Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
131 dari 170
585–586 dari 856
5.849–5.858 dari 8.560
131.005 | lakung dening kinasihan | tinariman dening sri narapati | ingakah sudara tuhu | aran Ki Pusparaga | sutanipun Radèn Mangunrana iku | kang kinarya têtariman | deningra[1] sri narapati || |
131.006 | saha kinulawesuda | pan kinarya sêntana sinung lêligih |[2] apan gawening wong sèwu | tri atus sinung aran | Ki Tumênggung Jayaningrat namanipun | kagugu saaturira | ngapura yèn dosa pati || |
131.007 | sang nata malih ngandika | Sumabrata sira wèha upêksi | marang Si Kumêndur Sêlut | Driansah ing Jêpara | lawan maring Si Kapitan Kênol iku | lamun kajêng rama seda | isun kang madêg narpati || |
131.008 | ikang jagani Sêmarang | apan maksih Si Kênol durung salin | dimon laju surat isun | marang nagri Jakarta | Ki Tumênggung Sumabrata nêmbah matur | igih pukulun sandika | wus matah Kaliwon jawi || |
131.009 | amundhi surat narendra [[f. 507r]] | lèsèr saking ing ngarsanya nrêpati | tan winuwus polahipun | kondur sri naradipa | pan gumêrah ginarêbêg para arum | sapraptanira ing pura | Sumabrata dèn timbali || |
131.010 | prapta ing ngarsa tur sêmbah | angandika wau sri narapati | hèh bapa sira sun tantun | gèn isun madêg nata | iya sapa kang dadi sêsukêr isun | tuwin wong atuwaniwang | sapa ikang malanjêri || |
131.011 | umatur Ki Sumabrata | igih datan watên karasèng galih | satugil watên pukulun | amba ajrih mujuka | sri narendra mèsêm angandika arum | iya isun wus anduga | yèn tan ana malih-malih || |
131.012 | amung paman Kapugêran | nanging ewuh iya panduga mami | yèn suta maksih kawêngku | anèng sajroning pura | kaya nora klakon salah kalbunipun | Ki Sumabrata tur sêmbah | adhuh gusti yèn suwawi || |
131.013 | mênawi rama paduka | lilèng sunu gusti amrih nêgari | abêbantên atmaja rum | suta ikang kinarya | ing pangulah sandi upaya mrih tukul | gusti wong ngrêbat pura |[3] tan adulyèng suta èstri || |
131.014 | dilalah gampiling driya | Ki Tumênggung Sumabrata wus mijil | apan sêmana cinatur | garwane sri narendra | putri saking Kapugêran Radyan Ipun | winêdalkên saking pura | supe karsaning Yyang Widi || |
585–586 dari 856
1 | dènira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., 2.182, Pupuh 131.5.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 149.5.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 232.9.7). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan kinarya sêntana sinung linggih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 149.6.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 232.10.2); tur jinungjung santana sinung linggih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 35.6.2). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gusti tiyang rêbat pura (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 14.11.6); gusti tyang arêbat praja (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 232.17.6); luwanging rêbat kawiryan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 35.13.6). (kembali) |