Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 59
182–183 dari 323
1.813–1.822 dari 3.223
39.017 sambada golonganira | aran wong Suratangingsir | kalih atus kathahira | sadaya kulambi abrit | tinut ing renda putih | satêbah sakancanipun | prawira sikêp benang | ponthang puput sulam kuning | lêlurahe awasta Lindhusagara ||
39.018 wong Suratankondur rannya | kalih atus kang sinêlir | kulambi cêmêng rêrendan | satêbah arenda putih | asikêp watang langking | rongatus pinonthang puput | lêlurahe mangaran | Lindhuprahara prajurit | ana maning rongatus wong Trunalanang ||
39.019 samya kulambi sikêpan | sadaya sinorah sari | saruwal sangkêlat abang | sadaya rinenda kuning | sikêp watang sinungging | asisih wong Trunalawung | traswe kulambinira | rêrendan wanèh balênggi | watang biru rongatus pinonthang mamas ||
39.020 lêlurahira santana [[f. 162r]] | aran Radèn Surèngpati | wong Trunalawung lurahnya | aran Radèn Surèngwèsthi | Trunarancak asisih | kalawan wong Trunarampung | rongatus agolongan | rolikur pangkat Pinilih | sapangkate rongatus alurah-lurah ||
39.021 binusanan obra sinang | prajuritira tiyapti[1] | kajawi kang para putra | pêpitu kang mawat kardi | putra lêlima sami | prajurite nigang atus | putra kalih kang tuwa | lan panênggakira nênggih | prajurite samya nglimang atus sewang ||
39.022 obra samya binusanan | sangkêlat abang lan kuning | ijo biru lan mêmegan | baludru myang sorah sari | leja kastop trasuwi | akathah kang sondhèr pêlung | dragêm lan podhang-podhang | cacêlêpan myang kumitir | para putra sondhèr rangrangan toyamas ||
39.023 wus tatane wong Madura | ing kuna lamun ajurit | tan lali asêsondheran | tatêngêring para mantri | sadaya udhêng gilig | pangeran salaminipun | sayaga ing ayuda | pan ora kadya ing mangkin | winutahkên barana dalêm sinêbar ||
39.024 sadina-dina angajar | solah jayaning ajurit | ing alun-alun gumêrah | wadya bênthak ulah [[f. 162v]] lêmbing | wanèh pêdhang lan tamsir | towok pasêr ulah tulup | sèwu Saragêninya | ingajar brondongan sami | pan kajawi Saragnine para putra ||
39.025 nêngêna kang ajar-ajar | angunggar suraning dasih | kawarnaa Jêng Pangeran | Pugêr ikang mong prakawis | tan angsal dhahar guling | yèn dalu anggung anêkung | nanêdha ing Pangeran | maladi samadi êning | nêgês karsa dènnyarsa umadêg nata ||
39.026 wus angsal sasmitaning Hyang | kalilan umadêg aji | amêngku ratanah[2] Jawa | nahan gantia winarni | Dyan Suryakusumèki | pan sampun kêna ingapus | kacêpêng ing Losêkar | sawetaning Budhur nguni | Arya Banyakwidhe ikang amisaya ||
182–183 dari 323

 


Bandingkan: sinêlir (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 135.21.2;Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.24.2); ngatyati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.18.2). (kembali)
rat tanah (dan di tempat lain). (kembali)
memuat ...