Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 170
29–30 dari 856
283–292 dari 8.560
3. Asmaradana | |
[Ki Satomi lan Ni Satomi katrimah suwitanipun dados punggawa ing praja Galuh.[1]] | |
003.001 | kang anèng guwa wus lami | anunggu kathil kancana | mung wong roro lan garwane | tinêkan sasêdyanira | tinurunan ing dewa | nanging suwara karungu | Ki Satomi sun atêdah || |
003.002 | tinêkanan sêdyanèki | lah age ta mangulona [[f. 23v]] | ana ratu utamane | kang anèng waringin kêmbar | ika sira jujuga | apepea anèng ngriku | lah age sira kentara || |
003.003 | Ki Satomi kagèt tangi | wus kesah lan garwanira | mangulon ika parane | malbèng wana migah jurang | ambênêr nasak-nasak | glis carita praptèng sampun | nèng ngandhaping wringin kêmbar || |
003.004 | kang èstri matur ing laki | kyai paran ikang karsa | têka nèng sor wringin gêdhe | bok kasasar lampah dika | ujar marang nêgara | têka praptèng wana agung | kiyai luhung mantuka || |
003.005 | hèh mênênga ja baribin | Ki Satomi pan alênggah | lakung kyèh ika syarane | êjim lawan parayangan | gumêrah syaranira | sayaktine alun-alun | gladhag pasar kang gumêrah || |
003.006 | Ni Satomi lakung giris | syara datan katingalan | kiyai paran karsane | iki goning pangalapan | kasasar lampah dika | anêdha lah kesah mantuk | awangsul mring Sokapura || |
003.007 | abodhokakên[2] wong iki | têka sira amênênga | warnanên wong jro kadhaton | mantri Galuh pan uninga | bupati miwah arya | saandhap waringin kurung | kêkalih èstri lan lanang || |
003.008 | ngalêrêsi ditên[3] Kêmis | sadhatênge wadya sohan[4] | wus kinèn amirsa age | kang pirsa gandhèk wanodya | wus prapta tinakonan | kiyai apa karsamu | apepe nèng wringin kêmbar [[f. 24r]] || |
003.009 | jalalatan Ki Satomi | tan katingal ming syaranya | wali-wali gèn têtakon | tan sumaur garwanira | nêdha kiyai kesah | andika kalapa iku | udu êjim parangyangan[5] || |
003.010 | sumaur Kyai Satomi | alah punapa ta dika | micara datan akaton | wruhanira awak iwang | gandhèke sri nalendra | andikakkên mirsa isun | alah apa karsanira || |
29–30 dari 856
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.27. (kembali) |
2 | ambodhokakên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.27, Pupuh 3.7.1). Bandingkan: ambadhokakên[ambodhokakên] (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 8.36.1). (kembali) |
3 | dintên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.27, Pupuh 3.8.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 8.37.1). (kembali) |
4 | Bandingkan: sowan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.27, Pupuh 3.8.2). (kembali) |
5 | parayangan. (kembali) |