Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
108 dari 170
487–488 dari 856
4.862–4.871 dari 8.560
108.056 | ajrih nututana têbah | dening samya wruh tandangira jurit | duk sêmana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya kinèn akumpul | nèng Cianjur bêbarisan | sakathahe para mantri || |
108.057 | Kumpêni parentahira | barang ka wong liwat kinèn nitèni | yèn na wong jangkêp sapuluh | yèn tan mawi dagangan | kinèn nyêkêl mênawa iku Ki Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi || |
108.058 | wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kari pacak baris | wong Sundha Prayangan kumpul | baris anèng ing marga | yèn ta dèrèng karuhan gènnya Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubarakên baris || |
108.059 | nahan gantya kawuwusa | lampahira wau Radèn Surapati |[1] ing Pamalang gepakipun | prapta tanah Banyumas | raryyan dhusun ing Cibarang wastanipun | dhusun ing Cibarang ika | pêrtiginipun[2] kêkalih || |
108.060 | nênggih sami kadangira | kêkasihè kang anom Saradênti | Saradênta ikang sêpuh | lakung anyuba-nyuba | mring têtamu wusnya jangkêp kawan dalu | sira Radèn Surapatya | sêmana apacak baris || |
108.061 | angangkat akarya nata | Saradênta kalawan Ki Saradênti |[3] kang ingadêgakên ratu | sampun [[f. 425v]: sampu...n] anglar jajahan | kanan kering ing Ajibarang sumuyud | tan ana wani anglawan | marang Prabu Saradênti || |
108.062 | yèn ana wong wani nglawan | gya ginêcak lêbur tan ana kari | dadya samya jrih kang kantun | wus andadi barisnya | amung kari jroning kitha dèrèng cundhuk | sira Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit || |
108.063 | baris sajroning nêgara | Ki Tumênggung panggah apacak baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Marêdèn barisnya agung |[4] Bul Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi || |
108.064 | maring salêbêting kitha | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | momong kang putra-putra | Bul Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agung dêdamêlira | mêngkana ikang winarni || |
108.065 | wau Radèn Surapatya | abêbisik mring Ki Umbul Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang nagri Kartasura awak isun | Prabu Mêngkurat yèn arsa | angabdèkakên ing kami || |
487–488 dari 856
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lampahira Rahadèn Surapati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.59.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.54.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.58.2). (kembali) |
2 | pêrtingginipun. Bandingkan: patingginipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.59.7); patingginira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.54.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.58.7). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Saradênta kalawan Saradênti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.56.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.60.2); Saradênta kêlawan Saradênti (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.61.2); Saradênta kalawan Saradinti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.61.2). (kembali) |
4 | Bandingkan: panjêre mamarêdèn barisnya agung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.86, Pupuh 108.63.5); Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.63.5); Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.59.5); Panjêrngrema akumpul barinya agung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.63.5). (kembali) |