Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  6. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  7. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
Image

Candrakanta

Kaping 1 wulan Rêjêp taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka. Juru Pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 14 OCTOBER 1901.

--- 86 ---

Land bouw Plantenkunde

Ngèlmu Tani tuwin Ngèlmu Nênanêm

Sambêtipun Candrakanta: ôngka IV kaca 81

Rupi-rupi wau dayanipun piyambak-piyambak, kula botên sagêd cariyos kathah amung kula pêthil mangrêtosipun sadaya wau, ing salêbêtipun badaning manungsa wontên: kados ta: punapa kakintên badanipun manungsa tuwin kewan botên wontên wêsinipun, punika wontên, sumôngga ta kula aturi mariksa kados dene papriksanipun para dhoktêr ngangge pirantos ingkang nama annalische analisê, sarana jisimipun tiyang tuwin kewan kaobong rumiyin, sampun tamtu sadaya hawa pinanggih maujud satunggal-tunggalipun.

Anamung ing sarèhning kula badhe ngaturi panjurung bangsanipun tiyang tani, botên pêrlu kula matur bab sanès-sanèsipun ngèlmu, amargi wasita punika kakêd angyakinakên piyambak, botên cêkap kalayan cariyos kemawon, samantên ugi kula matur salugunipun, ngèlmu alam punika Nateur kunde satunggal lan satunggalipun kirang cocog, jalaran para sarjana (propesor) ing jaman 100 taun kalayan anggitan sapunika kathah sulayanipun, ing samangke sampun dipun bêsut ngantos alus sangêt, samantên ugi

--- 87 ---

bôngsa kula Jawi kathah ingkang kirang pracaya, kados ta: dongèngipun balêdhèg, bôngsa kula Jawi amastani balêdhèg wau maujud kados rasêksa, maesa, lêmbu, sawêr, sagawon, andhapan, môngka sayêktosipun hawa punika namung saking gugontuhonipun kemawon, mila kula botên sagêd matur ingkang kathah-kathah, namung badhe nyariyosakên bab nênanêm, ingkang pêrlu kangge tani kula cariyos bab bapa tani. Oriza satipa (pari jêro). Oriza gluitun osa (pari genjah).

Bêbuka bapa tani ingkang sumêdya nanêm pantun ing sabin tuwin ing pagagan.

Ongka 1e kêdah nyumêrêpi siti-siti wau warni siti punapa, wondene rupining siti kasêbut ing wasitan Natir kinde wontên tigang rupi, ing salêbêtipun tigang rupi wau, kacampur satunggal lan satunggalipun, dados warni-warni kados ta luguning siti.

1e Zand grond (siti wêdhi), 2e Liem grond (siti lêmpung), 3e Klei grond (siti ladhu lumpur).

Punika satuggal lan satunggalipun kacampur, pundi ingkang campuranipun langkung kathah, kêdah namanipun ing ngajêng kados ta:

--- 88 ---

Lieme gezand grong (lêmpung wêdhi), Lieme gekleigrond ( lêmpung ladhu)

Mênawi campuran wau kathah rabukipun (Humes) punika siti sae, awarni siti cêmêng, kadadosan saking bêbosokanipun têtuwuhan, wontên malih warnining siti jêbug sinisir, ladhu pêthak, nyabuk, abrit ladhu, enz, enz.

Ôngka 2e sasampuning priksa siti, pêrlu amanaha punapa wau siti prayogi dipun walik lêbêt, mênawi siti punika kalêrês ing ngandhap siti padhas, pamacul tuwin pamlukunipun kêdah cêthèk, ewadene mênawi siti wau sae, prayogi kapacul kawaluku lêbêt, ananging tiyang tani ingkang bikak siti lêbêt botên kenging ngangge dadakan, kaayêmakên rumiyin, amargi pambikak siti lêbêt, punika pamêdalipun asil kirang sae ingkang wiwitan, tanêman ingkang kaping kalih; mindhak sae, langkung-langkung§ langkung malih. wêdalan ingkang kaping tiga sangsaya mindhak, amila bapa tani ing Eropah pambikakipun siti ingkang badhe dipun tanêmi salaminipun lêbêt-lêbêt, sadaya punika pambikakipun siti lêbêt, saha ngayêmakên wau jalaran andadosakên saening têtanêman, amargi rupi-rupi têtêdhaning têtuwuhan ingkang wontên salêbêting siti, kenging soroting srêngenge tuwin kadhawahan êbun saha tètèsing [tètè...]

--- 89 ---

[...sing] jawah dados ancur (lèlèh),§ ancur (lèlèh) = ajur luluh. ing nagari Eropah wontên pirantos pambikak siti lêbêt, inggih punika waluku mobil, wau waluku botên sarana katarik ing kewan, ngangge sêtum kados kareta api saha rante-rante, ing dalêm sadintên sagêd maluku siti 100 bau, mênggah ing Jawi iba untungipun padamêlan punika, wontên malih ingkang sampun kangge pamulangan Land bouwschool waluku tosan nama Howards ploeg bouwlands ploeg punika sarana katarik 4 rakit maesa lêbêtipun 0,50 M siti ingkang kabikak kalayan satunggal garu ugi saking tosan nama = èsèk-èsèk (Ecek Ege) sarana katarik kalayan kuda§ kuda Kw kangge ing pasisir = kapal (Surakarta). ingkang agêng sapasang, pamurih dipun galêpung ing siti saha tanpi toya.

Pamilihing Wiji

Sasampuning ambikak siti, bapa tani amanaha wiji ingkang sae, pamilihipun, wiji ingkang sae, 1o ingkang kapilih runggeyaning pantun ingkang panjang saha katingal ingkang mêntês aos, lajêng dipun ilês ing siti, ing dalêm sabau cêkap bibit 45 kati, salajêngipun bibit wau dipun rêndhêm ing toya lôndha 3 jam, sasampuning karêndhêm toya lôndha, karêndhêm malih toya tawa sadintên sadalu, pamurihing rêndhêman [rêndhê...]

--- 90 ---

[...man] 1o mênawi wontên ulêr pêjah, 2o sadaya ingkang gabug wiji wau kumambang, lajêng dipun êplêp§ = êpêp. 3 dintên 3 dalu, samantên ugi aturan bibit wontên kalih rupi 1e sêbaran, 2e uritan, ingkang sae aturan sêbaran, ing salêrêsipun tiyang milih wiji ingkang sae, punika kêdah wiji ingkang taksih witipun ing sabin, bapa tani asuka nama: nglanggori§ ? pamilihipun mênawi pantun badhe dipun ênèni, pundi ingkang katingal agêng piyambak, punika ingkang kapilih.

Sasampunipun bibit umur 40 dintên kenging lajêng kadaut.

Pangaturan Tanêm

Sasampunipun siti dados leleran, wiji sampun angsal 40 dintên, bapa tani lajêng kenging tanêm, pananêmipun sampun adamêl conto ing dalêm satanjêb§ tanjêb. 2,3,4 wit, ingkang sae kadadosanipun 3 wit satanjêb, kanyina bungipun ingkang 2 wit, dados 6-8 rungge, ingkang 3,4, wit dados 8, 10, 12 rungge, sasampuning tanêm kintên 5, 6 dintên wau tanêman sampun dipun lêbi, pamurihipun oyod sagêd cêcêpêngan. Antawis 7-8 dintên lajêng dipun lêbi kalihan sabên 10 dintên sapisan kêdah dipun [di...]

--- 91 ---

[...pun] sat, mênawi pantun sampun bangcuk, toya kaêsata babar pisan, amurih enggah sêpuh.

Semahipun Têtuwuhan

Tanêm pantun mênawi bôngsa Herboruim (tanêman woh sapisan pêjah), punika môngsa kawinipun, katulung dhumatêng kewan tuwin angin, botên kawin piyambak, kados ta: pantun nalika kawinipun (cumbana) dipun tulung dhumatêng tawon tuwin angin, amila mawi ungsum pantun mratak§ = mrakatak. byah sêkar kêkathahên jawah punika botên sagêd sacumbana, jalaran cangkoking pantun mingkup, tuwin kewan botên sagêd tulung kalayan kajawahan, ingkang punika asring kathah ingkang gabug, wondene witipun katingal sae nanging tanpi woh.

Panyakit (ama)

Amanipun tanêman pantun, punika kalêbêt kathah, 1e ama lodhoh, 2e ama pucuk sulam, 3e ama klithing,§ ? 4e ama ulêr, 5e ama walang, 6e ama urèt, 7e ama tikus, 8e ama mênthèk.

Ama no 1 punika tanêman kêkathahên toya tuwin toya botên lumampah, saratipun jampi kaasata,

no 2 pucuk sulam, pucuking ron katingal pêthak, sarat jampinipun [ja...]

--- 92 ---

[...mpinipun] kasêbaran awu pawon.

no 3. klinthing, tôndha kirang toya, saratipun jampi kailenan toya.

no 4 ulêr, sarat jampinipun tabêri sabên sontên dipun obongakên walirang mubêng galêngan saha nasak têngah.

no 5 walang, saratipun jampi kados ama no 2 utawi no 4.

no 6 urèt, punika kalêbêt ing ama pantun gaga, tanpi sarat, têrkadhang tuwuh malih bungipun, namung awis tuwuh.

no 7 tikus, saratipun langkung sisah§ sisah pasisir, susah Surakarta, sami ugi ing Surakarta: bingah, bungah, mirah, murah. bapa tani, kêdah bêtah tapa sadintên, panjagi guwaning mêngsah, wontên ugi sarat ingkang lucu dhumatêng ama tikus, mênawi kacêpêng taksih gêsang 3 tuwin 4 tikus, dipun sukani klinthingan lajêng kaculakên, punika lajêng ambibarakên kônca-kancanipun, amargi gila, lajêng dhumatêng rêdi, punika nama isarat lucu.

no 8 ama mênthèk, punika ama botên wontên sarat kangge ngusadani, guru-guru bôngsa tani, sampun angyakinakên, ama punika sabên môngsa dalu, ingkang dipun môngsa lajêring wit ingkang ênèm, wontên sangandhaping oyod, mênawi siyang botên katingal, dhatêngipun kalayan angin agêng, [a...]

--- 93 - --

[...gêng,] para guru tani, sampun judhêg prakawis ama satunggal punika, jalaran dèrèng sumêrêp wujudipun, mênawi bôngsa kula Jawi amastani ama punika setan, para guru botên kêparêng, amargi setan punika sajatosipun botên wontên.

Taksih wontên sambêtipun

Abdi dalêm juru Taman Sriwadari Surakarta. R. Jayaatmaja

Ilmu Bumi. Andhasat

Sambêtipun ôngka IV kaca 64

VI. Bab Alang Ujur

Supados satunggaling kitha, pulo, puncaking§ puncak (Kawi) kangge ing pasisir = pucak, kangge Surakarta. rêdi sapanunggilanipun, panggenanipun sagêd tamtu, kêdah kasumêrêpan alang tuwin ujuripun.

Awising satunggalipun panggenan saking kat-istiwa (urut mêridhianipun) dipun wastani alanging panggenan punika, sanadyan panggenan wau wontên ing lèr utawi

--- 94 ---

sakidulipun kat-istiwa, sabab saking punika wontên alang kalih rupi, inggih punika alang lèr tuwin alang kidul.

Awising mèridhian satunggaling panggenan saking mèrdhian sapisan, dipun wastani ujuring panggenan punika. Wontên tiyang ingkang amastani ujur punika rupi kalih, inggih punika ujur sisih wetan, tuwin ujur sisih kilèning mèridhian sapisan, bilih makatên ujur wetan kalihan ujur kilèn awisipun namung 180o ananging wontên ugi tiyang ingkang namung ngetang ujur satunggal, inggih punika ujur wetan, dados awisipun 360o.

Bilih badhe nyumêrêpi awising satunggaling panggenan ing lumahipun bumi, dumugi ing satunggaling panggenapanggenan. sanèsipun, punika kaukura mawi jôngka awising panggenan kêkalih wau wontên ing lumahipun bumèn, salajêngipun awising sukunipun jôngka wau, kaukurakên ing satunggaling sirkêl agêng ugi ing bumèn ngriku, ingkang saèstu lajêng sagêd anyumêrêpi pintên grad awising panggenan kêkalih wau, dene grad wau ugi lajêng kenging kapetang dados mil utawi jam lampahan suku.

VII. Bab Ebahing Bumi

Kathah tiyang ingkang angintên, bilih surya angidêri bumi

--- 95 ---

sabên 24 jam sapisan, ananging pangintên wau lêpat, sabab sanès surya ingkang angidêri bumi, saèstunipun bumi ingkang angidêri surya, katêranganipun:

a. Sadaya lintang ingkang midêr, punika angidêri suryanipun, ing sarèhning bumi punika ugi golonganing lintang ingkang midêr, dados kenging dipun kintên-kintên bilih bumi punika tumut wataking golongan utawi bangsanipun, inggih punika midêr angidêri surya.

b. Sadaya lintang tuwin wulan, palêthèkipun ing wetan, surupipun wontên kilèn, sabab saking punika lintang tuwin wulan wau sadaya kenging dipun kintên angidêri bumi, bilih tiyang angèngêti agênging bumi, tuwin agêng sarta têbihipun surya tuwin lintang-lintang sanèsipun, ingkang saèstu lajêng gumun, sabab punapa lintang ingkang agêng-agêng angidêri bumi ingkang alit, amila kula lajêng gadhah pamanah, bilih bumi punika mubêng kados dene gangsingan saking kilèn mangetan, mirit saking katêrangan a. tuwin b kasêbut ing nginggil punika, ebahing bumi rupi kalih, inggih punika:

1e. Bumi angidêri surya sataun sapisan

2e. Bumi mubêng sadintên sadalu sapisan

Katêranganipun bumi angidêri surya sataun sapisan, inggih [ing...]

--- 96 ---

[...gih] punika:

a. Kados dene a kasêbut ing nginggil

b. Agênging surya punika tikêl 1 ½ yuta tinimbang agênging bumi

c. Sabên wulan surya katingal ajêng-ajêngan kalihan lintang sanèsipun, bilih sampun sataun, surya katingal ajêng-ajêngan malih kalihan lintang ingkang ajêng-ajêngan sakawit.

Katêranganipun bumi mubêng sadintên sadalu sapisan, inggih punika:

a. Kados dene b ing nginggil, bab punika sami kalihan wontênipun tiyang ingkang numpak baita kapal, kareta, utawi kareta latu, ingkang lampahipun rikat sangêt, saking pangintên utawi paningalipun tiyang ingkang sami numpak, wit-witan, griya sapanunggilanipun, ingkang dipun langkungi sami malajêng dhatêng wingkingipun, sarta saya cakêt, palajênging kêkajêngan sapanunggilanipun wau saya rikat.

b. Papaking bumi ing pulipun

c. Barang ingkang dhawah saking mênara utawi panggung ingkang inggil, botên angênêr pusêring bumi (pèrtikal = Verticaal) ananging dhawahipun ragi mangetan sakêdhik, sarta saya inggil dhawahipun, mangetanipun ugi saya têbih.

--- 97 ---

d.Bandhuling sêkondhê punika saya cakêt kat-istiwa saya cêlak, ananging bab punika kasababakên saking kalih rupi:

1e. saking papaking bumi

2e. saking ubênging bumi

e. Bandhul ingkang panjang sangêt, bilih wiwitipun obah angênêr ngalèr ngidul, saya dangu ngênêripun saya gèsèh, inggih punika saya angênêr ngetan ngilèn

f. Ênêring barat pasat

Salêbêtipun 24 jam bumi punika mubêng sapisan, têgêsipun, bilih ing satunggaling panggenan ing lumahing bumi punika kalêrês têngah-têngahipun dintên 24 jam malih ing panggenan wau ugi têngah-têngahipun dintên malih.

Têngah-têngahing dintên satunggalipun panggenan punika, inggih punika bilih surya anglangkungi mèridhianipun panggenan punika, sabab saking punika têrang sangêt, bilih panggenan ingkang sami mèridhianipun, wancinipun ugi sami.

Tingalipun salêbêtipun 24 jam surya angidêri bumi, inggih punika 360o dipun langkungi salêbêtipun 24 jam, dados 15 salêbêtipun 1 jam, utawi 1o salêbêtipun 4 mênit, dados sabên 1o panggenan A têbihipun [tê...]

--- 98 ---

[...bihipun] sakilènipun, B wancinipun A kirang 4 mênit tinimbang wancinipun B utawi sapintên kathahing grad, panggenan B sawetanipun panggenan A wancinipun ugi sapintên kathahing grad wau kaping 4 mênit, langkung tinimbang panggenan A.

Ubêngipun bumi punika kenging kapriksa saking 2 bab, inggih punika:

a. Awit bêdhug siyang (têngah-têngahipun dintên) dumugi bêdhug siyang malih (ubêngan wêwaton surya).

b. Awit nalika mèridhian bumi narajang satunggaling lintang ingkang têtêp ngantos narajang lintang wau malih (ubêngan wêwaton lintang).

Ubênging bumi kados dening a wau sadintên-dintênipun botên namtokakên sami kalihan b wontên kalanipun sami, kirang utawi langkung = kapetang waradinipun saubêngan a: 24 jam, 3' langkung 56,5' saubêngan, b: 23 jam 56', langkung 4'.

Ing tanggal kaping 15 April, 15 Juni, 1 Sèptèmbêr tuwin ing tanggal kaping 24 Dhesèmbêr ubênging bumi kalih rupi wau sami wancinipun.

Marginipun bumi angidêri surya punika botên kados dene sirkêl, ananging kados dene sirkêl panjang, (bligon, [(bli...]

--- 99 ---

[...gon,] ing Sasadara ôngka 6 kaca 257) dene surya têtêp manggèn ing salah satunggalipun pusêring sirkêl panjang wau, sabab saking punika wontên kalanipun bumi wau cakêt sangêt kalihan surya, wontên kalanipun têbih sangêt, nalika bumi wau cakêt sangêt kalihan surya dipun wastani: pèrièlium (perihelium) nalika têbih sangêt dipun wastani: apelium (aphelium) timbanganing têbihipun panggenan kêkalih wau = 29: 30 bilih kagêbag waradin têbihipun bumi saking surya 21 yuta mil, dene panjangipun margi bumi wau 132 yuta mil.

Rikating bumi angidêri surya sabên sasêkondhê têbihipun 4 mil = ±30000 mètêr, inggih punika tikêl 90 tinimbang rikatipun swara, utawi tikêl 1000 tinimbang rikating aburipun pêksi wolung, utawi malih tikêl 1500 tinimbang rikatipun lampahing kareta latu.

(Ubênging bumi ing panggenan kat-istiwa:upami ing kitha Ponteanak salêbêtipun 24 jam = 5400 mil, dados ing dalêm 1 sêkondhê = 470 mètêr).

Bumi punika angidêri surya, indhên utawi ngasipun sadangunipun dhoyong 66 ½ kalihan lumahipun ingkang dipun ambah (ekliptika = ekliptica) sarta indhên wau

--- 100 ---

sadangunipun angênêr satunggal, pulipun lèr sadangunipun angênêr ing satunggaling lintang, ingkang dipun wastani lintang lèr.

Lampahipun bumi jangkêpipun saidêran, kenging katimbang rupi tiga, inggih punika:

a. Wiwit ing nalika siyang kalihan dalu sami dangunipun (wulan Marêt) ngantos dumugi sawangsulipun malih,dipun wastani: taun sinodhi (Sinodi)

b. Wiwit bumi kalihan surya dados sagaris kalihan satunggaling lintang têtêp, dumugi sawangsulipun malih, dipun wastani taun: Sidhèri (Sideri).

c. Wiwit bumi wontên ing perihèliumipun, ngantos wangsul malih dhatêng ing pèrihèlium, dipun wastani: taun anomali (Anomali).

Taun Sinodhi punika, taun ingkang limrah dipun angge tiyang kathah.

Lami utawi umuripun taun têtiga wau

a. Taun Sinodhi = 365 dintên, 5 jam 48' langkung 48'.

b. Taun Sidhèri = 365 dintên, 6 jam 9' langkung 10'.

c. taun Anomarianomali. = 365 dintên 6 jam 14' langkung 22,75'.

VIII. Tiyang ingkang sami manggèn ing lumahing bumi punika, mirit papan panggenanipun, kenging kaperang dados tiga, inggih punika:

--- 101 ---

a. Tiyang ingkang walikan panggenan (omwoners)

b. Tiyang ingkang têtimbangan panggenan (tegenwoners)

c. Tiyang ingkang têtimbangan suku (tegenvocters)

Tiyang ingkang dipun wstani cara a (walikan panggenanipun) inggih punika tiyang ingkang panggenanipun tunggil alang (tunggil paralèl) ananging ujuripun bêda 180o tiyang ingkang dipun wastani cara b (têtimbangan panggenanipun), ingih punika tiyang ingkang panggenanipun tunggil ujur, sarta alangipun sami gradipun, ananging alangipun wau têtimbangan, ingkang satunggal wontên ing alang êlèr, satunggalipun wontên ing alang kidul, tiyang ingkang dipun wastani cara c (têtimbangan sukunipun) inggih punika tiyang ingkang panggenaning ujuripun beda 180o dene alangipun sami gradipun, ananging têtimbangan, inggih punika satunggal wontên ing alang êlèr, satunggalipun wontên ing alang kidul.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, tiyang punika kenging kabedakakên sanès rupi malih, inggih punika mirit wayanganipun, bilih kalêrês ing wanci têngah-têngahing dintên:

a. tiyang ingkang wayanganipun kalih ênêr, utawi ingkang botên gadhah wayangan

--- 102 ---

b. tiyang ingkang wayanganipun namung satunggal ênêr.

c. tiyang ingkang wayanganipun kathah nêripun.

Tiyang ingkang kasêbut cara a (wayanganipun kalih ênêr) inggih punika ing hawa bêntèr, tiyang ingkang kasêbut cara b (wayanganipun namung 1 ênêr) inggih punika ing hawa sêdhêng, dene tiyang ingkang kasêbut cara c (wayanganipun kathah nêripun) inggih punika ing hawa asrêp.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II ing kabupatèn pulisi Surakarta

Bab Purwanipun Wontên Tiyang Badui tuwin Cara-caranipun

Kasêbut ing serat Enam belas tjeritera pada menjatakan Hikajat tanah Hindia karanganipun Tuwan G.J.F Biegman sarisakipun karaton Majapahit, nalika taun 1478, ing tanah Jawi Kilèn kadhatêngan ngulama saking Arab, ajêjuluk:Sèh Nuridin Ibrahim bin Maolana Israel, inggih ugi apêparab Kangjêng Sunan Gunungjati, amargi mirit anggènipun adêdalêm ing rêdi jati sacêlakipun kitha Cirêbon [Cirêbo...]

--- 103 ---

[...n] nalika samantên ing tanah Jawi Kilèn wontên panjênênganing nata ingkang angrênggani karaton Pajajaran, akadhaton ing Gilingwêsi.

Kacariyos Kangjêng Susuhunan Gunungjati punika karsa amêncarakên agami Islam inggih punika sarengatipun Kangjêng Nabi Mukhamad dinil Mustapha panutuping para ambiya. Sarèhning panggalihipun sarèh lêmbah manah sarta asih ing sêsami-sami, pramila tiyang ing ngriku kathah ingkang kapengin anyêyantrik utawi anggêgêbal dhumatêng panjênênganipun.

Kangjêng Susuhunan Gunungjati punika kagungan putra ajêjuluk:Sèh Sunan Udin, sarèhning ingkang rama sampun sêpuh:dados kawogan nyulihi minôngka bapa babuning para mukmin pangaubaning para pêkir miskin, ananging Sèh Kasanudin punika panggalihipun sulaya sangêt kalihan panggalihipun ingkang rama, (kalêbêt ing bêbasan: kacang tinggal lanjaran, utawi: banyu mili mandhuwur), awit anggènipun mêncarakên agami sarana wisesa tuwin roda paripêksa, malah kagungan karsa angêndhih karaton Pajajaran, asêngadi mêncarakên agami. Mila lajêng dhawuh dhumatêng para sakabat tuwin para murid ingandikakakên samêkta dêdamêl tuwin sangu, badhe kaajak ambêdhah nagari Pajajaran, sarèhning para sakabat tuwin para murid wau sami rumaos tuwuk tampi kêkucah utawi [uta...]

--- 104 ---

[...wi] pêparingipun kangjêng sunan, mila sami gambira ing manah, angajab enggaling campuh pêrang, botên ajrih dhumawah ing sêsakit utawi pêjah, awit botên wontên malih ingkang urup kangge malês sih katrêsnanipun kajêngkangjêng. sunan, kajawi wutahing rah, pêdhoting otot tuwin putunging balungipun.

Wusana anuju satunggiling dintên panjênênganipun Sèh Kasanudin bidhal saking rêdi Jati, angirid wadyabalanipun, kathahipun tanpa wicalan, ananging panganggènipun maneka warna, lampahe wadyabala gumrêgut kados alun anêmpuh rêdi, kumrincinging kêndhali kumrêmpanging pêdhang tarung kalihan gadêbêg, sarta pangêriking turôngga andadosakên, asrining lampah, lêpas lampahing wadyabala, sampun dumugi talatah nagari Pajajaran, samargi-margi ambêbahak tuwin angêngobong-obongi pêkên ingkang kamargèn sami kajarah karayah, tiyang ing dhusun sirna gêmpang lumajêng angungsi gêsang, sami arêbat dhucung asalang tunjang, ingkang kacêpêng pinêjahan, rajakaya sami binoyongan, ingkang purun lumêbêt agami Islam, jalêr èstri dipun gêsangi, sadumugining kitha Gilingwêsi, wadyabala Islam sami nêmpuh sumêja pêjah sabil, enggal angatag kônca-kancanipun kotbuta angrangsang bitinging kitha angrisak baluwartining karaton, lajêng lumêbêt ing kitha angamuk punggung, sarèhning para wirotama ing Gilingwêsi, dèrèng asikêp [asikê...]

--- 105 ---

[...p] dêdamêl awit saking botên andimpe mênawi pinrêp ing ripu, mila botên sagêd nanggulang krodhaning wadyabala Islam, mila lajêng sami lumajêng asar-saran ngungsi dhatêng wana, wontên ugi ingkang lajêng asrah bongkokan, lumêbêt agami Islam, satêngah-têngahing dahuru: sang prabu lolos kadhèrèkakên para garwa putra miwah sêntana punapa dene wadyabala sawatawis ingkang trêsna ing gusti.

Kacariyos sarêng para nayaka mantri tuwin bupati ing Gilingwêsi sami sumêrêp mênawi sang prabu lolos, lajêng sami nungkul sadaya, manut lumêbêt agami Islam, sarisakipun karaton ing Pajajaran, nalika taun: 1481 jajahan Pajajaran lajêng kaperang dados tiga

1. jajahan karaton Cirêbon, ingkang jumênêng nata Kangjêng Susunan Gunungjati

2. jajahan karaton Bantên, ingkang jumênêng nata panjênênganipun Sèh Kasanudin

3. jajahan karaton Jakarta, ingkang jumênêng nata ingkang rayi Sèh Kasanudin.

Gêntos kacariyos lolosipun Sang Prabu Pajajaran tindak mangilèn dumugi ing tanah Bantên, ingkang kidul, sarêng dipun antawisakên botên wontên wadya Islam ingkang ambêbujêng lajêng adhêdhêkah ing ngriku, kaprênah ing èrèng-èrèngipun rêdi Kêndhêng [Kê...]

--- 106 ---

[...ndhêng] urutipun rêdi Halimun (Sanggabuwana) amargi sampun mupus ing galih sarta nrimah dhumatêng takdiring Hyang Otipati, ngantos turun-tumurun taksih adêdunung ing ngriku botên purun pindhah pidalêm dhatêng sanès nêgari, sapunika taksih ugi taksih wontên turunanipun, inggih punika ingkang kawastanan tiyang Badui, manggèn ing dhusun Siboyo, Cikanèkès tuwin Cikamodor, cacahipun kirang langkung sèwu, tiyang samantên wau wontên ingkang kasêbut jalma ing lêbêt, wontên ingkang kasêbut jalma ing jawi.

Mênggah jalma ing lêbêt punika botên kenging langkung saking kawan dasa semah, sarta wontên kêkalih ingkang minôngka lêlurahipun, anama: Gerangpoon kalihan Gerangsêrat, wondene Gerangsêrat punika padamêlanipun dados juru kengkenan, kados ta têtumbas, sêsadean, sarta dados awak-awakipun tiyang Badui angrêmbag prakawis akalihan bôngsa sanès.

Taksih wontên sambêtipun

Muhamad Tahar, murid calon guru ing Ngayogyakarta Adiningrat

--- 107 ---

Radinan Kareta Latu

Ing taun 1889 panjang radinan kareta latu ing salumahing bumi panjangipun wontên: 574.000 kilomètêr, ing taun 1899 wontên 671.000 kilomètêr, mênggah wragadipun adamêl radinan kareta latu wau, sadaya katêksir 89 ½ milyar rupiah (satunggal milyar = 1.000.000.000 rupiah).

Ing taun 1900 panjanging radinan kareta latu ing tanah Eropah wontên 379.500 kilomètêr. Ing tanah Amerikah 360.500 kilomètêr (pêrinêh dhestanên ingkang 386000 kilomètêr). Ing tanah Asiah: 37000 kilomètêr, inggih punika Indhiah Inggris: 37000 kilomètêr, Jêpang: 3240 kilomètêr, lan Indhia Nèdêrlan: 1860 kilomètêr. Ing tanah Aprikah: 125000 kilomètêr. Oranye Prehistanên ingkang: 1000 kilomètêr, lan Repiblik Aprikah kidul ingkang: 1887 kilomètêr, ing tanah Ostraliah: 1800 kilomètêr.

Mas Ngabèi Prawira Amijaya. Magang Dhistrik Jênggala I (Sidaarja).