Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
77 dari 170
361–362 dari 856
3.606–3.615 dari 8.560
077.018 dening musuhira wus musna lumajar | wong Makasar wus gusis | samya ngusi wana | wau panyananira | wus kawus tan angudhili | agadra[1] pira | musuhira akêdhik ||
077.019 bitingira wau kang arsa binêdhah | pan arsa dèn jarahi | kang sami tinilar | darbèke wong Mêkasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | undhang mring wadyanèki ||
077.020 alah mêngko aja ana wong rêrayah | dening kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | jêr sing duwe wus gusis ||
077.021 samya mundur sarupane wong Mataram | miwah mancanagari | sami masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | tata akapang | wadyabala Matawis ||
077.022 sarupane padha eca manahira | nora duwe kuwatir | dening musuhira | sirna sami lumajar | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||
077.023 tinalawungakên sakèhing gêgaman | mawut têtiyang alit | sêpi pamondhokan | wanèh aguyang[2] kuda | asuka-suka kang galih | pondhokanira | tan mawi dèn rapohi ||
077.024 kang sawanèh sakeca gènira nendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | kang sami ngusi wana | sêdyane aso kariyin | datan apisah | sarowange arakit ||
077.025 wong Makasar [[f. 323v]] taha lumayu ajriha | saking sayahing jurit | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | dèn arah-arah | samangsane wus guling ||
077.026 apan samya apadadanan nèng wana | wêtara têngah wêngi | Galesong ngandika | payo sêdhêng maraa | amukên wong ing Matawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||
077.027 yèn anêmpuh poma ta dibabarpisan | ayya amindho kardi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokanira mangkin | sira obonga | dimon kuwor[3] wong cili |[4]|
361–362 dari 856

 


agăndra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.18.6). Bandingkan: anggădra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.16.6). (kembali)
angguyang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.23.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.21.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.21.4). (kembali)
Terdapat dobel sandangan: kuwur atau kuwor. (kembali)
Bandingkan: dimèn kuwur wong cili (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.27.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.25.7); dimèn kuwur wong cilik (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.25.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.26.7). (kembali)