Punika Sêrat Ajisaka, ingkang kadamêl bêbuka cariyos rumiyin, putranipun Sang Prabu Watugunung, anama Prabu Sindhula, ngadhaton wontên nagari Sagaluh. ||
Lajêng kagêntosan ingkang putra nama Prabu Dewatacêngkar, ngalih kadhaton dhatêng nagari Mêdhangkamulan.
Lajêng kasêlan kagêntosan Prabu Ajisaka, laminipun 3 taun.
Sarêng sampun dumugi 3 taun lajêng kagêntosan Radèn Daniswara, inggih punika putranipun Prabu Dewatacêngkar, ngantos turun-tumurun dumugi kraton ing Jênggala.
--- [0] ---
Ajisaka N: 24
--- 1 ---
[Tanda tangan]
1. Sinom
1. wit nêdhak darwa sri nata | ri Soma jam pitu enjing | măngsa karo ingkang surya | ping pitulas Madilakir | Jimakir tinêngraning | nêmbah luhur ngèsthi tuhu |[1] wuryaning kang pustaka | Ajisaka duk ngêjawi | saundure nyakabat Jêng Rasullulah ||
2. nèng nagri Mêdhangkamulan | jumênêng sri narapati | gumantyèng Dewatapêncar |[2] wit mênang dènnya mrih jangji | sêmana nusa Jawi | dungkap pitung atus taun | wêradin tanah Jawa | wana binabadan brêsih | nging dahuru rêsah dèrèng wontên nata ||
3. pèt-pinèt lakuning janma | singa ingkang rosa olih | agamane tata Buda | kayu watu kang pinuji | ri sêdhênging mongsèki | Hyang Suksma akarya ratu | kang mêngku tanah Jawa | trahira Sang
--- 2 ---
Selaardi | tapèng guwa wus gêntur tanbuh laminya ||
4. urip datan kêna pêjah | bagus anom wignya sêkti | anom nora kêna tuwa | pan guna sumbaga sêkti | iku kinarya aji | dening Pangeran Kang Luhur | brata angraga suksma | kèdhêp saliring kumêlip | ajêjuluk Sang Nata Raja Sindhula ||
5. kèringan rat pramudita | lêlêmbut ing tanah Jawi | sami ajrih kumawula | tanpa sastra cacatnèki | jênêngira wus lami | karta-karti prajanipun | tutug sakarsanira | nora nana ingkang wani | wus pêputra sakawan pambajêngira ||
6. èstri ayu anom wadat | wus jumênêng nata dèwi | dènnya tapa madyèng kutha | winastan nusa Têmbini | bêbala samya èstri | rinya jalu bagus-bagus [bagus-bagu ...]
--- 3 ---
[... s] | nama Dewatacêngkar | kang badhe gêntosi aji | arènipun dadya Dipati Madura ||
7. aran Dewatapamunah | ari wuragil bupati | ing Bali nagaranira | Sang Dewagung namanèki | samya ngidhêp ing Jawi | tan wênang jumênêng ratu | mung bupati kewala | sabên măngsa tur ubêkti | mring kang rama nging Dewatacêngkar mungkar ||
8. wani ngrama mangan janma | sakalangkung dening musrik | tinundhung marang kang rama | akesah ngumpulkên janmi | rêmên raton pribadi | nèng Mêdhangkamulan iku | pan sampun akêkitha | wus agung wadyanirèki | sapangetan nagari têluk sadaya ||
9. ajrih samya kawon ing prang | Dewatacêngkar asêkti | arsa mungsuh ingkang rama | ari kalih tan ngrêmbagi | nging mêksa nora kêni [kê ...]
--- 4 ---
[... ni] | wus amêpak barisipun | kinêrig wong bang wetan | têngara budhal kang baris | lakung[3] agêng lir prawata gêni kobar ||
10. angirupi padêdesan | wus têlas karang paminggir | nagara Galuh kinêpang | nanging nora dèn ladèni | maksa dipun bêdhili | ingobongan wismanipun | kang rama langkung duka | anulya dipun wiyosi | aprang rame kalimput wadya bang wetan ||
11. Dewatacêngkar têragal | tumandang ngamuk pribadi | wong Galuh ajrih mapaga | piyak angungsi ing gusti | panggih sami pribadi | Sri Narpa Sindhula muwus | kaki sira elinga | sirèku pan badhe aji | anging aja kaki putra gege măngsa ||
12. sumaur Dewatacêngkar | apa jarmu sun tan wêdi | ingong sira siya-siya | arsa [ar ...]
--- 5 ---
[... sa] malês ing sirèki | narajang nyandhak bindi | mukul siyat-siyut luput | lah payo tadhahana | amalêsa padha bêcik | ingkang rama wus musna datan katingal ||
13. sirnane angraga suksma | sawadyabala tan kèksi | kutha Galuh tan katingal | kang putra dèn supatani | ja sira dadi janmi | salaha kadadèn besuk | ywa tutug madêg nata | ana ingkang malês benjing | anêlani besuk ing karatonira ||
14. kênaa ing sapu-dhêndha | ing bathara ingkang luwih | dadia buroning janma | dadia isining warih | lah iku sira anti | sira bangêt wani mringsun | Dewatacêngkar mirsa | anêlăngsa asru nangis | balang tiba nora kêna tinututan ||
15. asru tobat mring kang rama | nanging nora kêna
--- 6 ---
gingsir | ing Galuh wus katon wana | Dewatacêngkar wus eling | mupus wus madêg aji | ngalih Mêdhang ratunipun | tutug sakarsanira | ladène dhahar wong siji | sabên dina nagrine kalangkung rusak ||
16. pasisir măncanagara | yèn sowan bêktine janmi | Dewatacêngkar wus putra | jalu bagus amung siji | nora nana munjuli | kang cahya mancorong mancur | badhe gêntèni nata | lagya umur rolas warsi | ajêjuluk Radèn Arya Daniswara ||
17. yaiku pangran dipatya | langkung dènira prihatin | ingkang rama măngsa jalma | kunêng ingkang măngsa janmi | gantya ingkang winarni | nênggih Kangjêng Gusti Rasul | yèkang nayakaning rat | sineba ing sabat sami | Abubakar Ngusman Ngumar [Ngu ...]
--- 7 ---
[... mar] Ngali seba ||
18. kalima Ki Abusaka | Kangjêng Rasul ngandika ris | Abubakar Ngumar Ngusman | Ngali Abusaka sami | mentara nurut warih | narmada lit ilinipun | sakabat gangsal nêmbah | wus mentar anurut warih | pasthining Hyang nora kêna ingowahan ||
19. Ki Abusaka wus kalab | kêna ginodha ing iblis | tyasira asulewengan | tan tumêmên anglampahi | pangandika Jêng Nabi | dènnya lumaku tan kantun | tanbuh-tanbuh karyanya | nora anurut ing margi | dènnya mêdal bêndungan tinembok anyar ||
20. jro tembok ana êrinya | Busaka datan udani | sarêng napak sukunira | Abusaka kêna ngêri | sakit andhepok siti | karsaning Hyang nulya
--- 8 ---
rawuh | Idajil lanatolah | mapagkên ngarsanirèki | sarya ngucap Abusaka putuningwang ||
21. arsa maring ngêndi sira | Sang Abusaka nauri | tuwan sintên dene wikan | dhatêng amba gya nauri | apa kaluwih mami | yèn tan wruha ing sirèku | sira ingkang sakabat | ing kangjêng andika Nabi | Rasullulahu wangalèhi wasalam ||
22. ingutus mirsa narmada | ilènipun dene cilik | rowangira Abubakar | Ngumar Ngusman Bagendha Li | gawok Busaka dening | asidik pangucapipun | wus asalin pangrasa | asalah paningalnèki | dadya kalab pasthining Hyang nora bakal ||
23. sira lamun tan wruh ingwang | ingsun iki pan Idajil | atulung marang ing sira | sira nut andika Nabi | apa ta
--- 9 ---
luwihnèki | kaki maksih luwih ingsun | sira anuta mringwang | tutug sakarêpmu kaki | sirangsua lir toya măngsa têlasa ||
24. amiyosakên istijrat | pangabarannya Idajil | sadhêpa tan ngambah lêmah | nulya manjing jroning gêni | wus ilang tan kaèksi | amblês bumi praptèng luhur | nulya manjing samodra | akathah tan na kawarni | karsaning Hyang wus kapencut Abusaka ||
25. wus winuruk ngèlmunira | anêlas kang ngèlmu singkir | miwah ngèlmu panitisan | tanapi rahsa kang dhingin | sadurunge dumadi | kala manikmayanipun | sapangandhap sadaya | prapta Abusaka nênggih | wruha padhang kacakup sakèhing wulang ||
26. Idajil malih angucap | wis muliha putu mami | gurunira ayonana | sakarêpmu tan [ta ...]
--- 10 ---
[... n] sun dohi | timbangana Jêng Nabi | barang ing kabisanipun | Abusaka gya mangkat | sakêplasan nulya prapti | sampun manjing jroning saka palênggahan ||
27. sabat sakawan gya prapta | ngarsaning Nabi ngabêkti | inggih sampun amba priksa | wus agêng mangke kang ngili | lan kwuningana Gusti | di dalêm Busaka kantun | ngandika Nabiyolah | Si Abusaka tan kari | prapta dhingin angayoni marang ingwang ||
28. lumêbèng jroning sêsaka | dinalih ingsun tan uning | ing karêpe Abusaka | amungkar marang ing mami | guru marang Idajil | para sakabat umatur | inggih amba tan wikan | nuwun kinèna umijil | lon andika lah Abusaka mêtua ||
29. nuli Abusaka mêdal | tur sêmbah konjêm ing siti | ebat sakèhing sakabat [sa ...]
--- 11 ---
[... kabat] | Jêng Nabi asêmu runtik | wasana ngandika ris | iya wus takdirirèku | tan kêna ingowahan | Abusaka sira ugi | agêguru mring Idajil iblis lanat ||
30. sirarsa nimbangi ingwang | Abusaka paksa dhiri | gêgêtun para sakabat | langkung gumune kapati | malik gêguru iblis | anacat andika Rasul | Busaka Ngumar Ngusman | Ngali raliyal nganihi | nulya kundur wau Kangjêng Nabi Duta ||
31. langkung ajrih Abusaka | dhumatêng andika Nabi | apan tan angraos gêsang | arsa matur tobat nuli | marang ing Kangjêng Nabi | panlangsanira sadarum | mring sakabat sakawan | aturira ngasih-asih | kadi mêntas nyawanira Abusaka ||
32. ulun tuwan mring paduka | nuntên kunjuk Kangjêng Nabi | atur pêjah gêsang amba | nuwun [nu ...]
--- 12 ---
[... wun] aksamèng kang abdi | asru nlăngsa wak mami | yèn tan ingapura ingsun | mit kesah ing saparan | Bubakar Ngusman Ngumari | Ngali matur sêmbah sakawan pra sabat ||
33. ngaturkên ing tobatira | pun Abusaka mring Gusti | lamun èstu linumuhan | badhe kesah nuwun amit | Jêng Nabi ngandika ris | iya lilanana iku | karêpe dimèn dadya | nimbangi panêngên nuli | kang aksara têlung puluh kang sun pêncar ||
34. Busaka mentar amurwa | wiwaha ngajam waradin | jinujug arsa amêncar | tinrapkên kidung kêkawi | wêrgane dèn pêpaki | lan ginantyan aranipun | Jisaka nut ing pangkyan | iblis nèng jro saka mami | dhawuhêna lunga sigra pra sakabat ||
35. sakawan sami wotsêkar | panggih lan Abusaka
--- 13 ---
glis | wus katur saaturira | dhawuhe Jêng Rasul Nabi | datan ngowahi takdir | yèn lunga linilan juluk | Ajisaka kalilan | aparêng lunganirèki | Ajisaka sigra mêsat anèng marga ||
36. kapêthuk lan gurunira | agupuh wau Idajil | angucap sang iblis lanat | Ajisaka putu mami | ywa susah putu mami | tinundhung kinèn anglangut | mring Jêng Nabi yya maras | tyasira agya nimbangi | kabisane Jêng Rasul sira ngong wulang ||
37. wus wisata saking Mêkah | mring Balhum sinêdyèng galih | wong Balhum manut sadaya | Jisaka guna asêkti | kapencut samya ngaji | wong nagara padha kenyut | kapencut kêna kêmat | samyanut parentahnèki | salin bawa kapir anut Ajisaka ||
38. kalangkung pangalêmira | wong Balhum [Ba ...]
--- 14 ---
[... lhum] awêdi asih | Ajisaka wus angrasa | duwe kabêcikan nuli | sabat papat kinardi | pariwara ajêjuluk | pun Dora lan Sêmbada | pun Mênawa pun Mênawi | sampun kèdhêp girisa parentahira ||
2. Girisa
1. nagri Balhum wus arata | kang sabat wus wasis samya | ing Balhum akèh bramana | sami wignya sêkti guna | malekad Dajil duk prapta | Jisaka sumungkêm pada | malekad Idajil ngucap | kaki tinundhung ta sira ||
2. mring Jêng Nabi aja maras | ingsun gawenên gagêntya | aja tanggung timbangana | Kangjêng Nabi sakarsanya | pan sira uwus sun wêjang | pangiwa purwa wasana | bumi langit durung ana | ananipun Manikmaya ||
3. kakawin timbangna kitab | nabi timbangana dewa [de ...]
--- 15 ---
[... wa] | Sastra Rab lan Sastra Kêrdha | wus pinasthi besuk sira | Sang Balhum tinundhung sira | mring Jawa jumênêng nata | lawase mung tigang warsa | kaki wus pasthining Suksma ||
4. benjang yèn wus tigang warsa | nuli sira umentara | aja kari padyanira | sapraja sira gawaa | nging yya nuli madêg nata | tatanên dhingin ing Jawa | kaki agawea tilas | nyêngkalanana buwana ||
5. agama kakiwakêna | tatanên kaki dèn rata | iki kaki purwanira | wênang anataa tapa | kaping kalih nata darma | lan nataa basa krama | kaping pat nataa praja | yèn wus rata dera tata ||
6. amuksa awor lan ingwang | dadia ratu seluman | tan bukti wus sinung sarat | iku datan kêna pêjah | nèng donya salamènira | uwis putu akaria | malekad [male ...]
--- 16 ---
[... kad] Idajil musna | Jisaka muruk pangiwa ||
7. nahan wau ingkang prapta | Nabi Kilir gya ngandika | Jisaka sira lungaa | Si Balhum pan gustinira | Jêng Nabi kalangkung duka | tan arsa parêk lan sira | langkung ajrih Ajisaka | udrasa sumungkêm pada ||
8. matur amba nuwun prênah | ngandika sira ngetana | wetan iki ana nungsa | ingaranan pulo Jawa | tur dadi kamulyanira | besuk sira dadi nata | pinasthi ing tigang warsa | wis ta enggal wisataa ||
9. Jêng Nabi Kilir wus linggar | Ajisaka nulya mentar | ngiring sakabat sakawan | kocaping kaol wong Mêkah | Madinah têka ing Jawa | pan lêlakon tigang warsa | yèn Jisaka ya mampira | sapta ri kewala prapta ||
10. sêktinipun Ajisaka | nanging mampir nagri Selan | natapraja lan agama [a ...]
--- 17 ---
[... gama] | wong Selan ngidhêp sadaya | Jisaka murwa carita | nganggit kawi ananira | Narpa Arjunawijaya | jamane ran Kartayoga ||
11. sèwu taun laminira | punika taksih alam jan | janma nora nana mangan | nora nana janma pêjah | ana carita pangiwa | iki kang dadi purwa prang | rêbat pawèstri kang wasta | Dèwi Naruki yu endah ||
12. wontên ing Selan sawarsa | Ajisaka nulya mentar | marang Surati nagara | nganggit Kawi Rama Dewa | Păncawati nagrinira | ratuning wanara bala | amungsuh buta Ngalêngka | jamanipun jaman Tirta ||
13. lamènipun sèwu warsa | lan limang atus taunnya | purwa prang rêbut wanodya | ingkang aran Dèwi Sinta | wus rata Surati praja | Sang Ajisaka wisata | prapta ing Selong nagara | natapraja lan agama ||
14. ngikêt Kawi Bratayuda |
--- 18 ---
Pandhawa prang lan Kurawa | purwanya rêbat wanodya | Dèwi Drupadi ranira | jamane aran Dupara | laminya rongèwu warsa | yèku Babad Tanah Jawa | nèng nagri Selong sawarsa ||
15. laju mring Kêling nagara | wong Kêling nora suwala | nut sêrat kêkawi tiga | pundi kang sinêmbah dadya | kang nêmbah Hyang Gurunata | wong Kurawên aranira | anadene wong Ram-êram | Bathara Wisnu pinuja ||
16. nèng Kêling amung sawarsa | nganggit-anggit Ajisaka | mangsane jaman Sêngara | nênggih pinetang laminya | sèwu limang atus warsa | aprang arêbut wanodya | sutane wong maratapa | Dèwi Naru aranira ||
17. nagara Kêling wus rata | Jisaka kentar ngajawa | lêlampahan tigang warsa | pănca ri prapta ing Jawa | Ujungkilèn ingancikan | ing Lêmpung ing Sokadana | laju mring Bantên nagara [na ...]
--- 19 ---
[... gara] | amurwa babad sangkala ||
18. mêmuruk kongsi sawarsa | kathah bramana ngajawa | sabate Sang Ajisaka | anusul ing gurunira | asuyut karêm kawignyan | ngaji guru panitisan | lawan ngaji basa krama | purwa Jawa ana sastra ||
19. Ki Ajisaka kang bêkta | myang kidung kêkawi muwah | sastra sandi lan sangkala | lumrah winurukkên samya | kulon durung ana nata | lagya bupati kewala | arsa jinunjung narendra | Sang Ajisaka tan arsa ||
20. mung sinêbut panêmbahan | wus sawarsa Ajisaka | kentar dhatêng pagunungan | gunung Kêndhêng ingancikan | nênggih têgsih nunggil warsa | ing pasisir tinilaran | bramana kang wignya-wignya | amêmuruk guladrawa ||
3. Dhandhanggula
1. bagus anom awasis ing ngèlmi | Ajisaka pan ginuron ing rat | saking akathah kawruhe [kawruh ...]
--- 20 ---
[... e] | prawira sudibya nung | tur aguna sarana sêkti | wong punjul ing apapak | mrojol kêrêpipun | manjing ajur-ajèr bisa | luput pêjah duk ngancik Kakêndhêng wukir | Jimakir nuju kasa ||
2. sasi Bêsar wukune Manail | pujăngga makirtya ring carita | wikanta rèh kasidane | sirna wuk dasa windu |[4] sêngkalane Jisaka lagi | dhukuh ing Kabuyudaan |[5] sabatipun agung | babêktane saking sabrang | nganggit Kawi Arjunawijaya tuwin | Rama lan Bratayuda ||
3. lawan Kawi Panitisastrèki | nganggit Sastra Sandi Dasanama | Căndragêni panganggite | nèng Kabuyutan iku | Natasastra kawruhing wardi | anom tuwaning sastra | Basa Kawi pangwruh | anganggit kawi wiha |[6] Bimasuci Bomataka kang dèn aji | puruhitèng Jisaka ||
4. wong bang
--- 21 ---
kilèn amangeran sami | Ajisaka asêsilih nama | Sang Yyang Mudha Batharane | sabatipun pan agung | para buyut lawan wêwasi | para êmpu pujăngga | kalilan mêmuruk | wus wasis-wasis sadaya | sirah tunggal sasi Sura salin warsi | tan tênggak tan atusan ||
5. tanpa ewon sêngkalanirèki | Sang Ajisaka karya sanjata | maryêm siji langkung gêdhe | papa rontakanipun | bêndhe wolu gêndera kalih | lan anyipta têlaga | sapa kêlar junjung | ing maryêm antuk kamulyan | lamun musna bêndhe rontèk iku masthi | dadya têngran nagara ||
6. pasthi ana prang gêdhe yèn mulih | bêndhe rontèk kang darajad karta | têngah tlaga sapulone | wong ngêlangi yèn tutug | pulo masthi olih kamuktin | Ajisaka lêlana | kang kinèn atunggu [a ...]
--- 22 ---
[... tunggu] | sabat siji luwih wignya | pan kalilan mêmuruk wênang gêntèni | angrèh sabat sadaya ||
7. sakawruhnya Jisaka wus ênting | wus katelat lan Mudhik Bathara | Ajisaka saanane | mentar Ajisaka wus | ananira ingkang anami | Sang Yyang Mudhik Bathara | tunggal jatènipun | yèn pisah loro dadinya | ja kaliru ya Ki Mudhik Batharèki | ya tunggal Ajisaka ||
8. lir satu lawan rimbagannèki | Ajisaka kesah kang atêngga | Dhatuk Mudhik Batharane | sabat papat kang tumut | Ajisaka jajah nagari | nglangut anut sakarsa | sagèn-ênggènipun | makirtyèng kidung pralambang | nyêngkalani kang lami myang kapiyarsi | sami angawruhana ||
9. sirah tênggak tusan kang mêkasi | nuli sirahe sira abêna | sêngkala dhingin [dhingi ...]
--- 23 ---
[... n] lan mangke | dèn waskitha sirèku | milang bathi lan tunanèki | milang mêmêt wruhana | bokmanawa na wruh | ngèsêman nayakaning rat | Ajisaka nèng Jawa anyêngkalani | lêlana midêr ing rat ||
10. saking kilèn dènnya amasisir | mangetan bali dèrèng dèn ambah | gunung wus kancikan kabèh | wong mirut padha suyut | luru ngèlmu lan guru tulis | purwane Babad Sabrang | kang minăngka paku | duk Ajisaka ngajawa | kèh jêjanggan para êmpu buyut tabit | myang bramana ngajawa ||
11. ing gunung Kêndhêng dèn sêngkalani | kunir awuk tanpa jalu ika | sirah tunggal sêngkalane | gunung Yyang Jabug awuk | nusa Jawa sirnaning bumi | nusa Barong babadnya | nênggih pring sadhapur | nusa Têmbini nir janma | ing Bawean sêngkalane cèlèng mati |
--- 24 ---
babade sirah sanga ||
12. ing gunung Agung dèn sêngkalani | tulup kumukus ing wukir Brama | ala radi sêngkalane | ing gunung Mahamèru | nênggih wêlud anglèng ing bumi | tuwin wukir prawata | ing sêngkalanipun | kaya gapura rinupa | ing Arjuna pawaka rodra karêngi | anênggih wukir Pandhak ||
13. kang anyăndra ing gunung Mêrapi | bramana lêbu gni punika |[7] wukir Pêndhêm sêngkalane | sarira wong condrèku | wukir Rèngêl sêngkalanèki | ing mănca trus ing lêmah | wukir Surya ngetung | anênggih bahning pawaka | wukir Bancak kurungan aisi pêksi | ing Lawu catur muka ||
14. sirnaning wiku ing gunung Sumbing | ala ulu roro kang bujăngga | ing gunung Anyar babade | bahning awarna kukus | gunung Wilis dèn sêngkalani [sêngkala ...]
--- 25 ---
[... ni] | karo asêmpal pangnya | myang ing wukir Kidul | gunaning wong yèn ingetang | jênêngipun sang wiku ing Dhangdhanggêndhis | saya ginuron ing rat ||
15. tata-tita yarta sasampuning | midêr ing rat nyăndra pagunungan | warata sakèh ardine | wus cinăndra sadarum | saking Bantên Jakarta prapti | lajêng dhatêng Karawang | ing Carêbon rawuh | nuli ngancik Bêrbês Têgal | myang Pamalang kèndêl ing Ngastina Pati | Batang Kêndhal wus kambah ||
16. mring Kaliwungu ngancik Sêmawis | mring sêgara lir ngambah dharatan | anacahkên pulo kabèh | gancaring caritèku | tan ingucap anuli prapti | pulo Kojor araryan | nulya ngancik sampun | pulo Majêthi samana | sabat kalih pun Dora Sêmbada kari | atunggu rukma kala ||
17. sami pinêndhêm pulo
--- 26 ---
Jamêthi |[8] Jisaka kentar mring Danaraja | lajêng mring Pajang kuthane | saênggone mêmuruk | kerut padha anyabat sami | dhatêng ing Surapringga | wangsul ngilèn sampun | marang nagari ing Mêdhang | ing Balêbêr Jisaka kalêson kampir | wismèng Răndha Sêngkêran ||
18. dhukuh sakèhing kang duwe panti | Răndha Sêngkêran mukti wibawa | akathah anak putune | Răndha Sêngkêran iku | têtilare kyai apatih | tan duwe anak lanang | mung jugèstri ayu | lagya birai ing sêkar | wastanira Rara Dèwi Rarasati | ayu punjul sapraja ||
19. midêr ing rat tan antuk kêkalih | datan wontên ingkang umiriba | marang sang rêtna citrane | kunêng ingkang winuwus | nyai Răndha Sêngkêran mijil | kagyat ana dhatêngan | gupuh-gupuh wangsul | pawongan [pawong ...]
--- 27 ---
[... an] kèn gêlarana | lampit ngandhap tinumpang klasa panjalin | sayana nginggil pisan ||
20. parêkan mijil kinèn ngaturi | sampun kerid Ajisaka lênggah | pra sabat munggèng wurine | lungguh ing lante alus | pasugata wohan sumaji | dènnya lênggah Jisaka | amardapa mungguh | bok răndha jêngêr tumingal | têtamunya bagus anom èsmu wingit | kêmbar lan putra nata ||
21. ni răndha ngling bageya ta kaki | bagus anom atigas kawuryan | pundi pinăngka ta anggèr | lan kang sinêdyèng kayun | praja Mêdhang dèrèng udani | anggèr anyar katingal | Jisaka sumaur | anêdha pasihan dika | tanpa wisma lit mila saênggèn kampir | tanpa dunung pinăngka ||
22. songsong mega wong akandhang langit | kêmul pujăngga nusu [nu ...]
--- 28 ---
[... su] arina | kaèksi alit milane | datan uningèng tuwuh | nyai răndha gumuyu angling | ngêndi ana mas nyawa | sun takon satuhu | Ajisaka saurira | saking sabrang nagari ing Atasangin | arsa wruh nagri Jawa ||
23. yèki bibi nagari ing pundi | nauri ni răndha kene nyawa | Mêdhangkamulan arane | bisikane sang prabu | Sri Dewatacêngkar rannèki | patihe mula-mula | iya lakiningsun | wus lalis ingkang gumantya | sadulurku taruna punapa bibi | datan adarbe putra ||
24. kaki duwe siji nging pawèstri | lagya pasuson tinilar ngrama | lamun sudi sira anggèr | sira sun akên sunu | arinira wong ontang-anting | sumaur Ajisaka | bibi tarimèngsun | putranira ni bok răndha | kinèn mijil iki sadulurmu prapti | ya
--- 29 ---
saking pangumbaran ||
25. sapanên nini kadangirèki | dangu kèndêl isin awêcana | yèn aja jrihyèng bibine | lon wijiling pamuwus | èsmu isin wêcana ririh | radèn sami raharja | ingkang lagya rawuh | kumêpyur Ki Ajisaka | gagap-gugup saure anuwun yayi | gumuyu ni bok răndha ||
26. katon apa mas kadangirèki | bibi sun sidhêp Dèwi Supraba | kang tumurun bagèkake | sang dyah mèsêm tumungkul | sabat kalih dènnya ningali | samya kumêdhèp têsmak | panone sumaput | sajêge durung tumingal | Ajisaka kagimir tansah asabil | emut yèn amandhita ||
27. nyai răndha wuwusira aris | jaman iki warti wis kêburan | amung kari Mêdhang bae | idhêpe maksih bingung | wong sajaman gêguru
--- 30 ---
ngèlmi | bramana saking sabrang | ngêjawa mêmuruk | wartane sêkti sumbaga | sudibya nung ngèlmu panitisan wasis | bagus misih taruna ||
28. gawa sastra kêrdha lan kêkawi | yèku ingkang winurukkên ing rat | iku kaya pa rupane | yèn parêka sun ayun | anggêguru Ajisaka ngling | gumuyu aris mojar | lumrah kang wus kusus | kirim suda warta mindhak | sayêktine kang kawarta inggih mami | nyai răndha gupita ||
29. bêgjane pun bibi sira prapti | mêmuruka ingsun pugung[9] mudha | sang dwija saguh nulya ge | ni răndha wus winuruk | manjing supi purnaning pati | pratikêl panitisan | idhêp adhêpipun | ing urip tan kêna pêjah | wus sampurna ni răndha ngaji kakawin | mêmuruk wus kalilan ||
30. ingkang putra
--- 31 ---
winuruk pribadi | sampun wasis Ni Rara Sumbaga | dhasar wong ayu rupane | sang wara dwija sampun | gêlar kasudibyanirèki | kerut wong sanêgara | sumungkêm sadarum | kaloka ing jana priya | wong ing Mêdhang anggêpe sami angabdi | nèng Karandhan wus lama ||
31. Kyana Patih Tênggêr mirsa nuli | mring Karandhan kapanggih Jisaka | ki patih gêguru mangke | bawa rasa sadalu | puruhita ing prama kawi | sastra lan kasantikan | kaprawiran putus | kadigdayan kanuragan | ngèlmu singkir pan sampun têlas ingaji | myang ngèlmu panitisan ||
32. kyana patih alon lingirèki | manira iki ngupaya janma | kalêbu badhe dhahare | iya ing ratuningsun | sadinane manungsa siji | kagèt Ki Ajisaka | ing manah gagêtun |
--- 32 ---
dene angrêrusak janma | akèh suwung praja desa sun tingali | ya ta kang kawursita ||
33. sabatira kèh prapta miyarsi | samya matur nuwun kinukuhan | ratu makatên tingkahe | tan arus ing tumuwuh | têka agung karya pêpati | tan amrih karaharjan | tulusing tumuwuh | mandar karyaa kapenak | ing wong praja miwah dhusun-dhusun sami | ngrêbda oyod rondhona ||
34. yèn marêngi paduka sang rêsi | aparinga usadaning praja | Ajisaka lon wuwuse | hèh paman patih ulun | turna dadi dhahar sang aji | nanging suwuna papan | bumi mring sang prabu | sawiyare dhêsthar ingwang | yèn wus tampi nuli dèn dhahara mami | ki patih kagyat ngucap ||
35. pun paman anggèr dèrèng kadugi | angaturna dhatêng [dha ...]
--- 33 ---
[... têng] sri narendra | luhung mêmuruka bae | ing ngriki kathah jugul | Ajisaka aris nauri | dêdimène ta paman | ingsun jarag labuh | ambelani mring wong kathah | janma Mêdhangkamulan măngsa na wani | ingsun kang wani pêjah ||
36. nyai răndha asru dènnya nangis | adhuh gusti paran yèn tinilar | pêsthi milu labuh kabèh | Ajisaka gumuyu | aja uga bibi kuwatir | ki patih aris ngucap | dhuh lêrês bok ayu | sang wiku muwus mring patya | tanpa karya gêguru tan tega pati | ngur aja puruita ||
37. yèn nora kita labuhi pati | nora nana angandêl wong Mêdhang | wong mati pindhah lawase | paman dèn ngandêl ingsun | ora uga ingsun ngêmasi | lah paman aturêna | dhumatêng sang prabu | yèn wus olèh
--- 34 ---
bumi ingwang | ingsun uga paman bisa gawe janmi | Natèng Mêdhang tan cuwa ||
38. dhahara wong sapuluh saari | nora kurang nauri ki patya | măngsa-boronga karsane | golong gupitanipun | duta nata prapta mring patih | andhawuhkên timbalan | ngandika sang prabu | janma lan kinèn mundhuta | wus alama andika botên nyaosi | tan eca dènnya dhahar ||
39. kyana patih sauripun aris | pan manira sampun antuk janma | momol tan kiyal daginge | maksih taruna bagus | sarêng anon jêngêr duta ji | satuwuk dèrèng wikan | wong bagus kadyèku | anging putra sri narendra | angungkuli wus adandan kyana patih | wisata so andurma ||
4. Durma
1. wus kairid Ajisaka ni mbok răndha |
--- 35 ---
tumut arsa nglabuhi | muride sadaya | tumut padharsa bela | wong ing Mêdhang mèh sêpalih | manguntur prapta | katur dipun timbali ||
2. kang nimbali awasta Bok Sokadana | kêmbar Jisaka kari | wus prapta ngajêngan | patih nêmbah suku sang | sri nata ngandika aris | apa lèh sira | saosan dhahar mami ||
3. wus alawas ingsun tan eca adhahar | yèn nora măngsa janmi | alêsu grahuyang | buh rasane wak ingwang | nuju enak ingsun bukti | bocah parêkan | lêmu sun gadho ênting ||
4. iku patih ingsun nuli dhahar nendra | mêngko agagat mani | lawas tan amangan | janma riwe drês mêdal | sarira kaya dèn dusi | acêlangaban | watuk sambi awahing ||
5. wus sapta ri muruse padharan ingwang |
--- 36 ---
mili dalinding gêtih | larane tan pira | mulêse datan kêlar | rina wêngi mêrbês mili | agulimpangan | awak lir dèn gêbugi ||
6. kaya ngapa patih yèn tan olih janma | kabutuh sira pasthi | patih ingsun măngsa | sun nora etung băngsa | bok nyambêlèh mantri siji | kang rada ala | agampang anyalini ||
7. Ki Apatih Tênggêr umatur anêmbah | angsal sasat tan olih | mila sapunika | dede abdi ta Mêdhang | janma moyang nora panti | saking ing sabrang | kêdah katur sang aji ||
8. suka lamun dadosa dhahar sang nata | nanging darbe prajangji | nuwun bumi Mêdhang | mung sawiyaring dhêsthar | bumi dèn suwun kariyin | yèn sampun tămpa | sumăngga ing karsa ji ||
9. langkung trustha sri narendra angandika | apa tuwa kang janmi |
--- 37 ---
pan taksih taruna | wêtah lêmbut dagingnya | dawêg ecane binukti | awak kumidang | mangke wontên ing jawi ||
10. suka-suka bok răndha apan ngandikan | Bok Sêngkêran wus prapti | saos sêmu waspa | agèr[10] sira ngandikan | Ki Ajisaka wus kerid | praptèng ngajêngan | jêngêr sri narapati ||
11. langkung pêkik dene eman yèn matia | angandika sang aji | hèh apa ta sira | kang sanggup dadya dhahar | nanging jaluk bumi dhingin | sawiyaring kang | dhêstharira puniki ||
12. alon matur inggih kawula kang sagah | ngandika sri bupati | luhung ngawulaa | ingsun gawe bupatya | eman warnamu apêkik | maksih taruna | bagusmu tanpa tandhing ||
13. Ajisaka sumaur anuwun kula | pasihanira aji | kêdah paripêksa | anuwun bumi Mêdhang |
--- 38 ---
ngandika sri narapati | nyata tan kêna | ingsun eman sirèki ||
14. nulya undhang sang nata marang apatya | punggawa miwah mantri | kinèn sanenggaa | sasikêping ayuda | baris ngalun-alun sami | ya ta sang nata | mijil mring păncaniti ||
15. sampun pêpak ing alun-alun malatar | ngandika sri bupati | hèh sagung wadyèngwang | iki Si Ajisaka | sêdyane anjaluk bumi | saambanira | ya dhêsthare pribadi ||
16. yèn wus cukup anuli sira cêkêla | wong kudu bosên urip | êndi dhêstharira | wus katur dyan binabar | lakon sadina pan maksih | wiyaring dhêsthar | ngêbêki ing nagari ||
17. Sang Dewatacêngkar tindak jêjaranan | dhêsthar wiyare maksih | lêlakon sapasar | sapuluh wêngi prapta | lêlakon satêngah [s ...]
--- 39 ---
[... atêngah] sasi | praptèng sawulan | wiyare dhêsthar misih ||
18. têlas sagung têlatah ing bumi Jawa | Dewatacêngkar kandhih | saparan kabuya | kapêngkok ing samodra | Dewatacêngkar anuli | gêbyur Sagara | Kidul sirna sang aji ||
19. Sang Dewatacêngkar salah kadadean | pan dadi baya putih | wus kêna ing papa | cintraka ramanira | gêngira kagiri-giri | kagila-gila | kadya prabata siwi ||
20. gigirira wiyar kacukulan wrêksa | kisèn sela lan curi | mêksih dadya nata | saisining samodra | tatanipun kadya janmi | pêpatihira | Gajahmina Dipati ||
21. Ki Tumênggung Pamprang lan Ki Arya Lodan | Răngga Saradulyèki | Dêmang Wikridita | Ki Pandêlêgan Lumba | santananira narpati | Tumênggung Pamprang | Arya Kaluyu tuwin ||
--- 40 ---
22. Radèn Arya Polèng Radèn Arya Buntal | Ngabèi Bêlangkuning | Radèn Dêmang Ponthang | miwah Dyan Arya Pethak | Sagara Kidul ing nguni | loro ratunya | siji Raja Ngin-angin ||
23. kang satunggal iya Sang Dewatacêngkar | susah Raja Ngin-angin | nabda asêngara | sapa ingkang nyirnakna | baya putih sun ngèngèri | kalangkung tikbra | tyase Raja Ngin-angin ||
24. pa karyane baya putih ngadhang marga | bêbegal amêmati | dharat miwah toya | arsa malês ing lara | wirang arsa pulih gêtih | gênging sarira | saengga wukir siwi ||
25. panjangira lamun malang saonjotan | tutuk yèn mangap kadi | wiwaraning guwa | yèn molah agênturan | kombak wening jalanidhi | swara goraya | minta ruwatirèki ||
--- 41 ---
26. yèku lirning wong wani marang ing yayah | kêna papa cintrèki | kunêng kang winarna | Sang Wara Ajisaka | sampun jumênêng narpati | anèng ing Mêdhang- | kamulan karta-karti ||
27. Ajisaka têtêp jumênêng narendra | Mêdhangkamulan uning | bupati tan owah | miwah mantri sadaya | pêpatihe maksih lami | Ki Adipatya | Tênggêr wêwah amukti ||
28. ya ta putranira Sri Dewatacêngkar | jalu pambajêngnèki | ran Sang Daniswara | saksirnane kang rama | gya lolos saking nagari | datanpa wadya | mung sakawan kang ngiring ||
29. nanging samya binujung marang wong Mêdhang | parentahing narpati | Sang Sri Ajisaka | tan kêna wong kampiran | sajroning karatonnèki | pan pinacakan | pinoma wanti-wanti ||
30. angèstokkên sagung wong Mêdhangkamulan | dènnya sri
--- 42 ---
narapati | milua ing wadya | kayungyun prentahira | agung palamarta adil | wadya ing Mêdhang- | kamulan wêdi asih ||
31. ri sêdhênge sri narendra sinewaka | pêpak kang pra dipati | myang para prawira | Patih Tênggêr nèng ngarsa | Ulubalang Langlangwèsthi | lan pra sakabad | pandhita para rêsi ||
32. pan wus samya sumiwi para narendra | yayah konjêm ing siti | Prabu Ajisaka | ngandika mring apatya | miwah mring para dipati | lah pirsakêna | Si Dêduga Mênawi ||
33. ingsun gawe têtindhih bupati dhomas | Si Dêduga kang kering | Si Manawi kanan | Si Duga anamaa | Sêtyalêgawa Dipati | lan Si Manawa | iku ingsun paringi ||
34. anamaa Dipati Dutanagara | nanging karone maksih | anèng jro kadhatyan [kadha ...]
--- 43 ---
[... tyan] | tan kêna pisah ingwang | samya nuhun saur-pêksi | hèh pirsakêna | sakèhe wadya mami ||
35. yèn ing mêngko Răndha Sêngkêran têtêpa | mardika amêngkoni | sagung wong Karandhan | sun wuwuhi ngêrèhna | wong sabiting kanan kering | kang padha pêrak | desa ing sakèh sami ||
36. wadya nuwun samya asaksi sadaya | lawan wêngkon apatih | wong ingsun ing Mêdhang | dèn padha enak tyasnya | kya patih matur ngabêkti | kalangkung eca | sumungkêm lair batin ||
37. sampun kondur Prabu Jaka Ajisaka | ngadhaton wus alami | nagri sangsaya arja[11] | murah sarwa tinumbas | tulus kang tinandur sami | wong cilik eca | mungsuh nora na wani ||
38. kang wadya lit tutug dènnya dagang layar | dharat miwah pasisir
--- 44 ---
| nora na culika | saparan-paran kêna | akèh bramana ngêjawi | nahan kocapa | kang kêna brăngta kingkin ||
5. Asmaradana
1. putranira Sri Bupati | Dewatacêngkar kang nama | Sang Arya Daniswarane | ginadhang gumantya nata | mangke kèngsêr sing praja | langkung dening kawlas-ayun | nusup-nusup wanapringga ||
2. manjing jurang minggah ardi | saengga kidang manjangan | binuru dening wong akèh | parentahira sang nata | wus karsaning Pangeran | radèn dadi tapanipun | benjang mêngku tanah Jawa ||
3. anurunkên para aji | ing tanah Jawa sadaya | wong desa ngundhangan kabèh | pasisir myang pagunungan | aja kandhêg kampiran | tinutkên sadosanipun | wong desa ajrih sadaya ||
--- 45 ---
4. samya tinibanan tulis | samya kinèn anyêpênga | mring Radèn Daniswarane | sakèhing wong bumi Mêdhang | mila kalunta-lunta | sakalangkung kawlas-ayun | Radèn Arya Daniswara ||
5. kalunta sampun atêbih | saking nagari ing Mêdhang | nora dhahar nora sare | sinêdyakakên atapa | panakawan sakawan | yèku sutaning tumênggung | nama Bêgja lan Daulat ||
6. pun Manawa pun Manawi | punika paliyanira | Bêgja Daulat êmbane | ature lir calapita | dhuh gusti dawêg raryan | botên nadhah botên nginum | karipan kularsa nendra ||
7. angandika sang apêkik | yèn nora bêtah balia | ingsun lakonane dhewe | pirabara sinung gêsang | Bêgja Daulat mojar | bosên têmên sok [so ...]
--- 46 ---
[... k] Amupus | jamak angangge têkiyar ||
8. lumampah raina wêngi | ngidul ngilèn manjing wana | gunung alit na guwane | guwa Têrusan ranira | puniku pangalapan | yèn dudu janma linuhung | yèn tan ilang mulih edan ||
9. ing jro ajêmbar arêsik | mangunturipun ing têngah | paju papat pamêrite | ingkang kidul ing kadhatyan | nêrus dhatêng sagara | ngilèn nêrus gunung Ulu | kang ngetan nrus gunung Dapa ||
10. kang ngalèr têrusannèki | nênggih dhatêng ing sagara | kang ngidul sinungan manèh | ran manguntur pangrantunan | pan wêrit nora kêna | iku wiwara kadhatun | kang êlèr sanggar langgatan ||
11. pangiwane ana bèji | ing têngah pan gêdhong gêdhah | asri ana pêthetane | gêdhong nora kêna mênga | ing jro ana kanthil mas [ma ...]
--- 47 ---
[... s] | langse tinundha kumêndhung | kang ngetan mring patamanan ||
12. jawi wiwara arêsik | kayoman cêngkèh satunggal | winastanan pasar Dièng | pasare dalu kewala | nora na wruh satunggal | guwa Têrusan puniku | kêdhatone Sri Sindhula ||
13. sasirnane Galuh nuli | ngalih ing guwa Têrusan | karantên langkung endahe | wau Radèn Daniswara | kapencut mangun tapa | tan winarna solahipun | lamine ana ing guwa ||
14. jinajah sakèh kang wêrid | wus linêbonan sadaya | arêmên pasang rakite | gêdhong gêgêdhah wus mênga | linêbonan sadaya | jinajah sawêngkonipun | sira Radèn Daniswara ||
15. wau ingkang dèn tapani | sajroning wiwara jaba | anèng guwa pakaryane | wau Radèn Daniswara | pan sampun [sa ...]
--- 48 ---
[... mpun] tigang căndra | binantêr ing tapanipun | angêningakên ing tingal ||
16. mênêng ayoga sêmèdi | laminira amrayoga | sacăndra tan ngaksamane | tan panêngran jayanira | Rahadèn Daniswara | murub jroning guwa wau | jumênêng prabawanira ||
17. pratingkahing radyan mantri | pinarak ing sila tumpang | ngayunkên pamêlêngane | kang asta kalih tumumpang | pinangku anèng pangkyan | asta kiwa nurut pupu | kang asta têngên tumumpang ||
18. dhumatêng ing asta kering | anurut jarijinira | kang pinêlêng panuduhe | kewala Sang Daniswara | nyirnakkên păncadriya | wus sirna kawulanipun | dumadya prana pranawa ||
19. Dyan Daniswara wus êning | waspada ingkang sinêdya | sampun ilang manungsane | ngraga suksma Daniswara | dalu
--- 49 ---
coba kèh prapta | panakawan gila turu | dyan dhatêng wanita endah ||
20. apan iku widadari | pêpitu lan Mayangkara | samya yu-ayu warnane | mêdal kori kidul ika | umarak ing sang tapa | Dèwi Sangkaningrat iku | sami lan Dèwi Supraba ||
21. ayune tan na tumandhing | Mayangkara Sangkaningrat | pan apantês lêlewane | dadya kêpyuring wardaya | apupur gêgunungan | gènnya paès langkung patut | watak mênêng aprêsaja ||
22. asinjang pathola wilis | asamir jingga maruta | kêncana luru têpine | amindha Dèwi Supraba | nora na kang miriba | madyaning pada sadarum | tan amimba Mayangkara ||
23. malih mêdal wetan singgih | Mayangkara sêkaring rat | lir gambar winangun yune | solahe wayang-wuyungan | watêke [watê ...]
--- 50 ---
[... ke] antêng raras | awèh edaning wong kakung | tan ayu dening busana ||
24. tan asor yèn ngusut nênggih | pamulune langkung jênar | lir cêpaka ing gandane | ingkang lagya wuryan sêkar | sumunu sêsênênnya | sang rêtna di sêmonipun | kadi wulan kapurnaman ||
25. kalangkung endah sang dèwi | pathola wungu sinjangnya | gadhung mêlathi samire | pupuripun lêlamatan | paèse kaduk raras | wontên malih saking pintu | Ni Dèwi Rêtna Widata ||
26. aruruh tingalirèki | kadi tulis bisa ngucap | sang dyah tan ana rêngune | amanis sariranira | apaès sêmu raras | sêmunya manis dinulu | sapolahe gawe rimang ||
27. madyanira nawon kêmit | ujunging jaja awijang | ramping arata têngahe | sari
--- 51 ---
gilig ajênar |[12] turut uruting ăngga | rarasing rêsêp prêmbayun | mandul-mandul yèn lumampah ||
28. kang saking kilèn amêrit | anawang căndra puspita | agandês-gandês lakune | èsmu langar kaduk raras | lir kêncana rineka | bisa polah sêmunipun | tur bisa ngêdoli ulat ||
29. kang mêdal saking pamêrit | taman rêtna gondasmara | apantês ing sasolahe | ngêmbat-êmbat lambungira | nawon kêmit têngahnya | pantês luwês tingalipun | tungtung manis ingkang warna ||
30. samya marak ingkang tapi | ingkang lagya ngraga suksma | Sangkaningrat matur alon | mila rahadèn kawula | umarak ing andika | angèngèr marang pukulun | yèn sêmbada anjuru dang ||
31. dèn dukani Yyang
--- 52 ---
Pramèsthi | mila tumurun kawula | mung andika ingkang katon | amawongan anjuru dang | gusti kawulakêna | mangke ing têmbe pukulun | kawula angèstu pada ||
32. inggih kawula ta gusti | atanya dhatêng andika | punapa inggih sêdyane | atapa sajroning guwa | lawan sêdya punapa | jarwanana wong abagus | sadaya minta sih tuwan ||
33. radèn putra datan gingsir | kang godha kaku galihnya | Sangkaningrat was tingale | yèn sang tapa ngraga suksma | suwung kari pramana | sojar payo padha mundur | anèng kene tanpa karya ||
34. yayi atunggu wong mati | sang dyah wus kondur sadaya | nanging tan suda manahe | dèn têtungkul sang atapa | nganti pêpak pramana | wong padha sêkti dibya nung | akarya malih panggodha ||
35. malih
--- 53 ---
warna prapta malih | sami ayu-ayu pelag | samya jênar sarirane | kadi tanggal ping patbêlas | akarya lara brăngta | sami rimong kêmbênipun | sang tapa dahat tan obah ||
36. payudara dèn ungkabi | dèn arasakên sang tapa | radyan cinandhak astane | cinêkêlkên payudara | rinangkulkên ing jăngga | kang satunggal astanipun | rinangkulkên pangarasan ||
37. sarta mandêng aningali | sang tapa winangwang-wangwang | sarta pinandêng tingale | sang dyah masang gunanira | ênggène ing sêsotya | dhêsthi cangklêng aranipun | dimèn sang tapa tumingal ||
38. pamrihe dipun rêmêni | pasthi kêna gunaningwang | ya ta sang tapa tingale | dyan jaka sampun waskitha | tingale datan owah | malah mangke sang rêtna yu | anggodha malah kagodha ||
39. têmahan abrăngta
--- 54 ---
kingkin | sakèhe putri punika | kasabêt brăngta wirage | manahe kumênyut samya | ningali kang atapa | enjing malah ngantos surup | anggodha malah kagodha ||
40. wus gumanti ingkang sasi | sang dyah lali wadinira | têka sami rêmên kabèh | dene baguse sang tapa | sami atêbah jaja | rimang manahe dyah ayu | kayungyun marang sang tapa ||
41. sêling-surup manahnèki | kang widadari sadaya | anggodha kagodha dhewe | kapat amundur sadaya | dening sang tapa ika | ginodha tan gingsir wau | saking gênturing kang tapa ||
42. wasana kang widadari | sakalangkung wirangira | marang sang tapa ciptane | mantuk marang ênggènira | samya wayang-wuyungan | tansah katingal sang wiku | kocapa Prabu Sindhula ||
43. eyangira sang
--- 55 ---
apêkik | wus dadya jangkêping dewa | guwa Têrusan purane | langkung wêlas mring kang wayah | anulya tinurunan | tanpa sangkan rawuhipun | radèn wruh api tan wikan ||
44. eyangira sang apêkik | wus dadya jangkêping dewa | guwa Trusan kadhatone | langkung mêlang mring kang wayah | anulya tinurunan | jog tanpa sangkan nèng ngayun | radèn wruh api tan wikan ||
45. ingkang eyang mèsêm angling | wudhara gènira tapa | wus katrima mring Yyang Manon | sira kapatêdhan garwa | widadari lêlima | wus pinasthi sira putu | yèku jatukramanira ||
46. besuk nurunkên para ji | ing tanah Jawa sadaya | saturunirèku kabèh | kaki tan kasêlan-sêlan | ing mangke durung măngsa | dene Ajisaka iku | dadi ratu sêkti guna ||
47. ing jangjine
--- 56 ---
tigang warsi | nora kêna sinuwawa | yèn durung têka jangjine | gampang bae yèn wus măngsa | pasthi sira gumantya | madêg ratu run-tumurun | amêngku rat nusa Jawa ||
48. besuk jangkêp tigang warsi | sun idèni putu sira | ngrêbuta prajamu age | mêngko sira tutugêna | ing tapa bratanira | dèn bangêt gonira mêsu | madhêpa mring kadigdayan ||
49. kanuragan lan kasêktin | supaya nêmu wisesa | jroning prangira rarêmpon | tinarima ing bathara | rahayu yudanira | kawijayanira nulus | ayya sangsayèng driyanta ||
50. kudu tuwajuh nèng ati | tan kêna basa trakadhang | tan kêna mangkono mangke | nuli emut nuli boya | iku kaki tan kêna | wruhanira putuningsun | rêncananing păncadriya ||
51. dupi sampun ngrêdon kaki | iku [i ...]
--- 57 ---
[... ku] ingkang păncadriya | angèl pambuwange anggèr | kaki tan kêna ngambilan | iku kang păncadriya | awèh wulanguning kalbu | ambêbingungi ing manah ||
52. ngulapi paningal êning | kaki maring ngayunira | kang păncadriya bekane | tingal têrus ingulapan | klimput raga wisaya | radèn ngabêkti anuhun | pamulang wuruking eyang ||
53. radèn matur saha bêkti | sintên ulun dening lintang | asih dhatêng kawulane | sang wiku gumuyu suka | patut sira tan wruha | iya eyangira ingsun | ing Galuh Raja Sindhula ||
54. kang muksa lan nagri mami | kaki aja taha-taha | sira sun mong sêlawase | wulang ingsun marang sira | kaki ja salah karya | tapanira maksih durung | tega pati tan mangkana ||
55. lah aja kapiran kaki | tutugêna tapanira [tapani ...]
--- 58 ---
[... ra] | mentara mring guwa mangke | mangulona bênêr sira | wana ana wong dhêkah | ulatana dèn kapangguh | ing wismanira bok răndha ||
56. Răndha Kasihan rannèki | dhukuhe ing Pathukulan | sawiji lanang anake | sira putu angèngèra | turutên sapakonnya | yya sumêlang tyasirèku | poma kaki lakonana ||
57. tutugêna tapa kaki | besuk yèn wis tigang warsa | ngangkata jumênêng katong | rêbutên nagaranira | Prabu Anom Jisaka | ilang dhewe besuk putu | wus ta kaki akaria ||
58. tulungên rabinirèki | yèn lipur sira tinggala | ingsun ingkang among radèn | wus musna sang wiku raja | Rahadèn Daniswara | arsa ngimur garwanipun | radèn panggih lan kang garwa ||
59. garwa samya widadari | gangsal paringing [pa ...]
--- 59 ---
[... ringing] jawata | sinarenan sadayane | tan antara samya nendra | kang garwa gangsal pisan | rahadèn aris tumurun | kapungkur wiwara guwa ||
6. Pangkur
1. kapitolèhên rahadyan | dene garwa tinilar samya guling | pinêgêng ing trêsnanipun | kalangkung dening brăngta | panakawan sakawan tan kêna kantun | lampahe amurang marga | tan ana baya kaèksi ||
2. lampahe kalunta-lunta | manjing jurang munggah ardi kang sungil | kadya jungkung manggih timur | lir layangan apêgat | radyan putra nutugakên tapanipun | tanpa dhahar tanpa nendra | ingkang sinêdya ing galih ||
3. pituduhe ingkang eyang | desa Pathukulan tinêlêng galih | ngilèn bênêr lampahipun | anusup wanapringga |
--- 60 ---
tarataban myang iring-iringing gunung | kunêng warnanên bok răndha | wisma têngahing wanadri ||
4. yaiku ing Pathukulan | ni bok răndha kalangkung kawlasasih | malaratipun kalangkung | busana gêgombalan | sabên dina adol godhong karyanipun | kang pinangan kêkuluban | doh desa lan bandar têbih ||
5. yèn awade gêgodhongan | nginêp marga darbe anak satunggil | jalêr warnanipun bagus | Jugulmudha ranira | jaka tuwa tanpa nyandhang digang digung | tanpa mangan kadya ajar | cawêd babakan kusambi ||
6. sabuke oyod-oyodan | tanpa karya bêlêripun nglangkungi | awake kêrêp sinusuk | nora amambu toya | ingkang jamak ngingonana biyangipun | Ki Jugulmudhèku boya | ibunya
--- 61 ---
tan dèn opèni ||
7. mung ugungane kewala | dèn lungguhi mring Ki Jugulmudhèki | acupêt bodho balilu | sungkanan tur doyanan | titikane cêrobo tur bêtah turu | boya pisan yèn puruna | nênandur macul tan bangkit ||
8. nora bisa amêmêrang | witing sungkan tan bisa gawe biting | bêtah mêlèk bêtah turu | yèn wus dhodhok tan lunga | kongsi bêdhug kêpanasên bêkah-bêkuh | tan mingsêr kongsi sadina | tan lunga lajêng sawêngi ||
9. bêtah nglapa bêtah mangan | bêtah linggih yèn turu tan ngalisik | yèn ana panganan ayun | nênandur boya pisan | Jugulmudha nging ana titipanipun | wêkêl tuhu jrih ing biyang | lan agêng tarimanèki ||
10. nora watak adol dora | isinan yèn kabutuh labuh pati [pa ...]
--- 62 ---
[... ti] | yèn dèn srêngêni mring biyung | banjur turu sapasar | kêpanasên kodanan nora awungu | lêmês bumi Pathukulan | yèn jamake angomahi ||
11. barang kang tinandur mêdal | langkung pênêd rata sitinya wêdhi | ngayun kali wingking gunung | toyanipun tumumpang | anadene ni mbok răndha karyanipun | duk wirya rabining patya | Galuh duk rusaking nagri ||
12. ki apatih tumut musna | karsaning Hyang garwa taruna kari | nging tilar wêtêngan wau | mijil Ki Jugulmudha | nora gatra ni răndha pomahanipun | tan duwe latar tan marga | rungkud kiwa têngênnèki ||
13. ing ngarsa wuri pan wana | omah-omah pagêre godhong jati | payon karambatan bulu | pêtêng barang rumambat | kadya sudhung nora pakra lawangipun | amung sêdhêng wong bêrangkang | datan purun [pu ...]
--- 63 ---
[... run] ambabadi ||
14. lamun udan Jugulmudha | katrocohan kang awak lir dèn dusi | sawêngi nora lèh turu | gêrêng-gêrêng kewala | yèn ngratêngi nora purun ngamèk kayu | yèn matêng nuli mêrgagah | biyange tan dèn umani ||
15. ki jaka lan ibunira | samya ngisis anèng ngisor kêsambi | ni răndha ris wuwusipun | lah kaki Jugulmudha | iki priye tanpa wêkas putraningsun | angur sira ngawulaa | mring Mêdhang gustimu lami ||
16. kaki nora abêbakal | ingsun pan kapengin sira ingoni | wiryaa kadi rumuhun | kaya swargi ramanta | bosên têmên kangelan ingsun anutug | sumaur Ki Jugulmudha | dhuh biyung sun nora apti ||
17. ngawula ratu birawa | mangan janma nora ajêg tan adil | wartane kaki sun ngrungu | kang jumênêng [ju ...]
--- 64 ---
[... mênêng] ing Mêdhang | Prabu Ajisaka madêg adil kukuh | langkung asih mring kawula | iku ngèngèrana gusti ||
18. nadyan mêngkono tan arsa | iku satru nora kêna ngabêkti | yèn tan têdhak turunipun | Gusti Ratu Sindhula | nora arsa ngawula sun plaur lampus | ingsun arsa angawula | benjang yèn ana ratwadil ||
19. kapanane sêdhêng pêjah | ing saiki apa pinangan kaki | Ki Jugulmudha sumaur | lah biyung nora bisa | padha mupus ya biyung sapuluh-puluh | yèn durung têka jangjinya | binurua angoncati ||
20. lah kapriye wasananya | bosên têmên datan amangan mami | nora wande padha lampus | lah ta biyung mênênga | ngong tuturi impèn ingsun mau dalu | sadalu aku tan nendra | katon kawulangèn [kawula ...]
--- 65 ---
[... ngèn] èsthi ||
21. lan mong rare nyunggi wulan | sarêng tangi gêgêtun impèn mami | nulyanasmara karungu | besuk ing Pathukulan | ana ratu sumbaga sêkti pinunjul | pêpatihe besuk sira | kèdhêp sawarna kumêlip ||
22. iku antinên bok biyang | kapanane kaki kasêlak mati | kunêng wau kang winuwus | Rahadèn Daniswara | nusup-nusup mêdal ing wananon dhukuh | kandhêg lampahnya duk miyat | inggih dhukuh langkung sêpi ||
23. Bêgja Daulat tumingal | lamun ana janma pêpatèn nênggih | Bêgja Daulat umatur | gusti inggih punika | wontên tiyang kêkalih radèn amuwus | Bêgja Daulat dèn inggal | takona sun arsa kampir ||
24. ing dhukuh ingkang kocapa | nyai răndha lan putra [pu ...]
--- 66 ---
[... tra] lagya ninis | ni răndha alon amuwus | karia ingsun arsa | adol godhong mring pasar nulya na rawuh | janma nguwuh takèn marga | Jugulmudha amêdali ||
25. ingirid wus padha lênggah | wong têtiga lan Ki Jugulmudhèki | Ki Jugulmudha amuwus | adhi tigas kawuryan | dika pundi Bêgja Daulat sumaur | manira wong tanpa wisma | moyang saênggène kampir ||
26. sintên nama pakênira | anauri ingkang sudi mêstani | kawula pun Bêgja iku | ari ngong pun Daulat | balik kakang Ardalepa kakang ingsun | atanya puniki dhêkah | ki raka wêstane pundi ||
27. ari satêngahing wana | yayi iki Pathukulan rannèki | iya iki wismaningsun | amung lawan pun biyang | tanpa rowang Bêgja Daulat gumuyu |
--- 67 ---
midêra salawe dina | sang bathara durung manggih ||
28. wong awisma kadi dika | nora măntra dèn ambah dening janmi | tan karuan wuri ngayun | sumaur Jugulmudha | wus pinasthi karsaning Hyang Maha Luhur | hèh yayi măngsa bakala | Bêgja Daulat tanya ris ||
29. kakang sintên kang sinambat | anauri dêlape kang mêstani | Jugulmudha aran ingsun | pun biyung karan dhêkah | Răndha Pathukulan pun biyung ranipun | Ki Bêgja osikirèng tyas | iki kang sinêdya gusti ||
30. kakang karia sun arsa | angaturi gusti kantun nèng Jawi | Jugulmudha gupuh-gupuh | lah yayi dèn ainggal | gustinira ingaturan wus malêbu | wus panggih tata alênggah | rahadèn ngandika aris ||
31. bibi nilakrama ingwang | pasang tabe ni răndha anauri [ana ...]
--- 68 ---
[... uri] | jêngêr sumêngêrên dulu | bagusira rahadyan | cahya mancur sakêdhap salin pandulu | katingal kang ngiring kathah | pratiwa swandana èsthi ||
32. angraos dhayohan raja | Jugulmudha iya mêngkono maning | angucap kadya ngrêmpêlu | kănca iku titihan | pan lêbokna dèn guyang panas wus dangu | ni răndha ngling lah manjinga | pura sakèh para gusti ||
33. sumambung Bêgja Daulat | hèh ya bocah sakèhe magêrsari | padha lêbokna gamanmu | Mênawi lan Mênawa | asru ngucap kănca mondhok ja narucuh | sakuwu-kuwu dèn tata | lan dèn padha ngati-ati ||
34. emut sarêng gumyak sumyak | ya gustiku dene amrabawani | kawistara kang sinuhun | ya pagene wak ingwang | angrampêlu katon [ka ...]
--- 69 ---
[... ton] ingkang dhèrèk agung | kula gih kadya mangkana | katon kèh kănca bupati ||
35. Mênawa Mênawi ngucap | kakang kula katingal nata baris | nyai răndha aris muwus | sun tan katingal wana | katon praja sanalika tingal ingsun | yèki wangsiting bathara | wis mênênga ja ginupit ||
36. aris matur nyai răndha | anggèr Bêgja kula kampiran gusti | kêsasar gusti sang bagus | pun bibi anilakrama |[13] kang sinambat ing sih pundi kang kapungkur | ing ngajêng pundi sinêdya | tanpa wisma ingsun bibi ||
37. kang sun sêdya Pathukulan | arsa ngèngèr mring sira ingsun bibi | andhêku tan sagêd matur | kang abdi ngèstupada | anak kula pun Jugulmudha puniku | katur gusti ngabdèkêna | kunêng radèn wus alami ||
38. angèngèr
--- 70 ---
dhatêng bok răndha | sampun gêntur kasutapanirèki | ni răndha sugih kalangkung | sapraptanya rahadyan | prabawane Bêgja Daulat puniku | ingkang nêkakakên bêgja | sugihe kadya duk dhingin ||
39. mawane dening Ki Bêgja | lan Daulat satuhu gawa sugih | Radèn Daniswara iku | ngiring Bêgja Daulat | radèn dènnya namur tapa kasabipun | nênandur gaga sêsawah | ababad-babad wanadri ||
40. pala kapêndhêm kasimpar | wus ngêmohi barang tinandur dadi | wus karsaning Maha Luhur | Ki Jaka Jugulmudha | sarawuhe radèn sarêgêp kalangkung | pan nora nganggo ingatag | barang karya dèn tandangi ||
41. pintêr pikir kèh akalnya | anjalimêt lêmut dipun jaringi | salir barang-barangipun | radên lan Jugulmudha | nanêm wiji [wi ...]
--- 71 ---
[... ji] lawan panakawanipun | wus lama kang têtanduran | sêdhênge lagya ngêmohi ||
42. têgal gaga lawan sawah | sampun wêrni ingkang kapirsa sami | tăngga desa prapta agung | Pathukulan wus gêmah | sami prapta anggawa brana dunya gung | anging Radyan Daniswara | ingurupan datan apti ||
43. kinèn ambêkta kewala | sakêlare anggendhong amikuli | wus lama doh wartanipun | lakon satêngah wulan | samya ngalih wong milu omah wana gung | bêkta sandhang lawan arta | tigang èwu kèhing janmi ||
44. sêmana wong Pathukulan | samya ulah kasudiran kasêktin | karosan aulah bagus | myang ulah katêguhan | pangawasan dene gustine wus punjul | sumbaga prawirèng yuda | karsaning Hyang gula milir ||
--- 72 ---
7. Dhandhanggula
1. radèn putra angantosi jangji | dèrèng dhatêng wêlinge kang eyang | mila dandan-dandan bae | kunêng ingkang winuwus | nagri Mêdhangkamulan nênggih | jênênge Ajisaka | Prabu Jaka iku | kêlangkung gêmah raharja | sruwa murah eca manahe wong cilik | gawe bupati dhomas ||
2. Ajisaka dinulur Hyang Widi | wus katrima pan istijratira | dadi sakarsa-karsane | sabên dina sang prabu | karya janma siti kinardi | ing balêdhug gènira | ana bèjinipun | ajro lir sagaranakan | têngah bèji sinung wot pirantinèki | gènira gawe janma ||
3. ing Mêdhangparamêsan gènnèki | bèji ngaran têlaga Madirda | bèji puniku arane | pêrnah sakilènipun | saking kitha Mêdhang nagari | têlaga Mahadirda | ngèrèng-èrèng gunung |
--- 73 ---
ya ing Mêdhangparamêsan | pirantine gènira agawe janmi | Sang Prabu Ajisaka ||
4. Randhujajar pamemehannèki | yèn aking gya bêkti amêmuja | linulur ing sakarsane | tăndha Gusti Hyang Agung | krana murah marang kang abdi | kang têmên-tinêmênan | sipat baka kayun | nora kapir nora Sêlam | lamun eklas anênuhun dèn paringi | tan sêpi ing ihtiyar ||
5. Jisaka wau dipun turuni | malaekad Dajil lanatolah | dewa kang tinurunake | sang antiga sumurup | nulya sagêd agawe janmi | pirang-pirang angsalnya | ginawe tumênggung | mila na bupati dhomas | iya iku têrtantune dènnya kardi | langkung tangkar-tumangkar ||
6. nanging kang kinarya milih janmi | ingkang wêdal tuhu nora dora | kang goroh kawêlèh-wêlèh [kawêlèh-wê ...]
--- 74 ---
[... lèh] | lan ginêbyur ing banyu | malah mangke kinarya adil | yèn ana wong mradata | iya parapadu | iku kinarya pratăndha | pasilêman yèn silêm puniku pasthi | kalih ingkang mradata ||
7. nagri Mêdhang arja anglangkungi | kutha pênuh samya wismèng desa | iku adiling Hyang mangke | Dewacêngkar rumuhun | mangan janma angrisak nagri | adiling Yyang Jisaka | karya janma agung | dadya gêmahkên nagara | sêmuning Yyang ingkang pinangan rumiyin | olèh têmpuh wong anyar ||
8. kunêng gantya kang winuwus malih | nagri Mêdhang sira Prabu Jaka | nèng pura lawan sabate | anggunêm kang cinatur | ingkang kari pulo Majêthi | pun Dora lan Sêmbada | masthi nora nusul | awêdi wawêkas ingwang | sira Duga Prayoga kentara sami | mring pulo timbalana|| [timba ...]
--- 75 ---
[... lana||] 9. têtunggone konên gawa nanging | lakunira Duga lan Prayoga | Mênawa anusul dhewe | tata tita sirèku | ambanjura Duga ngabêkti | manêmbah ing suku sang | karo padha mêtu | kunêng gênti ginupita | sabat kalih kang kari pulo Majêthi | pun Dora lan Sêmbada ||
10. samya mirsa gustine dadya ji | anèng Mêdhangkamolan wus lama | yun nusul ajrih wêlinge | wau ta gurunipun | sapa-sapa ingkang nimbali | mundhut gadhuhanira | aja sira angsung | yèn dudua ingsun dhawak | mila sami mituhu wêlinging gusti | Dora cidrèng wêcana ||
11. Dora cidra anusul ing gusti | nora nganggo rêmbag lan kancanya | ambolos lumampah dhewe | pun Dora wus kapangguh | lan pun Duga Prayoga nuli | ingirid manjing pura | asowan [a ...]
--- 76 ---
[... sowan] sang prabu | sumungkêm pada suku sang | angandika Prabu Jaka sira prapti | Dora êndi kancanta ||
12. Si Sêmbada tan barêng sirèki | paranta Dora matur anêmbah | Sêmbada lawan ature | di dalêm kula nuhun | ulun ajak nusul tan apti | wali tita diwasa | mêksa datan purun | pramila kawula tilar | sarêng mirsa sang nata supe kang wêling | kalimput atur Dora ||
13. wiku raja lir yayah sinipi | pratăndha duka jaja bêranang | kumêdut padon lathine | anglir rêraub marus | ujyalanya lir sang yyang rawi | garap dènnya ngandika | Dora ingsun utus | timbalana Si Sêmbada | pănca latri Dora sira sun wangêni | yèn mêksa nora arsa ||
14. ya pundhutên gadhuhane kêris | lan tunggone aran rukmakala | miwah [mi ...]
--- 77 ---
[... wah] sêsotya sakèhe | yèn dahat tan apurun | lah wis apa kalamun wani | cangkingên dhase nulya | katura maringsun | sandika nêmbah wisata | gêgancangan wangsul mring pulo Majêthi | Dora pulo wus prapta ||
15. wus panggih Sêmbada nglingnya aris | têka ngêndi sirèku ya Dora | lawas lunga têka mangke | Dora nauri ingsun | nusul gusti mangkya dadya ji | anèng Mêdhangkamolan | kitèki ingutus | Sêmbada nimbali sira | kinèn mundhut gêgadhuhanira kêris | lan tunggonmu sadaya ||
16. nauri kapriye sira dhingin | padha mirsa ingkang pangandika | panêmbahan ya mêngkene | sapa-sapa kang mundhut | gadhuhamu kêris puniki | ja awèh yèn dudua | sun dhawak kang mundhut | wong loro padha miyarsa | mêngko [mêng ...]
--- 78 ---
[... ko] sira têka amundhut pribadi | palang mangan tanduran ||
17. sirku nêrajang bênêr pribadi | ewamêngkono sarèh kêkancan | payo seba matur dhewe | Dora sugal amuwus | apa ora ngandêl mring mami | awèha tan awèha | amêksa sun pundhut | sirèku tan nganggo taha | buwang bênêr yèn sira pundhut pribadi | masthi ingsun tan suka ||
18. ana ujar tan sira piyarsi | amarunggul nganggo têmu dhawak | Dora asru pamuwuse | priye ujarmu iku | aja sira mungkar ing gusti | amurang sarak sira | nganti sun parunggul | tan bêcik enggal ulungna | pun Sêmbada nauri kêras sathithik | ujarmu ora enak ||
19. malaku ginugu sun tan ajrih | marang sira ajrih gustiningwang |
--- 79 ---
Dora lakunira kuwe | manawa sira iku | ngamadaka[14] sira wus lami | ngawula gusti liya | Dora nabda asru | aja akèh ujarira | apa nganti sun wasesa sira mangkin | tan jrih nyangking dhasira ||
20. capêng karna Sêmbada sru angling | Dora calathumu sok mêtua | sirarsa marunggul bae | arsa mêksa maringsun | mara payo lah padha siji | sêdhêng singa tiwasa | ya ta kalihipun | sigra anarik curiga | ha na ca ra ka da ta sa wa la gênti | ajaya-pinarjaya ||
21. tan tumama agitik-ginitik | tunggal kawruhnya pa dha ja ya nya | ganti kantaka arame | ngêntèk tênaganipun | cang-binuncang banting-binanting | tăndha sami digdaya | agêbug-ginêbug | dumadya ma ga ba tha nga | barêng mati sandhangan pêpak sinandhing | suku wulu talingan|| [taling ...]
--- 80 ---
[... an||] 22. kunêng Prabu Jaka kang winarni | nganti duta liwating antara | tan kêna wis samayane | ngandika sang aprabu | sira Duga Prayoga sami | nusula mring Si Dora | lawan duganingsun | cakra manawa na salah | pun Dêduga Prayoga wisata aglis | singarsa inggal prapta ||
23. ing pulo Majêthi tan kêpanggih | pun Dora Sêmbada ingulatan | kêpanggih mati karone | ha na ca ra ka lampus | tabêt da ta sa wa la sami | sêkti pa dha ja ya nya | mati barêng sampyuh | măngga ba tha nga sih pêpak | sandhangane karone misih sinandhing | nukupi cakra pengkal ||
24. Duga Prayoga ngungun kêpati | sigra mantuk sakêdhap wus prapta | ngarsèng gusti lon ature | amba ulun kautus | analika ing abdi kalih | pun Dora
--- 81 ---
pun Sêmbada | na ca ra ka sampyuh | tabêdnya[15] da ta sa wa la | pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga sami | pracihnanipun pêpak ||
25. sandhanganipun pêpak sinandhing | suku wulu pêpêt cakra pengkal | gitik-ginitik tabête | lêpihan sampun katur | aturira tinata titi | anjêngêr sri narendra | pan tigang pandulu | nora kêna angartika | sigra angling ingsun dhewe kang wus jangji | tan kêna tinututan ||
26. Dora goroh ature mring mami | Sêmbada têmên tuhu parentah | ngong bêndu dening ature | cidra Si Dora iku | nulya Ajisaka anganggit- | anggit pinănca warna | sastra kalih puluh | ginawe warga nglêlima | wit ha na ca ra ka sawarganirèki | pindho da ta sa wa la ||
27. pa dha ja ya nya warga
--- 82 ---
ping katri | warga kaping pat ma ga ba tha nga | yèku sawarga-wargane | rinimbag dadya catur | anglêlima rimbagannèki | ingaran sastra dênta | minăngka wit iku | wêwinihing sastra Jawa | wus sinungan sandhangan sawiji-wiji | wêne-wênèh[16] ungêlnya ||
28. wus pinănca wali muka nuli | nata tulis nom tuwaning sastra | sastra sandi sarimbage | krana wong nurat iku | lamun tan wruh sandi yya nulis | ingèsêman pujăngga | sandi kèh warnèku | sandi sastra sandi sutra | miwah sandi kirana upaya sandi | tata prunggu nung swara ||
29. sastra kang wênang gênti-ginênti | kang muni badan tanpa sandhangan | sami sastra sandhangane | miwah kang dadi guru | guru lagu lan guru tulis | katiga guru lampah |
--- 83 ---
ana dibya guru | ingkang kapara ingêdhang | ya A kara arane kaparèng gêndhing | I kara aranira ||
30. kang kapara ngêdhung ukarèki | kaparèng ngêdhong U karanya |[17] kang ngêdhèng E kara rane | kaparèng pêpêt iku | ya lê kara aranirèki | akèh kramaning sastra | ayogya parèku | agêng alit anom tuwa | ing aksara ungguhe sawiji-wiji | ingkang dadi sandhangan ||
31. samya sastra kang urip kang mati | tanapi sastra salawe warga | nglima-nglima sawargane | kathahing pêncaripun | sastra Jawi lan Arab sami | Prabu Jisaka wignya | tulus jênêngipun | kasukane saba wana | anggrit sangsam banthèng mesa kidang kancil | singa ngun-angun wagra ||
32. ambaburu lan sabatirèki | nora arsa ambêktaa bala [ba ...]
--- 84 ---
[... la] | sakalangkung kasêngsême | barang kêpanggih sampun | kunêng Prabu Jaka ningali | wontên bujăngga tapa | lami sampun gêntur | munggèng imbanging himawan | wus sudibya warnaning sisik lir manik | endah amăncawarna ||
33. pan binêbêd lata awaknèki | Prabu Jaka dulu ula tapa | langkung apanas galihe | duka sru dènnya muwus | arêp dadi apa sirèki | dyan amênthang gandhewa | lumarap wus lampus | bujăngga kêna warastra | nulya ana swara kapyarsa sang aji | hèh Prabu Ajisaka ||
34. asikara sira mêmatèni | besuk têmbe Prabu Jaka sira | angambung kêlanangane | mring bujăngga puniku | gêtêr-patêr samya nauri | sênggani păncawora | udan drês wor lesus | salaminya Prabu Jaka |
--- 85 ---
durung ngrasa luwe mangke ngrasa ngêlih | kasrêpan namur lampah ||
35. wisata arsa angaub maring | wismèng răndha sasar darbe karsa | maring bok răndha putrane | nguni kapalang timur | mangke sampun mêpêg birai | endahing warnanira | dahat karya wuyung | duk timur wèh êla-êla | guladrawa kasilir rèh manuluhi | ing wardaya sri nata ||
8. Sinom
1. mangkana Sang Prabu Jaka | Jisaka pan sira apti | anamur dhatêng Kêrandhan | mung sabate kang tut wuri | nora na kang udani | lajêng saking wana wau | ayun wruh warnanira | bok răndha putrane èstri | ciptaning tyas sang nata kinarya garwa ||
2. Prabu Anom Ajisaka | prapta tan ana udani | amêng-amêng ing Karandhan | dhukuh [dhu ...]
--- 86 ---
[... kuh] Sangkèh dèn ubêngi | dangu dènira nganti | ni rara nora amêtu | dyan kinèn samya gêntang | pra parawan egar sami | samya têtabahan lêsung lir gamêlan ||
3. ni rara kacaryan myarsa | nulya mêdal saking panti | sinjange pathola rêkta | samire gadhung tinêpi | kawuryan mêntas sisig | gêgunungan pupuripun | awida gănda jênar | wus mêpêg birainèki | midêr ing rat wong sa-Mêdhang nora angsal ||
4. kumênyut sarêng tumingal | Prabu Jaka wus kagimir | anyipta asmaragama | sang rara dèn parêpêki | nora na kang udani | sumbaganira sang prabu | kang tut wuntat ni rara | amêng-amênganirèki | kate pêthak ingkang asanggar dalima ||
5. ni rara arsa anggêntang | sinjange sampun kawingkis [kawingki ...]
--- 87 ---
[... s] | jumangkah nglêsung angidak | dhasing pari suku kering | kawingkis ingkang wêntis | lumarap lir kilat daru | èsmu wulan katingal | pyuh campyuh asmara gati | Prabu Jaka tan emut purwa duksina ||
6. anikmat lir wong asmara | korut mijil maninèki | ni rara parêng anikmat | wus korut mijil kang mani | sakala nora eling | kang nutpah sampun cinucuk | mring kate ingkang sanggar | nulya nutpahe sang aji | dipun cucuk mring kate sanggar dalima ||
7. nutpah ro dadya satunggal | pan wus karsaning Hyang Widi | sarêng emut sri narendra | kondur wirange tan sipi | gêtun mujung aguling | dene sikara sang prabu | nyipta asmaragama | sawuse mijil kang mani | sangêt ngungun dene ta asalah karya ||
8. angraos yèn [yè ...]
--- 88 ---
[... n] katiwasan | kunêng Karandhan winarni | wau ta kang kate pêthak | sanggar dalima mèmèti | wus nigan tanpa krami | bok răndha ingkang amundhut | sinèlèh padaringan | bêras dèn dang rina wêngi | nora têlas malah wêwah bêrasira ||
9. apa mawane antigan | cinoba gène ingêlih | sinèlèh nglumbung antara | bêras padaringan ênting | răndha angambil pari | wus pinasang andhanipun | minggah nglumbung tan nyana | yèn anêtês tigannèki | nging asalah kadadean warna ula ||
10. nglangkungi agêng apanjang | kêbak lumbung dèn lêkêri | răndha mèt pari sabêlah | lir ginugah sigra tangi | ula têtakèn aris | hèh nini apa gawemu | kagyat ni răndha niba | agila jrih aningali | niba
--- 89 ---
tangi lumayu mring kapatihan ||
11. karsane atur uninga | taksaka suka ningali | ing polahira bok răndha | ngore rema niba tangi | ula gumuyu bêlik | nulya anjog saking lumbung | marani ibunira | ni rara niba tan eling | ula suka lunga nututi bok răndha ||
12. răndha kêpatihan prapta | ki patih kagyat sarya ngling | kangbok ayu ana apa | lumayu aniba tangi | mêgap-mêgap dènnya ngling | tan tutug taksaka rawuh | anjog anèng ing wuntat | ni răndha niba tan eling | kyai patih kagyat ajrih arsa lunga ||
13. bujăngga gumuyu suka | kaki patih aja wêdi | alah payo padha lênggah | mêngko sun tuturi dhingin | kya patih langkung ajrih | gumêtêr gènira lungguh [lung ...]
--- 90 ---
[... guh] | ngucap gugup anggragap | taksaka apa sirèki | tanpa sangkan sumaur punang bujăngga ||
14. tata krama kadya janma | ulun iki kaki patih | arsa sowan kangjêng rama | ing Mêdhang Sri Narapati | ki patih mari ajrih | wus rèrèh ing lampahipun | de ula tata janma | kaki matura rama ji | mêngko arsa kaki sun murwa carita ||
15. kya patih lêga tyasira | ngungun mangunêng ing galih | tan mili graitanira | saking anèhe tan sipi | lan durung aningali | taksaka gênge kadyèku | nanging pinupus ing tyas | wasana ngandika aglis | lamun sira arsa seba mring sang nata ||
16. iya sun matur karia | sampun wisata ki patih | taksaka nusul tut wuntat | ki patih prapta ngarsa ji | nêmbah [nê ...]
--- 91 ---
[... mbah] ulun tur uning | jawi wontên taksaka gung | nging sagêd tata janma | durung tutug nulya prapti | kagyat jumbul patih matur gih punika ||
17. Prabu Jaka angandika | ula apa sira iki | dene bisa tata janma | wani-wani manjing puri | aseba maring mami | punang bujăngga umatur | marminta[18] purun amba | asowan paduka aji | arsa nglêbu tapak pada padukendra ||
18. kapengin ingakên putra | garap ngandika sang aji | putra manèh yèn duwea | garwa sun durung arabi | cobaning dewa luwih | ula kang kaya rupamu | sun sanjata lungaa | taksaka duk amiyarsi | mêrbês mili bujăngga kaya manungsa ||
19. taksaka matur ngrarêpa | ulun tur purwanirèki | punapa supe paduka | wontên [wontê ...]
--- 92 ---
[... n] wana amêjahi | bujăngga gêng ing nguni | nulya na swara karungu | tuwan kenging ing dhêndha | mêjahi bujăngga nêpi | nuntên tuwan kalêson mampir Kêrandhan ||
20. anukma karsa uninga | ing pun biyang wus birai | kêparêng pun biyang gêntang | paduka gya marêpêki | nanging nora na uning | kate pêthak ingkang wêruh | ingkang sanggar dalima | paduka amatak aji | ing asmaragama anuntên pun biyang ||
21. kengis wêntis katingalan | acampuh asmara gati | tuwan korud lan pun biyang | nutpah tumiba ing siti | cinucuk kate putih | kang sanggar dalima wau | ngon-ingone pun biyang | nulya ngêndhok tanpa krami | dipun pupu tigannya maring ni răndha ||
22. dinokok ing padaringan | uwos dèn dang rina wêngi [wê ...]
--- 93 ---
[... ngi] | malah wuwuh nora têlas | nulya dèn alih pun nini | ing lumbung nêtês mami | punapa kêsupèn ulun | têdah lawan pinăngka | emut mirang[19] sri bupati | nulya kondur karaos yèn kasinggihan ||
23. lurah para nyai mêdal | awasta Bok Puspasari | andhawuhakên timbalan | ki patih timbalan aji | ula ngakên putra ji | andika taros yèn purun | nglampahi sayêmbara | ingakên putra sang aji | sayêmbara dalêm nênggih darbe warang ||
24. kidul bênêr pêrnahira | wontên satêlêng jêladri | nging kalangang[20] satru jaya | baya putih ngadhang margi | yèn sirna baya putih | ulèku ingakên sunu | yêktos putra sang nata | ingakên putra sayêkti | lamun dede yêkti lêbur
--- 94 ---
tanpa dadya ||
25. Ula Nglinglung dhinawuhan | turing taksaka nyagahi | mung bêkti kula mring nata | mugi ta angsala kardi | lan barkahing rama ji | abot wong ingakên sunu | lah wis kaki karia | turêna sun amit mati | langkung angrês ki patih mijil luhira ||
26. gih anggèr dipun prayitna | mugèstu angsala kardi | ngidul bênêr lampahira | kang kamargan gêmpur sami | sanadyan jurang radin | wus prapta Samodra Kidul | ambyur lumêbèng toya | prapta têlênging jaladri | asêsumbar iki putrane sang nata ||
27. kang wêwangi Prabu Jaka | ing Mêdhang sumbaga sêkti | ya aku putrane lanang | ginadhang gumanti aji | kinudang-kudang mami | anyirnakkên satru mungsuh | ratu jaya ramendra | jumênêng pangran dipati |
--- 95 ---
lah rêbutên ingsun lir manjangan pêjah ||
28. opyakên lir pring dhapuran | padha wong sumbaga sêkti | tanggonana dibyaningwang | ngajak pirang ari ratri | padha prawirèng jurit | aja mungsuh rama prabu | yèn durung sun palastra | sun bae kalahna dhingin | di rupane satru jaya kang andurma ||
9. Durma
1. dur miyarsa Dewatacêngkar bramantya | yèn tinantang ajurit | angrik kapiyarsa | sora saking dharatan | baya ta ing mêngko iki | manira bisa | malês ing lara pati ||
2. baya putih anandêr kang toya piyak | alun kandhêg tan muni | baya putih wikan | yèn taksaka kang nantang | hèh sapa aranmu anjing | nantang maringwang | baya bosên aurip ||
3. anauri Tunggulwulung [Tunggu ...]
--- 96 ---
[... lwulung] aran ingwang | putranira sang aji | ing Mêdhangkamulan | tur sudibya jayèng prang | lah parêka baya putih | padha prawira | aja na anguncati ||
4. payo padha aprang ngadu kasantikan | yèn sira nyata luwih | sarêng nêmpuh lawan | gapyuk udrêg-udrêgan | agênti banting-binanting | buwang-binuwang | naut-manaut sami ||
5. sarêng nabêt-sinabêt pêthit kalihnya | angrok asilih-ukih | ngêntèkkên tênaga | parêng padha prawira | lir kinêbur kang jêladri | toyanya panas | lêtuh latêk umijil ||
6. aru-ara Sêgara Kidul sêmana | kocak ingkang jêladri | mumbul guntur ingkang | samodra dadya udan | têmpuk kang saking ing langit | prabawanira | kombak ningyak umuni ||
7. gêtêr-patêr sênggani
--- 97 ---
lesus limêngan | sumirate kang warih | marang ing awiyat | sumawur kadi jawah | pêtêng dhêdhêt wor ngin-angin | têkèng maendra | jumêgur padha muni ||
8. pan kagiri-giri goraning kang swara | pyuk têmpuh ning kang warih | ramening ayuda | kèdêr idêr-idêran | dêdêl-dinêdêl mulêti | pagut sarosa | kagyat naga nèng tasik ||
9. samya mêdal tumingal ingkang ayuda | yèn padha gustinèki | ngadu kaprawiran | samya tinon kewala | tan ana wani marpêki | sruning kèbêkan | sarta wèh ngrêsing ati ||
10. saenggane lir gunung kang mijah-mijah | sumaput prabawaning | kang prang padha dibya | sindhung lesus satbuta | prakampita widik-widik | rob kang sagara | we panas kadya api ||
11. ula iwak akathah [a ...]
--- 98 ---
[... kathah] kang samya pêjah | kontal kabuncang gisik | katanggor ing parang | rahnya bang sumamburat | isining we kawlasasih | andina aprang | nora na ngrasa ajrih ||
12. wong Sagara Kidul samya ningali prang | prangira baya putih | kalawan taksaka | ajrih yèn ngilonana | dene padha gustinèki | ingkang kayangan | Sagara Kidul nguni ||
13. Ratu Angin-angin lêga manahira | baya putih lèh tandhing | kamaroning manah | dene sang baya pêthak | nèng tasik milu dadya ji | panêdhanira | kalaha baya putih ||
14. dadya jêmbar polatanira sang nata | Sagara Kidul mangkin | wau ta kang aprang | baya putih kasoran | sinaut ilatirèki | tugêl watgata | gya cinakot pinuntir ||
15. wus palastra sang bajul putih kinipat [ki ...]
--- 99 ---
[... nipat] | binuncang tibèng ardi | Gunung Kidul ingkang | marma na gunung Liman | kadadean baya putih | têrtantu kuna | kunêng ingkang winarni ||
16. Sang Taksaka Linglung wusnya mênang aprang | bungah marwata siwi | adarbe pangrasa | lamun ingakên putra | nging karyane kari siji | anggênês warang- | ira kang rama aji ||
17. lan Sang Ratu Angin-angin langkung lêga | icale baya putih | ngrasa kapotangan | nulya ngling ngungandikan | wus prapta manjing ing puri | Raja Ngin mojar | mulane sun timbali ||
18. luwarana Nglinglung ing punaginingwang | jumênênga narpati | anèng ing samodra | sakêdhap sukur sira | kêkêla anèng jêladri | Linglung turira | inggih kula lampahi ||
19. nging sakêdhap ngluwari punagi tuwan | nuhun kula
--- 100 ---
puniki | saèstu dinuta | nêgês warang ramendra | inggih prênahipun ngriki | ngong dèrèng wikan | mojar Raja Ngin-angin ||
20. iya ingsun dadi warange ramanta | sira ingsun tuturi | Nglinglung lakunira | sun tampani matura | ing ramanira sang aji | benjang yèn têka | Buda Cêmêngan iki ||
21. sasi Sura ri sêdhêng purnamasada | Galungan taun Alip | pêpak pra dewata | lan aja krama liyan | mungna lawan suta mami | lah kulup poma | aja dera ngoncati ||
22. Nglinglung sira sun tuturi ramanira | tan tulus dadya aji | amung tigang warsa | wus karsaning Yang Suksma | nuli na jumênêng aji | kang duwe lawas | yaiku warang mami ||
23. kèringan ngrat nanging mêngko durung măngsa | Nglinglung maksih ginaib | sira anuruta | Nglinglung ...[21]
--- 103 ---
| lêlêmbut ing tanah Jawi | padha aseba | ingsun ngawula benjing ||
25. saturune iya ingkang momong ingwang | yèn sira nora ngabdi | pasthi nora kêna | ngambah nagara Jawa | ya sira ingsun lilani | ngratoni dharat | rèhna lêmbut ing ardi ||
26. karyanira dadya panêngêran jaman | yèn dahuru nêgari | mênange lan kalah | iku sira dèn awas | apa kang dadi prakawis | ing panjênêngan | sira sun pitayani ||
27. wis ngulona Nglinglung iki marga gampang | ja ngambah marga lami | lah uwis muliha | tinggalên bojonira | aja ngrubêdi ing margi | Nglinglung wus mêsat | ngilèn dènnya lumaris ||
28. mêdal têlêng jêladri amblês buntala | wus mênga jêbul ngardi | nênggih ing Pasundhan | mila têrtantunira | kathah blênge tanah Jawi | ya patilasan- [patilasa ...]
--- 104 ---
[... n-] | ira Sang Nglinglung nguni ||
29. nulya malih amblês bumi jêbul Dêmak | ing Wala wastanèki | blês malih buntala | jêbul ing Gêrobagan | ing Ngêblak kang dèn lèrèni | sineba ngula | wontên ing ngriku lami ||
30. Raja Nglinglung sineba sakèhing ula | nulya akrama malih | putri ayu endah | Rêtna Blorong arannya | ratuning ing Banyuwangi | Nglinglung anulya | amblês bumi wus prapti ||
31. ing Cêrèwèk lajêng ing Kuwu wus prapta | nèng Kuwu kèndêl lami | anulya asowan | dhumatêng ingkang rama | anjujug kiyai patih | kaki matura | yèn ingsun olèh kardi ||
32. langkung trustha ki patih nauri sabda | sokur bage mas gusti | payo padha seba | sampun prapta ing pura | kaparêng Bok Puspasari | marêngi mêdal | canthèl [ca ...]
--- 105 ---
[... nthèl] atur ki patih ||
33. Puspasari langku[22] dene suka bungah | nêmbah matur sang aji | nuhun tur uninga | putra paduka prapta | lampahipun angsal kardi | girang sang nata | kasmaran ing pawarti ||
1 | Tanggal: Soma (Sênèn) pitulas (17) Madilakir (Jumadilakir) Jimakir: nêmbah luhur ngèsthi tuhu (AJ 1802). Tanggal Masehi: Senin 11 Agustus 1873. (kembali) Tanggal: Soma (Sênèn) pitulas (17) Madilakir (Jumadilakir) Jimakir: nêmbah luhur ngèsthi tuhu (AJ 1802). Tanggal Masehi: Senin 11 Agustus 1873. |
2 | Dewatacêngkar. (kembali) Dewatacêngkar. |
3 | langkung. (kembali) langkung. |
4 | Tanggal: sirna wuk dasa windu (1000). (kembali) Tanggal: sirna wuk dasa windu (1000). |
5 | Lebih satu suku kata: dhukuh ing Kabuyudan. (kembali) Lebih satu suku kata: dhukuh ing Kabuyudan. |
6 | Kurang satu suku kata: anganggit kawi wiwaha. (kembali) Kurang satu suku kata: anganggit kawi wiwaha. |
7 | Kurang satu suku kata: bramana lêbu gêni punika. (kembali) Kurang satu suku kata: bramana lêbu gêni punika. |
8 | Majêthi. (kembali) Majêthi. |
9 | punggung. (kembali) punggung. |
10 | anggèr. (kembali) anggèr. |
11 | Lebih satu suku kata: nagri sangsayarja. (kembali) Lebih satu suku kata: nagri sangsayarja. |
12 | Kurang satu suku kata: sarira gilig ajênar. (kembali) Kurang satu suku kata: sarira gilig ajênar. |
13 | Lebih satu suku kata: pun bibi nilakrama. (kembali) Lebih satu suku kata: pun bibi nilakrama. |
14 | ngamandaka. (kembali) ngamandaka. |
15 | tabêtnya. (kembali) tabêtnya. |
16 | wênèh-wênèh. (kembali) wênèh-wênèh. |
17 | Kurang satu suku kata: kang kaparèng ngêdhong U karanya. (kembali) Kurang satu suku kata: kang kaparèng ngêdhong U karanya. |
18 | marmanta. (kembali) marmanta. |
19 | marang. (kembali) marang. |
20 | kalangan. (kembali) kalangan. |
21 | Halaman 101 dan 102 tidak ada. (kembali) Halaman 101 dan 102 tidak ada. |
22 | langkung. (kembali) langkung. |