Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
128 dari 149
529–530 dari 650
5.283–5.292 dari 6.494
128.035 | wus binêngkêk Ki Untung apamit | sigra mangkat lan prasanak lima | ingkang samya ngatêrake | ingkang ambêkta sêkul | pêpanganan nginang tan kari | samona wayahira | nênggih pukul walu | duk Ki Untung wêdalira | pukul nênêm lampahira sampun prapti | pêrnah nèng pambêlokan || |
128.036 | ingkang jaga marêngi agilir | Kumpêni siji ingatêr kopral | Ki Untung narajang age | angunus patrêmipun | wus pinatrêm siji ngêmasi | koprale arsa mêdhang | pinatrêm dyan lampus | ingkang anèng jro bêlokan | pan sêdaya winêdalakên ing jiwi[1] | sami berag kang manah || |
128.037 | wong sawidak wus kinèn ambukti | kumaroyok asêgêr sadaya | nulya sami nginang age | warastra sampun dinum | kang sawênèh amilih cundrik | ana kang milih pêdhang | wênèh milih dhuwung | ana tumbak cacebolan | sampun samya siyaga angati-ati [[f. 453v]: anga...ti-ati] | anèng jawining gudhang || |
128.038 | ya ta wontên wong tuwa sawiji | anggarit lêmah sarta angucap | Ki Untung manira mangke | lamun Kumpêni rawuh | yèn lungaa têka gêgarit | gonku amapag yuda | sumpahên rumuhun | dudu anake manusa | anak anjing yèn kasi tinggala garis | sosogên sangking wuntat || |
128.039 | ya ta wau luknane winarni | ingkang nata jaga pambêlokan |[2] suwe tan prapta koprale | anulya kinèn nusul | sarèhane kinèn lumaris | wus prapta pambêlokan | kagyat dènnya dulu | ana baris jawi gudhang | gêdhong mênga sarehan lumayu aglis | miyat rowangnya pêjah || |
128.040 | wus awarta mring luknanira glis | katur marang Rat Pêni sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sapragada[3] lumampah aglis | wus prapta pambêlokan | wong Kumpêni ngêpung | ya ta Ki Untung saksana | angabani ing rowang angnêmpuh[4] aglis | umangsah sarêng surak || |
128.041 | binarondong bêdhil tan gumingsir | wong sawidak sarê[5] ngamuk rampak | wong Kumpêni akèh longe | akuwêl dènnya tarung | tandangira Ki Untung nênggih | lir singa lodra gal[6] |[7] nganan ngering nuduk [[f. 454r]] | anggoco sarya anyepak | wong sawidak kadya bajo angêjawi | gêmpur kang sabragada || |
128.042 | ingkang wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gêlap sasra | Ki Untung rusak rowange | sapalih ingkang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni kathah pêjah | ing buri kèh rawuh | Ki Untung rowange têlas | pan rinoban ing mimis lir udan api | tumpês kari priyăngga || |
128.043 | Ki Untung tinubruk nganan ngèri | kang pinatrêm Kumpêni kèh pêjah | dyan kinandhang-kandhang bae | mêdal ing loji sampun | saparane dipun bêdhili | mring Bètèng Alang-alang | ing panylimpêdipun | wadya Kumpêni kelangan | pan ingosak-asik dangu tan kapanggih | Kumpêni nulya bubar || |
128.044 | misuhur orêg nagri Batawi | yèn Ki Untung ucul nèng bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapratungkon nusul | tumpês uwor lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung dènnya singêdan | anèng Bètèng Alang-alang sapta latri | Ki Untung duk sêmona || |
529–530 dari 650
1 | jawi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.30.9). (kembali) |
2 | Bandingkan: kang anata jaga ing bêlokan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.33.2); ngarsa-arsa kang jaga bêlokan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 107.26.2); kang ajaga ing jaba bêlokan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.38.2). (kembali) |
3 | sabragada (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.34.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.27.5). Bandingkan: sabêrgada (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 107.27.5); sabrêgada (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.39.5). (kembali) |
4 | anêmpuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.34.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.39.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 107.27.9). Bandingkan: nêmpuh (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.27.9). (kembali) |
5 | sarêng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.35.2). (kembali) |
6 | galak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.35.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.40.6). (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lir singalodra galak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.35.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.40.6). (kembali) |