjing suyasa wus sêpi ||

18. mulat nganan ngiri sonya | jro suyasa sigra dèn osak-asik | têtela lamun wus suwung | Sang Arjuna wus oncat | Dyan Pratiwi kalangkung [ka...]

--- 21 ---

[...langkung] cuwaning kalbu | sigra trus maring pungkuran | wau ta parêpat katri ||

19. Lurah Sêmar lan kang putra | Garèng Petruk lagi jêntolan pèi | katri samya wasisipun | gênti unggul kasoran | totohane yèn kalah cinlorèng angus | lan ngasut sangêdumira | jèrèng krêtu lan milihi ||

20. Lurah Sêmar rèh wus tua | lara mata dadi kurang setiti | adhakane ngrayut krêtu | Garèng angon sabêtan | luwih pintêr yèn nangguh wêtuning krêtu | Petruk sabêtane nakal | dhêmêne matèni bunci ||

21. nanging Garèng nora wêgah | mung susahe rèh Petruk mênang inggil | dadya asring nginguk krêtu | mring Garèng cêpêngannya | parpat tiga gênti asor gênti unggul | gênti clorèng-cinlorengan | aguyu-ginuyu gênti ||

22. parpat tiga mukanira | samya cêmêng dening angusing kwali | Lurah Sêmar yèn dinulu | kadya têmbêm balaka | bagus Petruk lir baungan wujudipun | Nala Garèng warnanira | mèmpêr pênthul kang dipuntir ||

23. ya ta kang samya kasukan | parpat tiga gyanira main pèi | kasaru ing praptanipun | Radèn Pratiwanggana | parpat tiga kagyat sarêng numbuk-numbuk | dènira arsa lumajar | Pratiwanggana nabda ris ||

24. lah ta mêngko Kakang Sêmar | Garèng Petruk aywa padha lumaris | padha sarèha rumuhun | ayo padha rêmbugan | parpat tiga myarsa sarêng samya lungguh | anèng ngarsanira Radyan | Pratiwi ngandika manis ||

--- 22 ---

25. hèh kakang Sêmar sun tanya | bandaramu Kakang Parta nèng êndi | duk mau campuh lan ingsun | oncat manjing suyasa | sun ulati jroning suyasa tan pangguh | baya koumpêtkên padha | walèha bae nèng êndi ||

26. gone dhêlik Kakang Parta | parpat tiga matur botên udani | nalika paduka campuh | lan Rakanta Sang Parta | kula sami wontên wingking main krêtu | sumêrêpa yèn bandara | oncat tamtu ngong tutwuri ||

27. Lurah Sêmar surawean | sarta matur dhuh lae kadipundi | lolosing bandaraningsun | kula botên narima | sintên ingkang paring sandhang têdha ulun | andadak dika sikara | opak-apik têmah jurit ||

28. wêkasan bandara oncat | kadi paran karsa dika kang mêsthi | ngong têmpuhkên konduripun | Pratiwi lon ngandika | aywa padha susah rasaning atimu | sumêlang yèn kurang sandhang | kurang pangan sun kadugi ||

29. ngingoni mring sira padha | jangji sira gêlêm milu mring mami | pira blanjamu karuhun | ingsun tikêli samya | duk miyarsa Lurah Sêmar alon matur | dhuh radèn lamun paduka | dangu têdha kula nguni ||

30. sadintên nêdha ping tiga | tur umbaran tan mawi dèn pancèni | dèn uja sakarsa ulun | blanjanipun wulanan | tigang kêton paringannya sabên taun | bêbêt ikêt klambi sruwal | blănja padinan rong kêthip ||

31. Pratiwanggana ngandika | mung samono kakang ingsun kadugi | hèh Garèng pira blanjamu |

--- [23] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054): Citra 3 dari 5
... aywa padha susah rasaning atimu, sumêlang yèn kurang sandhang, ...

--- 24 ---

Garèng alon turira | yen paduka dangu sandhang têdha ulun | sami kemawon lan rama | mung kaote mawi gajih ||

32. ing sabên satêngah warsa | gangsal ringgit wit kula ngrangkêp carik | Pratiwanggana nabda rum | hèh Garèng sun kaduga | anikêli samono kèhing blanjamu | ya ta Dyan Pratiwanggana | dangu mring Petruk lingnya ris ||

33. lah ta Petruk priye sira | ge matura pira blanjanta nguni | Petruk alon aturipun | kula tan mawi blănja | sandhang têdha narimah saparingipun | wontên kathah botên bingah | wontên kêdhik botên sêdhih ||

34. dèn balănja inggih arsa | tan dèn blănja kula inggih tan mèri | mung dhèrèk sakarsanipun | Pratiwanggana nabda | luwih bagus atimu ingkang kadyèku | dene bangêt gonmu nriman | nanging karsaningsun mangkin ||

35. sira uga sun balănja | kadidene Si Kakang Sêmar iki | Petruk matur sangêt nuwun | Pratiwi malih nabda | ing samêngko rèh sira wus padha saguh | suwita mring raganingwang | ênya padha sun êmpingi ||

36. wong siji tămpa rong blanjan | Sêmar Garèng sigra-sigra nampèni | sarwi matur sêmbah nuwun | Petruk uga mangkana | ri wusira Dyan Pratiwi ngandika rum | ing samêngko sira padha | dhèrèkna salaku mami ||

37. gyan ingsun arsa ngupaya | Kakang Parta dènya lolos mring êndi | Sêmar Garèng aturipun | inggih dhatêng sandika | Bagus Petruk [Pe...]

--- 25 ---

[...truk] majeng alon aturipun | dhuh Radèn Pratiwanggana | sampun dadosken panggalih ||

38. yèn kula dèn jak kesahan | kwuningana kawula nyuwun pamit | amba tan sagêd tut pungkur | dhèrèkkên jengandika | Dyan Pratiwi kagyat myarsa turing Petruk | nabda kadiparan sira | tan arsa dhèrèkkên mami ||

39. Petruk matur èsmu susah | dhuh-dhuh radèn milamba tan kadugi | dhèrèkkên karananipun | kathah pakaryan kula | yèn ngong tilar tan wun kèthèr têmahipun | tur karya susahing sanak | tan wande ngong manggih sisip ||

40. yèn lêpat sintên kang băngga | kajibah nèng badan kula pribadi | têmah susah tumpuk-tumpuk | artanipun êmpingan | kaparênga măngga ngong aturkên wangsul | Pratiwanggana duk myarsa | aturing Petruk wèh manis ||

6. Dhandhanggula

1. Dyan Pratiwi angandika manis | lah ta Petruk paran pakaryanta | kang karya abot yêktine | sira kongsi tan ayun | dhèrèkakên salaku mami | Petruk alon turira | mila kula lumuh | wit kathah pakaryan kula | lamun ènjing kula kesah dhatêng sabin | garu maluku sawah ||

2. bibar mluku dados mandhor kopi | mlampah mantuk nyambi nganam klasa | praptèng wisma nyithak gêndhèng | nyandhak jun lajêng ngangsu | kula sambi nylumbati krambil | tanapi ngrajang sata | trus nyirami lurung | tuwin nyapu dhatêng pasar | bibar nyapu lajêng bêrah damêl roti | ngiras barang raura [ra...]

--- 26 ---

[...ura] ||

3. ngêrok kapal sêmbèn brubuhi pring | yèn wus dalu lajêng mocok rundha | patrol nglêmbur damêl gêdhèg | makatên slaminipun | mila kathah pamêdal mami | ing saratri sadina | tigang rispis wutuh | yèn paduka karsa nêbas | kula dhèrèk yèn tan arsa kula suthik | Pratiwi duk miyarsa ||

4. ngrogoh arta sarwi ngandika ris | lah ta Petruk ênya tampanana | sun tambahi arta kèhe | salawe rupyah wutuh | salawasmu dhèrèkkên mami | Petruk matur sandika | majêng mundhuk-mundhuk | nampèni arta têbasan | lan grunêngane kojur bangêt wak mami | nunakke pirang-pirang ||

5. tuna pisan kanggo cundhuk laris | kalah satak nanging bathi sanak | Garèng miyarsa wuwuse | ngucap thik kaya bakul | adol kêmpros tinêbas dhuwit | andèkna ngaku tuna | dhuwite sing bingung | idhêpa lamun tinêbas | ingsun matur dadi tukang wang nèng pabrik | pasthi kèh têbasannya ||

6. Dyan Pratiwi angandika malih | Kakang Sêmar mungguh karsaningwang | budhal ing sadina kiye | unggyaningsun angruruh | Kakang Parta ingkang ngoncati | parpat tiga turira | sumăngga sang bagus | kula mung dhèrèk kewala | adan bidhal Pratiwanggana sang pêkik | dèn iring parpat tiga ||

7. sapungkure Pratiwangganèki | ingkang kari anèng Madukara | Nikèn Sulastri kadine | Kèn Rarasati iku | paminggirnya Dyan Pandhusiwi | tan wikan oncatira [oncati...]

--- 27 ---

[...ra] | marma kalihipun | kalara-lara karuna | sigra sami maring Ngamarta nagari | nêdya atur uninga ||

8. winursita lampahe Pratiwi | praptanira sajawining praja | gya malbèng wana lampahe | sigêg gênti winuwus | praja agung ing Nungswarukmi | inggih Nungswakambangan | kang jumênêng ratu | Sang Prabu Bratakusuma | bagus anom cahya sor sunaring sasi | yayah Sang Hyang Asmara ||

9. sri narendra ambêg sadu budi | asih paramarta sih ing wadya | lumintu dana darmane | kontap kotamanipun | widigdaya prawirèng jurit | asêkti măndraguna | brojol ing krêpipun | tuhu punjul ing apapak | mila praja kanan kiri nungkul aris | tan srana pinukul prang ||

10. pêpak andhèr wadya kang anangkil | sri pamasa lênggah dhampardênta | angayap pra biyadane | srimpi badhaya manggung | ingkang samya angampil-ampil | upacara karajan | kang kaparèng ngayun | Kya Patih Dewasaraya | ingkang ngasta bang-bang lum-aluming nagri | gêmah arjaning praja ||

11. dene ingkang sumambung ing wuri | Arya Tambak Samodra jajarnya | Tambaklaut tan kalihe | sami prawirèng pupuh | yeka măngka andêling jurit | ya ta sri naranata | angandika arum | hèh bapa Dewasaraya | padha arja sebanta nèng ngarsa mami | paran wartaning jaba ||

12. mantrimuka umatur wotsari | dhuh pukulun jawataning amba | timbalan jeng sri pamase | amba pundhi ing êmbun | ulun cancang pucaking

--- 28 ---

wèni | mugi dadya jejimat | sêmbah bêkti ulun | konjuk pada padukendra | sri narendra ngandika bapa sun tampi | paran arjaning praja ||

13. nêmbah matur risang nindya mantri | dhuh dewaji bilih padukendra | andangu praja arjane | sing pangèstu pukulun | saya gêmah arja tanapi | kalis ing sambekala | pra duskarti mirut | jrih sapu dhêndha narendra | tata têntrêm ayêm tyasnya wong sanagri | têbih paragan roga ||

14. sri narendra angandika manis | bapa patih dahat sun tarima | gyannya wignya mrih têntrême | raharjaning praja gung | mantrimuka matur wotsari | pangèstu padukendra | ingkang kawulambun | sang nata malih ngandika | kajabèku bapa karsaningsun mangkin | ingsun kapingin dahat ||

15. amanambut silaning akrami | lan kapengin sun darbe atmaja | priya kang pêkik warnane | lir paran marganipun | kalakone karsèngsun iki | mamrih putrining raja | kang samya yu-ayu | iku dudu karsaningwang | nadyan trahing sudra papa soring warni | yèn dadya panujwèng tyas ||

16. baya iku karsaning dewa di | kang mangkănă yêkti ingsun têmah | krama wong sudra papane | kya patih nêmbah matur | kaluhuran dhawuh narpati | nata malih ngandika | mangkya karsaningsun | sira mataha punggawa | angupaya wanodya ayu utami | nanging darahing sudra ||

17. lawan malih dhawuhna waradin | mring sagunging wong sajroning praja | tanapi jawi prajane [praja...]

--- 29 ---

[...ne] | manawa samya mangguh | barang ingkang anèh ing warni | dhawuhna anyebakna | mring byantaraningsun | ingsun lironi ganjaran | mantrimuka matur sandika wotsari | sri narendra gya jêngkar ||

18. wus bibaran wadya kang anangkil | bidhalira punggawa raksasa | gumêr gumuruh swarane | kêndhang gong bèri ngungkung | tinabuhan samargi-margi | prapta jawining praja | ngambah dhusun-dhusun | wong padesan kagegeran | pêpuyêngan kadi gabah dèn intêri | ngungsèkkên anak somah ||

19. Togog Saraita gung nuturi | mring wong desa ingkang kagegeran | manawi yaksa lampahe | tan nêdya karya rusuh | nging dinuta dening sang aji | angupaya wanita | kang ayu pinunjul | têmah tyasira wong desa | samya têntrêm tan ajrih kèhing rasêksi | rèh samya tan sikara ||

20. gya ngumpulkên sagunging pawèstri | pinriksa dèning manggalèng yaksa | tan tuk kang ayu warnane | têmah lampahing diyu | klunta-lunta samargi-margi | anggung mriksa wanita | tan antuk kang patut | kagarwa dèning narendra | wadya yaksa kalamun siyang lumaris | dalu sipêng nèng wana ||

21. sigêg ingkang kawursita malih | lampahira Dyan Pratiwanggana | dèn iring parpat katrine | Sêmar Garèng lan Petruk | angulati Dyan Pandhusiwi | lolos sing kasatriyan | ya ta lampahipun | Radèn Pratiwianggana | mudhun jurang munggah arga ngalang ardi |

--- 30 ---

sêngkan-sêngkan sinêrang ||

7. Pangkur

1. ya ta ingkang kawursita | wadya yaksa kang saking Nungswarukmi | kang ngupaya wanodya yu | arsa kagarwèng nata | tri bupati măngka manggalaning laku | juga Wil Kalaprakêmpa | kadwi Ditya Sabukangin ||

2. katri Wil Kalapracăndha | raksasa tri gêgêdhuging ajurit | ing prang pilih bobotipun | arang kuwawi năngga | tau tate ngrupak jajahaning satru | anawan rabining mengsah | bêdhah praja boyong putri ||

3. kèhing punggawa raksasa | masanggrahan nèng madyaning wanadri | bupati yaksa têtêlu | lagyeca imbal sabda | kang ginusthi tarlèn gyanira ingutus | kasaru ing praptanira | Togog lan Saraitèki ||

4. dumrojok samya krênggosan | mêgap-mêgap netrane mondar-mandir | Wil Sabukangin duk dulu | sora panabdanira | hèh-hèh Togog payo matura dèn gupuh | babo baya ana karya | payo matura dèn aglis ||

5. Togog matur pêgat-pêgat | dhuh ki lurah kula atur udani | wontên satriya lumaku | nrajang barising yaksa | dèn iringkên dèning panakawan têlu | ingkang sami gal-ugalan | karya rusuh mring wadya wil ||

6. Wil Sabukangin duk myarsa | ing ature Togog Saraitèki | sakala sru wuwusipun | dhuh ki raka lir paran | mangkya wontên satriya kang ambêg rusuh | Wil Kalaprakêmpa nabda | adhi prêpêgana aglis [a...]

--- 31 ---

[...glis] ||

7. priksanên apa karsanya | lamun budi kêna kosêmbadani | băngga rampungana gupuh | Sabukangin sru ngucap | hèh-hèh Togog payo tuduhna dèn gupuh | sun cêkêle si angkara | Togog ature suwawi ||

8. Sabukangin sigra-sigra | lampahira Togog Saraitèki | kêkinthil nèng wurinipun | ya ta ingkang winarna | Dyan Pratiwanggana lan parpatnya têlu | Petruk Nala Garèng Sêmar | andulu yaksa kang prapti ||

9. Pratiwanggana duk miyat | mring raksasa wus graita ing galih | radyan prayitna ing kalbu | yaksa praptèng ngarsanya | Ditya Sabukangin asru wuwusipun | hèh babo sira wong apa | ngakua aranirèki ||

10. lan ing êndi omahira | aywa kumbi tan wun sira bilahi | Sabukangin dènya muwus | tangane surawean | malang kêrik sarwi mlintir brêngosipun | gèdhag-gèdhèg pacicilan | solahe lir mêmêdèni ||

11. Raden Pratiwianggana | lon ngandika hèh buta si panyakit | ngakua aranta diyu | lan ngêndi dhangkanira | paran karsa prapta anèng ngarsaningsun | Wil Sabukangin sru nabda | hèh babo ladak wong iki ||

12. tinakonan durung blaka | gênti takon ardawalepa yêkti | Pratiwanggana sumambung | buta kapara săngka | yaksa angling bênêr kowe sisip aku | yèn sira tanya maringwang | ingsun Ditya Sabukangin ||

--- 32 ---

13. hya Bandhilori raningwang | pinangkaku sing praja Nungswarukmi | ingutus mring ratuningsun | ngupaya wanodyèndah | balik sira babo sapa kekasihmu | lan ngêndi pinangkanira | paran sêdyanira yêkti ||

14. ngandika Pratiwanggana | lamun sira takon kekasih mami | Raden Pratiwangganèngsun | sing praja Dwarawatya | kang ngong sêdya ngêtutkên tindaking suku | tanapi krêntêking prana | Wil Sabukangin duk myarsi ||

15. gèdhèg-gèdhèg langkung duka | aja sira lancang ucap kumaki | memanas ati ujarmu | baya ta bosên gêsang | hêh Pratiwi sira dahat kumalungkung | nrajang barisaning yaksa | adol kuwanèn si belis ||

16. sun eman angur mundura | lamun bacut tan wurung têkèng pati | Pratiwanggana lingnya rum | hèh buta murang tata | glis nyingkira ywa ngribêti tindak ingsun | Sabukangin sru anyêntak | hèh babo si kêthip-kêthip ||

17. tan kena pinurih arja | sanalika Wil Kalasabukangin | kabangan runtiking kalbu | kadi mubal dahana | mangkrak krodha Pratiwanggana tinubruk | Wil Sabukangin dhinupak | kaplêsat tiba kuwalik ||

18. garègah tangi manrajang | Dyan Pratiwi tinêpak kras ngendhani | nganan sinaut marucut | ngering tinubruk endha | Sabukangin krodha pangrayahnya riwut | Pratiwanggana tan kewran | kesit lir prênjak tinaji ||

19. yaksa paksa nglut mangrupak | solahira galak anggêgilani | kras tandangnya cukat-cakut |

--- 33 ---

anubruk ngiri nganan | Dyan Pratiwi kras milar sarwi amukul | nampiling nyikut anggêbang | yaksa krêp krungkêp kabanting ||

20. radyan ywan kasompok milar | Sabukangin anglut ngrayah sarya ngrik | riwut tandangira ngêsuk | Pratiwi kras malumpat | Sabukangin dhawah kajlungup kabêntus | garegah tangi dhinupak | mukanya yaksa jangkêlit ||

21. têmah kantu kalesedan | Sabukangin dangu dhêpani siti | gêrêng-gêrêng wus tan emut | kasiliring maruta | gregah tangi ambêkannya mêlar mingkus | maripatnya julalatan | ngulati mungsuhirèki ||

22. Pratiwanggana sêsumbar | payo buta padha rêbutên mami | aywa pijêr lingak-linguk | Sabukangin duk myarsa | sinumbaran sêbrak sigra narik dhuwung | trangginas mangsah mangancap | Pratiwi prayitnèng wèsthi ||

23. yaksa sarosa marjaya | goco nganan ngiri manyrampang sikil | Pratiwi wasis ing pupuh | tan kewran sinudukan | lir sêsiring yaksa sangsayarda ngêsuk | wil tinêpak mukanira | jêngkelang krungkêp ing siti ||

24. garegah tangi mangrupak | waringutên krodhanira mawrêdi | yaksa sarosa anyuduk | Pratiwi tangkis asta | kris rinêbut yaksa sinêndhal kajlungup | tangi nubruk linarihan | dening katganya pribadi ||

25. jaja têrus ing walikat | nibèng kisma yaksa wus angêmasi | Sêmar Nala Garèng Petruk | sigra sarêng tumandang | andhèdhèli praboting

--- [34] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054): Citra 4 dari 5
... Pratiwi tangkis asta, kris rinêbut yaksa sinêndhal kajlungup ...

--- 35 ---

buta kang lampus | parpak[2] tiga drêg-udrêgan | pêjahe Wil Sabukangin ||

26. Wil Prakêmpa gênti mangsah | singa nabda galak langkung ngajrihi | rahadyan prayitnèng kewuh | sarwi narik curiga | arsa naut binarêngan gya sinuduk | Prakêmpa dhawah kalênggak | anggro sakala ngêmasi ||

27. pêpulih Ditya Pracondha | krodha ngiwung radyan rinukêt jurit | sinaut-saut marucut | tinubruk-tubruk endha | tan adangu ditya pêjah gumaluntung | jinêmparing mring rahadyan | sakarine bubar gusis ||

28. wadya raksasa sarsaran | giris mulat lumayu rêbut dhingin | Togog Saraita wangsul | maring Nuswakambangan | nêdya matur dhumatêng ing ratunipun | datan winarna ing marga | ginantyan sêkar pamijil ||

8. Mijil

1. ya ta ingkang lagya ngraras ati | ungguling prang pupoh | Dyan Pratiwanggana lêga tyase | tuwin panakawanira katri | bingahing tyas sami | amarwata sunu ||

2. nulya lênggah soring mandira wit | radyan ngandikalon | Kakang Sêmar lir paran butane | apa maksih apa wus sirnanting | Sêmar matur aris | yèn paduka dangu ||

3. sapêjahnya manggalèng yaksa tri | tan wontên kang katon | yun umangsah mandar bubar kabèh | salang tunjang samya ngungsi urip | radyan nabda malih | paran lakuningsun ||

4. gonku ngruruh Kakang Pandhusiwi | Sêmar matur alon | dhatêng pundi kemawon ngong dhèrèk | duk miyarsa Garèng maloroki [maloro...]

--- 36 ---

[...ki] | mring Sêmar sarya ngling | wong gêrang tan urus ||

5. bênêr bae gêlêma tut wuri | kowe dhudha bangkok | barêng aku priye wêkasane | yèn kasuwèn nora mulih-mulih | kănca wadon muring | marang raganingsun ||

6. Sêmar ngucap biyèn priye bêlis | kowe rak wis sagoh | dhèrèkake salakune radèn | dèn êmpingi rong blanjan si anjing | barêng têkèng ngriki | nganggo ona-anu ||

7. Petruk ngucap rama aja sêdhih | yèn Kang Garèng mogok | nora gêlêm dhèrèkke mring radèn | dhuwit êmpingan jalukên bali | aku sing kadugi | ngrangkêp rong pursêkut ||

8. kowe pisan lamun arsa mulih | balèkna pursêkot | sun rangkêpe têlu pisan kene | Garèng myarsa Petruk dènira ngling | Garèng ngucap wêngis | Petruk aja baung ||

9. mangap-mangap gonmu ngalup dhuwit | Petruk muwus alon | priye ta Rèng têka ngewuhake | aja golèk enakmu pribadi | dhuwit nora bali | kowe kêna mantuk ||

10. apa lumrah karêpmu kadyèki | Garèng ngucap dhoso | lumrah hya bèn ora lumrah hya bèn | yèn pinêksa aku dhasar suthik | Pratiwi nabda ris | aywa padha udur ||

11. lamun Garèng kudu arsa mulih | muliha dèn gupoh | Petruk angling wah untung Kang Garèng | pira dohe ngomah saka ngriki | tur samargi-margi | kèh rowange mlaku ||

12. mèn dipethuk sobatanmu [soba...]

--- 37 ---

[...tanmu] lami | mas jêng singa barong | ayu kuning malorok matane | mangap-mangap wimbuh mêrak ati | siyunge dèn isis | mèh sagêdhang kluthuk ||

13. tur yèn graut ngatutake daging | mendah yèn dicaplok | sêgêr sumyah rasaning awake | wis dèn ènggal lamun arsa mulih | mêngko ngong tumuli | kurmat nitir lêsung ||

14. Nala Garèng kalane miyarsi | Petruk dènya omong | sanalika Garèng maras tyase | sarwi ngucap Petruk aja dlêming | ngêdhêg-dhêgi ati | Petruk guyu guguk ||

15. sarya nabda kang Garèng dèn aglis | mumpung maksih ayom | galo sabatmu ngêntèni bae | Garèng majêng mring ngarsa sang pêkik | sarwi matur aris | dhuh radèn sang bagus ||

16. kula dhèrèk botên èstu mulih | radèn ngandikalon | ingsun sarah sakarsanta Garèng | sira mulih uga sun lilani | bacut luwih bêcik | tan malangi ingsun ||

17. Radyan Pratriwi ngandika malih | Kakang Sêmar payo | mangkat ngupaya kakang Pamade | kang sun sêdya marang Nuswarukmi | bok manawa ngungsi | kakang mas nèng ngriku ||

18. Lurah Sêmar ature suwawi | sanalika bodhol | Radyan Pratiwanggana lampahe | dèn iringkên parêpatira tri | marang Nuswarukmi | kang sinedyèng kayun ||

19. laksitanya mahawan wanadri | myat rayung bêbondhot | minggah arga ngalang aldakane | turut èrèng-èrèng jurang trêbis | ri ratri lumaris [luma...]

--- 38 ---

[...ris] | lêpas lampahipun ||

20. sigêg datan kawursitèng tulis | mangkya kang kacrios | Sang Arjuna ing nguni lolose | saking praja ing Madukarèki | lan garwa Sang Dèwi | Srikandhi sang ayu ||

21. ngêmban Putra Bimanyu maksyalit | gung nangis kemawon | Gathutkaca ingkang dhèrèkake | lampahira samya murang margi | minggah mudhun ardi | nalasak wana gung ||

22. turut jurang èrèng-èrèng sungil | glagah rayung ngrongkop | miyat bondhotan mulêt karèndhèt | pating krêcêk suku gung kênèng ri | Risang Pandhusiwi | dahat kawlasayun ||

23. gung udrasa risang kadi ratih | marawayan kang loh | Gathutkaca gêrêng-gêreng bae | Dyan Bimanyu nityasa anangis | mênênge yèn guling | marma Pandhusunu ||

24. siyang ratri tan dhahar tan guling | mila kongsi cowong | tanpa karkat sariranya cape | otot bayu pindha dèn lolosi | tambuh kang kinapti | mung nêdya anglangut ||

25. nanging rèhning têdhaking Saptardi | satriya kinaot | sato galak kang kapapag anglès | gêrêng-gêrêng lumayu anêbih | kawuntat nututi | lir rumêksèng pungkur ||

26. kidang kancil kadi tuduh margi | mrih sang gung wirangrong | mrih ywa nganti sangsaya tindake | paksi-paksi mibêr lir mayungi | mring sang kawlasasih | sata wana kluruk ||

27. mrak nyangungong lir bela prihatin | kudhasih munya doh | lamat-lamat lir nglipur esthane | tan wus lamun [lamu...]

--- 39 ---

[...n] winarna ing tulis | wau sang kaswasih | tindakira laju ||

28. wus kapungkur madyaning wanadri | laksitanya anjog | wana trataban sakêdhap lèrèn | gya lumampah duk samana prapti | têpining banawi | ing Swilugănggèku ||

29. nulya sami rarywan nèng gêgisik | ngaup sor kêkayon | lagya nêdhêng tumaruna rone | angayomi mring sang gung kaswasih | Risang Pandhusiwi | sawatawis lipur ||

30. ginalih yèn Pratiwi nututi | pasthi tan kapanggoh | marma Sang Arjuna lan garwane | tuwin putra lan Gathutkacèki | rêrêming panggalih | nyare anèng ngriku ||

31. tanpa lèmèk galoso ing pasir | samya singêp dodot | oyoding wit kinarya bantale | saking dahat sayahira sami | gyanira aguling | anglês lir dèn bandul ||

32. bang-bang wetan wus samya anglilir | lênggah soring kayon | paksi-paksi angocèh ting cruwèt | kacêr munya nèng pucuk pring ori | sinauran dèning | jalak nèng wit nyamplung ||

33. binarung ing swarèng cocak tuwin | jathithot munya doh | pindha mungu mring kang samya sare | bagaskara siratnya wus kèksi | anèng graning ardi | wus amungup-mungup ||

34. byar rahina risang kawlasasih | durung linggar sing gon | dupi sampun baskara têngange | ingkang Putra Dyan Bimanyu nglilir | nangis minta bukti | Parta wlas kalangkung ||

35. Pandhuputra angandika ririh | mring garwa sang sinom | dhuh Srikandhi priye bocah kiye | tangi turu nangis minta bukti |

--- 40 ---

ngupaya mring êndi | supayantuk sêkul ||

36. sang lir retna aturira aris | dhuh pangeraning ngong | jêngandika ywa linggar sing kene | amba ingkang ngupayakkên bukti | yun aminta nasi | dhatêng tiyang dhusun ||

37. Sang Arjuna angandika malih | yayi yèn mangkono | angrucata busana yogyane | manganggoa lir wong wadon dèsi | murih ywa katawis | dadya tan pakewuh ||

38. matur nêmbah Dyah Wara Srikandhi | sandika gya dandos | rajakaputrèn rinacut kabèh | sinasaban praboting wong dèsi | rapêt tan katawis | sanalika rampung ||

39. nadyan wus busana sarwa lurik | prandene sang sinom | maksih katon ngênguwung cahyane | prak atine tan gêlêm sumingkir | mêmanise maksih | ting cranthèl tan ruru ||

40. Sang Arjuna ngandika mring padmi | yayi karsaning ngong | sira sun lih aranta yogyane | aywa maksih ran Wara Srikandhi | sun paringi nami | Kèn Sêtingbinatur ||

41. sang lir rêtna sandika turnèki | dhuh pangeraningong | amba muhung nyuwun pangèstune | Sang Arjuna angandika ririh | muga-muga yayi | tumulia antuk ||

42. glising crita risang kadi Ratih | linggar saking kono | turut pinggir bangawan lampahe | tan adangu sang retna wus prapti | têpining banawi | tambangan ing pucung ||

9. Pucung

1. kang winuwus pambêlah kalih ing ngriku | nyabrangkên karyanya | sagunging janma lumaris | yèku aran sabrangan ing Swilugăngga [Swilugăng...]

--- 41 ---

[...ga] ||

2. jêmbar nglangut bêngawan Swilugănggèku | agung tirtanira | arang kang wani nyabrangi | yèn rahina tan kêndhat janma kang malwa ||

3. pan ing ngriku tumut kabawah praja gung | ing Nungswakambangan | kacrita pambêlah kalih | kang sajuga ran Mas Ngantèn Tirtayuda ||

4. èndhèk lêmu bathuk lêngar mripat ciut | irung cilik têmpak | lambe dongor pipi gêmbil | gulu cêndhèk tangan mathekol kuwaga ||

5. gêgêr wusu punuke gêdhe manjutu | tur kulite mangkak | suku cêndhak bokong nyênthing | wêtêng bèkèl balêndhuk kaya sêmăngka ||

6. udhêng wulung dheblengan tan mawi kuncung | kalung kacu abang | klambi kotang sabuk lurik | tanpa timang kathok gêmbyong putih cêkak ||

7. nora bagus Tirtayuda nanging bêsus | nadyan lagi nyatang | tan pisah pangilon cilik | dhela-dhela bênakkên meretanira ||

8. kadwinipun Ranukarya namanipun | sêdhêng dêdêgira | pawakane sarwa cilik | sarwa kêncêng Ranukarya kuat rosa ||

9. pancèn bagus Ranukarya dhasar bêsus | glènyèh doyan nginang | cacade amung sathithik | irung pèsèk gawan wiwit cilik mula ||

10. ikêtipun sênêngane umpak pangkur | wirone satêbah | adu mancung sipat alis | kuncungira cilik pinalintir munggah ||

11. klambi kuthung sêmbagi bang tutul-tutul | sabuk èpèk sulam | kathok kalèt mori putih | kacu bathik ngalèwèr

--- 42 ---

sumampir pundhak ||

12. ya ta wau pambêlah kalih duk dulu | mring kang namur lampah | wong kalih awas ningali | lamun ana wanudya ayu utama ||

13. klênthung-klênthung lumaku tan mawi kakung | pambêlah samyeram | mulat citrane sang dèwi | pamandênge malolo kumêdhèp têsmak ||

14. tan adangu wus prapta sabrangan ngriku | risang namur lampah | cumêthe dènira angling | kang pambêlah dika praokake kula ||

15. ngilèn ngriku pintên kang tambanganipun | Ngantèn Tirtayuda | kagyat kalane miyarsi | saking dènya dalongop nyawang kewala ||

16. nulya matur dhuh bokmas tambanganipun | mung mirah-mirahan | tigang suku janma siki | Nikèn Sêtingbinatur arum ngandika ||

17. gih kang mrau kula manut tigang suku | Tirtayuda mojar | sumăngga lajênga nitih | sang lir rêtna duk arsa minggah mring palwa ||

18. Karyaranu majêng alon aturipun | dhuh bokmas sumăngga | nitiha baita mami | langkung mirah mung sasuku tambangannya ||

19. sang rêtnayu dadya arsa pindhah prau | Tirtayuda umyat | Ranukarya nyulayani | sigra mêntas sing palwa alon turira ||

20. dhuh sang ayu têka badhe pindhah prau | kula purun suda | tambangannya mung sêtali | Ranukarya sigra mêntas sing baita ||

21. aturipun kula mung sakêthip purun | sumăngga nitiha | Titayuda[3] duk miyarsi | wus têtela Ranukarya mrih sulaya ||

22. langkung bêndu Tirtayuda [Tirtayu...]

--- 43 ---

[...da] jroning kalbu | bakal crah lan kănca | majêng ature suwawi | kaparênga numpak ing baita kula ||

23. opahipun mung sabènggol mawon purun | Ranukarya ngucap | bokmas ngriki ongkos prèi | sanalika Tirtayuda asru bêntak ||

24. wuwusipun hèh Si Adhi Karyaranu | ngajak dan-edanan | nambut gawe mamrih dhuwit | nora nganggo pinikir prayoganira ||

25. nora patut ana tambangan tri suku | têka banjur nyuda | suda manèh nganti prèi | têtela yèn arsa ngayoni maringwang ||

26. tan kadyèku yèn arsa nyoba maringsun | Ngantèn Tirtayuda | kêna dinadar saiki | Ranukarya duk myarsa dahat bramantya ||

27. sugal muwus hèh Si Tirtayuda asu | têka nguman-uman | prêduli apa sirèki | mêmalangi mring wong nyudakke tambangan ||

28. adol gêndhung banjur nantang ngajak gêlut | apa Ranukarya | kokira kalamun wêdi | wus sêdhênge wong lanang padha lèk sanga ||

29. dupi ngrungu Tirtayuda sigra napuk | Ranukarya jola | tandya malês anampiling | Tirtayuda sumrêpêt medal konangnya ||

30. gluyur-gluyur Tirtayuda sigra nubruk | Ranukarya dhupak | wêtênge Tirtayudèki | dhawah sarèng wong kalih sami kalumah ||

31. gregah wungu parêng samya ngrangkul gulu | dêdrêg drêg-udrêgan | wong kalih banting-binanting | pating brêkuh ting glêrêng tan kêna uwal [u...]

--- [44] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054): Citra 5 dari 5
... pambêlah kalih nulya glis, parêng nglampahakên prau ...

--- 45 ---

[...wal] ||

32. sang rêtna yu duk myat nabda pait madu | dhuh kakang pambêlah | sami sarèhna rumiyin | ge pisaha dèn ta samya păncakara ||

33. tanpa prèlu kêrêngan lawan sêdulur | paran kang rinêbat | luwung rukuna sing bêcik | ngong pranata murih ywa nganti sulaya ||

34. ya ta wau pambêlah kalih duk ngrungu | sigra sarêng uwal | napase sami ting krêmpis | gya cumadhong dhawuh karsane sang retna ||

35. sang dyah ayu ngandika dhuh kakang mrau | pamrayogi kula | palwa andika kekalih | dipun ènggal gandhengan dadya sajuga ||

36. ingkang kukuh mrih ywa nyumêlangi iku | pambêlah duk myarsa | kalih sarêng nyandikani | sarêng minggah mring palwa sigra tumandang ||

37. gandhèng prau kekalih ingêrut kukuh | pinasangan sasak | tandange cukat tarampil | jroning nambut karya samya rêrêmbugan ||

38. tukang mrau wus ngira lamun sang ayu | dudu sok uwonga | maksih têdhaking wiryadi | wong pambêlah kêkalih èngêt ing driya ||

39. yèn ing dangu tampi undhangnya sang prabu | ing Nungswakambangan | angupaya wanudyadi | yun ginarwa kinarya lêsmining pura ||

40. undhangipun singa wonge bisa antuk | kênyayu utama | gung ganjarannya sang aji | datan pêgat lumintu salaminira ||

10. Mêgatruh

1. marmanipun pambêlah golonging rêmbug | sang rêtna yun binêkta mring | Nungswakambangan prajagung | ingaturaken sang aji | sakala rêmbag [rê...]

--- 46 ---

[...mbag] wus dados ||

2. Tirtayuda ngancarani mring sang ayu | ngaturan minggah tumuli | mring baita sampun rampung | sang dyah tan lêngganèng kapti | minggah mring palwa sang sinom ||

3. sampun lênggah wontên samadyaning prau | pambêlah kalih nulya glis | parêng nglampahakên prau | Ranukarya kang nèng ngarsi | cêg nyandhak satang wus bêdhol ||

4. Tirtayuda ajêg pamêlahe sêngkut | tekèng têngahing bênawi | gya milir anut ing ranu | yun mring praja Nungswarukmi | sêdyarsa sowan sang katong ||

5. angaturkên kang dadya dhawuh sang prabu | angupaya wanudyadi | mangkya wong pambêlah antuk | lêpas lampahing palwèki | sigêg gantya winiraos ||

6. Sang Arjuna kang lênggah soring wrêksèyup | lan mangku putranirèki | yèku Radyan Abimanyu | dene kang kaparèng ngarsi | Dyan Gathutkaca sang anom ||

7. Pandhuputra ngarsa-arsa praptanipun | kang garwa Rêtna Srikandhi | wisata ngupaya sêkul | antara dangu tan prapti | Dananjaya ngandika lon ||

8. mring kang Putra Dyan Gathutkaca dhuh kulup | dene ibunta Srikandhi | sun kongkon ngupaya sêkul | têka suwe ora prapti | mring ngêndi gone ngupados ||

9. Gathutkaca tumungkul alon turipun | dhuh paman pangintên mami | rèh jêng bibi dèrèng tau | ngambah leladan ing ngriki | dados botên patya kawong ||

10. dhatêng margi kang anjog mring pundi tan wruh | kapaksa jrih anglampahi | kautus ngupados [ngu...]

--- 47 ---

[...pados] sêkul | Sang Arjuna ngandika ris | dhuh Gathutkaca nak ingong ||

11. kaya bênêr kang dadya aturmu kulup | nanging sun tan bêtah myarsi | panangise rinta iku | yèn kasuwèn kadipundi | mêmêlas têmên nak ingong ||

12. Pandhuputra ngandika sarwi rawat luh | dhuh Bimanyu putra mami | bêgja têmên sira kulup | nandhang papa maksih alit | sèwu sangsara pinanggoh ||

13. baya lagi kênèng sikuning dewa gung | narimaa putra mami | pirabara sira besuk | antuk parmaning dewa di | nêmu kawiryan kinaot ||

14. Gathutkaca miyarsa kumêmbêng kang luh | tètès mring jaja lir grimis | gung tinamèng astanipun | magêp-magêp tan bisa ngling | nityasa pêtêng kang panon ||

15. Dyan Bimanyu gung ngiyêng panangisipun | Arjuna nabda srêt ririh | dhuh Guritna putraningsun | tunggunên rinta nèng ngriki | sun arsa linggar ngupados ||

16. bibèkira maring ngêndi purugipun | Dyan Gathutkaca miyarsi | manêmbah nging tan sumaur | saking putêking tyas sêdhih | Arjuna lumampah alon ||

17. mingak-minguk ngungak kanan kering samun | tan ana janma kaèksi | nulya laju tindakipun | turut têpining banawi | ngulati garwa sang sinom ||

18. Pandhuputra prapta ing sabrangan ngriku | tan ana janma lumaris | saha tan manggya wong mrau | nanging pinggiring banawi | wontên sasak lawan pathok ||

19. pathok agêng tilas cancanganing prau | Arjuna laju lumaris | saking ngriku tindakipun |

--- 48 ---

turut pinggiring banawi | nglunta mangandhap saya doh ||

20. kacarita Dyan Gathutkaca kang kantun | nèng soring wrêksa gêgisik | atêngga Dyan Abimanyu | ngiyêng nangis minta bukti | sira Guritna sang anom ||

21. datan bêtah miyarsa panangisipun | Guritna putêk ing galih | datan darana ing kalbu | sumêdya nusul ngulati | kang rayi sigra ginendhong ||

22. lumaksana Gathutkaca mandhêg mangu | mangunandika ing galih | baya mring di paman mau | gone ngulati jêng bibi | têka datan ana katon ||

23. Dyan Guritna sigra laju lampahipun | tan adangu nulya prapti | sabrangan kang kocap ngayun | Gathutkaca wus andugi | kang paman malwa ing kono ||

24. ewuhaya Guritna gyanyarsa nusul | marang kuloning bênawi | rèhning wus tan ana prau | yun nyabrang agung kang warih | kandhêg tyasira kuwatos ||

25. dangu gyannya mangangên-angên ing kalbu | puwara sêdyaning galih- | ira Radyan Bimasunu | yun nyabrang madyèng banawi | kang rayi sinèlèh alon ||

26. sing gendhongan Gathutkaca sigra cucul | wusanane sadayèki | jamang sumping pênding[4] kalung | uncal badhong kampuh tuwin | praba klat bau glang kroncong ||

27. gya binuntêl dumadi sawiji kukuh | ginendhongkên mring kang rayi | Bimanyu sigra pinanggul | cinêpêng ing asta kèring | asta kanan mingkis kathok ||

28. Gathutkaca sigra tumurun mring ranu | suku mek-mekan jajagi | ngarubyuk [ngarubyu...]

--- 49 ---

[...k] muhung sadhêngkul | rèh dèrèng doh saking pinggir | sangsaya nêngah sang anom ||

29. kacarita Gathutkaca duk angrubyuk | baya wus karsèng dewa di | kang karya lêlakonipun | sangsayaning titah yêkti | dumadakan tirtanya rob ||

30. sanalika prapta prahara gumrubyug | bayu bajra angin-angin | păncawara sindhung riwut | kocak tirtaning banawi | ombaknya gung nyêmpyok-nyêmpyok ||

31. Dyan Guritna kasêmpyok ombaking ranu | sarira kêbês jêdhindhil | lampahnya tan bisa maju | ombak gêng pindha ngadhangi | Gathutkaca gung katêmpoh ||

32. Dyan Guritna saklangkung maras ing kalbu | dadyarsa wangsul mring pinggir | ombak saking wuri nêmpuh | sing ngarsa agung ngêbyuki | kocaking tirta tan anggop ||

33. molak-malik narmada yayah kinêbur | Guritna tyasnya matistis | kadung tumindaking suku | tirta nêmpuh ngarsa wuri | ombak saya gung lir gênjot ||

34. Gathutkaca gumêtêr sariranipun | saking sru maras ing galih | têmah nir karosanipun | wit dangu kakum ing warih | kêkês wel-welan dharodhog ||

35. sakojuring sarira karaos kêju | mlampah ngarah-arah ririh | kasêmpyok ombak gêng nêmpuh | Guritna dhawah kabanting | kaleban tirta tan katon ||

36. Abimanyu ingkang pinanggul marucut | têmah kablêbêg ing warih | kagyat Gathutkaca nubruk | anututi mring kang rayi | kumêsar tyasnya [tya...]

--- 50 ---

[...snya] sang anom ||

37. nubruk luput Guritna nututi slulup | anèng sajêroning warih | grayah-grayah astanipun | ngupadosi ingkang rayi | tita tan bisa kapanggoh ||

38. tan antara rèrèh ingkang sindhung riwut | braja prahara wus nipis | ing satêmah larut mirut | tanapi ombaking warih | tan kocak muhung lon-alon ||

39. Dyan Guritna jêgrêg nèng madyaning ranu | sèwu susah sèwu sêdhih | yayah pêjah tanpa rapuh | puwara Guritna nangis | dêrêsing waspa lir jawoh ||

40. gung ingusap ing ngasta kalih datan wus | tan nêdya mêntas mring pinggir | jumênêng jêjêr lir tugu | anèng têngahing banawi | ngêntosi kambanging layon ||

11. Maskumambang

1. gêrêng-gêrêng Gathutkaca sru anangis | sambate mlasarsa | luhnya marawayan mili | gung tinamèng astanira ||

2. daringakan mulat nganan mulat ngiri | ngulati arinya | kang wus kêlêm jroning warih | sakêdhap-kêdhap Guritna ||

3. gogoh-gogoh tanapi slulup ing warih | sarwi gung udrasa | sêsambatira ngrêrintih | dhuh-dhuh adhuh ariningwang ||

4. dhuh Bimanyu baya sira marang êndi | lamun tan kapanggya | kadiparan polah mami | iba dukane jêng paman ||

5. kaya paran duk mau dene wak mami | têka banjur nyabrang | anèng têngahing bênawi | wêkasane manggya tiwas ||

6. adhuh dewa dhuh bathara kadipundi | babo tulungana | panggihêna ari mami | Bimanyu kêlêm ing tirta ||

7. dipun enggal [engga...]

--- 51 ---

[...l] tulunga mring kawlasasih | dhuh-dhuh jagat raya | dhuh kabèh isining bumi | tulungana raganingwang ||

8. lalu têmên bathara tan mitulungi | manawa tan arsa | banjutên bae wak mami | pulungên mring kadewatan ||

9. tunggalêna lan yayi Mas Partasiwi | sun tan bisa pisah | dhuh bathara dipun aglis | banjutên uswa kawula ||

10. Gathutkaca tansah sêsambat ngrêrintih | saking limuting tyas | sabarang ingkang kaèksi | kang samya kèli ing toya ||

11. dipun kintên kang Rayi Dyan Bimanywèki | tinubruk saksana | winawas dudu kang rayi | sinawatkên mring dharatan ||

12. Dyan Guritna mingak-minguk sarwi nangis | gya slulup ing toya | macungul maksih ngrêrintih | saking jibêging wardaya ||

13. raos ing tyas yayah pêjah tanpa kanin | linglung kalanglangan | nglênglêng binglêng andalêming | kang sinambat mung arinya ||

14. kacarita sira Radyan Pandhusiwi | kang ngulati garwa | kusuma Wara Srikandhi | wisata ngupaya boga ||

15. Sang Arjuna lampahnya turut banawi | tita tan kapanggya | Sang Parta sêdyaning kapti | wangsul mring gyaning kang putra ||

16. Sang Guritna kang tinilar ing gêgisik | têngga arinira | lampahe Sang Pandhusiwi | nalika praptèng sabrangan ||

17. wikan janma ngadêg nèng têngah banawi | Parta awas mulat | kang anèng madyaning kali | yèku Putra Sang Guritna ||

18. Sang Arjuna nguwuh-uwuh saking pinggir | kulup Gathutkaca | kaya paran têka nangis | lah apa karananira ||

19. ge mêntasa [mê...]

--- 52 ---

[...ntasa] arinira anèng êndi | Gathutkaca myarsa | inguwuh-uwuh sing wuri | Guritna gya nolih wuntat ||

20. myat kang paman kang anguwuh saking pinggir | sakala Guritna | ambêngok dènira nangis | sigra salulup ing toya ||

21. sêdyanira ngupadosi ingkang rayi | nging wus tan aguna | Guritna macungul nangis | sarwi mandêng mring Sang Parta ||

22. Gathutkaca umatur awor lan tangis | dhuh-adhuh jêng paman | kawula nyabrang ing ngriki | nêdya ngulati paduka ||

23. sarêng amba praptèng têngahing banawi | katêmpuh ing ombak | kawula dhawah kabanting | putranta kêlêm ing toya ||

24. ngong ulati têkèng mangkya tan kapanggih | ya ta Sang Arjuna | myarsa turing Bimasiwi | prêpêt tan wruh saniskara ||

25. byar pêt byar pêt konangira pating krêlip | angga tanpa karkat | gliyêr dhawah ing pratiwi | Arjuna têmah kantaka ||

26. Sang Guritna duk myat mring Sang Pandhusiwi | kantu nibèng kisma | Guritna mêntas sing warih | lumayu sarya karuna ||

27. sapraptanya ngarsane Sang Pandhusiwi | ambruk Sang Guritna | sumaput gumuling siti | satriya kalih kantaka ||

28. sanalika surêm sirating hyang rawi | katawêng ing ima | pêtêng dhêdhêt ngawiyati | prapta bajra păncawăra ||

29. sindhung riwut prahara gêng wor lan riris | udan salah măngsa | munya dhèdhèt erawati | ting jreglug swaraning arga ||

30. sasirêping gara-gara riris aris | rèrèh kang maruta | wau Radèn Pandhusiwi | wungu dènira

--- 53 ---

kantaka ||

31. Gathutkaca gya ginugah nulya nglilir | garegah saksana | sumungkêm pangkon anangis | sêsambate minta pêjah ||

32. Pandhuputra ngandika sêrêt tur ririh | dhuh kulup Guritna | paran purwanira nguni | duk kêlêming arinira ||

33. Gathutkaca umatur awor lan tangis | saliring lêlakyan | miwiti kongsi mêkasi | Guritna saya karasa ||

34. magêp-magêp matur dhuh paman suwawi | amba pêjahana | minăngka liruning pati | nya yayi kang wus pralaya ||

35. Parta nabda wis mênênga putra mami | wis aywa rinasa | rowangku sapati urip | muhung sira putraningwang ||

36. nora luwih biratên gunging prihatin | tan wun yèn ginagas | nadyan rasaning tyas mami | sakêthi duhkita dahat ||

37. sèwu sêdhih susah tumpêg dadi siji | yèn kadurus mundhak | antuk sikuning dewadi | èngêta kalamun titah ||

38. dhuh dhuh kulup Guritna karsèng sun mangkin | tan kondur mring praja | mung sêdyarsa nglaya bumi | êmbuh ing êndi tibanya ||

39. Radyan Gathutkaca matur awotsari | dhuh jêng paman amba | sakarsanta mung umiring | gêsang praptaning antaka ||

40. glising crita adan bidhal satriya dwi | linggar sing panggonan | laksitanya turut têpi | ning narmada Swilugăngga ||

41. runtung-runtung satindak mandhêg tumolih | nolih ngiri nganan | gung nganam-anam panggalih | tan ana sinêdyèng karsa ||

42. lampahira lir kleyang katut ing angin | minggah tumrun arga | turut jurang pèrèng sungil |

--- 54 ---

samana lêpas lampahnya ||

 


wrêdha. (kembali)
parpat. (kembali)
Tirtayuda. (kembali)
pêndhing. (kembali)