Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45–46 dari 59
218–219 dari 323
2.175–2.184 dari 3.223
45.070 tinutur saaturnya nting | gagêtun Ki Adipatya | Suradimênggala ture | mila jêng paduka nata | tanimbali[1] kawula | yèn wontêna ămba wau | kadya botên kalampahan ||
45.071 anênuhun paduka ji | inggih Kumpêni punika | sakalangkung naracake | yèn rinojongan aturnya | saya-saya anglanjak | sang nata angling angungun | sapuluh-puluh Ki Besan ||
45.072 apa kang cinatur maning | ujar kang uwis kaliwat | hèh Ki Besan besuk manèh | Ki Besan ngati-atia | nata wus masanggrahan | nahan gantia winuwus | Ki Apatih Sumabrata ||
45.073 wus kandêl dènnya bêbiting | baris anèng Salatiga | wus ajêmbar lêlarène | gêgamanira asinang | Kalicacing malatar | jagang bitingira ngungul | baluwartine malatar ||
45.074 sanjata samya rinaki[2] | pinasang anèng palatar | wusamya mirsa wartine | ywan sang nata sampun budhal | saking nagri Sêmarang | saha wadya punggawa gung | masanggrahan nèng Ungaran ||
45.075 akanthi bala Kumpêni | gya Apatih Sumabrata | angundhangi punggawa kèh | samya sawega ngayuda | tinata barisira | Mandurarêja umatur | ing patya [[f. 197r]] lamun sêmbada ||
45.076 dawêg mêdal saking biting | ki apatih nora rêmbag | kêdah mêmpên ing jro bae | amung panganjuring aprang | mêtua yèn kasoran | ing prang ngungsia malêbu | lan sanak-sanak manira ||
45.077 kabèh padha ngantêp jurit | kautamaning wong priya | kang mati aprang ing têmbe | ngakherat amanggih swarga | ja na tinggal galanggang | sadaya asaur manuk | tanêdya mungkur ing yuda ||
46. Pangkur
46.001 Ki Apatih Sumabrata | wusamapta arsa ngantêp ing jurit | sanjata pinasang dhuwur | baluwarti Ki Arya | Banyakwidhe ikang kinarya panganjur- | ing yuda lawan Pangeran | Balitar malih akanthi ||
46.002 pangeran ing Surabaya | pratiwa tri kinèn mapag ing jurit | mangkat saha wadyanipun | nahan ganti kawarna | Susuhunan Pakubuwana winuwus | kang masanggrahan Ngungaran | amung asipêng sawêngi ||
218–219 dari 323

 


tan nimbali (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.72.5). (kembali)
rinakit (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.76.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.110.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 1.77.1). (kembali)