Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 149
568–569 dari 650
5.679–5.688 dari 6.494
134.007 wau Panêmbahan Rama | pan amomor anèng wurining baris | sabat kêkalih tut pungkur | sarya akutug mênyan | angin prapta silir-silir awor lisus | ing payudan alimêngan | kêkês wadya Surawèsthi ||
134.008 wadya Madura miyarsa | wus sanega saking wetan ngêbyuki | nanging samya kêkêsipun | miwah wadya arahan | saking kilèn sarêng dènira anêmpuh | gumêrah syarane ngayuda |[1] prapta udan awor angin ||
134.009 kang bala samya arumab | Ki [[f. 487r]] Dhadhapan anêmpuh nganan ngèri | wong Surabaya kèh lampus | miwah wadya Madura | wong arahan sadaya sampun kaburu | lir andaka tawan brana | wadya Ngarga tandangnèki ||
134.010 kasaput dalu mêngkana | samya sayah mundur ingkang ajurit | amakuwon kalihipun | ing dalu kawarnaa | Panêmbahan Rama sineba wadya gung | mungging sanggar pamêlêngan | Dhadhapan tan kêna têbih ||
134.011 panêmbahan angandika | iya Dhadhapan besuk yèn sira jurit |[2] kaya nora kangsi nêmpuh | maring ing awakira | lawan maring wadyanira kabèh iku | kaya uwis dening gêlar | gêlar ingsun benjing injing ||
134.012 alang-alang sun gêtaka | pasthi dadi manungsa mèlu jurit | atusan ingkang kadulu | mungsuh giris tumingal | ingkang wadya sêdaya egar wotsantun | kunêng gênti kawuwusa | Ki Tumênggung Surawèsthi ||
134.013 ing dalu apagunêman | pêpêk kabèh sêntana ing Surawèsthi |[3] miwah para mantrinipun | miwah mantri Madura | ing arahan Pangeran Ngawăngga rawuh | Kêkunang lawan Pacalan | Têmbayat kang dèrèng prapti ||
134.014 Kyai Tumênggung Jangrona | angandika sak manira sami |[4] priye iki wêkas ingsun | yèn awèt mangkenea | kaya nora sampurna ing sangang dalu | dening mêngko karêp ingwang | ing ayuda sun têmêni ||
134.015 aja nganggo pangawatan | sarupane [[f. 487v]] bala dadya sawiji | pangeran ing Ngawanggèku | Kêkunang lan Pacalan | yèn ajurit wontêna ing wuriningsun | sampun kêdah tumut yuda | kula dhewe kang ngawaki ||
134.016 angling pangeran ing Wăngga | mung pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | nêdha ngantosan rumuhun | sampun ge mangsah yuda | pan sêdaya sêntana nak putuningsun | binêtakakên kawula | nanging maksih kula anti ||
568–569 dari 650

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: gumrah swaraning ayuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.8.6); gumrah swaraning kang yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.7.6); gumêrah uyang-uyungan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.8.6). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh Dhadhapan besuk yèn sira jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.11.2); hèh Dhadhapan ing benjang yèn ajurit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.2.2); hèh Dhadhapan benjing yèn sira jurit (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.10.2); hèh Dhadhapan wêtarane kang ati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.11.2). (kembali)
Lebih satu suku kata: pêpêk kabèh sêntana Surawèsthi. Bandingkan: kang santana sadaya munggwing ngarsi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.13.2); pra santana sadaya munggèng ngarsi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.4.2); kang tanaya sadaya munggèng ngarsi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.12.2); sêntanane pinêpêk anèng ngarsi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.13.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: angandika hèh sanak-sanak mami (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 15.14.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 119.14.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 199.5.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 44.13.2). (kembali)