Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 054–104)

Judul
Sambungan
1. Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 001–054). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 054–104). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 11-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

12. Kinanthi

1. kinanthi gênti winuwus | nagari ing Nungswarukmi | inggih ing Nungswakambangan | ingkang jumênêng narpati | Sang Prabu Bratakusuma | yèku kang wus kocap ngarsi ||

2. ing ari sajuga nuju | sang nata miyos tinangkil | nèng madyaning sitibêntar | lênggah patmasana rukmi | sinawur puspita ngambar | ingayap parêkan cèthi ||

3. dene ingkang munggwèng ngayun | yèku risang nindya mantri | Kyana Patih Dewasraya | ingkang sumambung ing wuri | Sang Arya Tambaklautan | Arya Tambaksamodrèki ||

4. pra wrahatbala supênuh | pindha robing jalanidhi | asri tinon busananya | seta bang biru lan kuning | pindha kang prabata mêkar[1] | ya ta glising caritèki ||

5. sang nata ngandika arum | kadiparan bapa patih | ing nguni sira sun patah | angundhangi wong sanagri | miwah sajabaning praja | satalatah Nungswarukmi ||

6. andhawuhkên karsaningsun | angupaya wanodyadi | miwah ngupaya sabarang | kang sarwa anèh ing warni | bapa apa wus warata | marang sakèhing sujanmi ||

7. kyana patih nêmbah matur | dhuh gusti pêpundhèn kami | undhang paduka narendra | sampun wradin sanagari | tuwin sajawining praja | têkèng dhusun wukir-wukir ||

8. botên wontên ingkang antuk | kadi dhawuh padukaji | pun bapa sampun nyundaka | pra wadya janma lan yaksi | tan wontên kang antuk karya | sang nata ngandika malih ||

9. kadi paran wartanipun [wartani...]

--- 55 ---

[...pun] | ing nguni wadya rasêksi | tri pamancat kang ngupaya | têka lawas nora prapti | kaya paran wêkasannya | kya patih matur wotsari ||

10. dhuh gusti pêpundhèn ulun | nalika ari Wraspati | amba tampi palapuran | sing Togog Saraitèki | ngaturkên tiwasing lampah | wadya yaksa lenèng jurit ||

11. dèning Pratiwangganèku | saking praja Dwarawati | lêlana jajah wanarga | kapapag wadya rasêksi | têmah dadya păncakara | wadya yaksa sor ing jurit ||

12. Bratakusuma Sang Prabu | miyarsa aturing patih | dahat kagyat ing wardaya | sang nata duka tan sipi | sarira yayah dahana | kumêjut kang waja gathik ||

13. nanging sinamun ing sêmu | sumèhing netya mêmanis | tan kawistara yèn duka | ya ta wau sri bupati | ingkang lagya imbal sabda | lan Dewasraya Kya Patih ||

14. ing jawi swara gumuruh | ebah wadya kang anangkil | yayah gègèr pêpuyêngan | swaraning janma gêng alit | Dewasraya sigra mêsat | sing ngarsa praptaning jawi ||

15. mantri muka gupuh-gupuh | mariksa gêdêring janmi | wontên wadya tur uninga | dhumatêng sang nindya mantri | wontên wong pambêlah sowan | kêkalih bêkta kênyadi ||

16. yun ingaturkên sang prabu | pambêlah gya dèn timbali | pinariksa mring kya patya | kerid minggah păncaniti | sapraptaning byantarèndra | kya patih matur wotsari ||

17. dhuh gusti jawatèng ulun | pun bapa atur [a...]

--- 56 ---

[...tur] udani | punika pambêlah sowan | ngaturakên wanudyadi | nêtêpi undhang narendra | kang wus kabyawara wradin ||

18. sang nata miyarsa atur | ring Dewasraya Kya Patih | tuwin dahat ascaryèng tyas | duk myat mring sang kadi ratih | tuhu yèn ayu utama | nadyan pra hapsari kontit ||

19. sang nata ngandika arum | ngacarani mring sang dèwi | dhuh babo sira majua | wong ayu kang nêmbe prapti | sintên kêkasihmu nimas | ngêndi pinangkanta yayi ||

20. sang rêtna nêmbah umatur | gusti yèn dangu kang abdi | amba tiyang sudra papa | ngalaya tan darbe panti | paribasan kandhang jagad | kêmul mega payung langit ||

21. de nama amba pukulun | yèn wontên sotah mastani | Kèn Sêtingbinatur amba | sang nata ngandika malih | yayi mungguh karsaningwang | sira ingsun pundhut swami ||

22. dadya têtimbangan ingsun | jumênêng paramèswari | mengku sajroning puraya | sang rêtna matur wotsari | dhuh gusti sri naranata | ulun mung sumanggèng karsi ||

23. sakêthi tan nyana ulun | kinarsakkên dadya cèthi | andasih narendra tama | mêngku sajroning puradi | dhuh gusti rasèng tyas amba | kadyangganing janma ngimpi ||

24. sasat pêjah manggih hidhup | dene jêng paduka aji | apti ngabdèkkên mring amba | sudra papa soring warni | sèwu mangkya nugrahèng Hyang | tumurun mring amba yêkti ||

25. sang nata miyarsa atur | mêmêla mêmalat ati | puwara lon angandika | dhuh

--- 57 ---

nimas pêpujan mami | nadyan rasaning tyas ingwang | sukaning tyas tanpa pami ||

26. dene praptanta wong ayu | nèng prajèngsun Nungswarukmi | tuhu karsaning jawata | paring nugraha mring mami | tarlèn suka sukur ring Hyang | sang dyah tumungkul wotsari ||

27. ngandika malih sang prabu | hèh bapa patih dèn aglis | undhangna mring wadyabala | ingsun sida palakrami | lan dèn enggal mirantia | sapalakartining kardi ||

28. angruktia tarup-tarup | jro pura lan păncaniti | rakitên ingkang prayoga | aywa nganti nguciwani | bènjang ari Soma ngarsa | panggih ingsun lan sang dèwi ||

29. kyana patih nêmbah matur | dhatêng sandika mèstuti | dhawuh timbalan narendra | titining pangandika ji | tandya kondur ngênyapura | ginarêbêg para cèthi ||

30. sira Sang Sêtingbinatur | kinanthi dening sang aji | datansah sinawang-sawang | tumungkul sang kadi ratih | kacarita mantri muka | lèngsèr saking păncaniti ||

31. praptèng pagêlaran laju | dhawuhkên timbalan aji | pra wadya saur kukila | têrus lajêng nambut kardi | tata-tata makajangan | gumuruh swaraning janmi ||

32. dene wong pambêlah sampun | ginanjar branarta sami | tuwin winisudha dadya | mantri pambêlah kêkalih | ngêrèhkên sagung wong malwa | kang kabawah Nungswarukmi ||

33. ari panggihnya sang prabu | agung bawahaning kardi | blabur kang boja baksana | wadya gung alit waradin | nutug samya ăndrawina | suka [su...]

--- 58 ---

[...ka] parisuka ngênting ||

34. rêroncène tan tinutur | cinêndhak sri narapati | atut dènya palakrama | dahat sih-sinihan kalih | yayah mimi lan mintuna | tan kêna bênggang sanyari ||

13. Asmarandana

1. wuwusên sri narapati | Sang Prabu Bratakusuma | lawan jêng narèswarine | lêlangên nèng jro udyana | dèrèng kondur ngadhatyan | katungka ing sowanipun | Kyana Patih Dewasraya ||

2. praptaning ngarsa narpati | sila mabukuh wotsêkar | sang nata lon ngandikane | hèh bapa baya na karya | têka gita sowanta | payo matura dèn gupuh | kya patih matur manêmbah ||

3. dhuh gusti sri narapati | lêrês dhawuh padukendra | milamba sowan sèstune | pun bapa atur uninga | ing paduka narendra | mangkya wontên tiyang dhusun | kêkalih tukang mèt mina ||

4. karyanya turut banawi | kêkalih sami anjala | dumadakan manggih rare | jalu kalêbêt ing jala | saha kanthi busana | kadi kapraboning ratu | sangkêp binuntêl ing wastra ||

5. mangkya konjuk padukaji | nêtêpi undhang narendra | sang nata duk myarsa ture | Kya Patih Dewasaraya | dahat arsayèng driya | wusana ngandika arum | hèh bapa patih dèn enggal ||

6. iridên mring ngarsa mami | kya patih matur sandika | lèngsèr sing ngarsèng pamase | sapraptanira ing jaba | wus panggih tukang jala | sigra dèn irid malêbu | praptaning ngarsa narendra ||

7. ya ta wau [wa...]

--- 59 ---

[...u] rare alit | dahat dènya mêlasarsa | muhung lingak-linguk bae | sang prabu myat langkung mêlas | dangu sinawang-sawang | cahyane saya sumunu | dhasare bagus jatmika ||

8. tăndha yèn trahing wiryadi | samana karsaning nata | rare dalah kaprabone | yèku pinundhut sadaya | dene tukang mèt mina | ginanjar branarta agung | saha winisudha dadya ||

9. mantri ngêrèhkên sagunging | tiyang kang misaya ulam | sabawah Nungswarukmine | wau ta janma kalihnya | nêmbah padaning nata | suka sukur ring dewa gung | mit mantuk sampun linilan ||

10. parêng samya mêdal jawi | lawan Patih Dewasraya | sang prabu lawan garwane | tandya kondur angadhatyan | rare alit binêkta | ginarêbêg para arum | sarawuhing jro puraya ||

11. sang nata lan pramèswari | lênggah munggwing patmasana | andhèr para biyadane | manggung cèthi myang parêkan | kacrita sri narendra | dhawuh mring bok êmbanipun | ambêkta raryalit ika ||

12. kinèn ngêdusi mring bèji | bok êmban tur sêmbah mentar | sing ngarsendra bêkta rare | samana wus kalaksanan | bok êmban wangsul sigra | ngaturkên rèhing tinuduh | sang nata ngandikèng garwa ||

13. rare kinèn busanani | sang sori matur sandika | ya ta glising caritane | raryalit wus binusanan | rajakaputran endah | saya wimbuh bagusipun | kêkuwunge angujwala ||

14. ngasorkên prabaning sasi | narèswari sadangunya |

--- 60 ---

tan pêgat ing pandulune | kathah karaos ing driya | mring putra kang tinilar | pramèswari tandya dangu | bêbisik mring rare ika ||

15. raryalit umatur ririh | rèh sêmu ajrih kalintang | matur Bimanyu namane | pramèswari duk miyarsa | ature rare ika | tan darana gya rinangkul | sang sori sarya karuna ||

16. sêsambatira mlasasih | dhuh lae atmajaningwang | dene jêbul têkèng kene | kadiparan marganira | katut tukang mèt mina | pan kathah sêsambatipun | sang sori dènya karuna ||

17. sang nata kagyat ing galih | narendra dhuh narèswara | lir paran nangisi rare | lan yayi kaprênah apa | pramèswari wotsêkar | umatur dhuh jêng sang prabu | satuhu rare punika ||

18. atmaja amba pribadi | ngong tilar tan wrin sabanya | mangkya praptèng ngriki dene | binêkta tukang mèt mina | sang nata duk miyarsa | wimbaning pangandika rum | wis yayi aywa rinasa ||

19. rèh wus katêmu basuki | sarta rasaning tyas ingwang | dahat sutrêsna yêktine | mring si kulup tan prabeda | lir putrèngsun priyăngga | marma yayi karsaningsun | Bimanyu sun pundhut putra ||

20. saha ingsun angkat dadi | narendra putra manawa | ingsun praptèng kamuksane | supaya bisa gumantya | jumênêng naranata | gêntèni kaprabon ingsun | nèng praja Nungswakambangan ||

21. narpèstri matur wotsari | dhuh dewaji kaluhuran | karsa paduka pamase | sang nata malih ngandika |

--- 61 ---

lah yayi kaprabonnya | bêktane putranta iku | nuli simpênên ing sanggar ||

22. tunggalna pusaka mami | ingkang sun simpên nèng sanggar | sang sori sandika ture | lèngsèr saking ngarsa nata | tan dangu tindakira | sanggar pamujan wus rawuh | pramèswari kagyat mulat ||

23. myat sakèhing pusaka ji | kang wontên sanggar pamujan | dayita tan samar tyase | yèn iku pusakanira | kang garwa Sang Arjuna | ingkang musna duk ing dangu | yèku hru Ki Sarotama ||

24. saha Kyai Hru Dhadhali | tanapi Ki Pasopatya | lan katga Pulanggênine | tuwin Kyai Kalanadhah | lawan Ăntakusuma | yèku kotang agêmipun | kang Putra Dyan Gathutkaca ||

25. pramèswari sadanguning | miyat sagunging pusaka | mangkana panglocitane | dhuh babo iki sanyata | pusakane jêng pangran | kang samya musna ing dangu | nglumpuk nèng kene sadaya ||

26. sapa baya ingkang ngambil | bangêt gawoking tyas ingwang | dhuh kadiparan margane | gon ingsun bisa ngaturna | mring garwaku jêng pangran | narèswari kongsi dangu | gyannya ngudasmarèng driya ||

27. gya wangsul mring ngarsa aji | nging maksih gung gyannya gagas | lêlakyaning sarirane | têmah kawistarèng netya | lamun nahên duhkita | nata tan samar ing sêmu | puwara alon ngandika ||

28. dhuh riningsun pramèswari | sapraptanta saking sanggar | ngong sawang beda netyane | kadi angandhut sungkawa |

--- 62 ---

paran karananira | matura aywa pakewuh | kang dadya witing sungkawa ||

29. bokmanawa ingsun bangkit | ambirat mring rudatinta | natarèni lon ature | dhuh sang prabu jimat amba | kang tuhu sih mring garwa | kang dadya prihatin ulun | dhuh sang prabu wuningana ||

30. nadyan amba sampun mukti | wibawa kagarwèng nata | salir kinapti kadugèn | saking sih wilasèng nata | dene witing sungkawa | sandeyaning manah ulun | yèn mêngsah kawula wikan ||

31. bilih amba wontên ngriki | tamtu laju ingupaya | tan wande ulun pinatèn | sang nata kagyat duk myarsa | mring aturing kang garwa | sri narendra ngandika rum | yayi sapa mungsuhira ||

32. matura padha saiki | ingsun kang ayun malêsna | pramèswari lon ature | ngaturkên liring lêlakyan | purwa têkèng wêkasan | sang nata miyarsa atur | mring garwa wara duhita ||

33. gya mangimur ngarih-arih | murih lipuring kang garwa | samana wus lipur tyase | kacarita enjingira | nata miyos sineba | nèng madyaning sitiluhur | lênggah nèng dhampar kancana ||

34. ingayap parêkan cèthi | samya ngampil upacara | wadya kang sumiwi andhèr | neka warna busananya | sinawang sing mandrawa | abyor lir prabata santun | dene kang kaparèng ngarsa ||

35. sira risang nindya mantri | Adipati Dewasraya | ingkang sumambung wurine | Sang Arya Tambaklautan | lawan Tambaksamodra | katri samya makidhupuh | muka lir nawang bantala ||

--- 63 ---

36. sri narendra ngandika ris | bapa dikaparèng ngarsa | kya patih majêng wotsinom | sang nata malih ngandika | hèh bapa marma ingwang | miyos siniwi ing wadu | bapa mungguh wigatinya ||

37. kya patih matur wotsari | pukulun pêpundhèn amba | punapi karsèng pamase | mugi lajêng kadhawuhna | mring abdinta pun bapa | sang nata ngandika arum | hèh bapa patih karsèngwang ||

38. rare alit duk ing wingi | kang saking janma mèt mina | yèku Bimanyu arane | samêngko sun pundhut putra | saha sun angkat dadya | pangran dipati nom iku | muga banjur dhawuhêna ||

39. mring sagung wadya gung alit | kya patih matu[2] sandika | sakala dhinawuhake | mring sagung pra wadyatăntra | samya matur sandika | saur kukila gumuruh | ri sampunira mangkana ||

40. sang nata ngandika malih | kajabèku karsaningwang | nuli dhawuhna dèn age | mring sagung pra wadyabala | manawa kapranggulan | satriya kang namur laku | kang aran Pratiwanggana ||

41. iku cêkêlên dèn aglis | aturna mring ngarsaningwang | kya patih sandika ture | gya dhinawuhkên warata | mring sagung wadyabala | sadaya kang tampi dhawuh | lir durma saur kukila ||

14. Durma

1. duk samana sri narendra dèrèng jêngkar | maksih siniwèng dasih | eca imbal sabda | lawan rêkyana patya | anggusthi arjaning nagri | padha sakala | praptaning mêngsah aji ||

2. Dyan Pratiwanggana ing Saptapratala | lawan parpatira tri | Sêmar sasutanya [sasu...]

--- 64 ---

[...tanya] | klunta-lunta lampahnya | mangkya têkèng Nungswarukmi | gya manjing praja | ing alun-alun prapti ||

3. Sêmar Garèng Petruk samya bêbadhudan | karya sukaning janmi | Sêmar sung ra-ura | Petruk kang jêjogedan | Nala Garèng kang nyênggaki | kèh janma prapta | ngrubung samya tut wuri ||

4. duk puniku pinariksa dening wadya | nama pinangkanèki | wusnya têtela trang | punggawa wangsul sigra | minggah maring păncaniti | matur mring patya | purwa wusana titi ||

5. kyana patih tampi aturing punggawa | trus katur ring narpati | sang nata parentah | nulya kinèn nyêpenga | kya patih lèngsèr sing ngarsi | undhang mring wadya | kinèn mikut dên aglis ||

6. tri gumuruh swaraning pra wrahatbala | tampi agnyaning gusti | gya sarêng tumandang | arsa mikut mring mêngsah | pating blêbêr kèhing janmi | ya ta kocapa | Dyan Pratiwangganèki ||

7. duk andulu punggawa gumuruh prapta | alok-alok pra sami | yun mikut sriranya | radyan kagyat ing driya | kandhêg tindakira munggwing | madyèng bacira | radyan prayitnèng wèsthi ||

8. tanpa tata tandange pra wrahatbala | parêng mangsah ngêbyuki | sing ngarsa sing wuntat | miwah sing kering kanan | rêg grêdêg anunjang wani | Pratiwanggana | lawan parpatira tri ||

9. Lurah Sêmar sapranakanira mangsah | sarêng angamuk wani | singa kang tinrajang | bubar mawut sar-saran | lumayu arêbut dhingin | sing wuri prapta | parêng mangsah ngêbyuki ||

--- 65 ---

10. Dyan Pratiwanggana matêk kamayannya | tumanduk mring sagunging | para wrahatbala | samya ambruk ing kisma | otot bayune kadya nir | lir linolosan | tan bisa glawat sami ||

11. katupiksa dening arya kalihira | Tambaklautan tuwin | Sang Tambaksamodra | kadwi sarêng umangsah | prapta ngarsaning sang pêkik | Tambaklautan | nabda sarwi nudingi ||

12. hèh Pratiwanggana sira gege laya | yèn sira minta urip | nututa sun bănda | awit sira sanyata | bêburone ratu mami | praptanta kadya | ula marani gitik ||

13. Dyan Pratiwi pêdhês wêngis wuwusira | sapa aranta kalih | apa pangkatira | marpêki yun punapa | sang arya santak dera ngling | ingsun bupatya | gul-aguling ajurit ||

14. kêkasihku Sang Arya Tambaklautan | lan iki kănca mami | ran Tambaksamădra | padha prawirèng yuda | Pratiwi sugal dènya ngling | sira bupatya | pracore kêthip-kêthip ||

15. aywa sira maju yun mikut maringwang | padha mundura sami | luwung ratunira | dèn enggal konên prapta | saiki nèng ngarsa mami | tandhing ayuda | gandhèng kunca lan mami ||

16. Risang Arya Tambaksamodra duk myarsa | talingan lir sinêbit | gya nubruk mring Radyan | Pratiwi awas mulat | sang arya sru tinampiling | jungkêl ing kisma | Tambaklaut nututi ||

17. kras anubruk mring Radèn Pratiwanggana | endha têmahan lusi | sang arya tinêpak | jajanira kalumah |

--- 66 ---

wuwusên rêkyana patih | Dewasaraya | awas dènya ningali ||

18. yèn sang arya kadwi kasêsêr ing yuda | Dewasraya Kya Patih | têtulung ing aprang | mangsah amusthi kunta | Radyan Pratiwangganèki | sinawat kunta | endha têmah tan kêni ||

19. Dyan Pratiwi wêngis dènira ngandika | sapa aranta dening | mangsah ing ranangga | sêmbada dhapurira | durung kataton kang kulit | anyawat kunta | kaya dudu prajurit ||

20. kyana patih sugal wêngis saurira | Dewasaraya mami | pêpatih misesa | bang-bang aluming praja | hèh babo sira Pratiwi | angur nututa | payo ingsun talèni ||

21. lamun băngga sira tan wun têkèng lena | Pratiwi nabda wêngis | hèh Si Dewasraya | sirarsa bănda mring wang | sasat wignya mikut angin | angur mundura | ratumu konên prapti ||

22. nèng ngarsèng sun kene padha ngadu yasa | singa kasor ngêmasi | Patih Dewasraya | myarsa dahat bramantya | sêbrak sigra narik kêris | radyan jinangkah | pinarjaya ngendhani ||

23. milar ngiwa ginoco radyan malumpat | nganan sinrampang lusi | Patih Dewasraya | waringutên ing yuda | tan kêndhat dènya nyuduki | ngêsuk mangrupak | lir banthèng tawan kanin ||

24. Dyan Pratiwi trangginas trampil ing yuda | kadi prêncak tinaji | Patih Dewasraya | anglut saparanira | Pratiwi weya ing jurit | ginăcă katga | jajanira kang kêni ||

25. dahat pasah Pratiwi dhawah

--- 67 ---

kaplêsat | Dewasraya nututi | sarosa marjaya | Radyan Pratiwi endha | kya patih krungkêp ing siti | radyan trangginas | kya patih tinampiling ||

26. prêg anjungkêl mangkurêb dhêpani kisma | garegah sigra tangi | mukanya dhinupak | kyana patih kalumah | gêrêng-gêrêng wus tan eling | sigra cinandhak | binuncang tibèng têbih ||

27. mantri muka ginosongan dening wadya | ya ta sri narapati | Sri Bratakusuma | awas dènya tumingal | yèn Dewasraya Kya Patih | kasor ing yuda | nata duka tan sipi ||

28. jlog tumêdhak saking palênggahanira | nyangking gandhewanèki | rawuh ing paglaran | sigra mênthang warastra | yèku pamungkasing jurit | astrapusara | lumêpas pindha thathit ||

29. Dyan Pratiwi kataman astrapusara | angga lir dèn talèni | wus tan bisa uwal | ambruk gumuling kisma | sri narendra marêpêki | mring mêngsahira | sang nata ngandika ris ||

30. hèh Pratiwi kadiparan karêpira | tutura dipun aglis | urip apa pêjah | yèn sira minta lena | sayèkti ingsun patèni | karana sira | têtêp yèn satru mami ||

31. nêdya arsa ngayoni mring jênêng ingwang | awit sira ing nguni | agêndhak sikara | matèni wadyaningwang | raksasa kang ingsun tuding | ngupaya kênya | kang yu endah ing warni ||

32. Dyan Pratiwi aturira mêlasarsa | dhuh gusti sri bupati | ulun mintaksama | nêdya angèstupada | andasih

--- [68] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 054–104): Citra 1 dari 2
... hèh Pratiwi kadiparan karêpira, tutura dipun aglis ...

--- 69 ---

mring paduka ji | salaminira | sang nata ngandika ris ||

33. hèh Pratiwi aturmu dahat sun trima | sira tan sun patèni | nging samêngko sira | arsa ingsun kunjara | lawas enggale tan mêsthi | luwarmu saka | jroning kunjara wêsi ||

34. Dyan Pratiwi duk myarsa sabdaning nata | waspanira drês mijil | pêpuntoning driya | mupus papêsthèning Hyang | sang nata ngandika malih | prentah mring wadya | kinèn bêkta dèn aglis ||

35. Sang Pratiwi linêbêtna ing kunjara | sandika kang sinung ngling | gya sarêng tumandang | Radèn Pratiwanggana | sampun kinunjara wêsi | tan kawursita | gyanira kawlasasih ||

36. sri narendra gya prentah mring wrahatbala | kinèn nyêpênga aglis | kabèh parpatira | Radyan Pratiwanggana | pra wadya sigra madosi | mring parpat tiga | duk samana parpat tri ||

37. wus kasompok kinêpung dening punggawa | katri cinêpêng kêni | dhinabyang ing kathah | Petruk gung jola-jola | nanging wus tan bisa budi | praptèng paglaran | katur mring sri bupati ||

15. Sinom

1. ri sêdhêngira sri nata | dèrèng kondur ngênyapuri | andher wadya kang sumewa | ya ta wau parpat katri | sinaoskên ngarsa ji | têtiga sami tumungkul | dinangu mring sang nata | sapa aranira sami | parpat tiga samya wêca namanira ||

2. umatur Ki Badranaya | dhuh gusti sri narapati | manawi paduka nata | andangu dhatêng pun patik | amba pun Sêmar nami | de tiyang kalih puniku | sami [sa...]

--- 70 ---

[...mi] anak kawula | ingkang andhap alit nami | Nala Garèng kang inggil Petruk namanya ||

3. sang nata malih ngandika | paran karsanira sami | rèhning Si Pratiwanggana | wus kasor prang lawan mami | mangkya sun gêdhong wêsi | yèn sira samyarsa labuh | marang bandaranira | sira padha sun patèni | Lurah Sêmar duk myarsa alon turira ||

4. dhuh lae sri naranata | amba muhung nyuwun urip | suwita ing padukendra | kilap sutamba kêkalih | kadangua pribadi | bok manawi nêdya labuh | Garèng myarsa sru nyêntak | wong gêrang kakehan criwis | tanpa nalar mung mèt uripe priyăngga ||

5. nganggo lendheyan mring anak | jangji wis manut sing siji | kang loro măngsa karia | Ki Badranaya nauri | thole gonku nyalangi | manawa sira tan nungkul | sêdyarsa labuh yuda | Garèng basêngut sarya ngling | gêrang kungkang ngucap tanpa duga-duga ||

6. sang nata arum ngandika | hèh Garèng priye sirèki | Nala Garèng matur nêmbah | gusti amba nyuwun urip | nata ngandika malih | hèh Petruk paran karêpmu | nutut tanapi băngga | payo tutura dèn aglis | Petruk matur amba mung sasêkecanya ||

7. jaragan badan sêpala | yèn nututa dèrèng mêsthi | băngga inggih dèrèng kinar | sawêg amba pikir-pikir | nyuwun tempo rumiyin | salêbêting tigang minggu | sri narendra ngandika | nora kêna pindho kardi | yèn tan nungkul sun lunas padha sakala ||

--- 71 ---

8. Petruk myarsa sabdèng nata | gumêtêr sarira mrinding | têmah gugup aturira | ulun wus nungkul sayêkti | tan kêna tempo thithik | banjur kudu nyudhèt wadhuk | atiku sru dhat-dhatan | Garèng malerok sarya ngling | lah tambamu sok nganggo kakehan reka ||

9. suka tyasira sang nata | pangandikanira manis | hèh sira wong katri pisan | samya ingsun pundhut abdi | dene karyanta sami | dadia pamomongipun | putrèngsun rajaputra | parpat tiga nyandikani | ri wusira sang nata kondur ngadhatyan ||

10. pinêthuk dening garwendra | gya kanthèn asta sarimbit | ri wusira tata lênggah | sang nata lan pramèswari | tuwin sang narpasiwi | nèng madyaning puraya rum | sang nata gya wêwarta | gyanira miyos siniwi | nèng paglaran amikut Pratiwanggana ||

11. sang nata gyannya wêwarta | miwiti kongsi mêkasi | narèswari duk miyarsa | dahat sukaning panggalih | sukur mring batharadi | ing ari sajuga nuju | sang nata eca nendra | anèng jungut tilamsari | kacarita garwendra wara duhita ||

12. miyos saking pasarean | gya têdhak mring tamansari | sarawuhirèng udyana | wus panggih lan rajasiwi | tanapi parpat katri | Sêmar Nala Garèng Petruk | narèswari gya lênggah | munggwing têpining botrawi | kang kayoman dening witing nagapuspa ||

13. lan mangku sang narpaputra | kinudang lan dèn arasi | dene kang kaparèng ngarsa | Sêmar sapranakanèki [sa...]

--- 72 ---

[...pranakanèki] | ya ta jêng pramèswari | wahyaning pangandika rum | lah Kakang Sêmar sira | apa pangling lawan mami | sapa ingsun dulunên ingkang waspada ||

14. Lurah Sêmar lon turira | paduka jêng narèswari | Garèng sumambung anyêntak | bênêr rama nora sisip | lamun jêng natarèni | Petruk alon wuwusipun | lah Garèng lan si rama | matane padha kuwalik | wong wis gênah yèn gusti wara duhita ||

15. pramèswari malih nabda | e e sira padha pangling | andulu mring raganingwang | mangkya sira sun jarwani | sajatine wak mami | garwane Sang Pandhusunu | raja putri Cempala | ya ingsun Wara Srikandhi | parpat tiga duk myarsa kagyat ing driya ||

16. dahat ngungun jroning nala | tri pandurat tan bisa ngling | puwara Sêmar turira | dhuh lae bandara mami | begja têmên kang abdi | kapanggih gusti sang ayu | paran karananira | de paduka praptèng ngriki | kados pundi gusti mulabukanira ||

17. kawula nyuwun jinatyan | tuwin rakanta sang pêkik | wontên pundi dunungira | wau ta jêng narèswari | gya sajarwa saliring | lêlampahannya sadarum | gyannya ginarwèng nata | kongsi kapanggya kang siwi | Dyan Bimanyu sang sori dènya wêwarta ||

18. agalur kadi carita | miwiti kongsi mêkasi | nanging bab Sang Dananjaya | sang rêtna datan udani | Lurah Sêmar duk myarsi | andikaning narpawadu | tyas bingah wor lan susah | têmah guyu sarwi nangis | Nala Garèng mung mêmbêg-mêmbêg kewala ||

--- 73 ---

19. Petruk alon wuwusira | si rama tan idhêp ngisin | kobêr-kobêre si gêrang | wong guyu sinambi nangis | lah bok ya salah siji | disêlakke di sing prêlu | bangêt gonmu kêthaha | nganti tan nguman-umani | Nala Garèng nganti ora uman papan ||

20. mung mêmbêg-mêmbêg kewala | lir blumbang tan bisa mili | Sêmar ngucap he si dawa | dahwènmu kapati-pati | sapa ingkang nglarangi | wong nangis sinambi guyu | kowe prêduli apa | tangis-tangisku pribadi | nadyan guyu hya guyuningsun priyăngga ||

21. Petruk malerok angucap | wis Rèng nrimaa sirèki | mêngko bae yèn wis sêla | katogna ênggonmu nangis | Garèng sugal nauri | bok wis mênêng kowe ta Truk | sênêng iya rungokna | tan sênêng nyingkira nêbih | jangji datan gêpok senggol dhapurira ||

22. Petruk miyarsa sru ngucap | e kojur bangêt wak mami | mrinani sadulur tuwa | malah ditampani sêrik | nrima bae wak mami | puluh-puluh wis bêgjaku | ya ta jêng padniswara | wahyaning pangandika ris | Kakang Sêmar yogyane lêlakon ika ||

23. dèn rêmit pangrêksanira | poma sira ywa baribin | marang liyaning sujanma | kang awit manawa nganti | kwuningan sri bupati | tan prayoga têmahipun | parpat tiga turira | sami sandika mèstuti | duk puniku parpat tri samya ginanjar ||

24. gantya ingkang kawursita | lampahnya Dyan Pandhusiwi | lan putra [pu...]

--- 74 ---

[...tra] Dyan Gathutkaca | dahat dènya kawlasasih | tambuh ingkang kinapti | mung nêdya nglalu anglangut | klunta-lunta lampahnya | nunut juragan gegrami | mangkya têkèng praja gung Nungswakambangan ||

25. samana wus malbèng kitha | midêr-midêr jroning nagri | têmu gêlang ingidêran | Sang Parta lan Bimasiwi | ing sajroning lumaris | dahat samyeram ing kalbu | umyat arjaning praja | kathah wisma gêng tur pèni | sêlur anglur jalwèstri janma lumampah ||

26. radyan kalih lampahira | ing alun-alun wus prapti | wusnya raryan sawatara | lumakswanjog sajawining | capuri tamansari | gya raryan malih ing ngriku | ngasokkên sariranya | kacarita parpat katri | Lurah Sêmar lawan sapranakanira ||

27. samya momong rajaputra | nèng sajroning tamansari | kapinujon Lurah Sêmar | medal saking tamansari | Sêmar kampita ngèksi | mring janma ro thênguk-tênguk | anulya pinarpêkan | tan samar pamawangnèki | lamun iku satriya ing Madukara ||

28. Sêmar mara dhêrakalan | gya ngrungkêb pangkoning gusti | sarya jrit lara karuna | Sêmar sambate mlasasih | dhuh lae-lae yêkti | bandaraku wong abagus | botên nyana kapanggya | bêgja yèn maksih basuki | panjêrite Kyai Lurah Badranaya ||

29. kapyarsa sing jroning taman | Garèng Petruk kagyat myarsi | têtela pamirêngira | Petruk asru dènya angling | Kang Garèng payo

--- 75 ---

aglis | nututi si rama mau | mêtu saka ing taman | anèng jaba jêrit-jêrit | gênah lamun si rama kêtunjang dhokar ||

30. Garèng Petruk sigra-sigra | lumayu asipat kuping | prapta sajawining taman | kalih kampitèng tyas sami | umyat Dyan Pandhusiwi | nulya mara mundhuk-mundhuk | prapta ngarsa Sang Parta | ri wusira tata linggih | samangkana pra samya bagya-binagya ||

31. wau Radèn Pandhuputra | nulya wêwarta saliring | lêlampahaning sarira | wiwit lolos saking nagri | têkèng wasana titi | parpat tiga dupi ngrungu | samya ngungun sadaya | sigra Ki Badranayèki | ngaturakên saliring kang lêlampahan ||

32. gyanira sami tut wuntat | Dyan Pratiwanggana nguni | wiwit saking Madukara | kongsi praptèng Nungswarukmi | kasor madyaning jurit | nandhang papa tinarungku | ya ta Risang Arjuna | duk myarsa aturing Kyai | Badranaya sangsaya Sang Pandhuputra ||

33. langkung kagagas ing driya | kètang putranya kang lalis | sapandurat tan ngandika | Sêmar matur angambali | dhuh-dhuh bandara mami | aywa duhkita sang bagus | biratên gunging susah | sampun kadurus prihatin | lah punapa pakantuke tyas sungkawa ||

34. mêpêti marganing bêgja | awit upamine wiji | ingkang tinanêm ing kisma | mangkya wus dungkap mèh thikil | muhung kirang sakêdhik | ngêntosi turuning jawuh | mung samantên tur kula | wit dèrèng kenging kawijil | mangke dalu kemawon kula carita [ca...]

--- 76 ---

[...rita] ||

35. măngga ngangsokkên sarira | manjing dhatêng tamansari | ya ta wau Sang Arjuna | lan putra Sang Bimasiwi | samana laju manjing | marang jroning tamansantun | tan ana janma wikan | lêbêtira satriya dwi | gya mring gêdhong pondhokane Lurah Sêmar ||

16. Asmarandana

1. ri wusira tata linggih | Si Radyan Arya Arjuna | lan Putra Gathutkacane | ingadhêp Ki Badranaya | Garèng Petruk kang samya | amomong sang rajasunu | tan milu ngadhêp Sang Parta ||

2. wau Radèn Pandhusiwi | lan Putra Sang Gathutkaca | sing dahat sayah srirane | rèh dangu tansah lumampah | Sang Parta gya sarean | Sêmar anèng daganipun | mêpêki mring Sang Arjuna ||

3. wusana kalajêng guling | tuwin Radèn Gathutkaca | ugi laju tumut sare | radyan kalih wusnya nendra | Sêmar gya mêdal jaba | panggih lawan sutanipun | samya momong rajaputra ||

4. hyang arka wus tunggang ardi | rajaputra gya ingajak | kondur maring jro purane | sapraptaning dhatulaya | panggih lan pramèswara | parpat tiga samya wangsul | mring gêdhong pondhokanira ||

5. parpat tiga samya linggih | nèng daganira Sang Parta | ingkang lagya eca sare | lan Putra Sang Gathutkaca | kocap enggaling crita | wusnya wanci têngah dalu | radyan wungu gyannya nendra ||

6. gya lênggah Sang Pandhusiwi | lan Putra Dyan Gathutkaca | parpat tiga nèng ngarsane | ngandika Dyan Pandhuputra | hèh Kakang Badranaya |

--- 77 ---

kaya paran marganipun | luware saking sangsara ||

7. sun nurut rèhira mangkin | măngsa borong raganingwang | Lurah Sêmar lon ature | dhuh lae-lae bandara | aywa sandeyèng driya | pasrahna mring bathara gung | kang murba masesèng titah ||

8. sumendhe karsèng dewadi | sapa têmên tinêmênan | tinêmu barang sêdyane | makatên pamanggih kula | nanging kanthi narima | Dyan Arjuna ngandika rum | kakang bênêr tuturira ||

9. Lurah Sêmar matur malih | kajawi ingkang punika | dhuh bandara saèstune | kawula atur uninga | ywa kampita ing driya | garwa paduka sang ayu | raja putri ing Cêmpala ||

10. Kusuma Wara Srikandhi | samangke sampun kagarwa | dening sang nata yêktine | jumênêng paramèswara | tuwin putra andika | Dyan Abimanyu pinundhut | putra dening sri narendra ||

11. ingangkat narendrasiwi | kula êmong sabên dina | têtêp kawula êmbane | Sang Arjuna duk miyarsa | ature Lurah Sêmar | dhêlêg-dhêlêg langkung ngungun | tri pandurat tan ngandika ||

12. puwara narimèng pasthi | pêpasthèning abathara | Sang Parta lon andikane | kakang paran marganira | gon ingsun bisa panggya | lawan Srikandhi garwaku | rèhning wus kagarwèng nata ||

13. pasthi lamun arang mijil | saking jroning purantara | Lurah Sêmar lon ature | dhuh bandara langkung gampang | nanging kêdah rêkasa | jangji paduka miturut | dhatêng pratikêl kawula ||

14. paduka [padu...]

--- 78 ---

[...ka] radèn samangkin | ngong dadoskên juru taman | ngrucata kasatriyane | ngong akên rèncang kawula | tumut anambut karya | awit jroning tamansantun | amba kang dados pangarsa ||

15. Arjuna kalane myarsi | mring ature Lurah Sêmar | ginalih kèh prayogane | wusana alon ngandika | kakang pratikêlira | ingsun mung manut miturut | ing sapangrèhira kakang ||

16. nêngna dalu kawarnènjing | Sang Arjuna wus kalakyan | dumadi juru tamane | lan kang Putra Dyan Guritna | angrucat kasatriyan | pindha sudra kadwinipun | yèn siyang anambut karya ||

17. rêrêsik ing tamansari | anyirami pêpêthetan | Garèng lan Petruk baune | ingkang ngambilakên tirta | ngangsu maring balumbang | Garèng pijêr ngajak padu | wit saking susahing driya ||

18. gyannya sami ngambil warih | sulaya pamikulira | wit Petruk inggil dêdêge | Nala Garèng alit andhap | marma yèn mikul toya | lamun Garèng anèng ngayun | tongira glondor mangarsa ||

19. dadya mèpèt lawan gigir | tong kocak toyanya wutah | Garèng têmah kêbês kabèh | mikul nèng buri tan beda | ugi kutahan toya | wit tonge glondor mring pungkur | mèpèt jaja pijêr kocak ||

20. Nala Garèng thili-thili | kêbês kawutahan toya | lir tikus kacêmplung kalèn | têmahan Garèng tan arsa | yèn mikul gêgotongan | dhewe-dhewe dènya ngangsu | murih ywa nganti sulaya [sula...]

--- 79 ---

[...ya] ||

21. ya ta nuju sajuga ri | sang nata lan pramèswara | tanapi rajaputrane | ginarbêg para biyada | têdhak maring udyana | sarawuhing tamansantun | gya minggah mring yasakambang ||

22. lênggah ing dhampar mas adi | mirsani rêngganing taman | de sagung pra biyadane | samya ngundhuhi puspita | wênèh sami lêlumban | ing blumbang ciblon ting crêblung | datan wus yèn winuwusa ||

23. wau ta jêng narèswari | jroning lênggah lan sang nata | wontên ing yasakambange | miyat abdi juru taman | kang lagya nambut karya | sang sori kampitèng kalbu | dene warnane mèh mimba ||

24. lawan kang raka ing nguni | satriya ing Madukara | dadya sang sori jro tyase | rinasa saya karasa | kèngêtan mring kang garwa | nanging sinamun ing sêmu | jrih yèn kawistarèng nata ||

25. wusnyantara sri bupati | gya kondur lan pramèswara | tanapi rajaputrane | ginarbêg para biyada | tanna kari sajuga | Ki Badranaya tumutur | dhèrèkkên mring jro puraya ||

26. dene Radèn Pandhusiwi | ingkang mindha juru taman | duk rawuhnya sri pamase | ibut dènya nambut karya | nging tansah daringakan | saking dènira ayun wruh | mring garwa putri Cêmpala ||

27. dadya anggung wira-wiri | sinamun nyiram pêthetan | mrih ywa kawistarèng akèh | nging mung wikan sadlerengan | awit gya têrus lenggah | mring yasakambang sang ayu | lawan jèng sri naranata ||

28. kawarna jêng narèswari | sapraptaning dhatulaya |

--- 80 ---

maksih ngungun jro driyane | nalika myat juru taman | dadyèngêt mring kang garwa | pramila sang narpawadu | gya nimbali Lurah Sêmar ||

29. tan wontên cèthi sawiji | dadya lênggah piyambakan | Lurah Sêmar nèng ngarsane | pramèswari lon ngandika | hèh Kakang Badranaya | mulane sira sun cêluk | kakang sun arsa têtanya ||

30. matura ingkang sayêkti | nalikèng sun nèng udyana | ngong wikan juru tamane | kang lagi anambut karya | suwe sun sawang-sawang | têka rupane wong iku | mèmpêr warnane si jênat ||

31. dene ta ingkang sawiji | kaya kulup Gathutkaca | sapa wong ika yêktine | Lurah Sêmar duk miyarsa | alon ing aturira | dhuh gusti jêng narpawadu | jatine pun juru taman ||

32. inggih kang raka pribadi | satriya ing Madukara | dene ta kang sawijine | putranta Dyan Gathutkaca | gya tinutur sadaya | duk prapta nèng tamansantun | kongsi panggihe lan putra ||

33. ya ta wau duk miyarsi | sumêdhot tyase sang rêtna | kagagas jroning driyane | matrênyuh kaworan suka | aris andikanira | hèh Kakang Sêmar sirèku | sun utus age matura ||

34. mring jêng pangran mêngko bêngi | yèn wus wayah sirêp janma | ingsun arsa têka dhewe | kapanggih marang ing taman | lawan bandaranira | cinêndhak wau sang ayu | wus panggih lawan kang raka ||

35. samya rêrangkulan kalih | sang dyah alara karuna | pêgat-pêgat ing ature | ngaturkên sagung lêlakyan | purwa madya [ma...]

--- 81 ---

[...dya] wusana | radyan pungun-pungun jêtung | ngrasa eloking lelakyan ||

36. ya ta wus tata alinggih | sang rêtna matur mring priya | lamun nglumpuk pusakane | kadarbe dening sang nata | siningitan samangkya | nèng sanggar pamujanipun | tan ana ingkang uninga ||

37. kajaba amung sang dèwi | Sang Arjuna dupi myarsa | saklangkung kumêpyur tyase | alon wijiling wacana | dhuh nimas dipun enggal | ngong tuduhna unggyanipun | pusaka ing Madukara ||

38. Kusuma Wara Srikandhi | lawan Sang Parta gya bidhal | jujug mring sanggar panêpèn | ingiring Dyan Gathutkaca | miwah parêpat tiga | pusaka ingambil gupuh | myang Kyai Ăntrakusuma ||

39. pinaringakên tumuli | marang Radyan Gathutkaca | tinampèn rinasuk age | Sang Parta lawan sang rêtna | nulya wangsul mring taman | tan ana janma kang wêruh | gambuh ing lampah sidhêman ||

17. Gambuh

1. prapta ing tamansantun | Sang Arjuna lan garwa sang ayu | laju samya umanjing maring botrawi | arsa sare karsanipun | rèh kadwinya samya loyop ||

2. gyannya wungu sadalu | duk puniku sampun saput lêbu | hyang aruna siratnya sampun kaèksi | mung kirang pancorongipun | nèng cakrawala wus abyor ||

3. dene Dyan Bimasunu | lawan parpat tri nèng jawi pintu | kaparèng doh tyasnya samya kêtir-kêtir | ya ta gênti kang winuwus | Bratakusuma Sang Katong ||

4. wungu sare sang prabu | angulati kang garwa sang ayu | narèswari [narèswa...]

--- [82] ---

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071 (Hlm. 054–104): Citra 2 dari 2
samya rêrangkulan kalih, sang dyah alara karuna, pêgat-pêgat ing ature, ...

--- 83 ---

[...ri] dèn anti dangu tan prapti | andangu pawongan manggung | aturnya samya tan tumon ||

5. wau ta sang aprabu | gung mangangên-angên jroning kalbu | baya mring di garwaningsun pramèswari | kadingarèn dhingin wungu | sun anti dangu tan rawoh ||

6. datan antara dangu | wontên cèthi prapta gupuh-gupuh | praptêng ngarsaning nata gya tawan tangis | pêgat-pêgat aturipun | dhuh gustiku jêng sang katong ||

7. ulun matur salugu | garwa tuwan wara duhitèku | jêbul sare wontên sajroning botrawi | juru taman rèncangipun | wau ta kangjêng sang katong ||

8. dupi miyarsa atur | sanalika dukane kalangkung | saranduning sarira lir mubal agni | pama tinempelan kayu | sayêkti lamun bêl kobong ||

9. sumawur dadya awu | waja gathik lathinya kumêdut | kêcoh marus saking sruning gêgêt lathi | tăndha sangêt dukanipun | datan darana sang katong ||

10. nyat jumênêng sang prabu | tandya ngrasuk kaprabon prang pupuh | sigra-sigra têdhak maring tamansari | tan antara sampun rawuh | jawining kori sang katong ||

11. wiwara maksih tutup | sru tinêpak sarosa malêdug | nata manjing umyat mring garwa sang sori | lawan juru tamanipun | eca sare sakaloron ||

12. sang nata dahat bêndu | lir tinêpak mukanya malatu | tan darana juru taman sru tinarik | sukune linarak metu | binuncang dhawah tan alon ||

13. Parta dupyarsa wungu | gya cinandhak [ci...]

--- 84 ---

[...nandhak] malih mring sang prabu | sru pinutêr nèng asta binuncang malih | dhawah linggih Pandhusunu | sarya sabdanira alon ||

14. mengko ta sang aprabu | dipun sabar aywa grusa-grusu | ywa ngêgungkên sira ratu sura sêkti | măndraguna sugih wadu | sumbaga jayèng palugon ||

15. marmane sira banjur | kumawani milara wong turu | angkararda tan nganggo pariksa titi | paran kang dadi dosaku | tuduhna ingsun ayun wroh ||

16. sang nata ngandika sru | hèh si gêlah lêlêthêk baludhus | sêsukêring jagad rêrêgêding bumi | mèmpêr yèn sira datan wruh | dosamu ingkang mêndhosol ||

17. ambiyêt pating grandhul | lir woh-wohan kang durung dèn undhuh | lah tlusurên wiwit jaja têkèng gigir | lamun tan bisa katêmu | tuhu sira têsmak bathok ||

18. Sang Parta alon muwus | tan rumasa dosa raganingsun | awit gonku sare lan sang pramèswari | tuhu yèn iku garwèngsun | kang murca dhasar sun ruroh ||

19. anèng kene katêmu | sapa wani ngukuhi puniku | mring garwèngsun Kusuma Wara Srikandhi | yèn Arjuna maksih hidhup | tangèh yèn bisa kalakon ||

20. sang nata saya bêndu | asru nabda panyakit bêbêthuh | baya sira lumuh tumitah nèng bumi | mangsah marpeki sang prabu | Parta tinubruk mancolot ||

21. ngering jinangkah luput | sri naredra sangsayarda ngêsuk | Pandhuputra tinubruk tinêpak lusi | kadwi samya wasisipun | ring tangkêpirèng prang pupoh ||

--- 85 ---

22. Arjuna tandangipun | cukat trampil lir prênjak dinamu | sri narendra pindha sikatan tinaji | Sang Parta kêni kapikut | binanting siti tan alon ||

23. dhawah kantêp gumêbrug | kalesedan dupi arsa wungu | Sang Arjuna tinêpak mukanya posing | cêg cinandhak pinggangipun | binuncang dhawah ngalosod ||

24. dangu dhêpani lêbu | samantara kasiliring bayu | Pandhuputra wus èngêt sawiji-wiji | gregah wungu sigra nubruk | sang nata awas tumonton ||

25. milar nganan marucut | Sang Arjuna warimutên[3] ngêsuk | milar ngiri sang nata sinaut kêni | pinutêr binuncang sêbrung | dhawah jumênêng sang katong ||

26. Arjuna sigra nubruk | sri naredra tinarik tan keguh | Pandhuputra tandya sarosa ambithi | jajaning nata gumadul | pining kalih datan kegoh ||

27. Arjuna paksa mukul | pindha kapuk dhumawah ing watu | sri narendra mèsêm sarya ngusap wèni | lan nata jêjamangipun | arum ngandika sang katong ||

28. hèh babo Pandhusunu | payo katogna budinirèku | iya iki Bratakusuma Narpati | sumbaga jayèng prang pupuh | kasub ing jagad kinaot ||

29. pilih boboting pupuh | tate ngrupak jajahaning satru | luwung sira nungkula bae mring mami | payo ambungên sikilku | yèn lumuh tan wurung layon ||

30. katiban astaningsun | Sang Arjuna sigra narik dhuwung | Pulanggêni măngka pamungkasing jurit | sarwi nabda hèh sang prabu [pra...]

--- 86 ---

[...bu] | tadhahana pusakèng ngong ||

31. mèsem nabda sang prabu | têka nora wirang si bêludhus | gêgêdhugmu katga kaya dami aking | payo tibakna dèn gupuh | ingsun tan gumingsir tanggon ||

32. Sang Parta dahat bêndu | sru dèn erang-erang mring sang prabu | Parta krodha ngêtog karosanirèki | jumangkah sarosa nyuduk | Arjuna têmah kajlomprong ||

33. gita mingêr sang bagus | nyuduk malih kajlungup mangayun | gya tinitir nata rinajang ing kêris | datan ana tabêtipun | lir wêwayangan kemawon ||

34. Parta kaku tyasipun | wus rumasa kasor ing prang pupuh | Pandhuputra kapikut binanting malih | binuncang dhawah gumêbrug | dhêpani bumi sang anom ||

35. Guritna awas dulu | yèn kang paman kasor ing prang pupuh | dahat krodha sigra andêdêl wiyati | ing gêgana wor lan dhanu | ngêtog karosan sang nom |[4]|

36. gya kêkêjêr tumurun | yayah kagapati mawang banyu | mawas mêngsah dènirarsa mamrih pati | sukanira mêthot gulu | Guritna niyup cumlorot ||

37. lir cancala sumiyut | dupi praptèng nginggilnya sang prabu | Gathutkaca sumrêpêt dhawah ing siti | sri narendra kagyat dulu | ngrasa tinrambul ing mungsoh ||

38. sang nata gita nubruk | Gathutkaca kras mêsat sumêbut | sigra niyup Guritna arsa ngêjlogi | dhawah ing kisma gumêbrug | dhinupak dèning sang katong ||

39. endha satêmah luput | mire nganan Gathutkaca nubruk | nata [na...]

--- 87 ---

[...ta] milar Guritna tinêpak lusi | mingêr sing wuri sru mukul | nata tan obah saking gon ||

40. Gathutkaca sinikut | mukanira prêg dhawah sumaput | sru binuncang Guritna dhêpani bumi | gêrêng-gêrêng klêngêr sêpuh | Sêmar lir dhandhang ambêngok ||

18. Dhandhanggula

1. lan sutane gupuh malajêngi | mring gustine kang samya kantaka | kalara-lara tangise | samya sambat mlasayun | kacarita Sang Pandhusiwi | tuwin Dyan Gathutkaca | dwi satêngah kantu | kasilir maruta manda | lir kataman maosadi gregah tangi | Parta ngrangkul mring putra ||

2. lon ngandika Radèn Pandhusiwi | adhuh kulup Guritna lir paran | lakyan punika têmahe | dene kasor ing pupuh | mungsuhira luwih sinêkti | abot sangganing yuda | sajegku prang pupuh | durung tau kasor ing prang | yèn mundura kaya dudu satriyadi | ngucira ing ayuda ||

3. duk punika Radèn Pandhusiwi | dahat putêk pepuntoning nala | ngêningkên păncadriyane | nênuwun mring dewa gung | kang pininta ungguling jurit | lananging adilaga | ya ta kang winuwus | sira Sri Bathara Krêsna | duk ing nguni kang oncat saking praja di | ngupaya murcanira ||

4. ingkang Rayi Dyah Banoncinawi | Nata Krêsna dahat mesu brata | nêng mega putih unggyane | ngatas mring bathara gung | mangkya antuk parmèng dewadi | tan samar pamawangnya | mring agal lan lêmbut | gumêlarirèng kahanan | ngendraloka janaloka [jana...]

--- 88 ---

[...loka] wus kaèksi | tyas padhang tarawangan ||

5. marma gupuh Prabu Arimurti | tumurun mring unggyaning Sang Parta | kang lagya mêsu driyane | jlog prapta ngarsanipun | Pandhuputra awas ningali | tan samar ing wardaya | sigra ngraup suku | tuwin Radèn Gathutkaca | kadwinira ngaturakên pati urip | sarya gung rawat waspa ||

6. palêsthaning pamudyarjanèki | Nata Krêsna angambali sabda | yayi paran karanane | anèng ngriki riningsun | ingsun sawang kaya prihatin | pun kakang jarwanana | ya ta Pandhusunu | myarsa sabdaning Sri Krêsna | nulya matur ing lêlakyan kang pinanggih | purwa têkèng puwara ||

7. lan ngaturkên kasoring ajurit | tandhing lawan Sri Bratakusuma | Sri Krêsna duk myarsa ture | mèsêm sajroning kalbu | lon ngandika dhuh ari mami | rèh sira wus kasoran | lir paran karsamu | maju apa mundur sira | Pandhuputra aturira mêlasasih | dhuh kaka sri narendra ||

8. yèn mundura ulun sèwu isin | bilih majêng amba tan kuwawa | parêng tan parênga mangke | kawula nyuwun tulung | mring paduka ngasorkên maring | Prabu Bratakusuma | Sri Krêsna nabda rum | ingsun manèh yèn mênanga | sira lawan Gathutkaca wus katitih | wong tuwa kuwat pira ||

9. kawignyanku muhung mitulungi | dhuh kakaji bilih makatêna | tiwas sakit tanpa gawe | wus tita sor ing pupuh | Pulanggêni tan migunani | măngka pamungkas amba | gêgêdhuging pupuh | Narendra Krêsna duk myarsa [myar...]

--- 89 ---

[...sa] | mungsuhira ambungên pasthi bilahi | tan wurung têkèng tiwas ||

10. Pandhuputra èmêng jroning galih | marpêki mring Sri Bratakusuma | nata awas pandulune | maring Sang Pandhusunu | sri narendra ngandika wêngis | hèh Parta yun punapa | baya minta lampus | Arjuna kagyat miyarsa | sarya nabda nadyan lara têkèng pati | ingsun măngsa mundura ||

11. sri narendra ngandika nudingi | lamun sira angajap antaka | kaya tan wurung dadine | Arjuna kras anubruk | sri narendra endha tan kêni | Palguna paksa ngrangsang | nganan ngiri riwut | sang nata milar sru nêpak | mukane Sang Arjuna satêngah posing | nanging paksa angrangsang ||

12. sri narendra prayitna anangkis | astaning Parta kêrêp katulak | tan pakantuk pamikute | dadya asring kajlungup | nanging paksa angêsuk wani | sang nata èsmu gila | grisinên ing pupuh | têmah ribêt ing ayuda | sri narendra tinubruk mring Pandhusiwi | dadya kêni dèn aras ||

13. sri bupati kampita ing galih | kinipatkên Arjuna malêsat | têmah uwal pêngrangkule | sang nata tyasnya gugur | têmah gêtêr sranduning dhiri | rumăngsa kajodheran | ing wêwadosipun | jroning tyas kalangkung maras | sang nata ngling hèh si lêthêk Pandhusiwi | têka rusuh ing yuda ||

14. Sang Arjuna gumuyu nauri | hèh sang nata apa ujarira | wong pêrang ya sakarêpe | padha arêbut unggul | singa tiwas [ti...]

--- 90 ---

[...was] yêkti ngêmasi | Prabu Bratakusuma | gya rinukêt purun | kamigilan sru lumajar | manjing pura Pandhuputra anututi | rinangkul tan kena wal ||

15. Prabu Bratakusuma anjêrit | kagum-kagum têmah kabadharan | ruwat wus wangsul warnane | tuhu sang rêtnaning rum | kusumayu Batacinawi | Dèwi Wara Sumbadra | amerang kalangkung | myat Raka Sang Dananjaya | duk samana Sang Aprabu Arimurti | marpêki kang ayuda ||

16. angandika sarwi bêlik-bêlik | o lah layak mungsuh luwih dibya | jêbul mangkono dadine | jrit karuna sang ayu | gya nungkêmi pada raka ji | sambat-sambat mlasarsa | sang nata lingnya rum | wis Lara Irêng mênênga | ywa kadawa-dawa lêlakyan puniki | mundhak karya sungkawa ||

17. samangkana ri wus tata linggih | sang rêtnayu tandya ngaras pada | mring Raka Nata Krêsnane | sri narendra andangu | ingkang dadya karananèki | lolosnya saking praja | têmah madêg ratu | sang rêtna matur pasaja | purwa madya wusana nata duk myarsi | dahat ngungun ing driya ||

18. ing nalika ramening ajurit | kusumayu putri ing Cêmpala | nèng yasakambang anginte | mring kang samya prang pupuh | ing wusana mangkya sang dèwi | wikan badharing Nata | Bratakusumèku | kang Raka Rêtna Sumbadra | marma sang dyah gita mijil sing botrawi | lumayu sipat karna ||

19. praptèng ngarsaning raka sang dèwi | anjrit karuna nyungkêmi pangkyan | kathah-kathah sêsambate | dhuh kang bok jimat ulun |

--- 91 ---

botên nyana panggih nèng ngriki | têka madêg narendra | têmah karya bingung | rinuruh kongsi sangsara | Rêtna Wara Sumbadra ngandika manis | wus mênênga ri ningwang ||

20. rèh wus samya katêmu basuki | yayi dèwi ywa kèh kang rinasa | Dyah Srikandhi lon ature | dhuh kang bok kadang ulun | bisa têmên ngandhut wêwadi | dene nganggo anggarwa | marang raganingsun | layak salamine panggya | pangantenan nora tau ana-ini | katanggor padha dika ||

21. Sang Arjuna lan garwa sang dèwi | sami kamitênggêngên sadaya | gung sawang-sinawang bae | Arjuna alon matur | ulun ngatas karsa kaka ji | sang nata malih nabda | yayi yogyanipun | garwanta lan putranira | dipun enggal panjingna jroning li-ali | mundhak ngribêti lampah ||

22. Pandhuputra sandika turnèki | ingkang garwa nulya kinèn samya | manjing maring kalpikane | tan antara wus rawuh | ing sitinggil Sri Arimurti | lênggah ing dhampar dênta | Arjuna nèng ngayun | tuwin Radèn Gathutkaca | lan parpat tri ngandika Sri Arimurti | hèh yayi dipun enggal ||

23. timbalana warangkaning nagri | Sang Arjuna umatur sandika | gya dhawuh marang parpate | hèh Petruk dipun gupuh | timbalana mantri muka glis | Petruk matur sandika | mêsat saking ngayun | sapraptaning pagêlaran | duk samana marêngi ari Wraspati | marma ing pasewakan ||

24. pêpak andhèr wadya kang anangkil | Petruk sampun panggih mantri muka | gya

--- 92 ---

dhawuhkên timbalane | ya ta enggaling tutur | mantri muka pan sampun kèrid | minggah mring sitibêntar | praptèng byantara rum | mabukuh nawang bantala | Sri Narendra Krêsna angandika manis | hèh patih wruhanira ||

25. marmanira sira sun timbali | hèh wruhanta mangkya ratunira | Bratakusuma Pamase | wus kasor prang lan ingsun | têmah têkèng antakanèki | kadi paran karsanta | yèn sira salabuh | mring ratumu kang wus lena | dipun enggal mêpaka sanjatèng jurit | kanthi sawadyatăntra ||

19. Kinanthi

1. ya ta risang mantri ngayun | myarsa sabdanya sang aji | gêtêr saranduning angga | otot bayune sirnanting | ngêmbêng waspa marawayan | gung ingusap asta kering ||

2. ketang sih trêsna mring Prabu | Bratakusuma Sang Aji | ingkang wus kapupu ing prang | wau ta rêkyana patih | panglocitaning wardaya | upamarsa labuh jurit ||

3. nora wurung sida lebur | karya rusaking wadya lit | sasat sulung lêbu wăngwa | puwara rêkyana patih | mupus pêpasthèning dewa | ngeman risaking wadya lit ||

4. marma kya patih gya maju | sumêmbah mring Sri Krêsna Ji | nityasa arawat waspa | aturira mêlasasih | dhuh gusti sri naranata | kang tuhu asih mring dasih ||

5. kaparênga dasihipun | ngèstupada padukaji | gêsang praptaning antaka | mangkya praja Nungswarukmi | sumăngga ing padukendra | pun patik muhung dêdasih ||

6. tanapi amba pukulun | nyuwun jinatyan sayêkti | sintên paduka [pa...]

--- 93 ---

[...duka] narendra | ngadhaton praja ing pundi | punapa paduka dewa | utusaning Hyang Pramèsthi ||

7. Narendra Krêsna nabda rum | bênêr sira durung uning | ingsun Sri Bathara Krêsna | iya Prabu Arimurti | saking praja Dwarawatya | de kang nèng ngarsèng sun iki ||

8. wewangi Dyan Pandhusunu | ing Madukara ngrênggani | kang sajuga putraningwang | satriya ing Pringgadani | jêjuluk Dyan Gathutkaca | kya patih dupi miyarsi ||

9. pangandikanya sang prabu | gupuh-gupuh sumêmbah mring | satriya Andananjaya | ri wusnya gya nêmbah maring | Prabu Anom Gathutkaca | ngandika Danardana Ji ||

10. hèh kya patih karsaningsun | mangkya praja Nungswarukmi | ngong pasrahkên marang sira | têtêpa jumênêng aji | marma mêngko tampanana | karajan ing Nungswarukmi ||

11. kya patih tur sêmbah nuwun | dhatêng sandika kapundhi | sih wilasa padukendra | pun patik muhung sadarmi | rumêksa hayuning praja | mèstuti dhawuh narpati ||

12. ngandika malih sang prabu | timbalana kadang mami | Adhimas Pratiwanggana | ingkang kinunjara wêsi | kya patih matur sandika | wotsari lèngsèr sing ngarsi ||

13. sigra-sigra lampahipun | datan kawarna ing margi | sapraptanirèng kunjaran | dhawuhkên pangandika ji | mring Radèn Pratiwanggana | ya ta glising caritèki ||

14. kèrid lampahnya wus rawuh | ing sitibêntar kya patih | lan Radèn Pratiwanggana | kadwinya sarêng wotsari | ri wusira tata lênggah | ngandika Sri Arimurti [Ari...]

--- 94 ---

[...murti] ||

15. yayi dikaparèng ngayun | Pratiwi majêng wotsari | ri wusnya bagya-binagya | paripurna sri bupati | ngandika mêmalat prana | dhuh ariningsun Pratiwi ||

16. datan nyana raganingsun | manawa riningsun bangkit | ngumpulkên balung apisah | upama wong nandhang sakit | sira bisa sung usada | dahat sun tarima yayi ||

17. nanging ywa dadi tyasipun | gyanta lumaksanèng kardi | nglakoni papa sangsara | kongsi kinunjara wêsi | paran kang ingsun walèsna | minăngka liruning kardi ||

18. tan ana timbanging wujud | nadyan praja Dwarawati | sun paringkên marang sira | kaya-kaya durung mirib | ingsun bangêt kapotangan | Pratiwi matur wotsari ||

19. kaka prabu kadang ulun | pêpundhèn amba sayêkti | arinta botên rumasa | bilih sagêd lebdèng kardi | malah sotaning tyas amba | rumaos cabar ing kardi ||

20. Sri Krêsna duk myarsa atur | ring Dyan Pratiwangganèki | sang nata nulya wêwarta | saliring rèh kang pinanggih | sira Dyan Pratiwanggana | miyarsa ngungun tan sipi ||

21. cinêndhak gancaring tutur | Sri Padmanaba Narpati | lawan para arinira | gyannya wontên Nungswarukmi | agung suka parisuka | ri wusira pêndhak ari ||

22. sri narendra nulya kondur | lan Ari Dyan Pandhusiwi | tuwin Radèn Gathutkaca | tanapi parêpat katri | Badranaya sasutanya | de Dyan Pratiwangganèki ||

23. pan sampun linilan mantuk | mring Kahyangan Saptabumi | laksitanya [la...]

--- 95 ---

[...ksitanya] nata Krêsna | lan ari Sang Pandhusiwi | Guritna lan parpat tiga | pra samya napak wiyati ||

24. ing marga datan winuwus | mangsuli ing Nungswarukmi | Kya Patih Dewasaraya | mangkya jumêneng narpati | gêntèni kaprabonira | Sri Bratakusuma nguni ||

25. jejulukira Sang Prabu | Dewasaraya Sang Aji | yèku narendranya lama | kang darwa ing Nungswarukmi | nanging ing dangu kasor prang | linorot kaprabonèki ||

26. mring Bratakusuma Prabu | kacrita Dewasraya Ji | punika atmajèng Durga | kang kasbut Dewasarani | samana sampun ngadhatyan | wangsul jumênêng narpati ||

27. kocapa wau sang prabu | tampi aturing pra cèthi | yèn Prabu Bratakusuma | kang sirna madyaning jurit | sajatine ingkang tansah | dadya têlênging panggalih ||

28. inggih punika sang ayu | putri kadang Dwarawati | Kusuma Wara Sumbadra | dene pramèswari aji | punika jatine Sang Dyah | Kusuma Wara Srikandhi ||

29. langkung kagyat sang aprabu | duk myarsa aturing cèthi | katêtangi onêngira | sakala kandhuhan kingkin | puwara madêg krodhanya | nêdya angrêbut sang putri ||

30. gya undhang mêpak wadya gung | sakêp[5] sakaprabon jurit | andhèrèkakên sang nata | nglurug mring Ngamarta nagri | tan winarna lampahira | lir mas tumimbuling warih ||

20. Kumambang[6]

1. sigêg gênti ingkang kawursitèng tulis | gancaring carita | praja ing Cintakapuri | inggih nagari Ngamarta ||

2. kawuwusa Sri Darmaputra Narpati | ing ari [a...]

--- 96 ---

[...ri] sajuga | sang nata miyos tinangkil | nèng madyaning sitibêntar ||

3. ingayap pra biyada angampil-ampil | pacarèng karajan | Nangkula Sadewa ngapit | nèng kanan kering narendra ||

4. dene ingkang kaparèng ngarsa sang aji | Radyan Bayuputra | para wadya kang anangkil | pêpak andhèr ing paglaran ||

5. lon ngandika sang nata mring Bayusiwi | dhuh riningsun Bima | lah apa wus suwe yayi | gonira nèng pasewakan ||

6. Wrêkodara myarsa sabdaning rakaji | alon aturira | sadurunge kakang mijil | siniwi ing sitibêntar ||

7. ngong wus suwe anganti nèng păncaniti | nata rum ngandika | dahat ngong tarima yayi | dèn ta ngestokkên karyanta ||

8. Bayuputra alon matur mring rakaji | tarlèn bêktiningwang | katur mring sira kakaji | sang nata maluyèng sabda ||

9. iya dahat panarimaningsun yayi | bêkti mring wong tuwa | pudya pangastawa mami | tumêkèng sira riningwang ||

10. Wrêkodara umatur sèwu kapundhi | Nangkula Sadewa | tan pae samyatur bêkti | ri sampunira palêstha ||

11. sri narendra ngambali pangandikaris | dhuh Sena lir paran | murcane arinirèki | Si Parta sing kasatriyan ||

12. paran ingkang dadya karanane yayi | Bimalon turira | dhuh pambarêp kadang mami | manawa kowe têtanya ||

13. prakara arinta Arjuna gyannya nis | saking kasatriyan | sinikara mring kakaji | Sri Krêsna marma [mar...]

--- 97 ---

[...ma] mangkana ||

14. ginalih yèn murcane Sumbadra nguni | adhimu Si Parta | kinira sungkan ngulati | dadya Kaka Prabu Krêsna ||

15. dahat bendu marang arinta Jahnawi | wusana Sri Krêsna | nuduh bocah Saptabumi | kang aran Pratiwanggana ||

16. animbali Si Parta mring Dwarawati | arinta lênggana | seba marang Dwarawati | Pratiwanggana amêksa ||

17. kadwinira rèh samya adrêng ing kapti | têmah păncakara | arinta Parta katitih | marmoncat sing kasatriyan ||

18. rowangira lan anakmu Pringgadani | kulup Gathutkaca | tuwin Si Wara Srikandhi | Si Abimanyu digawa ||

19. sanalika Pratiwanggana nututi | saparaning Parta | mangkono ujaring warti | wau ta sri naranata ||

20. duk miyarsa ature Dyan Bayusiwi | kongsi tri pandurat | datan ngandika sang aji | saking gung ginagas-gagas ||

21. Wrêkodara matur malih mring raka ji | pambarêp ywa maras | bab murcane sadayèki | manawa tita tan prapta ||

22. ngong têmpuhkên marang Sri Krêsna kakaji | lamun ora bisa | ngulati ingkang samya nis | pasthi tak jur lawan gada ||

23. jêr Si Jlithêng kang karya onar tan yukti | sang nata duk myarsa | ature Dyan Bayusiwi | arum pangandikanira ||

24. dhuh riningsun dipun sabar ing panggalih | ywa salah graita | mring Kaka Sri Arimurti | kokira amrih tan yogya ||

25. rasaning tyas ingsun tan mangkono yayi | kumandêl kewala | mring Kaka Danardanaji | prakara kang

--- 98 ---

samya murca ||

26. upama cangkriman sira lawan mami | nora bangkit batang | kajaba Krêsna kakaji | marma ywa mucung ing ya |[7]|

21. Pucung

1. ya ta wau ingkang lagya imbal wuwus | Sri Darmakusuma | lan Ari Sang Bayusiwi | dèrèng bibar wadya kang samya sumewa ||

2. tan adangu praptanya Sri Krêsna Prabu | lan Sang Dananjaya | tuwin Dyan Gathutkacèki | lan parpat tri samya anjog sing awiyat ||

3. pan tumurun nèng madyaning alun-alun | laju laksitanya | minggah maring păncaniti | kagegeran wadya kang samya sumewa ||

4. anggarubyug dhèrèkkên mring gustinipun | maring sitibêntar | rêbut ngarsa pèpèt pipit | yêl-uyêlan marma pra wadya mangkana ||

5. rèh wus dangu murcane Dyan Pandhusunu | lan Dyan Gathutkaca | pra wadya onêng mring gusti | saking dènya sutrêsna mring gustinira ||

6. duk ing dangu nalika ing murcanipun | sagung wong sapraja | manahira sêdhih kingkin | marma mangko wus luwar susahing driya ||

7. ya ta wau praptane Sri Krêsna Prabu | lan Sang Pandhuputra | Gathutkaca lan parpat tri | ing nalika punika Sri Darmaputra ||

8. jog tumurun saking palênggahanipun | gapyuk rêrangkulan | lan Raka Sri Arimurti | Wrêkodara angrangkul mring Gathutkaca ||

9. Pandhusunu sinungkêman arinipun | Nangkula Sadewa | abagya binagya gênti | ri wusira laju samya tata lenggah ||

10. ya ta wau Darmakusuma Sang Prabu | alon aturira |

--- 99 ---

mring Raka Sri Arimurti | dhuh kakaji arinta sèwu tan nyana ||

11. yèn pukulun rawuh Cintakapurèku | dene sampun lama | kula dahat ngarsi-arsi | siyang ratri ngantos cêngklungên tyas kula ||

12. sang aprabu Krêsna aturira arum | dhuh yayi narendra | pun kakang samantên ugi | raosing tyas dahat onêngnya kalintang ||

13. rèh wus dangu tan tinjo mring yayi prabu | Sri Darmakusuma | matur malih mring Krêsna Ji | kadi pundi de paduka sêsarêngan ||

14. rawuhipun lan ri paduka Partèku | kang murca sing praja | arinta nyuwun jinatin | kang supadi padhang raosing tyas kula ||

15. Sang Aprabu Krêsna aturira arum | mring Sri Yudhisthira | miwiti kongsi mêkasi | saliring kang lelakyan katur sadaya ||

16. duk puniku Sri Darmaputra Sang Prabu | lan Sang Wrêkodara | tuwin ingkang rayi kadwi | sumawana sagung wadya kang sumewa ||

17. dupi ngrungu pangandikanya sang prabu | Sri Bathara Krêsna | samya ngungun jroning galih | ing wusana suka sukur ring jawata ||

18. ri wusipun dangu wontên sitiluhur | Sri Darmakusuma | ngacarani mring rakaji | ingaturan manjing jroning dhatulaya ||

19. Mahaprabu Krêsna tan lêngganèng kalbu | nata kalihira | gya kanthèn asta umanjing | mring jro pura ginarbêg para biyada ||

20. Bayusunu tanapi ari trinipun | tuwin Gathutkaca | tumutur manjing jro puri | parpat tiga tan kari manjing puraya ||

21. tan adangu rawuh sajroning [sa...]

--- 100 ---

[...jroning] kadhatun | pinapak garwendra | yèku jêng wara supadni | narendra dwi ri wusira tata lênggah ||

22. narpawadu gya ngaturkên bêktinipun | mring raka narendra | wusnya gya nambrama maring | Sri Bathara Krêsna lan Sang Dananjaya ||

23. ri wusipun purna panambramanipun | wau Sang Arjuna | gya mahyakkên garwanèki | lan kang putra kang nèng sajroning kalpika ||

24. Kusumayu Rêtna Wara Sumbadrèku | tanapi Sang Rêtna | Kusuma Wara Srikandhi | tuwin Putra Dyan Abimanyu parabnya ||

25. ya ta wau sawusira sang rêtna yu | dangu nêng-onêngan | lan raka wara supadmi | sanalika gya tata bojadrawina ||

22. Durma

1. kawursita Sang Prabu Darmakusuma | lan kang raka sang aji | Sri Bathara Krêsna | tanapi para kadang | gyannira mong sukèng galih | nutug tri dina | jroning tyas lir punagi ||

2. saking dènya onêng ing tyas dèrèng ical | dènya pisah wus lami | mila Prabu Krêsna | dèrèng kondur mring radya | ya ta ing ari sawiji | Sri Darmaputra | lan Raka Sri Krêsnaji ||

3. miyos siniwaka munggwing sitibêntar | ginarbêk para cèthi | ngampil upacara | nata kalih wus lênggah | munggwing padmasana rukmi | sinawur sêkar | gandanira mrik wangi ||

4. para ari samya sumiwi sadaya | Dyan Arya Bayusiwi | Radyan Pandhuputra | tuwin Dyan Gathutkaca | Nangkula Sadewa ngapit | nèng kiri kanan | ira sri narapati ||

5. Badranaya lawan sapranakanira | samya kaparèng

--- 101 ---

têbih | dene ing paglaran | Tambakganggêng Kya Patya | lan sagung para bupati | pra wrahatbala | kadi robing jaladri ||

6. sri narendra dèrèng kongsi imbal sabda | kasaru sowanèki | punggawa tampingan | minggah mring sitibêntar | kèrit mring rêkyana patih | praptèng byantara | nira sri narapati ||

7. kalihira mabukuh sarêng wotsêkar | muka konjêm mring siti | Sri Darmakusuma | arum wimbaning sabda | paran marma bocah tamping | seba ngarsèwang[8] | tan srana ngong timbali ||

8. kang dinangu manêmbah alon turira | dhuh gusti jêng sang aji | mila abdi tuwan | sumêngkèng sitibêntar | pun patik atur udani | mring padukendra | wontên mêngsah gêng prapti ||

9. radya tuwan Ngamarta binaya mangap | mangkya wus praptèng kikis | sampun masanggrahan | langkung gêng tur santosa | abdi tuwan tiyang alit | kathah krisakan | samya rinayah wani ||

10. datan wontên kang uninga pinangkanya | ya ta sri narapati | dupi amiyarsa | turnya wadya tampingan | sakala sri narapati | matur mring Raka | Sang Prabu Arimurti ||

11. dhuh kakaji kadipundi yogyanira | mêngsah gêng ingkang prapti | Sri Naredra Krêsna | alon ing aturira | dhuh yayi sri narapati | prakawis mêngsah | sampun sandeyèng galih ||

12. yayi prabu kantuna mukti mibawa | wontên jroning puradi | para rayi tuwan | Wrêkodara Arjuna | Guritna sampun kuwawi | nanggulang yuda | botên kuciwèng jurit [juri...]

--- 102 ---

[...t] ||

13. sri narendra matur malih mring Sri Krêsna | măngsa borong kakaji | pamatah paduka | mring para rayi tuwan | narendra Krêsna turnya ris | dhatêng sandika | hèh payo Bayusiwi ||

14. lan Arjuna Gathutkaca mahyèng jaba | kang ingagyan pra sami | umatur sandika | ing nalika punika | Sri Darmaputra Narpati | jawaban asta | lan Raka Sri Krêsnaji ||

15. para ari samya ngabêkti sadaya | Sri Yudhisthira Aji | kondur ngênyapura | ginarbêg pra biyada | wuwusên paseban jawi | Narendra Krêsna | lan Arya Bayusiwi ||

16. Sang Arjuna tanapi Sang Gathutkaca | nulya dhawuh mring patih | mêmatah punggawa | Tambakganggêng gya undhang | munya têngara tinitir | pra wadyabala | sikêp kaprabon jurit ||

17. gya têngara tăndha budhaling punggawa | yayah karêngèng langit | bidhal panganjurnya | gumrêdêg lampahira | maring jawining nagari | ya ta lampahnya | datan winarnèng margi ||

18. tan antara wus prapta kikising kitha | kandhêg lampahing baris | rèhning mêngsahira | wus katingal anggabag | ing ngriku gya samya rakit | gêlaring yuda | wadya Cintakapuri ||

19. ri wusira purna gêlaring ayuda | ayun-ayunan sami | gya munya têngara | tăndha têmpuhing yuda | wuwusên sang adipati | Tambaksamodra | ingkang ngêdali jurit ||

20. pinapagkên lawan Arya Gathutkaca | rame rok silih ukih | mèh kasor prangira | wau Tambaksamodra | Tambaklautan glis

--- 103 ---

prapti | têtulung yuda | radèn ingêbut kalih ||

21. datan kewran ngiwa nêngên ananggulang | krodha Dyan Bayusiwi | mungsuh gya cinandhak | kalih pisan sarosa | ingadu kumba ngêmasi | sirnèng palagan | wangsul warnane lami ||

22. bajăbarat Jaramara Nirumaya | makahyangan pra sami | mring Krêndhawahana | marêk Bathari Durga | ngaturkên tiwasing jurit | ya ta kocapa | Prabu Dewa Sarani ||

23. sarêng mulat sirnaning kalih punggawa | duka yayah sinipi | angawaki yuda | sarwa ngasta curiga | pinapag Dyan Pandhusiwi | têmpuhing yuda | suduk-sinuduk gênti ||

24. dangu datan ana kang kasor ing yuda | salin warastra lungit | gya panah-pinanah | samya prawiranira | Sang Prabu Dewa Sarani | lenèng pamawas | kacundhuk ing jêmparing ||

25. kênèng jajanira gumuling ing kisma | badhar jatining warni | atmajaning Durga | kang anèng Tunjungpura | gya mesat ngayuh wiyati | amakahyangan | ya ta wadya kang kari ||

26. sarêng mangsah ambelani ratunira | tan ana tolih wuri | surak mawurahan | wadya Ngamarta tadhah | rame samya rêbut pati | wau Sang Arya | Sena nêngah ing jurit ||

27. mundhi gada singa tinarajang bubar | mawa prabawa angin | lesus bayu bajra | gumrubug saking angga | mungsuh kadya dèn saponi | gusis sadaya | kabuncang tibèng têbih ||

28. larut mirut wangke-wangke samya kentas | sigra Sri Arimurti | dhawuh mring pra kadang | kondur

--- 104 ---

manjing jro pura | sandika ingkang sinung ngling | sigra têngara | tăndha bubaring jurit ||

29. sanalika gya bidhal panganjurira | kondur manjing nagari | gumuruh swaranya | tansah asurak-surak | datan kawarna ing margi | praptaning praja | jujug ing păncaniti ||

30. duk punika Mahaprabu Darmaputra | miyos ing păncaniti | mêthuk mring pra kadang | kang samya mêntas yuda | glising carita Sang Aji | Sri Yudhisthira | wus panggih lan raka ji ||

31. Nata Krêsna lan Ari Sang Wrêkodara | tanapi Pandhusiwi | tuwin Gathutkaca | ri wusnya tata lenggah | sagunging punggawa sami | nèng pagêlaran | lawan rêkyana patih ||

32. ri wusira wong agung kang mêntas yuda | bagya-binagya sami | lan Sri Darmaputra | nulya bojadrawina | nèng madyaning păncaniti | nutug sadina | kongsi tumêkèng ratri ||

33. ing paglaran pra wadya uga mangkana | bojadrawina ngênting | ya ta kacarita | sapraptaning byar enjang | Nata Krêsna nulya pamit | kondur mring praja- | nira ing Dwarawati ||

34. Prabu Darmaputra lan pra arinira | jumurung mring rakaji | Sri Narendra Krêsna | wusnya andum raharja | sigra anapak wiyati | Sri Yudhisthira | kondur angênyapuri ||

35. palêsthaning mangapus nujwari Soma | manis tanggal kaping dwi | wulan Rêjêp warsa | Jimawal sinangkalan | Buta Catur Ngèsthi Aji |[9] ing măngsa Sadha | tumindak gansal ari ||

 


sêkar. (kembali)
matur. (kembali)
waringutên. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngêtog karosan sang anom. (kembali)
sikêp/sangkêp. (kembali)
Variasi dari nama tembang: Maskumambang. (kembali)
Kurang satu suku kata: marma ywa mucung ing driya. (kembali)
ngarsèngwang. (kembali)
Tanggal: Soma manis (Sênèn Lêgi) dwi (2) Rêjêp Jimawal: buta catur ngèsthi aji (AJ 1845). Tanggal Masehi: Senin 17 Mei 1915. (kembali)