Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801

Judul
Sambungan
1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
6. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
7. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
Citra
Terakhir diubah: 29-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Candrakanta

Kaping 1 wulan Mulud taun Dal, ăngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan Rêginipun ing dalêm satênga[1] taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka Juru Pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 20 JUNI 1901.

--- [0] ---

Sêrat kalowonganing kabar Candrakanta ingkang kaidêrakên sampun kathah ingkang wangsul, nanging botên anêtêpi pangajêng-ajêngipun pahênman[2] Radyapustaka, awit ingkang sami mêndhêt lêngganan inggih namung lênggananipun kabar Sasadara, botên sagêd angsal lêngganan enggal: kathah, ewadene ing sêsagêd-sagêd pahêman Radyapustaka amanah kalampahanipun kabar Candrakanta mêdal, dados botên manah dhatêng kauntungan, namung anggêripun botên pituna, pangajêng-ajêngipun pahêman: kabar Candrakanta sagêda dados têtalining kabar Sasadara, sampun ngantos wudhar dening kirang lêngganan.§

Pahêman Radyapustaka sampun saos unjuk ing panjênêngan dalêm bêndara kangjêng radên adipati, mênawi kalilan kabar Candrakanta, saèstu badhe kawêdalakên, dhawuh dalêm sampun kaparêng, kalampahan ing dintên Kêmis Pahing tanggal sapisan wulan Mulud taun Dal ăngka 1831, sêrat kabar Candrakanta: lair.

Ingkang punika botên langkung pahêman Radyapustaka, namung anênuwun dhatêng para lêngganan, mugi sami kaparênga ambiyantoni ingkang murih widadaning kabar Candrakanta wau.

Surakarta kaping 1 wulan Mulud taun Dal ăngka 1381 sèkrêtarising pahêman Radyapustaka Ngabèhi Wirapustaka.

--- [0] ---

Sêrat kabar Candrakanta kajawi anggitaning redhaktur namung badhe isi panjurung saking priyantun ing amănca praja utawi saking priyantun Surakarta ingkang asli saking ing amănca praja wau, saha pangajêng-ajêng kula para priyantun wau mugi sampun mawi rikuh angangge têmbung ingkang kangge ing nagarinipun piyambak-piyambak, sarta ingkang botên cocog kalihan têmbung ing Surakarta, punika dede punapa-punapa sarta botên nama awon, mênawi kula malah amastani sae, wani, wantun (pasisir) botên nama anèh, awit ing Surakarta inggih ngangge têmbung pari, pantun, mari, mantun, kari, kantun enz malah purun dados kramaning wani utawi kramaning gêlêm punika kajawi nyêbale[3] kalihan panunggilanipun, cawuh kalihan têmbung sanès, punapa botên malah sae ing pasisir, ing atasipun rimbaganing têmbung: wani, kathah kemawon têmbung ingkang kirang mungguh kangge wontên ing Surakarta, kados ta: taun baru, malah wontên ingkang kêlantur dados: tawon baru Cina botên dipun santuni: tampinipun taun enggal, utawi tanggap warsa, kula inggih sagêd nyantuni dados tanggap warsa, ananging mêdal dhatêng ing latar kêpêthuk tiyang kula pitakèni mangsuli kados ing nginggil wau: badhe ningali tawon baru Cina, botên ningali: tanggap warsa Cina.

Awit saking punika sampun têtela yèn dumadosing têmbung saking têtiyang kathah, botên saking pujăngga, pujăngga

--- [0] ---

namung nitèni sarta kêpêksa ngangge murih wicantênipun dipun sumêrêpi ing tiyang, sagêdipun anglêrêsakên namung wontên ing dalêm sêrat, kados ta: madu balung kêpesing, kasêrat: madu balung tanpa isi, makatên sapanunggalanipun, mila atur kula akathah-kathah sampun mawi sumêlang angangge têmbungipun piyambak, kaikêt cara nagarinipun, sampun mawi pangathik-athik niru têmbung utawi ukaraning liyan ingkang murih brêgas, botên brêgas, malah asring lêpat, ukara sae punika ukara ingkang nyata cocog kalihan wicantênipun, para sagêd lajêng nandhing kalihan têmbung sanèsipun, nama: kawruh têmbung. Mila ing sêsagêd-sagêd panjurung wau badhe kula lugokakên, sarta mênawi wontên gèsèhipun badhe mawi nut, punika dede panyeda, srasehan, sampeyan, limprah (Kudus) kula limrah (Surakarta) botên wontên ênggènipun griya: kesah pêkên (Juwana) botên wontên ing griya: kesah dhatêng pêkên (Surakarta) namung bab sasêratan sarèhning botên anggêmpalakên suraos, punika botên beda kalihan punika, punika kula sami kemawon kalihan sasêratan ingkang kagêm ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, pamanggih kula bilih tiyang nyêrat kasusastran sarta pasang rakitipun sampun miturut sasêratan ing karaton, badhe pados punapa malih, punika mênggah ing kula. RED

--- 1 ---

Basa Polinesiê (Polynesiên)

Baboning basa ingkang pêncar wontèn ing pulo-pulo ing sagantên tanah Indhia, para marsudi ing têmbung-têmbung băngsa Walandi sami amastani basa: Idhonesiê (Indonesiên) utawi taksih kathah ingkang sami amastani basa: Polinesiê (Polynesiên) inggih punika basanipun têtiyang băngsa Malayu sasaminipun, kajawi basanipun tiyang Papuah, Nègrito Melanesiê (Melanisiên) tuwin têtiyang ing Mikronesiê (Micronesiên).

Miturut ing kawruh ing pameranging bumi kapuloan ing sagantên tanah India ingkang kadunungan băngsa Malayu punika kabagi ing sadasa perangan, 1e. Indhonesiê (Indonesiên) 2e. Niu Geniah (Nieuw Guinea) 3e. Melanesiê (Melanesiên) 4e. Polynesiê (Polynesiên) 5e. Mikonesiê (Micronesiên) 6e. Kapuloan Philipinên (Philippijnên) 7e. Pulo Niu Selan (Nieuw Zeeland) 8e. Pulo Madhahgaskar (Madagaskar) dumunung ing sawetanipun tanah Aphrikah sisih kidul, kêlêtan paripitan sagantên Mosambik (Mozambique) 9e. Tanah Malaka (Malaka) 10e. Pasitèn têlêngipun pulo Phormusah (Formosa) dumunung ing sawetanipun nagari Cina.

Mènggah kathahipun têtiyang ing India wetan ingkang ugi dipun [di...]

--- 2 ---

[...pun] wastani Insulindhê (Insulinde) wontèn: 45 yuta, kalêbêt têtiyang ing India Nèdêrlan botên kirang saking: 33 yuta, têtiyang samantên kathahipun punika ingkang dumunung ing pulo Jawi tuwin Madura wontên: 25 yuta, tiyang: 25 yuta ingkang wicantên ing têmbung Jawi: 18 yuta, ingkang: 4 yuta dipun wastani tiyang Sundha dumunung ing Jawi kilèn, sami wicantên ing têmbung Sundha, dene ingkang: 3 yuta dumunung ing Madura tuwin ing pongolipun pulo Jawi ingkang wetan, winastan tiyang Madura, sami wicantên têmbung Madura, têtiyang ingkang wicantên têmbung Bali namung wontên 1½ yuta, ingkang wicantên ing têmbung Malayu (kajawi têmbung Mênangkabo) kirang saking: 3 yuta, têtiyang ingkang wicantên ing têmbung Acih botên ngantos: ½ yuta, dene tirahanipun ingkang: 3 yuta kalêbêt dhatêng golonganipun têtiyang băngsa Batak, Rêjang, Lampong, Nias, Dhayak, Bugis tuwin têtiyang Makasar, sami gadhah basa piyambak-piyambak, têtiyang Bugis kalihan têtiyang Makasar piyambak etanging cacah jiwa ± namung: 1 yuta, têtiyang Alpuru ing Sèlèbès tuwin sajawinipun, punapa dene têtiyang ing pulo-pulo Sundha alit (Kleine Soendha eilanden) sarta ± têtiyang ing Niu Geneah bawah Nèdêrlan, tuwin têtiyang sajawining bawah Nèdêrlan, basanipun warni-warni, ingkang wicantên ing basa Tagala ± tiyang 1¼ yuta, inggih

--- 3 ---

punika têtiyang ing pulo Luson, wêwêngkone nagari Manila tuwin têtiyang ing pulo-pulo ingkang cêlak kalihan pulo wau, têtiyang ing pulo-pulo saantawisipun pulo Luson kalihan pulo Mindhanao sarta têtiyang ing pasisiripun pulo Mindhanao kathahipun: ± 2½ yuta sami wicantên ing têmbung Bisayah (Bisaja) basanipun têtiyang ing pokolipun pulo Luson kathahipun tiyang: 300.000 ingkang kidul wetan dipun wastani basa Bikol, dene basanipun tiyang ing Imerinah (Imerina) ingkang dipun wastani băngsa Uwah (Hoewa) inggih punika têtiyang parêdèn ing pulo Madhagaskar, punapadene basanipun têtiyang ing Madhagaskar ingkang sisih kidul tuwin ing tanah pasisiripun dipun wastani basa Malagasi (Malagasi) kathahipun têtiyang băngsa Uwah (Hoewa) ± 5 yuta, mênggah ingkang dipun wastani băngsa Alpuru (Alfoeren) punika têtiyang parêdèn ing kapuloan Molukên (Molukken) sarta têtiyang parêdèn ing tanah Sèlèbès (Celebes) tuwin ing kapuloan Aru. Mênggah peranganing golonganipun băngsa ingkang kasêbut ing ngajêng wau awêwaton basanipun, botên awêwaton golonganing bangsanipun ingkang katitik saking dêdêg pangadêg, saking pasikon, saking kêkulitan, tuwin saking rambutipun, mênawi miturut titikan punika, têtiyang ing India wetan kalêbêt dhatêng golonganipun băngsa Malayu,

--- 4 ---

kajawi têtiyang ing kapuloan sagantên kidul (Zuidzee) dede sagantên kidul ing sakiduling tanah Jawi (Zuiderzee) peranganing sagantên agêng Indi (Indische Oceaan) nanging punika sagantên kidul (Zuidzee) peranganing sagantên Têdhuh (Stille Oceaan) ingkang kaprênah ing sakiduling garis ekwator (Aequator) kasdosta: pulo Niu Geneah (Nieuw Guinea) sapanunggilanipun, têtiyangipun kalêbêt dhatêng golonganipun băngsa kulit cêmêng, dipun wastani băngsa Nègêr (Negerras) mênggah miturut ing pêperanganipun băngsa ing alam dunya ingkang sampun kasumêrêpan dening băngsa Eropah, sadaya băngsa ing jagad pramudita punika namung kaperang gangsal 1. Băngsa Kaukasisras (Caucasischeras) 2. Monghul (Mongoolscheras) 3. Kulit cêmêng (Negerras) 4. Malayu (Maleischeras) 5. Kulit abrit, utawi băngsa Amerikan (Roodhuidige of Amerikaanscheras)

Nanging cariyos bab peranganing băngsa punika botên kula lajêngakên, benjing kemawon badhe kula cariyosakên dados satunggal kalihan bab peranganing jagad, sapunika ingkang pêrlu kula cariyosakên rumiyin bab peranganing basanipun têtiyang ing India wetan, ingkang ugi dipun wastani

--- 5 ---

têtiyang ing Insulindhê (Insulinde) para maos pandugi kula sampun botên kêkilapan mênggah ingkang dipun wastani tanah India wetan utawi Insulindhê, nanging sanadyan makatêna, ewadene kados botên wontên awonipun mênggah bab kawontênaning nama wau kula cariyosakên ing ngriki, ingkang dipun wastani tanah India punika pasitèn agêng tuwin kapuloan ing Asiah sisih kidul, asalipun saking têmbung Grik kalihan Latin, India (Zie J. Kramers Jz. Algemeene Kunstwoordentolk) kapêndhêt saking namanipun lèpèn Indhês (Indus) inggih punika lèpèn agêng ing Indhustan, kaprênah ing kilèning kikisipun tanah Indhustan kalihan Bilujistan, têmbungipun Sangskrit dipun wastani: Sindu, têmbung Pèrsi: Indhu, dene tanah India punika kaperang tiga, 1. India Ngajèng (Voor Indië) inggih punika tanah Birmah (Birma) Kamboja (Cambodja) Tongking, Siam, Anam tuwin Malaka. 2. India wetan, ugi dipun wastani Insulindhê, mênawi miturut tuwan (Multatuli) kêsêbut ing anggitanipun bab Max Havelaar ( Zie Encyclopaedie van Ned. Indië) ingkang dipun wastani India wetan utawi Insulindhê punika kapuloan India Nèdêrland, wondene mênawi miturut pamanggihipun para sarjana ing kawruh bumi sawatawis ingkang enggal-enggal, ingkang dipun wastani Insulindhê punika kapuloan [kapu...]

--- 6 ---

[...loan] ing saantawisipun tanah agêng ing Asiah kidul wetan, kalihan tanah Ostraliah, miturut pamanggihipun sarjana ing kawruh alam băngsa Inggris anama tuwan AR Wales ( A.R. Wallaec) tanah Insulindhê punika kabagi gangsal, 1. Kapuloan Indho Malayu, inggih punika pulo-pulo sakilènipun sagantên Sèlèbês kalihan pripitan sagantên Makasar (Straat van Makasar) tuwin Lombok, kados ta:

1. Pulo Andhamanên, Nikobarên, Sumatra, pulo Jawi, Bali, Borneo tuwin pulo Philipinên.

2. Kapuloan timur utawi Sundha alit sawetaning pulo Bali.

3. Tanah Sèlèbès.

4. Kapuloan Molukên (Molukken)

5. Kapuloan Papuah utawi winastan kapuloan Ostraliah (Australisch Insulinde) inggih punika Niu Geniah kalihan kapuloan Aru, wondene têmbung: Insulindhê punika asalipun saking têmbung Latin: Insula (Insula) têgêsipun: pulo, kaandhahakên dados: Insulindhê atêgês: kapuloan.

Kajawi India ngajêng, wingking sarta India wetan, wontên [wo...]

--- 7 ---

[...ntên] malih kapuloan India kilèn kaprênah ing saantawisipun tanah Amirika sisih êlèr kalihan sisih kidul.

Ing pulo-pulo India, ingkang sisih wetan, punapa dene ing pulo-pulo sawetanipun, basanipun tiyang warni-warni, dene warni-warnining basa wau salong namung saking mingsêding têmbung-têmbung, utawi saking ewahing pakêcapan, kados ta upaminipun têmbung: "mangewija" dados: "mangewijay" halalaang dados "lalang" sapanunggilanipun. Băngsa Papuah ingkang dumunung ing saantawis utawi sacêlakipun băngsa Indhonesiê, sami ngangge basanipun băngsa Indhonesiê, nanging ugi wontên ewahipun sakêdhik, dados bedaning băngsa punika yèn makatên dèrèng tamtu mênawi beda basanipun, utawi santuning băngsa botên sêsarêngan kalihan santuning basa, awit saking panandhingipun têmbung-têmbung, sampun têtela sangêt bilih basanipun para băngsa ing pulo-pulo sawetanipun tanah Sèlèbês sapangetan dumugi ing kapuloan Ostraliah sanès-sanès, saya mangetan sangsaya kathah bedanipun basa-basa wau, wandaning têmbung-têmbungipun basa wau asalipun pancèn kathah ingkang sigêg, inggih punika ingkang winastan: "Consonnantiseh" saya mangetan wandaning têmbung-têmbungipun sangsaya kathah ingkang mênga,

--- 8 ---

dipun wastani: "(Vocalisch)" makatên malih awit saking panandhingipun têmbung petangan (Telwoorden) basa Indhonesiê (Indonesie) kenging kaperang kalih, golongan kalêbêt dhatêng ewonipun basa India, inggih punika ingkang sisih kilèn basa Malayu, ingkang sisih wetan basa Alpuru, sagolonganipun dipun wastani basa: Oseaniê (Oceanisch V. Oceanië) basa Oseaniê punika asalipun ugi saking basa Alpuru (ingkang dipun wastani Oseaniê punika kapuloan Ostraliah) dene ingkang kalêbêt ing perangan punika, satunggal dipun wastani basa Melanisiê, satunggalipun winastan basa Polinesiê, dene basa Melagasi kalihan basa Nias kalêbêt dhatêng ewoning basa Alpuru (sampun kêsêbut ing buku H. Kern de Fidjitaal vergeleken met hare verwanten in indonesiën en Polynesiën Verh. kon. Akademiê van Wet, Afd Letterk. XVI A0 1886).

Sampun rambah-rambah para marsudi ing têmbung-têmbung băngsa Walandi sami nyoba amerang sarta ambedakakên baboning basa Indhonesiê ingkang rumiyin piyambak, sang widagda ing têmbung-têmbung tuwan Neubronner Van der Tuuk, (Inleiding op de Tobasche spraakkunst 1864 in merang basa Malayu Polinesiê ing kalih golongan agêng, ing sagolonganipun agêng mawi kaperang malih ing golongan alit, golongan [golong...]

--- 9 ---

[...an] agêng kêkalih wau dipun wastani golonganing basa wetan kalihan kilèn, dene bedanipun katitik saking wandaning têmbung-têmbungipun, ing basanipun têtiyang ing golongan ingkang kilèn, wandaning têmbung-têmbungipun kathah ingkang sigêg (Consonantisch) kados ta basa Batak, Malayu, Jawi tuwin basanipun têtiyang ing Philipin, kosok wangsulipun basanipun ing têtiyang golongan wetan wandaning têmbung-têmbungipun kathah ingkang mênga (Vocalisch) sanadyan wandaning wêkasan ing têmbung-têmbungipun ugi kalêbêt kathah ingkang sigêg (Consonantisch) ewadene yèn katimbang kalihan basa ing golongan ingkang kilèn mêksa kawon kathah, ing saantawisipun golongan kalih ingkang wandaning têmbung-têmbung ing basanipun dipun wastani sigêg kalihan mênga Consonantisch en Vocalisch) kêsêbut ing nginggil, wontên basa ingkang wandaning têmbung-têmbungipun winastan satêngah mênga, (half vo-(calisch) inggih punika têmbung-têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg, (half vocalisch) punika kathah pinanggih ing basanipun têtiyang Minangkabo têtiyang Makasar tuwin têtiyang Bugis. Sasampunipun tuwan Neubronner Van der Tuuk ambedakakên têmbung-têmbung ingkang katitik saking wandanipun, lajêng amerang basa-basa ingkang dipun wastani têksih tunggil akrap (Zustertalen) kados ta basa Malayu kalihan basa Mênangkabo, basa Jawi kalihan basa Sundha, basa Madura sarta basa

--- 10 ---

Bali punika ugi dipun wastani tunggil akrab (Zustertalen) dene basa ing Sèlèbês ingkang sisih kidul saakrabipun, punika gèsèh sangêt kalihan basa Malayu ing Sumatra sisih kilèn, mila dipun wastani botên tunggil akrab.

Miturut ing pamanggihipun tuwan Dhoktêr Y. Brandes ingkang kêsêbut ing sêrat: Bidjrage tot de vergelijkende klaakleer van de Westersche afdeeling de Maleisch Polynesische Taalfafamilie. Utrecht 1884 Zie stellingen II, III; en Encyclopaedie van Ned, Indië door P. A Van der Lith; J. Spaan en andere medewerkers, basa ing India wetan utawi Insulindhê punika kaperang kalih 1. Bagian kilèn 2. Bagian wetan (Westelijke en Oostelijke afdeeling) dene ingkang minăngka kikisipun garis ing saantawisipun pulo Phloris kalihan pulo-pulo Solor, punapa malih sawetan Butun sakilèning pulo Sulah, sawetaning paresidhenan Minahasah (Minahasa) pulo Sangir tuwin pulo, en laut, punapa dene Philipinên, ing sawetan tuwin sakilènipun baris ingkang minăngka watêsipun panggenan basa Alpuru saha krabipun basa Malayu ugi saha krabipun basa golongan ingkang sisih kilèn (westelijke atdeeling) punapa dene ing sawetanipun pulo Bali kalihan Borneo, sakilèning pulo Philipin [Philipi...]

--- 11 ---

[...n] têksih wontên pêperanganipun golonganing basa sanès, wondene ingkang kalêbêt golonganing basa Melanisiê punika wontên kalih, 1. Basa Papuah ing Niu Geniah, 2. Basa Mikronesiê, dene sêsrêmpilanipun basa-basa wau ugi pêncar wontên ing basa Polinesiê sarta ing basanipun têtiyang ing pulo Niuselan (kidul wetan Ostraliah) punapa dene ing basanipun tiyang ing puloan Sandhwih (Sandwichseilanden) dumunung ing sagantên agêng Groot Oceaan, inggih punika sagantên agêng ing saantawisipun tanah Amerika kalihan Asiah tuwin Ostraliah, dunungipun kapuloan punika wontên ing saantawisipun ± 180 220 NB sarta ing saantawisipun ± 215o 25o O, L, saking Grènwitês (Greenwich) basanipun têtiyang Niu Geniah ingkang sisih kilèn kalêbêt dhatêng golonganipun basanipun ing sawetan kikis, inggih punika sawetan garis ingtang[4] kêsêbut ing ngajêng, dene basanipun têtiyang Dhore kalihan basanipun têtiyang Maphur, ingkang ugi dipun wastani basa Suphur utawi Numphur sampun kasumêrêpan têrang piyambak katimbang kalihan akrabipun basa Papuah sanèsipun, ing pulo Sumatra kalihan ing Malaka tuwin ing kapuloan sacêlakipun, ugi wontên têtiyangipun ingkang basanipun miyambaki, kalêbêt dhatêng akrabipun basa Dhayak, kalihan basa Jawi basa Madura

--- 12 ---

tuwin basa Bali, nanging kenging kagolongakên dhatêng peranganing basa Malayu, dene basa Indhonesiê punika kenging kaperang malih kados ing ngandhap punika:

a. Basa Sumatra inggih punika: 1. Basa Malayu, 2. Basa Mênangkabo, 3. Basa Batak, 4. Basa Acih.

b. Golongan basa Jawi, inggih punika: 1. Basa Jawi, 2. Basa Sundha, 3. Basa Madura, 4. Basa Dhayak ing Borneo.

Wondene basa Indhonesiê ingkang sisih wetan sawetan garis ingkang kêsêbut ing ngajêng kalêbêt dhatêng golonganing basa Alpuru, ingkang kalêbêt akrabipun punika:

1. Basa ing kapuloan Philipinên.

2. Basa Alpuru ingkang sisih êlèr, inggih punika ing pulo Talaut (Talut), pulo Sangir tuwin basa ing Minahasah (Minahasa)

3. Basa Alpuru kidul, inggih punika ing Sèlèbês sisih kidul.

4. Basa Alpuru wetan, punika basa ing kapuloan Molukên (Molukken).

5. Basa Alpuru ing Têrnate, punika basa Têrnate sarta basa ing pulo-pulo sacêlakipun.

--- 13 ---

6. Basa Sundha alit (Klein Soendhasche) inggih punika basa ing kapuloan sawetan Bali dumugi ing timur.

R. L. Mangkudimêja Ing Ngayogyakarta.

Kawruh Thêthukulan (Plantkunde)

Kaanggit dening: Wiryasubrata. Juru sêrat kantor residhèn ing Samarang

Bab thuthulan[5] ingkang rumambat.

Thêthukulan ingkang rumambat punika kaperang dados tigang perangan ingkang agêng.

Ingkang sapisan: thêthukulan ingkang rumambat mawi sungut (Klimplant) kados ta: thêthukulan bêstru waluh,[6] anggur, sapanunggilanipun. Dene sungut punika mêdal saking êpang sanginggilipun gantilaning godhong. Watêkipun sungut punika untir-untiran saking têngên mangiwa, mênawi sampun sawatawis untir-untiran punika lajêng mangsul saking kiwa manêngên (coba kawaspaosna) sungut wau măngka sarana gondhelan anggubêd punapa-punapa supados thêthukulan wau sagêda kêkah ing rumambatipun.[7] [ru...]

--- 14 ---

[...mambatipun.]

Ingkang kaping kalih: thêthukulan ingkang rumambat tanpa sungut, ananging mawi oyot gantung (Slingerplant) utawi oyot ingkang kanggo gondhelan, inggih punika oyot wau asring tumèmplèk ing punapa-punapa supados thêthukulan wau kêkah ing rumambatipun,[8] kados ta: thêthukulan, panili, sêdhah, dhaon sirih[9] sapanunggilanipun.

Ingkang kaping tiga: thêthukulan ingkang rumambat tanpa sungut tanpa oyot gantung (Klimop) kados ta: thêthukulan sêkar Sănggalangit, kara sapanunggilanipun.

Ingkang thêthukulan wau limrahipun agodhong, dene warnining godhongipun botên sami, sanajan warninipun kados punapa kemawon mênggahing pigunanipun botên beda, inggih punika măngka cangkêm sarana lêbêtipun sirstop (Zuurstof) utawi (Koolzuur).

Wondening beda-bedanipun godhong-godhong wau kados ta: godhong êmpu kunir (kunir = Curcuma longa), godhong pisang (pisang = mosaceae) punika beda kalihan godhong jatos[10] (jatos = Tectona gradis)

--- 15 ---

godhong jambu (jambu = Mijrtaceae) dene bedanipun inggih punika godhong êmpu kunir, godhong pisang, punika sêratipun alus sarta lurus, jèjèr rapêt dumugi sawiyaring godhong, godhong pisang wau wontên uratipun agêng (papah), dene godhong jambu, godhong jatos: botên, ingkang katingal rumiyin urat agêng ing têngah saking gantilaning êpang dumugi pucuk sarta kiwa têngênipun wontên uratipun alit-alit, urat-urat wau satunggil-tunggilipun sami gandhèng-ginandhèng (gêgandhengan) saupami godhong wau kaêkum ing toya ngantos sami koklok, ing ngriku kantun urat-uratipun ingkang warninipun maujud kados jala (trancangan).

Makatên ugi kawontênanipun godhong-godhong ugi kenging kaperang-perang kados ta: godhong panili, kapal, sêdhah, dhaon sirih, punika sadaya godhong ingkang wontên ing êros tamtu namung salêmbar salajêngipun.

Godhong mondhakaki, godhong noja punika kalêbêt godhong ingkang ngalih lêmbar sami ajêng-ajêngan nunggil dunung namung kalêtan êpang alit, Ranting Ml.

Godhong kara lan godhong boncis (boontjes) punika godhong ingkang nigang lêmbar sagantilan.

Wontên ugi godhong ingkang langkung saking samantên ingkang sami [sa...]

--- 16 ---

[...mi] nunggil sagagang (gantilaning godhong) kados ta: godhong rêgulo, godhong kêmuning (jênar) inggih punika sabên sagagang wontên godhongipun gangsal utawi pitung lêmbar ingkang nunggil sagagang. Makatên ugi wanguning godhong-godhong inggih beda, kados ta: godhong kêmuning (jênar) yèn katandhing kalihan godhong rêgulo tamtu beda godhong kêmuning ngandhap nginggil alus sarta pinggiripun kiwa têngên alus, dene godhong rêgulo pinggiripun ringih-ringih[11] saking bongkot dumugi pucuk, ngantos kados graji.

Kajawi punika godhong jatos punika wiyar sarta ngandhap nginggil sami kasab, ingkang makatên wau kathah panunggilanipun godhong-godhong ingkang beda wangunipun sarta beda warninipun ananging mênggah pigunanipun sami kemawon.

Bab Sêkar

Mêngggah limrahipun thêthukulan punika asêkar, sanajan sêkar wau wangun lan warninipun beda ananging pigunanipun sami, inggih punika sarana andadosakên uwoh sarta wijinipun sagêd tangkar-tumangkar, botên angicalakên warganing thêthukulan wau. Dene sêkar wau wontên ingkang sagêd dados uwoh wontên ingkang botên, ingkang makatên saèstu anggumunakên, wondening sêkar sagêd dados uwoh awit [a...]

--- 17 ---

[...wit] ing salêbêting sêkar-sêkar wau wontên perangan warni-warni kados ta: upami sêkar jêram, ing ngriku wontên perangan sêkar jalêr (Meeldraden) sarta sêkar èstri (stamper) ing bongkotipun sêkar èstri ing ngriku wontên gêmbungipun (Vruchtbeginsel) utawi caloning uwoh, ing pucuk wontên pênthilipun. Dene sêkar èstri wau mênawi sampun mangsanipun lajêng mêdal yiyitipun, inggih punika nalika mêgar (mêkar) godhonging sêkar (bloemblad) ingkang anglimputi sêkar jalêr lan sêkar èstri. Makatên sêkar jalêr manawi sampun mangsanipun kados kasêbut ing nginggil, inggih lajêng mêdal sarinipun (Stuifmeel) dene sari wau warninipun kados galêpung: nanging jêne, sari-sari wau lajêng dhawah ing pênthiling sêkar èstri, sarèhning sêkar èstri wontên yiyitipun mila sagêd krakêt, salajêngipun lumêbêt dumugi ing gêmbung utawi caloning uwoh lajêng dados pêntil. Dene dhawahipun sari wau sabab dening angin, utawi kabêkta ing tawon ingkang pinuju nêsêp mabên[12] tuwin sêmut inggih sagêd ugi.

Kula sampun kêrêp mirêngakên wicantêning tiyang ingkang nyariyosakên kawontênanipun pêlêm kados ta: pêlêm krasak[13] [krasa...]

--- 18 ---

[...k] malèh,[14] pêlêm santog malèh, pêlêm kopyor[15] malèh, sapanunggilanipun, inggih punika ewahing wujud utawi wanguning uwoh, ewahing raos lêgi dados kêcut, sapanunggilanipun, ingkang makatên wau saking wêwulangipun para sagêd inggih nama botên anglêngkara, kapara yêktos, sabab sarining sêkar pêlêm kopyor sagêd dhawah dhatêng ing sêkar èstrining pêlêm krasak, utawi sarining pêlêm santog dhawah dhatêng ing sêkar èstrining pêlêm dodol, ingkang makatên wau tamtu andadosakên ewahing raos utawi ewahing wujudipun uwoh, samantên wau inggih ingkang nunggil warga kados ta: pêlêm sami pêlêm, jêram sami jêram, botên sagêd dados mênawi jambu wor-winor kalihan surikaya[16]

Kajawi ing nginggil inggih wontên sabab sanès-sanèsipun malih: inggih punika jalaran saking kêraning thêthukulan, kayoman, botên angsal soroting surya sapanunggilanipun, wontên ugi thêthukulan ingkang angsal soroting surya botên kayoman ananging kêra: wohipun sakêdhik sarta alit-alit, ingkang makatên wau saking pamanggihing [pamanggih...]

--- 19 ---

[...ing] para sagêd sabab siti sampun cêngkar (de uitputting van den grond) mila para sagêd lajêng ambudi sarana pacoban, kadadosanipun botên sanès saking kiranging têtêdhanipun thêthukulan, inggih punika sawarnining sari-sari ing bumi. (zie Sasadara blz 30) ingkang punika prayogi siti ingkang sampun cêngkar wau lajêng kapulasaraa, inggih punika kakèndêlakên ing sawatawis măngsa, sarana kawoworan rabuk (mest) rabuk wau kadadosan saking rêrêgêd kados ta: têlethong-têlethong, uwuh-uwuh ingkang sampun lami sarta warninipun sampun kados siti, punika prayogi kangge ngrabuk sawarnining thêthukulan, ananging sampun kathah-kathah, mênawi kêkathahên mindhak kêlêman,[17] lajêng thêthukulan wau botên sagêd uwoh.[18] Mênawi sagêd kalêksanan saking pangolahing siti sampun tamtu kemawon woh-wohan ingkang sampun malèh raosipun kêcut wangsul dados lêgi, sarta mindhak agêng-agêng.

Malah saking pamirêng kula ing Batawi, Sêmarang lan ing Surabaya, sampun wontên pabrik (fabriek) rabuk (mest).

Taksih wontên sambêtipun

Wiryasubrata.

 


satêngah. (kembali)
pahêman. (kembali)
nyêbal. (kembali)
ingkang. (kembali)
thêthukulan. (kembali)
§ ing Surakarta: waloh, lêrês rimbag pasisir: waluh, awit abuh, botên: aboh enz. (kembali)
§ rambat. (kembali)
§ id. (kembali)
§ dhaon sirih punika punapa beda kalihan sedhah. (kembali)
10 § jatos KD, jati KN. (kembali)
11 § ing Surakarta: cringih-cringih. (kembali)
12 § mabên KD nanging ing sêrat Jz1 19-2 = Sêrat Sidin têmbung: mabên wau K makatên malih tawon nêsêp mabên ing Surakarta ngangge: tawon ngisêp maduning sêkar. (kembali)
13 § pêlêm krasak, ing Surakarta botên wontên. (kembali)
14 § malèh = malih, nanging: ijèh, botên: ijih sarêng = taksih, totên: taksèh. (kembali)
15 § pêlêm kopyor namung ing pasisir ingkang wontên. (kembali)
16 § surikaya = srikaya. (kembali)
17 kêlêmon. (kembali)
18 § uwohe pêlêmku andadi | zelfstandignaamwoord niet awoh. Maar pêlêmku awoh (werkwoord) niet uwoh. (kembali)