Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
108 dari 170
487–488 dari 856
4.868–4.877 dari 8.560
108.062 yèn ana wong wani nglawan | gya ginêcak lêbur tan ana kari | dadya samya jrih kang kantun | wus andadi barisnya | amung kari jroning kitha dèrèng cundhuk | sira Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit ||
108.063 baris sajroning nêgara | Ki Tumênggung panggah apacak baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Marêdèn barisnya agung |[1] Bul Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi ||
108.064 maring salêbêting kitha | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | momong kang putra-putra | Bul Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agung dêdamêlira | mêngkana ikang winarni ||
108.065 wau Radèn Surapatya | abêbisik mring Ki Umbul Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang nagri Kartasura awak isun | Prabu Mêngkurat yèn arsa | angabdèkakên ing kami ||
108.066 dene iku ratu digbya | layak bisa ngukuhana mring kami | dening yèn wis kandêl isun | sira nuli sun undang | sanak-sanakira sêparo kang kantun | poma sira dèn prayêtna | yèn ana wong takon kami ||
108.067 apadene ratunira | lah warahên isun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul [[f. 426r]] | nanging wêwêkas iwang | marang sira besuk yèn utusanisun | sarta gawa sisim iwang | ratumu cêkêlên aglis ||
108.068 sira gawaa bêbandan | Umbul Jaladriya aturnya aris | punapa rena sang bagus | igih dhatêng sandika | lingnya Surapati aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapukur mami ||
108.069 sawusira apitungkas | nulya mangkat sira Dyan Surapati | wayahira têngah dalu | saking nagri Toyamas | datan kandhêg sawadyane kalih puluh | andarung lampahe ngetan | samargi angaji krami ||
108.070 asring mampir padhusunan | Surapati aji tatakrami |[2] sandine anjaluk sêkul | ngingoni ing rowangnya | dadya randhat lampahe samadya tèngsu | datan kawarna sêmana | praptèng nagri Kartawani ||
108.071 Surapati sarowangnya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong majing[3] ing nagara | sêsikune lan malih ikang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji ||
487–488 dari 856

 


Bandingkan: panjêre mamarêdèn barisnya agung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.86, Pupuh 108.63.5); Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.63.5); Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.59.5); Panjêrngrema akumpul barinya agung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.63.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Surapati angaji tatakrami (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.70.2). (kembali)
manjing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.87, Pupuh 108.71.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.71.4). (kembali)