Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
108 dari 170
487–488 dari 856
4.869–4.878 dari 8.560
108.063 | baris sajroning nêgara | Ki Tumênggung panggah apacak baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Marêdèn barisnya agung |[1] Bul Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi || |
108.064 | maring salêbêting kitha | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | momong kang putra-putra | Bul Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agung dêdamêlira | mêngkana ikang winarni || |
108.065 | wau Radèn Surapatya | abêbisik mring Ki Umbul Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang nagri Kartasura awak isun | Prabu Mêngkurat yèn arsa | angabdèkakên ing kami || |
108.066 | dene iku ratu digbya | layak bisa ngukuhana mring kami | dening yèn wis kandêl isun | sira nuli sun undang | sanak-sanakira sêparo kang kantun | poma sira dèn prayêtna | yèn ana wong takon kami || |
108.067 | apadene ratunira | lah warahên isun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul [[f. 426r]] | nanging wêwêkas iwang | marang sira besuk yèn utusanisun | sarta gawa sisim iwang | ratumu cêkêlên aglis || |
108.068 | sira gawaa bêbandan | Umbul Jaladriya aturnya aris | punapa rena sang bagus | igih dhatêng sandika | lingnya Surapati aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapukur mami || |
108.069 | sawusira apitungkas | nulya mangkat sira Dyan Surapati | wayahira têngah dalu | saking nagri Toyamas | datan kandhêg sawadyane kalih puluh | andarung lampahe ngetan | samargi angaji krami || |
108.070 | asring mampir padhusunan | Surapati aji tatakrami |[2] sandine anjaluk sêkul | ngingoni ing rowangnya | dadya randhat lampahe samadya tèngsu | datan kawarna sêmana | praptèng nagri Kartawani || |
108.071 | Surapati sarowangnya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong majing[3] ing nagara | sêsikune lan malih ikang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji || |
108.072 | kinèn marak radèn patya | yèn andika arsa katur ing aji | punika marga kang agung | Radèn Anrangkusuma | kêkasihe pêpatihe kang sinuhun | dawêg isun kang ngatêrna | sang anom sigra lumaris || |
487–488 dari 856
1 | Bandingkan: panjêre mamarêdèn barisnya agung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.86, Pupuh 108.63.5); Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.63.5); Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.59.5); Panjêrngrema akumpul barinya agung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.63.5). (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Surapati angaji tatakrami (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.70.2). (kembali) |
3 | manjing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.87, Pupuh 108.71.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.71.4). (kembali) |