Wali Sana, Tanaya, 1955, #124 (Pupuh 01–11)

Judul
Sambungan
1. Wali Sana, Tanaya, 1955, #124 (Pupuh 01–11). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Wali Sana, Tanaya, 1955, #124 (Pupuh 12–25). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Wali Sana, Tanaya, 1955, #124 (Pupuh 26–38). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Wali Sana, Tanaya, 1955, #124 (Pupuh 39–57). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 09-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

R. Tanojo

Wali Sana (Babadipun Parawali)

Wali 8 bermusyawarat

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Walisana

Cariyos pangajawinipun para Wali saking tanah 'Arab, ngantos dumugi adêgipun Karajan Islam ing tanah Jawi.

Miturut babonipun lami seratan tangan
Katiti dening R. Tanojo

Penerbit & Toko Buku "SADUBUDI" Solo 1955

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Walisana

1. Sinom

1. manuhara roning kamal | lir winidyan mamarsudi | wuryaning ruwiya tama | sanityasa analêsih | ngawêri wartèng nguni | karasikaning kêkidung | mrih krêtarta ring gita | sutrarja kang sumudyapti | Ki Patraprajaka ing kampung Gandèkan ||

2. rumêsêp ngingsêp carita | gancaring kang para wali | mêmarah manatagama | mangka pandoming dumadi | nguni ingkang ngadani | angrêngga yogyaning lagu | Jêng Sunan Giripura | kang jumênêng kaping kalih | pan kinarya lantaraning pralampita ||

3. lumantasing kasunyatan | tumatar marta martani | rumahabing pangastawa | saparasdya mamarsudi | ngalap mangulah ngèlmi | sakadaring dadya tuduh | lamun kabul kabuka | kinarilan ing Hyang Widi | sinung ilham kêni kinarya dêdamar ||

4. mangka lajêring carita | Sang Sèkh Molana Ibrahim | pandhita tanah ing Arab | maksudi[1] agama suci | gêng ibadat ing Widi | prastawèng saliring kawruh | ambêk santa santosa | parimarma ing kaswasih | mula mula têtalêring Waliu'llah ||

5. kasêmbuh labêt kalabdan | kamin kamuman lêluri | saking Kangjêng Rasulu'llah | pati pastikaning bumi | panutaning dumadi | nartani titah sadarum | sinuhyun puji puja | sesining rat mangastuti | pan kinarya baku baboning bawana ||

6. ri mangkana kacarita | Sang Sèkh Molana Ibrahim | duk lagya andon-lêlana | sêmu amêmasuh budi | praptèng Cêmpa nagari | sarju arjaning praja gung | angasokkên sarira | dadya kondhanging pawarti | lamun wontên molana [mo...]

--- 2 ---

[...lana] trah Rasulu'llah ||

7. sidik jatmika sambada | cahya dumilah nêlahi | mratandhani trahing wirya | tan antara kapiyarsi | pramudyaning nagari | nênggih Maha Prabu Agung | jêjuluk Raja Kiyan | kanugrahan amarêngi | Sèkh Ibrahim tinimbalan ing ngarsendra ||

8. kinarênan ing wardaya | samana ingambil siwi | mring Raja Kiyan ing Cêmpa | datan sah ing sari ratri | saya tumanêm ing sih | wasana ingambil mantu | dhaup lan putrinira | warnane ayu linuwih | apanêngran Rêtna Dyah Siti Asmara ||

9. lêstari apalakrama | rakêt sih-sinihan kalih | tan ana sangsayanira | ing antara lami-lami | apatutan kêkalih | priya samya bagus-bagus | cahya nuksmèng sasangka | pan sampun sinung wêwangi | mring kang rama Dyan Santri Ali wastanya ||

10. kang anèm Rahadyan Rahmat | wau ta satriya kalih | pinundhut putra ing eyang | mangka asrining jro puri | kasêmbuh amarêngi | putranira Sang Aprabu | Cêmpa Narpa Taruna | garwanira anggarbini | praptèng masa mbabar putra mijil priya ||

11. nulya pinundhut ing eyang | sampun sinungan wêwangi | Dyan Alim Abu Hurerah | kinadangkên wayah kalih | katri dinarmi-darmi | ugunganira ingungung[2] | wusnya samya diwasa | sinrahkên ing Sèkh Ibrahim | katri kinèn mêmulang agama mulya ||

12. ri sampuning kasambadan | maksuding agama suci | katam sarahsaning kitab | wêgig widagdèng pambudi | alim mangulah ngèlmi | santa kaninditan putus | rinaja rajaputra | karêm andon ing asêpi | duk samana antuk warta bêbaratan ||

13. lamun pramèswarinira | sri narendra Majapait | punika kaprênah uwa | kadanging ibu sayêkti | dadya satriya kalih | kait rêmbag

--- 3 ---

sabayantu | lan ari naking sanak | Dyan Alim Abu Rerahi | atêtinjo mring uwa mangèstu pada ||

14. ri sampuning abipraya | budhalan saking nagari | entare tanpa wêwarta | mring rama ibu dènnya nis | praptèng têmbing jaladri | sira wong agung katêlu | mangu-mangu ing lampah | dening kalangan jaladri | sanalika ruwêt kaworan sungkawa ||

15. pra samya mangenggar-enggar | sêsambèn mangudi-udi | raryan ing têmbinging parang[3] | tandya waspadèng pangèksi | palwa layar lumaris | punika nangkoda agung | amot barang dagangan | gramèn saking liyan nagri | dhasar sêdya bêbara mring nagri Cêmpa ||

16. suka wong agung katiga | praptaning kang palwa grami | cipta sêdya kasêmbadan | dènnya ngajap angajawi | tan antara wus prapti | giyotaning nangkoda gung | mêrak radèn katiga | daut jangkar ngimbir-imbir | wus antara budhal dêdaganganira ||

17. têlas sajroning baita | wus anêdhêng masa ratri | sira rahadèn têtiga | samya manjing jroning kèci | kang tunggu langkung ajrih | ana ruweya kang rawuh | kengis labêting wirya | radyan katiga ndhawuhi | hèh ta juru palwa payo lakokêna ||

18. mring laladan tanah Jawa | ki juru umatur aris | dhuh anggèr radèn katiga | pun patik kalangkung ajrih | sarèhning tiyang alit | yogi sumêne rumuhun | dhatêngirèng juragan | kawula darmi nglampahi | jangji sampun lêganing rêmbag sumangga ||

19. ngandika Rahadèn Rahmat | apa suwe anèng ngriki | ênggone bêbara dagang | juru palwa matur aris | prasasat amung mampir | pêndhak dintên nuntên laju | wangsul lampah baita | njajah liyan praja malih | abêbathon mangèsthi ing bathi kathah ||

20. wau ta Rahadyan Rahmat | matur ing Dyan

--- 4 ---

Santri Ali | paran sakecaning rêmbag | punapa inggih ngêntosi | kang raka ngandika ris | bêcik asarèh rumuhun | aja anganiaya | dêksura akarya nisthip | kudu nganggo têbah têmbung krana lila ||

21. marang kang darbe baita | supaya padha lêstari | nambung ngling Alim Bu Rerah | lêrês ing karsa sayêkti | nadyana lampah sandi | sampun akarya ru-biru | êruning sama-sama | suwawi ngingsêda dhingin | Radèn Rahmat jumurung rêmbaging kadang ||

22. katiga minta aksama | dènira angrêribêdi | dumunung dalêming palwa | Ki Juru suka ing kapti | dupi wus pêndhak ari | Ki Juragan prapta gupuh | ngirid barang dagangan | Ki Jurupalwa wêwarti | jroning palwa kanggènan satriya tiga ||

23. sêdya maring tanah Jawa | dèrèng dangu dènnya warti | kasaru radèn katiga | lajêng mijil amanggihi | samya satata linggih | Ki Juragan dahat ndhêku | wrin pasang sêmunira | lamun têdhaking linuwih | wus kacipta yèn Satriya di ing Cêmpa ||

24. Dyan Santri Alim ngandika | kyai praptaningsun iki | manawa padha karênan | ingsun arsa angribêdi | dhapur anumpal kèli | nunut lakuning parau | têkakna bumi Jawa | Ki Juragan duk miyarsi | sanalika kingkin kalingkungên ing tyas ||

2. Asmaradana

1. Ki Juragan matur aris | dhuh radèn nuwun aksama | pun patik atur pawartos | kawula botên katênta | mopo sarèh andika | kauningana pukulun | mênggah lampahing baita ||

2. badhe lajêng dhatêng Mêsir | yèn kampiring tanah Jawa | punika dhapur anyêngklèng | prasasat wangsul ing lampah | Dyan Santri Ali êngah | ngrêrapu ing kadangipun | yayi karo narimaa ||

--- 5 ---

3. durung kaparênging Widi | katuju tanjaning sêdya | bêcik sarèh salintire | lantaran karana Allah | matur Rahadèn Rahmat | ngayubagyèng kadang sêpuh | myang Radèn Alim Bu Rèrah ||

4. ya ta Radyan Santri Ali | ngandika maring Juragan | Kaki yèn têmên kalèke | sayêkti ingsun narima | mung jumurung pujyarja | lêstarining lampah laut | nanging yèn nora sanyata ||

5. pêpajarira ing kami | yêkti Allah paring tandha | mêngko ana wahanane | ri sampunira mangkana | sira Kyai Juragan | dagangan kamoting prau | wusning samêktarsa mangkat ||

6. narik jangkar layar rakit | palwa tan sagêd lumampah | angin tan ana kêndhate | wau ta Kyai Juragan | langkung prihatinira | kèndêle ponang parau | wus acipta ing wardaya ||

7. yèn alate radèn katri | kinomandaka[4] ing warta | wasana sêdya ngalap sor | mituruti ing sakarsa | nadyan tuna ing lampah | sêdya akarya têtulung | supadya dadya kasidan ||

8. lampahe palwèng jaladri | ri sampunira mangkana | Ki Juragan mudhun alon | marêk rahadèn katiga | dhepe-dhepe ndhêdhepa | anor-raga nêmbah matur | dhuh dhuh sirahing-nastapa ||

9. sèwu nuwun pangaksami | lêpata ing ila-ila | tulah sarik kawulane | kamipurun doracara | ngetung petang pituna | mburu untung badhe buntung | baita tan sagêd kentar ||

10. baya badhe sothal-sathil | amèt badhe angalênthar | pan ababar panimbale | yèn jênêk anèng satanah | daganganing sudagar | upami gêthuk mathuthuk | kêmba ngabar tan kajambar ||

11. ing mangke anggèr pun patik | sumanggêm karsa-paduka | ulun sagah ndhatêngake | dènnyarsa tindak ngajawa | suwawi manjing palwa | radèn katiga jumurung | kanthi paring pangaksama ||

--- 6 ---

12. wus kêrid minggah ing kèci | munggwing pajangan talundhag | juragan dahat ajrihe | manggèn kapara ing ngandhap | matur sumanggèng karsa | dagangan-amba sadarum | bilih wontên kang kinarsan ||

13. ingkang pèni rajapèni | mas sêsotya nawarêtna | kawula dhatêng sumaos | ngandika radèn katiga | bangêt ing panarima | eklasing sih kadarmanmu | nanging dudu kang sun-sêdya ||

14. iya ingsun nora luwih | njurungi sakajatira | nggonira nggaota gêdhe | Allah sipat kamurahan | asih ing samak basar | yèn têmên-têmên tinêmu | kataman utamanira ||

15. tabêriya gawe bêcik | marang wong kang kasusahan | yêkti gêdhe ganjarane | pujine nênarik bêgja | nggampangakên pangarah | sumujuding rèh rahayu | alêstari istingarah ||

16. Ki Juragan duk miyarsi | sabdanira dyan katiga | têka tumunjêm driyane | sangsaya jrih sungkêmira | kênèng jêmparing sabda | rumasuk sarasanipun | rubêt rubeda kababad ||

17. dadya aturira aris | sira Kiyai Juragan | dhuh anggèr -anggèr rahadèn | mugi ulun awignyaa | ngangge wasitot ma |[5] katamana ing mangastu | astuti santa santosa ||

18. botên langkung ulun mangkin | dêksura tadhah dêduka | mugi sajarwaa jatos | sintên paduka punika | dene maksih taruna | mumpuni ambêk dibya nung | sinung mangunah karamat ||

19. nabda Radèn Santri Ali | hèh kaki kawruhanira | ingsun iki satuhune | wutah gêtih nagri Cêmpa | kawayah Raja Kiyan | iku talêr saking ibu | sudarmèngsun saking Arab ||

20. apan Molana Ibrahim | têdhake Jêng Rasulu'llah | Dyan Rahmat kadang-ngong anom | tunggal saibu sarama | dene Alim Bu Rerah |

--- 7 ---

iku iya ariningsun | prênah kadang nak-ing sanak ||

21. iya saking ibu-mami | padha wutah gêtih Cêmpa | wus manjing kadang saêros | karana pinundhut putra | Jêng Eyang Rajèng Cêmpa | tutur-ngong samono iku | aywa kabyawarèng kathah ||

22. awit lunganingsun iki | nilipakên wong sapraja | dadya laku anarojong | marmane sira dèn bisa | amot wadi sinuksma | lawan aywa dangu-dangu | palwa nuli angkatêna ||

23. Ki Juragan duk miyarsi | sabdane ri sang minulya | sidhakêp dangu anjomblong | marêk sarya ngèstu pada | alon ing aturira | lamun makatên pukulun | sang kalih Gusti-kawula ||

24. amba tiyang nagri Mêsir | wasta Juragan Du'ljalal | mangke kang ingimanake | tiyang ing Mêsir sadaya | agami Rasulu'llah | mangka tuwan têdhakipun | Gusti Panutaning Jagad ||

25. pantês lamun ngaji-aji | anêmbaha botên ical | labêt sawabe pêpundhèn | awas tumêkèng akherat | pinunjung puji puja | radèn kalih ngandika rum | wus aja kadawa-dawa ||

26. payo umangkat tumuli | Ki Juragan tur sandika | undang sakarèh-rèhane | tanggap para juru palwa | wusnya samêkta mangkat | palwa kêras lampahipun | antuk angin sawatara ||

27. ri mangkana palwa prapti | laladan tanah Kamboja | Ki Juragan sêdya rèrèn | angèbèrakên dagangan | wus wantuning sudagar | lali mèlike katungkul | tan ngelingi kabêcikan ||

28. Ki Juragan aturnya ris | dhuh Radèn Sirahing-tapa | alim-paduka kêmawon | kawula badhe tumimbal | kèndêl tanah Kamboja | wit nggèning juragan agung | pados barang sade barang ||

--- 8 ---

29. Radèn Santri anauri | jangji nora pati lawas | ingsun iya njurungake | apa ing sakarêpira | sayêkti tan suwala | kadaringsun wong anunut | anumpal-kèli kewala ||

30. Ki Juragan matur malih | dhuh anggèr dèrèng kantênan | pan sampun pandamêlane | juragan asaba paran | ngalaya tanah-tanah | pan dèrèng kenging katêmtu | enggal lamine ing lampah ||

31. yèn paduka drêng-ing galih | inggih paringa prabeya | ingkang dados imbalane | supados tan kapitunan | dènira dagang layar | yèn tan makatên saèstu | prêlu mêlêng kajêng-kula ||

32. pados kauntungan dhingin | sampun tuna bêbêrahan | sagêd cucuk kangèlane | wau ta duk amiyarsa | sira radyan katiga | laju jumurung sakayun | nanging ngêmu rêngating tyas ||

33. rumaos yèn dèn cidrani | pinakewuh puwa-puwa | karênanira pralente | ri sampunira mangkana | baita lajêng mangkat | kinêraskên lampahipun | sêdya mring tanah Kamboja ||

34. wau ta Rahadèn katri | tansah sungkawa ing driya | dènnya kacuwan sêdyane | kalawun-lawun nèng paran | anut rèh-ing juragan | wontên dhêndhaning Hyang Agung | dumunung mring Ki Nangkoda ||

35. palwa sinêrang ing angin | rêmuk kajêntus ing karang | kèrêm sadagangan kabèh | Ki Juragan sarowangnya | sirna kalêban toya | sira rahadyan katêlu | marmaning Allah raharja ||

36. rinaksa dèrènging pasthi | katiga wus munggèng dharat | nèng luhuring parang sigrong | tan pêgat maca istigfar | yayah kadi supêna | para juragan gung-agung | ing Kamboja sami prapta ||

37. sêdyarsa amitulungi | mring kang kasrang

--- 9 ---

kasangsaran | nanging tan ana mapolèh | dangu awas pandulunya | yèn saluhuring karang | wontên wong anom katêlu | cipta kang darbe punika ||

38. baita kèrêm ing warih | nulya samya pinaranan | marang wong Kamboja kabèh | sira rahadèn katiga | binakta maring wisma | panganggêpe atêtulung | mupu papa kawlasarsa ||

39. tinanya purwaning nguni | dènnya nandhang kasangsaran | palwa ngantos kabilahèn | saure radèn katiga | sinandi ing wacana | yêkti tibaning bêbêndu | pan saking karsaning Allah ||

40. sang parasdya tanya malih | pundi asale ing tanah | andika dagang anêmbe | wontên ing tanah Kamboja | dèrèng sêpta kulina | sang kaswasih lon sumaur | saking nagari ing Cêmpa ||

41. sêdya maring tanah Jawi | amartuwi prasanakan | inggih ngiras ngaro gawe | angêmbara dagang layar | dhatêng ing tanah-tanah | ngêrês kamiwlasên dulu | pra nangkoda ing Kamboja ||

42. tinanya namanirèki | katiga sajarwèng nama | ananging sandi trah ngisor | rêmbaging para nangkoda | badhe asung pawarta | maring pangagênganipun | karananing kasangsaran ||

43. sêdhêng arêrêp rumiyin | sang kawlasarsa katiga | mêmulya sapakolèhe | wusnya saarjuning rêmbag | sanggyaning daniswara | rêrêm rahadèn katêlu | tansah andandang wigêna ||

3. Dhandhanggula

1. enêngêna kang lagya kaswasih | sira wau wong agung katiga | pinupu juragan gêdhe | kinarênan ing kayun | jinurungan sakapti-kapti | warnanên nagri Cêmpa | ing samurcanipun |

--- 10 ---

nênggih rahadèn katiga | rama ibu myang eyang dahat rudatin | katongton kararantan ||

2. dupi sampun ing antara ari | amiyarsa warta bêbaratan | saking nangkoda liyane | yèn wontên palwa rêmuk | anarajang marang ing têmbing | tanah nagri Kamboja | kang nunggang sadarum | myang daganganira samya | kang arobah alus-alus bangsa pèni | sirna tanpa kukupan ||

3. radèn katiga anumpal-kèli | anut palwane nangkoda dagang | kang kênèng sangsara gêdhe | nanging maksih rahayu | anèng tanah Kamboja nagri | samya tinawan karang | dene sêdyanipun | samyarsa mring tanah Jawa | alêlana ngiras têtinjo martuwi | karaharjaning uwa ||

4. gupuh lajêng anduta sang aji | anglêlari ing wayah katiga | amawa palwa ge-age | yèn kapanggih rahayu | para raja satriya katri | gya kinèn anglayarna | lênging sêdyanipun | baita cundhaka mangkat | ing lautan lêpas palwa antuk angin | ènggalirèng carita ||

5. radèn katri pan sampun kapanggih | anèng tanah laladan Kamboja | samya sukèng sadayane | kasambadaning kayun | lajêng samya minggah ing kèci | sagung para juragan | sumujud pudya yu | sidane lampah samudra | sang parasdya katanêm kataman ing sih | sinaman panarima ||

6. wusing layar lêpas antuk angin | kang tinilar wong tanah Kamboja | mangu tyas gêgêtun kabèh | sêm kasêngsêm kadulu | ing suwarnanira sang katri | lir koncatan sêsotya | saking dèrèng tutug | karêm karênaning prana | kapugutan ing sih sah-e sang kaswasih | susah mangado ngêsah ||

7. kang alayar samana wus prapti | laladaning tanah ing Palembang | wong agung katiga rèrèn | angrêrêmakên laku | lan miyarsa katuring [katu...]

--- 11 ---

[...ring] warti | yèn pangagêng ing Plembang | maksih kadangipun | gèndhèng cènèng saking uwa | nênggih Prabu Brawijaya kang mancêri | anama Arya Damar ||

8. saking Ni Endhang Sasmitapuri | pangrêmbene Sang Sri Brawijaya | marma mampir amartinjo | ing karaharjanipun | palwa kèndêl rahadèn katri | têdhak saking baita | dharat lampahipun | warnanên Sang Arya Damar | duk samana garwanira amarêngi | ambabar mijil priya ||

9. warnanira sakalangkung pêkik | pan andhatêngakên gara-gara | pratandha gêng darajatê | gêtêr patêr gumuntur | orêg bumi agonjang-ganjing | warsa drês salah masa | aprahara ribut | lindu ping pitu sadina | brahalane wong Palembang bosah-basih | ajur sawalang-walang ||

10. tidhêm dhêdhêt tandhaning dumadi | kêkês tistis mar-mar ing wardaya | dupa[6] tan antara suwe | gara-gara gora gung | surut sirêp parêng barêsih | sumilak katon padhang | tan antara dangu | wontên cahya diwangkara | cumalorot gumilang-gilang nêlahi | saking ing antariksa ||

11. ngalad-alad gêngira sawukir | jabang bayi ingkang dinawuhan | maratani sarirane | sirnaning cahya luhung | wus rumambah ing jabang bayi | ramebu duk umulat | langkung suka ngungun | ya ta wau Arya Damar | tyas karênan kasok lumunturing kang sih | kadya putra priyangga ||

12. jabang bayi wus sinung wêwangi | dening kang rama Sang Arya Damar | Radèn Praba panêngrane | wong Palembang sadarum | agung alit miwah jalwèstri | prapta asung bêbingah | ing sakadaripun | myang pêpuja pangastawa | tan antara wontên wadya tur upèksi | kalamun katamiyan ||

13. janma katri warnanira pêkik | sêmunipun darahing [da...]

--- 12 ---

[...rahing] awarya[7] | alim-alim busanane | Sang Arya Damar gupuh | mêthuk lajêng angacarani | mring wong agung katiga | gya satata lungguh | wusnya rêrêm sawatara | Arya Damar sumungsung pambagya manis | dhuh sang tigas kawuryan ||

14. katri sintên sinambat ing wangi | lan ing pundi asal sangkanira | paran kang dadya sêdyane | kêsdu asih martamu | sang katiga sandi ing warti | ngakên santri ngumbara | bêbara sapurug | sêsambèn adagang layar | lênging sêdya samyarsa mring tanah Jawi | kawêntar karta arja ||

15. praptèng laladan Palembang ngriki | dumadakan kumêsdu parasdya | amartamu têpang sae | kasêmbuh amirungu | mangkya mêntas adarbe siwi | tur pasihaning Allah | têmbe dadya baku | pêpanutaning agama | Arya Damar suka dènira miyarsi | sabdaning tamunira ||

16. dene kawangwang kalamun sidik | sang katiga waskithèng wacana | sangsaya agêng kurmate | Sang Arya Damar gupuh | animbali garwanirèki | Sang Raja Putri Cina | tan adangu rawuh | sang arya alon ngandika | anuwuna sabdonga tamu kang prapti | sêmune auliya ||

17. Rêtna Subanci lajêng mangarsi | sung pambagya raharjaning lampah | tanggap ingkang sinaruwe | tangkis wacana arum | sapraptane samya basuki | kêsdu apawong mitra | sang rêtna anuwun | ya ta ri Sang Arya Damar | anrahakên putra ingkang mêntas lair | sinuyuna pudyarja ||

18. wong agung katiga anangapi[8] | gantya-gantya mangku Radèn Praba | sinêbul-sêbul êmbune | karênan tyas andulu | ing warnane rahadèn bayi | pan wong agung katiga | ngêmpèk ngambil sunu | ramebu kalangkung suka | lan pra tamu manjing pawong mitra jati | dahat pangupajiwa ||

--- 13 ---

19. Arya Damar pan pinrih anunggil | anêtêpi ing agami Islam | datan lênggana sapakèn | kalawan garwanipun | sampun anut tunggil agami | têkwan sawadyabala | sadaya samya nut | pangrèhe ri sang dhatêngan | pan inganggêp guru awal praptèng akhir | sumungku sungkêmira ||

20. ri sampuning Dyan Arya sarimbit | manjing Islam putra Radèn Praba | winêwahan parabane | mring Radèn Rahmat wau | nênggih Radèn Patah wêwangi | Dyan Santri Ali nulya | maringi jêjuluk | apêparab Radèn Kasan | Radèn Alim Abu Hurerah maringi | Rahadèn Yusuf nama ||

21. Arya Damar sagarwa nahidi | ngayubagya yogyaning katiga | dumadya pangastawane | wasiyat akarya yu | ri sampuning antara ari | pamit ri sang katiga | andugyakkên kayun | dênyarsa mring tanah Jawa | Arya Damar sagarwa dahat bondhèti | rèhning dèrèng alama ||

22. dèrèng dugi gènnya karênan sih | sang katiga tan kêna ingampah | dadya samya jumurunge | kaprasidaning laku | nulya budhal wong agung katri | Arya Damar sawadya | nguntapkên ing guru | umiring maring muhara | pan wong agung katri lajêng nitih kèci | minta mit para siswa ||

23. Arya Damar sawadya njurungi | ri sampuning samêkta umangkat | palwa ambabar layare | kang kari kapirangu | yayah kadi kapugutan sih | sahe lan gurunira | cipta dèrèng tutug | pangungsêding kawruh byakta | kawarnaa lampahe wong agung katri | palwantuk angin kêras ||

24. sampun praptèng laladan jaladri | paminggire tanah pulo Jawa | ingandhêgakên lakune | datan antara dangu | minggah dharat wong agung katri | palwa wangsul alayar | rèhning wusing prêlu | warnanên radèn

--- 14 ---

katiga | sapraptane nagari ing Majapait | njujug ing Kapatihan ||

25. amarêngi ing ari Rêspati | pinanggihan Patih Gajahmada | tinanya sangkan prênahe | myang aran sêdyanipun | nêmbe prapta ing Majapait | wau radèn katiga | prasaja ing atur | sêdya ran sangkaning prênah | Patih Gajahmada suka duk miyarsi | sowan maring ing pura ||

26. praptèng byantarèndra matur aris | dhuh pukulun amba tur uninga | wontên wong prapta anêmbe | katri taruna bagus | pangakêne ulun takèni | saking nagari Cêmpa | têturutanipun | kawayah ing Raja Kiyan | pulunannya Pramèswari Dwarawati | talêring asal silah ||

27. kang satunggal Sri Mudha mancêri | apanêngran Alim Abu Rerah | dene kang kalih putrane | Dyan Siti Asmarèku | kang asêpuh Dyan Santri 'Ali | kang anèm Radèn Rahmat | wau ta sang prabu | suka ing pamiyarsanya | myang kang garwa Pramèswari Dwarawati | praptaning pra taruna ||

4. Sinom

1. sakala nuduh parêkan | lajêng kinèn animbali | para pulunan katiga | duta tur sêmbah gya mijil | tan dangu sampun kerid | sira wong agung katêlu | mring dalêm datulaya | prapta byantarèng narpati | asadhepok dahat nganorakên raga ||

2. tandya mangsah ngaras pada | gantya-gantya angramuhi | Sang Aprabu Brawijaya | myang garwa sang pramèswari | tyas karênan mangaksi | warnaning pulunanipun | nimbali para putra | samya kinèn amanggihi | kadangira nak-ing sanak nêmbe prapta ||

3. para putra gurawalan | marêk ngarsaning rama ji | dupi sarèh sawatara | sri narendra sung pambagi | kaharjane sang katri | miwah karahayonipun | marsêpuh myang pra warga |

--- 15 ---

kang anèng Cêmpa nagari | turing putra katiga suka narima ||

4. kasêmbuh lunturing sabda | Pramèswari Dwarawati | rumakêt narik katrêsnan | myang kadang sêpuh jalwèstri | sêngsêm rumêsêp ing sih | buja-kramane lumuntur | lumintu paramarta | kanohan amikênani | suka rêna samya karênaning prana ||

5. sri narendra saha garwa | kasok kapasukan ing sih | maring pulunan katiga | tan kêna sah siyang ratri | nanging cuwaning galih | dene atmaja katêlu | sanès agaminira | ri mangkana antara ri | sri narendra karsa langên parameyan ||

6. anggêbyagakên badhaya | Sarimpi rinêpèn gêndhing | kidung pangudang para dyah | layu-layu nganyut ati | karya sêngsêm pangaksi | karsanira sang aprabu | minangka pasugatan | putra kang anêmbe prapti | dumadiya pangenggar-enggaring driya ||

7. nanging wong agung katiga | tan dadya rênaning galih | ing lêlangên kawibawan | miyat badhaya Sarimpi | tyas pêpêt manaputi | tan pêgat sami tangawut | Sang Prabu Brawijaya | wrin sêmune sambang liring | yèn kang putra katiga sêmu sungkawa ||

8. myat kang alêlangên taya | ri sampunira saari | bubaran para badaya[9] | kukud lèngsèr kang sarimpi | lajêng kasaput wêngi | kang samya sewaka murud | maring pakuwonira | warnanên sri narapati | lan kang garwa munggwing dalêm dhatulaya ||

9. tansah pulunan katiga | sang nata ngandika aris | maring atmaja katiga | he kulup ingsun-tingali | tyas mangêmu rudatin | ing mêngko paran karsamu | yèn ana kang pininta | sayêkti sun-pituruti | payo anggèr sira tutura prasaja ||

10. ature putra katiga | dhuh jêng uwa sri bupati | bilih kaparêng ing karsa | mangkya jêng

--- 16 ---

uwa sarimbit | anunggila agami | kalawan amba pukulun | mêmuri Islam mulya | nabêt tabèk para nabi | apan suci karênan karana Allah ||

11. jroning kitab pira-pira | pan sampun tundhuk ing tafsir | agunging darajatira | kamulyaning para nabi | labêt saking nglêluri | agêming agama luhung | marma paduka uwa | karsa anênimbang budi | botên langkung sampun kirang pangaksama ||

12. wau ta duk amiyarsa | narendra ing Majapait | aturing pulunanira | mêtêk kapêtêk ing galih | pêpêt mêpêt naputi | ewuh-aya rèh ing kayun | lamun lajêng anuta | lingsêm jênênging narpati | kurang mantêp kang wus têtêp tinêtêpan ||

13. dadya atangkis wacana | maring pra pulunan katri | kulup bênêr aturira | nanging rasaning tyas-mami | mêngko ingsun tan apti | ngingkêdi agamaningsun | ingkang wus kalampahan | linuri linuri-luri | pra lêluhur linuhur kaananira ||

14. dene kaya agamanta | ingsun pan ora mancèni | pêpancène sowang-sowang | sêsarênganing aluwih | êmbuh ingkang patitis | têgêse dènnya mrih putus | buntasing kanyatahan | tatapanitining pati | jêr mangkono kang kinênan kuna-kuna ||

15. tandha wahanane ana | padha kocap jroning tulis | sida sidining Kabudan | dènirandon ing kadadin | upama sun anampik | agamaning pra lêluhur | ing mula-mulanira | kang wus padha dèn ranggoni | dadi mokal bêbakal kaliru akal ||

16. jujul wuwul katariwal | asungsang buwana balik | anambuhi ingkang ana | ingkang tan ana dèn incih | eman wus dèn têmêni | laku kang kalakon iku | ilanga tan kawilang | sêsulang kang wus dèn liling | alimana ywa dadya cugêting nala ||

--- 17 ---

17. para pulunan katiga | lêgêg kala amiyarsi | panggah puguhing kang uwa | narendra ing Majapait | dadya ciptaning galih | pan wus karsaning Hyang Agung | beda kabudayanta | bêgja bêgjane kang lali | luwih bêja kang eling lawan waspada ||

18. kèndêl ature mring uwa | angandhar-andhara ajrih | kapidahwèn andêdawa | kadaut datanpa kardi | rubeda ngrêribêdi | sumendhe rèh ing Hyang Agung | nging paduka kang uwa | Pramèswari Dwarawati | sinung ilham anut agamaning putra ||

19. pan wus manjing Islam mulya | kawênangan imam suci | kang raka Sri Brawijaya | jumurung ingkang sudyapti | malik melik agami | ya ta wong agung katêlu | nahidi ingkang uwa | Pramèswari Dwarawati | dènnya kêsdu anut ing agama Islam ||

20. ri mangkana sarêng enjang | para pêpulunan katri | samya sinung pasanggrahan | acakêt lan dalêm puri | amung lêt sacapuri | rinaksa dening wadya gung | dahat sinuba-suba | wau ta wong agung katri | tan alami sami pamitan ing uwa ||

21. rumasa datan karasan | anèng nagri Majapait | karana tan sarawungan | kang samya nunggil agami | supêk raosing galih | marma kêdah arsa mantuk | maring nagari Cêmpa | kang uwa dahat mambêngi | taksih onêng kawulangun onêngira ||

22. myang katuju ing pawarta | lamun ing Cêmpa nagari | mangkya manggih karisakan | kasor prang lan Natèng Koci | dadya wong agung katri | kèndêl ardayaning kayun | têmah ngêmu sungkawa | kang uwa tansah ngrêrapih | ngaring-aring ingêngimur manuhara ||

23. salêjarirèng wardaya | ing siyang pantara ratri | sira wong agung katiga | tan pêgat mangun ngabêkti | dupi ing antara ri | karsanira sang aprabu | pra pulunan katiga |

--- 18 ---

samyarsa winangun krami | rèhning sampun sami katingal diwasa ||

24. sampading panggustinira | sri narendra animbali | Sang Arya Teja ing Tuban | atmajane katigèstri | lamun saarjèng kapti | katiga pindhah kapundhut | sêdyarsa pinipanggya | antuk pêpulunan katri | ingkang saking têtalêring nagri Cêmpa ||

25. sirarya Teja ing Tuban | sumanggèng karsa narpati | ri sampuning abipraya | kaiting rêmbag sang kalih | marêngi sajuga ri | sri narendra adhêdhawuh | mring Patih Gajahmada | sarèhning karsa winisik | sanalika lajêng kabyawarèng kathah ||

26. undang samêkta ing karya | sanggyaning para bupati | gumyah samya makajangan | saundha sabilik-bilik | rinarêngga sarwa sri | pradangga manguyu-uyu | rinaras kêkidungan | layu-layu nganyut ati | ri mangkana sawusnya ngidaki dina ||

27. pinanggihakên anulya | wau ta wong agung katri | kalawan putri katiga | kinancuh-kancuh sarimbit | Rahadèn Santri Ali | antuk Dyah Rêtna Maninjung | dene Rahadèn Rahmat | kêkancuhaning apanggih | nênggih lawan Rêtna Siti Dyan Manila ||

28. Rahadèn Alim Bu Rerah | panggih lan kadang wuragil | anama Rêtna Sadasar | langkung gêng bawahanèki | ingkang uwa sarimbit | myang para kadang sadarum | sumuyud suka rêna | panggihing pangantyan katri | myang marsêpuh suka hyun-hyunên amulat ||

29. mring radèn mantu katiga | pantêse jajar sarimbit | lawan para putrinira | saengga sêkar sarakit | prabanira nêlahi | sênêning samoha kusud | jalwèstri kang tumingal | cêngêng lam-lam ing pangaksi | pitung dina mangun langên karameyan ||

30. wus atut apalakrama | kapranan karênaning sih | sari ratri tan kêna sah | dupi ing

--- 19 ---

antara ari | ri sang pangantèn katri | karsanira sang aprabu | among sarèhing sêdya | mring putra pulunan sami | tinunggilkên kang samya tunggil agama ||

31. sira dyan putra katiga | kinèn maringkên tumuli | maring Arya Lêmbusura | anèng tanah Surawèsthi | matah duta kêkalih | mundhi pustaka sang prabu | lajêng atata-tata | cundhaka anandhang wêling | sawusira sampating rèh nulya budhal ||

32. datan winarna ing marga | lampahe caraka kalih | lawan wong agung katiga | sagarwa myang wadya sami | prapta ing Surawèsthi | njujug padalêmanipun | sirarya Lêmbusura | duta ngaturakên tulis | ingkang saking Sang Aprabu Brawijaya ||

33. gupuh Arya Lêmbusura | ananggapi kang kintèki | binuka sinuksmèng driya | sarahsaning dalêm tulis | Narendra Majapait | ngayumkên pulunanipun | rèhning sampun kawayah | tur samya tunggil agami | tan cinêgah singa kang asudi karsa ||

34. kèlu amalik agama | kèh kêdhik tan dèn wangêni | kang anut putra katiga | jinurungan pudyastuti | sang arya sukèng galih | sandika ing aturipun | maring utusan nata | dahat dènira ngurmati | lawan mantu buyut rahadyan katiga ||

35. kalangkung sinungga-sungga | wusira antara ari | duta mit mantuk mring praja | Ki Arya anayogyani | kanthi ngaturkên tulis | pan pinangka angsul-angsul | punang duta umêsat | praptane ing Majapait | angsul-angsul lajêng katur ing narendra ||

36. binuka kalangkung suka | têmbunge katuju kapti | sumanggêm dènnya tumampa | sinrahan ing radèn katri | nêngna datan winarni | nagari ing Majalangu | warnanên Surapringga | Arya Lêmbusura nguni | dahat sihe mring mantu buyut katiga ||

--- 20 ---

37. tan lami sinungan prênah | adhêdhepoka pribadi | samya jinênêngkên imam | nênggih Radèn Santri Ali | jumênêng ing Garêsik | nama raja pandhita gung | juluk Ali Murtala | dene ta wau kang rayi | Radèn Rahmat dadya imam Surapringga ||

38. sinung dalêm Ngampèldênta | anama Pangeran Katib | karan Sunan Ngampèldênta | murwani jumênêng Wali | dene Rahadèn Alim | Abu Hurerah dinunung | jumênêng dadya imam | anèng Majagung ngêbrêgi | kathah janma kang kapencut mucung Islam ||

5. Pucung

1. ya ta wau Dyan 'Alim Abu Rerahu | inguyun ing kathah | janma marsudi agami | nama Sunan Alim kasuwuring kathah ||

2. dalêmipun nama Suhunan Majagung | Sang Raja Pandhita | Ali Murtala Garêsik | duk samana lajêng krama ing Madura ||

3. pan adhaup lawan Rara Siti Taltum | nênggih putrinira | sira Sang Arya Baribin | atut runtut tan ana sangsayanira ||

4. pan pinugut nihan gantya kang winuwus | Sang Molana Iskak | kaipe Sang Sèkh Ibrahim | têdhakira Jêng Sayid Jungèb ing Arab ||

5. bangsa luhur samya trahing Kangjêng Rasul | maksuding agama | pan sampun pêputra kalih | samya priya bagus awirotama kas ||

6. kang asêpuh Sayid Ès panêngranipun | dene kang taruna | Sang Sayid Yakub wêwangi | duk samana samya sêdyarsa ngajawa ||

7. marmanipun apaksa adrênging kalbu | wit miyarsa warta | kadang nak-ing sanak sami | angajawi katrima manggih kawiryan ||

8. Sayid Yakub lan Sayid Ès tyas kapencut | wusing abipraya | samêkta mangkat tumuli | lampahira samya anitih giyota ||

9. tan winuwus dènira layar ing laut | enggalling carita | praptanirèng tanah Jawi | sang

--- 21 ---

akalih pra samya arêbat karsa ||

10. kang asêpuh Sang Sayid Ès sêdyanipun | maring Majalêngka | dene ari kang taruni | pan anêdya maring nagri Balambangan ||

11. alêstantun asewang-sewangan kayun | Sayid Ès anulya | praptanira Majapait | gya suwita Sang Aprabu Brawijaya ||

12. pan kalangkung ing sihira Sang Aprabu | dahat kapracaya | wasana ingambil siwi | sinung aran Radèn Suta Maharaja ||

13. dangu-dangu anèng nagri Majalangu | tyas datan karasan | sêpên kang nunggil agami | awasana pamit maring Ngampèldênta ||

14. sêdyanipun pan arsa bela dhêdhukuh | lan ari nak-sanak | kang samya nunggil agami | dyan linilan maring Prabu Brawijaya ||

15. mentar gupuh tan alami nulya rawuh | anèng Ngampèldênta | tinanggapan rênèng galih | awit kadang nunggil bangsa myang agama ||

16. karsa nusul tyasira sangêt kapencut | ketang tyas kacintan | rumêsêp samya sudyapti | sakarongron yayah roroning atunggal ||

17. ya ta wau Sunan Ngampèl karsanipun | nênggih ingkang raka | Dyan Suta Mahraja mangkin | sinung prênah dadya imam anèng Dêmak ||

18. anèng ngriku kathah kang tumut dhêdhukuh | anunggil agama | mangkana ing lami-lami | lajêng karan Sang Sèkh Suta Maharaja ||

19. gantya wau warnanên Sang Sayid Yakub | praptèng Balambangan | dhêdhukuh muhara pinggir | winastanan padhêkahan Purwasaga ||

20. duk ing ngriku parêng wahyaning bagya gung | Natèng Balambangan | Prabu Sadmudha wêwangi | ri mangkana kataman sungkawa dahat ||

21. marma tyas duh margi saking putrinipun | nandhang gêrah barah | madal sanggyaning usadi | apanêngran Sang Rêtna Sabodi Rara ||

--- 22 ---

22. suwarna yu samana sang nata ngrungu | lamun ing muhara | wontên janma nêmbe prapti | adhêdhukuh mêncil ahlu'l tapa-brata ||

23. pan wus kabul mumpuni salwiring kawruh | dadya tinimbalan | prapta kinèn ngusadani | katarima waluya grahe sang rêtna ||

24. suka sukur ya ta wau Sang Aprabu | nênggih putranira | pinaringakên tumuli | lajêng panggih lan Sayid Yakub samana ||

25. atut runtut tan ana sangsayanipun | pinaringan nama | maring martuwanira ji | apanêngran Pangran Radèn Wali Lanang ||

26. ya ta wau sawusing antara taun | dènnya palakrama | sang rêtna wus anggarbini | langkung suka sira Pangran Wali Lanang ||

27. amikêsdu miluta marsêpuhipun | anunggila Islam | sampun amangeran kapir | têmah bunêk panganaming kasampurnan ||

28. tanpa dunung sangêt dènira mrih anut | êninging kaanan | nabêt tabèk para nabi | kang wus kabul mungguh mungging bale baka ||

29. sang aprabu tan dadya rênaning kayun | rinèh ing agama | cipta lamun dèn wancèni | sanalika nir sihe mring mantunira ||

30. gya tinundhung saking sabêt-saponipun | prajèng Balambangan | Sèkh Wali Lanang sah anis | tanpa rowang anggana kawêlasarsa ||

31. myang kang kantun sang rêtna kang wawrat sêpuh | kadya nganyut jiwa | dènnya tinilar ing laki | marma tansah ngungun wulangun kalintang ||

32. pan kapuwung jrih dukaning ramanipun | wau ta kang kesah | samarga-marga nrang wingit | Pangran Wali Lanang praptèng Ngampèldênta ||

33. sarêng pangguh lan ari suka ing kalbu | dahat tinanggapan | kadangira prapta malih | siyang dalu pan anggung sinuba-suba ||

34. anèng ngriku wusing antara dinunung | anèng Patukangan | angimamana agami | kalampahan dhukuhe karta raharja ||

35. tan winuwus wau ta mangsuli catur | kang kantun awawrat | anèng Balambangan nagri |

--- 23 ---

praptèng masa pan ambabar mijil priya ||

36. warna bagus karsaning Allah kang ibu | pan seda konduran | margane ngidaki jangji | sasedane Raja Putri Balambangan ||

37. gya pagêblug ruharaning rat dahuru | karoban lêlara | sakit sontên pêjah enjing | ingkang sakit sontên enjing praptèng pêjah ||

38. sang aprabu mêgêng sungkawaning kalbu | ciptaning panarka | yèn mawaning jabang bayi | tan antara kinèn nglabuh ing samudra ||

39. yèn rahayu jabang bayi têmah lêbur | prajèng Balambangan | tumpês pinarak gêgêring | para wadya jumurung mangayubagya ||

40. tan adangu jabang bayi gya sinambut | maring ingkang eyang | dinunung sajroning pêthi | kang tumingal ngêrês angrês angrêsula ||

41. wlas andulu ajrih kapêksa ing ratu | sanalika mangkat | linabuh maring jaladri | gilang-gilang lênglêng kapilêng kang mulat ||

42. warnanipun jabang bayi katon bagus | sumunar kang cahya | jalwèstri manguyu tangis | sruning wêlas yayah kèlu belantaka ||

43. duta mantuk wontên parmaning Hyang Agung | akarya lantaran | rinaksa dèrènging pasthi | amarêngi wontên juragan alayar ||

44. nuju langkung Ki Juragan Sambodyèku | Garêsik dunungnya | sêdya mardagang mring Bali | praptèng ngriku Juragan awas tumingal ||

45. yèn ing laut têngah wontên pêthi karut | mawa teja muncar | kacaryan gya dèn parpêki | dyan ingambil tutuping pêthi binuka ||

46. kagyat njumbul isi jabang bayi bagus | cahyane gumilang | narka darahing wirya di | dadya bantên labêt rèh pakaryan jina ||

--- 24 ---

47. nanging kêsdu Ki Juragan nêdya mupu | karya kabêcikan | sêsama samèng dumadi | bok jalari bêgya[10] anarik kamulyan ||

48. gya sinambut inginggahkên mring parau | dening Ki Juragan | suka rêna aningali | ri sampuning mangkana baita mangkat ||

49. tan winuwus dènira alampah laut | Juragan Samboja | ri mangkana sampun prapti | anèng Tandhês ginumatèn dadah dulang ||

50. semahipun asuka rêna ing kalbu | dhasar Ki Juragan | salami dèrèng ngalami | darbe suta marma kasok sih trêsnanya ||

51. ya ta wau Radèn Bayi sakalangkung | ing kabêgyanira[11] | pan wus karsaning Hyang Widhi | lamun têmbe linuhur darajatira ||

52. Radèn Bagus pan sampun umanjing sunu | yayah tan kêna sah | nulya sinungan wêwangi | mring Juragan anama Radèn Satmata ||

53. sakalangkung pinuja pinunjung-punjung | sasêdya dèn uja | sinarjon ingaji-aji | pinibudya maring Juragan Samboja ||

54. dèrèng dangu dènira angambil sunu | ya ta Ki Juragan | tinêkakakên ing jangji | nandhang roga têkaning wasana pêjah ||

55. dadya wau kang putra Rahadèn Bagus | kamong Ni Juragan | sangsaya tumancêp ing sih | panganggêpe lir suta dènira yoga ||

56. dumalundung enggal agêng wit ingugung | Rahadèn Satmata | anèng laladan Garêsik | pan akarya brangtaning wong sabên dina ||

6. Asmaradana

1. nihan gantya kang winarni | sarênganing lêlampahan | anênggih wontên kadange | Sang Sèkh Suta Maharaja | kang ngimami ing Dêmak | dadya prênah arinipun | lawan Pangran Wali Lanang ||

2. samya Sèkh Iskak mancêri | nama Sèkh Waliu'l-islam | yêkti samya têtalêre | dharahing Jêng Rasulu'llah | wutah gêtih ing

--- 25 ---

'Arab | ya ta samana winuwus | sira Sèkh Waliu'lislam ||

3. kasok karoban ing warti | dene para dagang layar | yèn kadange sakarongron | samya anèng tanah Jawa | nêtêp manatagama | kèh janma sayuk sumuyud | dadya Sèkh Waliulislam ||

4. kapencut arsa ngajawi | nunggil kadang-kadangira | sagêda oyod arondon | lajêng samêktèng baita | alayar ing samudra | lêpas lampahing parau | antuk angin karya gancang ||

5. wus prapta ing tanah Jawi | ri Sang Sèkh Waliu'l-islam | darat anggana lampahe | anjujug ing Ngampèldênta | pan kadang nak -ing sanak | talêr saking ibunipun | langkung dènnya kinurmatan ||

6. samya karênan ing galih | lir satu mungging rimbagan | ananggêni agamane | sira Sèkh Waliu'lislam | jrih nungkêmirèng kadang | rumarah ing rèh rahayu | ngayum mangayom kawiryan ||

7. duk samana tan alami | sira Sèkh Waliu'lislam | antuk sihe Sunan Ngampèl | pinarnahkên dadya imam | nèng tanah Pasuruhan | anulya ingambil mantu | mring Dipati Pasuruhan ||

8. pan antuk Rara Satiri | atut dènnya palakrama | datan ana sangsayane | tan lami ngalih panggènan | dalêm ing Pandhanarang | kapiyarsèng Maha Prabu | Brawijaya Majalêngka ||

9. yèn wargane putra katri | nguni ingkang saking Cêmpa | dadya linastarèkake | mêngkoni ing Pandhanarang | ing rèh sabawahira | nênggih minangka lêlungguh | sinung nama adipatya ||

10. pinardikakkên ngimami | kang samya kêsdu agama | pan asampun ngèstokake | nihan gantya kang winarna | Sang Sèkh Molana Iskak |

--- 26 ---

nguni kang sampun kasêbut | têdhake Sèkh Jungèb Arab ||

11. karsanira angajawi | sêdya anusul kang putra | kawarti eca manahe | angkatira saking Arab | mawa putra sajuga | Khalifah Kusèn ranipun | sapraptaning tanah Jawa ||

12. jujug anèng Ngampèlgadhing | Jêng Sunan kalangkung suka | rawuhe kang uwa nêmbe | lan ambêkta kulawangsa | dahat ingupaboga | samya karênan ing kayun | sang prapta sih anarima ||

13. wusnya rêrêm sawatawis | sira Sèkh Molana Iskak | lajêng anungsung pawartos | padununganing pra kadang | Jêng Sunan Ngampèldênta | matur ing uwa yèn sampun | sinung prênah sowang-sowang ||

14. angimami ing agami | ing Dêmak myang Patukangan | kang uwa sapamyarsane | ature pulunanira | Jêng Sunan Ngampèldênta | dahat sukanirèng kalbu | wau Sèkh Molana Iskak ||

15. pan lajêng aminta tuding | dununganing pêprênahan | kang putra Jêng Sunan Ngampèl | nulya angaturi têdah | kinèn angimamana | Madura saurutipun | maraha Agami Islam ||

16. sagêda nunggil agami | Sri Lêmbupêtêng Madura | pinuriha salintire | supados bakuh akêkah | kang uwa tan lênggana | myang Sayid Kusèn jumurung | ri wusing samêkta mangkat ||

17. sakalihan sampun prapti | anèng nagari Madura | abipraya sakarongron | samyarsa suwitèng Nata | Lêmbupêtêng Madura | kanggêp pangawulanipun | kapracaya kalih pisan ||

18. dahat rinêsêpan ing sih | gya ingambil paripeyan | dinaupkên sakarongron | antuk têtilaranira | putranirèng martuwa | Arya Baribin ing dangu | atut dènnya palakrama ||

19. ri wusing alami-lami | sira Sèkh Molana Iskak | kalawan Khalifah Kusèn | samya mamardi agama | anuta rèh ing Islam | Sri Lêmbupêtêng lingipun | panggah puguh datan

--- 27 ---

owah ||

20. natèng Madura ngèmuti | têdhaking Sri Brawijaya | anuta ing rèh pan asor | Gusti angayum kawula | mendah ucaping janma | sang kalih tansah umatur | ngaturakên pralampita ||

21. caritaning para nabi | kang atampi kanugrahan | ngugêmi agama kaot | Sri Lêmbupêtêng Madura | dèrèng kabuka ing tyas | mandar dadya dukanipun | kasor kasêsêr tan arsa ||

22. dadya tinundhung sang kalih | saking nagari Madura | kesah saparan-parane | kinuya-kuya ing katah[12] | dahat kawêlasarsa | sêsewangan lampahipun | entare saking Madura ||

23. mamèt sasukaning galih | sira Sèkh Molana Iskak | tan arsa wangsul mring Ngampèl | lingsêm dènira acabar | angrèh natèng Madura | rêrêm kèndêl adhêdhukuh | anèng tanah ing Malaka ||

24. nênuntumkên pangabêkti | tobat ing Allah ta'ala | dene ta Khalifah Kusèn | wangsul maring Ngampèldhênta | warta cabaring karsa | Sunan Ngampèl anglêlipur | pan dèrèng parênging masa ||

25. yèn sampun katuju kapti | saèstu ngasor piyambak | narima Khalifah Kusèn | pangimuring parimarma | Jêng Sunan Ngampèldênta | anarima tumut ngayum | sumuyud pangrèhing karsa ||

26. kunêng kawarnaa malih | Sri Lêmbupêtêng Madura | kesahe Molana karo | Khalifah Kusèn Sèkh Iskak | lajêng miyarsa warta | yèn tanah ing Surèngkewuh | wontên Sang prapta datêngan[13] ||

27. pan kalêbêt bangsa alim | têka saking tanah Arab | praptanya samyarsa ngêndèh[14] | agamanira kang rama | labêtaning Kabudyan | korawa kadibyanipun | Sèkh Arab kang angajawa ||

28. mêmarah malik agami | karan Sunan Ngampèldênta |

--- 28 ---

pan wong Surabaya kabèh | kathah milya agamanya | sumungku sungkêmira | wus akarya masjid agung | pinindha bangsal witana ||

29. tyas rêngat mawinga wêngis | sêdyarsa pinaracidra | paraning rèh kadibyane | Sri Lêmbupêtêng Madura | wusnya samêkta mangkat | tanpa wadya lampahipun | kengis labêting prawira ||

30. sapraptaning Ngampèlgadhing | Sri Lêmbupêtêng Madura | namar namur pangamore | para sa[...][15] kang rumêksa | marêngi wêktu 'isya | Natèng Madura anjujug | têpining hèr kang kinulah ||

31. dumunung parêking masjid | tan ana janma uninga | samana Jêng Sunan Ngampèl | têdhak sapinggiring kulah | api-api tan wikan | Prabu Lêmbupêtêng gupuh | mire anarik curiga ||

32. dupi arsa anglarihi | mring Jêng Sunan Ngampèldênta | kèngsêr kasor prabawane | alading Wali minulya | sumaput lajêng rêbah | kagêbyur sajroning banyu | Jêng Sunan ing Ngampèldênta ||

33. api kagyat ing panggalih | animbali pra sakabat | dupi prapta ing ngarsane | sakabat kinèn mariksa | janma kêlêm ing kolah | kang kinèn datan adangu | mentar aniti pariksa ||

34. têrang dènira ningali | Jêng Sunan Ngampèl dhêdhawuh |[16] nulya kinèn ngêntasake | Sri Lêmbupêtêng Madura | nanging tan sagêd kêntas | ingidèn ing Jêng Sinuhun | sanalika sagêd kêntas ||

35. saking salêbêting warih | Sri Lêmbupêtêng Madura | ingandikan Sunan Ngampèl | kinèn ndugèkakên sêdya | rèhning sampun waluya | Natèng Madura tumungkul | analangsa nuwun tobat ||

36. jêng sunan nulya ndawuhi | yèn satuhu sampun tobat | paran kang dadya tandhane | Sri Lêmbupêtêng Madura | tumundhuk ngaras

--- 29 ---

pada | Jêng Sunan suka ing kalbu | alon dènira ngandika ||

37. kula sampun angalimi | mêpêt kalêpatanira | nanging dèrèng marêm batos | yèn tan anunggil agama | muklise kurang eklas | Natèng Madura jumurung | anut ing rèh karsa-tuwan ||

38. yêkti ulun ananggoni | angandika Jêng Suhunan | yèn makatên sokur bage | ri sampunira mangkana | anulya sinahidan | Natèng Madura mangkya wus | lajêng manjing Islam mulya ||

39. kasandhangan iman suci | sumanggêm nanggêmi gama | tan kumêdhèp pangidhêpe | tobat nabêt manjing sabat | dupi ing wanci enjang | Jêng Sunan Ngampèl adhawuh | maring Sri Natèng Madura ||

7. Sinom

1. Sri Lêmbupêtêng samana | kinèn konduran tumuli | maring nagari Madura | rèhning sampun mratandhani | sumanggêm ananggoni | agêming agama luhung | kang kinèn tan lênggana | nulya samêkta minta mit | tyas kalêgan sang guru mangayubagya ||

2. sri narendra lajêng mangkat | Khalifah Kisèn umiring | wus ahlul duk angawula | ing marga datan winarni | praptèng Madura nagri | asewang-sewangan laku | Sang nata ing Madura | kondur mring prajanirèki | Sang Khalifah Kusèn tan kandhêg ing lampah ||

3. maring Sumênêp dinuta | ing Jêng Sunan Ngampèlgadhing | lan kinèn maring Balega | ngradon angradin agami | kanthi amawa tulis | kait rêmbag sabayantu | lawan Natèng Madura | nênggih tumut mratandhani | Sang Khalifah Kusèn lampah lêlancaran ||

4. praptane Sumênêp praja | panggih Sri Jaranpanolih | wus samya atata lênggah | sang

--- 30 ---

duta ngaturkên tulis | Prabu Jaranpanolih | nanggapi nawala sampun | sinuksma ing wardaya | ginigit rahsaning tulis | tyas kabuka kabul kabelan agama ||

5. tan lênggana manjing Islam | Khalifah Kusèn nulya mit | laju têrus ing Balega | Natèng Sumênêp njurungi | nulya umentar malih | tan alami nulya rawuh | ing nagari Balega | pangagêngipun tininggil | tan suwala samya nut agama Islam ||

6. ri sampunira mangkana | Khalifah Kusèn nulya mit | wangsul marang ing Madura | jinurungan pudyastuti | samana sampun prapti | prajèng Madura apangguh | kalawan sri narendra | kinurmatan anglangkungi | tyas karênan kèndêl anèng ing Madura ||

7. kunêng gantya kang kawarna | wontên Molana kêkalih | samya wutah rah ing Arab | ingkang sêpuh awêwangi | Sang Molana Mahribi | alul[17] ing subrata nungku | dene ingkang taruna | nama Molana Garibi | kalih pisan samya putrane Sèkh Iskak ||

8. kaprênah kadang taruna | lawan Khalifah Kusèni | samana myarsa pawarta | yèn kadang sêpuh ngajawi | dadya Molana kalih | sayuk rêmbug sabiyantu | samya sêdya ngajawa | samêkta mangkat tumuli | lampahira numpal-kèli ing samudra ||

9. sapraptane tanah Jawa | wau ta Molana kalih | pan anjujug Ngampèldênta | langkung kinarênan ing sih | praptane wong kêkalih | buja kramane tan surud | Jêng Sunan Ngampèldênta | sangsaya santosèng galih | siyang dalu nêmên ngabêkti ing Suksma ||

10. tan lami wong sakalihnya | pinikramakakên sami | mèt suka rênaning driya | ri Sang Molana Mahribi | antuk Rêtna Marakis | nênggih kang adarbe sunu | Arya Teja ing Tuban | dene Molana Garibi | panggih lawan sutèng Gajahmaodara ||

--- 31 ---

11. anama Ni Kèn Sudara | atut sih-sinihan sami | tan ana sangsayanira | dupi ing antara lami | wau ta wong kêkalih | kaprênah sinungan dunung | mring Sunan Ngampèldênta | pinrih samya angimami | anèng Bantên ngradina agama Islam ||

12. kang paman datan lênggana | lajêng samya nglaksanani | praptèng Bantên kalih pisan | ngrakit padhepokanèki | sawusnya dèn dalêmi | kathah janma kang kayungyun | kèlu mèlu agama | ya ta Molana Mahribi | tan karasan kirang rêna ing wardaya ||

13. wit tan agêng ing agama | ya ta lajêng kesah anis | saking ing Bantên samana | dhatêng ing Cêmpa nagari | jênêk raosing galih | lajêng mangun adhêdhukuh | dene ta arinira | ri Sang Molana Garibi | taksih kasdu mandon ing Bantên kewala ||

14. wontên malih kang winarna | wontên Molana ngajawi | Sayid Jèn panêngranira | awit kalèban ing warti | yèn sudarmanirèki | Sayid Ès ingambil sunu | mring ratu tanah Jawa | dadya imaming agami | anèng Dêmak karan Sèkh Suta Mahraja ||

15. dèrèng trang cundhuking warta | marma nyidikkên nindaki | sapraptaning tanah Jawa | anjujug ing Ngampèlgadhing | tinanggapan ing galih | rêrêm kinarênan kayun | lajêng sinungan prênah | kinèn ngimami agami | ing Carêbon Barêbês lan Pajajaran ||

16. têkaning Karawang pisan | Sayid Jèn tan lêngganèng ling | nglaksanani ing pitêdah | adhêdhepok pasang rakit | anèng ing gunung Jati | kathah kang tumut dhêdhukuh | kasêngsêm ing agama | Sayid Jèn pinuji-puji | mangka guru gêr-ugêre sanagara ||

17. samana karaning kathah | nama Sunan Gunungjati | dhepoke karta raharja | ênêngna mangkya winarni | nênggih kang wus ngimami | Samarang saurutipun | ri Sang Waliu'lislam |

--- 32 ---

putranira jalu krami | wus diwasa sinung prênah sowang-sowang ||

18. kang sêpuh nèng Pakalongan | angimami ing agami | Sèkh Kalkum panêngranira | arinira kang sumêndhi | Sèkh Abdu'llah wêwangi | pêpandumaning dêdunung | dadya imam ing Kêndhal | arine pantara malih | apêparab sira Sang Sèkh Abdu'rrahman ||

19. ing nguni pan sampun dadya | pandhita ing atas-angin | ing mangkya kinarya imam | ulu-uluning agami | mardiyèng Islam suci | anèng tanah Kaliwungu | wus samya kalampahan | wontên kang winarna malih | bangsaning khas Molana saking ing Arab ||

20. kaprênah kadang nak-sanak | lawan Molana Mahribi | Sèkh Jamhur Alim panêngran | samana prapta ngajawi | njujug ing Ngampèlgadhing | tinanggapan praptanipun | karênaning wardaya | pan datan antara lami | Sang Sèkh Jamhur Alim anèng Ngampèldênta ||

21. pinikramakakên nulya | antuk putraning dipati | kang mangrèh ing Pajarakan | nama Rara Sampursari | atut sinihan kalih | sawusnya nulya tinuduh | ngimami Pajarakan | lêstari mardèng agami | kathah janma kajuman mangayum Islam ||

22. datan alami samana | sira Sang Sèkh Jamhur Alim | dènira apalakrama | anulya akrama malih | antuk ing Kêbon Candhi | tan ana sangsayanipun | nahan gantya winarna | Randha Samboja Garêsik | kang amupu kang putra Radèn Satmata ||

23. ing mangkya kataman roga | wasana prapta ing jangji | puput dènira nèng donya | sarèhning tan darbe siwi | raja-darbèkirèki | barang arta mas sotya gung | kasrah Radyan Satmata | salêbête dèrèng wanci | Radèn Putra sadaya kang rajabrana ||

24. pinitajêngakên ngrêksa | kawulawargane

--- 33 ---

sami | nênggih Juragan Samboja | kang tate tau aniti | suka karênan sami | pangêmonge Radèn Sunu | rêsêp rêksa rumêksa | kasokan rumangsuk ing sih | datan pae duk gêsange Ki Juragan ||

25. mangkana sawiji dina | Radèn Satmata marêngi | amêng-amêng ngenggar-enggar | munggwing têpining gêgisik | lêlingsèn tanpa dasih | sêngsêm mangaksi parau | nuju wontên baita | nangkoda alampah grami | mêntas midêr saking tanah liyan praja ||

26. sêdya mantuk maring Benang | kampir ing Tandhês rumiyin | praptèng pinggiring samudra | Tandhês laladan Garêsik | Ki Juragan udani | wontên rare tanpa batur | bagus suwarnanira | amêng-amêng nginggil gisik | tandya pinarêkan maring Ki Juragan ||

27. tinanya ingkang sêsuta | dene ledhang tanpa kanthi | kadi kataman dhuhkita | Radèn Satmata nauri | lamun atanya kami | ingsun tanpa bapa babu | Ki Juragan duk myarsa | ketang wêlase tan sipi | sanalika tinari ingambil suta ||

28. cipta karya kabêcikan | sêsama samèng dumadi | nulung kawulaning Allah | kaananing anak yatim | bok sagêd anjalari | kamulyaning badanipun | kang sinandhang riwayat | kadarmaning dhingin-dhingin | dadya ngamal wong akarya kabêcikan ||

29. wau ta Radèn Satmata | nalikanira miyarsi | pamilutaning nangkoda | kadadak datanpa budi | saure anglakoni | miturut sakarsanipun | ri sampuning mangkana | Radèn Satmata anuli | inginggahkên maring sadalêming palwa ||

30. binêkta mantuk mring Benang | praptanira nuju ratri | sira Rahadèn Satmata | pan lagya sakeca guling | anèng sajroning panti | ing dalu katingal murub | nangkoda duk uninga | ngungun pangangêning galih |

--- 34 ---

wus anarka yèn darahing kartiyasa ||

31. sangsaya sih trêsnanira | sangêt dipun kamulèni | ing siyang dalu winulang | ngaji tan lami wus bangkit | Ki Juragan winarni | sakit praptèng pêjahipun | têkyanirèng dêlahan | sinungan kamulyan jati | labêt saking asabar rila ing dunya ||

32. sagung raja-darbèkira | sarèhning tan darbe siwi | kasrah mring Radèn Satmata | wus diwasa sawatawis | tan ana dèn pasrahi | rumêksa rajabrana gung | dadya osiking driya | ular-ular nambut kardi | asinau ngawaki adagang layar ||

33. ri sampunira samêkta | dagangan winoding kèci | pênjalin kalawan kajang | lajêng umangkat tumuli | sêdya marang ing Bali | lêpas lampahing parau | samana sampun prapta | muharane nagri Bali | ngudhunakên pênjalin kalawan kajang ||

34. kathah kang samya atumbas | para nangkoda anggili | anêba kang dêdagangan | tigang baita wus ênting | kathah atampi picis | kêbak dadya saparau | suka Radèn Satmata | sumlêngêrên aningali | cipta tampi kamirahaning Pangeran ||

35. samana kataman coba | kathah janma pêkir miskin | kang samya aminta priman | jalwèstri prapta anggili | wantuning wutah ati | dhasar karêm atêtulung | mring sêsamining titah | asih mring dasih kaswasih | sing aprapta kang aminta pinaringan ||

36. maring Rahadèn Satmata | sarya ingandikan manis | he sanak dèn padha-padha | aja na ingkang sak-sêrik | nampani sihing Widhi | kamurahan kang dhumawuh | sayêkti ingsun darma | nglantari praptaning kang sih | sira sanak kang darbya bêgja sarkara ||

8. Dhandhanggula

1. kaananing ngaurip puniki | yêkti kabèh kagunganing Suksma | amung dèn abisa bae |

--- 35 ---

rumêksa badanipun | amburuwa talêring urip | tumitah 'alam dunya | yêkti kudu-kudu | angêgungakên istiyar | anggaota rupa sabarang pakolih | supaya karya arja ||

2. lamun wong nêmên anambut kardi | iku dadi laku kang utama | kataman ing panêmune | tan ana bedanipun | lawan wong kang ahli ngabêkti | jangji tan paracidra | pawitaning laku | Allah yêkti sipat murah | sipat asih gumêlar alam sakalir | rumêksaning kawula ||

3. ri sampuning ngêndika aparing | arta lantaraning pêpawitan | kang minta kawratan kabèh | pêkir kang anjêjaluk | gèdhèg-gèdhèg dènnya ningali | kadarmanira radyan | mamartèng tumuwuh | lêgawa rila ing dunya | pama kêmbang dèrèng wanci ganda wangi | wus arum ngambar-ambar ||

4. dadya janma sadayèsmu ajrih | tumungkul nampani kang pangrila | dahat agêng panuwune | sadaya mêmuja yu | warna-warna dènnya sung puji | sawênèh pujinira | dhuh Allah Kang Agung | mugi têmbe aparinga | kawiryawan karahayon amartani | wênèh pujining janma ||

5. wong abisa amadhangkên ati | yêkti têmbe manggih kawaskithan | dadya pandaming rat kabèh | sawênèh pujinipun | janma ingkang kapasuk ing sih | gampanga kang sinêdya | wong awèh rahayu | dumadiya pangayoman | sira Radèn Satmata nanggapi ing sih | sinaman sama-sama ||

6. kang aminta sangsaya anggili | lunga têka tinêkan sakarsa | datanpa sah pisungsunge | ardana saparau | têlas bebas tan ana kari | ya ta Radèn Satmata | pan anêdya kondur | juru palwa lon turira | dhuh rahadèn karsa tuwan kados pundi | dènira dagang layar ||

7. ngêntu-êntu bathi kang ingèsthi | angalênthar kinarya jêntara | pothar-pathir wêkasane | têlas ardananipun | baya kantun ngêmut dariji |

--- 36 ---

ajaja jaja boja | yêkti kang parau | uyang-uyung tanpa karya | ngaya-aya ngêlaya ngidêri bumi | kangèlan tanpa tuwas ||

8. Radèn Satmata alon nauri | hèh wong sanak dipun anarima | wahyaning kang coba gêdhe | Allah sipat mukitun | sipat murah lan sipat asih | lan sipat samak basar | juru palwa matur | lêrês ingkang pangandika | nanging lamun dèrèng sagêd mratandhani | kalêbêt sêsongaran ||

9. Radèn Satmata ngandika malih | juru palwa payo nyatakêna | ingkang dadi pratandhane | Pangeran Ingkang Agung | yèn sinêdya sayêkti dadi | mara angupayaa | apa kang kadulu | sapinggire ing samudra | sanalika padhas curi kang kalingling | dadi mas lan sêsotya ||

10. juru palwa ngungun duk ningali | sumlêngêrên tan bisa angucap | konjêm tumungkul mukane | anut sakarsanipun | rèhning sampun amratandhani | nabda Radèn Satmata | yèn sira wus manut | apa ing sakarsaningwang | mêngko ingsun arsa amèt aling-aling | supaya ora rungak ||

11. payo amèta padhas karikil | lan kalaras padha bêntèlana | isthanên ana isine | lêbokna ing parau | supayane katona isi | kang kinèn tan lênggana | juru palwa gupuh | amèt karikil kalaras | osikira paran dadine ing mangkin | pratingkah kaelokan ||

12. baya dadi gêguyon ing benjing | mangkat dagang panjalin lan kajang | mulih tan ana jêbule | bathine amung uwuh | kadadène padhas karikil | ri sampuning akathah | dadya saparahu | ngandika Radèn Satmata | aja tanggung ingkang rong palwa puniki | dèn isènana pisan ||

13. juru palwa alon matur wêngis | kathah-kathah kadamêl punapa | ngêsêlakên tanpa gawe | punapa kangge urug | Dyan Satmata ngandika aris | watêke wong kangèlan | kapenak tinêmu | juru palwa lajêng mangkat | kapangèston akangèlan wira-wiri | datan angrasa sayah ||

--- 37 ---

14. rowangira sadaya tan apti | rumasane kinarya sawiyah | mung sajuga ngèstokake | wasta pun Barussyamsu | karana kang wus angyaktèni | kadibyaning rahadyan | kang sinêdya rawuh | sinung mangunah karamat | rong parau kêbêk ingisènan wêdhi | suka Radèn Satmata ||

15. wusing samêkta mangkat tumuli | sêdya kondur marang dhukuh Benang | alayar kêras lampahe | datan antara rawuh | juru palwa mudhun rumiyin | kang kantun tan kêna sah | amung Barussyamsu | asayah sakeca nendra | Dyan Satmata maladi samadi êning | angênêngakên prana ||

16. byar katingal dagangan mawarni | wêdhi sabaita dadya bêras | las-lasan putih warnane | kang sabaita wau | wêdhi brasak pan dadya kopi | kalaras pira-pira | dadya sinjang alus | bajulngosèk bêraswutah | puspalembong cindhe limar lan palangi | dene kang sabaita ||

17. kang aisi padhas lan karikil | ingkang agêng dadya lantakan mas | karikil kang alit dhewe | dadya sêsotya luhung | akik mirah nila widuri | ri sampuning mangkana | sira Barussyamsu | tangi dènira anendra | lêngêr-lêngêr amulat ing kanan kering | kêbêk barang dagangan ||

18. kang apèni-pèni rajapèni | Barussyamsu tan bisa angucap | kadya ngimpi pandulune | dene ing nguni uwuh | mangke têka salin ing warni | barang kang mahal-mahal | sarwa adi luhung | ngandika Radèn Satmata | Barussyamsu iki sih marmaning Widhi | malês sih kabêcikan ||

19. apan sinung kamurahan mangkin | dadi barang ingkang asarwendah | payo titikana kabèh | ya ta pun Barussyamsu | gurawalan lajêng ngabêkti | maring Radèn Satmata | jrih sungkêm sumungku | cipta yèn ing têmbe dadya | wali mulya guru gêr-ugêring bumi |

--- 38 ---

kramate wus rumêma ||

20. juru palwa kang mudhun rumiyin | awêwarta kulawangsanira | yèn Radèn Satmata mangke | dènnya dagang wus rawuh | tanpa tuwas mulih barindhil | payuning dêdagangan | duk panggawanipun | panjalin kalawan kajang | pan dèn pak-i sudagar aliru dhuwit | wang dadi sabaita ||

21. banjur pinintanan pêkir miskin | Dyan Satmata tansah danardana | dhuwit saparau êntèk | ing mêngko ulihipun | mbuwang tilas lir wong kalindhih | praune kinêbakan | klaras wêdhi watu | tan patut tinut ing kathah | kang miyarsa samya maido wus kêrid | sampun praptèng muhara ||

22. lajêng anjujug sajroning kèci | juru palwa ingkang awêwarta | mlêngak kagyat pandulune | lan kang winartan wau | sapandurat tan sagêd angling | lir linglung kalanglangan | dene sajêgipun | dèrèng myat barang mangkana | dhewe-dhewe samya sêdya mangênjali | maring Radèn Satmata ||

23. praptèng ngarsa ngaras pada kalih | Radèn Satmata alon ngandika | padha kawruhana kabèh | ing mêngko karsaningsun | apan sêdya lêlana malih | pan aja wara-wara | panggawe puniku | iki barang dêdagangan | ingsun bage sira kabênêr nampani | apa sapandum ingwang ||

24. kang aendah pèni rajapèni | wastra alus sotya nawarêtna | kalawan kancana kabèh | darbèke Barussyamsu | karanèku kang anjalari | panêbasing kangelan | patuwase agung | dene kopi lawan bêras | dèn panduma sakancanira dèn wradin | dadiya ular-ular ||

25. kang sinihan wus samya nampèni | dahat dènnya sèwu anarima | ing kadarmaning rahadèn | ya ta sasampunipun | Dyan Satmata anuwun amit | mentar andon lêlana | anggèndhol sadarum | ngandika Radèn Satmata | aja samar yêkti besuk têmbe buri | sun bali

--- 39 ---

maring Benang ||

26. dadya samya jurung mangastuti | sakarsane Rahadèn Satmata | mentar lêstari lampahe | denepun Barussyamsu | kasugihanira ngluwihi | dadya lurah nangkoda | sadaya angayum | Barussyamsu babokira | langkung mukti kaharjanira salami | tan ana sangsayanya ||

27. kunêng ingkang kawarnaa malih | wontên parênganing lêlampahan | krabate Jêng Sunan Ngampèl | paman misananipun | ajêjuluk Sèkh Suba Bangip | pan samya pehak Arab | talêr têdhak rasul | samana prapta ngajawa | pan anjujug anèng dhukuh Ngampèlgadhing | kinarênan ing karsa ||

28. tan alami anulya tinuding | kinèn ngimami tanah têngahan | Pranaraga saurute | wus kalaksanan sampun | datan ana sangsayanèki | nihan malih winarna | kang dadya pangulu | ngimami tanah Samarang | linurugan saking nagari ing Pêngging | dadya yuda kanaka ||

9. Pangkur

1. marmanya pinukul ing prang | dene nyorok jajahan nagri Pêngging | kathah kang ingirup-irup | kelut malik agama | Prabu Dayaningrat samana anuduh | anggêmpura ing Samarang | senapatining ajurit ||

2. Radèn Jaka Sinumbaran | lawan Arya Dewata kang kinanthi | Arya Tala tiganipun | padha wong surèng yuda | mêngku wadya salêksa wong surèng kewuh | sangkêp sadandananing prang | sapraptanirèng Samawis ||

3. Molana Waliu'lislam | saputrane sawadya pasang rakit | amêthuk praptaning mungsuh | têtindhihing prawira | Sang Sèkh Suta Maharaja karya dhênggung | punika prênah kang raka | lawan Dipati Samawis ||

--- 40 ---

4. kanthi lawan para putra | Sang Sèkh Kalkum Sèkh Jatiswara tuwin | lan para kadang sadarum | tumut lajêng campuh prang | ing Samarang lan ing Pêngging sarêng kiwul | rukêt caruk liru papan | sami darahing winani[18] ||

5. wong Pêngging lir saradula | datan etang pati lir mbêbêntusi | wong Samarang panggah têguh | tan ana nêdya oncat | mawulinga wringutên lir angun-angun | datan wrin ing pringgabaya | karepotan wadyèng Pêngging ||

6. kathah kang amanggih pêjah | senapati katiga wus ngêmasi | wadyabala tanpa etung | kang sirna ing paprangan | sakarine kang pêjah bubaran larut | sasrangan angungsi gêsang | mantuk maring prajèng Pêngging ||

7. katur ing Sri Dayaningrat | lamun wadya kang mukul ing Samawis | tiwas tumpês sirna larut | tan ana mangga pulya | sri narendra duk miyarsa atur dunung | tiwase cundhakanira | kang andon prang ing Samawis ||

8. jaja bang mawinga-winga | dhasar bantêr bèr wani wutah ati | sanalika budhal gupuh | gugup pra wadyabala | abusêkan kuswa gêgaman prang pupuh | balabar samarga-marga | kadya rob-ing jalanidi ||

9. datan winarna ing marga | sri narendra wus prapta ing Samawis | lajêng mangsah sara amuk | lir banthèng tawan brana | wong Samarang gugup karoban ing mungsuh | singa mangsah kasulayah | satêmah apothar-pathir ||

10. pangagênge ing Samarang | samya mangsah katindhês ing ajurit | wong Pêngging tatag atangguh | Sang Sèkh Waliu'lislam | pan kasambut anèng madyaning prang pupuh | kasiwo seda ing rana | sadaya mangsah pêpulih ||

11. Sang Sèkh Suta Maharaja | duk uninga yèn kang rayi ngêmasi | sirna kaparwasèng mungsuh | ngamuk sura tan taha | wadyèng

--- 41 ---

Pêngging kang katrajang kawur-kawur | ananging karoban lawan | dangu-dangu angendrani ||

12. Sang Sèkh Suta Maharaja | sawadyane linud ing wadya Pêngging | tan kandhêg dènnya lumayu | prapta tanah ing Dêmak | kasayahan dadya seda anèng ngriku | ingastana ing muhara | dene wadya kang mêmuri ||

13. para putra ing Samarang | sasedane kang rama giris miris | samya bubar kapalayu | angungsi sowang-sowang | asasaran saparan amèt rahayu | Sèkh Kalkum maring Bênggala | Sèkh Jatiswara angungsi ||

14. kèndêl anèng pêpataran | nênggih patarane Marbabu wukir | anèng ngriku adhêdhukuh | dene Sèkh Abdu'rrahman | bingung dènnya angulari kadangipun | wangsul mring atas-maruta | padununganira lami ||

15. ing Samarang sampun bêdhah | sri narendra kondur mring nagri Pêngging | ing sawadyabalanipun | tyasira wus kalêgan | dene ingkang angagu-agu wus gêmpur | kagêmpur kapapas ing prang | rêribêd tan anglabêti ||

16. nihan mangkya kang winarna | putrinira Sèkh Waliu'lislami | nama Siti Umi Kamsum | kalih lan putrinira | Sang Sèkh Suta Maharaja kapalayu | kang anama Siti Jenap | langkung dènnya kawlasasih ||

17. kalih mangilèn parannya | murang marga andêdêr andêrpati | rèhing pati tan kaetung | samarga sangu waspa | angrêrendhon mudhun mundhèning pêpundhun | rumambah ing lêmbak-lêmbak | kèdêran dening wana dri ||

18. kasiliran samirana | akarênan gandaning sari-sari | sarira mari marlêsu | lêsah tan kapirasa | rumasane sinungsungan ing pisungsung | ing sihe Sang Amisesa | sanityasèng tyas malat sih ||

19. kudhasih munya angêsah | ngangsah-angsah angrês kadi nangisi | wêlas mulat apilalu | kungkang ngungkung mangrêntang | lir mêmudya kasidaning Sang Dyah Ayu | laku kalakon [ka...]

--- 42 ---

[...lakon] katêkan | bengkas pangikising kingkin ||

20. ron rura ruru ing dharat | mawa sari sumirat angêngirid | brêmara mangrèh rum-arum | rumaras manuhara | ngarêm-arêm lêrêming sang karon laku | kalara-lara nèng paran | marêmèng pangaring-aring ||

21. praptèng Carêbon sang rara | lajêng minggah marang ing Gunung Jati | kang raka kagyat andulu | praptaning antên-ita | layu-layu lêlayangan wayang-wuyung | kadi asawang wangkawa | lumantar atêr prihatin ||

22. mangsah ngêsah ngaras pada | masmu waspa was-wasing tyas kaswasih | sumêdhot dhêdhêt mangadhuh | kumêdhap pangidhêpnya | Jêng Suhunan rumasa kasompok sêpuh | lir tan tahan nahênana | wigêna kang angênani ||

23. wusing sarèh sawatara | sang dyah rara karongron matur aris | mring raka karananipun | mirong rèh karorogan | ing Samarang rinurah suraning mungsuh | sadaya sah kasusahan | têmah kang rama ngêmasi ||

24. kadang-kadang kaduhkitan | asasaran saparan ngungsi urip | tan wrin kaananing dunung | wau duk amiyarsa | Sunan Gunung Jati sarèntèsing tutur | ing ari sakaronira | nduduk kadadak rudatin ||

25. karanta karantan-rantan | ingkang paman kataman angêmasi | lipuring driya kapupus | pasthi pangèsthinira | anarima sumawur angimur-imur | pêpêr lipure sungkawa | kinèn sumendhe ing takdir ||

26. dèn santa santosa ing tyas | aywa lingkap rèh ing lêlakon iki | cubên cobaning Hyang Agung | gungna ing panarima | bok manawa dadi lawananing wahyu | ngrêrêpa mèt pangapura | kanthi mêsu masuh budi ||

10. Kinanthi

1. tan pêgat dènnya mardya yu | Jêng Sunan ing Gunung Jati | mring ari Dyah sakalihan |

--- 43 ---

lèlèh lilih ing panggalih | mundhi sabdanirèng raka | mupus papasthèning takdir ||

2. rêm rêm sumurêm anungku | mungkul tawêkal mabikis | mahas ing wukir kewala | ngrakêt ing raka mangungkih | sumêngka maniddhikara | minta aksamaning Widhi ||

3. kunêng gantya kang winuwus | Karajan Palembang nagri | mangkya sira Arya Damar | putra kuwalonirèki | ingkang saking Putri Cina | talêr saking Majapait ||

4. Radyan Patah namanipun | mangkya wus diwasèng wanci | karsanira Arya Damar | lèngsèr kaprabonirèki | mring kang putra Radèn Patah | mêngkoni sagunging dasih ||

5. ya ta ri mangkana nuju | Sang Arya Damar tinangkil | dèning wadyabalanira | putra kalih munggwing ngarsi | satunggal Rahadèn Patah | Radèn Kusèn kang wuragil ||

6. pan akadang tunggil ibu | Radèn Kusèn kang mancêri | nênggih saking Arya Damar | sami saking Dyah Subanci | nênggih Rajaputri Cina | wus kadya kadang sajati ||

7. mangkana sasampunipun | pêpak andhèr kang sumiwi | ngandika Sang Arya Damar | Rahadèn Patah tinari | dhuh babo anggèr bêndara | wus diwasa sira mangkin ||

8. gumantiya jênêngingsun | anèng Palembang nagari | sagung para wadyabala | arinta Kusèn puniki | iya dadiya papatya | bakuh dènnya mong ing dasih ||

9. manira iki wus sêpuh | ambagawan mung mêmuji | kaharjaning prajanira | lamun manggih sangga-runggi | ingsun kang rêksa rumêksa | mayu ayuning nagari ||

10. Radyan Patah duk angrungu | pangandikaning sudarmi | tyasira ngêmu sungkawa | dangu datan amangsuli | rêrantamira ing driya | dèrèng widagdèng pambudi ||

11. etang maksih mudha punggung | lamun jumênêng narpati | dadya guyoning akathah | tan

--- 44 ---

wande dèn cêcawadi | wasana matur prasaja | dèrèng sagêd anglampahi ||

12. karana tangèh anggayuh | êmpan-papaning lêlungid | miwah ing cipta-sasmita | kêdhap-kilap sambang-liring | ungguling yudanagara | myang sidi sidaning adil ||

13. gumantiya akaryewuh | susah tansah nglêlingsêmi | Arya Damar angandika | gampang yèn wus anglakoni | wantu wêwantoning nata | trape ingsun kang aniti ||

14. tataning wong dadi ratu | kartane marta martani | utama karatonira | tumindak kalawan adil | dêdalane danardana | dasih tan kêna kaswasih ||

15. idêrana rèh rahayu | karahayoning sêsami | samoha sinamadana | dimèn dumadya usadi | ardaning pra wadyabala | tumindak dènnya angabdi ||

16. wadakanên tandukipun | sambang-liring nayèng wadi | kang widagda andêlêna | dadi pandaming praja di | kang sudama sinadpada | dèn bisa ambeda budi ||

17. rubeda widaning ratu | yèn suda adating adil | para wadyane tan nêdya | ngaras padèng sang wirya di | suda wêdining parasdya | mung ngudi badan pribadi ||

18. sokur bisa tumalawung | mawang palawangan gaib | wrin sakêdhèp kridhaningrat | tumonton katoning batin | bontos buntas tanpa kewran | wiwiran warana gaib ||

19. Radèn Patah lon umatur | tumuntur amindho kardi | dadya nata mêngku wadya | pinitaya sari ratri | baya sèwu ewuh-aya | dêstun cedaning dumadi ||

20. mirang merang karya saru | sarupa tan akarya sri | sarana rèwining warah | pinarah pangarih-arih | yayah sarah sumaruna | karana karoban lari ||

21. melar nalare amulur | ratu wuta tan pangrêti | pakrêtine prêtèng wadya | kasor

--- 45 ---

kasêsêr ing dasih | kadyangganing tugu tunggak | ambagêgêg dèn cinthungi ||

22. lir ratuning kutu-kutu | tan pantês ingaji-aji | jinja pêpajuning praja | marma lênggana gumanti | pilênggah paduka rama | mung sèwu anuwun adil ||

23. Arya Damar tyas anjêtung | wêgah dènira anggalih | puguh panggah ingkang putra | kang myarsa samya mbolèhi | anuta pangrèhing rama | yêkti sayogya pinanggih ||

24. pra wadya sadayanipun | nêdya abiprayèng kapti | mêmayu tan anulaya | sumuyun mangayum sami | mamandaya kawiryawan | mêmudya ardyanira ji ||

25. Radèn Patah tyas mawuntu | kèndêl lênglêng tan kêna ngling | tan ketang rèh pamiluta | Sang Parasdya mamarsudi | aturing pra wadya-wadya | tan dadya pandudut budi ||

26. adrênging driya kadaut | dhêdhêp dènnya mbêbolèhi | wêgah dènira tumanggah | wau ta duk amiyarsi | kang ibu Putri ing Cina | yèn kang putra dèn sèlèhi ||

27. lungguhing raka sru gupuh | têdhak Sang Rêtna Subanci | mring pasewakaning raka | prapta nggèning putra kalih | njujug putra Radèn Patah | tumrêcêp amituturi ||

28. dhuh anggèr dipun tumurut | karsane ramanta mangkin | lamun lêngguk lêngganaa | sapa kang ingsun-tingali | ingsun rumasa wus tuwa | pantês anggilir gumanti ||

29. ingsun lan ramanta kulup | mung mêmunjung puji-puji | ing karaharjaning praja | lulusa jêmênêng[19] aji | mêngku tanah ing Palembang | Dyan Putra tan kêna gigrig ||

30. tutur pangrèhe kang ibu | tan kalêbu jroning batin | Arya Damar angandika | lah yayi nêngêna dhingin | putranira bokmanawa | durung kapanggih ing galih ||

31. Radèn Patah lajêng mundur | bubaran kang samya nangkil | Arya Damar saha garwa | kondur [kon...]

--- 46 ---

[...dur] pakuwon jro puri | kasaput dalu samana | warnanên Rahadèn Siwi ||

32. anèng padalêmanipun | karanta-ranta ing galih | yèn maksiha anèng pura | tan wun pinaksa gumanti | angganti karatonira | rinasa saya ngranuhi ||

33. dadya nêdya nis ing dalu | anungkulakên kang rayi | Radèn Kusèn kaparêngan[20] | marêk ramebu mring puri | wau ta Rahadyan Patah | lajêng kesah angendrani ||

34. nurut urung-urung banyu | tan ana janma udani | anggana datanpa wadya | praptèng sajawining puri | mugut sih ing kadang warga | ngantêpi sêdyaning kapti ||

35. adrênging driya andarung | amêmirang murang margi | amiroga raganira | kawibawan tan tinolih | mangalèr têlênging nala | anduduk dènnya lumaris ||

11. Dudukwuluh

1. kawarnaa wau ta ari kang kantun | Radèn Kusèn saking puri | mêntas umarêk ramèbu | tan eca raosing galih | lajêng manjing dalêm gêdhong ||

2. punakawan prasami kapati turu | karana wus lingsir wêngi | Radèn Kusèn duk andulu | unggyaning kang raka sêpi | wus kacipta lamun lolos ||

3. karêrantan katongton sih trêsna tuhu | yèn kariya nguciwani | bok laju kinarya ratu | maksih mudha damèng budi | tur tan yogya winiraos ||

4. kadang sêpuh sanès rama tunggil ibu | kang raka merang lunga nis | wit tinari madêg ratu | mangka puruna nglampahi | dêstun têmên melik melok ||

5. gêlêm gumalênggêm gumantiya ratu | kirang kasujanan budi | dadi rubeda karya ru | antuk rêngu rêngat batin | dadya rêrantaming wartos ||

--- 47 ---

6. angêdhangkrang kang anom umadêg ratu | kadang tuwa kèsi-kèsi | saparan-paran andarung | katon apa ingsun iki | etunga ambêbeda roh ||

7. baya bêcik saparane ingsun anut | nora karonèhan pikir | pan wus sama bêgjanipun | tibaning lêlakon iki | bok cobanirèng Hyang Manon ||

8. sawusira kapanggih raosing kalbu | wau ta radèn taruni | lon napak tilasing laku | tan ana janma udani | murcane rahadèn karo ||

9. kaparêngan saparanira rinantun | praptaning jawi nagari | ngambah têba dalan lêbuh | nuju pajar wijang sasi | myat janma lampah sawiyos ||

10. wus anarka yèn kang raka kang lêlaku | sinêru dènnya lumaris | dupi parêk nguwuh-uwuh | Radèn Patah kagyat nolih | yèn kang rayi kang angruroh ||

11. dadya kèndêl anèng sangandhaping taru | tan dangu sampun kapanggih | lajêng asatata lungguh | kang raka ngandika aris | paran praptanira mêngko ||

12. kadhêmpalan anusul apa tinuduh | dene jêng rama ngulari | lêlayangan layu-layu | anggana datanpa kanthi | apa karsanta kemawon ||

13. ingkang rayi Dyan Kusèn lon aturipun | saking sêdyamba pribadi | rumaos tan sagêd kantun | pêjah gêsang anglampahi | saparan paduka andon ||

14. Radèn Patah duk myarsa katon sih lulut | rakêt rumakêt ing ari | tan antara gya rinangkul | angandika masmu tangis | dhuh-dhuh yayi kadangingong ||

15. ingsun dahat kapotangan ing sih lulut | apa sun-karya sêmbulih | wus yayi wangsula gupuh | mbawanana mukti sari | ngêbrêgana ing kaprabon ||

16. gumantiya jêng rama mêngku wadya gung | anèng Palembang nagari | sun yayi sèwu jumurung | aja mikir sangga-runggi | ngarung ngaru was ing batos ||

--- 48 ---

17. sayêktine sirèku wus bênêripun | aywa tolih maring mami | kang rayi angaras suku | pan sarya umatur aris | marawayan wêtuning loh ||

18. dhuh pukulun karsa-paduka saèstu | kang rumambah amba-pundhi | nanging raosing tyas-ulun | botên pisan anglampahi | rèh ing karsa kang dhumawoh ||

19. kang saèstu entar-paduka tumuntur | saparan palari-lari | pêjah gêsang sampun kantun | kang raka ngandika aris | sukur yayi yèn mêngkono ||

20. ingsun mêngko pan sêdya lunga anglangut | nuruti osiking galih | kang rayi têka jumurung | nadyan ngidêrana bumi | sampun pisah sakarongron ||

21. Radèn Patah lajêng anutugakên laku |[21] ari Dyan Kusèn Lêstari | ênêngna kang murang laku | dupi ndungkap bangun enjing | otêr wadya sakadhaton ||

22. lamun rajaputra kalih murcèng dalu | jalwèstri samya anangis | ramèbu ingaturan wruh | lajêng gugup angulati | nalasah jroning kadhaton ||

23. tan kapangguh tiniti paraning laku | tan ana banon kang rêmpit | ramèbu tyas kapirangu | mangungun tan kêna angling | mijil saking ing kadhaton ||

24. wadyabala dhinawuhan anglêluru | parane kang putra kalih | wadya sandika turipun | gugup asamêktèng kardi | tan adangu nulya bodhol ||

25. dènnya ngluru pinrênca sajuru-juru | sagunging wadya gung alit | ana ngalor ana ngidul | ngetan ngulon niti warti | mêksa tan antuk pawartos ||

26. duta wangsul ramèbu kataman tyas dhuh | tansah kantu kontrang-kantring | wadyabala

--- 49 ---

wayang-wuyung | wusnya pinupus ing galih | asumendhe ing Hyang Manon ||

27. kawarnaa malih ri sang rajasunu | lampahe anamur sandi | pasisir lèr kang jinujug | mangu-mangu aningali | antarane samudra rob ||

28. tan adangu miyat janma alêlaku | saking kilèn amarani | kawangwang warnane bagus | taruna lampah pribadi | dadya kandhêg radèn karo ||

29. sarêng tundhuk pan lajêng satata lungguh | rumêsêp salaman taklim | bagya-binagya rahayu | wusing rêrêm sawatawis | Radèn Patah amamartos ||

30. dhuh wong sanak kang lagya têmbe apundhuh | nuwila-ganda ing warti | sampun kirang paring maklum | anênungka nungkak krami | ing pundi pinangkaning don ||

31. miwah kang sinêdya tuwin namanipun | sang prapta umatur aris | saking Malaka don-ulun | pêparab nama Sèkh Sabil | ingkang ayêyoga ingong ||

32. pan Khalifah Kusèn panêngêranipun | kalêbêt bangsa ulami | Sèkh Iskak kang darbe sunu | kang wus samya angajawi | dene talêr saking wadon ||

33. pan pun ibu saking Madura ing dangu | putrine Arya Baribin | nggèn-amba krêdyat lêlaku | badhe maring tanah Jawi | asuwita sang akatong ||

34. Sang Aprabu Brawijaya Majalangu | supados wrin tatakrami | ngiras martuwi sadulur | kang sampun sami ngajawi | sakeca dènira manggon ||

35. balik ari ing pundi pinangkanipun | myang nama sêdyaning kapti | sakaro pating karuncung | Radèn Patah amamarti | nama paran sangkaning don ||

36. Sang Sèkh Sabil duk myarsa suka ing kalbu | rumasa yèn antuk kardi | dyan kalih sinawang sawung | wangunane mawa wingit | bok

--- 50 ---

kalayu sakarongron ||

37. dadya lajêng rumêsêp ngakên sadulur | kapranan karênan galih | Radèn Kusèn lajêng matur | mring raka yèn amarêngi | nurut ing laku kemawon ||

38. maring tanah Jawi asuwitèng ratu | kang raka saharjèng galih | katri rêmbag sabayantu | anulya lumampah malih | langkas sêdyane sang anom ||

 


marsudi. (kembali)
ingugung. (kembali)
karang. (kembali)
kinamandaka. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngangge wasitatama. (kembali)
dupi. (kembali)
awirya. (kembali)
ananggapi. (kembali)
badhaya. (kembali)
10 bagya. (kembali)
11 kabêgjanira. (kembali)
12 kathah. (kembali)
13 dhatêngan. (kembali)
14 ngêndhèh. (kembali)
15 Teks asli tidak terbaca: samya. (kembali)
16  Biasanya guru lagu a: Jêng Sunan Ngampèl dhêdhawah. (kembali)
17 ahlul. (kembali)
18 winarni (dan di tempat lain). (kembali)
19 jumênêng. (kembali)
20 kaparênga. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: Radèn Patah lajêng nutugakên laku. (kembali)