Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
107 dari 170
479–480 dari 856
4.790–4.799 dari 8.560
107.026 | ya ta lutnanira kang winarni | ngarsa-arsa kang jaga bêlokan | suwe tan têka koprale | wasana dipun susul | sarehane[1] ikang lumaris | praptaning pabêlokan [[f. 419r]: pabêlo...kan] | kagyat dènnya dulu | jaban gêdhong binarisan | gêdhong mênga kang jaga têtiga mati | sareyan gya lumajar || |
107.027 | bilang maring lutnanira aglis | katur maring Rat Pêni[2] sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabêrgada sigra lumaris | prapta gêdhong bêlokan | Kumpêni akêpung | yitna Ki Untung saksana | angabani ing rowang anêmpuh wani | ngamuk sarêng asurak || |
107.028 | binarondong ing bêdhil tan gisir | wong sawidak sarêng ngamuk rampak | Kumpêni akathah longe | kuwêl dènira tarung | mati bêdhil tan bisa muni | caruk pêdhang curiga | tandangnya Ki Untung | lir banthèng atawan brana | sarowangnya Kumpêni ingayok wani | tumpês kang sabragada || |
107.029 | nanging wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gunung rêbah | Ki Untung risak rowange | sapalih ikang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni akèh pêjah | ing wuri kyèh rawuh | Ki Untung rewangnya têlas | kaurugan ing mimis kadya dèn soki | tumpês kari prayoga[3] || |
107.030 | Untung rinêbut ing ngarsa wuri | ikang cêlak pinatrêm palastra | jrih kinandhang-kandhang bae | saking loji wus mêtu | saparane dipun petari | mring Bètèng Alang-alang | panyalimpêtipun | Kumpêni wus katingalan | duk ingosak-asik tan ana kapanggih | wadya Kumpêni bubar || |
107.031 | wus misuwur nêgara Batawi | yèn Ki Untung ucul [[f. 419v]: u...cul] sing bêlokan | angamuk kabèh rowange | wong sabêlokan ucul | ngamuk tumpês awor Kumpêni | titrim wong sanêgara | wau kang winuwus | Ki Untung gènnya singidan | anèng Bètèng Alang-alang tigang latri | laminira singidan || |
107.032 | nulya malih mêdal ing nagari | angulari pawong sanakira | nanging amamor lakune | sapraptaning prajèku | wong sanake akèh kêpanggih | Ki Untung tinangisan | kabèh nêdya milu | sakèh pawong sanakira | pangucape sun milu sabaya pati | malês bêcikanira || |
107.033 | tigang dasa ikang milu dhingin | dalu angkate saking nêgara | tan liru sagêgamane | Bètèng Lang-alang rawuh | nulya karya ênggon miranti | ing sabên dina prapta | pawong sanakipun | kalih tiga myang sakawan | lama-lama tutur-tinuturan sami | sakèh wong sanêgara || |
107.034 | kang satêngah ana ngait-ait | duk sêmana Wêlănda akathah | ikang kelangan pudhake | migat têtukonipun | Untung ikang winarna malih | nèng Bètèng Alang-alang | ngalumpuk wong satus | samêkta gêgamanira | kacarita Bètèng Alang-alang nênggih | sêmana maksih wana || |
107.035 | pan sakeca gènira miranti | Untung lawan wong satus rowangnya | kang ngambilakên pangane | iya amung Ki Untung | wira-wiri marang nêgari | amamor tan karuhan | sêmana cinatur | yèn kala miyang nêgara | sawêdale patrême [[f. 420r]: patrê...me] tapak tinarik | winor suruh candhikan || |
479–480 dari 856
1 | sareyane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.78, Pupuh 107.26.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.33.5). (kembali) |
2 | Raad van [Indië] (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | priyăngga (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.29.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.36.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.42.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.41.10). (kembali) |