Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 59
30–31 dari 323
296–305 dari 3.223
09.029 | nanging wuri saya kèh [[f. 28v]] kang prapti | pangêdrèlira lir gunung rêbah | Ki Untung rusak rewange | saparo ikang kantun | ngamuk awor lawan Kumpêni | akathah ingkang pêjah | buri akèh rawuh | Ki Untung rewangya têlas | kaurugan ing mimis kadya dèn soki | tumpês kari priyăngga || |
09.030 | Untung rinêbut i ngarsa buri | kang kacandhak pinatrêm palastra | samya jrih kinandhang bae | saking loji wus mêtu | saparane dipun petari | mring bètèng ngalang-alang | nyalimpêt Ki Untung | Kumpêni padha kelangan | wus ingosak-asik tan ana kapanggih | Kumpêni padha bubar || |
09.031 | wus misuwur sanagri Batawi | yèn Untung ucul saking bêlokan | angamuk kabèh rewange | wong sapratungkon[1] ucul | ngamuk brastha awor Kumpêni | tintrim wong sanêgara | nahan kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang latri | tan ana kang uninga || |
09.032 | mêdal maring nêgara ngulari | wong sanake amomor lampahnya | manjing praja sapraptane | sanake kèh katêmu | sira Untung dipun tangisi | wong sanake sadaya | rêmbug arsa milu | mring Untung sabaya pêjah | pamuwuse Untung sun arsa naur sih- | ira manusa kathah || |
09.033 | wong têtiga ingkang milu dhingin | dalu angkate saking nagara | anggawa sagêgamane | bèntèng lang-alang rawuh | nuli karya gèn amirangti | ing sabên dina prapta | wong roro tatêlu | papat tanapi [[f. 29r]] lêlima | lawas-lawas tutur-tinuturan sami | sakèhe rewangira || |
09.034 | kang satêngah padha ngait-ait | amrih rewang Wêlănda sêmana | akèh kang minggat budhake | miwah têtukonipun | sira Untung kawarna malih | nèng bètèng alang-alang | ngalumpuk wong satus | samapta gêgamanira | kacarita bètèng alang-alang dhingin | kalane maksih wana || |
09.035 | asakeca gyanira mirangti | Untung anèng bètèng alang-alang | lawan wong satus rewange | kangambil[2] panganipun | mung Ki Untung kang wira-wiri | malêbu maring praja | lakune anyamur | ngwong akèh tan ana wikan | cinarita patrême sarwi dèn tarik | kawor suruh candhikan || |
09.036 | yèn kapapag Wêlănda nèng margi | siji loro kinêbyok ing sêdhah | cêcandhikan pirangtine | sabên ana kapêthuk | ing Wêlandi kinêbyok mati | yèn wayah wising asar | tintrim ing marga gung | sabên dina pan mangkana | lawas-lawas kauningan ing Kumpêni | Ki Untung solahira || |
09.037 | nulya pinarantèn ing Kumpêni | wayah satêngahe pukul lima | binarisan ing margane | mirangti tan kadulu | pinakanan Wêlănda siji | Ki Untung duk sêmana | anujoni langkung | mulih saking jroning praja | mulat ana Walanda siji nèng margi | aglis sinabêt sêdhah || |
09.038 | kapisanan kang baris udani | aglis mêdal Ki Untung lumalya | binarondong bêdhil akèh | cinêgat ing ngarsèku [[f. 29v]] | Untung mingêr cinêgat malih | narajang saking kiwa | kang kinêbyok lampus | anêmpuh bari lumajar | wong Wêlănda kalih wêlas ingkang mati | kopral mati satunggal || |
30–31 dari 323
1 | sapatrungkon (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.43.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.38.4). (kembali) |
2 | kang ngambil. (kembali) |