Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 10-15)

10. Asmaradana

1. timbalana putra mami | lan Si Patih Puspasêkar | wus mêdal ngirid rahadèn | wus prapta ing dalêm pura | anglekar anèng ngarsa | Prabu Jaka ngandika rum | kulup priye lakunira ||

2. umatur saha ngabêkti | ulun dewa ji dinuta | angsal pangèstu sang katong | satru jaya dalêm sirna | kalayan nêgês warang | purwa wasana wus katur | aturira kadi janma ||

3. ya wus sun tarima kaki | anulya putra ginanjar | makutha lawan bêbadhong | muncar-mancur ujyalanya | surêm yyang dewangkara | kasoran [kasor ...]

--- 106 ---

[... an] dening rêtna gung | makutha iki wruhanta ||

4. lagya ngong agêm ping kalih | sun warisi Nglinglung sira | bêrkatan makutha kiye | aja pocot-pocot poma | nulya nganggèn-anggenan | buntutira dipun wêngku | ing êmas pinatik rêtna ||

5. sêsotya kang adi luwih | pêthite sinung kumala | saêndhasing matêngga byor | sisike sampun rineka | cinawi ing kancana | sinerang sêlaka mênur | sinêling-sêling suwasa ||

6. pinatik sotya hèr thathit | yèn tinon pating sêmburat | balêrêngi ujyalane | jinamang mas kinatipa | nayaka intên mirah | kinalungan naga murub | kêbêg sotya nawa rêtna ||

7. binggêling gulu winarni | êmas suwasa sêlaka | pinatik sotya sêlane | untu siyung

--- 107 ---

winungkusan | sêkar mas rêrujitan | yèn dinulu mubyar murub | lir gunung gêni lumampah ||

8. nulya dipun pêparingi | jimat musthikaning naga | ratu lami kang aduwe | lawan lisah bêbarkatan | panguripaning ula | asthagina wadhahipun | iki gonên bêbarkatan ||

9. musthika pujôngga ramlik | kasiyate kang musthika | simpênên cacêthak kono | dene cupu astagina | dokonên[1] pêthitira | pangurip ing ula iku | singa tinetesan gêsang ||

10. angsal sabdane narpati | wus tinarima ing dewa | wus prayoga putraningong | enjang miyos siniwaka | pêpak para dipatya | Dipati Tênggêr nèng ngayun | kang putra sumandhing nata ||

11. samya kucêm kèh ningali | tan kuwat anon [ano ...]

--- 108 ---

[... n] ujyala | eram ningali pangangge | angandika Prabu Jaka | hèh ya kawulaningwang | padha pirsakna sadarum | yèn putrèngsun olèh karya ||

12. sun ganjar sun junjung linggih | sun raja-raja manggala | jumênêng dipati anom | Nglinglung Tunggulwulung rannya | dhahare saosana | rêksanên siyang lan dalu | ing Tunggulwulung dalêmnya ||

13. sampun kondur sri bupati | sapraptanirèng jro pura | andhawuhkên timbalane | kya patih kinèn dhèrèkna | lan sakèhing bupatya | pra mantri prameya agung | kya patih matur sandika ||

14. wau pangeran dipati | sakèh titihan tan kêlar | dumadya adharat bae | jêjarane amalatar | sinrang dening pratôngga | dadya tontonan saênu | Nglinglung Tunggulwulung prapta ||

15. patrapipun kadya aji | tunggukane [tungguka ...]

--- 109 ---

[... ne] kêmitannya | gancang carita lamine | nèng Tunggulwulung sawarsa | anêlaskên kambangan |[2] karsanira sang aprabu | kinaryakakên kadhatyan ||

16. wus dadya kinèn angalih | dhatêng kadhaton kang anyar | kang pura langkung asrine | tansah mukti awibawa | dadya karaton kêmbar | garwa ingutusan sampun | Rêtnayu Blorong ranira ||

17. garwane Blorong kêkalih | garwa anèm Gêrobogan | kadhaton Ngablak prênahe | Mêdhangkasanga wus gêmah | iku têrtantunira | bupati samya angêpung | miwah magêrsari tata ||

18. mila katêlah ing mangkin | Kasanga ana kadhatyan | ana aran kadipatèn | ana ran ing tumênggungan | kalayan pangabeyan | kêranggan têrtantunipun | prabu anom wus winulang ||

--- 110 ---

19. mring kang rama ngèlmu singkir | miwah ngèlmu dadya nata | ngèlmu panitisan mangke | kadigdayan kanuragan | miwah maring kamuksan | pati panjing surupipun | kalbune kang rama têlas ||

20. prabu nom emut kang wêling | Sang Raja Ngin-angin ika | gya tapa mring Kuwu mangke | tarpa mangan wus sawarsa | nèng soring randhu wangkang | kacukulan mandera gung | randhu alas karambatan ||

21. miwah kayu alit-alit | karambatan yod-oyodan | padha thukul ing awake | wus sirna rupaning ula | lir endra gêng nèng wana | kadi guwa cangkêmipun | atapa mangap cinêngkal ||

22. wus karsaning dewa luwih | udan adrês pôncawora | nênggih wontên rare angèn | sêsanga padha kodanan | manggih wiwarèng guwa | kang siji tan[3] [ta ...]

--- 110 ---

[... n] awèh ngaub | jinongkongakên wus munggah ||

23. ing ardi anuju gigir | lare punika mamêrang | kaliwat dhatêng gigire | rah mêdal wus ingingkêman | lare kang ngaub pêjah | katur dhumatêng sang prabu | yèn putra sing mangan janma ||

24. Ajisaka wruh ing gaib | jumênêng kantun sawarsa | putra barênga muksane | nulya kinèn mêjahana | wau ta ingkang putra | wus pinantèk cangkêmipun | ing wêsi bujôngga pêjah ||

25. satuhune nora mati | awak musna anyeluman | taksih anèng kadhatone | ing Tunggulwulung Kasanga | sigêgên kang kocapa | sapêjahe Ula Nglinglung | gantya ingkang kawuwusa ||

26. ing Pathukulan wus lami | Radèn Putra Daniswara | wus akathah punggawane | myang santana kulawarga | samya nusul sadaya |

--- 112 ---

mèh dhatêng samayanipun | ing mangke kantun sawarsa ||

27. ri sêdhêng mèh têkèng jangji | agunêm lan Jugulmudha | tuwin pra santana kabèh | Bêgja Daulat Mênawa | Mênawi anèng ngarsa | samya tinari ing rêmbug | prakara manising aprang ||

11. Dhandhanggula

1. Radên Daniswara ngandika ris | marang sira Jaka Jugulmudha | miwah mring santana kabèh | paranta rêmbugipun | sanak-sanak manira sami | kang padha trêsna mringwang | kaya pa sun tantun | rèh ingsun ngrêbut nagara | iya mêngko wus akèh ing wadya mami | Jugulmudha turira ||

2. ulun gusti ngaturi prayogi | kadipundi tuwan mêmungsuhan | sintên ulun andêlake | wong Pathukulan takud | yèn adunên lawan sang aji | Prabu Jaka digdaya | sêkti sudibya nung | ramanta [ra ...]

--- 113 ---

[... manta] sumbaga ing prang | suprandene tan mênang dêlas samangkin | ingkang nagri kancikan ||

3. Prabu Jaka guna srana sêkti | mancala putri mancala putra | bisa manjing ajur-ajèr | arosa tur atêguh | bisa nguripakên ing pati | wignya agawe janma | lan tan kêna lampus | kang putra bujôngga dibya | lawan putra kemawon datan atandhing | miwah niyaka dhomas ||

4. dede timbange kathah lan kêdhik | yêkti kawon wadya Pathukulan | sayêkti dede wawrate | timbangên wadya ulun | janma Mêdhang ingkang sakêdhik | pan sèwu pandumira | iba kathahipun | niyaka dhomas tan kocap | lyan punggawa bupati sawiji-wiji | patih salêksa dhawak ||

5. miwah tumênggung rôngga ngabèi [ngabè ...]

--- 114 ---

[... i] | kandhuruan limang atus wongnya | ariya anyèwu wonge | mantri angalih atus | kang lit pisan anyatus sami | patinggi wadananya | wonge gangsal èwu | kang alit-alit tan ketang | ingkang kathah ngalih atus nyatus sami | iba patinggi dhomas ||

6. wong kaputran kèh datan kawilis | kadipundi lamun anônggaa | wadya ulun pintên kèhe | tur padha wong desatus | balung wêsi têmbaga kulit | asungsuma gêgala | botên wande rêmpu | balung pintên wadya tuwan | ginarumung ing mungsuh lir tigan kapit | sela rêmak tigannya ||

7. wong Mêdhang durèn upaminèki | kadya timun wadya Pathukulan | kaplipis rêmak timune | sasi upaminipun | wadya Mêdhang upami

--- 115 ---

rawi | kucêm merang ujyala- | ning surya sumunu | gêni dadya Pathukulan | wonge Mêdhang upami jawuh nibani | kasiram yêkti pêjah ||

8. kadi punapa gusti sang pêkik | ugyanira[4] mungsuh Prabu Jaka | kawasa wong Mêdhang akèh | kita ngandêlkên têguh | prakosanya tan wontên tandhing | angadu kaprawiran | myang akantar bau | kalawan iya kamandhang | nora wande ulun iki ya ngêmasi | ginarumung ing kathah ||

9. pangrasane manah ulun iki | tuwan adu amungsuh wong Mêdhang | sapuluh Mêdhang gêdhene | mapan ta wani ulun | nadyan tanah sabrang nagari | milua barêng mara | tan gumingsir ingsun | suka pêjah ing ranangga | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||

10. adhuh gusti ulun sang

--- 116 ---

apêkik | aprang amungsuh ing Prabu Jaka | tri prakara kainane | kang dhingin ratu agung | kaping kalih sudibya sêkti | kaping tri kantun kathah | gusti kudu mungsuh | anggèr ewa sapunika | rèh kabutuh angupados daya malih | ulun iki kawula ||

11. yèn amriha ing sasami-sami | wadya Mêdhang pan sami kawula | botên seyos ing batine | nanging laire kantun | mila anggèr ngupaya malih | istiyar lawan nalar | ing prayoginipun | sanadyan tiyang aguna | yêkti kawon kalawan tiyang tabêri | sampun jênêng kawula ||

12. Radèn Putra Daniswara nangis | jroning manah mirsa kang wirayat | Ki Jugulmudha ature | wutah raosing kalbu | langkung nêlas dènira angling | Rahadèn Daniswara | wagugên tumungkul [tu ...]

--- 117 ---

[... mungkul] | angraos yèn kalêrêsan | dyan sumalah wau sira sang apêkik | alon dènnya ngandika ||

13. Jugulmudha sira ingsun tari | kaya priye ing rèh pakênira | kang êndi manira age | mungsuh wong dadi ratu | ingsun lumuh mundura isin | yèn nagri tan karêbat | iya saking ingsun | yèn tan têtêp jênêng ingwang | têkèng lina aja na ingkang nyêlani | ngamungna turun ingwang ||

14. tinurunan kang eyang sang aji | Prabu Sindhula lan patihira | wayah rinangkul janggane | mlas-asih putuningsun | mêngko nyawa ingsun tuturi | dyan manêmbah suku sang | mangusapi lêbu | wus ngabêkti Jugulmudha | dêlamakan wau kang dipun sungkêmi | miwah Bêgja Daulat ||

15. Prabu Wikujati mojar aris | iki [i ...]

--- 118 ---

[... ki] Jugulmudha ramanira | nulya sumungkêm pangkone | ingkang rama amêngkul | Jugulmudha nangis lir èstri | kang rama talêthokan | luh tiba ing bau | dhuh putrèngsun sokur bagya | sira among marang ing gustinirèki | dèn bisa angawula ||

16. biyangira kaki ana ngêndi | wontên dalêm ni rôndha wus mêdal | nangis sumungkêm padane | anglir kêkupu tarung | wong têtêlu samya anangis | wus kèndêl mênggah-mênggah | tan ngimpi ngrêmpêlu | apanggih aparipurna | emut gusti wong katri kèndêl samyajrih | pandhita raja ngucap ||

17. kaki putra iki môngsanèki | ratu gumingsir saking ing praja | kari sataun ganêpe | Jisaka madêg ratu | anyêlani kêraton Jawi | iya nanging tan kêna | kaki

--- 119 ---

pinarunggul | têdhanên Yyang Suksmanata | dipun asru pratela aja kakêlir | gusti lawan kawula ||

18. pan kawula kawula sayêkti | basa gusti gusti kang sanyata | iku dèn wêruh pajune | ewuh basa puniku | poma sira dipun nastiti | anêmbah lan sinêmbah | yêkti seje iku | kawula misih kawula | ingkang gusti iya misih dadi gusti | poma putu dèn awas ||

19. wruh ing aran tan wruh rupanèki | dèn upaya midêr nglaya jagad | tan wruh yèn sandhing dhèwèke | sing kapapag kapranggul | nanging nora sira kawruhi | ana sapandêlêngan | gonira alungguh | mèdhèng-mèdhèng katingalan | kasompokên tingale dènnya ningali | kalingan ing paningal ||

20. yèn wus awas dènira ningali [ni ...]

--- 120 ---

[... ngali] | yêkti gênti tingal-tiningalan | kadya carmin upamine | tan na upaminipun | datan kôntha lan tanpa warni | nora alêlawanan | gusti sipat alus | sipat suci wujudira | ngawikani ngandika tan lawan lathi | miyarsa tanpa karna ||

21. kaki putra dèn awas patitis | dèn wruh tunggalipun kang sinêmbah | mapan Suksma sajatine | kang nêmbah Suksma tuhu | sanyatane puniku tunggil | lir satu lan rimbagan | awor sampun jumbuh | yèn wus awas tingalira | marang Suksma têdhanên nagari Jawi | kabèh ngidhêp ing sira ||

22. sakèh para ratu tanah Jawi | apan kita dadia narendra | sumèlèha kêratone | Jawa gampangna iku | ya têdhanên maring Hyang Widi | satata-tataning rat |

--- 121 ---

| wruh basa sabê[...] | | sacara-caraning praja | têmên-têmên idhêpa rasaning tunggil | têdhanên guru taya ||

23. kaping kalih mintaa Narpati | Ajisaka walêsan kewala | anti-antinên tatane | tanapi ta kawêtu | silanira maring pangaksi | kèksining pangaksama | sama samènipun | nimpuna ing panalika | laku linggih solah muna lawan muni | pracihna dadi nata ||

24. yêkti bênêr aturira iki | Jugulmudha tan kêna dèn wasa | lah jalukên têka kene | dene doh parêkipun | lamun nyata kawula gusti | adoh tanpa wangênan | apêrak puniku | tanpa gêpokan ta sira | kanyataan lir sarkara lawan manis | tan kêna pisahêna ||

25. apan nyata ya hèh putu mami | padha nunggil rasa [ra ...]

--- 122 ---

[... sa] lan Jisaka | roro anunggil jatine | mapan têrkaning ulun | lamun jangkêp ing tigang warsi | tan liyan kaki sira | kang mêngku kaprabun | jêr sira kang duwe Jawa | tanah Jawa turun-tumurun ing benjing | tan lyan saking ing sira ||

26. kaki putra yèn sira wus olih | dening ujar kang têlung prakara | kang dhihin pêpak wadyane | kapindho sabdaningsun | tiganipun dewa kang luwih | mapan dadi satunggal | yêkti nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Hyang Widi | sarta lan bratanira ||

27. radèn manjing gêguru mring kaki | winuruk malah têkèng kamuksan | têlas kalbune eyange | eca ing raosipun | nulya radèn winuruk malih | karosan [karo ...]

--- 123 ---

[... san] kadigdayan | ing aprang pinunjul | masalah ngambah sagara | datan têlês tan bawuk pinêndhêm siti | ingobong datan pasah ||

28. lan masalah ngèlmu dadya aji | sampun têlas kalbune kang eyang | sampun winurukkên kabèh | wus kawrat jroning kalbu | wurukira Sang Maha Yêkti | purwane dadya dibya | sêkti ambêg sadu | Ki Jugulmudha mêngkana | milu guru Mênawa lawan Mênawi | miwah Bêgja Daulat ||

29. lah ta kaki sira sun tuturi | Prabu Jaka sêmayan lan warang | mapan dèn pêsthi têkane | lawan Bok Ratu Kidul | wruhanira ingsun tuturi | wus pasthi karsani Yyang | ingkang dadi ratu | tanah Jawa kuna mula | tan atulus dadya narpati ta kaki | panjênêngan gya sirna ||

30. yèn dèn êmong

--- 124 ---

mring Ratu Ngin-angin | iya kang kayangan ing samodra | ratu kang tulus jênênge | ingkang wawuh Bok Kidul | run-tumurun mring jaman akir | nora kasêlan-sêlan | kang wawuh bok ratu | uwa kaki pan kagarwa | nanging besuk turunira jaman akir | pinèt garwa satata ||

31. pan kagarwa tane kadya janmi | sacara-caranirèng manungsa | mêngko garwa among bae | tan kadi garwa tuhu | rasa jati tan dèn têmêni | ingkang anunggal rasa | besuk wayah ulun | tatane wong agamèslam | padha sadad nêmbah Hyang Kang Maha Luwih | nagrine ing Mataram ||

32. Sultan Mataram bisikèng aji | maksih rare wus kèringan ing rat | ing sabrang sumiwi kabèh | gumantya wayahipun | ingkang dadi ratu linuwih | wis kaki dhinginana [dhi ...]

--- 125 ---

[... nginana] | samayane iku | saiki Buda Cêmêngan | taun Alip sasi Sura sirah tunggil | lan purnama Galungan ||

33. tapanira lah bangunên maning | angèlia marang ing samodra | Jugulmudha bubuhane | ngaita ngalas gunung | wong lêlima ingsun bubuhi | musna Ratu Sindhula | kang kari arêmbug | amuwus Ki Jugulmudha | tuwan sampun suka-suka riya kibir | kêni sikuning dewa ||

34. ing wasana wurung dadya aji | radèn putra sandeya ing manah | sandeyane dening ture | ya Sang Jugulmudhèku | dening bênêr nora na sisip | radèn putra angucap | Jugulmudha ingsun | ing rèh ngong ngandêl mring sira | sun tanpa rèh sakarsanta nut sirèki | ya ingsun tanpa

--- 126 ---

polah ||

35. sun lan sira dadia sawiji | iya sacara-cara rêmbag |[5] Ki Jugulmudha ature | yèn sêmbada lan kayun | pangandikanipun sang yogi | Pangeran gampangêna | iya sarèh ulun | kang angèl sinêdyèng karsa | têmên têmah anêkung manah kang êning | anêgês karsaning Hyang ||

36. ingkang murbèng rat ingkang supadi | angrakêti rikating panêdha | lêksanana na ing mangke | ulun minggah ing gunung | tuwan anggêbyur ing jêladri | têdhanên lan bratanta | nyatakkên nèng kayun | ing prang tan kêna ginampang | lah suwawi sami mentar wus lumaris | Rahadèn Daniswara ||

37. manjing wana anggêbyur ing kali | sigra milir angêlangi bathang | tan kandhêg nut saparane | prapta sawangan junun | pan [pa ...]

--- 127 ---

[... n] angadêg pinggir jêladri | tri gumuruh swaranya | lun Sagara Kidul | kagiri-giri gurnita | yyan lumembak golongan Samèru ardi | tan owah ing warnanya ||

38. sandeya Radèn Daniswarèki | tan ana pasekaban sagara | kilèn gumêdêr swarane | we panas kadya runtuh | sang yyang rawi sru manuluhi | saisining samodra | tanbuh polahipun | mina gêng sagunung gêngnya | urang aking mumbul malêsat ing tasik | tasik butak lumahan ||

39. duk puniku sagara gora tri | lir ginonjing sumahab ibêkan | kagyat isining we kabèh | kabarasat sru mawut | nut ombaking kang jalanidi | mawraha marawayan | ing tasik rug pênuh | jumêgur swaraning arga | kilat thathit angin [angi ...]

--- 128 ---

[... n] kidul wetan prapti | mina sang kamadhala ||

40. gurnitanya pan kagiri-giri | kumbul kang we sumêngkèng prawata | tri gumuruh prabawane | kagyat Jêng Nyai Kidul | munggèng kathil dênta rinukmi | kontrag megung marênggang | dènira alungguh | mulat palayuning mina | gya tumurun ngungun dènira ningali | toya minggah ngasmara ||

12. Asmaradana

1. ngunadika jroning galih | lah ta iki ana paran | satuwuhku durung tumon | lêtuh ombaking samodra | rag-rêg wolak-walikan | umob lir raditya runtuh | we panas kadya pawaka ||

2. apa ta baya puniki | ingaranan aramuksan | ombak gêng tan kadi mangke | sang rêtna manah rudita | awlas mulat [mula ...]

--- 129 ---

[... t] ing mina | gègèr mina kathah lampus | kontrag kêtug pracalita ||

3. mêntas Raja Angin-angin | wus prapta ing madyantara | mulat jagat katon kabèh | tan ana ingkang kawuryan | kang kasônggèng buwana | sirêp tan ana kadulu | ya ta aningali cahya ||

4. ngênguwung têpining tasik | winaspadakkên katingal | ana sujanma kinaot | Prabu Angin-angin mojar | tan liyan saking ika | lêtuh ing jagad kumêrug | aru-araning samodra ||

5. sigra Ratu Angin-angin | têdhak saking jumantara | saksana umarêk alon | mring Dyan Putra Daniswara | nèng ngarsa angrarêpa | langkung jrih sampun cumundhuk | Raja Ngin-angin pranata ||

6. ngraup padanira kalih | bukuh dènira alênggah | lir konjêm siti [si ...]

--- 130 ---

[... ti] mukane | ngasih-asih aturira | dhuh nyawa gustiningwang | tan kawawa dasihipun | aru-araning samodra ||

7. mina agêng alit mati | toyanya kadi kinocak | katrajang ampuhan gêdhe | we panas kadya pawaka | icalna duka tuwan | yêktos paduka ratyagung | ingkang darbèni sadaya ||

8. isining wana jêladri | pasthi manut sarèh tuwan | amba ingkang angrèhake | lalêmbut jim parayangan | umatur sakarsanta | nanging gusti atur ulun | pan tuwan janma utama ||

9. lawan manungsa sinêlir | dadya têmah tanpa karya | angrusak ing titah kabèh | nyata ing pakarya tuwan | saisining buwana | sawarnane kang lalêmbut | kang anèng wana samodra ||

10. nadyan kang nèng luhur

--- 131 ---

ngardi | ngajêng-ajêng karya tuwan | tan selak ngabên prang mangke | amungsuha sèwu praja | jumurung jim prayangan | mapan jêng paduka ratu | agêng datanpa sisihan ||

11. lan bapa babuning aji | ing nungswa Jawi sadaya | radèn putra srêp manahe | duk myarsa atur mangkana | osiking tyas wisesa | nyata sun jumênêng ratu | amêngku rat tanah Jawa ||

12. ya ta isining jaladri | ingkang kaparag ngampuhan | sampun paripurna kabèh | kinanthi sang raja putra | dening ratu wanodya | tan têlês tumamèng ranu | sampun prapta ing kadhatyan ||

13. atata samya alinggih | nèng taman adi kawuryan | asri tinon pêthetane | ana balene kêncana | sinotya nawa rêtna | pinatik rêtna jumêrut | sinasêling ing pakaja ||

14. tinarètès

--- 132 ---

ing hèr thathit | hèr sasôngka hèr baskara | murub mubyar ujyalane | anarawung diwangkara | tinon saking mandrawa | yèku pinarakanipun | sira sang prabu wanodya ||

15. munggwing patamanan asri | pêthetan uwit kancana | godhong cindhe pêrdapane | sutra di lan mirah jênar | wohe sarêng lan sêkar | kawan dasa wijinipun | soring kayu sawijinya ||

16. sinungan kathil mas niji | kang nglinggihi pêrayangan | samya yu-ayu warnane | wit kayu palasa tunggal | sêdhêng pan wohe dadya | anata saking witipun | myang lagya kamaropokan ||

17. ingkang runtuh tan kawarni | mawur upama lir lintang | rinarêngga ujyalane | lawan kinubêng bêngawan | catur warnaning toya | tan wus wuwusên ing kidung | nahan wau ingkang lagya ||

18. lênggah

--- 133 ---

karongrone wuri | nênggih Radèn Daniswara | lan sang narpadayitane | mung nèng taman langêning dyah | ingayap ing parêkan | warnane ayu pinunjul | salin ping pitu sadina ||

19. kasub kasusra ing bumi | tur prawira môndraguna | pilih tandhing ing bobote | ratu wanodya sudibya | kèringan pramudita | kuthane Sagara Kidul | lalêmbut ing nungsa Jawa ||

20. sadaya samya sumiwi | ing pundi kang botên seba | Sêgara Kidul ratune | ajrih alulut sadaya | atur bulu bêktinya | praptanira sabên taun | tur pisungsung guladrawa ||

13. Dhandhanggula

1. Ratu Lodhaya samya anangkil | Gunung Kidul aseba sadaya | tan ana ratu angêrèh | Ratu Kuwu Balêdhug | Waringinwok Roban anangkil | miwah

--- 134 ---

kayu landheyan | lawan gunung Agung | ing Tunggulwulung Kasanga | gunung Prau Dalêpih lobang winarni | Dyan Putra Daniswara ||

2. kusumaning rat tansah liniring | radèn putra kêmanisên mulat | èsmu kagiwang manahe | tansah sabil ing kayun | pan kapalang pan dede jinis | nging mrih luntur sihira | sinêdyanirèng kalbu | Sang Ratu Ngin-angin tômpa | raosing tyas Dyan Daniswara liniring | supaya kagiwanga ||

3. Ratu Ngin-angin micarèng ati | sun bekane iki bakal nata | dimèn lali ing purane | dipun prih sang abagus | dènnya asih tumêkèng ati | mèsêm kusuma rara | tur sarwi tumungkul | rahadèn putra widagda | wus amêngku wikan wêtuning wigati | sang dyah ayu ingêmban ||

4. dhuh mas mirah witning ingsun iki [i ...]

--- 135 ---

[... ki] | ayun wikan pasareanira | apa ta baya rupane | rêtnaning pura matur | datan èwêd yèn arsa uning | dêrmi têngga kewala | kawula pukulun | mapan kagungan paduka | nulya mudhun Dyan Daniswara kinanthi | marang jinêm paprêman ||

5. sapraptane pan sarêng alinggih | Daniswara lawan prabu rara | ing jro tyas samya aptine | prabu rara rinungrum | pan mèh pangling kawula gusti | sidhêp Dèwi Supraba | memba ing kadhatun | kuciwa dèwining sêkar | wênangêna kawula angaras gusti | anging anuwun duka ||

6. baya iki panukmaning Ratih | kang ngêdhaton sajroning samodra | lir yangyang marabawane | dhuh atma jiwaningsun | tulusêna asiyèng dasih | kang lagi kawlasarsa | sapa yoganipun | kang

--- 136 ---

angsung tômba wiyoga | yèn ta dudu manik musthikaning bumi | siwayèng jro sagara ||

7. midêr ing rat ing saknungsa Jawi | êjim miwah pêri pêrayangan | putrining manungsa kabèh | kang para ratu-ratu | nora nana ingkang sairib | kang kadi suwarnanta | ayu-ayu tulus | cahya apindha sasôngka | kêkuwunge lêngkêp mangkana nawêngi | wêwênganing tiarsa ||

8. mung panêdhaningsun mring sirèki | wênangêna ngrabasèng puranta | kang rinukmi rarênggane | jro kutha kojor-kujur | kanggo pura wingit winêrit | laleyan kapurancang | made mas manguntur | sun arsa siwèng asmara | atur lulut ing bêkti ing tilam sari | pisungsung sukaning tyas ||

9. baya iki marganingsun olih | ing kabêgjan lawan kanugrahan | awit [a ...]

--- 137 ---

[... wit] saking sira anggèr | marma yèn pisah ingsun | ing jro langse nora sarêsmi | wurung dadi narendra | sida saba banyu | sang dyah kabyatan srênggara | jiwa lêsu nora bisa anayuti | kakung mêrdi asmara ||

10. sang dyah ingaras lupa jiwèki | radèn nyipta ing asmaratôntra | asta nglayang ing janggane | ngungkih lukaring sampur | prabu rara tansah ngêkahi | pinêrdi deni[6] priya | wus kongkal kang pinjung | mêdhar sari babar mayang | salukare warsiki sumyar gônda mrik | wanti-wanti ingaras ||

11. mung dukanta kang sun suwun gusti | lamun anggèr tan tulus sihira | kaya ngapa ing dadine | yèn winênang wak ingsun | amisesa ing kutha rukmi | sang dyah rêmpu ing driya | sang kakung mrih pagut | anggrêgut nungkêmi

--- 138 ---

madya | asta têngên munggèng jôngga kiwa mêrdi | nèng jaja sinjang lukar ||

12. lukaring sinjang wêntis patitis | panitihe têmpuh ing warastra | kagyat mati sêsambate | amingsêk nyêthot pupu | sarya nangis dhuh mati mami | sêsotyanira muncar | awra munggèng kasur | samya tigas-katigasan | pan kanyaran ngasmara sang dyah anangis | lir ulung kapipitan ||

13. sok kapasuk pangêsuking gati | wantu-wantu dènira angaras | cinêcêp-cêcêp lathine | asta angrangkul gulu | dahad dènnya mêrdi ing rêsmi | nêdha sinampunana | kakung wlas kalangkung | wus wudhar ingkang asmara | ngaras pipi anuwun dêduka gusti | dèn agêng apuranta ||

14. ingêmban sang dyah dipun sirami | wusing siram prasamya gêgônda |

--- 139 ---

ngayêm-ayêm sarirane | karo jajar alungguh | padhasmara kang mêntas rêsmi | wong agung sinambrama | kuwi warna catur | seta rêkta wilis jênar | pan brêm tape madu pinasthika manis | gandanya rum angambar ||

15. sakawan katur ing radèn mantri | sadaya punika mawi sawab | anglir puhan ing raose | kalangkung pêthakipun | warna sajêng ingkang sakupi | ping pat warna hèr tawa | rahsanya srêp arum | Radèn Putra Daniswara | cinarita pirang dina pirang ratri | tumamèng ing samodra ||

16. musawarat lan Ratu Ngin-angin | tunggal sare akaron asmara | sampun winêjang kawruhe | masalah dadi ratu | ingkang kèdhèp sarwa kumêlip | jim pêri pêrayangan | jangjine anutug | Daniswara angandika | ingsun iki

--- 140 ---

pracayèng sihira yayi | tulusa sang kusuma ||

17. balik ingsun yèn nêmu prakawis | bot prang gêdhe nora na sun duta | ngaturi ing sira anggèr | wong ingsun nora na wruh | lawan nora bisa mariki | raja dèwi turira | yèn nimbali ulun | sidhakêpa suku tunggal | pasthi enggal kawula anuli prapti | sarta sabalatôntra ||

18. mangke sampun bala jim abaris | malah sampun tarung lan jim sabrang | ya wis ingsun mulih anggèr | Daniswara tumurun | kang tinilar sru brôngta kingkin | kesahe rajaputra | manggung mangu-mangu | Raja Ngin-angin sru brôngta | sare mujung waspanira andrês mijil | tan bisa nahên brôngta ||

19. rajaputra tansah mandhêg nolih | kang katon mung kadhaton [kadhato ...]

--- 141 ---

[... n] samodra | sangêt sabil ing driyane | lampahe sang abagus | ngambah toya lir ngambah siti | lêpas wus praptèng dharat | Jugulmudha pangguh | mantuk sapraptaning wisma | rêrêmbagan Daniswara ngandika ris | kapriye tingkahira ||

20. wong andon prang angrêbut nagari | Jugulmudha matur awotsêkar | gusti angadêga rajèng | andêlna kang wadya gung | mapan mangke wus kathah janmi | rayi tuwan ing Sampang | wus lami anusul | Radyan Nitikdikusuma | warna bagus kêmbar kalawan sang pêkik | tinaros inggih rêmbag ||

21. Bêgja Daulat samya rêmbagi | tanapi Ki Manawi Manawa | sêntana wus rêmbag kabèh | ingundhangan sadarum | janma ingkang sami katawis | wêwasi lan jêjanggan [jê ...]

--- 142 ---

[... janggan] | cantrik lan manguyu | pra rêsi lan dwijawara | pinintan pangèstu enjing gya tinangkil | pêpak wong Pathukulan ||

22. upacara karaton mêpêki | wasiyatipun sangking kang eyang | cahya nurbuwah wus ngalèh | mring Dyan Daniswarèku | Jugulmudha sigra dènnya ngling | hèh ya wong Pathukulan | ngestokna sadarum | yèn ing mêngko gustinira | Radèn Daniswara sun adêgkên aji | mêngku ing nungsa Jawa ||

23. angèstokkên samya saur-pêksi | sagung wadyabala Pathukulan | suyut ajrih sadayane | sri narpa ngandika rum | piyarsakna sadaya sami | sun jumênêng narendra | lawan karsaningsun | pribadi nèng Pathukulan | ajêjuluk Prabu Daniswara mami | iya Prabu Kaskaya ||

24. senapati

--- 143 ---

panataning jurit | lan Jugulmudha sun junjung lênggah | dadya sêsilih ngong dene | sun ganjar nama iku | Adipati Jugulmudhèki | duwèni dhêdhak mêrang | bang-bang alum-alum | kasraha mring Jugulmudha | lan riningsun Si Sêtyadikusumèki | mêngko sun junjung lênggah ||

25. pan sun gawe sosoraning patih | angliwoni wong jaba sadaya | sun alihakên namane | jênênge ingsun pundhut | sun têdhani nama Dipati | Sang Raja Suryangalam | damaring kaprabun | sun paringi ing Madura | lan Si Bêgja sun junjung marang ing nginggil | dadi êmban angrèhna ||

26. wong ingsun jro lan ingsun paringi | jênênga Sang Raja Kapa-kapa | lan Si Daulat ing mangke | iya sun junjung lungguh | angrèh mantri tindhih prajurit |

--- 144 ---

iya Tumênggung Saloka-|[7] ntara aranipun | Manawa sun junjung lênggah | angrèhêna sakèhe wong ingsun buri | majêgan juru sawah ||

27. atanapi sakèhing patinggi | ingsun ganjar namaa bupatya | Sang Rajaniti namane | kalawan ariningsun | sêngka Bali sun junjung linggih | dadi kaliwon kiwa | dene aranipun | Dewa Gung Sang Adipatya | Si Manawi sun junjung nama dipati | sarta sun ganjar nama ||

28. Tumênggung Undhang-undhang malih |[8] Natapraja iku aranira | nulya sang nata karsane | milih wadya kang patut | Pathukulan jinunjung linggih | ana kang nama rôngga | ngabèi tumênggung | pêcattôndha pandêlêgan | lawan karya prajurit lan para mantri | Sri Mapunggung ngandika ||

29. Jugulmudha paran rèhirèki |

--- 145 ---

alon umatur dhatêng sang nata | pasisir môncanagrine | ingutusan sadarum | kang bang êlèr kilèn kawuri | yêkti tan dados karya | rayi tuwan wangsul | dadosa wadana wetan | jro samodra sumanggèng karsa sang aji | wana gunung kawula ||

30. sang nata ngling sun turut sirèki | sapa kang prayoga lumakua | Jugulmudha lon ature | yèn sarju pun Tumênggung | Undhang-undhang kawula tuding | ngradin nagari wetan | kanthia tumênggung | lan mantri sawêtawisnya | buron wana bêktaa kang kathah sami | dinamêl gora-godha ||

31. ingkang êlèr ingkang ulun tuding | inggih Tumênggung Salokantara | kanthi bupati mantrine | rayinta kinèn mantuk | Raja Suryangalam nindhihi | pasisir kang wus rata | ngilèn [ngilè ...]

--- 146 ---

[... n] kang lumaku | Rajaniti sakancanya | ambêktaa isining wana prasami | katingala akathah ||

32. sagung sato buroning wanadri | gêgilaa damêl gora-godha | pamrihipun sampun angèl | ing benjing yèn wus campuh | parêpêgan angantêp jurit | kang kayangan sagara | tinagih ing kewuh | ing wana gunung kawula | dhatêngakên kang ulun damêl atawing | yèn wus praptèng bang wetan ||

33. pun Tumênggung Dhang-undhang tumuli | mingêr ngalèr panggiha arinta | rêmbaga sarêng praptane | yèn wus rata gya laju | ngulon kadi rêmbagnya dhingin | ngidul wangsula ngetan | sarênga angêpung | yèn antuk pangèstuning Hyang | dening ulun têkiyar wontên ing wingking | ngêlar jajahan rowang ||

34. lawan ulun anuwun wêwangi | Adipati [Adipa ...]

--- 147 ---

[... ti] Raja Jugulmudha | katarima saature | wus kondur sang aprabu | ingkang jawi adandan sami | kumpul wadya malabar | ngèbêki lun-alun | tata samya wijang-wijang | nulya budhal ngalèr ngidul ngetan sami | Tumênggung Undhang-undhang ||

35. kinanthenan bupati satunggil | Ki Tumênggung Jagasastra rannya | myang sapanêkare kabèh | kalawan carik luhung | nama Arya ing Dhadhaptulis | lan Rôngga Kamandaka | mantri prameyagung | gêgaman awarna-warna | wus wisata ngirit sato ing wanadri | kinarya anggêgila ||

36. marang mêngsah madyaning ajurit | sira Tumênggung Salokantara | môngka gêdhig mênggalane | akanthi Ki Tumênggung | Asthapraja katiganèki | Arya Panitisastra | Jurusastra catur | lan Ngabèi Sastrawara | miwah para mantri

--- 148 ---

têtindhihing jurit | ngirid isining wana ||

37. kang lumaku ngilèn Ki Dipati | Rajaniti tumênggung kanthinya | Rêsapraja bisikane | mantri wuri sadarum | Radèn Arya Upayasandi | lan Ki Rôngga Panukma | Dêmang Jabungalus | akanthi Rôngga Gundhala | atanapi Ki Ngabèi Jagatulis | myang Rôngga Paliwara ||

38. Rôngga Suluhlintang Damarsasi | Dêmang Kori Ngabèi Ubaya | lawan Rôngga Prasêtyane | Ngabèi Sindhungriwut | Arya Bajra lawan Ngabèi | Widigda Katawêngan | Dêmang Priksadhusun | miwah Ki Tumênggung Dhêndha | Ki Ngabèi Tigangpratikêl pratuwin | Arya Pancasgupita ||

39. akathah mantri miwah patinggi | juru sawah pan tumut sadaya | praptèng Mêdhang talatahe |

--- 149 ---

bahakira ngrêrayut | wawêngkone Mêdhang kèh kêni | kang ngetan wus arata | kang bôngga pinukul | wus samya nungkul sadaya | kang lumaku ngidul santana sang aji | Sang Arya Suryangalam ||

40. kancane kang tumut Adipati | Nitipraja Arya Surti muwah | Arya Tuhu ubayane | Ngabèi angsung pemut | lawan Arya Sewaka tuwin | ambêkta satu kewan | isining wana gung | praptèng nagari Lumajang | ing Madhêndha Maguwa ing Singasari | ngranon ing sêkar jênar ||

41. Mataun Pasêdhahan Kadhiri | ngilèn anjog nagri Bauwarna | Ngawulangit sapangilèn | langkung rame prangipun | long-linongan aganti mati | wong Pathukulan sura | sêkti têguh timbul | mungsuhe nungkul sadaya [sa ...]

--- 150 ---

[... daya] | têtindhihing jurit | laju ngetan prang Bêlambangan ginitik | rame dènira aprang ||

42. wong Pathukulan angidak wani | wadya Balambangan wus kasoran | laju maring Bali age | nagri Bali pinukul | wus kasoran Sang Rajèng Bali | giris isining wana | wus rata sadarum | sagung nagari bang wetan | gya tinilar mangalèr urut pasisir | ubaya pêpanggihan ||

43. wus kapanggih lawan kang masisir | nèng Madura gènnya rêrêmbagan | pasisir wus manut kabèh | Sampang Balega nungkul | Pakacangan Kapasan nangkil | ing Grêsik lan ing Tuban | miwah ing Sidayu | Nglasêm Ngrêmbang Pajangkungan | Surapringga Nglamongan nungkul pribadi | sampun nungkul sadaya ||

44. pun Tumênggung Dhang-undhang wus ngancik | Surapringga kèndêl rêrêmbagan | Salokantara [Salo ...]

--- 151 ---

[... kantara] rowange | sakancane sadarum | wus kaingkut jajahannèki | andhêsak kutha Mêdhang | gantya kang winuwus | Prabu Jaka siniwaka | pêpak sagung nayaka lan para mantri | ki patih munggèng ngarsa ||

45. matur nêmbah rêkyana apatih | dhuh pukulun amba atur wikan | mêngsah paduka ing mangke | prapta langkung gêngipun | duk miyarsa sri narapati | ngrasa praptaning môngsa | jangkêp tigang taun | Prabu Jaka angandika | yèn mêngkono papagêna wong kang kari | mring mungsuh pêksa iya ||

46. bunge manèh yèn bisaa dening | ingkang tuwa iya nora pira | amung samana bobote | iki tandurên gupuh | amarapat mubêng nagari | tunggonana bupatya | parapatên iku | patih niyakèngsun dhomas | tindhihing prang yèn abot [abo ...]

--- 152 ---

[... t] sêbarên iki | sira nora kangelan ||

47. aja susah lan aja kuwatir | iya ingsun wani katêmpuha | ja na wêdi ing ratune | yèn nora ngandêl mringsun | mijilakên istijradnèki | angêntèkkên tênaga | wus ngandêl sadarum | lah iki wus ngandêl ingwang | apitaya sok misiha gusti mami | Prabu Jaka luwaran ||

48. wadyabala dhomas amiranti | ing panggonanira dhawak-dhawak | kunêng kang winarna malèh | ingkang nglurug wus rêmbug | barêng mara panggitiknèki | tur uningèng narendra | rêmbugnya kang nglurug | arsa sarêng panggitiknya | sri narendra kapanujon turing dasih | akèn nêmbang têngara ||

49. sri bupati tumindak pribadi | wus samêkta sagung wadyabala | umyang gumuruh swarane | kêrig wadya sadarum | wus samêkta gêgaman jurit [juri ...]

--- 153 ---

[... t] | muntap ambèr balabar | lun-alun supênuh | angandika sri narendra | duta uwis balia warahên sami | yèn ingsun arsa tindak ||

50. duta nêmbah mêsat ing ngarsa ji | wus têngara bubar kang pangarsa | wadya tatêlukan akèh | mantri lubalang agung | busanabra awarni-warni | budhal sri naranata | kinubêng wadya gung | magêrsari kering kanan | pra pratiwa prajurit kang surèng wèsthi | tur padha pêpilihan ||

51. sura sumbaga dibyèng ajurit | kang kamargan wus têluk sadaya | tan ana marêngkang ing rèh | masanggrahan sang prabu | kari lakon sadina margi | ngangsêg môncanagara | pasisir wus maju | kari kang parêk lan kitha | cucuking prang acampuh rame ajurit | aganti long-linongan ||

52. Juwana Pathi Kudus nagari | Japara [Japa ...]

--- 154 ---

[... ra] Dêmak lan Garobogan | Cêngkalsèwu Balorane | sadaya sami têluk | giris mulat sato wanadri | ingkang dadya pangarsa | ngebati dinulu | dipati môncanagara | lan pasisir wus rêmbug ngangsêk kang baris | lor kulon kidul wetan ||

53. ingkang kilèn tindhihnya Dipati | Rajaniti lan sakancanira | kang kidul senapatine | nênggih Sang Arya Prabu | Suryangalam kang dibya sêkti | gagêdhuging ayuda | sosoranirèku | Adipati Nitipraja | miwah para arya rôngga lan ngabèi | yèku wadya pangarsa ||

54. ingkang môngka pangiritirèki | nênggih Tumênggung Salokantara | kang tinut sabarang rèhe | tindhih wetan Tumênggung | Undhang-undhang sakôncanèki | jêgsa lan paliwara | para pancaspadu |

--- 155 ---

lan juru ngadil sadaya | tôndha mantri dêmang rôngga lan ngabèi | sumahab balakuswa ||

55. ingkang êlor pangiriding jurit | gêdhig mênggala surônggakara | Raja Kapa-kapa rane | mangku prajuritipun | lan para bupati pasisir | Jugulmudha parentah | kutha kinèn ngêpung | lan sagunging buron wana | dèn umbara kinarya cucuking jurit | supaya kawal ing prang ||

56. kari lêlakon satêngah ari | sampun prapta têpis-wiringira | wus têpung lawan mungsuhe | sabên dina acampuh | têtumpêsan wong Mêdhang nanging | tan suda malah wêwah | miris kang angamuk | mênang prang sasat kalah |[9] mêngsahira sinokan rinoban tandhing | nging ngamuk têtumpêsan ||

57. bala Mêdhang saya wuwuh malih | langkung giris wadya Pathukulan | wong pasisir [pa ...]

--- 156 ---

[... sisir] takut kabèh | myang môncanagarèku | dene musuh tan kêna mati | katur mring Jugulmudha | langkung sukèng kalbu | katur ing sang naradipa | angandika kadya pa dayanirèki | angur padha mundura ||

58. hèh apatih mêmirang ing janmi | wong nglurug wasana prange kalah | Jugulmudha tur sêmbahe | pan dèrèng ulap ulun | gusti amba nguni miyarsi | wirayat kina-kina | pangwasa ranipun | sulape Sang Prabu Jaka | angandika sang nata paran apatih | ing mêngko dayanira ||

59. Jugulmudha umatur wotsari | mêngsah sampun linawanan yuda | lamun linawanan prange | tan suda malah wuwuh | yèn suwawi rinupak dening | kang wadya gung sadaya | ecaa lumaku | pangajêng isining wana |

--- 157 ---

ya apatih karêpira sun rêmbugi | wus kundur sri narendra ||

60. gya Tumênggung Dhang-undhang ngubêngi | pêparentah gêlare prit nêba | sarêng anêsêk barise | nging ecaa lumaku | aja ana nglawani jurit | wus pêpak gya têngara | anglir langit rubuh | kagiri-giri swaranya | wadya Pathukulan sing kidul kang sangking | lèr pasisir sadaya ||

61. saking wetan wong môncanagari | saking kilèn wong pasisir kiwa | anggêrgut barêng ajune | wadyabala samyanut | nèng wurining buron wanadri | lir grah swara gênturan | pradangganya barung | sakutu walang ataga | anèng ngarsa abayak anggêgirisi | apanthan sabangsanya ||

62. kalasôngka umyang amêlingi | campuhing swara munya sauran | kang bala supênuh angrèb |

--- 158 ---

wor kriciking astra gung | asrang umung gong lan bèri |[10] lir têtêl tangis mawan | wong Mêdhang atangguh | sakèhing musuh kapadhan | manah lêbih pyuk campuh caruk lan jurit | wong Mêdhang bêdhil numbak ||

63. anuduki mêdhang lan anyundrik | ambindi namsir padha numbak |[11] buron eca mangan bae | wong Mêdhang ana nglambung | rug acampuh ya padha janmi | anging nora dèn lawan | eca gèn lumaku | dangu-dangu sirna dhawak | angsal nora iya mulih suwung malih | nulya kang baris wuntat ||

64. janma kang têmên para bupati | myang kang cili padha ngeca-eca | mêmadad tan rame-rame | kagyat katêkan mungsuh | dene enggal dènira prapti | hèh kônca kamanungsan | dandana sadarum | têtindhih bupati dhomas |

--- 159 ---

ngalih atus marapat barêng nadhahi | pyuk campuh prabawanya ||

65. gurni prakêmpa lir rug kang langit | rêngat sungune sapi gumarang | kang jaladri mobah wene | êmbuh rowang buh mungsuh | prakatha wor lir rug kang langit | jêngkar gurnèng prakêmpa | lir gora gumlundhung | rat agra bumi gumiwang | mobah toya jaladri apulang liris | lir andaru kèh tiba ||

66. pracalita kampitèng sabumi | rêngat sunguning sapi gumarang | megung rat lir yunan mangke | kang aprang padha luhung | wadya alit aganti mati | kalimput bala Mêdhang | kabyatan ing mungsuh | kaburu bala ing Mêdhang | saput dalu samya sapih kang ajurit | kinêpung kitha Mêdhang ||

67. kunêng tata tita kang winarni | Prabu Jaka sêdhênge sineba | Patih Tênggêr nèng ngarsane | umatur awotsantun [awo ...]

--- 160 ---

[... tsantun] | abdi dalêm uning kajodhi | kasêktèn kamanungsan | Prabu Jaka muwus | têkabur môngsa bêdhaha | kutha mami kumingsun anjabut bumi | bunge manèh lêgia ||

68. kang atuwa biyèn pait gêtir | lêngguk kumingsun môngsa gêpoka | akalangan gupitane | wadya kang anèng ngayun | tur uninga mêngsah gêng prapti | amukul parêng mara | abdi dalêm bingung | tan wontên kêlar atadhah | kitha dalêm kinêpang wus têpang kingkin | sumôngga karsa nata ||

69. Prabu Jaka gumuyu saryangling | padha mundura ngungsia kitha | kurang pracaya atine | duta mêsat wus pangguh | pan pinajar pangandika ji | sampun mundur sadaya | kutha wus kinêpung | wong cilik gègèr puyêngan | buh dèn ungsi Prabu Jaka ngandika ris | padha mangan [mang ...]

--- 161 ---

[... an] nginuma ||

70. mungsuh iki kèh arahan sami | pêpatine môngsa na adhomas | satus iku das gunane | ya ta praptaning mungsuh | kang angêpung wus têpang kikis | ing sabên dina aprang | wong Mêdhang kaburu | ngungsi kitha inêb lawang | enjingipun kang wetan ginolong jurit | kawur môncanagara ||

71. tinulungan wau pra dipati | kang nindhihi Tumênggung Dhang-undhang | acampuh prang rame malèh | wong Mêdhang wus kaburu | manjing kitha gya inêb kori | srêng bangun wadya Mêdhang | nêmpuh lèr anungkup | wong pasisir karepotan | nulya gancang tinulungan pra dipati | tindhih Salokantara ||

72. aprang rame agênti ngêmasi | buru-binuru along-linongan | awora myang prakathane | tandya prajurit mêtu | wong

--- 162 ---

têtiga amarêpêki | saha kuda tomara | surak krak manguwuh | eling-eling jaga-jaga | anjagani sudibya anolih tandhing | katigane prawira ||

73. sigra pinapag de Rajaniti | Salokantara lan Undhang-undhang | sami sura ing tandange | prajurit Mêdhang nguwuh | Lokantara amarêpêki | papagên tandang ingwang | yèn sira rêp kantu | sigra prang ijèn-ijenan | padha sêkti gênti wastra wus malêsi | prajurite wong Mêdhang ||

74. sigra sumyak watêking prajurit | wadyabala Mêdhang ngantêp yuda | surak awor lawan bêndhe | wong Pathukulan anglud | warayuda rame kang jurit | samya rêmpak-rinêmpak | rug rosa kadaut | surake lir gunung rêbah | padha wani sawênèh tandhing amilih | lan ambanting gadastra ||

75. sigra

--- 163 ---

maprang kang Prameya mati | anglir mawan atarung padhanya | lir arga guntur swarane | anrêg sinrêg kaburu | anduk dinuk mêdhang mamiling | sura tumbak-tinumbak | manuligi manuk | rêmpêk kadhêg silih dugang | silih dêkung adhadhap-dhinadhap ta mrih | tangan pyuh manyawutah ||

76. samya cuwa kasaput ing wêngi | enjing mêdal wong Mêdhang sing kutha | langkung kèh prajurit bae | kaparantèn kinêpung | Jugulmudha ingkang ngakali | Rajaniti sing kanan | sakancane nêmpuh | ing têngah Ki Jugulmudha | Tumênggung Salokantara saking kering | sakancane bupatya ||

77. Raja Khapa-khapa saking wingking | sabalane de môncanagara | pasisir akumpul kabèh | Jugulmudha kang tinut | Raja Suryangalam ing wingking | tan kewran bala

--- 164 ---

Mêdhang | ngandêl gustinipun | wong dhomas tan kêna pêjah | ya bala kèh ajaga-jagèng galak lir | jatha amôngsa naga ||

78. sigra aprang angrog padha amrih | kang bala Mêdhang lan Pathukulan | lir sagara rob padhane | bêndhe bèrinya umung | akèh makrak bêndhe tinitir | amor krêbêting wadya | surake wor umyung | lir rêbah saisining rat | asênggani pangriking swandana èsthi | kadya rêk kang pratala ||

79. yekang jêmur angrok pasêluring | mawantahan duk sarêng amanah | manduk mamêdhang marajèng | rag-rêg orêg kapêluk | kapalindhês lan kênêlindhing | sura dugang-dinugang | angithya manaud | malah amisênggut padha | kapacèlu andhudhat amrang amiling | gantya na kuleweran ||

--- 165 ---

80. tandang sigra de Ki Rajaniti | lan Dipati Raja Jugulmudha | lan Raja Kapa-kapa ge | Ki Undhang-undhang kanut | Lokantara gya manusuli | Suryangalam mangrupak | mring satru parêng syuh | ingkang katêpak mucithat | irung pisêk matanya adoh kapicil | bujanya ngaya-ngaya ||

81. wong dhomas punggawane kèh mati | tadhah bingung kêkathahên lawan | sampun kalimput yudane | suh sirna rujit daud | katawuran kudèsthi mati | rante kang saagajah | wadya dhomas iku | yèn kêna amati tilas | manjing kutha sampun sami inêp kori | kang mati padha gêsang ||

82. ingkang mênang prang wus mundur sami | ing panggenanira sowang-sowang | langkung trusthane sang rajèng | samya ngandikan kumpul | rêrêmbagan [rêrêmbaga ...]

--- 166 ---

[... n] angantêp jurit | rinasa tanpa wêkas | karsane sang prabu | ambêdhah kutha rinangsang | katawuran dening pamudya gumanti | nisthama durmayaka ||

14. Durma

1. Raja Daniswara Sang Prabu Kaskaya | Sri Mapunggung tinangkil | pêpak pra dipatya | Jugulmudha nèng ngarsa | môncanagara pasisir | prasamya sowan | ngandika sri bupati ||

2. Jugulmudha kayangapa dayanira | angrangsang kutha iki | yèn sawawi karsa | angumpulkên dandanan | krêtêg ôndha gya ginangsir | sarêng amara | ana nguwot anggangsir ||

3. antol-totol gêjug ganthol lawan tugar | enjinge dèn miranti | kang tumamèng samya | pinayungan gêgaman | wus rêmbag dipun lampahi | pan barêng mara | tatasa ing salatri ||

4. miwah

--- 167 ---

munggah ngôndha totol gêjug tugar | kampak kalawan linggis | samya sarêng mara | wadya ing Pathukulan | kang nèng jro samya bêdhili | munggah tinumbak | amêksa dèn unggahi ||

5. bingung wong ing Mêdhang mèh dhidhik klêbêtan | Prabu Jaka tumiling | anèng madya gantang | wadya kang padha pêjah | dèn kêpyuri toya urip | gêsang sadaya | amêksa dipun kèhi ||

6. Prabu Jaka musthi bramastra lumarap | kitha wus dadi gêni | kang angrangsang bubar | kaburu ing dahana | kang kacandhak angêmasi | buroning wana | kèh mati dening gêni ||

7. abra sinang dahana amôngsa wana | pan dadi gunung gêni | Jugulmudha kewran | anyipta suku tunggal | Sang Raja Kaskaya nuli | muja sêmadya | tumênga maring langit ||

8. wus

--- 168 ---

abuwang pôncadriya kang cinipta | garwane widadari | kang kari ing guwa | lan kang anèng samodra | wau Ratu Angin-angin | wus katarima | Sêgara Kidul muni ||

9. anauri sêgara lor kulon wetan | barat padha nauri | gunung Mrapi obah | Rêbabu lan Sundoro | kangungrungan gunung Sumbing | mangilèn pindhah | gunung Prau nauri ||

10. Gunung Kidul ardi Kêndhêng wukir Mêdhang | gunung Agung nauri | lan ardi Pragota | myang gunung Pajajaran | Alaulu arannèki | lawan Toyamas | kabèh prasami muni ||

11. ardi Lawu gunung Pandhan wukir Bancak | Jamurdipa nauri | Iratawu munya | gunung Tumpêng sauran | gunung Kêlut mêdal api | mukul ngawiyat | udan watu karikil ||

12. Praja Ngare

--- 169 ---

ing Kuwu lawan Kasanga | Blêdhug Roban nauri | Waringin wok lawan | Dalêpih Ngrowa Nglobang | Guwa Upas lawan Pêning | myang Kabuyutan | sadaya sami muni ||

13. Karangcêlong pêtêng riwut madya gantang | saengga têngah wêngi | gurnita sauran | pracôndha alimunan | sumaput kang erawati | wor pracalita | saha gêlap anitir ||

14. angin adrês pêtêng dhêdhêt alimunan | awor kang obar-abir | angin gêng trigora | kang garwa padha prapta | sri nata pinangan gêni | nora katingal | lan garwa nèng jro gêni ||

15. nora pasah kadya siram ajêjamas | dhêmit sabrang lan Jawi | ramya samya aprang | gumêrah ngawang-awang | dhêmit sabrang wus kajodhi | binuru sirna | karane wong ajurit ||

16. lamun kawon dhêmite manungsa gampang | kunêng garwa

--- 170 ---

winarni | widadari gangsal | kanêm ratu samodra | kang nama Raja Ngin-angin | bala jim wêndran | kêbêg dharat wiyati ||

17. para garwa mèsêm angandika paran | kasusu gêgitani | Sang Raja Kaskaya | ngaras garwa ginantya | yayi padha sun aturi | tulungên ingwang | sirêpên gêni iki ||

18. lawan iki balane Si Ajisaka | kang nora kêna mati | yayi pa mulanya | Sangkaningrat tur sêmbah | istijratipun Idajil | pangwasa sulap | kalih kang boya urip ||

19. saking malaekad Idajil punika | dèn cêkêl asta kering | yayi sun tan wikan | matur garwa sadaya | jêr ika dipun alingi | ing gurunira | pun malekad Idajil ||

20. nulya sami angling sang garwa sadaya | têrang lir padhang sasi | lah ta dawêg kangmas | lêpasana warastra | kawula samur panêpi | sigra

--- 171 ---

amênthang | gandhewa saha lungit ||

21. dawêg kangmas sampun amindhoni karya | anulya dèn lêpasi | saksana lumêpas | astra guwawijaya | sarêng paniraming gêni | Ki Ajisaka | sêsumbar amêlingi ||

22. nura pira ingkang ngarsa dadi nata | lêbur ajur kabêsmi | hèh lêlêmbut sabrang | payo miliha lawan | gapyuk campuh aprang malih | atêtumpêsan | lêmbut sabrang kajodhi ||

23. migunging rat gumiwang bumi lir koplak | mobah lumebak ardi | kadya mijah-mijah | udan awu drês tiba | aniram watu karikil | wor drêsing toya | bêsmi tawa wus mati ||

24. Prabu Jaka wruh Sri Mapunggung katingal | mêrpêki padha siji | payo Daniswara | aja angadu bala | Sri Mapunggung lir sinêbit | talinganira

--- 172 ---

aja sira ngoncati ||

25. toya urip wus ilang katut warastra | sarêng sirna kang gêni | toya urip tiba | Sagara Kidul nulya | rinêksa Ratu Ngin-angin | sasirnanira | gêni padhang wiyati ||

26. lêlêmbute wus kalah sagêndhingira | Ajisaka kajodhi | angadu pangwasan | pangabaran kuciwa | ngadu kaprawiran sami | wus katadhahan | Ajisaka sigra ngling ||

27. payo ngadu siyunge Bathara Kala | anulya gênti kêris | sayah gênti panah | gantya sipat-sinipat | Sang Ajisaka katitih | nulya nêrajang | ngadu karosan sami ||

28. apan banting-binanting buwang-binuwang | gêlut gênti nèng nginggil | midêr aling-lingan | Ajisaka cinandhak | tininggil arsa binanting | nglowong kang asta | Ajisaka tan kèksi ||

--- 173 ---

29. sirna musna ilang gampang narawita | lawan kadhatonnèki | bupatine dhomas | ya binêkta sadaya | kang sumur dhomas tan kari | samya binêkta | têrtantu dalah mangkin ||

30. nagri Mêdhang dalah mangke larang toya | ilange Sakaaji | rinêbat malekad | Idajil lanatolah | tansah dipun wêwarahi | hèh putuningwang | dèn narima ing pasthi ||

31. ya wus ganêp mêngko putu tigang warsa | mulih kang duwe lami | turun Ratu Jawa | tan kêna sinawawa | gonana pêsthining Widi | wawêngkonira | ratu siluman kaki ||

32. dadya bangsaningsun anunggal lan ingwang | wawêngkonira kaki | sakèh dhêmit sabrang | nanging sira nèng Jawa | yèn tan ngawulaa kaki | mring Ratu Jawa | amasthi nora kêni ||

33. iku poma aja wani [wa ...]

--- 174 ---

[... ni] kaki sira | Ajisaka anangis | jro nala nalôngsa | yèn pinardi tan susah | tata tita kang winarni | wadya ing Mêdhang | kang ngumpulkên ki patih ||

34. Sang Dipati Tênggêr datan milu muksa | têluk gustining lami | tanapi ni rôndha | sakèh tumut aseba | katarima bêktinèki | wus ingapura | pan ora dèn owahi ||

35. sasirnane Ajisaka anyeluman | tulus jumênêng aji | kèringan rat Jawa | tanah sabrang aseba | kèdhêp sagunging kumêlip | lan lêmbut tanah | Jawa samya angabdi ||

36. ratu dibya sumbaga kèringan ing rat | kang wadya ajrih asih | tur pinudya-pudya | sumuhun wadyatôntra | kêkah palamarta adil | lumrah aloba | dana siyasat aji ||

37. kadhatone angalih ing kidul [kidu ...]

--- 175 ---

[... l] wetan | kilèn ing Dêmak uning | sinung nama Mêdhang- | paramêsan Diningrat | dasanamanira aji | sang tri prakara | sajuga kang wêwangi ||

38. Raja Daniswara lan Prabu Kaskaya | tri Sri Mapunggung nênggih | garwa kanêm raja | Ngin-angin nèng samodra | Sagara Kidul purèki | garwa panuwa | Sangkaningrat pinaring ||

39. nênggih nama wau Sang Ratu Mamênang | Sêkaringrat pinaring | nama Ratu Wetan | Dèwi Rêtnadiwatya | Ratu Êlèr ingkang nami | Ni Gôndaswara | Ratu Kulon rannèki ||

40. Dayasmara jumênêng Ratu Panêngah | sami nurunkên aji | pan têdhak-tumêdhak | dhatêng Pajang Mataram | ratu têdhak widadari | pan putri dhomas | garwa paminggir kingkin ||

15. Asmaradana

1. dasanamaning narpati | katiga amawi

--- 176 ---

sawab | mracekaa kang apaos | kang dhingin Raja Kaskaya | lan Raja Daniswara | ping tiga Sri Mahapunggung | patut Patih Jugulmudha ||

2. patinggine Rajaniti | êmban Raja Khapa-khapa | Salokantara jêgsane | kêbayan Ki Undhang-undhang | Sang Raja Suryangalam | Jêksanagara pikukuh | kang mutus bênêr ran Pringga ||

3. anyêkêl adil nagari | nganggit sêrat Suryangalam | katêlah kangge samangke | dadi ugêring nagara | tan sisihên bênêrnya | datan ana kang marunggul | wau Raja Suryangalam ||

4. sri bupati nganggit-anggit | Jugulmudha pra niyaka | anggite ginadhuh kabèh | ran nagri Mêdhang prasamya | kuthane winastanan | Sêlamapan aranipun | kadhatone ingaranan ||

5. Dupara aranirèki | arane taman [ta ...]

--- 177 ---

[... man] karêman | manawa kêkayonane | kalihan kayu lêngkara | taman asri kawuryan | nênggih pasanggrahanipun | Ratu Ngin-angin yèn sowan ||

6. panjênêngan wus alami | karta-karti kang nagara | agêmah ajêg adile | sêmana boja wiwaha | Bok Rôndha Pathukulan | Rôndha Sangkèh besanipun | ingkang turuning wanodya ||

7. iya Dèwi Rarasati | angsal Jaka Jugulmudha | ingkang amangku sang rajèng | kang mangku Ki Jugulmudha | ing Tênggêr Ki Dipatya | anêtêpakên tinandur | anèng nagri Mêdhang lama ||

8. muktine alah rumiyin | adarbe cêcangkok dhawak | kunêng kocapa ing mangke | gènira boja wiwaha | langkung gêng sukan-sukan | pêpak bupati sêdarum | pasisir môncanagara ||

9. nayub bêdhayan pra tuwin [tu ...]

--- 178 ---

[... win] | sakathahe ing tontonan | sami dhinatêngkên kabèh | pama ingkang nora nana | Ratu Ngin-angin prapta | angadêgi karya iku | pangantèn gya pinaesan ||

10. de Ratu Pamênang uning | dhasar ayu ni mas rara | karêngga ing busanane | gêlungira canthèl pisan | wasta pare kadhadhal | sru kêbak ing puspita rum | jinamangan sungsun tiga ||

11. kêbak dening sêsotya di | mirah intên jumrut nila | murub mubyar ujyalane | srêbêng wilis pinarada | patut pirit paèsnya | dhangir alis tur apatut | ragi nata tatembokan ||

12. sipat sigana rarasing | sêngkangipun nata brôngta | intên mancur panunggule | kalih sisih sêsupenya | badhonge sungsun tiga | nayakane murub mancur | kasêmbuh soroting netra ||

13. wênês wuryaning [wur ...]

--- 179 ---

[... yaning] asisig | gônda wida jênar ngambar | sutra wungu pamêkake | pinarada las-alasan | abinggêl gêlang kana | kêlat bau sungsun têlu | botor ingukir binggêlnya ||

14. kampuh jingga pinrada sri | sinjange pathola rêkta | kurang côndra luwih yune | lênglêng wong pura tumingal | kang maèsi ki patya | Raja Ngin-angin apatut | dhasar wong bagus pasaja ||

15. wus paès sowan sang aji | pra bopati ngiring samya | Dipati Tênggêr pungkure | kang minôngka mangku karya | kang angirid ing lampah | Ratu Ngin-angin pan mungguh | nitih joli tan katingal ||

16. agumêr pênuh bala jim | iya nanging tan katingal | amarapit jajarane | pênuh janma anêningal | tênagane grèg-gregan | lampahe kèn [kè ...]

--- 180 ---

[... n] enggal laju | wus prapta ing pagêlaran ||

17. lumêbu Ratu Ngin-angin | para ratu wus kapanggya | Ratu Mênang mèsêm linge | bok bisanjung atômpaa | ing pangantèn sumôngga | Ratu Mênang tômpa sampun | nulya katur sri narendra ||

18. Ratu Kidul andhingini | kondur dalêm kapatihan | badhe manggihi tamune | sri narpa badhe têdhaknya | lan pra garwa sadaya | pangantèn wus mangkat sampun | prapta dalêm kapatihan ||

19. kang mêthuk Ratu Ngin-angin | lan Ni Rôndha Pathukulan | myang garwa bupati kabèh | Jugulmudha rada mênggah | ajrih ing gustinira | Ratu Ngin-angin amuwus | pondhongên ja taha-taha ||

20. pangantène èstri isin | mogok tanpayun lumampah | pra ratu ngandika kabèh | Jugulmudha [Jugu ...]

--- 181 ---

[... lmudha] lah majua | pondhongên rabènira | tirunên gustimu prabu | aja wêdi mring wanodya ||

21. maju pinondhong sang dèwi | anangis angayang-ayang | Ratu Pamênang dêlinge | angandika api duka | ja wangkot babo sira | ni rara ajrih anutut | binêkta mring dalêm pura ||

22. wus prapta jajar alinggih | sang rêtna mungkur kewala | kang tumingal padha jomblong | dene èstrine yu endah | tanbuh polahe samya | kèh wong tyasira kadaud | kang jalu bagus utama ||

23. wus têdhak sri narapati | maring dalêm kapatihan | kadi Yyang Asmara tinon | kocap dalêm kapatihan | Jugulmudha amapag | sampun manjing puranipun | pra garwa samya amapag ||

24. pinarêk ing dalêm puri | ingayap ing para garwa |

--- 182 ---

tarap bopati somahe | sampun surup sang yyang arka | gumanti padhang wulan | enggar ingkang para arum | sang narpa miyos mandhapa ||

25. Jugulmudha dèn timbali | lawan bupati sadaya | sampun kinèn minggah kabèh | sang nata lênggah dhêdhampar | badhaya dalêm mêdal | pra bopati samya mungkur | lêkas muni kang pradôngga ||

26. langkung dene ngasih-asih | têmbanging badhaya sêmang | dangu suwuk pradanggane | pan badhaya kapatihan | wau kang kinèn minggah | kinanthi kinarya pupuh | wus dangu suwuk gumantya ||

27. bêdhaya kari anuli | tinimbalan kinèn minggah | Raja Suryangalam mangke | lêkas kulanthe pupuhnya | wus dangu suwuk nulya | wau ta bêdhayanipun | Raja Khapa kinèn minggah ||

28. nulya pradanggane muni | pupuh mêgatruh

--- 183 ---

kinarya | wus dangu suwuk gêndhinge | anulya ingkang gumantya | pan samya pra bopatya | anulya bêdhayanipun | Rajaniti kinèn minggah ||

29. wus dangu suwuk anuli | badhaya Salokantara | wus minggah mungêl gêndhinge | jurudêmung pupuhira | wus suwuk kang gumantya | wau ta badhayanipun | Ki Tumênggung Undhang-undhang ||

30. wus minggah pradôngga muni | dangu suwuk kang gumantya | pra bopati badhayane | wus têlas nulya gumantya | wadya môncanagara | miwah pasisir sadarum | têlas nulya sewagara ||

31. pradôngga dalêm kang muni | alokipun bata rêbah | kêplok angadhasih rame | nulya jumênêng sang nata | ingkang ngladosi bêksa | Raja Suryangalam patut | baguse mèmpêr sang nata ||

32. kêplokipun angadhasih |

--- 184 ---

aloke ambata rêbah | tan asor padha wignyane | èsmu sor Ki Suryangalam | gantya nôngga dhêdhasar | larih-linarihan sampun | sri nata mengo angiwa ||

33. sarya angêmêk sêsumping | mèsêm sakèh para garwa | tan marèni panthelange | kundur pinarak dhêdhampar | Jugulmudha ngandikan | kinèn bêksa mêngsahipun | wau Raja Khapa-khapa ||

34. aganti larih-linarih | wus mundur samya anêmbah | Rajaniti sampun saos | tandhing lan nagara krama | nora nana kuciwa | ganti larih nêmbah mundur | nulya Tumênggung Dhang-undhang ||

35. kinèn maju wus atandhing | lan Tumênggung Lokantara | gènnya bêksa gèsèh bae | kang jêksa miwah kêbayan | gêmbong-ginêmbong gantya | mèsêm sang prabu [pra ...]

--- 185 ---

[... bu] andulu | pra dipati suka-suka ||

36. wus nêmbah amundur sami | alêlucon kanthèn asta | dyan kancane maju kabèh | jaksa amêngsah kabayan | aramya rêrusuhan | sukaning wong lir rumuhun | para mantri sumyak-sumyak ||

37. wus nêmbah amundur sami | nulya ingkang tinimbalan | Dyan Arya Asthabratane | lawan Arya Asthapraja | karo iku santana | sami wignya bêksanipun | wurukanira sang nata ||

38. bêksa sodor carabali | bêksa jêbêng miwah kasar | bêksa panah miwah tamèng | anêlasakên tênaga | kacaryan ingkang mulat | wus nêmbah prasamya mundur | gumantya para bupatya ||

39. wus têlas aganti-ganti | anulya môncanagara | lawan pasisir tandhinge | wus têlas nulya gumantya [gu ...]

--- 186 ---

[... mantya] | mantri-mantri sadaya | wus têlas kondur sang prabu | pra garwa kantun sadaya ||

40. tatanipun kadya wingi | wus prapta ing dalêm pura | kapatihan winiraos | lah karia Jugulmudha | muktia ing asmara | besan ngujung pamit mantuk | Raja Ngin-angin angucap ||

41. botên ngêntosi nêmbrami | inggih mêndhak winangsulan | wus kundur kang kari mangke | Ratu Ngin-angin pamitan | karia Jugulmudha | wus kundur ingkang winuwus | ki pêngantèn Jugulmudha ||

42. angrarêpa mring kang rayi | ingêmban mring pasarean | angrarêpi srênggarane | lir bramara ngingsêp sêkar | tutug karon asmara | tan winarna polahipun | prasamya asih-sinihan ||

43. sadalu nora aguling | adangu lamun winarna | gancanging carita mangke | sampun lami nèng nagara | nagara [na ...]

--- 187 ---

[... gara] langkung karta | tanah Jawa wus angratu | nagri ing sabrang aseba ||

44. mêngsah nora na kuwawi | kalungguhan jangkanira | Kitab Musarar ungêle | mangkana sri naradipa | wit ngadil babênêran | dalasan mangke tumurun | ana Layang Jugulmudha ||

45. lan Raja Khapa-khapèki | lan Layang Salokantara | lan Layang Undhang-undhange | Sri Mapunggung Kamadaka | kang nganggit Asthabrata | Layang Nitisastra iku | Ki Apatih Jugulmudha ||

46. lan Layang Asthabratèki | sadaya samya arêmbag | purwa bênêr dhewe-dhewe | Rajaniti Khapa-khapa | Dhang-undhang Lokantara | nganggit dhawak-dhawakipun | miwah Raja Suryangalam ||

47. sêmana sampun alami | para garwa wus pêputra | Ratu Pamênang putrane | pambajêng yune araras | wahdat tilar ibunya [i ...]

--- 188 ---

[... bunya] | dadya widadari iku | kang rayi jalu sajuga ||

48. langkung warnanira pêkik | angungkuli ingkang rama | binadhe gêntèni katong | jumênêng pangran dipatya | Ratu Wetan putranya | jalêr sampun dados ratu | tinandur Bali putranya ||

49. Ratu Lèr wus madêg aji | tinanêm ing Balambangan | Sang Ratu Kulon putrane | jalu tinandur Palembang | Ratu Kidul putranya | jalu madêg Madurèku | Ratu Panêngah putranya ||

50. jalu sampun madêg aji | tinandur Nusatalian | ingkang mêdal ampeane | jalwèstri sampun sinungan | nagara dhawak-dhawak | raja patih garwanipun | sampun apêputra lanang ||

51. sakalangkung dening pêkik | winastan Radèn Kunthara | gancangakên caritane | sang nata sêpuh wus muksa [mu ...]

--- 189 ---

[... ksa] | ingkang putra gumantya | pan sampun jumênêng ratu | juluke Sri Kandhiawan ||

52. Kunthara kinarya patih | anake Ki Jugulmudha | tulus ing panjênêngane | sang prabu sêpuh wus muksa | kagêntèn ingkang putra | têtêp nora nana mungsuh | dasanamaning narendra ||

53. Sang Prabu Kêlapagadhing | wus muksa kagêntèn putra | awasta Sang Prabu Ngandong | sapuluh windu laminya | angsal patang turunan | wau sangking Sri Mapunggung | nuli nagarane rêngka ||

54. sakala nora na aji | nuli wontên panjênêngan | Sri Andongwilis wastane | seda kagêntenan putra | Sri Bankêling ranira | kagêntèn Sri Majajalu | wus sirna pan kagêntenan ||

55. Sang Sri Ngawu-awu Langit | panjênêngan jangkêp papat | sapuluh windu lamine |

--- 190 ---

nuli rêngka kang nagara | Ratu Tunggul gumantya | wus sirna kagêntèn ratu | nênggih Mêdhangparamêsan ||

56. Mêdhangpramêsan ping kalih | dudu Mêdhang wetan Dêmak | sirna kagêntèn putrane | aran Nata Selaraja | sirna kagêntèn putra | Ratu Mundhingwangi iku | turun pat kang panjênêngan ||

57. sapuluh windu anuli | ya nagaranipun rêngka | Mundhingsari kang gumantos | sirna kagêntèn kang putra | Raja Jalasêngara | sirna kagêntèn nakipun | Sri Gilingwêsi arannya ||

58. sirna putrane gumanti | Prawatasari ranira | nulya rêngka kadhatone | sapuluh windu kratonnya | nulya kagêntèn nata | Sang Aprabu Wanasantun | sirna putrane gumantya ||

59. Ratu Laleyan rannèki | sirna kagêntenan putra | Sri Sanasèwu arane [a ...]

--- 191 ---

[... rane] | dyan sirna kagêntèn putra | wasta Raja Tanduran | jangkêp kraton papat iku | nuli nagarane rêngka ||

60. sirna kang putra gumanti | wasta Raja Majarata | sirna kagêntèn putrane | awasta Ratu Katôngga | sirna kagêntèn putra | wasta Ratu Ngumbulsantun | sirna putrane gumantya ||

61. aran Ratu Padhangangling | nuli nagarane rêngka | sapuluh windu kratone | panjênêngan ratu papat | nuli kagêntenan nata |[12] Ratu Parambanan iku | sampun aputra lêlima ||

62. Panuwun pambayunnèki | among tani pakaryanya | Sandhanggarba panggulune | pan adagang karyanira | Karungkala panêngah | saba alas karyanipun | sumêndhi Pêtungmalarat ||

63. pan adèrès karyanèki | Rêsi Gathayu rinira | asoaning pakaryane | wau

--- 192 ---

kang putra lêlima | wus jinênêngkên nata | Ki Gathayu dadi ratu | tani pantun bêktanira ||

64. angaturi sabên warsi | Sandhanggarba dipun karya | ratu wong adagang kabèh | pan awisma ing Jêpara | Karungkala kinarya | angrèh kalang jagal iku | sabên warsa bêktinira ||

65. angaturi panggang gênti | lan pagêbêr sabên warsa | wus lama panjênêngane | nagara gêmah raharja | sampun wradin sadaya | sasedane ramanipun | Rêsi Gathayu gumantya ||

66. kakange samya ngaturi | bulubêkti sabên warsa | Rêsi Gathayu nagrine | Ngandongijo ping kalihnya | Karungkala Prambanan | ya Mêdhangpramêsan iku | Sri Gathayu nêm putranya ||

67. pambayunipun pawèstri | Rara Suci Wanosaba | Lêmbuluhur panggulune | Lêmbumardadu pranaja | nuli Lêmbupangarang | Lêmbumarjaya [Lê ...]

--- 193 ---

[... mbumarjaya] rènipun | wuragile Rêsi Wôngsa ||

68. èstri warnane yu luwih | Lêmbumiluhur wus dadya | Ratu Andongwilis mangke | nênggih kang kaping tiganya | iku dudu ing Mêdhang | Mêdhangparamêsan iku | iya nagri ing Jênggala ||

69. gih puniku Bonakêling | sakiduling Surapringga | Lêmbumardadu nagrine | ing Kadhiri arinira | aran Lêmbumangarang | ing Gagêlang nagrinipun | wondene Lêmbumarjaya ||

70. nagrine ing Singasari | Ni Prêgiwôngsa wus krama | Pudhaksatêgal nagrine | anggancangakên carita | sang prabu ing Jênggala | besanan lan arènipun | narendra sakawan pisan ||

71. Prabu Jênggala wus lalis | sumèlèh ing putranira | kapirencang pangaptine | iya Panji wus ginantyan | ya Sang Ratu Laleyan | wus jangkêp sadasa windu |

--- 194 ---

nuli nagarane rêngka ||

72. wus muksa ingkang gumanti | putra sêpuh ingkang nama | Dyan Banjaransari mangke | dadya ratu tanpa karya | nagaranipun rusak | wong Jawa bubar sadarum | padha ngadêg dhawak-dhawak ||

73. langkung prihatin sang aji | Banjaransari awirang | dhumatêng padewane |[13] dadi ratu tan kèringan | nagaranipun risak | akèh sêngara kadulu | larang sandhang larang pangan ||

74. gêring esuk sore mati | têtumpêsan wong Jênggala | kang gêsang sami angalèh | sampun samun kang nagara | ilang sêmuning praja | sakèh desa padhang suwung | dhatêng praja dadya wana ||

75. têtunggone tanah Jawi | ingkang angkêr samya musna | grahana wulan srêngenge | tanapi raditya kêmbar | gonjing kêrêp lindhunya | udan ngin salah môngsèku [môngsè ...]

--- 195 ---

[... ku] | lamun katiga adawa ||

76. lintang kumukus bar-abir | akèh jajal kang kapirsa | lêlêmbut wus awor uwong | gunung guntur alorodan | tanêm tuwuh tan mêdal | tiga dawa lêbu lêtuk | aciri wanara galak ||

77. kêkere kathah nglangkungi | praja sêpi ingkang munya | pêksi dokan lawan darès | pêksi kadhasih sauran | lan pêksi las-alasan | dalu bêluk blêkêtupuk | ason-ason lawan cabak ||

78. Sri Nata Banjaransari | dadya ratu maksih lamban | dinawakkên caritane | yuswanira sri narendra | sawêk patbêlas warsa | abagus cahyane mancur | anuruni ingkang eyang ||

79. kalangkung ngrudatin galih | tan adhahar tan anendra | dalu anaritis sare | bantale banon sarimbak [sa ...]

--- 196 ---

[... rimbak] | dyan katurunan dewa | swaranipun kang karungu | tinggalên nagaranira ||

80. nèng kene tan dèn lilani | nagaranira wus tuwa | mentara mangulon age | besuk sira dadi nata | asêkti mahabara | wignya sumbaga dibya nung | kèringan rat tanah Jawa ||

81. miwah sawarna kumêlip | lalêmbut jim parayangan | setan samya ngèngèr kabèh | lawan sira pinaringan | dening Yyang Girinata | kasêktèn tingal kang têrus | wruh sadurung winarah ||[14]

82. lan arabi widadari | ing Galuh nagaranira | mêngko ta durung mangsane | maksih ginaib dening Yyang | mêngko manguna tapa | guwa Têrusan ranipun | ing jro guwa lir nagara ||

83. ku besuk margamu kaki | gènira jumênêng nata | ênya iki kasêktène | sipate

--- 197 ---

Bathara Gana | awas tan kêna kilap | wruh jim setan lan lalêmbut | wus karia wisataa ||

84. yyang kaki sintên nuruni | ya ingsun Sang Yyang Naradha | kang among luhurmu kabèh | wus kaki nuli kentara | Yyang Naradha wus musna | Sang Nata Banjaransantun | arsa tilar kawibawan ||

85. dyan panakawan kêkalih | tur samya santananira | ginugah turu dagane | Sangulara Sangubrôngta | kakang padha tangia | kagyat gustine kadulu | nyana pinaring panganan ||

86. rarêbutan rêbut ngarsi | Banjaransêkar ngandika | nora marèni wong kiye | marmane padha sun gugah | ingsun datan angsung boja |[15] sira padha ingsun tantun | ingsun arsa tilar praja ||

87. karanta sun wirang isin | dadya ji nora kèringan | pracihnane gêring

--- 198 ---

gêdhe | apa sira mèlu mringwang | yèn nora aja sira | awêwarta ariningsun | yèn jarwa nêmu supata ||

88. nêmbah panakawan kalih | karsa mring pundi paduka | nora na sun sêdya mangke | ngupaya marganing pêjah | yèn makotên kawula | botên sêdya niyat tumut | sampeyan dhahar piyambak ||

89. eca wontên ing nagari | sêpa-sêpi mangan enak | Sangubrôngta lon ujare | kakehan carèwèt sira | nora pinêksa-pêksa | ngandika Banjaransantun | sira apa milu ingwang ||

90. gih gusti sampun kuwatir | nuhun puntên sapunika | dawêg sakit gêring gêdhe | dhatênge kantun sawulan | anulya dipun tilar | padha langar sira iku | wisata mijil sing pura ||

91. gusti paduka antosi | dagangan lagya inganyang | anulya [anu ...]

--- 199 ---

[... lya] ginawa mulèh | lampahe sri naranata | lir dinulur Yyang Suksma | panakawane tut pungkur | kang rayi papat tinilar ||

92. mêksih taruna apêkik | kunêng pura kang kocapa | Banjaransari lampahe | wus têbah katiwang-tiwang | têngah dalu wayahnya | murang marga lampahipun | wus angambah ing padesan ||

93. muni si wong anigasi | lêbak pasawahan samya | wong kang têtunggu arame | ingkang kacaryan miyarsa | thuthukan asauran | punang talu tak gêr barung | sundari munya kanginan ||

94. abarung kitiran muni | sundari lir tangising dyah | rinabasèng de kakunge | wong tunggu asawah ramya | sona munya umirah | loke rame sinrang dijung | aramya asuka-suka ||

95. kunêng winarna

--- 200 ---

sang aji | lampahe amurang marga | kapungkur pasawahane | angambah wana gêrotan | atêrjung marga pringga | tan kêna ngambah asingub | saking nagara wus têbah ||

96. byar raina sri bupati | silum kalêsan araryan | Selasumaya namane | kaecan warih katingal | asare pinijêtan | dening panakawanipun | kawarnaa ing nagara ||

97. sasrangan samya ngulati | dene tan gawa parêkan | gumêrah tangis kadhaton | dene tan ana winartan | sakèhe wong jro pura | kinèn ngulati sadarum | kocapa rahadèn putra ||

98. sumusul raka ngulari | amrih cidra karsanira | siluman ja na wruh wonge | kentar dalu mêgad trêsna | sing pura wus wisata | nora na janma kang wêruh | murang marga nusup [nu ...]

--- 201 ---

[... sup] wana ||

99. kang tinilar angulati | raryan anganti wênginya | wus surup ingkang gumantos | sasôngka mêlok padhangnya | purnama nuju kapat | ya ta rahadèn tumurun | saking ing wrêksa lumampah ||

100. mung raka kaciptèng galih | wau rahadèn sakawan | sakêlangkung prihatine | mring raka kang tilar pura | Dyan Putra Amongsêkar | lawan Kuda Jayèngsantun | Jayèngrêsmi arènira ||

101. Lêmbupangarsa wuragil | samyèsmu tangis sadaya | merang wangsula lampahe | langkung panunggalan marga | Banjaransari wikan | Banjaransari lumaku | awas dulu tan katingal ||

102. pinrih wangsula kang rayi | karan wisata siluman | kasimpar têbih arine | winarna Banjaransêkar | katiwang sangsaya

--- 202 ---

têbah |[16] manjing jurang malbèng têrjung | tan kèndêl munggah ing arga ||

103. nora dhahar nora guling | lumampah dalu lan siyang | panakawan nangis bae | gusti lah dawêg araryan | gusti pundi sinêdya | angandika sang aprabu | biyèn mula ingsun warah ||

104. padha balia nagari | mupung dèrèng pati têbah | hèh bosên cok nundhung bae | karanta padha mênênga | sun golèk marga pêjah | niba curi glundhung gunung | dèn pêpati saliranya ||

105. buron wana kidang kancil | samyajrih padha rumêksa | ngundang-undang ing kancane | gusti aja kongsi tiwas | dadi apa ta sira | kêna papa cintraka gung | wus pituduhing Yyang Suksma ||

106. Sri Nata Banjaransari | mêsu tingal munggah guwa | rêsik wiwara jawine | lir alun-alun [alu ...]

--- 203 ---

[... n-alun] arata | pinggir kèdêran wrêksa | pasar Dièng ngajêngipun | wong kang tan antuk karyanya ||

107. guwa iku nora kèksi | sayêkti guwa nyeluman | ya katingal alas bae | mêngkana sri naradipa | wus manjing jroning guwa | panakawan atut pungkur | jro guwa rêsik awiyat ||

108. Sri Nata Banjaransari | tingalira sinung padhang | karuan rina wêngine | datan kadya anèng guwa | guwèku kadhatonnya | Ratu Sindhula ing Galuh | sampunnya ningali guwa ||

109. sawadyabalane sami | lan guwa iku duk kuna | Sri Mapunggung pratapane | dhasar wus dadya kadhatyan | pamêrit guwa papat | jro pamêrit tamansantun | banjaran sri bêbanjêngan ||

110. padusaning widadari | luwih asri [a ...]

--- 204 ---

[... sri] yèn kawuryan | nagasari banjarane | satêngah taman akêmbang | aran gêdhong kawaca | ngrawit cinitrèng mas murub | langsene sri pinapajang ||

111. ngukir pinatik rêtna di | kumala lawan sêsotya | muncar-mancur ujyalane | dene sajawining lawang | manguntur srimêngantya | bangsal kêmbar ngapit pintu | gopura gung tundha sanga ||

112. sadaya sami ingukir | pinatik ing nawa rêtna | mirah intên lan widure | tiningalan murub padhang | sri narpa langên mulat | pasang rakite puniku | anglir kadhaton suwarga ||

113. sang nata manjing ing kori | kidul prapta bêbanjaran | sarwa sari lênglêng anon | botrawi ngidêri sanggar | pagêr cinandhi raras | pinarigi tinon patut | angidêri kang jong mirah ||

--- 205 ---

114. tur padha isi wratsari | banjaran sari angambar | mrik kang wangi kasturine | kasilir ing samirana | lir ngatag sêkar mêkar | mèdêm sumyar mrih ganda rum | pajêng pingul-piningulan ||

115. amrik ingkang sarwa sari | asri patut gapuranya | pinindha supit urange | sanggar sisik pasêkaran | toya muncar nirmala | kèh toyanjog tamansantun | yèn tinon kadya garudha ||

116. ana umbul hèr mutah ning | anglir papêcut mring naga | muncar-mancur ting pancorot | anglir sarpa tambang toya | lir pujôngga katingal | tirta mijil saking tutuk | parang èsthi mijil toya ||

117. tètèsira anut gadhing | kadi liman wus katingal | sakèh tirta taman joge | tiningalan lir siluman | jro pintu rêsmi papat | sajuga [saju ...]

--- 206 ---

[... ga] mring pura iku | kang sawiji maring sanggar ||

118. sawiji mring tamansari | apatut pasang rakitnya | taman wetan sanggar kulon | kang kidul kori mring pura | nging kinunci kewala | kang kapirsa amung banyu | gumrènjèng kang anjog taman ||

119. rêsmi ingkang sarwa sari | sang natarsa dhatêng taman | tindak lan panakawane | saking sanggar pamêlêngan | anjêngêr dulu taman | kawuryan kang sarwa santun | kèndêl gènira tumingal ||

120. satuwuk dèrèng ningali | rêsmine kang sarwa sêkar | mandhêg andulu rarase | tirta wangunan sarya dyah | sari sarêng ambabar | sumilir sumrik ganda rum | katut dening ing maruta ||

121. tapas witana lit-alit | cinitrèng mas murub muncar | pinatik intên widure | kadya sasôngka gumêbyar | tinatrap [ti ...]

--- 207 ---

[... natrap] nawa rêtna | pinanjang langse kumêndhung | puspita nêdhêng gandanya ||

122. amrik gandanya sumilir | jong mirahe mancur-muncar | sadaya gêdhah ginawe | kang sabaris gêdhah seta | sabaris gêdhah rêtna | sabarisnya gêdhah wungu | gêdhah wilis sabarisnya ||

123. lir kaswargan tamansari | sri nata mêdal kacaryan | alangan dening rêsmine | dyan minggah gêdhong kawaca | pintu rêsminya mênga | awingit gêdhong puniku | korine amung satunggal ||

124. tan mênga laminirèki | mung puniku mênga dhawak | gêdhong puniku kang darbe | widadari kamanungsan | Ratu Galuh nagrinya | balèstri ayu sadarum | sumbaga prawirèng yuda ||

125. nanging ta mêksih ginaib | nangrine dèrèng katingal | maksih katon wana bae |

--- 208 ---

Ratu Galuh lamun siram | Gara Kasih pêndhaknya | nulya sare gêdhong iku | wontên kanthile kancana ||

126. kunêng winuwus sang aji | wus manjing gêdhong kawaca | tumingal kathil mancorong | kathil mas pinatik rêtna | rintên dalu apadhang | mangun tapa sang aprabu | sare kathil amêmuja ||

127. nêdha sih dewa kang luwih | mêsu tingal kang sampurna | nêkung sêmèdi êninge | pan anêgês karsaning Yyang | kang amurwèng paningal | angraga suksma wus jumbuh | raga suksma wor dewanya ||

128. iya iku dudu iki | nging minôngka pasênêtan | araning manungsa kiye | awasa ana ing dunya | ngakir pasthi tan kilap | yèn tan padhang nèng dunyèku | benjang akir pasthi gagap ||

129. bêcik dunya bêcik ngakir | sigêgên sri naradipa |

--- 209 ---

kang rayi pan winiraos | ingkang nusul mring kang raka | manjing wana gêrotan | manjing jurang munggah gunung | nora dhahar nora nendra ||

130. araryan sarira anglih | anèng Selasumayana | kendra warih nirmalane | jroning we kathah kawuryan | mina kèh samya ngambang | nèng tirta mrih mangsanipun | punang sata rak-arakan ||

131. paksi kang anungsung warti | nêrang wau sang atapa | kang ngandhap-andhap marangke | lir kadya pitutur ika | turing paksi kukila | lumiyat kang lagya rawuh | rawuha sang pêksi johan ||

132. jawane yèn satriya di | adining paksi kadhawa | anggawani ing mangsane | mangsah palatuk tur warta | kadhasih asisihan | kapodhang angadhang wuwus | wus prapta kang pêksi larwa ||

--- 210 ---

133. jarwane sang lagi prapti | sang prapta kèn lumarisa | lumaris alon lampahe | araryan anon bêbawan | anyar anurut marga | ing iring-iringing gunung | gunung nginggil binabadan ||

134. taru buana gêng aking | kayu katunu ambranang | abra asri tandurane | apan sami warna-warna | warna atata-tata | têtunon têka mandhuwur | dhuwure lir paksi nila ||

Catatan kaki:

1. dokokên. (kembali)
2. Kurang satu suku kata: anêlasakên kambangan. (kembali)
3. Seharusnya Hal. 111. (kembali)
4. unggyanira. (kembali)
5. Kurang satu suku kata: iya sacara-caraning rêmbag. (kembali)
6. dening. (kembali)
7. Lebih satu suku kata: iya Tumênggung Sloka-. (kembali)
8. Kurang satu suku kata: pan tumênggung undhang-undhang malih. (kembali)
9. Kurang satu suku kata: mênang prang prasasat kalah. (kembali)
10. Kurang satu suku kata: asrang umung gong lawan bèri. (kembali)
11. Kurang satu suku kata: ambindi namsir padha anumbak. (kembali)
12. Lebih satu suku kata: nuli kagêntèn nata. (kembali)
13. Kurang satu suku kata:dhumatêng ing padewane. (kembali)
14. Kurang satu suku kata: wruh sadurunge winarah. (kembali)
15. Lebih satu suku kata: ingsun tan angsung boja. (kembali)
16. Lebih satu suku kata: katiwang saya têbah. (kembali)