Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129–130 dari 149
537–538 dari 650
5.364–5.373 dari 6.494
129.061 sampun kinarya naledra | Saradênta kêlawan Saradênti | pan sampun jumênêng ratu | angêlar kang jajahan | kanan kèri Ngajibarang samya nukul | tan ana wani anglawan | marang Prabu Saradênti ||
129.062 lamun wontên ingkang nglawan | gya ginêcêk rêmpu tan maga[1] pulih | dadya kang kari atakut | wus dadi barisira | amung kari jroning[2] kitha dèrèng têluk | sira Tumênggung Toyamas | maksih anglawan ing ajurit |[3]|
129.063 ya ta nulya linurugan | Bun Jêladri ingkang nidhihi baris | nagri Toyamas ginêpuk | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amăngga puliha | larod sangking nagari |[4]|
129.064 kandhêg sawetan Toyamas | ki tumênggung maksih amacak baris | nèng Kalijirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema angumpul barisnya agung | Bun Jaladri kawarnaa | ratune wus dèn padhongi[5] ||
129.065 marang salêbêting kitha | angêdhaton Sa Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | langkung pinutra-putra [[f. 460v]] | Bun Jaladriya gêdhig manggalanipun | wus agêng dêdamêlira | mangkana ingkang winarni ||
129.066 nênggih Radèn Surapatya | abêbisik mring Ki Êbun Jêladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | asuwita marang Kartasura isun | ing Kangjêng Sunan Mangkurat | yèn ana wong takon mami ||
129.067 apadene ratunira | ya warahên lamun lunga sun iki | marang ing pasisir kidul | anging pitukas iwang | maring sira besuk yèn utusan ingsun | sarta gawa sisim[6] iwang | ratumu cêkêlên aglis ||
129.068 sira gawaa bêbandan | Bun Jêladri sandika aturnèki | rahadèn malih amuwus | lawan maninge bapa | aja kandhêg nênêlukêna sirèku | ingkang baris Kalijirak | gitikên sapukur mami ||
129.069 ri sampunira mitukas | sigra makat Rahadèn Surapati | nuju wayah têngah dalu | wêdale sangking kitha | lampahira datan kawarna ing ênu | prapta nagri Kartasura | wong anom ingkang lumaris ||
130. Sinom
130.001 ingkang sinêdya ing manah | sira Radèn Surapati | umarêk kiyana patya | Radèn Angrangkusumèki[7] | lampahe sampun prapti | anèng paregolanipun | sigra atur uninga | wau ingkang têngga kori | lamun wontên wong prapta arsa suwita ||
537–538 dari 650

 


măngga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.57.2). (kembali)
Terdapat dobel sandangan: jroning atau jrone. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang maksih anglawan jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.57.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.62.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.61.7); mêksih angawali jurit (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.62.7). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kongsul saking ing nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.58.7); kontal saking ing nagari (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.62.7). (kembali)
pondhongi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.59.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.63.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.63.7). Bandingkan: boyongi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.63.7). (kembali)
singsim (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.62.6; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.67.6). (kembali)
Anrangkusumèki (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.1.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.1.4). (kembali)