Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 149
542–543 dari 650
5.416–5.425 dari 6.494
130.044 | pangane ana ing marga | ya Si Răngga ing Sêmawis | Arya Sindurja tur sêmbah | wus mêdal prapta ing jawi | ajidan dèn dhawuhi | ing timbalan sang aprabu | wus amit sigra mêsat | pan sampun wêrtèng Kumpêni | ingkang jagi nêgari ing Kartasura || |
130.045 | sampun laju lampahira | wrênanên sri narapati | aris ingkang pangandika | yayi êmas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingsun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun gawe wayang || |
130.046 | lawan sakèhe punggawa | padha undhangana yayi | kabèh awèha gêgaman | iya maring Surapati | kang rayi [[f. 465r]: ra...yi] nêmbah mijil | punggawa kalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | yang arka wus nitih ardi | sampun rawuh pangeran ing dalêmira || |
130.047 | sagunge para dipatya | dalu ingundangan sami | marang dalêm Kapugrêran | miwah rahadyan apatih | myang Radèn Surapati | ing Kapugrêran wus cundhuk | tata sami alênggah | sakèhe para dipati | jêng pangeran andhawahakên timbalan || |
130.048 | sira paman Nrangkusuma | tibalane sri bupati | yèn mangko Si Surapatya | dèn jaluk marang Kumpêni | sira kinarya rigit[1] | Si Surapati yèn purun | umagut dutaning kang | Kumpêni sangking Bêtawi | Kapitan Tak mêngko lagya nèng Jêpara || |
130.049 | nanging lagi ingandikan | dening[2] kangjêng sri bupati | kaya priye sanggupira | kalamun sira tan wani | nuli lungaa aglis | têka nagrine sang prabu | yèn sira wani nglawan | kang sinuhun angidèni | amaringi kanthi marang pêkênira || |
130.050 | pun Surapati tur sêmbah | gusti pangeran dipati | sanadyan jendral dhatênga | angrêrik wadya Bêtawi | lawan wadya Kumpêni | datan gumisir ing sanggup | mangke jasad kawula | angsal idine nêrpati | aprasasat paripih kalawan jimat || |
130.051 | lêbura kadi pratala | wus sinêdya ingkang abdi | pêjaha awor si kopar | pitên bangginipun gusti | kawula manggih urip | yèn antuk barkat pukulun | rakanta myang paduka | mèngsêm pangran adipati | angandika mring Radèn Angrangkusuma || |
130.052 | ya paman Angrangkusuma | sirèstu [[f. 465v]] kinarya ringgit | milua Si Surapatya | kang sabiyantu ing ati | ya ta rahadyan patih | sandika suka ing kalbu | pangeran angandika | mring sagung para dipati | payo kabèh padha awiha gêgaman || |
130.053 | kang dadi sukane manah | pamilihe Surapati | Ki Surapati tur sêmbah | sampun liyan sangking krêris | Pangeran Madurèki | sampun nguncalakên dhuwung | dhapuripun sêmpana | tangguhe Tuban panêkti | gya ingunus maring Radèn Surapatya || |
542–543 dari 650
1 | ringgit (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.48.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.15.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.48.5). (kembali) |
2 | Terdapat dobel sandangan: dening atau dene. (kembali) |