Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
80 dari 170
374–375 dari 856
3.737–3.746 dari 8.560
080.028 | Radèn Prawiratruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para sêntana | tumpês tan ana gêsang | mati satêngahing jurit | Ki Sewajaya | pan samya nandhang kanin || |
080.029 | Sewajaya mundure atawan brana | bingung takêping jurit | nanging ta rahadyan | pangamuke kotbuta | apan sampun nandhang kanin | nora ngapaa | radèn tan sêdya urip || |
080.030 | aningali sêntana têlas sadaya | mila sangsaya ngukih | têtiyang Makasar | akathah ikang pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting || |
080.031 | Sewajaya mêndhêk anungkêmi pada | matur sarya anangis | dhuh gusti rahadyan | arêbuta koripan | sakèhing wadya kang urip | umatur samya | ngantosi wong pasisir || |
080.032 | adhuh gusti sêntana sampeyan têlas | kawula nandhang kanin | taha ta kawula | yèn ajriha palastra | awêlas paduka gusti | sêdya kawula | gusti aso kariyin || |
080.033 | lah suwawi agèr numpaka ing palya | lêhêng ngusi jaladri | têtiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêni pulih gêtih | tuwan ngantosa | bupati ing pasisir || |
080.034 | pan tinurut saature Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | têtiyang Mataram | sami rêbat baita | sawanèh kang wadya kari | pating karêngkab [[f. 333r]: ka...rêngkab] | tan antuk baitèki || |
080.035 | wong Mataram alyir gabah ingintêran | wanèh baita alit | kêkathahên rowang | kèrêm pating kurambang | ana ngrêbat datan polih | gêbyur kewala | anglangi ing jaladri || |
080.036 | wong pasisir ikang anèng ing samodra | awas dènnya ningali | yèn tiyang Mataram | pêrangipun kasoran | ya ta bupati pasisir | baitanira | pan samya dèn dhayungi || |
080.037 | Radèn Prawiratruna panggah ingayuda |[1] ngadêg pigir kêkisik | angantèni bala | kang tan antuk baita | pating gadhusang[2] wadya lit | saking jrihira | sumêdya rêbut urip || |
374–375 dari 856
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Prawiratruna panggih ing rana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.38.1); Dyan Prawirataruna panggah ing yuda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.31.1). (kembali) |
2 | kadhusang. Bandingkan: kudhangsang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.38.5); kadhungsak (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.31.5). (kembali) |