Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10)

Judul
Sambungan
1. Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
3. Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 11–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 16-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn) 1850–60[1]

--- 1 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 1 dari 95

1. Sinom

1. mangkana sawiji dina | sagung donya brana nuli | linelang sêdaya bengkas | jroning loji têmah sêpi | sagung para dipati | ingkang nyantosani tuku | miwah patih wêdana | kolèktur kaliwon mantri | ajêmunuh manut ing bupatinira ||

2. ya ta residhèn wus pasrah | marang kang mêsthi gumanti | ran Buskhèt[2] sangking Banyumas | buku pakaryan wus tampi | sangking Jêng Tuwan Sêmit[3] | saksi dipati tumênggung | Tuwan Sêmit wus linggar | sangking loji agumanti | kawuwusa anuju ari Kasihan ||

3. Jumadilawal ping nawa | ping rolikur Mart Jimakir | sêngkala kadya ing ngarsa |[4] budhale Jêng Tuwan Sêhmit | kondur mring nagri Wlandi | sing Purwarêja gumuruh | dyan dipati sawadya | yun ngatêr watêsing bumi | sampun munggèng

--- [2] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 2 dari 95

ing rata pangirid kinêtab |[5]|

4. mamprung saengga maruta | tan kawarnèng jlamprang prapti | sarêng têdhak sangking rata | nitih kuda nyêngkèng wukir | myang sakyèh pra priyayi | mung nyonyah wahana tandhu | tan kawarna ing lampah | sagung urmat urut margi | ron lan marcon ingapi samarga-marga ||

5. apanjang lamun winarna | ing kali kêndho wus prapti | Tuwan Sêmit lan dipatya | wus têdhak sangking turanggi | nyonyah tumulya nitih | munggèng ing rata papêthuk | pangirid sing Magêlang | sêksana Jêng Tuwan Sêhmit | jawat tangan pamit ing radyan dipatya ||

6. kalihe mijil kang waspa | dahat trêsnanira kalih | lir kadang tunggil bu yayah | nulya sagung pra priyayi | amung basukèng margi | Tuwan Sêmit tanggap manthuk | waspa tan kêna mênggah | tyasnya sêmpêg angawrati [angawra...]

--- 3 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 3 dari 95

[...ti] | nitih rata pangirid rasa[6] turăngga ||

7. sinambuk mêsat lir kilat | akêsit saengga thathit | dyan dipati saha wadya | kondur lan para priyayi | nèng marga tan winarni | ing Purwarêja wus rawuh | sagung wadya sadaya | sewang-sewang manjing panti | kawuwusa antaranira nêm dina ||

8. nujyari Paing ing Sukra | sanga likur Marêt sasi | nêmbêlas Jumadilawal |[7] duk Risidhèn Buskhèt prapti | sangking ing Tirtarukmi | saha garwa putranipun | Radyan Cakranagara | mêthuk Bandhung wus apanggih | Tuwan Sikrêtaris Bèking rowangira ||

9. marma mêthuk anèng marga | jêr garwa tuwan kang prapti | kadange kaprênah tuwa | lawan Sèkrêtaris Bèking | sapraptane nulya glis | rangkulan cium-cinium | prasamya nênggak waspa | de kadang lami tan panggih | salin kuda pangirid sigra

--- [4] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 4 dari 95

kinêtab ||

10. dipati nunggil sarata | lawan Sikrêtaras[8] Bèking | ing marga datan winarna | praptèng Purwarêja nagri | garwa putra wus manjing | ngloji dyan dipati kondur | ing wismane priyăngga | sawusira lami-lami | sabar ayêm parentahe kang lumampah ||

11. Sikrêtaris Bèking kesah | minggah kalênggahannèki | asistèn ing Băndawasa | milya risidhèn basuki | ing wuri kang gumanti | Wikrês kang wau kontrolur | wusnya têtêp gumantya | dadya sèkrêtaris nagri | Tuwan Kindhêr[9] gumantya kontrolirira ||

12. lami tan ana winarna | ayêm tyase wadya alit | singa kang tinanêm dadya | prentahe sabar lêstari | Tuwan Residhèn Buskhit | awêtara mèh sataun | dyan dipati tuk warta | sangking tuwan sikrêtaris | lamun Tuwan

--- 5 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 5 dari 95

Sêmit wus praptèng nêgara ||

13. basuki samarga-marga | ing dharat miwah ing warih | putranya sawiji lena | anèng nêgari Wêlandi | lan malih minta kirim | dyan dipati nulya angsung | sungu kidang lan sangsam | kinarya saosan malih | marang Kanjêng Maharaja nagri Olan ||

14. wus winot munggèng ing kothak | kinintunakên tumuli | marang nagara Walănda | ya ta sampun lami-lami | andungkap kalih warsi | malih wontên kabar rawuh | Tuwan Wikrês sung warta | marang radyan adipati | Tuwan Sêmit angsung tabe ring dipatya ||

15. lan malih angsung tupiksa | Jêng Tuwan Sêhmit basuki | saha garwa putranira | anèng nêgari Wêlandi | radyan dipati kirim | saosan marang sang prabu | uga wus tinarima | saature dyan dipati | winangsulan paring pangèstu ing

--- [6] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 6 dari 95

wadya ||

16. ya ta sampun lama-lama | ya ta Jêng Residhèn Buskhit | nimbali radyan dipatya | nuju Ramêlan kang sasi | maksih warsa Jimakir |[10] radyan dipati malêbu | panggih gya jawat asta | parêng lênggah munggèng krosi | Jêng Residhèn Buskhèt aris sabdanira ||

17. radèn dipati mangkanya | kita panggil masuk sini | saya sudhah dhapêt surat | dhari Guprênur Batawi | radèn dipati nanti | mandhapêt pakean payung | naek dhari nyang lama | sêkarang rupanya kuning | bagimana dyan dipati punya sukak ||

18. brangkali mintak sêkarang | apa sukak lain ari | dyan dipati nambung sabda | baik nyang saya brênanti[11] | abis puasa ini | saya trima itu payung | biyar dhi sini saja | dhulu sêbab saya [sa...]

--- 7 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 7 dari 95

[...ya] nanti | kaluk trima misti adha pakurmatan ||

19. sêkarang bêlun sêdhiya | kadhuwa susah sêkali | barusan tempo puasa | susah kaluk saya panggil | mangka tuwan upsir |[12] tuwan residhèn nabda rum | baik bêgitu saja | pamit jêng radyan dipati | jawat tangan sêksana rinilan budhal ||

20. praptèng wismèng kabupatyan | mrêpêki Tuwan Kontrolir | Kindhêr lagya bayar arta | nilaring[13] sakèh wadya lit | gumuruh ingkang tampi | dyan dipati ngadika[14] rum | tuwan saya barusan | dhipanggil mangsuk dhi loji | Tuwan Buskhèt kasih kabar padha saya ||

21. tuwan bêsar kasih printah | naek payung jadhi kuning | ini ari suru trima | saya misti tempo nanti | abis puasa [pu...]

--- [8] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 8 dari 95

[...asa] ini | saya trima itu payung | sêbab kapengin saya | mambari kurmat sêdhikit | padha tuwan upsir dhèngên amtênar |[15]|

22. sapantês misti purmakan | saadha-adhanya sini | saya mintak tulung tuwan | sêbab saya tradhak dhuwit | jangan prêgusar ati | nanti tuwan bole atur | sêgala prêmakanan | dhèngên inuman nyang baik | brapa mangsuk nanti saya bayar jugak ||

23. kaluk sudhah adha uwang | sêkarang tuwan sêndhiri | misti bayar itu barang | dhan misti mangsuk rikêning | apa sukak mambêli | minuman nyang bagus-bagus | kita lêbih prêcaya | kapadha tuwan sêndhiri | Tuwan Kindhêr manêbda ya baik saja ||

24. ya ta sawusing puasa | garêbêg wus tan winarni |

--- 9 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 9 dari 95

Kontrolur Kindhêr pêpanggya | kalawan radyan dipati | jawat tangan wus linggih | nèng krosi pêndhapa agung | tuwan kontrolur nabda | dhulu radèn adipati | mintak tulung padha kita prêmakanan ||

25. nanti buwat bikin pista | kurmat padha payung kuning | sêkarang sudhah sêdhiya | pêrkaranya kuwih-kuwih | nyang saya suru bikin | tuwan asistèn nyang baru | Browrê asistèn nila | biyar tulung kuwih-kuwih | biyar radèn adipati kirim orang ||

26. bawak sêmunya inuman | sêksana radyan dipati | anuduh sawiji wadya | ngirid wadya pikul sami | marêk tuwan kontrolir | ya ta sakèhing papikul | budhal ambêkta jodhang | minuman wus dèn ungsungi | dinunungkên pasêpèn ing kabupatyan ||

--- [10] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 10 dari 95

27. anulya sakèh dandanan | kaprabon priyayi bukti | tinumpuk wus rinêsikan | ingkang minăngka têtindhih | sagung wadya rarêsik | dyan wêdana putra jalu | Cangkrêp Rêsadiwirya | ngumpulakên sawêrnining | prêrabote[16] dhahar para tuwan-tuwan ||

28. babêdhag kyèh kewan wana | mênjangan kidang lan kancil | mrêrak maliwis yam alas | mêragad kêbo lan sapi | ayam wêdhus kabiri | babi kiyik ayam karkun | pira-pira kang ulam | ingolah dadi sapanti | buron toya gramèh pêlus sidhat tămbra ||

29. kutuk lele mangur sêpat | badhèr palung saga lêndhi | bandêng miwah acar-acar | barang tinanya mêpêki | nulya ri Tumpak Paing | Sawal ping walulasipun | Gustus kaping nêmbêlas | Jimakir [Ji...]

--- 11 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 11 dari 95

[...makir] sêngkala Jawi | mêksih naga tungganganing wiku nata |[17]|

30. dhahar urmat songsong jênar | tuwan residhèn nguruni | mundhut mangsing Wanasaba | kinarya tontonan sami | ingabên sêdyanèki | kêlawan maesa danu | akèn ngupaya mesa | kang yogya ingadu wani | dyan dipati wus saos andhanasmara ||

2. Asmarandana

1. warnanên sangganing panti | kabupatèn tanpa sama | gapura tinrapan godhong | andong wilis puring abang | tulak patramênggala | mayang lan samboja wungu | sănggalangit lawan jênar ||

2. mawar seta bang saruni | worah-warih bang lan seta | kapuranta ngadu sempol | taru klapa kuning aryan | rineka rinawisan | palêngkung midêr lun-alun |

--- [12] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 12 dari 95

tinatrapan ron mawarna ||

3. asri lamu[18] dèn tingali | lurung madyaning pasowan | loji marang kabupatèn | rinêngga palêngkung sasra | rinonan warna-warna | sêsanggan têrat agung |[19] binusanan binabuntal ||

4. midêr têpining pêndhapi | madya sri linangse seta | lir ima munggèng wiyate | kumêndhung-kêndhung nèng tawang | buntal bang wilis jênar | minăngka memba kêkuwung | panjang lamun winarnaa ||

5. wus banjêng madyèng pêndhapi | krosi ingidêr ing meja | kinapan ing wastra putèh | palisir sutra diwăngga | tri krosi kinancana | asri lêlèmèke kasur | baludru jênar rinenda ||

6. yogya palênggahannèki | Obrês[20] Risidhèn dipatya | para niyaka sumaos | patih kaliwon wêdana | ondêr [o...]

--- 13 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 13 dari 95

[...ndêr] kolèktur jêksa | mantri pulisi lu-ulu | kumêtir lan mantri gudhang ||

7. busana siwakèng aji | kampuh kuluk baju panjang | ngumpul pasiwakan andhèr | enjing măngsa tabah astha | dyan dipati busana | rêspati asikêp kuluk | barêci tarak kêncana ||

8. rasukan sangkêlat wilis | sinrawung renda kêncana | curiga Kyai Bintaro | sêlut pêndhok tinarancang | hèr laut nawarêtna | yèn tinon upama murub | surêm sênêning raditya ||

9. akampuh sawat bêrangti | paningsêt renda kumala | ngebat-ebati sênêne | lancingan baludru jênar | rinenda ing sampean | dyan dipati yèn dinulu | mimba Natèng Gajahoya ||

10. pamulu bang lir têmbagi | ingkang mêntas sinêpuhan [sinêpu...]

--- [14] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 14 dari 95

[...han] | sinawakèng[21] wadyanya kèh | priyayi măngka Kurawa | pra putra dyi wêdana | katri dyan ondêr kolèktur | sumaos ngarsaning rama ||

11. wus pêpak para sumiwi | ya ta măngsa tabah nawa | tuwan kontrolur rawuhe | sing loji anitih rata | mêthuk radyan dipatya | kinurmat tabahan umyung | wus panggih radyan dipatya ||

12. gya ngaturan manjing loji | têdhak rahadyan dipatya | manjing rata jajar linggèh | lan tuwan kontrolur sigra | para priyayi samya | wahana kuda sêdarum | busana mawarna-warna ||

13. anggarêbêg kanan kering | ing wuri miwah ing ngarsa | wus tata lumampah rèrèh | kuda pangiriding rata | lampah ngampah lon-lonan | praptèng têpining lun-alun | ngarsèng loji pra wêdana ||

14. tumêdhak sangking turanggi | wahana [waha...]

--- 15 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 15 dari 95

[...na] dinunung samya | amung rata manjing dhewe | ring madyaning pêlataran | para priyayi dharat | anggarêbeg manjingipun | dipati têdhak sing rata ||

15. anganthi tuwan kontrolir | pra mantri kantun nèng jaba | samya ngitihi barise | glondhong kêlawan kêpala | miwah para prawira | nèng ngarsa ngloji supênuh | mimba ombaking samodra ||

16. dyan dipati lan kontrolir | manjing sapraptane lênggah | nèng kanan krosi residhèn | Tuwan Obrês lan upsirnya | banjêng nèng kering lênggah | patih wêdana kolèktur | sêdaya sumaos ngandhap ||

17. sinapihan lênggah lampit | sawusnya tata sêdaya | madêg jêng tuwan residhèn | sangking krosi gènnya lênggah | sêdya dhawuhkên sabda | ngandika cara Lumayu | samuanya [samua...]

--- [16] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 16 dari 95

[...nya] tuwan-tuwan ||

18. dhan lagi para priyayi | biyar mangrêti samuah | sêkarang Radyan Dipate | Cakranagara mandhapat | urmatnya Tuwan Bêsar | Jendral Batawi Guprênur | kasih bêr naek pakean ||

19. rupa payung pulas kuning | lain dhèngên payung lamah | payung kuning bole pake | ya ta para tuwan-tuwan | urmat manthuk sêdaya | para priyayi andhêku | asta kalih ngapurancang ||

20. sêksana payung pinaring | radyan dipati wus tămpa | payung putèh wus sinèlèh | songsong kuning munggèng wuntat | tuwan residhèn lênggah | nulya pundhutan lumintu | inuman mawarna-warna ||

21. Obrês lan para opêsir | gya nginum anggur sadhasar | para priyayi nginum tèh | wusnya waradin nyadhasar | dhêdharan kakêringan [kakêring...]

--- 17 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 17 dari 95

[...an] | sawusnya dipati matur | kapan tuwan-tuwan sukak ||

22. kluwar adha main-main | saya mau adhu macan | dhi lun-alun dhèngên kêbo | sigra para tuwan-tuwan | mèsêm baik sabdanya | gya budhal mring lun-alun |[22] sêdaya lumakyèng dharat ||

23. tuwan-tuwan lan priyayi | akumpul samarga-marga | dipati nganthi residhèn | praptèng pasowan lèr wetan | nèng krosi parêng lênggah | pangabênan anèng kidul | maesa sampun sêdhiya ||

24. munggèng sajroning pêranji | singha sumadyèng ing rodra | pintu binuka gya mrojol | manjing marang pangabênan | maesa duk tumingal | ana singha gya manêmpuh | ulêng sru udrêg-udrêgan ||

25. dangu rame silih ungkih | para mêmantri [mê...]

--- [18] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 18 dari 95

[...mantri] nulya mangsah |[23] lombok kêmadhuh lan obor | minăngka kili pangabyan | mrih bingut kalihira | wus dangu aliru panduk | singha kalawan maesa ||

26. dyan dipati printah nyapih | pangabên sampun pinisah | dipati matur residhèn | miwah para tuwan-tuwan | jikaluk adha sukak | samuanya baik mangsuk | dhi pêndhapa romah kita ||

27. adha purmakan sêdhikit | saadha-adhanya saja | sêdaya baik sêbdane | gya kerid manjing sedaya | anèng madyèng pêndhapa | tuwan kontrolur kang atur | sagunging kang dhêdhaharan ||

28. de Tuwan Kontrolur Dhumis | ing nata palênggahan |[24] krosi sawiji-wijine | wus samya sinungan surat | araning tuwan-tuwan | kabèh [ka...]

--- 19 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 19 dari 95

[...bèh] tan kêna kaliru | miwah pra priyayi samya ||

29. wus banjêng krosi kuliling | ngidrêri têpining meja | dhêdharan wus minggah kabèh | inuman wus sumadhiya | nèng kênap kering kanan | para tuwan praptanipun | kerid ing radyan dipatya ||

30. parêng samya mulat tulis | kang munggèng ing palênggahan | sigra mrênah dhewe-dhewe | tabahan tinabah raras | ngrêrangin tinêmbangan | para sari arum-arum | ginggang tyase pra taruna ||

31. solah gagah ting prêgigih | miyarsa pra sari nyêkar | kewran tan èngêt wandane | sênadyan wănda lir bancak | pêngrasa jroning driya | anggêp lir Asmarabangun | miwah lir arga puspita ||

32. sangking tyas marwata siwi | ing larasaning dumadya | jêr wus ngandêl ing

--- [20] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 20 dari 95

Yyang Manon | sênadyan badan lir wingka | anggêp mimba kêncana | lumrah pêngrasaning kalbu | yèn mulat liyaning badan ||

33. tan ana bêcik kaèksi | sasolah tingkah busana | kudu winaonan kabèh | amung solahing priyăngga | patrap tingkah busana | nora nana ingkang saru | sarua angrasa brêgas ||

34. marmane kang kakon galih | tur wus ngawruhi pangrasa | ing tyas lan liya-liyane | têmah tan arsa angatap | sakèh busanèng ăngga | tanapi lamun lumaku | tan arsa nata lambeyan[25] ||

35. apanjang lamun winarni | solahe para taruna | kang nglêladosi dhahare | saksana sami ngaturan | sunggata rinabasa | amrih rusake dinulu | sagunging ulam-ulaman ||

36. midrê kang samya ngladèni | pating

--- 21 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 21 dari 95

pating sarikut solahnya |[26] kang nadhah nutug karsane | barang kang tinanyakna |[27] tan ana ingkang cuwa | sawusira dhahar nutug | mung kantun mandêng inuman ||

37. tuwan residhèn kundhisi | kurmat kang antuk ganjaran | ambal-ambalan surake | binarung munya tabahan | mesa kurda myang munggang | mriyêm ingapi jumêgur | kadya bêlah kang pratala ||

38. kumrêtêg nalaning jalmi | kang samya miyarsa surak | wanti-wanti tan kêna sèp | sakèh para tuwan-tuwan | sung urmat gantya-gantya | mriyêm munya wantu-wantu | kang dhihin kaping sawêlas ||

39. kaping gangsal kang pawingking | wus nutug nadhah luwaran | bubar para tuwan mulèh | radyan dipati binakta | munggèng sajroning rata |

--- [22] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 22 dari 95

gya Tuwan Dhumis Kontrolur | minăngka kusiring rata ||

40. mring Kêdhungkêbo kinapti | datan kawarna ing marga | sêkilwak ngurmati kabèh | wus prapta ing wismanira | Obrês manjing sêksana | panuju busana cucul | wus nêdya karsa sarean ||

41. ginobyag ing Tuwan Dhumis | ingajak inum-inuman | Tuwan Obrês kagyat tyase | mijil mung baju gêbayak | panggih lan dipatya |[28] dahat dènnya mintak ampun | dene tan ngrasuk busana ||

42. sagarwa putra manggihi | kurmat samya jawat tangan | wus samya tata linggihe | papundhuta[29] nulya mêdal | dhaharan lan inuman | sawusing sakêdhap nginum | dyan dipati ingaturan ||

43. ring Tuwan Kontrolur Dhumis | myang Kindhêr

--- 23 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 23 dari 95

minggah ing kreta | marang kumêndhan wismane | pan nuju garwane nyonyah | darbe tanaya anyar | mulat dyan dipati rawuh | lan kalih kontrolurira ||

44. kapat tuwan sikrêtaris | gurawalan mêthuk nglawang | wusnya jawat tangan kabèh | ingaturan samya lênggah | nèng krosi wusing tata | papundhutan nulya mêtu | nèng meja lawan inuman ||

45. sêksana kundhisi malih | rame surak piyambakan | nyonyahe pinanggil age | kinèn bêkta putranira | sawusnya jawat asta | lênggah nèng krosi sêdhupuh | manggihi radyan dipatya ||

46. tuwan kumêndhan anulis | sastra bicara Walănda | kang nurat tan wruh basane | sawusnya dadya kang surat | tuwan kumêndhan nabda | arum wijiling Lumayu [Lu...]

--- [24] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 24 dari 95

[...mayu] | radèn dipati sêkarang ||

47. dhapêt kurmat payung kuning | apa jug sênêng sobat |[30] sama saya dhêngên binèk | dhan sêgala tuwan tiga | nyang dhudhuk romah saya | kaluk sukak sobat bêtul | biyar turut tandha tangan ||

48. dhibawahnya surat ini | radyan dipati sêksana | nurat pratăndha namane | tuwan kontrolur kalihnya | Kindhêr Dhomis kalawan | Tuwan Wikrês samya angsung | nurat tăndha astanira ||

49. wusnya gya tabean sami | katri parêng manjing kreta | Tuwan Dhumis nèng kusire | kuda pangirid kinêtab | nandêr samarga-marga | kinurmatan ing suldhadhu | kang jagi pintu sêdaya ||

50. nuli rêmbag arsa mampir | marang laji[31] residhenan | sapraptanira nulyanjog | sing kreta manjing

--- 25 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 25 dari 95

kiwala | jêng residhèn sêmana | wus lukar busananipun | ngrasuk kêbayak kiwala ||

51. mulat praptaning dipati | nganthi kontrolur kalihnya | sikrêtaris katigane | tuwan residhèn grawalan | mêthuk sarwi manêbda | ini saya mintak ampun | sondêr pakeyan nyang bêsar ||

52. dyan dipati matur aris | tuwan tidhak jadhi ngapa | ngandika malih residhèn | dyan dipati kaluk sukak | sêkarang bole pulang | sa cape mau tidhur |[32] barusan makan dhi sana ||

53. dhan lagi mabuk sêkali | radyan dipati turira | baik sêksana wus lèngsèr | sêkawan gya manjing kreta | kondur mring kabupatyan | tuwan katri atut pungkur | sapraptaning kabupatyan ||

54. dipati têdhadhak[33] [têdha...]

--- [26] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 26 dari 95

[...dhak] pribadi |[34] kondur pinêthuk pra garwa | praptèng dalêm lukar age | sagung busana rinucat | dyan dipati gya nendra | tuwan katri wangsulipun | mring pondhok sewang-sewang |[35]|

55. bubar sagung pra priyayi | wêdana sawadyanira | mring wismane dhewe-dhewe | sagunging pakurmatan |[36] rinucatan wus birat | ya ta tan lami winuwus | rèh marga anyar wus dadya ||

56. pos kêrtêg wus dèn payoni | ing Kêdhung agung sinirap | marga sampun rata kabèh | sakèh pos sinungan kuda | pangirid nigang pasang | sabên sasêngkan gya sinung | pangirid kêbo nyapasang ||

57. ya ta ing dina sawiji | dyan dipati nuju lênggah | ana dutaning residhèn | Tuwan Kindêr kang cudaka | panggih lan sang dipatya | nèng

--- 27 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 27 dari 95

krosi wus tata lungguh | tuwan kontrolur manêbda ||

58. residhèn suruan kirim | tabe padha dyan dipatya | dhan lagi tuwan residhèn | kasih tau dhari sêbab | sêmunya jalan bêsar | sudhah rata dhèngên bagus | sudhah bole kreta jalan ||

59. dhapêt bilang tri kasih |[37] dhari kanjêng tuwan bêsar | dhèngên kirim surat dhi pos | kasih ongkos bikin pista | adha dhi batês sana | cumah rispis anêm ratus | dyan dipati punya sukak ||

60. kaluk suru bikin |[38] bêli sêgala makanan | lah bole mintak dhi kantor | radyan dipati ngandika | jikaluk tuwan sukak | itu wang nyang dhuwa ratus | misti saya mintak jugak ||

61. nanti saya êndhak [êndha...]

--- [28] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 28 dari 95

[...k] bagi | kêpadha ampat wêdhana | biyar buwat bêli kêrbo | cumah tiga puluh saja | dhalêm satu wêdhana | jumblah sratus dhuwa puluh | dhêlapan puluh nyang tinggal ||

62. itu saya bikin bêli | sadhapêt minuman kasar | buwat orang kêcil pake | nyang misti bakrêja jalan | dhèngên nyang rupa bêras | saya sêndhiri nyang sanggup | kluwar nanti buwat makan ||

63. wang nyang ampat ratus rispis | saya tradhak mau trima | biyar nyang tinggal dhi kantor | kaluk suk tuwan saja |[39] bêli dhi mana adha | sêgala minuman alus | buwat pake tuwan-tuwan ||

64. dhan nyang atur-atur nanti | main-main dhèngên rumah | têmpat makan Kalijambe | sabanyaknya misti tuwan | kalu prêyayi jawa | saya suru atur-atur | brangkali [brang...]

--- 29 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 29 dari 95

[...kali] kurang sampenya ||

65. mênjadhikên malu nanti | dhari apa besuk makan | misti mapanggil residhèn | Magêlang dhèngên rêgènnya | Dipati Danuningrat | mangka jangan sampe malu | misti banyak purmainan ||

66. makanan dhan dhaging-dhaging | purmasakan misti tuwan | printah koki biyar sampe | misti sêdhikit nyang enak[40] | dhimakan tuwan-tuwan | baik sabdaning kontro |[41] sudhah tuwan bole bilang ||

67. kapadha tuwan residhin | yang bêgitu rêmbug saya | dhèngên saya kirim tabe | tuwan kontrolur sêksana | pamit gya jawat tangan | mintar mring loji wus rawuh | dyan dipati pêparentah ||

68. ing juru sastra tinuding | minta kalih atus arta | mring tuwan kuwasèng kantor | ing marga [mar...]

--- [30] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 30 dari 95

[...ga] tan kawarnaa | sawusnya tampi arta | rong atus rispis gya dinum | nigang dasa wêdana |[42]|

69. kinèn numbas kêbo sapi | kêlawan bumbune pisan | karya pista Kalijambe | arta ingkang walung dasa | karsane dyan dipatya | karya tumbas sop pirangsum | tan antara wus sêdhiya ||

70. lan parentah karya panti | kang badhe panggenan dhahar | anèng wana Kalijambe | sêkawan para wêdana | gya karya sewang-sewang | gèn kumpulan kyèh wadu |[43] munggèng têpining rêratan ||

71. wisma lus sêkawan dadi | panjang tigang atus cêngkal | sêkawan pisan dhinèmpèt | mung pondhokaning wêdana | pinarnah nginggilira | pondhok Luwanu myang kaum | nèng kilèning wisma dhahar ||

72. cakêt pakokèn [pakokè...]

--- 31 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 31 dari 95

[...n] lan panti | patehan ing kabupatyan | sêmana rumanti kabèh | ya jêng radyan dipatya |[44] matur marang jêng tuwan | residhèn ngaturi wêruh | yèn barang wus sumadhiya ||

73. paran karsa tuwan mangkin | lah benjing dintên punapa | dhahar marang Kalijambe | tuwan residhèn wêcana | saya trak bole bilang | ari ampat bêlas itu | Kêmis saya kadhatêngan ||

74. Tuwan Hèrtoh tidhur sini | dhuwa ari lagi brangkat | abis itu saya bole | bilang padha dyan dipatya | kondur radyan dipatya | ya ta ari Kêmisipun | dyan dipati gya busana ||

75. kawarna Sawal kang sasi | anuju kaping nêmbêlas | Alip wus akir taune | Tuwan Hèrtoh rawuhira | sêngkala nungsa Jawa | lèng gunung wiku [wi...]

--- [32] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 32 dari 95

[...ku] kinubur |[45] dyan dipati sampun budhal ||

76. nganthi residhèn kontrolir | praptèng Bandhung sigra raryan | tan dangu prapta Sang Hèrtoh | kèndêl sakêdhap gya budhal | amung nalini kuda | rata kalih budhal mamprung | tan kawarna anèng marga ||

77. wus prapta manjing jro loji | dyan dipati mundur linggar | sapraptaning kabupatèn | pinêthuk ing para garwa | tan antara kalih dina |[46] kalih latri lêrêbipun | Tuwan Hèrtoh sigra budhal ||

78. sagung kang para priyayi | kabèh tan ana kalilan | andhèrèkna dyan residhèn | tan kalilan ngatrê[47] marga | yun lumampah priyăngga | enjang numpak rata sampun | budhal Hèrtoh tanpa wadya ||

79. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Magêlang | kawusa sapungkure [sapung...]

--- 33 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 33 dari 95

[...kure] |[48] tuwan residhèn sung rêmbag | marang radyan dipatya | kaluk sukak ari Saptu | Gustus dhuwa puluh tiga |[49]|

80. dyan dipati bole bikin | jadhi itu purmakanan | pista pigi Kalijambe | saya sudhah kirim surat | padha residhèn Maglang | dhèngên dyan dipati kalu | sukak turut makan juga ||

81. dyan dipati nêbda baik | kondur sigra pêparentah | marang Wêdana Luwano | kinèn bêdhag kewan wana | mênjangan kancil kidang | mrêrak ayam alas dêruk | myang saosan ulam toya ||

82. gramèh tămbra mangur sili | sidhat pêlus kutuk saga | palung lele badhèr mandhèk | lawan ingon-ingonan |[50] ayam kambangan banyak | menda kabiri lan sawung | dara kiyik tigan ayam ||

--- [34] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 34 dari 95

83. kabèh nagara kang paring | bayaran ingon-ingonan | wowohan kumpulna kabèh | tan kawarna wus sêdhiya | sagunging papundhutan | nèng Kalijambe kinumpul | dyan dipati gya parentah ||

84. ring wadya andhudhah pari | dinum ring wadana papat | kinèn samya nutu dhewe | kang kinarya angsung pangan | marang wadya lit kathah | warnanên Tuwan Kontrolur | Kindhêr sampun lumaksana ||

85. mring Kalijambe yun kardi | prênataning wisma dhahar | gapura palêngkung ngrêron | meja krosi gèning dhahar | tuwan kontrolur wignya | karya sênêning pandulu | miwah sakèhing kasukan ||

86. abênan cèlèng lan kambing | miwah lan srênggala galak | mêrak lan jago kêbirèn | pucang astha ingongotan [ingongo...]

--- 35 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 35 dari 95

[...tan] | ginêmuk sinungan wastra |[51] kathah ingkang adiluhung | badhe kinarya rêmbatan ||

87. panjang kawan dasa kaki | ingadêgakên nèng marga | singa ingkang bisa mènèk | miwah ngambil punang wastra | kinèn ngambil kiwala | lan kayu pucang linunyu | tinumpangakên balumbang ||

88. ing ngandhap sinemekan pring | ingalun sinungan wastra | sing ngambah tan kablèndèr |[52] bisa ngambil ingkang wastra | kinèn ngambil kang jalma | sakèh kasukaning wadu | sêdaya sampun sêdhiya ||

89. myang sakèh tandhak kinêrig | kinanthèn tabuhanira | tansah kalawan badhude | gumuruh latri lan siyang | wadya ngrêbasèng tandhak | tabahan pating carêngkung | suka samya nganthi tandhak ||

3. Kinanthi

1. sadina-dina atimbun | wadya lit kasukan [kasu...]

--- [36] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 36 dari 95

[...kan] gêndhing | ya ta rarêngganing wisma | tuwan kontralur[53] kang kardi | binusanan rondhon sêkar | mayang sambojandong puring ||

2. tulak worah-warih rumpuk | abang seta lan saruni | taluki patramênggala | rinawisan sănggalangit | inganggit rineka buntal | lir pêngantèn dèn kêningi ||

3. wisma linangse ing luhur | kanan kering ngarsa wuri | wastra seta kang kinarya | sinungan lètrê[54] ron wringin | tăndha tanah pêpalihan | Kêdhu lan tanah Pagêlin ||

4. tuhu wignya wirèng sêmu | jêng Tuwan Kindhêr Kontrolir | Sudigbya pasang graita | suka sêsêm[55] kang ningali | pasang rakite kang wisma | palêngkung rondhon ngubêngi ||

5. ing wuri kaparèng luhur | panggenaning mriyêm katri | kanan cakêt gèn gamêlan | ing wuri kaparèng

--- 37 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 37 dari 95

têbih | pagenan[56] koki patehan | kagungan radyan dipati ||

6. kawuwusa ari Saptu | Cêmêngan Sawal warsa Lip | ping sêlawe tanggalira | sêngkalaning nungsa Jawi | nir salira pandhitèng rat |[57] warnanên sêngkala Wlandi ||

7. ping tiga likur Agustus | suryangin panjarèng aji | Dyan Dipati Purwarêja | tabah rasa manjing loji | ayun umiring lampah |[58] residhèn lagya miranti ||

8. busana kaprabonipun | pêpara kabèh mêpêki | rata wus sumaos ngarsa | tan dangu residhèn mijil | jawat tangan parêng lênggah | lawan radèn adipati ||

9. sinung tèh sadhasar nginum | Tuwan Buskèt wêcana ris | radèn adipati jangan | pakik naekan sêndhiri | baik naek satu kreta | dhan saya èn Tuwan [Tuwa...]

--- [38] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 38 dari 95

[...n] Dhumis ||

10. Tuwan Obrês jugak turut | kaampat tuwan upêsir | tradhak usah banyak kudha | dyan dipati bilang baik | tan antara nulya prapta | Obrês anganthi upêsir ||

11. Tuwan Dhumis parêng tanduk | wusnya jawat tangan nuli | ngaturi manjing sarata | residhèn lan dyan dipati | katri Obrês lan upsirnya | kalimane Tuwan Dhumis ||

12. ginalih sarading laku | yèn gangsal dadi sawiji | Tuwan Obrês misah rata | priyăngga lawan upêsir | Tuwan Dhumis kang minăngka | pramugari anèng margi ||

13. wus tata panitihipun | pukul sapta sigra kusir | ngêtab pangiriding rata | kuda mamprung kadya thathit | sabên sinalinan kuda | datan kawarna ing margi ||

14. tabah nawantaranipun | ing Kalijambe

--- 39 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 39 dari 95

duk prapti | rata kontap sing arga |[59] gya Tuwan Kindhêr Kontrolir | têdhak lan para wêdana | dyan ondêr kolèktur patih ||

15. umiring prasamya mêthuk | jêng tuwan rêsidhèn prapti | ing marga mukaning wisma | tan antara rata prapti | tuwan residhèn tumêdhak | anganthi radyan dipati ||

16. jawat tangan lan kontrolur | ondêr kolèktur myang patih | Tuwan Obrês wus tumêdhak | lan upsir lan Tuwan Dhumis | wusnya samya jawat tangan | ngaturan minggah ring panti ||

17. sawusnya tata alungguh | tuwan kontrolir anolih | wadya taruna gya prapta | angaturi inuman tih | sadhasar sewang wêrata | tabahan parêng ginêndhing ||

18. angêrangin angênyut rungu |[60] tinêmbangan kèh apsari | ingkang mimba surènggana |

--- [40] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 40 dari 95

ing Suralaya mrênani | eca na Walănda |[61] kêrsaru[62] gègèring margi ||

19. urmat tabahan gumuruh | gurmrêrah[63] syaraning jalmi | kumêrud syaraning rata | datan antara kaèksi | Tuwan Mègêlang[64] prapta |[65] lan radyan dipati |[66]|

20. nganthi atmajanya jalu | Dyan Danukusuma pêkik | Têmanggung kontrolurira | wêdana catur lan mantri | wadya bupatèn Magêlang | sarêng tundhuk manjing panti ||

21. jawat tangan tata lungguh | prasamya munggèng ing krosi | sagunging priyayi lênggah | Kêdhu Pagêlèn nèng lampit | andhèr pungkuran dipatya | kapang kalangan mêrapit ||

22. papundhutan sigra rawuh | nyadhasar tèh wus wêradin | dening sakèh tuwan-tuwan | sakarsa dèn saosi |[67] sawusnya nginum sadhasar | lêrêb sakêdhap gya mijil ||

23. ningali tontonan [tontona...]

--- 41 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 41 dari 95

[...n] agung | ngabên wijung lawan kambing | wênèh lan srênggala galak | bango lan jago kabiri | wênèh mêng-amêngan jalma | kinèn ngambil wastra adi ||

24. nèng luhur pucang ginantung | pucang ongotan kalimis | linalunyu sinung kêndhal | watêke manungsa Jawi | melikane andêrbala | tan dêrana anêricig ||

25. ningali wastra gumantung | tur nuju jalma madati | kalolodan mulat wastra | panjangkane jroning ati | wastrèku yèn kêna ingwang | limang godhong nora sisip ||

26. yêkti mêndêm rasaningsun | pêtagihan wus nêm ari | tan darbe patukon madat | tan etang sabaya pati | tan mulat lunyuning pucang | mènèk antuk pitung sikil ||

27. kaplorod tiba katêkuk | gulu bengkok manik cêkik | malirik tangi dhêdhangkak | kaidak jalma

--- [42] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 42 dari 95

kèh prapti | samya mrih antuk wastra |[68] marma tan nolih ing wuri ||

4. Pangkur

1. kumrutug jalma melikan | mancad pucang yun ngambil wastra adi | kagêdhèn miliking kalbu | tan etung pringgabaya | tumrêracag[69] lagya antuk pitung suku | praptèng lunyuning kêndhal |[70] jalma kaplorod kuwalik ||

2. kang mulat gumuyu suka | bata rêbah mimba suraking jurit | pra priyayi suka guguk | myang para tuwan-tuwan | suka mulat nudingi tuwan kontrolur | sêmune băngsa Wêlănda | lah iku tuwan kontrolir ||

3. bisa pakarya paguyyan | miwah bisa karya susahing jalmi | pinasangan pamrih agung | tan wruh têmah kalaran | gêlangsaran kang tiba gulune putung | tur imbuh sru pêtagihan | karuna sambat dêrwili ||

4. ana jalma

--- 43 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 43 dari 95

prapta reka | wus uninga margane lunyu kang wit | ngambil lang-alang sapanggul | kinaryambengkas kêndhal | rarêmbagan lan kancane papitu |[71] ngong tundhanên pundhakira | wong papitu masthi prapti ||

5. ing luhur ênggoning wastra | ngong ambile kabèh ka[72] wastra kitir | yèn kêna mêngko pan dinum | wong wolu padha mangan | golong gilig rêmbuge sigra tumanduk | mènèk manggul alang-alang | yèn wus luhur sigra ngancik ||

6. pundhak kinarya pancadan | kyèhing kêndhal biningkas wus barêsih | tinundha pundhak wong wolu | wastra ngambil sadaya | mundhun[73] praptèng kisma kang wastra kinandhut | anèng sajroning saruwal | anêdya pinèt pribadi ||

7. wong pitu parêng angrêbat | sinuwekan sruwale rontang-ranting | jalmane kang cidra

--- [44] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 44 dari 95

wuwus | prasamya dhinodhogan | gêlangsaran tansah gya ginulung-gulung | ngeman ora kaduman |[74] tatombok badane sakit ||

8. sawênèh ana balumbang | sinung toya lêbêt rong dêdêg jalmi | rolas kaki wiyar sinung | wot pring sinungan kêndhal | tan tinanggên amrih lunyu tur gumulung | sasisih sinungan wastra | adi mulya kinèn ngambil ||

9. kinèn nguwot pring kang jalma | singa ingkang wastra kinèn ngambil |[75] jinangkah nora kajujug | uwot lunyu kalintang | lamun tiba blumbang jro sukêr kêlangkung | prandene jalma melikan | ngancab malumpat kuwalik ||

10. kasilêb ranuning blumbang | gêlagêpan wêtênge pênuh warih | kang kathah prandene nglampu | nguwot miwah malumpat

--- 45 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 45 dari 95

malumpat |[76] dangu-dangu wastra kèh bingkas kapupu | bêjane kang kêsit malumpat |[77] antuk wastra tan balêndhing ||

11. kang kasilêp dupi mêntas | baluk kèn jêroan praptèng jawi |[78] kang mulat suka gumuyu | sawênèh ana jalma | tugu pucang arsa ngambil wastra agung | tan kuwawa mènèk pucang | jêr lunyunira tan sipi ||

12. sêksana pucang linukar | pinrih rubuh ngawe kancane sami | ingoyag jalma kèh rubuh | pucang nibani jalma | gêgrê[79] pêgot kantaka kancane ngrubung | binayang sakèhing kadang | pênangise andêrwili ||

13. tan antuk pamrihe wastra | têmah antuk lara antarèng pati | kunêng gantya kang kawuwus | kang lagya cuwèng nala | Radèn Ayu Danuningrat sedya tumut | dhaharan watês Magêlang |

--- [46] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 46 dari 95

anitik Radyan Dipati ||

14. Pagêlèn tan bêta garwa | miwah nyonyah tan ana milya siji | sang rêtna cuwa jro kalbu | mangu-mangu nèng marga | mulat sagung kasukan Pagêlèn punjul | mundhut songsonge pra dêmang | kinèn ngampil munggèng wuri ||

15. mrih samun yya katupiksa | yèn sang rêtna garwa Maglang Dipati | mulat nèng ring-iring gunung | anon sagung kasukan | rarêbutan wastra sukèng tyas sang ayu | mung cuwa kuciwèng karsa | tanpantuk mukèng sasami ||

16. panjang lamun winarnaa | ing sasmita mindhak kakehan tulis | Tuwan Kindhêr ngatag gupuh | mring kang para taruna | papundhutan mijil dyèng tarub agung |[80] tinata nèng nginggil meja | dhêdharan mawarni-warni ||

17. tan cuwa kang tinanyakna | lêlawuhan maesa sapi babi | kidang [ki...]

--- 47 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 47 dari 95

[...dang] lan mênjangan pêlus | badhèr mangur lan tămbra | palung brêrod[81] sili sidhat jêlèr wêlut | sawarnining ulam toya | grêramèhe[82] amêpêki ||

18. sagung ulam mêmanukan | mêrak ayam alas dêruk pêking prit | mliwis pèl-opelan kutuk | bawangan burcèt gêmak | myang dhêdharan wowohan kuwèni jêruk | kêprok uwi gulung ranjam | santog gandhik sêngir blênyik ||

19. pakèl pêlêm dodol bapang | myang inuman sêdaya amêpêki | sêmana tabah sapuluh | pasang kêmbuling dhahar | ting sarikut prawira kang saos ngayun | lêlarih midêr ping tiga | nutug bujanèng dipati ||

20. lumintu punang nyamikan | num-inuman mêmanis wangi-wangi | sinambi gunêman catur | rame pating kucapah | wusnya dangu wong agung kundhisi [ku...]

--- [48] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 48 dari 95

[...ndhisi] nginum | giyak sinarawung lela | jumêgur lir glap sakêthi ||

21. sabên kundhisi mangkana | dyan dipati kalih ganti kundhisi | myang residhèn kalihipun | tuwan kontrolur tiga | Tuwan Obrês kundhisine wantu-wantu | sinrawung mriyêm pinasang | ping sêlapan nutug bukti ||

22. luwaran sagung dhêdharan | wus pinaring marang prawira ngladèni |[83] myang wadya Magêlang sinung | nadhah pating kucapah | gya apsari pinandêng ing ngarsanipun | papitu parêng tumandhak | para tuwan angubêngi ||

23. gêndhing tinêmbang angraras | angsung kenyut jalma kang sêsêm gêndhing | pan sari wignya angungkung | têmbang sêngkang angangkang | Tuwan Dhumis kang mupu bayaranipun | marang para tuwan-tuwan | samya bayar gangsal rispis ||

24. anutug kasukan-sukan | tabah catur

--- 49 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 49 dari 95

Tuwan Residhèn Buskit | mundhut rata arsa kondur | Residhèn ing Magêlang | ingaturan kondur nanging datan purun | eca yun nare[84] ing tratag | Dyan Dipati Paglèn angling ||

25. kadiparan solah amba | tuwan arsa lêrêb anèng ing ngriki | paran gèn sare ing dalu | tatanana pêsarean |[85] têmah dados susahe wêdana ulun | Luwanu datan sudhiya | pêsarean tuwan ugi ||

26. nêbda Residhèn Magêlang | kula sênêng nèng pêsanggrahan ngriki | nadyan tanpa têmpat tidhur | anèng meja kewala | sampun susah rinêksèng wadya Luwanu | măngsa dadak punapaa | dipati susah ing galih ||

27. nabda ring Dipati Maglang | dyan dipati tuwan residhèn nuli | aturana parêng kondur | sampun tabah sêkawan [sêka...]

--- [50] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 50 dari 95

[...wan] | awusana kêrsa bubar parêng kondur | sagung prêraboting dhahar | wus kinumpul sadayèki ||

28. cumaos wadya ngrarêmbat | sigra budhala ing marga têmah latri |[86] pêtêng gagap dening mêndhung | ririsira angraras | wadya pikul wahana prajurit wulung | samarga tumbak angrangap | pinanggul wuru kang jalmi ||

29. kêkathahên nginum arak | ting sulayah lampahing samargi-margi |[87] ana wadya kang pinikul | samarga mutah-mutah | munggèng ekrak jodhang gyanira pinikul | bêlaeran mêgap-mêgap | nanging pangrêksaning Widi ||

30. wahana akèh kang bigar | tumbak rangap miwah sangkuhing bêdhil | wadya akèh ingkang wuru | bingung pating sulayah | suprandene tan ana kacocok sangkuh | miwah kacocok ing

--- 51 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 51 dari 95

tumbak | praptèng wisma dhandhang latri ||

5. Dhandhanggula

1. tan kawarna lamine ing nguni | ari Soma Dyan Cakranagara | tinimbalan jêng residhèn | tan antara wus rawuh | samya lênggah madyaning loji | Residhèn Buskèt nabda | wica Lumayu |[88] ini saya dhapêt surat | kabar dhari tuwan bêsar dhi Bêtawi | trêsêbut dhalêm surat ||

2. tuwan bêsar kapingin kasini | mau priksa dhèngên bawak nyonyah | jadhi nanti ari Rêbo | dhan lagi mintak tau | kaluk tuwan bêsar kasini | apa dhikasih liat | saprêti nyang dhulu | Tuwan Rokusên maliat | padha banyak orang krêja laki bini | dipati punya romah ||

3. sêgala pakrêjaan dhi sini | nyang misti jadhi pasilan orang | saadhanya dhi Pagêlèn | biyar dipati rêmbug [rêmbu...]

--- [52] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 52 dari 95

[...g] | dhèngên Tuwan Kindhêr Kontrolir | ya jangan sampe kurang | saprêti nyang dhulu | kutika dhatêng jêng Tuwan | Bêsar Rokusên maliat adha sini | supaya adha sukak ||

4. dhèngên biyar radèn adipati | suru bikin rumah têmpat mapag | batês dhesa Kalijambe | dhan kita têmpat tidhur | misti adha rumah sêndhiri | pilih tinggi tanahnya | supaya dhi situ | bole liat orang jalan | dhari jao dyan dipati bilang baik | dhan saya mintak kabar ||

5. tuwan bêsar nyang mau kasini | kalu tuwan tau sapa nama | nauri tuwan residhèn | namanya tuwan itu | Dhemaèr Tyisêt[89] blakang kali | sawusnya tatas printah | radyan pamit mundur | ingidèn gya jawat tangan | mundur nulya dyan dipati

--- 53 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 53 dari 95

rêmbug pikir | lawan kontrolurira ||

6. golong gilig lan tuwan kontrolir | barang karya tan ana sulaya | Tuwan Kindêr waskithèng don | wusnya dadi kang rêmbug | Tuwan Kindhêr mintar mrintahi | marang Mas Dipadirja | Wêdana Luwanu | kinèn karya pasanggrahan | pamêthukan Kalijambe gèning panti | wisma têpining marga ||

7. binusanan pos sinarwa sari | rinumpoka pinindha karajan | pasanggrahaning residhèn | lan dyan dipati ngumpul | nginggil arga kaparèng têbih | dhahas ngungkang mêdhangkrang | kanan kilèn kidul | lan wisma pos pamêthukan | binusanan rinêngga ron mayangsari | endah mimba kasyargan ||

8. wisma agung rineka rinakit | kamar catur ing samya linongkang | gon lênggah dhahar prênahe | dene kang kamar [ka...]

--- [54] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 54 dari 95

[...mar] catur | kang saprênah gèning dipati | kilèn lèr panendranya | de kang kilèn kidul | jêng residhèn gènnya nendra | kamar kering ingkang lèr tuwan kontrolir | kidul Tuwan Obrês tah ||

9. kanan pêsanggrahan sinung panti | dhapur kakus sêtal gyaning găngsa | kinubêng balumbang kalèn | mrih brêsihing pandulu | gèning lela sinungan panti | luhur kaparèng kanan | rarênggan ngêndhanu | Tuwan Kindhêr wignyèng raras | tanpa sama sasat kadhatyan mangalih | prawara pêmêthukan ||

10. tangèh lamun pinurwa ing kawi | kaprawiran rarasing rarênggan | tuwan kontrolur wignyane | sudigbya amrih sêmu | panganggite kang sarwa sari | sêdaya wus dumadya | wuwusên ing ênu | gumrê[90] sajrone ing praja | ewon

--- 55 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 55 dari 95

lêksan wadya samya nambut kardi | cêcadhang kaurmatan ||

11. rawuhira tuwan bêsar mangkin | kyèh marga gung binêsik ginêsrak | banon iring palipide | ginêbal têpinipun | kyèh prapatan ginapura sri | rinonan kêmbang-kêmbang | mayang angrêmbuyung | sinungan papaning damar | pinrih amrok dahana pating parêlik | lir kartika amor badra |[91]|

12. ngidrêri lun-alun plêngkung alit | binusanan ron tiris taruna | sinarawung ing lampu kèh | madyaning alun-alun | sinung damar tarap mêrapit | ngapit ing wringin kêmbar | mêkar ingkang kidul | kang lèr mingkus ngapit sastra | tandha nama tuwan jendral kang yun prapti | ran Tyisêt Dhemaèr Pan ||

13. kawarnaa nujya ri Rêspati | kumpul para priyayi praja |[92] supênuh [su...]

--- [56] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 56 dari 95

[...pênuh] ing kabupatèn | prasamya gunêm rêmbug | pamêthuke para priyayi | catur pangkat wêdana | tinatèng kontrolur | pinathok ing sasêratan | kang tinuduh mêthuk ing ngarsa pribadi | tampi sangking Magêlang ||

14. Dyan Ngabèi Gagak Andaka Patih |[93] angitihi sakathahing wadya | patlikur wahana kabèh | tan kêna kurang langkung | tan ingetung upacarèki | para tindhih lampah |[94] praptèng Tulungagung | tinampèn Mas Dipadirja | angitihi pat likur wahana jalmi | praptèng Maron tinampan ||

15. umbul Purwarêja kang nampani | ran Ngabèi Prawiradipura | ngirid wadya patlikure | wahana munggèng laku | de Wêdana Cangkrêp tinuding | mêthuk rumênggèng praja | myang priyayi agung |

--- 57 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 57 dari 95

kang tan mêthuk praptanira | wêdana ing jênar Radyan Kêrtapati | tinuduh ngatrèng marga ||

16. têmbe sabudhale sing nagari | mêthuk Sangubanyu sawadyanya | praptèng Sêngara wangsule | dene sabudhalipun | sangking praja rêkyana patih | ngatrê nindhihi wadya | wahana sêdarum | wus gilig golonging rêmbag | Tuwan Kindhêr kang nata para priyayi | miwah rêngganing praja ||

17. wusnya dadi barang kang pinikir | sêtruksining lampah tinulisan | binaku ing surat kabèh | supaya kêrsanipun | ayya kongsi sulayèng tampi | ya ta bubar rêpotan | Kêmis pra priyantun | mring wismane sowang-sowang | asanega sakaprabon mêthuk sami | gumrê sabawahannya ||

18. mung Dyan Rêsadiwirya kang kari | anèng praja anata [ana...]

--- [58] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 58 dari 95

[...ta] rarênggan | anganthi radèn kaliwon | sagunging lampu-lampu | wus rinakit rêngginang alit | wangunan sasumbulan | myang lètêr linampu | samuanya tandha nama- | nira tuwan bêsar kang ayun prapti |[95] ran Tyisêt Dhemaèr Pan ||

19. gumuruh syaraning wadya alit | ing lun-alun samya nambut karya | banyu mili prêrabote | tuwan residhèn angsung | arta satus rispis kinardi | lisah sagunging damar | bupatèn tămpa wus | binage patang wêdana | dadya nigang dasa rupiyah têmbagi | lênga sawêdananya ||

20. wus sêdhiya sagunging cumawis | nèng lun-alun samadyèng siwakan | kang êlor sinigêg karo | măngka pakuwonipun | pra priyayi kang nambut kardi | Mas Mantri Citrawăngsa | ing têmbe tinuduh | among

--- 59 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 59 dari 95

sagunging turăngga | pangiriding rata wus tinata sami | prênah gilir ing marga ||

21. Tuwan Kindhêr wus angsung sitruksi | marang mas mantri kang among kuda | krêsane tuwan residhèn | rumakit sêdaya wus | kawuwusa Anggara ari | ping sapta wulan Bêsar | enjang wayahipun | gumuruh ing kabupatyan | umrêg wadya tata rêmbatan miranti | sangu mêthuk ing marga ||

22. kang tinuduh ngitihi wadya lit | myang rumêksèng sagunging dhêdharan | sawiji carik bupatèn | anganthi Jayèngkewuh | Jagakarsa miwah prajurit | wusnya miranti budhal | kyèh wadya papikul | sinarêng mriyêm pakurmat | myang tabahan reyongan samargi-margi | kang ngirad[96] pra taruna ||

6. Sinom

1. tuwan [tuwa...]

--- [60] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 60 dari 95

[...n] kontrolir sêmana | budhal tabah nawa enjing | nitih rata catur kuda | yun nare wismèng wanadri | miwah nata sagunging | rênggan kurmating pamêthuk | pos miwah pêsanggrahan | ya ta lampahe wadya lit | kabupatèn wus langkung ing Kalibata ||

2. kasêmpyok gara prahara | angin agung awor riris | mêsês lesus ambêrabas | makêkês jalma lumaris | kalêbus kênèng riris | manjing pos ing Tulungagung | sagung jalma ngrarêmbat | kasaru praptanirèki | Tuwan Kindhêr nitih rata kabêncana ||

3. ing prahara mêsês bajra | manjing pos rèhning katitis | ing riris têlês busana | têdhak angandika ris |[97] hèh cariking dipati | sekanên busananingsun | topi tanapi pêdhang | yya kongsih[98] ing riris |[99] wus sineka tan dangu riris wus bengkas ||

4. kari karêmun siraman | gya budhal tuwan kontrolir [ko...]

--- 61 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 61 dari 95

[...ntrolir] | carik wadya kabupatyan | narêngi ngiring ing wuri | rarêmbat anèng wuri | rêkasa marganya lumpur | tan kawarna ing marga | ing Kalijambe wus prapti | manjing panti pêsanggrahan ngungkang marga ||

5. pra wadya manjing dunungan | miwah pra papikul sami | turăngga parêng rinucat | sêksana tuwan kontrolir | maring pos amriksani | sagung rarênggan pamêthuk | palênggahan tinata | kang badhe saosan linggih | tuwan bêsar lawan garwanira nyonyah ||

6. krosi jênar pinarada | lêlèmèk baludru kuning | pinalipit ing pasmèn mas | tinon memba sang yyang rawi | krosi alit mêrapit | nèng ngarsane krosi agung | pos rinênggèng puspita | mawar argulo mêlathi | worah-warih abang kapurănta seta ||

7. kalak kênonga sêmboja | patramênggala inganggit | lan ron andong puring pacar | tulak lara wudhu wringin | mayang

--- [62] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 62 dari 95

ron tiris kuning | binabuntal nylurut lurung | ing wisma pos ing marga | wignyane tuwan kontrolir | yèn sinawang lir pêngantèn pinaesan ||

8. apanjang lamun winarna | rarêngganing marga luwih | ya ta sore tabah panca | tuwan residhèn praptèki | nganthi radèn dipati | Tuwan Obrês katrinipun | nèng rata sowang-sowang | têdhak sigra lênggah krosi | wus rinêmbag ring wadya manjing dunungan ||

9. sagung busana rinucat | parêng tata munggèng krosi | sore sawusira dhahar | sumare dadya sapanti | nanging kamar pribadi | tuwan residhèn gènipun | kilèn kidul adhêpan | kang wetan Obrês narèni | ingkang lor kilèn gèning dyan dipatya |[100]|

10. lèr wetan gènira nendra | sang Tuwan Kindhêr kontrolir | salatri tan antuk nendra | kêkês tiyasing [tiyas...]

--- 63 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 63 dari 95

[...ing] kang riris | mêsês lesus ngênêsi | rèh tarub luhur gènipun | ya ta radyan dipatya | latri animbali carik | praptèng ngarsa hèh carik ing benjang enjang ||

11. yèn ingsun ngumpul panumpak | para tuwan-tuwan sami | nèng wurine tuwan bêsar | rata ngong tan dèn ênggoni | wadyane sang têtami | sira lan arinerèku[101] | Jagaprawira samya | numpaka nusula malih | nanging yèn wus ngalumpuk dandananira ||

12. kaprabon minum lan dhahar | poma ge nusula mulih | anèng wisma akèh karya | matur sandika ki carik | ya ta enjing marêngi | ri Buda Kasih ping walu | Bêsar Ehe kang warsa | sêngkalaning nungsa Jawi | boma pinanjara ing rêsi narèndra |[102]|

13. Sèptèmbêr wulan Walănda | kaping rolikur marêngi | etung warsa

--- [64] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 64 dari 95

sinêngkalan | netra buta salira ji | tabahing rasa injing | tuwan tri busana luhung | miwah radyan dipatya | wus busana sarwa adi | alancingan sangkêlat krêsna rinenda ||

14. pada sinêpatu mojah | nyamping singaparang bêsmi | paningsêt cindhe puspita | arja karêtêp canthi |[103] tinèrètès rêtna di | tinon lir yyang rawi runtuh | Bintaro ing wangkingan | sinarung timaha kêndhit | jinêjêran tayuman sinêlut rêtna ||

15. kandêlan têrètès rêtna | cari gantya buta bali | sinasama lan wangkingan | baju jamus binalênggi | gya samya numpak krosi | Tuwan Residhèn Kontrolur | Obrês radyan dipatya | pinikul praptèng pos sami | parêng lênggah sinambi apagunêman ||

16. sagung kang para prawira | mantri wêdana myang carik | sumaos ing ngarsèng lênggah |

--- 65 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 65 dari 95

duta wus samya miranti | pangirid rata tuwin | wahananing para luhung | miwah para taruna | saos inuman ing tami | kawarnaa wus tabah nawa enjang |[104]|

17. gumuruh syaraning wadya | awor tabahaning margi | tuwan jendral praptanira | orêg ing pos sakèh jalmi | turăngga ting balêrik | wèh usya kurmat kang rawuh | tuwan jendral nèng rata | lan garwa nyonyah kinanthi | sikrêtaris lan kulnèl ajidan jendral ||

18. sarata nèng wurinira | sumul[105] Radyan Dipati |[106] Danuningrat ing Magêlang | nèng rata wadya sawiji | lawan residhènnèki | Radèn Tumênggung Têmanggung | Olan Sumadilaga | kacatur tuwan kontrolir | pan sarata pangirid rasa turăngga ||

19. orêg jlog parêng tumêdhak | Residhèn Bhuskèt Pagêlin | tumanggap [tumang...]

--- [66] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 66 dari 95

[...gap] ing têdhakira | tuwan bêsar myang garwèki | gya sinaosan krosi | kali etan arsa lungguh | eca jumênêng samya | dadya kang para bupati | tuwan-tuwan prasamya ngadêg kiwala ||

20. Tuwan Kindhêr sigra ngatag | tanggap pra mantri taruni | prapta saosan inuman | tèh kahuwa pohan sapi | tuwan bêsar myang dayi | kali etan arsa nginum | krêrana mêksih enjang | gya ngatag kuda rinakit | pangiriding rata rasa wusing tata ||

21. nèng ngarsane tuwan bêsar | wus manjing lan garwanèki | katri sikrêtaras[107] jendral | catur lan Residhèn Buskit | wus sanega kang kusir | kuda pangirid pinêcut | mêsat kêsit kumilat | dyan dipati lan kontrolir | katri Obrês catur lan ajudan jendral ||

22. sarata kuda kinêtab | sumusul [sumu...]

--- 67 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 67 dari 95

[...sul] munggèng ing ngarsi | wurine wadya wahana | sêprah tinindhihan patih | rata kari sawiji | pangirid turăngga catur | titihan dyan dipatya | nganti wadyaning têtami | wusnya tita tan ana wadya kantunan ||

23. Dyan Dipati Danuningrad[108] | kalawan residhènnèki | tri Olan Sumadilaga | catur Magêlang kontrolir | sawusnya nginum kopi | numpak rata samya kondur | sagung kaprabon dhahar | inuman wus dèn kukudi | maring carik mantri anom kabupatyan ||

24. kinumpul pinanjing kothak | kinunci sinung wadya lit | binudhalakên sêdaya | papikul lumakyèng ngarsi | gumyak samargi-margi | carik gya manjing rata wus | lan Mas Jagaprawira | tri mantri anom bupatin | kusir ngêtab turăngga pangirid mêsat ||

25. sumusul rèh ing ngarsa |[109] sabên pos kuda [ku...]

--- [68] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 68 dari 95

[...da] ginanti | kêsit panandêring kuda | tur lumpur mardèning riris | tan kawarna ing margi | ing Purwarêja wus rawuh | manjing karesidhenan | tuwan jendral lan garwèki | tuwan-tuwan tansah dènira tut ing dyan ||

7. Mêgatruh

1. tan kawarna tuwan bêsar wus malêbu | ing kiri candhela loji | wadyanya parêng dumunung | dyan dipati sawadyèki | nèng galadri maksih ngantos ||

2. pra priyayi kang datan tinuding mêthuk | Dyan Rêsa Diwiryanganthi | raka dyan ondêr kèlèktur[110] | katri Aji Baelawi | kacatur radèn kaliwon ||

3. pănca Arya Suranaga Tumênggung |[111] rasa Radèn Kartapati | samya sumaos ing ngayun | sapta mantu Dyan Dipati | Cakrawinatari anom ||

4. Kuthaarja ginadhang dadya tumênggung | mêthuk galadrining loji | tan dangu

--- 69 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 69 dari 95

dènnya tan lungguh | gya tuwan residhèn mijil | panggih ingkang samya ngantos ||

5. mriyêm jroning biting apyu |[112] ping salikur wanti-wanti | ing ngarsa loji suldhadhu | baris lan para prajurit | sinambung baris jawaro ||

6. tumbak rontèk winêgigan lawan janur | lêlayu daludag sami | pinanjêr mubêng lun-alun | umbul-umbul kanan kiring | pănca tan ana binêdhol ||

7. tan adangu tuwan residhèn tămpa wus | timbalannya sang têtami | sêdaya kalilan kondur | bubar sangking dalêm loji | pra wadana amakuwon ||

8. dyan dipati kondur ing dalêm wus rawuh | pinêthuk para apsari | rinucat busananipun | nahên siyang tan kawarni | tabah pănca surat miyos ||

9. suratira mangkana ing lamatipun | satunggal ring dyan dipati | mring Tuwan Bluwêr kang satu | ring Tuwan Kontrolur Dhumis | patambayèng surat karo ||

10. katri samya tinimbalan mangke dalu | tuwan jendral ayun bukti | lan tuwan-tuwan sakayun |

--- [70] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 70 dari 95

pukul sapta ubayaning | manjing loji sami caos ||

11. tabah rasa dipati busana sampun | pra wadya sanènggèng kapti | budhal ring loji gya rawuh | parêng lan Kontrolir Dhumis | Asistèn Bluwêr praptèng don ||

12. tabah nawa pra Tuwan Kêdhungandanu | kang samya ngandikan bukti | sêdaya wus samya rawuh | Tuwan Obrês ingkang ngirid | nèng galdri pating galidro ||

13. jroning loji meja sêksana tinutup | dening tarêk kipêr putih | dhaharan tata supênuh | kèh krosi sinungan tulis | tan kêna kaliru manggon ||

14. tabah dasa samya tinimbalan malbu | pasang dhahar lunggyèng krosi | tuwan bêsar nganthi lungguh | lan nyonyah Residhèn Buskit | dipati ing kering lunggoh ||

15. jêng residhèn [residhè...]

--- 71 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 71 dari 95

[...n] kaprênah luguh[113] ing ngayun | nganthi garwane sang tami | artinira juru angsung | barang karsi kang binukti | wajib ki wisma kang ngêjor ||

16. patrap dhahar parêng samya ngidêran sup | sadhasar inuman milir | barang kang tinya rawuh |[114] apanjang lamun winarni | luwar dhahar parêng miyos ||

17. para nyonyah linggar sangking pêrnahipun | miyos nèng rêsban gyan linggih | para tuwan-tuwan tamu | parêng lan radyan dipati | praptèng galdri jawi lunggoh ||

18. munggèng krosi gunêm pating pêranthuk |[115] gumuruh cara Wêlandi | wong Jawa tan ana wêruh | dipati lan sikrêtaris | jendral parêng gènnya lunggoh ||

19. pagunêman tanya-tinanya Lumayu | tuwan bêsar angantuni | tan antara sigra mêtu | jumênêng tan arsa linggih | ngawe residhèn [residhè...]

--- [72] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 72 dari 95

[...n] manjing jro ||

20. jroning kamar sabdanya tan ana wêruh | tuwan residhèn gya mijil | marêpêki gènnya lungguh | dyan dipati sarwi jawil | jumênêng wuwuse alon ||

21. timbalane tuwan bêsar maring ulun | kinèn tanya ring dipati | mênawa darbe panuwun | paran tuwan kang karsani | mumpung wus cakêt lan katong ||

22. dadya botên susah kagya[116] raganingsun | sung surat marang Bêtawi | paran kang andika suwun | dyan dipati matur aris | ulun tan darbe pakewoh ||

23. awusana ulun tan darbe panuwun | marang paringing sang aji | marang patikbra wus cukup | paran kang winalang ati | ngong narimèng ing sih katong ||

24. jêng residhèn wangsul marêk ngarsanipun | tuwan besar rèh tinuding | sandi tan anang[117] kang ngrungu |

--- 73 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 73 dari 95

wangsul mijil mring galadri | sumandhing dipati lunggoh ||

25. para tuwan dinulur barang sakayun | sawênèh kapanggya main | sêtotrê ana kang catur | sawênèh tan arsa main | eca nutugakên omong ||

26. ngalun-alun pasang damar ting palancur | de lètrê tăndha namèki | ing ngarsa landrat gènipun | kyèh sumbu parêng ingapi | gumlayah pating pancorong ||

27. saubênge kèbêkan ing damar murub | lir rina kèh ron kaeksi | gapura pating rênggunuk | wus pukul rowêlas latri | kalilan kondur gya miyos ||

28. dyan dipati kondur ing dalêm wus rawuh | sare tan kawarnèng latri | enjing sêmana cinatur | tuwan bêsar kalih latri | rumatu ing Paglèn kono ||

29. têmah nora garêbêg

--- [74] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 74 dari 95

ing măngsa iku | eruh[118] tyasirèng wadya lit | pra priyayi samya ewuh | sumaos ngarsaning aji | nèng alun-alun makuwon ||

30. kawuwusa ing ari Kêmis sang prabu | miyos midrê jro nêgari | wadya kèh samya tut pungkur | umiring radyan dipati | yun mulat jingga maksih nom ||

8. Durma

1. enjing budhal kampêlmèn tinujyèng karsa | kang biting wus kawuri | kyèh ning gudhang-gudhang | miwah tangsi jayengan | midrê ing masjid gya manjing | sawijilira | kabupatèn kinapti ||

2. prapta amriksani wadyabala ingkang | prasamya nambut kardi | salumrahing desa | praja miwah sudagar | ing wana miwah ing warih | sawah myang umah | sêdaya parêng kardi ||

3. abusêkan saidrêring palataran | patrap kadya duk nguni | prapta Tuwan

--- 75 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 75 dari 95

Jendral | Rakusên tan prabeda | tuwan kontrolur sung uning | barang pakarya | tansah sasolah ngiring ||

4. sabên prapta gèning jalma nambut karya | Tuwan Kindhêr sung uning | patrap panggaota | myang kadadeyanira | matur wicara Wêlandi | sagoning prapta | kang nulis tan mangarti ||

5. wusnya tatas tuwan bêsar sigra lênggah | krosi madyèng pêndhapi | dyan dipati miwah | sagung priyayi samya | sumaos lênggah ing lampit | radyan dipatya | matur bangsane Jawi ||

6. jêng residhèn ingkang măngka juru basa | lawan tuwan kontrolir | ature dipatya | katur jêng tuwan bêsar | wus tatas sagung kinapti | tabah sadasa | kondur manjing ing loji ||

7. ya ta pukul sapta dipati ngandikan | manjing dalêm loji |[119] sinadhahan[120] dhahar | myang kasi slamêt tinggal | para tuwan kadi wingi | kang sinêgahan | dhahar manjing ing loji ||

--- [76] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 76 dari 95

8. tabah nawa manjing pasangira dhahar | tan dangu luwar bukti | para tuwan-tuwan | mijil nèng galdri ngarsa | andhèr samya munggèng krosi | jêng tuwan bêsar | jumênêng tan hyun linggih ||

9. wusnya dangu manjing gêdhong ngawe marang | tuwan kang darbe panti | marêk ingandikan | dangu mijil sêksana | marêpêki dyan dipati | aris wêcana | ulun malih tinuding ||

10. para tuwan agêng dera dyan dipatya | buka makuthanya glis | atămpa timbalan | sang sri pra tuwan bêsar | jêng residhèn wêcana ris | eh dyan dipatya | timbalane sang aji ||

11. tanya marang andika mênawa karsa | darbe krêntêging kapti | anuwun punapa | ing kangjêng tuwan jendral | tuwan tan anêbadani[121] | barang pininta | mumpung parêk nèng ngriki ||

12. dadya kula datan susah angsung surat | têbah marang Bêtawi | de pisusung

--- 77 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 77 dari 95

tuwan | pêdhang kris lan tumbak |[122] layang caritaning baris | lampah andika | tuwan jendral nampani ||

13. sarta nêbda tarima marang dyan dipatya |[123] marma tanya ing mangkin | dhatêng jêngandika | mênawa ana karsa | nanuwun barang kinapti | ya ta dipatya | atur wêcana aris ||

14. ulun datan nênuwun ing tuwan jendral | panêbda wus kapundhi | narimèng wardaya | amba sinung lalênggah | luwih sasamining janmi | tur tampi têdha | cukup saanak rabi ||

15. yèn nuwuna paran ta amba suwuna | tuwan residhèn manjing | matur tuwan jendral | saaturing dipatya | wus katur nganthukan nuli | malih ngandika | jêng tuwan bêsar aris ||

16. lah risidhèn warahên dipatinira | ing têmbe yèn ngong mulih | praptèng Batawiyah | ingsun kêkirim barang | sapantês ring dyan dipati | residhèn mêdal | marêk ing dyan dipati ||

17. andhawuhkên [a...]

--- [78] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 78 dari 95

[...ndhawuhkên] satimbalan tuwan jendral | wusnya kalilan mulih | lan ing benjang-enjang | tuwan bêsar yun budhal | ingambil kinaptèng latri | dipati budhal | nora paring udani ||

18. marang para priyayi samya sêdhiya | kang mêsthi ngatrèng margi | Dyan Gagak Andaka | kang ngitihi pra wadya | wahana sêprah nèng margi | wus sumadhiya | ya ta kawarnèng latri ||

19. punang Cina sung urmat api gapura | mrêcon srèngnya makêthi | jinênêngkên ngarsa | dalu parêng ingapya | gumrudug lir glap sakêthi | parêng angampar | kathah jalma ningali ||

20. panjang lamun winuwus warnanên enjang | radyan dipati mijil | wus ngrasuk busana | kapraboning lumampah | ya ta sumaos ing ngarsi | gya tinumpakan | marêk ing ngarsèng loji ||

21. jêng risidhèn sêmana sampun busana | sêdya ngatrêkên tami | Tuwan Kindhêr prapta | wus busana lumampah | wadiya [wadi...]

--- 79 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 79 dari 95

[...ya] wahana kang ngiring |[124] wus munggèng ngarsa | sêprah masowan jawi ||

22. pra priyayi sapraja saos sung urmat | budhale sang siniwi | ya ta tabah rasa | miyos jêng tuwan jendral | myang garwa nyonyah kinanthi | sigra nganthukan | sagung pra priyayi |[125]|

23. ari Sukra tuwan jendral gya tumumpak | rata lan kang rayi |[126] wadya sêlawe prah | garêbêg ngarsa wuntat | kuda pangirid pinêthil | mêsat anongklang | ya ta rata kawuri ||

24. jêng risidhèn manjing lan radyan dipatya | katri tuwan kontrolir | turăngga kinêtab | mamprung kadya maruta | mriyêm ing biting ingapi | munya sumêblak | lir bêlah kang pratiwi ||

25. tan kawarna ing marga pos Bandhung prapta | pangirid gya ginanti | Tuwan Kindhêr lawan | wadya ing Purwarêja | wangsule wadya kang tampi | Radèn Mas Arya | Kutharêja lan patih ||

26. ngirid lampah wadya kang waha sêprah |[127] pangirid ratanya glis | jêng jendral kinêtab | mêsat kêsit [kê...]

--- [80] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 80 dari 95

[...sit] lir kilat | dipati residhèn maksih | ngiring ing wuntat | wus praptèng Sanguwarih ||

27. wadya Kutharêja ginanti wong Jênar | tindhih Dyan Kartapati | tanaya dipatya | lajêng lampahing rata | datan kawarna ing margi | praptèng Sêngara | tabah găngsa ngurmamati |[128]|

28. tri gumuruh awor panjriting turăngga | sumrêg syarèng wadya lit | kanjêng tuwan jendral | têdhak anganthi garwa | tuwan residhèn mêpaki | lan dyan dipatya | kèndêl pucunging warih ||

9. Pocung

1. kanjêng tuwan bêsar jumênêng andulu | lan garwane nyonyah | munggèng satêpining warih | rawa agung Sêngara kadi kinocak ||

2. tasik munjuk mapagut satêmah ayun | de têlar Sêngara | manglambak-lambak ngibêki | panjatmane manungsung kadya sung urmat ||

3. gapura gung ingêronan angêndhanu | nèng têpining toya | tumiyung [tumi...]

--- 81 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 81 dari 95

[...yung] lunging palisir | anjog maring palêngkung alit anglamat ||

4. janur kuning muri ring puring mabarung | ring andong puspita | Prabu Sètmata patitis | titis ingkang lumrèng riris sru angraras ||

5. ririsnya drês mêsês kapusus ing lesus | upama sung urmat | ring tuwan jendral lan ari | tyas sru ngênês kêkês karirisan lama ||

6. panjang lamun cinatur anèng dêlanggung | Tuwan Buskèt nêbda | eh ta radèn adipati | tuwan wangsul andum basuki kewala ||

7. kula nêdya andhèrèk salajunipun | praptèng watês pisan | Banyumas lawan ing ngriki | tuwan bêsar manthuk pamit ing dipatya ||

8. numpak palya lan garwa nyonyah tan kantun | jêng residhèn tansah | pramugari anèng wuri | palya gembong pinancal ing wêlah mêlah ||

9. lambak agung gumulung kuwung ngêndhanu | tan kawarnèng tirta | sabrangan kidul kaancik | mêncot palya garêbong krosi tinumpak [tinum...]

--- [82] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 82 dari 95

[...pak] ||

10. jêr tirtanya praptèng pos dènira mêgung | lurung wus tan kocap | kèbêkan cèning jaladri | Dyan Tumênggung Purbanagara mangarsa ||

11. unjuk muka tuwan residhèn mapan duk | marêk jawat tangan | matur tuwan bêsar nuli | ngaturakên punika Bupati Ambal ||

12. ngirit saha patih wêdana sêdarum | mêthuk praptèng tuwan | jêng tuwan bêsar nganthuki | nganthi garwa manjing numpak jroning rata ||

13. sigra tuwan risidhèn lan dyan tumênggung | wus manjing sarata | katri lan tuwan kontrolir | catur Tuwan Asistèn Risidhèn Ambal ||

14. wadya ingkang sêprah wahana wus tundhuk | ngayap ngarsèng wuntat | wus sanega sadayèki | kuda pangirid rata sigra kinêtab ||

15. mêsat mamprung kadya wana pan sumiyut | sabên pos ginantya | datan kawarna ing margi | praptèng nagri Ambal manjing asistenan ||

--- 83 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 83 dari 95

16. pakurmatan saubênge ngalun-alun | gapura rinupa | upama munggul ing wukir | rinondhonan makêthi rinupa-rupa ||

17. lung gumulung palêngkung alit tumiyung | mawulung ing wrêksa | gurda gung lampu ngidrêri | panjang lamun winuwus sagung rarênggan ||

18. Dyan Tumênggung Purbanagara mangayun | jêng residhèn lawan | tuwan asistèn ing panti | dangu nganti sasmita jêng tuwan bêsar ||

19. nanging kangjêng tuwan bêsar myang dayèku | manjing wisma datan | arsa mijil ing galadri | sigra tuwan risidhèn ngaturi wikan ||

20. lamun radyan tumênggung nganti sakayun | tan adangu mêdal | ngandika ing dyan bupati | jêngandika kalilan ngaso kiwala ||

21. mangke dalu andika ngandikan malbu | ing jêng tuwan bêsar | dyan tumênggung sigra mijil | kondur praptèng wisma pinêthuk pra garwa ||

22. tan kawarna cinêndhak caritanipun | nare anèng Ambal | salatri warnanên enjing | budhal Radyan Tumênggung Asistèn [Asistè...]

--- [84] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 84 dari 95

[...n] Ngambal ||

23. miwah tuwan risidhèn tansah tut pungkur | ing samarga-marga | riris tan bengkas matitis | pukul dasa kèndêl anèng Karanglobang ||

24. wusnya mulat saubênging sarang burung | numpak rata budhal | ing Kabumèn kang kinapti | Dyan Tumênggung Arungbinang mêthuk marga ||

25. saha patih wêdana anèng ing pungkur | miwah wadya sêprah | wahana ngayap samargi | tan kawarna ing marga praptèng Kabumyan ||

26. tan kawarnèng latri kawuwusa esuk | tabah rasa budhal | sing Kabumèn sawadyèki | praptèng Gombong sinêdyèng kapti yun mulat ||

27. wusnya tutug budhal sawadya tut pungkur | Dyan Jayadiningrat | mêthuk sawadyang[129] nèng margi | laju maring praptèng watês Tirtarêtna ||

28. sigra têdhak tuwan jendral lan garwèku | karana kalangan | bêngawan agung tirtèki | miwah riris samarga-marga tut wuntat ||

29. Tuwan Buskèt ngandikan wus praptèng ngayun |

--- 85 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 85 dari 95

tuwan jendral nêbda | hèh Buskèt yèn sira bali | jêr punika praptèng Watês bawahira ||

30. lah warahên bupatimu tuwa iku | kutha Purwarêja | paringna pangèstu mami | lawan mêksih dahat cuwane tyas ingwang ||

31. dene datan arsa paminta maring sun | apa ewuhaya | marga parêk ngarsa mami | pungkur ingsun mênawa ana sinêdya ||

32. glis kirima surat marang raganingsun | sênadyan adoha | sayêkti ngong uga nganti | sapantêse pasêmone ana uga ||

33. wusing putus jêng tuwan numpak palwa wus | nabrang ing bêngawan | Tuwan Buskèt wangsul malih | tan kawarnèng marga praptèng Purwarêja ||

34. tan kawarnèng nagri enjing tuwan rawuh | marang kabupatyan | radèn dipati manggihi | dhinawuhkên timbalane tuwan jendral ||

35. purwa madya wasana kadhadha sampun | myang kabaring marga | saindêng [sai...]

--- [86] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 86 dari 95

[...ndêng] linud ing riris | dyan dipati miyarsa dahat marmanya ||

36. atur sabda mangsuli timbalan wau | kanjêng tuwan jendral | dahat panuwuning kapti | nanging amba tan nêdya darbe panêdha ||

37. jêr wus cukup paringe jêng tuwan agung | mring rabi myang suta | mung lulus saanak mami | miwah putu gumantyèng dipatyasmara ||

10. Asmarandana

1. ya malih kang winarni |[130] kontrolur ing Purwarêja | Tuwan Kindhêr munggah linggèh | asistèn nagri Sumêdhang | sêmana arsa bidhal | kyèh barang linelang sampun | dipati lilangkar jagat ||

2. tabah pănca dyan dipati | têdhak ring loji pêpanggya | kontrolur miwah risidhèn | wus tabean tata lênggah | munggèng krosi katrinya | dyan dipati karsanipun | nyaosi basumerga[131] |[132]|

3. mring Tuwan Kindhêr kontrolir | kang dangdya[133] asistèn anyar | adangu nèng loji gêdhe | lênggah sarwi pagunêman | kala [ka...]

--- 87 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 87 dari 95

[...la] prang tanah jawa | dene kang sinawung têmbung | duk kapupu ngadilaga ||

4. pangran dipati ngabèi | ing Ngayo Adiningrat |[134] nèng desa Sêngêr sedane | kapikut madyaning marga | kadyi pangeran putra | Padmakusuma ranipun | kalihe Jayakusuma ||

5. residhèn suka tan sipi | miyarsa caritanira | ing nalika aprang rame | tuwan risidhèn manêbda | punika kang kinarya | mrêjayèng tumêmpuh pupuh | dyan dipati aturanira |[135]|

6. waos kawula satunggil | pusaka Kusumayudan | anama Kiyai Kêre | ampuh titih tangguh atas | asal ing Majalêngka | Brawijaya kaping catur | kang mikrad têlar ing Lubang ||

7. ing nguni ingkang darbèni | dene kapanggih ing lawan | Jayèngkewuh ing pasucèn | lan wêdana Purwarêja | ran Prawiradipura | residhèn ngandika arum | dyan dipati kaluk sukak ||

8. saya têlalu kêpèngin | mambri liyat itu tumbak | nyang brênama Kyai Kêre | dipati baik aturnya | ngandika [nga...]

--- [88] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 88 dari 95

[...ndika] sigra-sigra | Kyai Kêre kinèn mundhut | lumalya Mas Mêrtasura ||

9. mundhut Kyai Kêre wus prapti |[136] nèng loji munggèng byantara | jlog têdhak tuwan residhèn | linggar sangking palênggahan | dangu dènnya tungmingal[137] | mring Ki Kêre esmu ngungun | wêtara ciptaning driya ||

10. wêsi pusakaning Jawi | tan kêna kinira-kira | mung piyandêl mêmandine | ya ta sore tabah rasa | radèn dipati linggar | jawat tangan sigra mundur | lan Kindhêr dangu tabean ||

11. astanya tininggil-tinggil | dyan dipati angrarêpa | kawula andhèrèkake | kawilujêngan anèng marga |[138] tuwin saputra garwa | mugi Yyang Kang Maha Luhur | angganjara karaharjan ||

12. têtêpe dera palinggih | anèng nagri ing Sumêdhang | jumênêng nama asistèn | Asistèn Kindhêr ngandika | kawula sangêt nêdha | pasihan basukèng ênu | saya kasih slamêt tinggal ||

13. ring tuwan radèn dipati | jangan kurang satu apa | dèngên anak cucu binèk | luwar dènnya têtabean | sêksana dyan dipatya |

--- 89 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 89 dari 95

kondur tan winarnêng dalu | enjing ingkang kawuwusa ||

14. ri Soma Cêmêngan nênggih | tanggal kaping tigang dasa | asistèn Kindhêr angkate | Rêjêp ing warsa Jimawal | Julungwangi Kunthara | nuju ing măngsa sapuluh | sêngkala ing nungsa Jawa ||

15. rupa murti wiku aji |[139] wahana munggèng ing rata | dene ingkang dhèrèkake | Dyan Ngabèi Kartapatya | Wêdana Dhistrik Jênar | kumêtir carik gumrudug | glondhong bêkêl baju abang ||

16. datan kawarna ing margi | prapta kikis nagri Maglang | wangsul sagung ingkang dhèrèk | kunêng ingkang kawuwusa | sarêng lampahing kăndha | samya ari Somanipun | nêgari ing Purwarêja ||

17. tamuan tuguling[140] jurit | suldhahu ing tanah jawa | dènnya rawuh sangking kilèn | papriksa sangking Toyamas | anama Tuwan Jendral | Mayor Bakrê[141] julukipun | kang mêthuk lampahing marga ||

18. Radèn Angabèi Patih | Gagak Andaka nèng gêbang | umangkat ri Dite

--- [90] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 90 dari 95

sore | munggèng bèndhi dyi rakitan | warumpung jojog nyongklang | kang mêthuk anèng pos Bandhung | Wêpdana[142] ing Purwarêja ||

19. dènnya ambêkta pangiring | bêkêl rolas baju abang | nêm ngarsa rasa pungkure | tabah catur sigra prapta | sira sang mayor jendral | datan kawarna ing ênu | marêngi satêngah gangsal ||

20. tuwan mayor jendral prapti | nêgari ing Purwarêja | wus manjing ing loji gêdhe | ya ta ingkang kawuwusa | rahadèn adipatya | sêmana busana sampun | arsa sowan tuwan jendral ||

21. tabah pănca manjing loji | tuwan jendral dèrèng lênggah | nganti lênggah tan asuwe | Residhèn Buskèt gya mêdal | tabean tata lênggah | nuli tan antara dangu | tuwan jendral siniwaka ||

22. tabe lênggah tata katri | sêkilwak pakean bêsar | mung saplêtun kurmatane | nênggih kang minăngka tandha | yèn Bakêr Mayor Jendral | nulya kasaput [ka...]

--- 91 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 91 dari 95

[...saput] ing dalu | wus kondur radyan dipatya ||

23. sarêng ri Anggara Kasih | enjing tuwan mayor jendral | papriksa umanjing bètèng | sagunging kaprapboning[143] prang | sêdaya pinariksa | antara dangu tan dangu | sigra mring Kêdungmaesa ||

24. aniti tataning jurit | ing sagung upêsirira | prang supit ambèr myang rame | pra lutnan pêpak sêdaya | pakik pakean bêsar | makêkês ngênês ing kalbu | sru dènnya kurmat ing jendral ||

25. jendral sawusnya sêpèksi | prajurit ing Kêdhungmaesa |[144] nulya manjing tangsi jayèng | tumingal sagunging kuda | tuwin busananing prang | sawusnya sigra umangsuk | ing loji bêsar araryan ||

26. dhahar lan risidhèn Buskit | satunggal tan kêna têbah | Walonda lênggahing mayor | sawusnya drawina nèndra | ing wanci tabah pănca | Mayor Jendral Bakêr mangsuk | ing pandhapa kabupatyan ||

27. amêthuk radèn dipati | abusana pakurmatan | kuluk carak curiga

--- [92] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 92 dari 95

ro | prajurit tinata ngarsa | ing kering pêlandratan | tuwan jendral rawuhipun | tambur rupul[145] brang-brangan |[146]|

28. gya lênggah madyèng pêndhapi | mayore tan kêna têbah | nèng krosi munggèng keringe | dyan dipati lênggah kanan | katrinya jajar lênggah | datan dangu sigra kondur | manjing marang risidhenan ||

29. sarêng ri Rêspati enjing | Tuwan Mayor Bakrê bidhal | nèng rata katri rowange | satunggal mayor lênggahnya | satugal[147] kadhêt bêsar | wah mèstêr lalênggahipun | anunggil dadya sarata ||

30. kareta nandêr lir angin | pangiride kuda rata | dene ingkang dhèrèkake | Dyan Patih Gagak Andaka | dyi Wêdana Jênar |[148] katri mantri ing Luwanu | glondhong carik lan kêpala ||

31. prasamya abaju abrit | myang kumêtir jujug marga | datan kawarna lampahe | prapta kikis nagri Maglang | wadya ing Purwarêja | sêdaya wus samya wangsul | tinampèn wadya Magêlang ||

--- 93 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 93 dari 95

32. sawusira lami-lami | Tuwan Buskèt jênêngira | residhèn anèng Bagêlèn | pra nata myang paprintahan | manut kang ginantosan | Tuwan Sêmit pan linuhung | murah kang sarwa tinumbas ||

33. barang kang tinandur dadi | eca tyas sagunging wadya | nagara ing desa kabèh | supangating parentahan | adhêm datan sangsaya | tuwan residhèn biyantu | kalawan radyan dipatya ||

34. tan ana suwalèng kapti | tyasnya wêning kadi rêtna | têtêp sapangadilane | ana gêmpalaning kandha | sayêkti parêng lampah | Dyan Sawunggaling Tumênggung | Bupati ing Kuthaarja ||

35. sawusnya lami ngêmasi | patutra[149] jalu sajuga | kang ginadhang yun gumantos | ananging dèrèng winayah | ngumur sangalas warsa | sêmana wus ngambil mantu | mring Dipati Purwarêja ||

36. nanging mêksih sami alit | kang garwa dèrèng diwasa | marma dèrèng sapatêmon |

--- [94] ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 94 dari 95

rèhning kang raka diwasa | putra ing Kuthaarja | sêmana wus sinung juluk | Dyan Arya Cakrawinata ||

37. ya ta ing dina sawiji | Dipati Cakranagara | ngaturan tuwan residhèn | manjing laji wus apanggya | lumungguh sêkalihan | Tuwan Buskèt wêcana rum | lah paran radyan dipatya ||

38. rèhning Kuthaarja sêpi | tan ana madêg bupatya | sutane jalu sawiyos | ananging dèrèng prayoga | gumantia kang rama | mêksih mudha kirang bakuh | nindakakên pangadilan ||

39. myang mêngku yudanêgari | tan gampang mêngku ing praja | kudu janma kang wus pondhèh | mumpuni barang pratingkah | agal alus tan kewran | lamun mudha têmah eruh | kyèh parèntah têmah rudah ||

40. ngadil tamsil têmah gêmpil | wantune satriya mudha | mung angas brangas bêrangsong | dhoso angoso sosotan | birai gibrah-gibrah | tan dêrana udur-udur | dinadar midêr [mi...]

--- 95 ---

Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn), Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. fol. 568), 1850–60, #1020 (Pupuh 01–10): Citra 95 dari 95

[...dêr] undaran ||

41. kyèh nadar ândrawinangsri[150] | sêrêng pasanging sasmita | mêtua mantu kamuktèn | tan mantêp patitis kentas | tiwas ginantosna |[151] bupatos pantês kang burus | dyan dipati manis nabda ||

 


Judul (deskripsi) asli bahasa Jerman: 'Historischer Überblick über die Ereignisse in der Provinz Baglan auf Java wahrend der Ambtsführung der Residenten Jhhr. I.G.O.S. von Schmidt auf Altenstadt, R. de Filiotaz [Fillietaz] Bousquet und A.W. Kinder de Camarecq wahrend der Jahre 1830–1862, bearbeitet von Raden Adi Pati Tjokro Negoro, Regent von Purworedjo in Baglen. Besuch des Herzogs Bernhard von Sachsen Weimar in Baglen'. Transkripsi deskripsi asli bahasa Jerman ini berasal dari Carey (2008) yang menyebut judul naskah ini sebagai: "Diary of events which occurred in the Purwareja Regency (Bagelèn) 1830–1862" (Carey 2008, hlm. 845). Judul "Cariyos lêlampahan ing Purwarêja (Bagêlèn) 1850–60" dari redaksi Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Buskhèt atau ditulis Buskèt dalam naskah ini, residen ke-dua Purwareja (Bagelen), Reinier de Fillietaz Bousquet (menjabat 1850–4), yang telah menjabat sebagai Gubernur Selebes (1834–41), berasal dari Belanda (Carey 2017 hlm. 210). (kembali)
Tuwan Sêmit atau ditulis Sêhmit dalam naskah ini, residen Purwareja (Bagelen) yang pertama, J. G. Otto Stuart von Schmidt auf Altenstadt (menjabat 1842–9), berasal dari Jerman (Carey 2017 hlm. 210). (kembali)
Tanggal: Kasihan (Kliwon) nawa (9) Jumadilawal Jimakir: [AJ 1778]. Tanggal Masehi: 22 Maret 1850. Terdapat juga tanggal Masehi: rolikur (22) Mart (Maret). Disebutkan bahwa sangkala untuk tanggal ini dicantumkan di bawah (sêngkala kadya ing ngarsa) dan ditemukan di Pupuh 1.29.9. (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun munggèng rata pangirid kinêtab. (kembali)
Rasa dalam konteks hitungan dalam naskah ini berarti hitungan angka 6 (enam). (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) Paing nêmbêlas (16) Jumadilawal [Jimakir: AJ 1778]. Tanggal Masehi: Jumat, 29 Maret 1850. Terdapat juga tanggal Masehi: sangalikur (29) Marêt. (kembali)
Sikrêtaris. (kembali)
Kindhêr atau ditulis Kindêr dalam naskah ini, residen ke-tiga Purwareja (Bagelen), A. W. Kinder de Camarecq (menjabat 1854–62). (kembali)
10 Tanggal: Ramêlan (Pasa) Jimakir: [AJ 1778]. Bulan Pasa tahun AJ 1778 jatuh antara tanggal Masehi: 10 Juli 1850 sampai dengan 8 Agustus 1850. (kembali)
11 brinanti. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: mangka tuwan upêsir. (kembali)
13 nilari. (kembali)
14 ngandika. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: padha tuwan upêsir dhèngên amtênar. (kembali)
16 pêrabote (dan di tempat lain). (kembali)
17 Tanggal: Tumpak (Sêtu) Paing walulas (18) Sawal Jimakir: naga tungganganing wiku nata (AJ 1778). Tanggal Masehi: Senin 26 Agustus 1850. Semestinya bukan tanggal 18 Sawal, tetapi 8 Sawal: Jumungah Paing 8 Sawal Jimakir AJ 1778 (Jumat 16 Agustus 1850) sesuai dengan tanggal Masehinya: "Gustus kaping nêmbêlas" (16 Agustus) pada gatra ke-7. Biasanya kata "tunggang" atau "nunggang" berwatak bilangan 7 (tujuh) seperti sangkala tersebut, tetapi di sangkala lain dalam naskah ini oleh penulis naskah secara konsisten diartikan 8 (delapan). (kembali)
18 lamun. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: sêsanggan têratag agung. (kembali)
20 Tulisan Jawa: O+ untuk huruf besar O dalam nama Obrês (dan di tempat lain). (kembali)
21 siniwakèng. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: gya budhal mring alun-alun. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: para mantri nulya mangsah. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: ingkang nata palênggahan. (kembali)
25 lembeyan. (kembali)
26 Lebih dua suku kata: pating sarikut solahnya. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: barang kang tinanyakêna. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: panggih lawan dipatya. (kembali)
29 papundhutan. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: apa jugak sênêng sobat. (kembali)
31 loji (dan di tempat lain). (kembali)
32 Kurang satu suku kata: saya cape mau tidhur. (kembali)
33 têdhak. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: dipati têdhak pribadi. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: mring pondhok sewang-sewangan. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: sagunging kang pakurmatan. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: dhapêt bilang trima kasih. (kembali)
38 Kurang dua suku kata: kaluk sukak suru bikin. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: kaluk sukak tuwan saja. (kembali)
40 Variasi: yF+nNk\. Menurut konteks huruf yF+ terbaca e sehingga menjadi: enak. Lihat juga [dmyF/ yang terbaca: Dhemaèr. Variasi ini juga terdapat di tempat lain, misalnya: èn; Ehe; dan Baelawi. (kembali)
41 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: baik sabdaning kontrolur. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: ing nigang dasa wêdana. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: gèn kumpulan sakyèh wadu. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: ya ta jêng radyan dipatya. (kembali)
45 Tanggal: Kêmis nêmbêlas (16) Sawal Alip: lèng gunung wiku kinubur (AJ 1779). Tanggal Masehi: Kamis 14 Agustus 1851. Terdapat juga tanggal Masehi: Kêmis (Kamis) ampat bêlas (14). (kembali)
46 Lebih satu suku kata: tantara kalih dina. (kembali)
47 ngatêr (dan di tempat lain). (kembali)
48 Kurang satu suku kata: kawuwusa sapungkure. (kembali)
49 Tanggal: Saptu (Sabtu) dhuwa puluh tiga (23) Gustus (Agustus) [1851 M]. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: kalawan ingon-ingonan. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: ginêmuk sinung wastra. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: sing angambah tan kablèndèr (kembali)
53 kontrolur. (kembali)
54 lètêr. (kembali)
55 sêngsêm (dan di tempat lain). (kembali)
56 panggenan. (kembali)
57 Tanggal: Saptu Cêmêngan (Sêtu Wage) sêlawe (25) Sawal Alip: nir salira pandhitèng rat (AJ 1780). Sangkala ini salah, semestinya AJ 1779, sesuai dengan tanggal Masehi berikutnya: "tigalikur (23) Agustus: suryangin panjare ngaji (1851 M)". Maka, tanggal yang dimaksud adalah Sêtu Wage 25 Sawal Alip AJ 1779. Tanggal Masehi: Sabtu 23 Agustus 1851. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: ayun umiring ing lampah. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: rata kontap saking arga. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: angrangin angênyut rungu. (kembali)
61 Kurang dua suku kata: eca wacana Walănda. (kembali)
62 kêsaru. (kembali)
63 gumêrah. (kembali)
64 Magêlang. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: Tuwan ing Magêlang prapta. (kembali)
66 Kurang dua suku kata: lawan radyan adipati. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: sakarsane dèn saosi. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: samya mrih antuka wastra. (kembali)
69 tumêracag. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: praptèng lêlunyuning kêndhal. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: rarêmbagan lawan kancane papitu. (kembali)
72 kang. (kembali)
73 mudhun. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: ngemane ora kaduman. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: singa ingkang wastra kinèn angambil. (kembali)
76 Lebih tiga suku kata: nguwot miwah malumpat. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: bêjane kang kêsit mlumpat. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: baluk takèn jêroan praptèng jawi. (kembali)
79 gêgêr. (kembali)
80 Kurang satu suku kata: papundhutan mijil madyèng tarub agung. (kembali)
81 bêrod. (kembali)
82 gêramèhe. (kembali)
83 Lebih satu suku kata: wus pinaring mring prawira ngladèni. (kembali)
84 sare (dan di tempat lain). (kembali)
85 Lebih satu suku kata: tatanan pêsarean. (kembali)
86 Lebih satu suku kata: sigra budhal ing marga têmah latri. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: ting sulayah lampah samargi-margi. (kembali)
88 Kurang satu suku kata: wicara Lumayu. (kembali)
89 A. J. Duymaer van Twist (gubernur-jenderal 1851–6). (kembali)
90 gumêr (dan di tempat lain). (kembali)
91 Lebih satu suku kata: lir kartika mor badra. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: kumpula para priyayi praja. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: Dyan Bèi Gagak Andaka Patih. (kembali)
94 Kurang satu suku kata: para têtindhih lampah. (kembali)
95 Kurang satu suku kata: nira tuwan bêsar ingkang ayun prapti. (kembali)
96 ngirid. (kembali)
97 Kurang satu suku kata: têdhak angandika aris. (kembali)
98 kongsi. (kembali)
99 Kurang dua suku kata: ya kongsi kêna ing riris. (kembali)
100 Kurang satu suku kata: ingkang êlor kilèn gèning dyan dipatya. (kembali)
101 arinirèku. (kembali)
102 Tanggal: Buda Kasih (Rêbo Kliwon) wolu (8) Bêsar Ehe: boma pinanjara ing rêsi narendra (AJ 1780). Tanggal Masehi: Rabu 22 September 1852. Terdapat juga tanggal Masehi: rolikur (22) Sèptèmbêr: netra buta salira ji (1852 M). (kembali)
103 Kurang satu suku kata: arja karêtêp canthini. (kembali)
104 Kurang satu suku kata: kawarnaa uwus tabah nawa enjang. (kembali)
105 sumusul. (kembali)
106 Kurang satu suku kata: sumusul radyan dipati. (kembali)
107 sikrêtaris. (kembali)
108 Danuningrat. (kembali)
109 Kurang satu suku kata: sumusul angrèh ing ngarsa. (kembali)
110 kolèktur. (kembali)
111 Kurang satu suku kata: pănca Ariya Suranaga Tumênggung. (kembali)
112 Kurang empat suku kata: jumêgur mriyêm sajroning biting apyu. (kembali)
113 lungguh. (kembali)
114 Kurang satu suku kata: barang kang tinanya rawuh. (kembali)
115 Kurang satu suku kata: munggèng krosi gunêman pating pêranthuk. (kembali)
116 kanggya. (kembali)
117 ana. (kembali)
118 ewuh (kembali)
119 Kurang satu suku kata: manjing ing dalêm loji. (kembali)
120 sinêdhahan. (kembali)
121 anêmbadani. (kembali)
122 Kurang satu suku kata: pêdhang kêris lan tumbak. (kembali)
123 Lebih satu suku kata: sarta nêbda trima marang dyan dipatya. (kembali)
124 Lebih satu suku kata: wadya wahana kang ngiring. (kembali)
125 Kurang satu suku kata: sagung para priyayi. (kembali)
126 Kurang satu suku kata: sarata lan kang rayi. (kembali)
127 Kurang satu suku kata: ngirid lampah wadya kang wahana sêprah. (kembali)
128 Lebih satu suku kata: tabah găngsa ngurmati. (kembali)
129 sawadya. (kembali)
130 Kurang satu suku kata: ya ta malih kang winarni. (kembali)
131 basukèng marga. (kembali)
132 Kurang satu suku kata: nyaosi basukèng marga. (kembali)
133 dadya. (kembali)
134 Kurang satu suku kata: ing Ngayogya Adiningrat. (kembali)
135 Lebih satu suku kata: dyan dipati aturira. (kembali)
136 Lebih satu suku kata: mundhut Ki Kêre wus prapti. (kembali)
137 tumingal (dan di tempat lain). (kembali)
138 Lebih satu suku kata: kawilujêngan nèng marga. (kembali)
139 Tanggal: Soma Cêmêngan (Sênèn Wage) tigang dasa (30) Rêjêb Jimawal: rupa murti wiku aji (AJ 1781). Tanggal Masehi: Senin 9 Mei 1853. (kembali)
140 tungguling. (kembali)
141 Bakêr (dan di tempat lain). (kembali)
142 Wêdana. (kembali)
143 kapraboning. (kembali)
144 Lebih satu suku kata: prajurit Kêdhungmaesa. (kembali)
145 rumpul. (kembali)
146 Kurang satu suku kata: tambur rumpul brang-êbrangan. (kembali)
147 satunggal. (kembali)
148 Kurang satu suku kata: dyi Wêdana Jênaran. (kembali)
149 paputra. (kembali)
150 ândrawina sri. (kembali)
151 Kurang satu suku kata: tiwas ginantosêna. (kembali)