Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
80 dari 170
375–376 dari 856
3.748–3.757 dari 8.560
080.039 | ting karambang kang kèrêm anèng samodra | ikang kasilêp mati | solahing sujalma | apan pating kudhangsang | baita Makasar prapti | adhêdhayungan | baitanipun alit || |
080.040 | gêgamane saligi lawan brangkolang | baita ing Matawis | samya gineyetan | têtiyang ing Mataram | sadaya manahe giris | mêngsah baita | alit tan angobêri || |
080.041 | wong Mataram kathah mati dening toya | sawanèh sinaligi | baita kèh rêmak | ya ta wau Rahadyan | Prawirataruna têksih | ngadêg muara | wadyanira angisis || |
080.042 | Radèn Prawirataruna sampun angrasa |[1] yèn tinagih ing pati | apan ta sumăngga [[f. 333v]: sumăng...ga] | ing karsane Yyang Sukma | amicara jroning ati | alah kantuna | gustiku ing Matawis || |
080.043 | gih kawula sri narendra amit pêjah | masul[2] ing sihing gusti | kawula wus tuwa | lêhêng nuli pêjaha | anèng satêngahing jurit | karsaning Sukma | rusak nagri Matawis || |
080.044 | Sewajaya anangis nukêmi pada | brananya angranuhi | dhuh gusti kawula | ing dunya ing akerat | kawula dadosa abdi | lah kapagiha | kawula lawan gusti || |
080.045 | angandika Rahadèn Prawiratruna | isun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | pura-sinapura ugi | singa palastra | aja malang tumolih || |
080.046 | Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | ngandika rahadyan | isun belani sira | isun awirang ya urip | angur matia | sêntananisun ênting || |
080.047 | wong Makasar akathah kang sami prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | radyan tiba alênggah | wus nyana tumêkèng pati | ikang karasa | para putra ing wuri || |
080.048 | atanapi wau ikang para garwa | dèn bêcik sira kari | isun nêmahi pêjah |[3] anèng têngahi[4] rana | rahadyan kawratan kanin | sampun pralina | radèn wus agumuling || |
375–376 dari 856
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Prawiratruna sampun angrasa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.43.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.32.1); Dyan Prawirataruna sampun apasrah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.40.1); sira Radèn Prawiratruna wus pasrah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.35.1). (kembali) |
2 | mangsul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.379, Pupuh 80.43.2). Bandingkan: mangsuli (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.44.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.41.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.33.2). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun nêmahi pêjah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.49.3); sun têmah palastra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.46.3). (kembali) |
4 | têngahing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.379, Pupuh 80.48.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.49.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.46.4). (kembali) |