Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
107 dari 170
479–480 dari 856
4.786–4.795 dari 8.560
107.022 | wus binêkta mring sanakira glis | gya umangkat Ki Untung asigra | têtiga kang ngatêrake | siji agawa sêkul | gawa gamanira wong kalih | sêmana wayahira | lagya pukul wolu | duk Ki Untung wêdalira | pukul nênêm lampahira aglis prapti | pêrnahing pabêlokan || |
107.023 | sarêng ikang gilir jaga prapti | Kumpêni satu ingatêr kopral | saksana Ki Untung age | anarik patrêmipun | tinarajang siji ngêmasi | koprale arsa mêndhang[1] | gya pinatrêm lampus | lawanging gêdhong binuka | samya mêdal wongira sadaya aglis | berag ing tyas sadaya || |
107.024 | nulya sadaya kinèn abukti | kumarayok wong sawidak dhua | sawusnya amangan kabèh | parastranira[2] dinum | ana ikang amilih cundrik | ana amilih pêdhang | wanèh milih dhuwung | ana tumbak cêcêndhêkan | wusnya jangkêp sadaya angati-ati | tinata barisira || |
107.025 | ya ta wontên wong tuwa sawiji | agarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni rawuh | yèn lungaa têka ing garit | gèn isun mapag ing prang | nêdyaa lumayu | dudu anaking manusya | anak anjing sapa kang tigal ing garit | bunuhên têkèng wutat || |
107.026 | ya ta lutnanira kang winarni | ngarsa-arsa kang jaga bêlokan | suwe tan têka koprale | wasana dipun susul | sarehane[3] ikang lumaris | praptaning pabêlokan [[f. 419r]: pabêlo...kan] | kagyat dènnya dulu | jaban gêdhong binarisan | gêdhong mênga kang jaga têtiga mati | sareyan gya lumajar || |
107.027 | bilang maring lutnanira aglis | katur maring Rat Pêni[4] sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabêrgada sigra lumaris | prapta gêdhong bêlokan | Kumpêni akêpung | yitna Ki Untung saksana | angabani ing rowang anêmpuh wani | ngamuk sarêng asurak || |
107.028 | binarondong ing bêdhil tan gisir | wong sawidak sarêng ngamuk rampak | Kumpêni akathah longe | kuwêl dènira tarung | mati bêdhil tan bisa muni | caruk pêdhang curiga | tandangnya Ki Untung | lir banthèng atawan brana | sarowangnya Kumpêni ingayok wani | tumpês kang sabragada || |
107.029 | nanging wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gunung rêbah | Ki Untung risak rowange | sapalih ikang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni akèh pêjah | ing wuri kyèh rawuh | Ki Untung rewangnya têlas | kaurugan ing mimis kadya dèn soki | tumpês kari prayoga[5] || |
107.030 | Untung rinêbut ing ngarsa wuri | ikang cêlak pinatrêm palastra | jrih kinandhang-kandhang bae | saking loji wus mêtu | saparane dipun petari | mring Bètèng Alang-alang | panyalimpêtipun | Kumpêni wus katingalan | duk ingosak-asik tan ana kapanggih | wadya Kumpêni bubar || |
107.031 | wus misuwur nêgara Batawi | yèn Ki Untung ucul [[f. 419v]: u...cul] sing bêlokan | angamuk kabèh rowange | wong sabêlokan ucul | ngamuk tumpês awor Kumpêni | titrim wong sanêgara | wau kang winuwus | Ki Untung gènnya singidan | anèng Bètèng Alang-alang tigang latri | laminira singidan || |
479–480 dari 856
1 | mêdhang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.30.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.36.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.35.6). (kembali) |
2 | warastranira. Bandingkan: gêgamanira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.24.4); wastra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.31.4); warastra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.36.4). (kembali) |
3 | sareyane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.78, Pupuh 107.26.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.33.5). (kembali) |
4 | Raad van [Indië] (dan di tempat lain). (kembali) |
5 | priyăngga (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.29.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.36.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.42.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.41.10). (kembali) |