Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801

Judul
Sambungan
1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
6. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
7. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Candrakanta

Kaping 1 wulan Rabingulakir taun Dal, ăngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lênggananing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka.

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 19 Juli 1901.

--- 20 ---

Kawruh Thêthukulan

Sambêtipun ăngka I kaca 19

Bab Thêthukulan Anggur (druiven) vitis labrusca

Thêthukulan anggur punika kalêbêt thêthukulan ingkang rumambat sarta asungut (klimplant) mênggah aslinipun saking cariyosipun para sagêd, thêthukulan anggur wau saking Jawi ingkang sampun kula sumêrêpi punika karambatakên ing anjang-anjang ingkang inggilipun 3 utawi 4 mètêr, katanêm ing palataran utawi ing pakêbonan namung sawatawis wiyaripun, inggih punika sauwit utawi kalih uwit, mênggah wiyaring anjang-anjang kintên-kintên 3 mètêr, panjangipun 5 utawi 6 mètêr. Karambatan wit-witan anggur namung sauwit, utawi kalih uwit, têka amradini ing anjang-anjang wau.

Bab Pangrimatipun

Thêthukulan anggur punika mênawi sampun angămbra-ămbra sarta godhongipun lêdhung-lêdhung, godhong-godhong wau lajêng karancasan[1] sadaya ngantos brindhil babar pisan tuwin êlung-êlungipun inggih dipun kêthoki sawatawis. Upami wontên êlung ingkang panjangipun 1 mètêr êlung wau lajêng kakêthoka ingkang ½ mètêr sarta pangêthokipun botên [bo...]

--- 21 ---

[...tên] kenging nyêbrèt. Tarekah utawi patrap ingkang makatên wau mênawi botên katindakakên inggih sanajan pintên taun thêthukulan anggur wau botên sagêd awoh.

Mangsuli cariyos ingkang sampun kasêbut ing nginggil, ing tanah Ngarab mênawi mangsanipun angrancasi punika lajêng dipun culi menda pintên-pintên, menda wau lajêng nêdha sakathahing godhong-godhong wau ngantos brindhil utawi prigis babar pisan, dados ingkang gadhah namung angêthoki pundi ingkang kirang prayogi, utawi namung ngrampingakên kemawon.

Wondening mangsanipun angrancasi kenging ing samăngsa-măngsa, kados ta: i[2] măngsa rêndhêng lan ing măngsa katiga inggih sami kemawon, ananging ingkang prayogi piyambak inggih punika angajêngakên măngsa katiga ing wulan Januari utawi Phèbruari (pamurihipun dadosing pêntil sampun angirang-ngirangi jawah, dados uwohipun lêgi-lêgi).

Sasampunipun karancas sadaya ing sawatawis dintên lajêng wiwit sêmi sarta sarêng kalihan pêntil. Mênggah dangunipun wiwit pêntil dumugi sêpuh (masanipun[3] ngundhuh) kirang langkung: tiga utawi kawan wulan, mênawi dipun sêpuhakên sangêt amêsthi lajêng kathah ingkang bosok. Dene dhêdhompolaning pêntil wau kintên-kintên 200 iji, sarta pêntil wau agêngipun watawis saklênthêng-klênthêng. Ing saupami pêntil samantên wau

--- 22 ---

lajêng dipun kèndêlakên kemawon ngantos sadasa wulan laminipun inggih botên sagêd agêng-agêng, sabab pêntil adhêdhêsêkan ngantos bêntêt-bêntêt.

Menggah prayoginipun inggih lajêng dipun kêbiri, dene rekanipun makatên: pêntil-pêntil wau ing nalikanipun taksih ênèm sangêt lajêng (kaprithila ing saantawisipun satunggil-satunggilipun woh), murih sagêda mindhak agêngipun, mênawi sakintên taksih dhêdhêsêkan inggih kaprithilana malih kados ing nginggil: salajêngipun.

Upami pêntil ingkang dhêdhompolanipun 200 iji kasêbut ing nginggil prayogi kakantuna 50 utawi 60 iji, saupami kalêrêsan woh anggur wau sagêd agêng. Dene limrahipun woh anggur ing ngriki agêngipun kintên-kintên sami kalihan agêngipun woh trênggulun, utawi woh cêrme, ingkang limrah agêngipun.

Mênggah rêginipun woh anggur ing padunungan kula ing dalêm sampol agêng kintên-kintên wontên 60 iji, nyêlaki rêgi f 0,75 samantên wau wontênipun taksih awis-awis.

Ing toko-toko ugi asring sade woh anggur ingkang taksih sêgêr. Saking cariyosipun ingkang sade woh anggur wau saking sabrang, dene rêginipun taksih awis, sadhompol agêng rêgi f 1,50 (kalih têngah rupiah).

--- 23 ---

Pacoban

Thêthukulan anggur sauwit ingkang katanêm sarta karambatakên ing anjang-anjang ingkang wiyaripun 5 mètêr, panjangipun 9 mètêr, wit anggur wau ing dalêm kalih têngah utawi kalih taun, ingkang tamtu solor lan godhongipun sampun sagêd angèbêki sawiyaring anjang-anjang. Samantên wau mênawi kalêrêsan sagêd uwoh kathahipun 150 dhompol agêng alit, saupami kasade kadamêl rêsik ing dalêm sadhompol agêng alit caruk toya rêgi f 0,50 dhompol dados sami kalihan f 0,50 x 1,50 = f 75 kadamêl tumbas bibit (cangkokan) kalih uwit[4] rêgi f 5 ing dalêm sauwit = f 5 x 2 f 10 kangge wragat tiyang ingkang ngrimat ing dalêm kalih têngah taun, sarta sanès-sanèsipun wragat f 1,50.

Ingkang punika sumăngga para marsudi adamêla pacoban, amurih sagêda tangkar-tumangkar, kajawi kangge pangupajiwa saking padamêling woh anggur wau pancèn inggih prayogi kangge kabingahan, awit mênawi awoh sangêt anggènipun adêmênakakên pèni, èdi tur amenginakên saiba ta: bingahipun para ingkang kagungan thêthukulan anggur wau. Kajawi bingahipun piyambak inggih ambingahakên dhatêng kadang

--- 24 ---

warganipun (sumăngga amirsanana gambar-gambar woh-wohan anggur ing tanah-tanah rak inggih amenginakên ta). Wusana pamuji kula enggala kasêmbadan kados atur kula ing nginggil.

Kaanggit dening: Wiryasubrata. Juru panyitraning gêdhong karesidhenan ing Sêmarang.

Sêsakit Kolerah

Warahing Tirtausada, pêpiritan saking basa Walandi

Kadi[5] dene kalênthing wadhah masin, sanadyan kakumbah rêsik, inggih taksih wontên gandanipun ulam, amratandhani: sanadyan samêndhang taksih wontên keceranipun. Makatên ugi ing salêbêtipun padharanipun[6] manungsa, sanadyan sarining têtêdhan sampun rumasuk dados rah, ampasipun sampun larut mêdal, ingkang tamtu inggih taksih wontên keceranipun. Sarèhning keceran punika botên [botê...]

--- 25 ---

[...n] murakabi dhatêng salira[7] dados inggih nama rêrêsah[8] inggih rêrêsah punika ingkang dados wijining sêsakit warni-warni, makatên ugi dados wijining sêsakit ingkang anggêgirisi: kolerah namanipun.

Rêrêsah wau lêmbat sangêt, sagêd sumusup ing daging, sumêla ing urat-urat, rumasuk ing gêrah[9] tuwin dumunung ing papan sanès-sanèsipun ingkang kenging sinêsêlan. Sarèhning lêbêtipun têtêdhên tanpa towong ing sadintên-dintênipun, dados inggih badhe tanpa kandhêg pangêrdanipun rêrêsah, têmahan angrisakakên ubarampe[10] lêlêbêtanipun salira, sayêktos inggih makatên badhe kadadosanipun, saupami ubarampening salira botên kakumbah ing sadintên-dintênipun.

Kadipundi[11] pangumbahipun ubarampèn lêlêbêtanipun salira.

Salira pribadi[12] ingkang tumandang, wahananipun ambucal sêne,[13] angêdalakên riwe[14] saha ambêkan, sadaya [sa...]

--- 26 ---

[...daya] punika anglarutakên rêrêsah.

Mênawi makatên badhe botên wontên sêsakit thukul, awit salira muhung dados margining rêrêsah.

Sayêktos inggih makatên saupami botên kapinujon ing ênu[15] rêrêsah botên sagêd mêdal kathah, nanging wontên ingkang angêndhong ing salêbêtipun salira. Dene sagêdipun kandhêg angêndhong mênawi:

1. Wêdaling sêsukêr, sêne, riwe saha ambêkan, botên anglarutakên rêrêsah kathah kadi saban[16]

2. Têtêdhan botên sagêd sampurna ajur giniling ing padharan sinêsêp sarinipun, ingkang jalaran botên gampil jur-juranipun, utawi saking kêkathahên. Ewa samantên saupami botên katungka lêbêtipun têtêdhan enggal, inggih botên sagêd kandhêg amêwahi rêrêsah, awit sanadyan dangu sawatawis, badhe sagêd sampurna ugi ajuripun. Ananging caranipun angisèni padharan ing jaman samangke kadamêl têtêp wancinipun ing sadintên-dintên, botên kadi caraning sawêr utawi unta, dèrèng purun nêdha malih: dipun pilalah kèndêl ngathêthêr yèn sawêr, siyam yèn unta, mênawi dèrèng kraos lêga utawi luwe wêtêngipun.

--- 27 ---

Têtêdhan ingkang dèrèng sampurna ajuripun wau, sarèhning taksih amêngku sari, inggih kapara angèl mêdalipun, têmahan wontên ingkang kècèr awarni rêrêsah. Mênawi wêdaling sêsukêr, sêne, riwe saha ambêkan, muhung[17] kadi saban kemawon, tartamtu lajêng wontên ingkang kandhêg angêndhong. Mênawi sampun wontên ingkang angêndhong makatên, lajêng gampil kemawon pangêrdanipun, kadi dene sarah mugèng[18] jaladri, kombak kombul agampil kêmpêlipun, kajawi margi saking siliran[19] ugi saking daya tarik-tinariking maujud, utawi dayaning băngsa ngupadi[20] wăngsa. Mulabuka rêrêsah dumunung ing sakiwatêngêning babahan marginipun, awit saking sampun lumaksana[21] badhe mêdal, ananging lajêng kandhêg, mandar angêrda, lami-lami angămbra-ămbra ing saranduning salira. Ing samangke salira nama sampun kaangrêman wijining sêsakit, ubarampening salira ing lêbêt sinusupan, sinêlanan, sinêsêlan, ingêndhih tuwin dhinêsêk, dados prasasat pinrawasa ing rêrêsah, anjalari botên lumintu lampahing êrah, wahananipun guaya pucêt, salira [sa...]

--- 28 ---

[...lira] anglêntrih, datan[22] kuwawa ing karya,[23] aras-arasên panggalih[24] cukêt[25] apêtêng, hawa napsu cêpak tuwin sanès-sanèsipun ingkang sarwa botên sakeca: dhahar botên eca, sare botên sakeca. Saupami ing samangke wontên ingkang anjalari laruting rêrêsah, kadi dene murus ambal-ambalan, tartamtu salira inggih sagêd wangsul waluya sêgêr kadi wingi uni, ananging mênawi murus dêdamêlan, ngadat amung nyuda kemawon, awit ingkang mêdal muhung adhakan dunungipun.

Sangsaya ngêrda angămbra-ămbra rêrêsah ingkang angêndhong, sangsaya gampil timbuling sêsakit, muhung angêntosi jalaran sapala[26] kemawon: ngadat santuning măngsa asrêp lumèrèg ing bêntèr angêndêng[27] utawi tumanduking hawa ingkang sagêd anggingsirakên rêrêming păncadriya, kuasa adamêl mongkog utawi mukrêding rêrêsah, mungkading rêrêsah anjalari mubaling sari, mubaling sari anuwuhakên bêntèr, têmahan isèn-isèning padharan gung[28] mawalikan, lan mêdal ing babahan [babah...]

--- 29 ---

[...an] ngandhap nginggil, ubarampening salira gung pinrawasa wêwah prasasat binêsmi, mênawi ngantos datan kuwawa nanggulang, têmahan kapidara kandhêg saliring rèh, wahananipun salira pralena[29] inggih kahanan ing salêbêtipun salira makatên punika ingkang sinêbut kolerah, dados botên sanès muhung kadi dene prahara agêng kanthi bêntèr amulêk ing salêbêtipun salira, jalaran saking rêrêsah. Saking gingsiring kahanan, ewahing dumadi, ing ngriku lajêng kumroyoh maèwu-èwu tuwuh ing satwa lit-alit amêmăngsa rêrêsah, inggih punika ingkang sinêbut satwa kolerah.

Lah kadipundi anggènipun angusadani.

Amirit ingkang kajarwa ing nginggil, dados inggih angêndhakakên mungkading rêrêsah, angrêrêmakên mubaling sari, anyirêp ngalad-alading bêntèr supadi ubarampening salira kuwawa nanggulangi, mandar ing wingking sagêda gêntos amrawasa ngusir rêrêsah saking pangrêmanipun, mênggah rekadayanipun:

Siram angêkum padharan, saking ngandhaping susu dumugi pupu ing nginggil, dados susu sapanginggil, pupu sapangandhap wontên ing sajawining toya, mapanipun satêngah lênggah satêngah sarean dangunipun udakawis satêngah jam, sadangunipun kungkum prasthapurusa, walakang, padharan nganan ngering saha [sa...]

--- 30 ---

[...ha] gigir kêdah kagosok ngangge pipih[30] ingkang kasar, panggosoking prasthapurusa muhung ing angganipun kemawon, dèn ririh nanging ingkang talatos, awit ing ngriku poking urat kathah. Mênggah tumraping wanita botên bêda, muhung anyantuni têmbung kemawon, nanging kanthi wêwahan: sampun lêbêt-lêbêt.

Sabakdanipun siram kungkum punika, kêdah lajêng siram sêtum, inggih punika sumuking toya, patrapipun: anglêgêna ngliga salira sarean mangkurêb ing kursi panjatos, utawi ing bangku ingkang lênggahanipun nam-naman, lajêng karukub ingkang barukut ngangge kêmul ingkang kandêl, ngantos angalèmbrèh ing jogan, nuntên toya umob[31] winadhahan ing êtong utawi wadhah sanès-sanèsipun, katlusupakên kadèkèk pênêr sangandhaping padharan, botên dangu tamtu gumrobyos wêdaling riwe. Mênawi toyanipun ngantos mèh asrêp măngka riwe mêksa dèrèng mêdal, punika lajêng kasantunana ingkang umob malih.

Sabakdanipun siram sêtum punika, mênawi sampun rêrêm sawatawis, lajêng asirama kungkum malih, sasampunipun lajêng mapan sare karukub, ngadad sawêg siramipun kungkum sapisan [sapi...]

--- 31 ---

[...san] kemawon, adrênging badhe ambêbucal utawi luntak sampun suda, amratandhani kêndhik[32] ing mubalipun sari.

Mênawi kagarap kadi ingkang kasorahakên ing nginggil ing sapisanipun dèrèng amitulungi, inggih kêdah dipun ambali, ing ngriku mênawi karangkêpan wontên kamirahanipun Pangeran ingkang asipat mirah tuwin asih, tartamtu ingkang kacandhak ing sakit satunggal punika, sagêd waluya jati langkung kadi ing nguni-uni.

Punapa darunanipun dene kabasakakên kacandhak ing kolerah, sarta kadipundi marginipun dene sagêd anular.

Kadidene ingkang sampun kasorahakên ing ngajêng, pangêndhonging rêrêsah saking kapinujon ing ênu, nanging panujuning ênu punika botên ta yèn mêdal saking apêsing salira margi kadhawahan undhi kapêksa angêdêgi damêl dhatêng sagantên kidul, nanging saking lêpat sarta lenanipun piyambak, lêpatipun dene ambruwah datan pilih-pilih dhaharan, lenanipun dene kirang rumêksa dhatêng padharan, ngantos katandhêgan rêrêsah kathah, têmahan anjrahing bêntèr ing tawang, dupi tumanduk ing ăngga, kadi dene pakantuk mêmangsan ing lêbêtipun: rêrêsah cinandhaka[33] măngsa ăngga katut ngalumpruk. Saupami salira datan ngandhut rêrêsah, tartamtu botên wontên [wo...]

--- 32 ---

[...ntên] kara-kara. Makatên ugi ingkang kabasakakên katularan, awit gingsir rêrêming păncadriya margi panggalih botên têtêp, kabêkta saking ngêmu kuwatos utawi ajrih, ingkang ajalaran saking ningali, utawi ngambêt, mirêng utawi anggagas punapa-punapa ingkang dinalih nguwatosi utawi ngajrihi, têmahan anggêtêrakên urat ingkang lêmbat-lêmbat, gêtêring urat amongkokakên rêrêsah, mongkoking rêrêsah angubalakên sari, mubaling sari amrawasa ubarampèn, ubarampèn kaprawasa têmahan salira sakit, saminipun panularing angop: dupi ingkang karipan aningali kancanipun lêlênggahan angop, karipanipun lajêng mubal agêtêrakên[34] urat ing tutuk, têmahan katut mangap, punapa malih mênawi sarining rêrêsah ngalambrang nêstha swasana lumêbêt sinêrot ing ambêgan, prasasat anggugah dhatêng kancanipun ingkang sawêg rêrêm, têmahan sami mubal saminipun eis ing gêlas ingêsokan toya, tartamtu luntur dados toya. Timbuling sêsakit ingkang kadi makatên punika kabasakakên kêtularan, awit mungkading rêrêsah margi kapandukan sarining rêrêsah sanèsipun. Pramila ingkang anggulawênthah tiyang sakit kolerah tarkadhang botên kêtularan inggih saking rêsik isining padharanipun, sarêng ingkang dhatêng martuwi sakêdhap kemawon tarkadhang kêtularan, [kêtulara...]

--- 33 ---

[...n,] inggih saking sampun ngandhut rêrêsah kathah. Dados ing samangke măngsa borong ing karsa mênggah pangêmonging panggalih utawi salira mênawi wontên ambah-ambahan, rèhne sampun kagêlarakên satunggal-tunggal kadi ing nginggil.

Ing samangke kadipundi mênggah pamilihipun têtêdhan supadi botên katandhêgan rêrêsah.

Kapiliha ingkang satuhu têdhaning manungsa, ingkang sajati cadhonganipun manungsa saking karsaning Pangeran, inggih punika ingkang eca raosipun, amenginakên utawi angumêcêrakên warninipun, awit punika sasmitaning Pangeran dhatêng manungsa, nanging makatên wau mênawi tulèn, têgêsipun dede ingkang eca, dede ingkang amenginakên sarta dede ingkang angumêcêrakên ingkang damêlanipun tiyang, inggih punika têtêdhan ingkang miraosipun margi karukti, awit angrukti dhaharan punika botên sanès muhung pangirup dhatêng lidhah, grana tuwin netra. Pangeran anggènipun paring kasagêdan dhatêng manungsa linangkung-langkung, supadi wilujêng pangêmongipun ăngga, awit cadhonganipun têtêdhan kaparingan warni-warni, sagêda angracik anggathuk-gathukakên piyambak, sampun ngantos kêlintu, mênawi kêlintu ăngga dados risak, măngka ing têmbe kapundhut saenipun, beda kalihan sato, rèhne têdhanipun prasasat muhung pinaringan [pinaringa...]

--- 34 ---

[...n] sawarni, dados inggih prasasat muhung sawarni kasagêdanipun.

Warni punapa têtêdhan ingkang kacadhongakên dhatêng manungsa.

Nitik sasmita ingkang kasatmata inggih wowohan, amargi raosipun eca, warninipun amenginakên sarta angumêcêrakên manah. Wowohan mênawi sampun andungkap wancinipun kenging katêdha lajêng prasasat apêpaès, paangadi-adi warni, agêgănda, supadi enggal kadhahara. Wontên ingkang asasmita supadi kadhahar lamban, inggih punika ingkang sampun anyêkapi raosipun, wontên ingkang asasmita supadi kadhahar kadamêl ubarampèn, inggih punika ingkang linangkung-langkung ngêmunipun raos, kirangipun wowohan inggih gêgodhongan sarta oyod-oyodan, tandhanipun ugi amenginakên sarta ngandhut raos eca. Dados cêkakanipun sajatining têtêdhanipun manungsa punika ingkang asal saking tanêm tuwuh.

Lah punapa ulam daging utawi loh dede têdhanipun tiyang.

Saupami cêmpe angumêcêrakên, kutuk amenginakên inggih satuhu têdhanipun tiyang, ananging wiwit ing jaman kina ngantos samangke dèrèng wontên tiyang ingkang anggadho cêmpe utawi kutuk, anyipati dagingipun kemawon sampun ênêk, punapa malih mênawi buthuk, beda sangêt [sangê...]

--- 35 ---

[...t] kalihan buthuking salak, saèstu miraos sangêt mênawi dipun ratêngi, punapa malih mênawi kalêrêsan pangruktinipun, ananging makatên punika punapa botên nama kanthi isarat sarta kanthi pêpaès, mênawi sanyata cadhonganipun manungsa, tanpa rangkêpan inggih sampun eca. Punapa malih para sagêd sampun anyatakakên, bilih ajuripun daging utawi ulam loh ing padharan langkung dangu tinimbang wowohan, măngka margining têtêdhan mênggahing manusa langkung panjang tinimbang kewan ingkang măngsa daging, kaukur kapêndhêt tikêlanipun panjanging awak, kalihan malih mênawi daging cadhonganipun manungsa sabab dèni[35] punapa manungsa: Pilih-pilih ingkang katêdha. Untunipun bon landhêp sarta santosa kadi sima. Kêkiyatanipun botên angungkuli maesa.

Satuhu botên kêkirangan sabab ingkang amrayogèkakên supadi sami nyirik dhaharan ulam ambêkan, cundhuk kalihan warahing para sujana ing jaman kina, ing samangke wadosipun sampun kagarba.

Ananging sujana ing jaman samangke, ingkang mêsthi langkung mangrêtos sampun sami awêwarah supadi adhahara daging utawi tigan.

Wontên lêrêsipun, awit ingkang dipun warahi makatên [makatê...]

--- 36 ---

[...n] punika mêsthinipun tiyang sakit, supadi enggal wangsul kakiyatanipun, sarta eca panêdhanipun, dadosa rêrêsah inggih taksih dangu timbulipun warni sêsakit, tumrapipun tiyang kasarasan lêrêsipun mênawi kangge calon abênan, supadi kiyat kadi sima. Ananging sarèhning têtêdhan cadhonganipun manungsa ngantos wontên ingkang molah mênawi badhe katêdha, punapa pêrlunipun manungsa kaparingan kakiyatan kathah-kathah.

Lêrês manungsa botên pinaringan kêkiyatan kathah, nanging sampun kalintonan lêpasing nalar, dados prasasat langkung kiyat tinimbang gajah, kuwasa anêlukakên sawarnining kewan, sabab dening punapa botên kaidenan nêdha dagingipun.

Mênawi makatên arak badhe kadi tiyang Dhayak Wanan, măngsa daginging kawonanipun, tiyang ingkang lêrês nalaripun punapa inggih makatên.

Ing sarèhning wosing pangikêt prakawis sêsakit kolerah, dados ing samangke kacugak[36] samantên, mawi amratelakakên têtêdhan satunggal-tunggal ingkang satuhu manpangati dhatêng salira, supadi waluya sajati têbih ing mêmala, kadi kapratelakakên ing ngandhap punika:

Sêkul, ingkang pêra sampun matêng-matêng sangêt, prayogi tanpa dipun pususi, punapa malih dipun tajini,

--- 37 ---

awit mindhak kêkathahên icaling sari ingkang murakabi.

Wowohan, ugi sampun ingkang matêng-matêng sangêt, kapara kumampo, mênawi matêng sangêt cadhonganipun winih, kênèmên dèrèng sampurna dadosipun.

Gêgodhongan, ingkang nêdhêng nèmipun, mênawi botên kadhahar lalapan mêntahan, kenging kagodhog, nanging sawatawis kemawon, sampun ngantos alum sangêt.

Oyod-oyodan, kadi dene gêgodhongan.

Bumbu: sampun manis-manis, kêcut-kêcut, pêdhês-pêdhês, asin-asin, utawi gurih-gurih, kêdah samadya kemawon, awit punika sadaya muhung wêwahan.

Anyirika dhahar: sawarninipun ulam ambêkan, angèngêtana mênawi buthuk, saiba ing padharan tuwin malih pêpêdhês, kêkêcut sapanunggilanipun.

Dhahara ing samadya kemawon, sampun kathah-kathah. Wancinipun ing sêsagêd-sagêd manut padharan, inggih [ing...]

--- 38 ---

[...gih] punika manawi sampun luwe.

Anyirika ngunjuk, sawarninipun ingkang nama minuman awit bêntèr hawanipun, kajawi amurugakên wuru, ugi angrisak isèn-isèning salira. Makatên ugi tèh, kopi, sampun kadamêl kulina, kakulinakna ngunjuk toya wantah kemawon, sampun mawi kagodhog, ugi botên prayogi kulina ngunjuk puhan sêsaminipun, toya susu saenipun muhung mênggahing bêbayi, samantên punika nalika sawêg mêdal saking susuning biyung.

Enjing sontên asirama kungkum padharan kadi kapratelakakên ing ngajêng, sabakdanipun siram sayogi mlampah-mlampah utawi anggarap damêl ingkang angêdalakên riwe, mênawi sare amiliha panggenan ingkang suci hawanipun, dados ingkang rêsik sarta wiyar, utawi ingkang wontên marginipun hawa malêbêt mêdal, wusana dugi prayogi wontên ing pangagêmanipun piyambak-piyambak, Insa Allah mênawi angestokakên wêwarah sadaya punika, badhe botên kaparag ing pagêring, ananging waluya sajati ing salami-laminipun, walahualam.[37]

Kaikêt dening Mas Ngabèi Adiwasita, lurah guru ing Bojanagara.

--- 39 ---

Ilmu Bumi Insulindhê

Kajarwakakên dening Prawirawiyata, abdi dalêm carik, ongka II ing kabupatèn pulisi Surakarta.

Ilmu Bumi Insulindhêng

(Pulo-pulo Indhia wetan ingkang kabawah ing parentahipun kangjêng sri maharaja Walandi).

I. Prênah perangan tuwin wiyaripun.

Pulo-pulo Insulindhê punika prênahipun wontên ing saantawisipun tanah Asiah kalihan tanah Niu Holan, utawi wontên ing saantawisipun sagantên Indhia kalihan [ka...]

--- 40 ---

[...lihan] sagantên agêng.

Peranganipun: a. Pulo-pulo Sundha agêng. b. Pulo-pulo Sundha alit. c. Pulo-pulo Moluko. d. Pulo-pulo Papuah tuwin Niu Guineah. e. Pulo-pulo sanèsipun.

a. Pulo-pulo Sundha agêng: 1. Pulo Jawi kalihan Madura tuwin pulo-pulo sakubêngipun. 2. Pulo Sumatra (Pêrcah) tuwin pulo-pulo sakubêngipun. 3. Pulo Bêruni (Kalimantan) tuwin pulo-pulo sakubêngipun. 4. Pulo Sèlèbês (Sèlèbêsi) tuwin pulo-pulo sakubêngipun.

b. Pulo-pulo Sundha alit: Sadaya pulo saking pulo Bali dumugi pulo timur.

c. Pulo-pulo Moluko. Sadaya pulo saantawisipun pulo Sèlèbês kalihan pulo Papuah.

d. Pulo Papuah:

--- 41 ---

Pulo Niu Guwineah kalihan pulo-pulo sakubêngipun.

e. Pulo-pulo sanèsipun. 1. Pulo-pulo Rio Lingga. 2. Pulo-pulo Bangkah tuwin Bilitung, 3. Pulo-pulo Karimata. 4. Pulo-pulo tanah êlèr, Natunah kidul, Anambas sarta Tambilan. 5. Pulo-pulo Sangi sarta Talatur.

Kajawi pamerang kados dening kasêbut ing nginggil Insulindhê punika ugi kenging kapilah dados kalih perangan agêng, inggih punika: a. Perangan kilèn, utawi perangan Asiah. b. Perangan wetan utawi perangan Australiah. Watêsipun perangan kalih wau supitan Makasar tuwin supitan Lombok, sagantên ingkang wontên ing saantawisipun pulo-pulo perangan kilèn, botên wontên ingkang lêbêt, lêbêt-lêbêtipun namung 36 dhêpa utawi 61 mètêr, inggih punika sagantên ing salèripun pulo Madura, dene sanès-sanèsipun sadaya kapetang cêthèk. Prawirawiyata.

Taksih wontên sambêtipun.

 


§ karancasan, punapa kapancasan, punapa karampasan. (kembali)
ing. (kembali)
mangsanipun. (kembali)
§ bokmanawi pêjah dados taksih sauwit, Wiryasubrata. (kembali)
§ ing Surakarta kadi kangge ing kidung, kados, kangge ing gancaran. (kembali)
§ padharan (krama inggil) wêtêng (krama ngoko) padharan, dhadharan wêtêng, têtêdhan. (kembali)
§ salira (krama inggil) badan (krama) awak (ngoko) salira: gêrah, badan, sakit, awak, lara. (kembali)
§ rêrêsah = rêrêgêd, ing anu kathah rêresah pandung kecu, rêregeding badan. (kembali)
rah. (kembali)
10 § ubarampe = samukawis, paos saubarampenipun, samukawis ing badan. (kembali)
11 § kadi = kados. (kembali)
12 § pribadi kangge ing kidung, piyambak kangge ing gancaran. (kembali)
13 § sêne (krama dhusun) uyuh (krama ngoko) turas (krama inggil). (kembali)
14 § riwe (krama inggil) kringêt (krama ngoko). (kembali)
15 § ênu kawi = margi, ing sêkar = kêtuju ing ênu, têgêsipun: kêpêthuk ing margi. (kembali)
16 § saban, kangge ing kidung, sabên, kangge ing gancaran. (kembali)
17 § muhung, kangge ing kidung, namung: kangge ing gancaran. (kembali)
18 munggèng. (kembali)
19 § siliran punika: angin, punapa: napas. (kembali)
20 § ngupadi, kangge ing kidung, ngupados, kangge ing gancaran. (kembali)
21 § lumaksana kangge kidung, lumampah kangge gancaran. (kembali)
22 § datan kangge ing kidung, botên kangge ing gancaran. (kembali)
23 § karya kangge ing kidung, damêl kangge ing gancaran. (kembali)
24 § panggalih krama inggil, manah krama, ati ngoko. (kembali)
25 § cukêt? (kembali)
26 § sapala = sapele. (kembali)
27 § ngêndêng? punapa mêndhêng. (kembali)
28 § gung = tansah. (kembali)
29 § pralena = pêjah. (kembali)
30 § punapa suwèkan, mênawi pipih têmbung Surakarta: mokal. (kembali)
31 § toya umob, Bojanagara, wedang umob Surakarta. (kembali)
32 kêndhih. (kembali)
33 cinandhak. (kembali)
34 anggêtêrakên. (kembali)
35 dene. (kembali)
36 § jugak. (kembali)
37 Pitutur punika sae saha maton, nanging wêdalipun kêsontênên, kados awis ingkang purun mituhu, ing Surakarta wontên băngsa Cina nama Bingking, nyirik ulam ambêkan sajêgipun gêsang, ingkang dipun têdha namung sêkul, lawuhanipun kêkuluban, namung mawi kecap utawi taoco punapa dene santên, murih miraos, pangananipun namung wowohan, ingkang dipun ombèn namung toya wantah, gêsangipun katingal saras saha lêma, pambêkanipun sae saha wêlasan, dhasar kasêmbadan brèwu, panggaotanipun dados juragan kajêng, bilih sumêrêp wontên tiyang sade kewan alit ingkang badhe kapêjahan, kados ta: bulus, salira sêsaminipun, punika mêsthi dipun tumbas sarta lajêng dipun culakên, Cina punika ngiritakên dhatêng bangsanipun, dipun jak brata nyirik ulam ambêkan wau, inggih kathah para Cina ingkang mituhu kapencut dhatêng ngèlmunipun, nanging botên wontên ingkang mantêp, sabên sampun antawis wulan wangsul nêdha ulam babi malih. RED. (kembali)