Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 53–66)

Judul
Sambungan
1. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 01–11). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 12–23). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 24–38). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 39–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 53–66). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 05-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

53. Pangkur

1. nêngna wau kang winarna | ratrinira malêm Anggara kaping | sadasa maksih sitèngsu | Sapar warsa Jimawal | ponang căndrasangkala angkaning taun | mantri tata ngèsthi arja |[1][2] karsa dalêm jêng sang aji ||

2. datan miyos basiyaran | ngasokakên sarira dalêm aji | sakalihan narpawadu | myang sagung wadyabala | agung alit sumawana èstri jalu | wontên sajroning suyasa | hotèl Sindhanglaya sami ||

3. ing saratri ananira | lulus datan ana sangsayèng galih | nulya malih kang winuwus | sumambunging carita | muhung mamèt gampiling dera mangapus | anênggih ing arinira | Anggara enjang sang aji ||

4. sakalihan sri dayita | arsa têdhak basiyar mariksani | tirta arda kang tumurun | ring botrawi Cipanas | pasanggrahanira jêng tuwan [tuwa...]

--- 240 ---

[...n] guprênur | dèn lêmpêng ilining tirta | manjing jroning bulêt wêsi ||

5. saking lambungirèng arga | laju anjog maring wau botrawi | gumrojog ilining ranu | kawuryan kimplah-kimplah | lawan mawi sinungan sudhatanipun | umili ngoncori marang | kanan keringing botrawi ||

6. dene ingkang pinarcaya | tinanggênah kajibah amajibi | rumêksa sayogyanipun | têlênging pasiraman | sumawana sanggyèng wisma kang dumunung | tumancêp nèng sajronira | èrêping ponang botrawi ||

7. dhirèktur palungguhira | sira Tuwan pan Basêl kang wêwangi | nêngna wau kang winuwus | pangagêman sri nata | cara Jawi ngrasuk jas atelah pingul | sarwendah ing pangagêman | nanging tan rinênggèng kawi ||

8. winarnaa duk samana | dupi sampun wanci jam sanga enjing | para wadyabala sagung | sampun sami samêkta | yun umiring têdhak dalêm jêng sang prabu | titihan dalêm narendra | swandana di otomobil ||

9. ugi sampun asamêkta | lawan oto ingkang măngka pangiring | sadaya pan wus dumunung | wontên madyèng paretan | sowang-sowang anênggih dumunungipun | sampun sangkêp sanggyanira | kaprabonirèng lumaris ||

10. saksana jêng sri narendra | sakalihan gusti jêng pramèswari | sampun têdhak sigra laju | anitih suwandana | sapandhèrèk wus tan ana ingkang kantun | sumêbut lampahing rata | gumuruh swaraning margi ||

11. sampun lêpas lampahira | tan winarna ananira ing margi | pinunggêl gantya winuwus | yèku kang wus samêkta | pinarcaya nampi rawuh dalêm prabu | wontên jroning pasanggrahan | Cipanas winarnèng ngarsi ||

12. Oprêsta palungguhira | Tuwan Briwêr sanyonyahira [sanyonyahi...]

--- 241 ---

[...ra] sami | dahat dènya ngayun-ayun | rawuh dalêm narendra | dèrèng dugi dènira mangayun-ayun | gumuruh swaraning jaba | para janma kang ningali ||

13. alok lamun sri narendra | sakalihan gusti jêng pramèswari | ing mangkya pan sampun rawuh | akêbut saha bala | angèbêki samadyanira ing ênu | Tuwan Briwêr sanyonyahnya | dupi sampun amiyarsi ||

14. aloking para sujanma | kang mangkana dahat sukaning galih | sakalihan nulya gupuh | lumaris sêsarêngan | mêthukakên rawuh dalêm jêng sang prabu | samantara lampahira | wus rawuh jêng sri bupati ||

15. gya tumêdhak saking rata | Tuwan Briwêr sanyonyahnya nampèni | rawuh dalêm jêng sang prabu | sarwi tangkêpan asta | Tuwan Briwêr nganthi mring sri narpawadu | Nyonyah Briwêr tan darana | nganthi mring jêng sri bupati ||

16. bayak-bayak lampahira | sanggya para wadyabala gung alit | gumarubyug lampahipun | tut wuntat ing sang nata | dahat dènya rêspatine yèn dinulu | tindak dalêm sri narendra | datan dangu wus umanjing ||

17. anèng sajroning suyasa | pakuwonnya kangjêng tuwan guprênir | nulya Tuwan Briwêr gupuh | ngacarani sang nata | sakalihan gusti jêng sri narpawadu | samya ingaturan lênggah | jêng sang prabu nambadani ||

18. wus sami lênggah satata | datan dangu Tuwan Briwêr turnya ris | kula nuwun jêng sang prabu | kawula tuwin semah | ngaturakên kasugêngan ta sang prabu | sakalihan sri duhita | myang para pandhèrèk sami ||

19. ya ta wau jêng sang nata | duk nampèni aturnya sang wirasti | Tuwan Briwêr sudibya nung | netyasmu kawistara | sakalangkung karênan dalêm sang prabu | anulya rum angandika | mangkana sabdaning aji ||

20. adhuh [a...]

--- 242 ---

[...dhuh] babo saudara | sung pambagyanira wus sun tampani | dahat trima kasih ingsun | lah balik saudara | apa iya prasamya lulus rahayu | Tuwan Briwêr rum turira | kula nuwun sri bupati ||

21. sing barkah pangèstu tuwan | pan kawula sadaya praptèng mangkin | prasamya lulus rahayu | tan wontên sangsayanya | duk miyarsa dahat karênan sang prabu | ri sampunnya kang mangkana | samantara gya lumadi ||

22. sêsêgah măngka pahargyan | limunadhê lawan toya Walandi | ès prongkolan datan kantun | linuting dhêdhaharan | băngsa tarcis warna-warna ing mangkya wus | sumaos ngarsèng narendra | waradin sawadya sami ||

23. gusti jêng sri naranata | sakalihan gusti jêng pramèswari | wus mangkana dupi sampun | ngrêsêpi pasugatan | saha para wadyabala wus anutug | wus sangkêp ingkang pahargyan | tan ana kurang sawiji ||

24. ri sampunnya kang mangkana | sarwi sambèn pangandikan sang aji | ingkang rèmèh myang kang parlu | sêsampating mangkana | jêng sang prabu nulya malih ngandika rum | tumanduk marang ing sira | Tuwan Briwêr sang wirasti ||

25. mangkana wahyaning sabda | dhuh rêngênta saudara samangkin | awit saka karsaningsun | kalawan lêgawèng tyas | saudara sun paringi têkên muhung | sajuga măngka pratăndha | sih trêsnèngsun ing salami ||

26. marma têkên mau mawa | sinung purnam asmaningsun tinulis | P.B. èkês angalumpuk | ginatra sastra Wlănda | dumunung nèng samadyaning bungkulipun | dhêdhasar kancana mulya | pinatiking sêsotya di ||

27. kalawan suwaminira | sun paringi liyontin mung sawiji | lah uga dhêdhasaripun | kancana kang minulya | lan pinatik ing sêsotya kang linuhung | iku uga minăngkaa [mi...]

--- 243 ---

[...năngkaa] | tăndha trêsnèngsun salami ||

28. nadyan ora sapiraa | nanging muga tampanên kang sayêkti | lawan sukanirèng kalbu | Tuwan Briwêr sakala | duk wus tampi pasihan dalêm sang prabu | pratandhaning kasutrêsnan | kang mangkana anulya glis ||

29. sru andhêku rum turira | lir bramara kang arsa ngisêp sari | brangêngêng wêdharing atur | mênggahing pasihanta | kang makatên satuhu jêng sang aprabu | atur amba tuwin semah | dahat nuwun myang kapundhi ||

54. Asmaradana

1. brangtaning tyas angranuhi | kawula tanapi semah | tan nyana myang tan andimpe | dene ing ari punika | kawula tuwin semah | sami antuk kabêgyan gung | pratăndha sih katrêsnanta ||

2. kang makatên sri bupati | ing sawastu pamintamba | ing Gusti Hyang Maha Manon | mugi-mugi kinabulna | sagêda kasambadan | widada dumadinipun | dumados pusaranira ||

3. katrêsnanta sri bupati | dhumatêng amba sasemah | ngantya salami-lamine | nadyan praptaning dêlahan | mugi-mugi kawula | maksiha kêkêt tumangsul | wontên jroning kasucian ||

4. puwaramba myang suwami | siyang ratri mung satata | amunajad ring Hyang Manon | mugi-mugi sri narendra | tuwin jêng sri dayita | dinirgakna yuswanipun | winantu sukaning driya ||

5. tumrah sakukuban aji | gung alit jalu wanita | wus tan ana ing bedane | widadarja parisuka | labane kang mangkana | kapraban prabawèng prabu | kang ambêk kotamèng driya ||

6. sri narendra duk miyarsi | atur kang kadi mangkana | dahat suka jroning batos | anulya rum angandika | dhuh Briwêr saudara | aturira kang kadyèku | Hyang Suksma ngudanènana ||

7. dupi wus mangkana nuli | jêng

--- 244 ---

sang prabu adhêdhawah | arsa kondur mring pakuwon | Dyan Mênggung Atmadiningrat | kang antuk sabdèng nata | tur sandika nêmbah laju | adhêdhawuh mêpak bala ||

8. para wadya jalu èstri | wus umarêk myang wotsêkar | nèng ngarsa dalêm sang katong | jêng sang prabu duk samana | anulya rum ngandika | maring sira sang wira nung | Tuwan Briwêr sanyonyahnya ||

9. mangkana sabdaning aji | babo Briwêr lan swaminta | muga aywa andadèkke | cuwaning wardayanira | rèhning wus sawatara | kalawan wus samya nutug | gon ingsun padha uninga ||

10. ing Cipanas kene kongsi | midêr-midêr têmu gêlang | kawaratan samoane | kang mangkono saudara | tuhu dahat dumadya | rênaning panggalih ingsun | dhuh rêngênta saudara ||

11. sun arsa nulak saiki | kariya padha raharja | Tuwan Briwêr rum ature | kula nuwun sri narendra | mênggah dhawuh paduka | kang makatên ing sawastu | kawula kalihan semah ||

12. sakalangkung nuwun sami | kawula myang semah amba | dhèrèkkên sugêng sang katong | nulya sami têtabean | yèku măngka pratăndha | andum lulusing rahayu | sampun tindak jêng sang nata ||

13. rêroncène tan winarni | wus tan siwah lan rawuhnya | enggaling kata samangke | gusti jêng sri naranata | tuwin jêng sri dayita | sampun nitih swandana nung | tan kari kang wadyabala ||

14. sigra sagung otomobil | sampun sami lumaksana | gêgancangan ing lampahe | ing ênu datan winarna | wus lêpas lampahira | samantara sampun rawuh | ing Selabatu sang nata ||

15. tuwin sampun sami manjing | sajroning hotèl sadaya | bayak-bayak kawuryane | gusti kangjêng sri narendra |

--- 245 ---

myang gusti sri dayita | wus manjing kamar sadarum | sagung para wadyabala ||

16. luwaran dera lumaris | sowang-sowang lampahira | wênèh ngetan ana ngulon | wênèh ana mring utara | sawênèhira ana | samya lumaksana ngidul | umanjing mring têngganira ||

17. ginatra sabilik-bilik | wus lêrêm sawadyabala | lulus tan na sangsayane | saari wus tan winarna | ing mangkya kacarita | arinya Anggara dalu | malêm tanggal ping sawêlas ||

18. maksih Sapar kang lumaris | gusti kangjêng sri pamasa | tuwin sri juwita katong | ngasokakên kang sarira | wontên ing sajronira | pakuwon dalêm sang prabu | tan umiyos basiyaran ||

55. Mijil

1. nêngna wau kang winarnèng tulis | gantya kacariyos | ya ta mangkya ri Budha enjange | ping sawêlas maksih sitarêsmi | Sapar kang lumaris | maksih nunggil taun ||

2. karsa dalêm sakalihan sori | arsa pindhah bodhol | dhatêng Bandhung malih pan têbihe | sèkêt pitu êpal datan luwih | myang inggilnya saking | madyèng samodra gung ||

3. winarta wus dèn ukur ing nguni | umaring ponang wong | juru ukur anênggih petange | kalih èwu tigang atus luwih | kalih dasa kaki | mangkana sang prabu ||

4. amangrasuk busana sang aji | rêspati kinaot | cara Jawi winarna anane | sêsawitan latar krêsna murni | ingkang dèn wastani | sêsêratanipun ||

5. cêplok bintang saestha sinuji | rêrentengan katon | lir puspita mawor lan rondhone | rinumpaka sinêlang-sinêling | lir buntal ngarawit | amuyêg dinulu ||

6. kawistara coraking wastra di | sumawur ting prêlok | jas atelah nênggih rasukane | bêbadhenan kasmir

--- 246 ---

dhasar putih | sing mandrawa kèksi | sakalangkung mumpluk ||

7. liya-liyanira tan winarni | cinêndhak kemawon | muhung mamèt enggal caritane | kawarnaa jêng sri narapati | sakalihan sori | sampun têdhak laju ||

8. sigra nitih titihan sang aji | ingkang wus sumaos | nèng madyaning paretan samangke | wus lumaris ponang swandana di | myang rata pangiring | sadaya tut pungkur ||

9. sêsandêran lampahing rata di | tutêr lawan klatson | gung munya sru barungan swarane | tri gumuruh ing samargi-margi | mawèh gambiraning | kang samya andulu ||

10. jêjêl uyêl nèng têpining margi | swarane tumawon | wênèh ana ingkang pating craèk | ngundang marang rowange ningali | sawênèhnya malih | ana kang lumayu ||

11. lanang wadon ting gadêbug sami | napase ting krênggos | labêt saking sumêlang ing tyase | bok kêpancal têdhak dalêm aji | marma dèn labuhi | prasamya lumayu ||

12. sapraptanya satêpining margi | samya ting dêngongok | ngungak têdhak dalêm sri pamase | dupi ratanira sri bupati | wus katon lumaris | angutu sumêbut ||

13. para janma kang samya ningali | horêk samya alok | yèn wus samya wikan sri pase |[3] tanganira ting karacung sarwi | ngrênggêp kacu sami | kumitir dinulu ||

14. ting kalèbèt ing samargi-margi | wola-wali katon | kang mangkana măngka pratandhane | sung sêsanti têdhak dalêm aji | pajampuwa mugi | lulusa rahayu ||

15. duk samana jêng sri narapati | sung waluyan gupoh | sru karênan myang asta kumlawe | gung tumanduk marang nganan ngering | pratăndha maringi | anduming rahayu ||

16. wus mangkana sagung otomobil | nèng

--- 247 ---

marga tan anggop | sêsandêran anênggih lampahe | sampun lêpas lampahing rata di | wus datan winarni | ananirèng ênu ||

17. nêngna wau gantya kang winarni | ananing pakuwon | palêrêman dalêm sri pamase | hotèl Homan kang winarnèng ngarsi | pan maksih rinukti | rinêngga raras rum ||

18. dhirèkturing hotèl kang wêwangi | yèku Tuwan Dhêyong | lawan sagung punggawaning hotèl | sampun sami samakta cumawis | arsa anampèni | rawuh dalêm prabu ||

19. dhirèkturnya sapunggawa sami | ing netyasmu katon | ngayun-ayun enggala rawuhe | jêng sang prabu sakalihan sori | sawadya prasami | lulusa rahayu ||

20. dèrèng dangu dènya ngarsi-arsi | rawuhnya sang katong | nulya samya ngrêngên ing swarane | tutêr klatson barungan munya sri | lir asung udani | ring tuwan dhirèktur ||

21. yèn sang prabu sakalihan sori | sawadya wus bodhol | karsa dalêm gusti sri pamase | arsa rawuh amakuwon malih | anèng suyasa di | hotèl Homan wau ||

22. dupi sampun samantara kèksi | sagung ponang oto | ting saliri gancangan lampahe | Tuwan Dhêyong sapunggawa sami | duk mulat rata di | titihan sang prabu ||

23. tinut wuntat kang rata pangiring | tutêr lawan klatson | sangsaya sru anggantêr swarane | nulya samya atarap manganti | nèng ngajênging panti | hotèl Homan wau ||

24. mahargya ring rawuh dalêm aji | sapunggawa golong | pan sajuru-juru dumununge | kawistara dènira posisi | datan mobah mosik | anjêjêr dêgipun ||

25. ri sampunnya mangkana nulya glis | titihan sang katong | lawan sagung rata pangiringe | sampun praptèng hotèl Homan [Ho...]

--- 248 ---

[...man] sami | sira sang dhirèktir | gurawalan gupuh ||

26. mêthukakên rawuh dalêm aji | nyêngkut lumayu por | dahat gita-gita pamêthuke | nèng paretan sangajênging panti | wau ta sang aji | enggale wus rawuh ||

27. sakalihan jêng sang juwita ji | laju ing samêngko | wus tumêdhak sing rata nulya ge | sang dhirèktur tumundhuk nampèni | mulung asta sami | têtabean sampun ||

28. sang dhirèktur tan darana nganthi | mring juwita katong | gya lumampah umiring tindake | jêng sang prabu dènira lumaris | wirandhungan sarwi | ngandikan raras rum ||

29. para wadyabala jalu èstri | gumulung gumolong | nèng pêngkêran dalêm sri pase |[4] rantap-rantap dènira lumaris | kawangwang raras sri | mangkana sang prabu ||

30. sakalihan jêng sang pramèswari | tuwin Tuwan Dhêyong | sampun samya umanjing sajrone | hotèl Homan sawadya tan kari | cinêndhaking tulis | ing mangkya sang prabu ||

31. sakalihan jêng sang pramèswari | sampun sami ngaso | myang wus manjing mring kamaring hotèl | nglêrêmakên sarira prasami | wadya jalu èstri | linilan sadarum ||

32. ngaso maring têngganira sami | wus luwaran gupoh | sowang-sowang sadaya lampahe | wênèh ngetan myang ngulon lumaris | sawênèhnya malih | ngalor tuwin ngidul ||

33. wus umanjing mring têngganya sami | kalawan wus ngaso | saari wus tan na sangsayane | myang tan ana winalanging galih | sadaya prasami | parisuka nutug ||

34. nêngna wau kang winarnèng tulis | gantya kang cariyos | nanging maksih nunggil caritane | wus pinunggêl kang sêkar pamijil | anulya ginanti | lukitaning kidung ||

56. Kinanthi

1. kinanthi sumambungipun | ing arinya Budha wanci | silêming

--- 249 ---

hyang bagaskara | ing awiyat kawuryan sri | sumilak wêning nirmala | ingkang taranggana sami ||

2. sumorote pan sumawur | ting pancorong ngrêspatèni | kênyaring sasăngka sumyar | saindênging bawana tri | sumilir kang samirana | angirid gandaning sari ||

3. kongasing sugandanipun | marbuk arume mrik minging | amênuhi sajronira | pakuwon dalêm narpati | mawèh êntyarsaning driya | ya ta mangkya kang winarni ||

4. karsa dalêm jêng sang prabu | sakalihan pramèswari | arsa miyos basiyaran | midêr-midêr mariksani | saidêrirèng jro kitha | ing Bandhung kewala dening ||

5. wigatinya jêng sang prabu | ngenggar-enggaring panggalih | winarnaa jêng sang nata | abusana cara Jawi | amangrasuk jas atelah | dhêdhasar kalawu kèksi ||

6. de busana liyanipun | sampun tan rinênggèng tulis | muhung mamèt enggalira | nulya mangkya kang winarni | rata titihan narendra | kalawan rata pangiring ||

7. myang para wadya sawêgung | sampun samêkta prasami | anèng madyaning paretan | ginatra sabilik-bilik | sagung para wadyabala | jalu lan parêkan cèthi ||

8. wus sumiwèng jêng sang prabu | ngabyantara mangastuti | mangèstu sami samêkta | sakapraboning lumaris | ri saksana jêng sang nata | sakalihan pramèswari ||

9. wus jumênêng sigra laju | têdhak sing hotèl sang aji | tindak dalêm kanthèn asta | lawan jêng sang juwita ji | tinut wuntat para wadya | jalu lan parêkan cèthi ||

10. gumarubyug katonipun | rarasira milangoni | ya ta mangkya jêng sang nata | sakalihan pramèswari | sampun samya nitih rata | swandana di otomobil ||

11. wus mangkana sigra laju | lumampah kang otomobil |

--- 250 ---

tuwin rata pangiringnya | samya tan kantun lumaris | tut wuri ratèng narendra | wus lêpas dera lumaris ||

12. sampun tan winarnèng ênu | enggale dènya sang aji | midêr-midêr basiyaran | sajroning kitha samangkin | wus kèdêran têmu gêlang | tan ana sangsayèng margi ||

13. karsa dalêm jêng sang prabu | nulya arsa kondur maring | palêrêman hotèl Homan | sanggyaning kang otomobil | sinêru ing lampahira | gumuruh samargi-margi ||

14. sampun lulus lampahipun | samantara sampun prapti | ing pakuwon hotèl Homan | Tuwan Dhêyong dhirèkturing | hotèl sapunggawanira | samya mêthuk anampèni ||

15. kondur dalêm jêng sang prabu | ya ta wau jêng sang aji | sakalihan sri dayita | wus tumêdhak sing rata di | Tuwan Dhêyong tan darana | nganthi ring sang juwita ji ||

16. sigra tindak jêng sang prabu | kang para pandhèrèk sami | umiring tindak narendra | gumarubyug ngrêspatèni | lulus tindak dalêm nata | wus umanjing suyasa di ||

17. yèku hotèl Homan wau | ing sapangu wus umanjing | salêbêting kamarira | sakalihan jêng sang aji | sampun lêrêm sowang-sowang | para wadya wus umanjing ||

18. mring têngganira sadarum | ginatra sabilik-bilik | saratri wus tan winarna | ananing pakuwon sami | muhung cinêndhak kewala | samya widada arjanti ||

19. nêngna wau kang winuwus | sumambunge kang winarni | arinya Rêspati enjang | karsa dalêm jêng sang aji | sakalihan sri dayita | arsa têdhak dhatêng Yarbis ||

20. karana darunanipun | kayungyun arsa mriksani | tokoning Yarbis sadaya | lawan pramodaning nagri | Residhèn Bandhung prajarja | Tuwan Ikên sasuwami ||

--- 251 ---

21. myang bupati prajèng Bandhung | sarimbitan lan kang swami | mangkana ta kacarita | pangagêman dalêm aji | cara Wlandi mlitèr seta | pinandara sarwa komplit ||

22. titihan dalêm sang prabu | swandana di otomobil | tuwin oto pandhèrèknya | pan sampun sami cumawis | dumunung anèng paretan | sampun pêpak sawadya ji ||

23. jalu èstri marikêlu | anèng ngarsa dalêm aji | sampun sami ngèstu pada | tuwin wus samêkta sami | sakaprabonirèng lampah | atarap sabilik-bilik ||

24. dupi wus mangkana laju | jumênêng têdhak sang aji | sagunging rêroncènira | sampun tan rinênggèng kawi | winarna gusti sang nata | sakalihan pramèswari ||

25. sampun nitih rata laju | lumampah kang swandana di | kêbut saha wadyabala | sêsandêran urut margi | gancanging ponang carita | ya ta wau jêng sang aji ||

26. sakalihan sori prabu | wus tumêdhak rawuh Yarbis | duk samana ingkang măngka | presidhèning ponang Yarbis | dupi wikan yèn sang nata | sampun têdhak rawuh Yarbis ||

27. gurawalan gupuh-gupuh | mêthuk rawuh dalêm aji | sampun tundhuk têtabean | bage-binage basuki | wus mangkana tan darana | presidhèn gya ngacarani ||

28. ring gusti jêng sang aprabu | sakalihan pramèswari | ingaturan manasuka | midêr-midêr angidêri | anênggih saidêrira | mariksani toko Yarbis ||

29. gusti kangjêng sang aprabu | anulya wus nambadani | sagung para wadyabala | jalu lawan para cèthi | gumarubyug gung tut wuntat | ing gusti jêng sri bupati ||

30. tindak dalêm jêng sang prabu | tuwin risang juwita ji | midêr-midêr saidêrnya | ing madya têpining Yarbis | bayak-bayak tindakira |

--- 252 ---

kawuryan ta jêng sang aji ||

31. tuwin jêng sri narpawadu | dahat rênaning panggalih | udani ring rêrêngganya | raras srining toko Yarbis | wus waradin kaidêran | ri sanggyaning toko sami ||

32. gusti kangjêng sang aprabu | amborongi ri sanggyaning | barang-barang dêdagangan | ingkang anèng toko Yarbis | băngsa suwèk sutra-sutra | sêmbagi myang băngsa kêsting ||

33. tuwin liya-liyanipun | yèku băngsa rajapèni | warnane wus tan winarna | wau borongan sang aji | karsa dalêm sri narendra | pan muhung arsa kinardi ||

34. paringan ring sanggyanipun | kang para pandhèrèk sami | maring gusti sri dayita | myang para garwa paminggir | pininta sayogyanira | undha-usuking pamaring ||

35. tan tumpang suh ing pamandum | marma para ingkang sami | antuk sih dalêm narendra | ing driya suka tan sipi | pinundhi kalingga murda | ingêmbun salami-lami ||

36. myang tan ana ingkang masgul | kalawan ngêrêsing kapti | dening sih dalêm narendra | kang mangkana wus ginalih | kalawan ing adilira | pangrarase mikênani ||

57. Sinom

1. ya ta wau jêng sri nata | sakalihan pramèswari | mangkya malih winursita | dupi wus samya dumugi | gènira mariksani | saidêring toko wau | myang sampun sampat gènnya | amborong dagangan sami | karsa dalêm gusti kangjêng sri narendra ||

2. sakalihan sri duhita | apan arsa nulak nuli | kondur maring palêrêman | hotèl Homan kang winarti | sagunging otomobil | gung munya sru swaranipun | anggêrêng sêsarêngan | kadi gêtêr kang pratiwi | wèh eraming para janma ingkang mulat ||

3. wus nitih oto sang nata | sakalihan pramèswari |

--- 253 ---

sagung para wadyabala | wus wahana oto sami | wus mangkana tumuli | sigra têdhak jêng sang prabu | wau kang wadyabala | datan kantun gung tut wuri | swandana di oto titihan narendra ||

4. sampun lêpas lampahira | ing ênu wus tan winarni | enggaling ponang carita | titihan dalêm sang aji | ing mangkya wus dumugi | pakuwon dalêm sang prabu | anênggih hotèl Homan | ingkang măngka dhirèkturing | hotèl wau Tuwan Dhêyong duk samana ||

5. dupi wikan lampahira | ri sanggyaning otomobil | titihan dalêm narendra | myang oto pandhèrèk sami | liwêran wus dumugi | ing hotèl Homan sadarum | anulya gurawalan | sapunggawanira sami | mêthuk rawuh dalêm jêng sri naranata ||

6. Tuwan Dhêyong gya mangarsa | ngabyantarèng jêng sang aji | gya ambuka korinira | rata titihan narpati | wus mênga ponang kori | ri saksana jêng sang prabu | myang gusti sri dayita | wus tumêdhak sing rata di | Tuwan Dhêyong nampèni sori narendra ||

7. ri sampunnya têtabean | Tuwan Dhêyong gya anganthi | ing gusti jêng sri dayita | ya ta wau jêng sang aji | wus tindak tinut wuri | ring gusti sri narpawadu | bayak-bayak lampahnya | para wadya jalu èstri | anggarubyug ing tindak dalêm sang nata ||

8. araras sri kawuryan ta | datan dangu jêng sang aji | sakalihan sri juwita | myang para pandhèrèk sami | ing mangkya wus umanjing | sajroning hotèl sadarum | ananing palêrêman | pakuwon dalêm sang aji | sampun datan rinonce rinênggèng basa ||

9. namung karsa dalêm nata | sakalihan pramèswari | sontênira ri punika | arsa têdhak mariksani | saidêring [sai...]

--- 254 ---

[...dêring] pêpanti | ing hotèl Homan sadarum | kalawan mèbêlmènnya | tuwin rêrêngganing panti | sarwi arsa ngenggar-enggaring wardaya ||

10. nêngna malih dyan winarna | ing arinya Wrahaspati | anuju ing wancinira | silêming hyang bagaspati | ing dirgantara kèksi | sumilak wêning sumunu | sunaring kang sasăngka | sru gumilang maratani | saindênging bawana tri nir mêmala ||

11. kartika byor prabanira | sru sumawur ting karêlip | wênèh ana prabanira | amancorong ngumaladi | saesthanira kadi | mandara ring wimbanipun | hyang ènu ingkang lagya | ri sêdhêng mudhar dhadhari | yèn rinaras kawuryaning sanggyanira ||

12. kadya sami sung lampita | mahargya ring jêng sang aji | sakalihan sri duhita | dènirarsa mariksani | saidêring pêpanti | yeka jroning hotèl wau | mugi-mugi prasamya | winantu sukaning galih | tumrah maring para wadya sanggyanira ||

13. nahan mangkya winursita | dupi sampun nuju wanci | ungêling gathita sanga | gusti kangjêng sri bupati | myang jêng sri juwita ji | wus umiyos sing jronipun | kamaring hotèl Homan | tinut wuntat ri sanggyaning | para wadyabala jalu lan wanita ||

14. angidêri saidêrnya | jroning hotèl Homan sami | mariksani ananira | wêwangunaning pêpanti | kalawan pamasanging | mèbêlmèn sêsaminipun | rinêngga mănca warna | endah adining pangrukti | samoane wus tan ana kang kuciwa ||

15. bayak-bayak tindakira | gusti kangjêng sang siniwi | sakalihan sri juwita | nalika samya udani | dêging wisma kaèksi | anggênggêng lajuran têpung | tharik-tharik kawuryan | bêbanjêngan adu cukit | milangoni sagunging pangruktinira ||

16. ing netyasmu kawistara |

--- 255 ---

samya karênaning galih | sumawana sanggyanira | kang para pandhèrèk sami | ugi samya kaèksi | sangêt sukanirèng kalbu | pinunggêl wus mangkana | lulus tindak dalêm aji | sakalihan gusti sri narpadayita ||

17. sagung para wadyabala | gumarubyug gung tut wuri | umiring jêng sri narendra | ginatra sabilik- bilik | tan ana ingkang sami | ngrasa sayah katonipun | dening ta kang mangkana | samya mèngêt jroning kapti | kotamaning gusti kangjêng sri narendra ||

18. maksih tangèh yèn winarna | kotamaning jêng sri mulki | mangsuli caritèng ngarsa | tindak dalêm jêng sang aji | ing mangkya wus dumugi | waradin saidêripun | sajroning hotèl Homan | sampun kèdêran prasami | samangkana karsa dalêm jêng sri nata ||

19. sakalihan sri duhita | ing mangkyarsa amigati | ngasokakên ing sarira | datan dangu gya umanjing | jroning kamar prasami | sowang- sowang tindakipun | sagunging para wadya | jalu lawan para cèthi | sampun samya linilan ngaso sadaya ||

20. sagung para wadyabala | nalikantuk sabdèng aji | anênggih ingkang mangkana | sru sumungku myang wotsari | sarêngan saurpaksi | nuwun sandika turipun | tan dangu wus luwaran | umêsat sing ngarsèng aji | sowang-sowang wus manjing mring têngganira ||

21. saratri wus tan winarna | ananing hotèl sang aji | muhung cinêndhak kewala | wus lêrêm sadaya sami | wênèh ana kang lagi | mangrukti mring wajibipun | ngêpaki barang-barang | bêborongan warni-warni | kagunganta ing gusti jêng sri pamasa ||

22. karana ing arinira | Sukra enjang jêng sang aji | sakalihan sri juwita | arsa kondur ngênyapuri | sawadyabala sami | kêbut tan na ingkang kantun | dhumatêng [dhu...]

--- 256 ---

[...matêng] praja arja | ing Surakarta radya di | mrih widada dumadining paripurna ||

58. Pangkur

1. kunêng wau kang winarna | sumambunge mangkya ingkang winarni | dupi sampun wancinipun | tabuh sakawan enjang | sanggyanira kang sawung samya kaluruk | dahat gumyah swaranira | binarung ocèhing paksi ||

2. kalawan bangingèhira | turăngga myang bêngahing kêbo sapi | sêsauran wus tanpa wus | dening wus mèh raina | kang mangkana sadaya saesthanipun | kadi mungu ring sang nata | sawadya kang maksih guling ||

3. prasamya menggal wungua | murih datan karepotaning galih | karana ri sanggyanipun | pra bakul sambiwara | wus prasamya rantap-rantap alêlaku | anglur-sêlur urut marga | mratandhani yèn wus enjing ||

4. duk samana kacarita | pan ing ngriku wontên sajuga cèthi | kêkasih dalêm sang prabu | pinudya kramèng basa | sira Nyai Kaliwon Arjawinangun | wontên jroning têngganira | sakeca dènira guling ||

5. pangoroke sêsênggoran | mèh saratri sampun tanpa ngalisik | wimbuh dahat lembonipun | ananging labanira | tyas prasêtya ing gusti jêng sang aprabu | dupi mangkya wancinira | jam sakawan sampun muni ||

6. nyi kaliwon tan kalepyan | gya garegah tangine saking guling | angadêg nyat gya lumaku | gupuh sigra anyandhak | pasêrira kêkorining têngganipun | jêglog kori wus umênga | barabat mijil lumaris ||

7. lampahnya mucang kanginan | ing mangkya wus marêk nêmbah sumiwi | wontên ing sajawinipun | kamar dalêm narendra | myang nyabawa watuk-watuk tăndha lamun | amungu ring jêng sang nata | ya ta wau jêng sang aji ||

8. dupi sampun amiyarsa | wêwatuking [wê...]

--- 257 ---

[...watuking] nyi kaliwon nulya glis | pungun-pungun ngandika rum | lah jênêng wus jam pira | ingkang antuk sabda dalêm jêng sang prabu | sru sumungku tur wotsêkar | kula nuwun jêng sang aji ||

9. mangkya sampun ri sêdhêngnya | wanci tabuh sakawan enjang gusti | dhawuh sabdaning sang prabu | dhuh babo jênêng sira | kawikana wus suwe gon ingsun wungu | marma age sira padha | dandana ywa nguciwani ||

10. nyi kaliwon tur wotsêkar | kula nuwun dhawuh dalêm sang aji | kang makatên ing sawastu | kula nuwun sandika | ing sadèrèng utawi sêsampunipun | kawula sadayanira | pan sampun samêkta sami ||

11. tuwin sampun paripurna | sangkêp sagung kapraboning lumaris | duk gusti jêng sang aprabu | miyarsa aturira | nyi kaliwon kang mangkana sakalangkung | karênan jroning wardaya | apuwara jêng sang aji ||

12. anulya ngrasuk busana | pangagêman dalêm kang cara Jawi | winarnaa nyampingipun | sawitan latar krêsna | garis miring lèrèng sêsêratanipun | sinêling parang suh brastha | caking canthing angarawit ||

13. awig ing pakirtyanira | wêdêlannya cêmêng mêlês dumêling | myang ginènês soganipun | kadi prada binabar | sumaringah waradin babaranipun | ngombak banyu lèrèngira | kawuryane ngrêspatèni ||

14. tanapi ngagêm rasukan | jas badhenan kasmir seta linuwih | binalodir bênangipun | kancana kang minulya | amalipis sauruting têpi têpung | gumêbyaring prabanira | mangkara-kara mawrêdhi ||

15. pindha soroting hyang arka | ingkang lagya ri sêdhênging têngangi | tan ana ima manawung | sumirat sorotira | maksih tangèh kalamun anggung winuwus | endah adining busana | nahan gantya kang winarni ||

16. gusti kangjêng sri dayita | abusana [a...]

--- 258 ---

[...busana] ukêl kondhe rêspati | sinayut sotya mas murup | marab-marab mangkara | lir baskara sakêmbaran katonipun | sajuga sisih trapira | amangapit nganan ngering ||

17. ngagêm nyamping latar krêsna | sêratannya linèrèng garis miring | ngarawit sinêling mungguh | yeka parang suh brastha | kasmêkannya palangi sêsutra wungu | sinêkaran mănca warna | kawuryan pating parêlik ||

18. rasukan kêbayak cêkak | sutra wilis ngangrangan myang kinancing | kancana sinotya mancur | rinonce jajar tiga | ngilat thathit prabanira sumyar mawur | wèh eramnya ingkang mulat | winulat mangkya wus wanci ||

19. wancinira hyang aruna | amarbangbang purwèngrat wus kaèksi | kadi wana kang tinunu | mega malang kawuryan | angrêgancang anèng sapucaking gunung | saplak kadi angganira | mina gung jroning jaladri ||

20. saesthane kang mangkana | kadi samya mahargya sung sêsanti | ing gusti jêng sang aprabu | tuwin jêng sri duhita | dènirarsa sami kondur angadhatun | mring praja di Surakarta | sawadyabala tan kari ||

21. mugi-mugi linulusna | karaharjan myang kalisa sanggyaning | sêsambekalaning kalbu | nanging gung winantua | suka parisuka sawadya sawêgung | gung alit jalu wanita | ngantya praptèng têmbe wuri ||

22. duk samana wancinira | sampun munya gathita gangsal enjing | para wadya èstri jalu | wus sami asiyaga | myang wus samya majibi sajuru -juru | sakapraboning lumampah | gumolong saeka kapti ||

23. ya ta mangkya jêng sang nata | sakalihan gusti jêng juwita ji | sampun têdhak sigra laju | anitih ponang rata | swandana di otomobil ingkang sampun | samêkta sangkêping lampah | dumunung wontên madyaning ||

--- 259 ---

24. paretaning hotèl Homan | samantara wau ponang rata di | sinindhikara munya sru | gora rèh maèbêkan | gumarênggêng anggêrêng gumrah gumrunggung | sapangu sigra lumampah | gêgancangan urut margi ||

25. tinut wuntat sanggyanira | ponang otomobil pandhèrèk sami | anglur-sêlur swaranipun | gumuruh sêsandêran | tanpa mêndha gung pinêlak[5] lampahipun | ing ênu wus tan winarna | wus lêpas dènya lumaris ||

26. nêngna wau winursita | ingkang nguntapakên kondur sang aji | para agung kang jêjuluk | ya Plaksêlêg Komandhan | Tuwan Wèmpê kalawan pramodanipun | praja di Bandhung nagara | Jêng Tuwan Èkên wêwangi ||

27. tuwin sira sang bupatya | prajèng Bandhung kang pinudya ing krami | anêggih Radyan Tumênggung | Wiranatakusuma | sanggyanira wau wus samya anjujug | nèng sêtatsiun prasamya | manganti rawuh narpati ||

28. mangsuli caritèng ngarsa | enggalira lampahing otomobil | titihan dalêm sang prabu | tan dangu sampun prapta | wontên sêtatsiuning ratagni Bandhung | jêng sang prabu sakalihan | gusti jêng sri juwita ji ||

29. wus tumêdhak saking rata | ingkang nguntapakên wau prasami | gupuh-gupuh gya tumundhuk | ing ngarsa dalêm nata | têtabean wus waradin nulya laju | Tuwan Wèmpê ri saksana | umatur ring jêng sang aji ||

30. kula nuwun sri narendra | bidhal kula punika wau mawi | winêling sudarèng prabu | ingkang tyas wicaksana | nênggih tuwan lègêr komandhan palungguh | apan kinèn ngaturêna | ing tabenipun sarimbit ||

31. katur tuwan sakalihan | Kangjêng Ratu Êmas sri juwita ji | saha badhe konduripun | sang prabu sakalihan |

--- 260 ---

sudaranta sasuwami sung pudya yu | dhèrèkakên kasugêngan | lawan malih angaturi ||

32. ingkang măngka pahargyanta | ungêlira ing bataliyun musik | dahat karênan sang prabu | myarsa atur mangkana | apuwara jêng sang prabu ngandika rum | sajarwaa wus sun tămpa | sakamantyan trima kasih ||

33. balik mêngko tabeningwang | sakaroron kinirimna umaring | ingkang wicaksanèng kalbu | tuwan lègêr komandhan | saswamine lan sagung atmajanipun | Tuwan Wèmpê rum turira | nuwun sandika sang aji ||

34. Tuwan Wèmpê laju sigra | nganthi gusti kangjêng sri juwita ji | Jêng Tuwan Èkên gya laju | nganthi gusti sang nata | gumarêdêg bayak-bayak lampahipun | Bupatyèng Bandhung prajarja | myang wadyendra gung tut wuri ||

35. pinahargyan ungêlira | sêsêtelan ing bataliyun musik | dahat umyung swaranipun | lêlagon gêndhingira | pan Wilhèlmês pan nao araras rum |[6] mawèh asrining jronira | sêtatsiuning ratagni ||

36. datan dangu duk samana | tindak dalêm gusti jêng sri bupati | tuwin jêng sri narpawadu | wus manjing sajronira | ing wahkamêr măngka palêrêman prabu | Tuwan Wèmpê lawan sira | Jêng Tuwan Èkên tan kari ||

37. wus samya lênggah satata | sanggyanira para pandhèrèk sami | samya nêmbah makidhupuh | umanggèn sajawinya | ing wahkamêr palêrêman dalêm prabu | bêbanjêngan lungguhira | ginatra sabilik-bilik ||

38. dupi mangkya wancinira | jam satêngah ênêm enjang wus muni | rata titihan sang prabu | dhirèksi wastanira | kang ginandhèng lawan èksêprès pan sampun | amangangkrang asmunira | manganti ring jêng sang aji ||

39. lokomotipnya kumrangsang | yèn rinaras kawuryanira [kawuryani...]

--- 261 ---

[...ra] kadi | ngaturi ring jêng sang prabu | nulya menggala têdhak | dening sanggya pangruktining rata latu | èksêprès wus tan kuciwa | saweganirèng lumaris ||

40. kalawan wus wancinira | lumaksana punika wanci enjing | mila menggala sang prabu | anitih angganira | bok kadangon sêlak têlas wancinipun | makatên kawuryanira | raras asmuning ratagni ||

59. Dhandhanggula

1. wus pinunggêl kang sêkar kawuri | ri saksana kang sêkar sarkara | duking wau sakèndêle | ing musik bataliyun | tanapi wus praptaning wanci | anênggih bidhalira | ponang rata latu | jêng sang prabu rum ngandika | maring Tuwan Wèmpê sagotranya sami | mangkana wêdharira ||

2. dhuh sudara rèh mêngko wus wanci | budhalira ing rata pawaka | sun minta mit katuwone | arsa wangsul ngadhatun | maring Surakarta nagari | marmanta saudara | sagotranta sagung | kariya lulus raharja | Tuwan Wèmpê duk tampi sabdèng narpati | andhêku rum turira ||

3. kula nuwun jêng sri narapati | sabda tuwan kang kadi mangkana | sampun kula tampi mangke | atur kula sadarum | sakalangkung nuwun sang aji | mugi-mugi antuka | ing pangèstunipun | paduka jêng sri narendra | botên langkung kula sagotra prasami | munajad ing Hyang Suksma ||

4. gèn paduka arsa ngênyapuri | kondur dhatêng prajèng Surakarta | ri punika sri pamase | mugi-mugi winantu | widadaning suka basuki | tumrah mring garwa putra | sakukuban prabu | ingkang ngantya praptanira | têmbe wuri ing siyang pantara ratri | gung suka parisuka ||

5. duk sang prabu miyarsa aturing | Tuwan Wèmpê kang kadi mangkana | sru karênan sri pamase | anulya ngandika rum | dhuh sudara sagotra sami | sagunging pamudyanta |

--- 262 ---

kang mangkana iku | lah rêngênta saudara | pan ing mangkya sayêkti wus sun tampani | lawan sukaning driya ||

6. sumawana dahat trima kasih | sigra laju jumênêng sadaya | têtabean puwarane | gantya-gantya myang sampun | kawaratan sadaya sami | ri sampunnya mangkana | gya tindak sang prabu | prasamya kanthènan asta | wus tan pae lawan duk rawuh sang aji | gumrêdêg tindakira ||

7. pinahargyan bataliyun musik | Wilhèlmês pan nasao gêndhingnya | dahat umyung ing swarane | gumêrah araras rum | ruming swara amilangoni | ngèbêki ing jronira | panti sêtatsiun | mawèh beramaning driya | datan dangu gusti jêng sri narapati | tuwin jêng sri dayita ||

8. wus umanjing grêbonging ratagni | sagung para ingkang wadyabala | sampun kêbut samoane | sapangu ungêlipun | bataliyun musik nulya glis | sinuwuk wus tan munya | loncèng sêtatsiun | pratandhane sung sasmita | lampahira èksêprès narik dhirèksi | titihan dalêm nata ||

9. apan sampun tinabuh kaping tri | cumarêngkling kapyarsaning swara | sinauran ing unine | ploiting rata latu | cumalêring dahat mêlingi | tăndha rata pawaka | wus sangkêp ing laku | gumaludhug lampahira | myang sumêmbur asêping ponang ratagni | angèsès swaranira ||

10. para agung wau ingkang sami | nguntapakên ing gusti sang nata | samya ngumbulkên astane | kumitir ting karacung | yèku măngka pracihna dening | dahat sarjuning driya | myang bage rahayu | binarunging ungêlira | bataliyun musik lêlagonan gêndhing | marês kondur narendra ||

11. nganyut-anyut swaranira kadi | wanodya yu kang nêmbe kataman | pasihanta [pa...]

--- 263 ---

[...sihanta] kalulute | ananging dèrèng nutug | brangtanira jronirèng kapti | anulya ingoncatan | ring kalulutipun | têmahan kari anggana | wanodya yu brangtanira wus tanpa wis | wuwuse manuhara ||

12. rarasira rinipta ing tulis | adhuh babo gusti kang wèh brăngta | siyang dalu mring dasihe | dene dèrèng anutug | anggèn kula marêk ngladosi | têmahan mung tinilar | balênyêng wak ulun | dasihe kari gung rimang | dhuh bandara tega timên mring pun dasih | kang dahat kawlas arsa ||

13. dosa kula punapa sang pêkik | lah punapa kacuwaning karsa | duk samana darunane | dènyamba monging kayun | maksih kirang marta samèni | dhuh babo sang wèh brăngta | bok lamun kadyèku | aksamanên dasihira | sampun ngantya paduka rêngat ing kapti | tiwas lamun mangkana ||

14. mung samangkya dasihira gusti | sung pratignya prasêtyaning driya | mring paduka satuhune | sanadyan sang binagus | nilar dhatêng dasih ta gusti | sampun botên dumadya | masguling tyas ulun | wus narima jroning driya | botên langkung kawula mung sung sêsanti | lulusing maharjanta ||

15. winantua sukaning panggalih | ngantya praptèng têmbe wurinira | kinalisna sangsayane | amung ta dasihipun | ingkang anggung kari mong kingkin | mugi-mugi antuka | usadèng mong gandrung | makatên ta esthanira | swaranira ponang bataliyun musik | marês kondur narendra ||

16. wus palastha pangestha esthaning | marês kondur dalêm jêng sang nata | amangsuli caritane | kang wus winahyèng ngayun | dupi gusti sri narapati | uningèng umbulira | astaning pra agung | mangkana jêng sri narendra | sakalihan gusti jêng sri juwita ji | pan sami [sa...]

--- 264 ---

[...mi] kawistara ||

17. dahat dera karênaning galih | sigra sarwi aparing waluyan | samya ngumbulkên astane | kumitir katonipun | pratăndha sung bage basuki | ri sampunnya mangkana | wau lampahipun | ing ratagni wimbuh saya | sru pinêlak kewala tan tolih wuri | sumêbut ta taha |[7]|

18. sinarêngan păncawora tarik | sindhung riwut lawan aliwawar | wor prakêmpa panêmpuhe | gora rèh gumarubug | singa ingkang tinêmpuh yêkti | sirna gêmpang syuh brastha | singa parêk kombul | andêdêl mring jumantara | kêkalangan kadya angganing sèpêlin | sakêdhap tibèng kisma ||

19. tumalorong gumêbrug kapyarsi | lawan ana sawênèh kumrosak | ting jarêthot suwarane | darunèng mandira gung | kang tinêmpuh ing bajrapati | têmahan kang pang sêmpal | rungkat dhangkèlipun | ingkang rawe-rawe rantas | ingkang malang-malang putung labêd dening | prabawaning narendra ||

20. wus mangkana wau dyan winarni | sanggyèng para agung ingkang samya | nguntapkên kondur pamase | wus luwaran sadarum | sowang-sowang dènya lumaris | anane tan winarna | malih kang winuwus | kondur dalêm sri narendra | salêbêtnya wontên grêbonging ratagni | pan mawi linadosan ||

21. dhahar dalêm irisaning roti | ingkang mawi ingosèr martega | winoran ing irisane | ulam lidhah myang kèju | tuwin pate kalawan malih | sosis brut sinarêngan | toya Wlandi limun | winoraning ès prongkolan | amêpêki tan ana kang nguciwani | ananing lêladosan ||

22. sampun dhahar gusti jêng sang aji | tuwin sampun angunjuk minuman | sagung kang para panèrèk[8] | ugi sampun angunjuk | myang wus [wu...]

--- 265 ---

[...s] dhahar irisan roti | tan ana kaliwatan | nêngna kang winuwus | mangkya gantya kacarita | kang umêthuk sing Surakarta praja di | siwi bantyèng sri nata ||

60. Sinom

1. ya ta gampiling carita | ingkang winarna kariyin | siwi bantyaning narendra | yèku ingkang mêntas saking | sinêdhahan sumiwi | ing kangjêng tuwan guprênur | pinahargyèng bojana | dhine gala anèng palis | senopati pêpati Ngayogyakarta ||

2. Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Pakualam tuwin | ingkang garwa sampun budhal | sawadya nitih ratagni | saking Bandhung radya di | gêgancangan lampahipun | sapangu sampun prapta | ing urut têpis wiringing | ngarga kuthèng Garut alon lampahira ||

3. yun nyarêngi kondurira | ing gusti jêng sri bupati | ya ta enggaling carita | mangkya lampahing ratagni | sapangu sampun prapti | ing sêtatsiun Cibatu | ya kèndêl mung sakêdhap | ginandhèng lan kang ratagni | ingkang kagêm titihan dalêm narendra ||

4. kondur dhatêng Surakarta | wau ta ponang ratagni | maksih ngangkrêng datan mobah | karana maksih manganti | sampating dènya ngrukti | panggandhènging grêbongipun | lan ratagni kang prapta | saking ing Bandhung nagari | dupi sampun paripurna panggandhèngnya ||

5. duk samana jêng sang nata | nimbali mring kangjêng gusti | Pangeran Dipati Arya | Pakualam myang kang swami | kinèn samya anunggil | sagrêbong titihan prabu | wau kang tinimbalan | gupuh dènira lumaris | ngabyantara ing rama jêng sri narendra ||

6. amabukuh ngèstu pada | wus mangkana jêng sang aji | ngandika rum wahyanira | dhuh kulup pangran dipati | budhalira ing nguni | saka Yogyakarta kulup | ana ing ari apa | ingkang [ing...]

--- 266 ---

[...kang] antuk sabdèng aji | tur wotsêkar kula nuwun kangjêng rama ||

7. bidhal amba duk samana | sapêngkêr dalêm rama ji | saking palis prasadendah | sang prabu ngandika malih | lah apa sira kaki | sakaron padha rahayu | jêng gusti tur wotsêkar | barkah pangèstu narpati | putra tuwan kawula sami raharja ||

8. sakèndêling pangandikan | kangjêng gusti myang suwami | pinaringan dhêdhaharan | roti sêkul ingkang mawi | martega atanapi | sinung pate lidhah kèju | minuman warna-warna | myang sarutu datan kari | ri sampunnya rinêsêpan ananira ||

9. kunêng gantya winursita | rêroncènira ing kawi | winangun gancanging kata | ya ta ingkang bidhal saking | Surakarta praja di | mêthuk kondur dalêm prabu | sira sang narpatmaja | kangjêng pangran angabèi | sumawana raka dalêm sri narendra ||

10. yeka sang narendra putra | kang piniji nunggil kardi | sira Kangjêng Pangran Arya | Purbadiningrat wêwangi | anulya kang ngarèni | rayi dalêm jêng sang prabu | sira Jêng Pangran Arya | Mangkudiningrat prasami | ngagêm cara Walandi militèr seta ||

11. myang sikêp sabêt larakan | Tuwan Dhêlanowah ugi | mêthuk praptèng Yogyakarta | sêsarêngan dènya nitih | garêbonging ratagni | lawan siwi bantyèng prabu | sira Jêng Pangran Arya | Natapraja asarimbit | lan kang garwa putri dalêm sri pamasa ||

12. sumawana Dyan Mas Arya | Padmanagara wêwangi | ugi srimbit lan kang garwa | putri dalêm jêng sang aji | sadaya wau munggwing | klas sajuga grêbongipun | wadanèng kartipraja | Tuwan Radhê Makêr ugi | mêthuk kondur dalêm gusti jêng sang nata ||

13. nunggil grêbong klas sajuga | de siwi bantyèng narpati | saha garwa pamêthuknya | prasamya ngantya dumugi |

--- 267 ---

Tasikmalaya tuwin | ing sira wadananipun | kartipraja samana | pamêthuknya pan dumugi | sêtatsiun ing nagri Bandhung prajarja ||

14. enggaling ponang carita | kang ratagni wus lumaris | gêgancangan lampahira | cinêndhak mangkya wus prapti | ing Tugu kang ratagni | para sang narendra sunu | myang Tuwan Dhêlanowah | sadaya wus mandhap sami | gya umanjing maring wahkamêr sadaya ||

15. tan antara dangunira | ya ta wau kang ratagni | gya lumampah sampun lêpas | ing ênu wus tan winarni | tangèh lamun rinukti | rêroncène ingkang mêthuk | muhung mèt gampilira | wau siwi bantyèng aji | ing mangkya wus prapta ing Tasikmalaya ||

16. manganti kondur narendra | tan antara dangu nuli | kapiyarsèng swaranira | sumênthiting ponang ploit | dahat dera cumlêring | yèn rinaras swaranipun | satuhu esthanira | yayah kadya sung udani | èksêprès kang tinitihan jêng sang nata ||

17. mèh praptèng Tasikmalaya | marma para ri sanggyaning | kang mêthuk kondur narendra | sampun kongsi weyèng galih | cumêpaka prasami | anèng don saparlunipun | karana ponang rata | èksêprès mangkya wus prapti | wontên sêtatsiun ing Tasikmalaya ||

18. datan dangu kèndêlira | mung sapangu gya lumaris | kalamun wus lumaksana | nora kêna dèn sayuti | dening ponang ratagni | dahat dènya amangèstu | ing tata pranatanya | dhirèkturing kang ratagni | ingkang sampun inganggêp salaminira ||

19. nêngna malih winursita | sagung kang samya manganti | wontên ing Tasikmalaya | mêthuk kondur dalêm aji | pra siwi bantyèng aji | ingkang wus winarnèng ngayun | dupi wus sami myarsa | cumlêringing ponang ploit | gupuh [gu...]

--- 268 ---

[...puh] gènnya umanggèn gon saparlunya ||

20. mung sakêdhapirèng netra | èksêprès pan wus kaèksi | saya sêngkut lampahira | kawistaraning ratagni | yayah kadya angganing | sêsato jroning wana gung | janggurêng wandanira | thêlêng lir darbe pangèksi | ulat galak gumaludhug lampahira ||

21. asmunira tan sangsaya | dènira lumakyèng kardi | malah-malah katonira | nadyan winêwahan malih | ingkang samya anitih | datan wiyang lampahipun | maksih sagah kewala | tan na kang winalang kapti | pan makatên asmuning rata pawaka ||

22. maksih lulus lampahira | dumarojog tanpa siring | cumalêring ploitira | kawistaraning ratagni | sinayut lampahnya ris | dening mangkya pan mèh sampun | praptèng don kang sinêdya | pakèndêlaning ratagni | wus mangkana wau kang rata pawaka ||

23. sampun praptèng sangajêngnya | sêtatsiuning ratagni | nênggih ing Tasikmalaya | sigra punggawèng ratagni | kang pinatah majibi | amangrênggêp rèming sêpur | anulya ge rumagang | amutêr rèming ratagni | sarosanya èksêprès kèndêl sakala ||

24. kumrangsang lokomotipnya | wêdaling asêp kapyarsi | gung angèsès swaranira | kêbulnya kumêluk kèksi | anggêmbulêng pan kadi | jaladhara angêndhanu | kunêng wau winarna | dupi sang prabu udani | putri dalêm saha garwa ingkang samya ||

25. umêthuk kondur narendra | nulya gusti jêng sang aji | ngandika rum wahyanira | adhuh putraningsun nuli | manjinga marang jroning | garêbong sêpur sadarum | kang antuk sabdèng nata | umatur saha wotsari | kula nuwun anênggih dhatêng sandika ||

26. wus malbèng grêbong sadaya | umarêk ngarsèng sang aji | myang wus samya [sa...]

--- 269 ---

[...mya] ngèstu pada | lawan marikêlu sami | wau ta jêng sang aji | laju malih ngandika rum | dhuh babo putraningwang | sapungkur ingsun salami | prajaningsun lah apa iya raharja ||

27. ingkang antuk sabdèng nata | umatur myang awotsari | kula nuwun sudarmamba | musthikaning nuswa Jawi | koningana rama ji | sapêngkêr dalêm sang ulun | ing nagri Surakarta | pangèstu dalêm rama ji | widadarja tan wontên sangsayanira ||

28. duk sang prabu amiyarsa | aturing putra sayêkti | ing netyasmu kawistara | dahat rênaning panggalih | samantara tumuli | lêloncènging sêtatsiun | sampun tinatap munya | rambah ping tri cumarêngkling | sinauran ploiting rata pawaka ||

29. cumalêring swaranira | kang ratagni gya lumaris | gumaludhug swaranira | asêpnya ngèsès mawanti | lampahnya maksih rindhik | datan dangu dyan sinêru | ingêpor lampahira | enggalira sampun prapti | ing Karoya karsa dalêm sri narendra ||

30. amundhut sawarninira | dhêdhaharan ingkang saking | rèsturan rata pawaka | samantara wus lumadi | kalawan wus waradin | prasamya dhahar sadarum | tan ana kaliwatan | sawadyabalèng narpati | ya ta mangkya lampahing rata pawaka ||

31. sangsaya dahat kawuryan | pinêlak dera lumaris | sru sumêbut pindha kilat | nyindhung-riwut urut margi | ngutu tan tolih wuri | myang angakak swaranipun | nêngna enggaling kata | para ingkang mêthuk saking | ing prajarja Yogyakarya Adiningrat ||

32. yèku para agung samya | ingkang winarna kariyin | pêparab Pangran Dipatya | Arya Danurêja nênggih | mantri mukyèng narpati | nulya sang narendra sunu | Kangjêng Pangran Dipatya | Arya Angabèi tuwin |

--- 270 ---

sumambunge sira sang narendra putra ||

33. Gusti Kangjêng Pangran Arya | Buminata atanapi | Gusti Kangjêng Pangran Arya | Mangkukusuma wêwangi | anulya kang ngarèni | sira sang narendra sunu | Gusti Jêng Pangran Arya | Adikusuma lan malih | yeka ingkang minăngka pamungkasira ||

34. sira sang narendra putra | wasta Gusti Suatmaji | laju cinêndhak kewala | samoanya wau sami | sampun samêkta sami | wontên madyèng sêtatsiun | ing Tugu sinaroja | manganti kondur narpati | ing netyasmu mangayun-ayuning driya ||

35. lawan musik kang minăngka | pahargyan kondur narpati | sumawana mêminuman | srutu kang măngka sêsaji | samya saking jro puri | ing Yogyakarta pan sampun | rinukti nèng madyanya | sêtatsiuning ratagni | ing Tugu wus datan ana kang kuciwa ||

36. kawangwang saking mandrawa | pangruktine ngrêspatèni | myang iyêking sanggyanira | para agung ingkang sami | mêthuk kondur sang aji | sadaya kawuryanipun | samya tyas parisuka | datan ana kang kaèksi | kasangsaya sinangsaya ing wardaya ||

61. Pangkur

1. sêkar pangkur kang gumantya | amangsuli kang wus winarnèng ngarsi | ri saksana para agung | sampun manjing sadaya | maring jroning wahkamêring sêtatsiun | ing Tugu sapangkat-pangkat | bêbanjêngan lênggah kursi ||

2. dèrèng dangu lênggahira | kapiyarsa swaraning ponang ploit | cumalêring nganyut-anyut | pratăndha sung sasmita | èksêprès kang tinitihan jêng sang prabu | ing samangkya wus mèh prapta | para agung ingkang sami ||

3. lênggah anèng sajronira | ing wahkamêr wau dupi miyarsi | cumlêringing ploitipun | ing ratagni sakala | nulya samya umijil saking jronipun |

--- 271 ---

ing wahkamêr sêsarêngan | manggèn gon sabilik-bilik ||

4. tan antara dangunira | kang ratagni dumrojog sampun prapti | mênggah-mênggah swaranipun | gumludhug lampahira | asmunira ngorong lir kasatan ranu | wus praptèng tugu kawuryan | janggêrêng tan mobah mosik ||

5. para agung ingkang samya | mêthuk kondur dalêm wau nulya glis | gurawalan lampahipun | binarung ungêlira | Wilhèlmês pan nasao musik gumuruh | mahargyèng rawuh narendra | araras rum kapiyarsi ||

6. mangkana jêng sri narendra | gya angawe ring pra agung kang sami | mêthuk anèng sêtatsiun | sigra pra agung samya | dupi wikan pangawe dalêm sang prabu | sangsaya sru lampahira | wus manjing jroning ratagni ||

7. dyan umarêk ngarsèng nata | kang kaprênah wrêdha nulya prasami | makidhupuh marikêlu | dene kang nèm prênahnya | makidhupuh marikêlu lan wotsantun | sira Arya Danurêja | kang dumadya ing pangarsi ||

8. ri saksana tur wotsêkar | kula nuwun dhuh gusti jêng sang aji | kawula samoanipun | sami atur pambagya | widadaning kasugêngan dalêm prabu | jêng sang prabu rum ngandika | mangkana sabdèng narpati ||

9. lah Dipati Danurêja | aturira kabèh wus sun tampani | bangêt trima kasih ingsun | lah balik jênêng sira | kabèh apa padha widada rahayu | ingkang antuk sabdèng nata | gya andhêku tur wotsari ||

10. dhuh gusti musthikaningrat | abdi dalêm amba sadaya sami | ing barkah pangèstunipun | paduka sri narendra | kula nuwun pan sami lulus rahayu | anjawi saking punika | rayi dalêm jêng sang aji ||

11. jêng sinuhun kangjêng sultan | angaturi sêsêgah kang sumaji | konjuk ngarsa dalêm [dalê...]

--- 272 ---

[...m] prabu | awarni mêminuman | tuwin srutu kawula cumadhong dhawuh | ya ta wau jêng sang nata | pangandikanira aris ||

12. hèh Dipati Danurêja | lah matura iya mring yayi aji | pasihanta yayi prabu | satuhu kang mangkana | ing samêngko wus ingsun tămpa sadarum | kaliwat kapasang yogya | bangêt nêdha nrimami |[9]|

13. marma nuli ladèkêna | tur sandika nêmbah sang nindyamantri | wus sumaos ngarsèng prabu | waradin saha bala | myang wus samya rinêsêp pan sanggyanipun | satuhu wus tan kuciwa | pangruktining kang sêsaji ||

14. nahan gantya winursita | pangruktining wau ponang ratagni | dupi sampun wancinipun | arsa bidhal lumampah | jêng sang prabu nulya malih ngandika rum | ring sira sang mantri muka | linuting têmbung mêmanis ||

15. hèh Dipati Danurêja | kabèh bae rèh mêngko wus winanci | èksêprès arsa lumaku | lah iya sira padha | ge mundura kariya padha rahayu | kang antuk sabdèng narendra | sru sumungku tur wotsari ||

16. kula nuwun jêng sang nata | dasih tuwan amba sadaya sami | nuwun sandika sang prabu | tanapi wahyanira | sabdotama dalêm gusti jêng sang prabu | pinundhi kalingga murda | ingêmbun salami-lami ||

17. mugi-mugi dumadosa | pisarating yuwanamba prasami | botên langkung jêng sang prabu | dasih tuwan sadaya | dhèrèkakên kasugêngan dalêm prabu | dhawuh sabdaning narendra | iya bangêt trima kasih ||

18. wau ta sang mantri muka | gya manêmbah lumèngsèr sing ngarsa ji | myang para narendra sunu | ing nagri Yogyakarta | wus prasamya manêmbah wênèh sumungku | sigra mêsat sing ngarsendra | tut wuntat ing kyana patih ||

19. wus umijil sing jronira | garêbonging titihan [ti...]

--- 273 ---

[...tihan] dalêm aji | umanggèn samadyanipun | ing sêtatsiun samya | angarompol tinata sajuru-juru | manganti ing lampahira | ratagni titihan aji ||

20. laju mangkya winursita | siwi bantya dalêm gusti sang aji | ingkang wus winarnèng ngayun | Kangjêng Pangran Dipatya | Arya Pakualam saha garwa laju | umarêk ngarsèng narendra | tur wotsêkar minta pamit ||

21. ing rama jêng sri narendra | kula nuwun dhuh rama jêng dewa ji | rèhning sampun praptèng Tugu | mugi sampun dumadya | kuciwaning panggalih dalêm sang ulun | kawula myang atmajanta | adhi ajêng dhuh rama ji ||

22. kula nuwun sami minta | pangaksama dalêm kangjêng rama ji | botên sagêd atut pungkur | dhèrèk kondur paduka | ngantya praptèng salêbêtirèng kadhatun | ing praja di Surakarta | karantên wêkdal samangkin ||

23. sawêg kathahing pakaryan | ingkang kêdah amba pêlêng rama ji | botên langkung rama prabu | kawula myang putranta | adhi ajêng dhèrèkakên lulusipun | kasugêngan dalêm rama | duk gusti jêng sri bupati ||

24. miyarsa ing aturira | siwi bantya dalêm jêng sang siniwi | sru karênan jroning kalbu | puwara rum ngandika | lah iya wus nora dadi ngapa kulup | kari slamêt putraningwang | ingkang putra tur wotsari ||

25. kula nuwun kangjêng rama | dhawuh sabda dalêm dahat kapundhi | ingêmbun salaminipun | mugi-mugi dumadya | jêjimating amba sasemah myang sunu | kinalisna sambekala | sing pangèstu dalêm aji ||

26. sigra Jêng Pangran Dipatya | Arya Pakualam sagarwa sami | ngèstu pada lèngsèr sampun | saking ngarsèng narendra | myang wus mijil sing grêbonging rata latu | umanggèn samadyanira | sêtatsiuning ratagni ||

--- 274 ---

27. manganti ing lampahira | rata latu titihan dalêm aji | tan antara dangunipun | ponang rata pawaka | kumarangsang dahat umyung swaranipun | binarunging swaranira | para janma kang ningali ||

28. kumaruwuk pindha rijal | ingkang munya ing wanci bangun enjing | wênèh ana suk-dhinêsuk | ting craèk swaranira | dening dènya mèt papan pikantukipun | kang kinarya mulat marang | ing gusti jêng sri bupati ||

29. nahan ri wusnya mangkana | loncèngira ing sêtatsiun muni | cumarêngkling swaranipun | tinatap kaping tiga | măngka tăndha lumampahing rata latu | titihan dalêm sang nata | ya ta wau kang ratagni ||

30. gya tumanggap ploitira | cumalêring dahat dènya mêlingi | sru angèsès asêpipun | anulya ge lumampah | pinahargya ungêling musik gumuruh | araras rum swaranira | marês lêlagoning gêndhing ||

31. yèn rinaras swaranira | nganyut-anyut pan kadya sung sêsanti | maharjanta jêng sang prabu | sasori miwah putra | sumawana para pandhèrèk sadarum | mugi anggung winantuwa | suka sênênging panggalih ||

32. nêngna wau dyan winarna | para agung ingkang samya manganti | kondur dalêm jêng sang prabu | dupi rata pawaka | wus lumampah prasamya kurmat sadarum | wênèh ana kang wotsêkar | wênèh ana ingkang sami ||

33. kawuryan dhêku kewala | jêng sang prabu karênan jroning galih | asta dalêm gya angacung | kumitir katonira | kang mangkana karsa dalêm jêng sang prabu | maringi tăndha pracihna | lulusing bage basuki ||

34. wau kang rata pawaka | lampahira wus lêpas tan kaèksi | ing marga datan winuwus | pra agung Yogyakarta | wus luwaran sowang-sowang lampahipun | wus [wu...]

--- 275 ---

[...s] pinunggêl kang carita | mangkya gantya kang winarni ||

62. Pocung

1. nêngna wau mangkya gantya sêkar pocung | ya ta kang winarna | jêro jawining pura di | ing nagari Surakarta Adiningrat ||

2. kang winuwus kariyin sang mantri ngayun | sakalihan garwa | sadaya pan sampun sami | samêktarsa mêthuk kondur dalêm nata ||

3. tan winuwus ananing busananipun | kalamun winarna | ananing busana yêkti | karoncènên mung mamèt enggaling kata ||

4. nanging namung labuhanta sang nindya nung | kang rinênggèng basa | bêbasan tan madal sumbi | sumbaganing wardayambêk martotama ||

5. taman limut maring kasusilanipun | sumungku prasêtya | ing gusti jêng sri bupati | tan kumêdhèp ulah kridhaning nagara ||

6. karana wus kalakyan salaminipun | nistha madyotama | sadaya pan sampun sami | kacakup nèng astanya sang mantrimuka ||

7. satata mung pinêlêng wus datanpa wus | winawasing driya | mamrih arjaning praja di | mindêng dènya ngrênggêp pusaraning praja ||

8. jamakipun kang mangkana sang nindya nung | satuhu pranyata | pinunjul samèng dumadi | kang kadyèku pantês kinarya darsana ||

9. marmanipun karsa dalêm jêng sang prabu | yêkti wus tan lăngka | misudhèng sang nindyamantri | kabyawara ring para wadu wandawa ||

10. sanggyanipun wau samya tampi dhawuh | lamun nawungkrama | konjuk sandhaping pada ji | ingkang mawa mursitèng sang mantrimuka ||

11. ywa kalimput pangrarase ukara rum | mawa rêrakêtan | wau risang nindyamantri | pan winênang sinêbut putra sampeyan ||

12. wosing wuwus karana darunanipun | sang nayaka waktra | pinulunggana dumadi | siwi bantya dalêm gusti jêng sang nata ||

13. miwah wimbuh katarima [katari...]

--- 276 ---

[...ma] sang nindya nung | kaonang dènira | mangrênggêp pusarèng nagri | pênêd kadya ingkang wus winahyèng ngarsa ||

14. tuwin sagung panêkare sang nindya nung | gung alit sadaya | samyantuk martaning galih | tan ana kang rinêngat sang mantrimuka ||

15. marmanipun kang para panêkar sagung | samya kawistara | gumolonging tyas prasami | sru sumungku prasêtyèng sang mantrimuka ||

16. lawan sayuk iyêk mabipraya saguh | sagahing wardaya | rinèh sagunging pakarti | nirbita nut tan wiyang praptaning lena ||

17. labanipun mèngêt lêlabuhanipun | lawan susilanta | sira risang nindyamantri | têmah kasok kasongan tyas martotama ||

18. gya winuwus pra bupati lawan sagung | kaliwon kang samya | umiring sang nindyamantri | mêthuk kondur dalêm jêng sri narèswara ||

19. kang kariyin sang ambêk sadu winuwus | widagda ing driya | marsudi utamèng budi | kasub ing rat Dyan Mas Arya Wuryaningrat ||

20. kang sumambung yèku sira Dyan Tumênggung | Bujanagara myang | pinudya krama wêwangi | sira Radyan Tumênggung Wăngsanagara ||

21. nulya laju kang sumundhul lampahipun | sang widagdèng driya | mumpuni ring rèh undhagi | ya ta Radyan Tumênggung Wrêksadiningrat ||

22. dyan winuwus kaliwon ingkang sumambung | kang prakosèng lampah | tan kêbluwêr anèng margi | sira Radyan Ngabèi Bujadipura ||

23. kang sumambung angarèni lampahipun | kang pinudyèng krama | kasub ing rat awêwangi | nênggih Radyan Ngabèi Wăngsadipura ||

24. sigra laju ingkang măngka pungkasipun | warujuning lampah | sampun datan nguciwani | sira Radyan Bèi Prawiradipura ||

25. sanggyanipun wau anggung atut pungkur | ring sang mantrimuka | gumarubyug [gumarubyu...]

--- 277 ---

[...g] tan ngowani | sowang-sowang wahana rata sadaya ||

26. galur sêlur urut madyaning dalanggung | tangèh yèn winarna | kaananing margi-margi | gya pinunggêl sampun lêpas lampahira ||

27. enggalipun samoanya wau sampun | prapta ing Balapan | sêtatsiuning ratagni | myang wus manjing jroning wahkamêr sadaya ||

28. tan winuwus ananing wahkamêr sagung | gantya winursita | sagung kang para prajurit | jaba jêro kang mêthuk kondur narendra ||

29. dyan winuwus ingkang măngka ing panganjur | manggalaning lampah | yeka ingkang apalinggih | Pangran Kolnèl Ariya Purbanagara ||

30. kang sumambung lampah măngka kondhangipun | tuwèdhê komandhan | litnan kolnèl apalinggih | Rahadyan Mas Ariya Priyawinata ||

31. ya ta laju panêkarnya sang wira nung | mayuring tamtama | yèku sira kang wêwangi | Rahadyan Mas Arya Kusumawinata ||

32. nulya Mayur Jayasura kang sumambung | Rahadyan Mas Arya | Wiryawinata nulya glis | ritmistêring mijipinilih winarna ||

33. lah ya iku sang tarunambêk wira nung | kaonanging basa | sira ingkang awêwangi | Dyan Mas Panji Brata pinilih anulya ||

34. kang sumambung yèku sira sang palungguh | Kaptin Trunasura | kaswarèng rat awêwangi | Rahadyan Mas Apanji Sumatênaya ||

35. ya ta laju irstêlitnaning wira nung | kaonanging jana | wira di mijipinilih | Dyan Mas Panji Prawira pinilih nulya ||

36. kang mangayun iya iku kang sumambung | irstêlitnanira | Jayasura ngusap wèni | Rahadyan Mas Apanji Mangkusaputra ||

63. Sinom

1. ya ta malih sumambungnya | para pratiwèng narpati | twèdhê litnaning tamtama | prajurit jro kang palinggih | sira Dyan Mas Apanji |

--- 278 ---

Căndrasaputra jêjuluk | myang twèdhê litnanira | prajurit miji pinilih | sira Radyan Apanji Tăndhasaputra ||

2. nulya twèdhê litnanira | prajurit gêlêngan Jawi | pan wira di Jayasura | sira Radyan Mas Apanji | Dipamartana nênggih | ingkang angarèni laku | tuwèdhê litnanira | Trunasura awêwangi | sira Radyan Apanji Purwadilaga ||

3. ingkang măngka pungkasira | ing lampah yeka palinggih | tuwèdhê litnan ajidan | pêparab Radyan Mas Panji | Jayaprawira sami | rêspati parabotipun | dhasar cêmêng kawuryan | kêkomplitan cara Wlandi | namung datan mawa sinung sêkudêrnya ||

4. wus sami sangkêp sadaya | sakapraboning lumaris | myang sampun sami wahana | ing rata sabilik-bilik | dupi wus mêpak sami | ratanira sang panganjur | sigra budhal lampahnya | anggung tinut wuri maring | ratanira pra panêkar wau samya ||

5. sru gumuruh swaranira | gêgancangan urut margi | sampun datan winursita | raras srining margi-margi | sagunging rata sami | sampun lêpas lampahipun | tan dangu sampun prapta | sêtatsiuning ratagni | ing Balapan wus manjing wahkamêr samya ||

6. sowang-sowang dumunungnya | sajuru-juru kaèksi | bêbanjêngan lungguhira | jajar- jajar munggwèng kursi | kawuryan ngrêspatèni | sajronirèng sêtatsiun | katon rêgêng dadakan | găngsa atanapi musik | ingkang măngka pahargyan kondur narendra ||

7. sumawana sanggyanira | parawira brêtyapati | kalawan têtindhihira | ingkang arsa angurmati | kondur dalêm sang aji | myang para undhagi sagung | ingkang sami samêkta | panataran kang rinukti | anèng jroning sêtatsiuning Balapan ||

8. ginatra sapangkat- pangkat |

--- 279 ---

dumunungira prasami | satuhu wus datan siwah | lawan duk nalikèng nguni | têdhak dalêm sang aji | raras srine tan winuwus | wus punggêl gya winarna | para janma kang ningali | agung alit jalu èstri bêbusêkan ||

9. kapiyarsèng swaranira | sru gumêdêr angidêri | saidêrirèng Balapan | myang uruting margi-margi | jibêg kèbêkan sami | datan ana sêlanipun | winulat sing mandrawa | kawistaranirèng margi | kadyangganing narmada sinetubanda ||

10. anggênggêng gamêng kawuryan | mobahing para sujanmi | ting karoyag yayah kadya | pathok kang măngka lajêring | setubanda wit dening | tinêmpuh ilining ranu | kumrasak swaranira | labêt sing magênging warih | pan mangkana anênggih pêpindhanira ||

11. nêngna wau dyan winarna | dupi mangkya sampun wanci | jam tiga siyang samana | kawistaraning hyang rawi | wus gumiwang lumaris | amracima sorotipun | sumirat mrabangkara | tan ana ima ngawêngi | sru kawangwang kumênyar ujwalanira ||

12. sumilir kang samirana | ngirit gandaning sêsari | marbuk aruming suganda | gung mangambar amênuhi | urut madyaning margi | ing Surakarta praja nung | satuhu kang mangkana | kadi samya sung sêsanti | maharjanta kondur dalêm sri narendra ||

13. ri sampunnya kang mangkana | datan dangu kapiyarsi | suwaraning kang telegram | linuting sastra sinandi | angêcêg wanti-wanti | sung pratăndha cihnanipun | lamun rata pawaka | titihan dalêm sang aji | lampahira wus mèh prapta ing Balapan ||

14. sèping sêpur samangkana | dupi mangkya wus udani | wandaning sastra telegram | sigra marah mring sanggyaning | punggawaning ratagni | ingkang anèng sêtatsiun | pan kinèn nyingkirêna | ring pra janma kang ningali | aywa kongsi [kong...]

--- 280 ---

[...si] pêrak lawan ril sadaya ||

15. karana darunanira | èksêprès ingkang dumadi | titihan dalêm narendra | ing mangkya wus arsa prapti | kang sinung ling nulya glis | gurawalan gupuh-gupuh | mastutyèng pangrèhira | sira sèping rata agni | para janma kang ningali tan lênggana ||

16. duk samana pramodanya | pangrèh prajaning praja di | Dyan Mênggung Mangunnagara | tan darana anulya glis | sung warah mring sanggyaning | para punggawanira wus | pan kinèn amranata | ring pra janma kang ningali | aywa kongsi ngèbêki madyaning marga ||

17. tinataa kang prayoga | umanggon têpining margi | nganan ngering dumunungnya | lamun mêngko jêng sang aji | wus kondur para janmi | kang umiyat wau sagung | kinèn aparikrama | agung alit jalu èstri | winaraha kinèn andhodhok sadaya ||

18. sagunging para punggawa | duk wus tampi dhawuh saking | pramodaning pangrèh praja | ingkang wus winarnèng ngarsi | saksana nulya sami | tur sandika saurmanuk | mangèstu tanpa taha | para janma kang ningali | wus tinata arantap tanpa sangsaya ||

19. gumarênggêng swaranira | agung alit jalu èstri | jibêg jêjêl yêl-uyêlan | suk-dhinêsuk rêbut ngarsi | samana amarêngi | ana janmèstri lagyaru | lan lakinya nèng wisma | wus jamake janma cêplik | rok- cinorok băngsa cangkêm karut bisa ||

20. dadi jalaraning gêndra | kongsi gobyog jroning panti | nganti dadya jêjothakan | lawan lakinira kongsi | lawase mèh sêsasi | samya datan sapa aruh | mung tansah parêngutan | dupi mangkya ingkang èstri | myarsèng warta yèn gusti jêng sri narendra ||

21. kondur saking apêpara | ingkang èstri gya murwani | nyapa aruh mring kang priya | kalayan [kalaya...]

--- 281 ---

[...n] têmbung mêmanis | mèt prana dènira ngling | dhèpèl-dhèpèl mring kang jalu | lah pakne gêndhuk sira | gilo tak olèh-olèhi | pêpanganan gonku tuku saka pasar ||

22. ingkang jalu tan lênggana | mituruti mring kang èstri | pêpanganan gya binuka | rinênggêp nulya binukti | pacake pan gumaip | asmu ngece manthuk- manthuk | karana darunanya | ingkang èstri wus kajodhi | ngajak wawuh luwar saka jêjothakan ||

23. nganggo awèh pêpanganan | rasane enak binukti | urup petunge kang priya | bisa wawuh lan kang èstri | tur ora amiwiti | lan antuk panganan wau | upama caranira | janma gramèn antuk bathi | wus mangkana nulya mojar mring rabinya ||

24. lah êmbokne gêndhuk sira | upamane kowe kuwi | bisa lulus kang mangkana | iba sênêngku tan sipi | wong wadon iku bêcik | bêkti marang lakinipun | aja sok nganggo meda | angladaki marang laki | nora bêcik lan saru rinêngwèng tăngga ||

25. lan ana kaol sung warah | wadon yèn tan bêkti nglaki | karêm ngladaki lakinya | besuk têkèng jaman akir | bakale anêmahi | antuk siksa nèng jronipun | ing naraka jahanam | kang panase nglêluwihi | nora antuk pangapuraning Hyang Suksma ||

26. apêsira jroning gêsang | nadyan sugih êmas picis | apadene rajabrana | nanging yèn tan bêktyèng laki | prasasat tanpa kardi | dening mindêng jroning kalbu | tan sinung katêntrêman | buyar sakèh kang pinikir | gampang gone kêna ing păncawisaya ||

27. nanging kosok balinira | wong wadon kang bêktyèng laki | têgêse wus tan sawala | manut tabiyating laki | tan karêm angladaki |

--- 282 ---

iku musthikaning wadu | jronira maksih gêsang | tansah antuk sihing laki | ayêm têntrêm kalising păncawisaya ||

28. lawan benjang praptanira | ing jaman kasidan jati | bakal antuk kasuwargan | tan ana siksaning Widhi | tan arip lan tan ngêlih | nikmat mupangat tinêmu | mulane ta elinga | aja mung anggêre muni | rasakêna sawiji kaol mangkana ||

29. ingkang èstri duk kataman | wuwus kang mangkana nuli | mèncêp mleroki kang priya | kêkêmbangan kuna mijil | liringe mikênani | mring tyasira ingkang jalu | kawuryan angrêrêpa | pakne gêndhuk ing saiki | aku uwis kapok jaluk pangapura ||

30. salawase nora pisan | wani manèh angladaki | kang uwis-uwis kewala | pinêndhêma jroning siti | wis tan parlu pinikir | amarga wong wis kabacut | myang cêpêt tanganira | anyablèk wêntising laki | lakinira api kagyating wardaya ||

31. sarwi bêkuh sawatara | lan èdhèg dènira linggih | anggalêgês guyunira | ingkang èstri mojar malih | bapakne aku miyarsi |[10] jare gusti jêng sang prabu | kabare wis têtela | kalamun ta dina iki | kondur saka anggèning miyos pèpara ||

32. ingkang jalu wus tan samar | pamoring têmbung mêmanis | konusing tyas nuju prana | ayo tha[11] dandana gêlis | lah iya tak êntèni | tak têrake yèn andulu | kondur dalêm narendra | ingkang èstri duk miyarsi | sojarira ingkang jalu kang mangkana ||

33. solahira drèg-êdrègan | mring pakiwan sirig-sirig | nulya adus rêrikatan | sêsampating adus nuli | umanjing jroning panti | gènnya tapihan kasusu | ubête tan rinasa | mung anggêre nganggo tapih | lan kulambi sêsèntire

--- 283 ---

katon mubyar ||

34. pupurane kandêl ngayang | alise tan pinalirit | lambe katut pinupuran | merok-meroke ngranuhi | labêt irêng kang kulit | kudu kandêl pupuripun | dupi wus sawatara | karingêtên pan kaèksi | mêlêng-mêlêng mêncèrèt basisik mangkak ||

35. komplit lan tapihanira | ubête nora pinikir | nora ngangggo linonggaran | datan sinungan pangasih | saking notoling kapti | mêlanging tyas bok kalamun | kêpancal datan wikan | kondur dalêm jêng sang aji | lakunira mung jondhil-jondhil kewala ||

36. ewadene lagonira | kang pinindha para putri | wiragane tanpa mêndha | dènira ngiling-ilingi | layangannya pribadi | sinambi lawan lumaku | ècèran èsêmira | sarimbitan urut margi | wus tan ginggang rênggang gula lan kang priya ||

37. sampun lêpas lampahira | wus ênêng datan winarni | mangsuli caritanira | ingkang wus winarnèng ngarsi | kondur dalêm sang aji | pan ing mangkya lampahipun | titihan dalêm nata | èksêprès wus kapiyarsi | ploitira munya sru angguladrawa ||

64. Dhandhanggula

1. nêngna wau mangkya dyan winarni | para agung prajèng Surakarta | ingkang mêthuk sri pamase | rumuhun kang winuwus | yèku senapatyèng ajurit | sira kangjêng pangeran | dipati dibya nung | Arya Prabu Prangwadana | saha garwa tinut wadya jalu èstri | kèhnya mung sawatara ||

2. sumawana sang mardawèng budi | ingkang mêndêng mêmardi wardaya | ingkang mamrih sayogyane | myang karta arjanipun | wêwêngkonnya ing Bayalali | kasub ing tri bawana | nênggih sang palungguh | asistèn ingkang pêparab | sira Tuwan Popêlir myang sèkrêtaris | sadaya wau samya ||

--- 284 ---

3. wus wahana rata otomobil | sigra budhal gumruh swaranira | gêgancangan ing lampahe | tutêr myang klatsonipun | gung umyangan samargi-margi | wus lêpas lampahira | sapangu pan sampun | samya rawuh ing Balapan | kalawan wus manjing ing wahkamêr sami | sami lênggah satata ||

4. ananira wus datan winarni | nêngna malih mangsuli carita | lampahira ponang èkprès | titihan dalêm prabu | saya pêrak dera lumaris | ngrêgêmêng katonira | kukusnya kumêlun | anggêmbulêng ngampak-ampak | tinêmpuhing ponang păncawara tarik | warata lêlimêngan ||

5. samangkana nulya ana kèksi | gêbyar-gêbyar kênyaring ujwala | labêt dening darunane | katlêkop ingkang mêncu | muncar-mancur anèng wurining | sêkur sêtin kang dadya | dêdalaning kukus | kapanduk soroting surya | sumambirat sumorote ngilat thathit | wèh eraming wardaya ||

6. ploitira amunya mêlingi | nganyut -anyut rarasing suwara | cumalêring saesthane | sung wikan yèn sang prabu | sakalihan jêng pramèswari | wus kondur sing pêpara | sawadya rahayu | marma para sanggyanira | ingkang mêthuk kondur dalêm jêng sang aji | laju menggala mêpak ||

7. mênggah-mênggah swaraning ratagni | asmunira ge-agea prapta | abalapan kawuryane | lampahnya gumaludhug | sru sumêmbur kang bajrapati | tumêmpuh ing bantala | lêbu-lêbu kombul | sumawur nèng dirgantara | amimbuhi lêlimêngan ing wiyati | yayah têdhuh kawuryan ||

8. gung sinêru lampahing ratagni | waringutên tan tolih ing wuntat | pan ambêrung kawuryane | wus lêpas lampahipun | sapandurat sampun kaèksi | saking madyèng Balapan | ponang rata latu |

--- 285 ---

sinayutan ing rèmira | apuwara lampahnya gumludhug aris | nêngna wau winarna ||

9. sanggyèng para agung kakung putri | sumawana sagung wrahatbala | ingkang mêthuk sri pamase | ingkang sampun dumunung | sêtatsiun Balapan sami | dupi wus amiyarsa | ing suwaranipun | ploiting rata pawaka | nganyut-anyut cumalêring amêlingi | gupuh sami samêkta ||

10. parikrama anèng samadyaning | ngèmpèrira sêtatsiun samya | sajuru-juru katone | ginatra tan tumpang suh | ting cangungong samya ngungaki | dhumatêng lampahira | ponang rata latu | titihan dalêm sang nata | ing netyasmu dahat dènya ngarsi-arsi | kondur dalêm narendra ||

11. saya pêrak lampahing ratagni | angrêgunuk alon lampahira | kumarangsang suwarane | angorong labêtipun | dening wau ponang ratagni | sru kasok lampahira | mèh kasatan ranu | ing mangkya wus kawistara | kang ratagni dumarojog sampun prapti | sêtatsiun Balapan ||

12. kalamun wus datan mobah mosik | minggu kadi tugu sinukarta | anjênggurêng kawuryane | pasêmon sêmunipun | angganira ponang ratagni | akumyus wêdalira | ing karingêtipun | ting parêntul daleweran | ananging wus tan rinasa ing sadêni | makatên asmunira ||

13. ri sampunnya mangkana winarni | sira Tuwan Kopêlir anulya | gupuh-gupuh ing lampahe | mrêpêki grêbongipun | rata latu ingkang dumadi | titihan dalêm nata | dènira dumunung | umarêk sapêrakira | wiwaranya ratagni titihan aji | umanggut parikrama ||

14. jêng sang prabu anulya nampèni | sarwi dahat netyasmu kawuryan | sru karênan sri pamase | tan dangu korinipun |

--- 286 ---

kang ratagni titihan aji | rinênggêp wus umênga | ri saksana laju | wadya dalêm sri narendra | pra undhagi pan samya iyêk mangrukti | anata panataran ||

15. ingkang badhe kagêm jêng sang aji | sakalihan gusti sri dayita | myang para garwa pangrêmbe | tindak saking jronipun | grêbongira ponang ratagni | wus sampat paripurna | ing pangruktinipun | Tuwan Popêlir anulya | gupuh munggwèng panataran kang rinukti | sigra tangkêpan asta ||

16. lawan gusti jêng sri narapati | sumawana gusti sri dayita | bage sugêng pradikane | wus sampat nulya laju | yèku sira Tuwan Popêlir | nganthi mring sri dayita | ya ta tindakipun | tumurun saking jronira | garêbonging ratagni sang raja putri | kawuryan lampahira ||

17. ririh aris rarasnya rêspati | datan têbih gusti sri narendra | kang para garwa pangrêmbe | satata atut pungkur | tindak dalêm jêng sri bupati | arampak bayak-bayak | raras sri dinulu | sagung para wrahatbala | jalu èstri gumolong samya tut wuri | umiring sri narendra ||

18. gumarubyug dènira lumaris | sru gumuruh swaraning pahargyan | musik găngsa Kodhokngorèk | myang munggang parêng umyung | mawurahan swaraning gêndhing | gumêrah maèbêkan | jroning sêtatsiun | araras rum yayah kadya | manambrama kondur dalêm jêng sang aji | kalawan sri dayita ||

19. sumawana sapandhèrèk sami | linulusna karaharjanira | sampun wontên sadayane | kalawan gung winantu | suka parisukaning galih | salami-laminira | tumêrah tumurun | maring sagung wadyabala | lawan sagung kawula lit jalu èstri | ing nagri Surakarta ||

20. pan mangkana esthanira sami |

--- 287 ---

samangkana wus suwuk winarna | tindak dalêm sri pamase | myang sori dalêm prabu | sampun manjing wahkamêr sami | mung lêrêm sawatara | lawan para agung | ingkang mêthuk sri narendra | ingkang sampun prasamya winarnèng ngarsi | sampun lênggah satata ||

21. jêng sang prabu nulya ngandika ris | maring Tuwan Popêlir mangkana | wahyaning sabda pamase | linuting wacana rum | dhuh sudara Tuwan Popêlir | punapa wartanira | ingkang tampi dhawuh | andhêku rum aturira | kula nuwun koningana sang siniwi | anênggih wontênira ||

22. Surakarta prajanta sang aji | saking barkah pangèstu paduka | datan wontên sangsayane | lulus karta rahayu | sru karênan jêng sri bupati | anulya rum ngandika | maring sang dibya nung | sira Jêng Pangran Dipatya | Arya Prabu Prangwadana sabdèng aji | kulup pangran dipatya ||

23. sira lawan swaminira kaki | apa iya padha karaharjan | kang sinung ling rum ature | kalawan awotsantun | kula nuwun kangjêng rama ji | ing barkah pangèstunta | kawula sang ulun | akalihan rayi tuwan | adhi ajêng sami lulus maharjanti | mèsêm jêng sri pamasa ||

24. ngandika rum malih jêng sang aji | maring sira sang nayaka waktra | hèh Jayanagara kowe | kalawan suamimu | iya apa padha basuki | kang sinung ling tur sêmbah | dhuh gusti sang prabu | ing barkah pangèstu nata | abdi dalêm kawula sasemah siwi | nuwun sami raharja ||

25. sri narendra rum ngandika malih | prajaningsun lan sakèhing wadya | paran mungguh kahanane | wau risang nindya nung | duk nampèni sabdaning aji | pan dhêku myang tur sêmbah | dhuh gusti sang prabu | nagri dalêm Surakarta | tuwin para abdi dalêm sang siniwi | agung alit sadaya ||

26. saking barkah pangèstuning [pangè...]

--- 288 ---

[...stuning] aji | ugi sami lulus karaharjan | botên wontên sangsayane | siyang pantara dalu | sanggyèng para wadya gung alit | samyanggung amêmudya | munajad Hyang Agung | mugi-mugi jêng sang nata | sakalihan myang para pandhèrèk sami | lulusa karaharjan ||

27. jêng sang prabu karênaning galih | duk miyarsa atur kang mangkana | wus mangkana sri pamase | anulya ngandika rum | maring sira sang narpasiwi | rayi dalêm narendra | yèku kang jêjuluk | Kangjêng Pangeran Ariya | Cakraningrat mangkana sabdaning aji | Adhi Mas Cakaningrat[12] ||

28. sarèhning wus sawatara yayi | gya warahên sagung wadyabala | kinon mêpak samoane | lah ingsun arsa kondur | ing saiki angênyupuri [13] | wau sang narpatmaja | duk wus tampi dhawuh | tur sandika ngèstu pada | sampun mêsat saking ngarsa dalêm aji | lêlagon paripurna ||

65. Pangkur

1. ya ta risang narpatmaja | tan darana sigra gupuh lumaris | dhawuhakên sabdèng prabu | umaring sanggyanira | para wadyabala kinèn mêpak sagung | karana jêng sri narendra | arsa kondur ngênyapuri ||

2. wau sagung wadyabala | duk wus tampi dhawuh timbalan aji | tur sandika saurmanuk | sapangu wus prasamya | asiyaga sakaprabonirèng laku | ginatra sapangkat-pangkat | sampun datan nguciwani ||

3. nulya risang narpatmaja | wus mangkana sigra wangsul lumaris | ngabyantara ngarsèng prabu | kalawan tur wotsêkar | kula nuwun jêng kaka ji amba sampun | dhawuhakên sabdèng tuwan | dhatêng wadya dalêm aji ||

4. supadi mêpak sadaya | jêng kaka ji pan arsa ngênyapuri | ri saksana wadya sagung | sampun mêpak sadaya | tuwin sampun ginatra sajuru-juru | titihan dalêm narendra | swandana [swanda...]

--- 289 ---

[...na] di otomobil ||

5. sampun majêng ing ngayunan | saha oto pandhèrèkipun sami | sampun marêk atut pungkur | titihan dalêm nata | wontên jroning paretannya sêtatsiun | ginatra sapangkat-pangkat | umanggèn sabilik-bilik ||

6. myang sadaya wau samya | sampun sangkêp kapraboning lumaris | duk gusti jêng sang aprabu | miyarsèng aturira | rayi dalêm anênggih sang narpasunu | Kangjêng Pangeran Ariya | Cakraningrat jêng sang aji ||

7. karênan jroning wardaya | ri sampunnya mangkana jêng sang aji | samantara ngandika rum | mring sang mardawèng driya | yèku Tuwan Popêlir winarnèng ngayun | mangkana sabdèng narendra | sudara Tuwan Popêlir ||

8. sarèhning wus sawatara | lawan para wadyèngsun wus miranti | sakaprabonirèng laku | dhuh babo saudara | kadarpèng tyas mangkya kularsa ngadhatun | Tuwan Popêlir samana | duk antuk sabdaning aji ||

9. gya andhêku rum turira | kula nuwun kangjêng risang siniwi | satuhu dahat jumurung | karsanta sri narendra | sakalihan rinta jêng sri narpawadu | mangkya arsa ngênyapura | suwawi jêng sri bupati ||

10. wus mangkana jêng sang nata | gya jumênêng sira Tuwan Popêlir | umarêk sigra tumundhuk | nganthi ring sri dayita | bêbudhalan tindak dalêm jêng sang prabu | tan têbih lan sri dayita | bayak-bayak tinut wuri ||

11. garwa paminggir sadaya | tuwin sanggya para agung kang sami | mêthuk kondur dalêm prabu | myang sagung wrahatbala | agung alit jalu èstri gumarubyug | ginatra sapangkat-pangkat | kawuryan ta ngrêspatèni ||

12. ing ênu wus tan winarna | enggalira ing mangkya jêng sang aji | myang gusti sri narpawadu | wus manjing ing jronira | swandana di titihan [ti...]

--- 290 ---

[...tihan] dalêm sang prabu | myang sawusnya têtabean | kêbut sagung otomobil ||

13. lampahira lon-alonan | mung salawe kilo metêr winilis | urut madyaning dalanggung | kawuryan rantap-rantap | tutêr lawan kalatsone gung munya sru | tri gumuruh swaranira | sêsauran urut margi ||

14. găngsa Kodhokngorèk ngangkang | binarunging munggang kalawan musik | mahargyèng kondur sang prabu | umyangan tanpa mêndha | sajronira sêtatsiun tri gumuruh | nêngna wau kang pahargyan | sumambunge kang winarni ||

15. para wadyendra ordhênas | ingkang samya mangrênggêp ngampil- ampil | ampilan dalêm sang prabu | waos pagon talêmpak | tuwin towok tamèng sabêt lawan limpung | prasami wahana kuda | congklangan lampahing wajik ||

16. tut wuri rata narendra | garubyugan katone ting bathithit | wênèh ana kang kadulu | sandêran lampahira | samya katon palikêt panunggangipun | pêpilihan warnanira | racak samya pêkik-pêkik ||

17. wèh eramnya ingkang mulat | duking wau marêngi ana janmi | wanodya yu katonipun | maksih nom warnanira | irêng manis marèthèli kênèsipun | andulu kondur narendra | umanggon têpining margi ||

18. ngêsuk-êsuk mring rowangnya | pêtrèk-pêtrèk swarane gung cariwis | mangkana pamuwusipun | mêngko cah rada rana | aku arêp maspadakke jêng sang prabu | karo arêp mulat marang | para wadyane sang aji ||

19. ingkang padha nunggang jaran | saprabote kabèh iku pan arsi | sun gambar corèk dumunung | nèng kartas pos kewala | aku bisa sayêkti kabèh kacakup | pasthi cèplês warnanira | ra-orane pindho

--- 291 ---

kardi ||

20. labane dyah pêpêthingan | mawor lawan janma kèh tanpa lirip | tan rêringa jroning kalbu | wus datan sêmang-sêmang | myang tan mawa rikuh lawan tyas pakewuh | sambada lan wiraganya | lêlewane milangoni ||

21. marma sagunging pra janma | ingkang samya nunggal gon aningali | dupi prasamya karungu | wuwusing wanodyendah | kang mangkana prasamya kawuryan sarju | myang angguyu latah-latah | wèh rêsêping para janmi ||

22. nêngna malih winursita | amangsuli kondur dalêm sang aji | yèn rinaras jroning kalbu | gusti jêng sri narendra | apan kadi duk nguni caritanipun | satriya di Madukara | manambut silaning krami ||

23. dhaup lawan dyah utama | putri kadang nata di Dwarawati | ing bawana tri kinasub | Rêtna Wara Subadra | ri sampuning dhaup wau sang rêtna yu | binoyong ring Sang Arjuna | kondur mring Ngamarta nagri ||

24. sagunging para jawata | widadara kalawan widadari | ngudanakên puspita rum | sumawur gandanira | sru mangambar maratani marbuk arum | sêsanti manadukara | maharjèng sang palakrami ||

25. pan makatên pindhanira | kondur dalêm gusti jêng sri bupati | lawan jêng sri narpawadu | janma jalu wanita | agung alit busêkan horêg kalangkung | karana darunanira | kadêrêng arsa udani ||

26. sulistyaning warnanira | musthikaning bawana nuswa Jawi | ing Surakarta praja nung | kaonang sri narendra | ingkang dahat susilambêk tyas marta yu | martani sagung dumadya | mindêng dananira mili ||

27. maring putra myang santana | tuwin maring sanggyaning para dasih | agung alit èstri jalu | pan kadi tumrahira | riris măngsa kasapta ing siyang dalu | lumintu wus tanpa mêndha | tan ana ginondhang kasih ||

28. marma sagung para putra | myang santana [santa...]

--- 292 ---

[...na] tumêkèng wadu aji | agung alit èstri jalu | sumungku tyas prasêtya | datan ana kang kumêdhèp siyang dalu | dening mèngêt kotamanta | panggalih dalêm sang aji ||

29. ingkang sampun amangambar | marbuk aruming asma dalêm aji | angèbêki lèn praja gung | marma kang para raja | ing lèn praja samya sih trêsna sadarum | ring gusti jêng sri narendra | anganggêp sumitra jati ||

30. maksih tangèh yèn winarna | kotamaning gusti jêng sri bupati | nêngna wau dyan winuwus | mangsuli caritanya | sanggyanira para janma kang andulu | ing sawênèh malih ana | wanodya tigas kaèksi ||

31. maksih katon labêtira | tilas paès kalonthong ponang wèni | tinata pating carênthung | sambada lan warnanta | kuning bentrok sumêdhêng pangadêgipun | netra jait sawatara | alisnya malêngkung langking ||

32. labête kinêrik anyar | cêmêng mêlês yayah kadya minangsi | wimbuh-wimbuh lambenipun | anggandhul sawatara | ambalèngèr kawuryan ta lir kapundhung | wandanira dêdugangan | lêlewane milangoni ||

33. têtelane kang mangkana | lagya tigas gènira palakrami | marmanira anggènipun | angadi ing busana | apan maksih sarwendah kawuryanipun | myang gandaning burat wida | maksih arum amrik minging ||

34. kang mangripta duk samana | dupi wikan maring sira dyah adi | gêtêr patêr jroning kalbu | muntap kasuranira | ketanging tyas duk sêmăngka plonconipun | dupi mèngêt yèn wus wrêdha | amêngkoni semah siwi ||

35. ngalokro bayuning angga | muhung kari umahasing asêpi | ngisêp mrih pranawèng kalbu | supadi widadarja | anggènira mangulun ring jêng sang prabu | salami gung parisuka | tumrah maring semah siwi ||

--- 293 ---

36. sumawana nganti prapta | sakukuban gung alit jalu èstri | tan ana sangsayèng kalbu | dening dènya kaleban | barkah dalêm ing gusti jêng sang aprabu | Narendra di Surakarta | têtêlênging nuswa Jawi ||

37. wus ênêngna kang mangkana | mangkya malih ingkang winarnèng kawi | mangsuli sumambungipun | ingkang tigas kawuryan | kuning bentrok sumêdhêng pangadêgipun | dyan adi pangantèn anyar | dupi wikan ing sang aji ||

38. nitih oto lampahira | sampun praptèng ngajêngnya sang dyah adi | wau sang dyah adi muwus | myang ngêbuk wêtêngira | jabang bayi galo gusti jêng sang prabu | sudarmanta kang sanyata | sawiji kaoling jawi ||

39. lamun wontên kang wanodya | mêntas nambut silaning palakrami | myang sawênèhira lamun | ana dyah ingkang lagya | anggarbini măngka wikan jêng sang prabu | kang mangkana pisaratnya | wêtêngira dèn kêbuki ||

40. sarwi ngucap swaranira | jabang bayi galo gusti jêng sang aji |[14] sudarmanta kang satuhu | punika benjangira | lamun darbe atmaja umijil jalu | punapa mijil wanodya | satuhu endah ing warni ||

41. sampun lulus lampahira | swandana di titihan dalêm aji | sawadya wus datan kantun | urut madyaning marga | ting saliri swaranira tri gumuruh | sampun lêpas lampahira | tan ana sangsayèng margi ||

66. Gambuh

1. wus gambuh kang winuwus | nêngna wau ingkang wus winuwus | mangkya gantya ingkang winursitèng kawi | kawistaraning pamuwus | winawas jroning kadhaton ||

2. Surakarta praja nung | nênggih ibu dalêm jêng sang prabu | Kangjêng Ratu Madurêtna myang sagunging | putra putri dalêm prabu | ingkang maksih timur kaot ||

3. tanapi sanggyanipun | para garwa paminggir sang prabu |

--- 294 ---

ingkang datan umiring jêng sri bupati | ingkang samya kinèn kantun | wontên jronirèng kadhaton ||

4. tuguran siyang dalu | wontên jroning prabasuyasa gung | têtêbêngan sagunging parêkan cèthi | jroning dhatulaya pênuh | jibêg bêblêg rêgêng tinon ||

5. sapangu ngiditipun | samirana umanjing jronipun | dhatulaya ngirid gandaning sêsari | ingkang wangi gandanipun | marbuk arume tan anggop ||

6. mawèh rêsêping kalbu | dening samya kataman kapanduk | mudharira sugandaning puspita di | winoraning jêbad arum | tuwin ratus myang kêkonyoh ||

7. wus nêngna dyan winuwus | pra wadyendra jalu ingkang tugur | tuwin ingkang sowan wontên samadyaning | panataraning kadhatun | tapsilane amabukoh ||

8. lirangan lungguhipun | bêbanjêngan kang wrêdha nèng ngayun | ingkang anom nèng wuri gènnya sumiwi | winawas wus tan tumpang suh | undha-usuking pamanggon ||

9. myang samya katonipun | ngayun-ayun kondur dalêm prabu | maksih tangèh kalamun rinênggèng kawi | sagunging rêroncènipun | pinunggêl gantya cariyos ||

10. mangsuli ananipun | kondur dalêm gusti jêng sang prabu | nèng dalanggung lampahira otomobil | maksih lulus agung tinut | oto pandhèrèk gumolong ||

11. dupi lampahnya sampun | prapta wontên parapatanipun | ing dalanggung Nonongan kang otomobil | titihannya sang kinasub | sudibya nung prawira nom ||

12. anênggih sang palungguh | senapati pêpati radya nung | yèku sira Kangjêng Pangran Adipati | Prangwadana Arya Prabu | myang sagunging ponang oto ||

13. pandhèrèkira sagung | sêsarêngan lawan otonipun |

--- 295 ---

sira Tuwan Popêlir myang sèkrêtaris | gya pinutêr sêtiripun | nyidhat lampahnya mangulon ||

14. oto titihan prabu | sapandhèrèkira wus tan kantun | sêtirira pinutêr sigra lumaris | amangetan tri gumuruh | swaraning tutêr myang klatson ||

15. sapangu sampun rawuh | parapatan Galadhag mangidul | pêrsênèle sinayut lampahnya rindhik | samantara sampun rawuh | jroning alun-alun êlor ||

16. naratas lampahipun | ngidul bêblês mijil madyanipun | lowahaning waringin kurung prasami | dupi lampahira sampun | praptèng paratigan notog ||

17. anênggih ngajêngipun | ing sasana sumewa gya laju | nêkuk ngetan samantara sampun prapti | kori sapiturang ngidul | lampahira saya alon ||

18. ing mangkya enggalipun | otomobil lampahira sampun | praptèng kori trêmboko nêkuk lumaris | amangulon sapangu wus | praptèng brajanala alon ||

19. lampahnya nulya nêkuk | amangulon sapangu pan sampun | rawuh wontên madyanira paretaning | kori talangpatèn sampun | ya ta wau kacariyos ||

20. wadya dalêm sang prabu | sêtap musik kasêpuhan sagung | kang samêkta mahargyèng kondur sang aji | anèng plangitaning panggung | sănggabuwana gumolong ||

21. kalawan sanggyanipun | ing kagungan dalêm jêng sang prabu | nênggih găngsa Kodhokngorèk ingkang sami | gumadhuh wadananipun | putra santananing katong ||

22. gêlêngan kanan sagung | ingkang sampun rinukti rumuhun | dumunung nèng plangitanira ing panti | panggungan talangpatèn wus | pêpak kang niyaga golong ||

23. găngsa sampun tinabuh | bêbarungan lawan [la...]

--- 296 ---

[...wan] swaranipun | musik ingkang sampun winursitèng ngarsi | sru gumêdêr tri gumuruh | pangraose ing lêlagon ||

24. rinaras jroning kalbu | kang mangkana ing saesthanipun | lir nambrama ing gusti jêng sri bupati | myang gusti sri narpawadu | sapandhèrèk dalêm katong ||

25. lulusa maharja yu | ing siyang myang pantaraning dalu | winantua suka êntyarsaning galih | gusti kangjêng sang aprabu | myang gusti juwita katong ||

26. antuka nugraha gung | dening Gusti Hyang Kang Maha Agung | dinirgakna ingkang yuswa jêng sang aji | sakalihan narpawadu | wèt bawani jro kadhaton ||

27. têtêp pangastanipun | pusaraning nuswa Jawi sagung | Surakarta Adiningrat prajarja di | sirna sagunging ru-biru | ruwata duskartaning wong ||

28. ing praja katonipun | sakalangkung gêmah ripahipun | samubarang kang tinandur sarwa dadi | murah sandhang pangan nutug | pra juragan gung gumolong ||

29. prasamya alêlaku | saking liyan praja galur sêlur | agêgramèn mring Surakarta praja di | candhak-kulak kumarubut | rêbut gramèn myang rêbut gon ||

30. prasamya kapiluyu | apêpanti sasemah myang sunu | nèng jronira tuwin wontên sajawining | kutha miwah dhusun-dhusun | ayêm têntrêm dènya manggon ||

31. pratăndha cihnanipun | tharik-tharik dêging wismanipun | bêbanjêngan anggênggêng myang adu cukit | makatên rarasing kalbu | pahargyan dalêm sang katong ||

32. wus nêngna kang winuwus | pan ing mangkya gantya kang winuwus | amangsuli jroning pura para putri | dupi mirêng swaranipun | kondur dalêm jêng sang katong ||

33. umyangan tri gumuruh | sru gumêdêr sajroning pura rum | tambuh-tambuh dènira samya lumaris | wênèh ngalor ana ngidul | wênèh ngetan myang mangulon ||

--- 297 ---

34. kawuryan ting baluru | labêt dahat êntyarsaning kalbu | dening mangkya gusti kangjêng sri bupati | myang gusti sri narpawadu | sampun kondur angadhaton ||

35. sawadya wus tan kantun | datan ana sangsayaning kalbu | widadarja tan ana sawiji-wiji | samya mojar sèwu sokur | ing Gusti Hyang Maha Manon ||

36. ibu dalêm sang prabu | Kangjêng Ratu Madurêtna laju | gya jumênêng myang nulya tindak lumaris | dhinèrèkkên sanggyanipun | para putri jro kadhaton ||

37. mêthuk kondur sang prabu | amanganti jumênêng dumunung | anèng jroning suyasa sasana adi | para putri amabukuh | ambalabar tur wotsinom ||

38. sapangu jêng sang prabu | sakalihan jêng sri narpawadu | wus prasamya tumêdhak sing swandana di | kanthèn asta tindakipun | tinut pandhèrèk gumolong ||

39. gumrêdêg lampahipun | bayak-bayak kawuryan sang prabu | sakalangkung karênan jroning panggalih | enggalira mangkya sampun | umanjing jroning kadhaton ||

40. ibu dalêm sang prabu | gya tumundhuk manguswèng sang prabu | sakalihan gusti kangjêng pramèswari | wus mangkana nulya laju | ibu dalêm jêng sang katong ||

41. anyidhuk kang tirta nung | ingkang winot anèng bokor agung | kancana di rinêndhêman ing sêsari | sataman kang marbuk arum | winijikkên ring sang katong ||

42. myang jêng sri narpawadu | ri sampunnya winijikan wau | ibu dalêm gya nambramèng jêng sang aji | sakalihan jêng sri wadu | paran samya karahayon ||

43. duk gusti jêng sang prabu | wus nampèni panambramanipun | ibu dalêm kang mangkana jroning galih | dahat ing karênanipun | apuwara ngandika lon ||

44. pangèstunira ibu | kabèh padha widada rahayu | datan ana kasangsaya [kasangsa...]

--- 298 ---

[...ya] jroning kapti | kanyataan katonipun | purwa madya praptaning don ||

45. kasidèn sêdyanipun | anggung suka parisuka nutug | ibu apa lah iya padha basuki | ibu dalêm rum turipun | dhuh putramba jêng sang katong ||

46. samya lulus rahayu | jêng sang prabu duk miyarsèng atur | kang mangkana dahat êntyarsaning galih | nulya lulus tindakipun | raras srining jro kadhaton ||

47. ya ta wus tan winuwus | muhung mamèt enggaling pamuwus | para wadya agung alit jalu èstri | wus luwaran samya mantuk | sowang-sowang praptaning don ||

48. puwaranira sampun | paripurna dènira mêmangun | wênganing tyas mastuti sabdèng narpati | nanging kawiluting têmbung | groboh lir adat kemawon ||

49. kikisaning jro kalbu | kang mangripta ing siyang myang dalu | gung mêmudya munajad maring Hyang Widhi | mugi gusti jêng sang prabu | linulusna karahayon ||

50. tumrah mring sori sunu | sumawana sakukuban prabu | winantua suka êntyarsaning galih | sampun sampat kang rinuruh | tamat sagunging cariyos ||

Tamat.

 


§ 1853. (kembali)
Tanggal: Anggara (Slasa ) sadasa (10) Sapar Jimawal: mantri tata ngèsthi arja (AJ 1853). Tanggal Masehi: Selasa 3 Oktober 1922. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn wus samya wikan sri pamase. (kembali)
Kurang satu suku kata: nèng pêngkêran dalêm sri pamase. (kembali)
ginêlak. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan Wilhèlmês pan nasao araras rum. (kembali)
Kurang satu suku kata: sumêbut datan taha. (kembali)
pandhèrèk. (kembali)
Kurang satu suku kata: bangêt nêdha nrima mami. (kembali)
10 Asli perlu diperiksa kembali: lebih satu suku kata. (kembali)
11 ta. (kembali)
12 Cakraningrat. (kembali)
13 angênyapuri. (kembali)
14 Asli perlu diperiksa kembali: lebih satu suku kata. (kembali)