Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 01–15)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 33–50). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 51–68). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 69–86). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 25-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Parta Krama

Wiwit nêdhak nalika kaping 13 wulan Bêsar warsa Be ăngka 1832 utawi kaping 13 Maret 1903.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

1. Asmaradana

1. kasmaran caritanèki | srat lampahan Parta Krama | anêdhak sangking anggite | Dyan Ngabèi Sindusastra | nulya tinulat marang | Dyan Bèi Sitipurèku | kang mangun caritanira ||

2. gya pinundhut marang gusti | Jêng Pangran Cakradiningrat | tinurun sungging anggite | duk kala wiwit sinêrat | Rêbo Kaliwon Ruwah | kaping kalih wêlas wuku | Pahang nuju măngsa astha ||

3. rikala Je ingkang warsi | marêngi windu Sêngara | anadene sangkalane | nir cipta sabdane nata |[1] mung pinugêl[2] ing kăndha | kang kinarya purwanipun | sajarahirèng Mandura ||

4. kunêng sajarahing nagri | Mandura ingkang winarna | Dananjaya ing dhaupe | lan Wara Sumbadra miwah | lawan putri Cêmpala | sinawung ing têmbang kidung | kang măngka bukaning kăndha ||

5. praja di ing Dwarawati | Risang Basudewa putra | ingkang kinarya jêjêre | Narapati Danardana | ya Prabu Padmanaba | Sang Harimurti jêjuluk | Sri Maha Bathara Krêsna ||

6. marmanira sri bupati | kaloka ing măncapraja | sinêbut bathara dene | jawata angejawantah | sayêkti Narayana | titising Bathara Wisnu | marma pêparab Sri Krêsna ||

7. sanyata yèn sri bupati | irêng mulus sariranya | têrus balung lan gêtihe | marmanira apêparab | Sang Prabu Padmanaba | dènira wênang anggadhuh | kang padma wijaya mulya ||

8. panguripe wong sabumi | marma parab Danardana | dènnya andina danane | dadar lèlère tan kêndhat | boga

--- 2 ---

arta busana | saengga tibaning jawuh | wèh samuwah pramudita ||

9. marma parab Harimurti | dènnya wruh dèrèng winarah | sidik têrus paningale | nora kêna kasamaran | saobah-osiking rat | wus sasat Hyang Jawata Gung | dadi barang kang cinipta ||

10. alit nagri Dwarawati | nanging tan kêna ing corah | anglangkungi ing wingite | manuk mibêr nora kêna | ngungkuli jroning pura | nibèng siti lajêng lampus | nadyan kang para jawata ||

11. ing suralaya samya jrih | angukuli[3] sri narendra | dewa Kaendran wus dene | samya mangastuti nêmbah | nadyan samia dewa | Bathara Wisnu pinunjul | sangking jawata sadaya ||

12. sanadyan samining aji | ing tanah Jawa sadaya | samya bathara anggêpe | marang Sri Narendra Krêsna | milu angêla-êla | tinut ing satuduhipun | liningga-lingga jawata ||

13. miwah kang para narpati | tanah sabrang sampun kathah | ingkang ngidhêp karatone | ngèstupada mamrih tama | saksat lamun kabawah | mung pinrêb dana martayu | jrih asih pangidhêpira ||

14. dene asrining jro puri | saksat pura Batharendra | kalawan uparênggane | sadaya sarwa kancana | sêsotya nawa rêtna | kasor rêsmining swarga gung | kuntap srining ariloka ||

15. sêmbadaning pramiswari | muwuhi asrining pura | têtiga endah warnane | ingkang sêpuh garwanira | Endhang Gadamadana | sutèng wre Jêmbawan Wiku | patutan Dèwi Trijatha ||

16. nama Rêtna Jêmbawati | warnanira lir Supraba [Su...]

--- 3 ---

[...praba] | ruruh wingit pasêmone | pasaja tan alêlewa | cahya nuksmèng sêsăngka | kang pamadya garwanipun | rajaputri ing Kumbina ||

17. pêparab Dèwi Rukmini | gandhang tur raga karana | pidêgsa sêdhêng gêdhene | saksat Rarasati swarga | sêdhêping pasang cipta | cahyane sumunar mancur | kadya purnama sasăngka ||

18. garwa ingkang muragili | Rajaputri Lesanpura | sêdhêng antêng pasêmone | nama Dèwi Sêtyaboma | sumunu cahyanira | kadya Wilutama nurun | sêdhêp manising wacana ||

19. cinatur Sang Rajaputri | Kumbina lan Lesanpura | krama nak-sanak kalihe | wontên malih garwanira | nalika Hyang Kesawa | dèrèng ing panitisipun | Dèwi Pratiwi kagarwa ||

20. apsari dhasaring bumi | patutan jalu satunggal | Radèn Sêtija namane | diwasa umadêg nata | nèng nagri Trajutisna | ing nguni kuthane diyu | Sang Prabu Nrakakancana ||

21. Radèn Sêtija ing mangkin | pêparabirèng karajan | Sri Bomataka juluke | ya Prabu Narakasura | Dèwi Pratiwi mangkya | lan Sri Harimurti Prabu | putranya mijil wanudya ||

22. warnane ayu linuwih | maksih nêsêp ibunira | putri bêbayi namane | Siti Sundari sang rêtna | garwa Sri Padmanaba | Rêtna Jêmbawati sampun | patutan kêkalih priya ||

23. kang sêpuh putranirèki | nama Bambang Gunadewa | pêkik nanging sarirane | mawi wulu lir wanara | marma duk lairira | binêkta ing eyangipun | ing wukir Gadamadana ||

24. diwasanira kapati [kapa...]

--- 4 ---

[...ti] | subrata amati raga | anut tapane eyange | wus saksat maharsi tama | gung ulah puja măntra | kang rayi pêkik kalangkung | sinung nama Radèn Sămba ||

25. lir lancapan munggèng kêlir | ambaranyak kasêmbadan | rêspati ing sasolahe | sarira wiwing ajênar | kadya prada binabar | dadya sêkaring praja gung | pan putra binadhe raja ||

26. dadya sambating akingkin | la-êlane para kênya | wus sinung prênah dalême | anèng ing Paranggarudha | ananging dèrèng krama | kang pamadya garwanipun | nguni duk anèng Kumbina ||

27. Kusuma Dèwi Rukmini | wus pêputra mijil priya | gêng inggil nanging warnane | mawi siyung lir danawa | marma duk lairira | kang rama merang kalangkung | kang putra binuwang wana ||

28. kauningan sri bupati | Mandura Sri Baladewa | kang jabang bayi nulya ge | binêkta marang Mandura | pinundhut putra angkat | bayi sinungan jêjuluk | anama Radèn Wilmuka ||

29. diwasanira ngajrihi | gêng inggil kadya Pragota | kinadangakên kalihe | lan putra Radèn Wisatha | Rajaputri Kumbina | nèng Dwarawati sêsunu | pawèstri warna yu endah ||

30. pae lan ibunirèki | asêmu ruruh jatmika | kadya purnama citrane | putra wus sinungan nama | Sitisari Sang Rêtna | dene garwa kang waruju | Rêtna Dèwi Sêtyaboma ||

31. apan ta sampun garbini | babarira mijil priya | kalangkung pêkik warnane | putra wus pinaring nama | nênggih Radèn Satyaka | ya ta wau kang winuwus | Sri Maha Narendra Krêsna ||

32. sêdhêngnya lagya siniwi | munggèng dalêm prabayasa | dene ta para garwane | angglar parêkan nèng ngarsa | nimbali ingkang putra | Radèn [Ra...]

--- 5 ---

[...dèn] Sămba lagya rawuh | sangking nagri Madukara ||

33. wus prapta sajroning puri | ing ngabyantara narendra | nêmbah mangraup padane | nulya mring ibu katiga | sawusnya kinèn lênggah | nèng ngarsa nata tumungkul | sang prabu mèsêm ngandika ||

34. bageya kang lagya prapti | atêtinjo wong alara | dene kongsi lawas radèn | gonira mring Madukara | kongsi samadya căndra | apa baya kang rinêmbug | liwat sangking karya gita ||

35. pangundange mring sirèki | nora pisan nganggo mringwang | mung sira piniji dhewe | pan ing mêngko kayaparan | larane pamanira | kang putra nêmbah umatur | pukulun ing gêrahira ||

36. saèstu sangêt nglangkungi | pan sampun sawang kunarpa | risakipun sarirane | gêrah sawêg tigang căndra | saengga wus sawarsa | prapta kawula pukulun | pinuju sawêg kantaka ||

37. rinubung dipun tangisi | wontên taman Madugănda | mring pun Sêmar lawan Bagong | lan rare èstri satunggal | ingkang binêktèng taman | putri boyongan pukulun | arining Patih Sucitra ||

38. anama Dèwi Sulastri | pambajêngipun kang kalap | wa Sêmar Dèwi Kanèstrèn | salamine nandhang gêrah | kang kuthah gulawênthah | namung punika pukulun | tiga pun Bagong lan Sêmar ||

39. datan wontên malih-malih | dene sagung wadyanira | Madukara sadayane | jalwèstri tadan[4] linilan | sumiwi dhatêng taman | lawange taman tinutup | kalangkung anèh karsanya ||

40. gêrah mèh antara pati | datan arsa tininjoa |

--- 6 ---

mring kadang kulawargane | rayi tuwan ing Ngamarta | ping tiga dènnya têdhak | lan ari sadayanipun | kang rayi ing Madukara ||

41. karsanipun dèn pondhongi | binêkta dhatêng Ngamarta | dènnya wus sangêt gêrahe | jêng paman ing Madukara | tan arsa manggihana | kang raka tinulak wangsul | marmanya mutung sadaya ||

42. praptèng mangke dèn tambuhi | rayi dalêm ing Ngamarta | lan para ri sadayane | tan wontên kang têtuwia | langkung kawêlasarsa | gêrahe saya anglayung | candhang lajênge palastra ||

2. Dhandhanggula

1. sri narendra angandika aris | têlajêre kulup lara apa | dene mangkono karêpe | kang putra nêmbah matur | kados lamun kagodha pêri | utawi pêrayangan | ngandika sang prabu | antarane têka ngapa | dene sira ngarani kagodha pêri | kang putra matur nêmbah ||

2. milanipun kawula wastani | yèn kagodha dene tanpa masa | nalika dhatêng gêrahe | kantaka sanggènipun | sarirane kadya ngêmasi | mung kantun pramananya | kakêtêk sadumuk | wungune sangking kantaka | lajêng ngame saengga angarih-arih | angrungrum angrarêpa ||

3. kang sinambat mung kusumèng wukir | Rara Irêng sapa ingkang nyana | mêngko mangkene dadine | măngka duk anomipun | irêng kusi rada bêsisik | rambute arang abang | sasolahe kidhung | karême sok mantun gaga | wus tumêrcêp têman dadi rara wukir | dhoso wagu tênaga ||

4. ingkang ana labête sathithik | yèn rêmbêsing madu trah kusuma | namung kocaking tingale | kalawan sênênipun | lawas-lawas saya manglingi | rambute arang abang | nuli dadi bangcuk | wagune dadi wiraga | ireng kusi [ku...]

--- 7 ---

[...si] têka dadi irêng manis | ing mêngko diwasanya ||

5. irêng manis têka dadi kuning | sêmu ijo mêrada binabar | ingkang dhoso pasêmone | dadi jêtmika ruruh | tingal lindri jait alungit | jêtmikane sêmbada | cahyane sumunu | rema bangcuk têmah dadya | mêmak irêng ngendrawila wilis |[5] lah iya ngêndi ana ||

6. soring wiyat kang kasăngga bumi | bisa salin warna kaping tiga | ya mung Rara Irêng kae | ing sabên sasi wuwuh | rêspatine têka sathithik | ing pêndhak taun mundhak | sêdhêp manisipun | kèndêling pangamenira | mangu jêntung sarta waspanya drês mijil | lajêng niba kantaka ||

7. sri narendra angandika aris | sapa baya ing panduganira | pamanamu kang dèn ame | rahadèn nêmbah matur | kados inggih kagodhèng pêri | utawi parayangan | kang kayangan gunung | sang prabu mèsêm ngandika | kang anggodha iku jim Batacinawi | pêri Wara Sumbadra ||

8. ingkang putra wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang rama | cundhuk lawan graitane | matur sarwi gumuyu | kados lêrês pangandika ji | gêrahipun jêng paman | kabyatan lara kung | kandhuwan lara wigêna | ing jêng bibi dhuh pukulun yèn suwawi | lawan karsa paduka ||

9. sampun ngantos kapara ing têbih | luhung lajêng pinanggihna pisan | owêl sakali-kalihe[6] | milamba kamipurun | anjurungi lajênge panggih | rayi dalêm jêng paman | ing watawis ulun | yèn botên kalampahana | dhaup lawan jêng bibi Banoncinawi | kados têmah antaka ||

10. nadyan silih botêna ngêmasi | yêkti lajêng lênglêng kalanglangan | linglung salami-lamine | inggih sintên wongipun | kang tumingal dhatêng jêng bibi | yèn botên karungrungan | tyasipun kadarung | gumujêng

--- 8 ---

sri naranata | myarsa turing putra miwah ibu katri | samya gumujêng suka ||

11. putri Kumbina angrangkul aglis | mring kang putra sarwi sru ngandika | ginablogan pungkurane | pintêr têmên nak ingsun | dadi congkok andhêdhalangi | ing wong lara asmara | sasuwene matur | kalintêre wus sun duga | lamun duta ngêmu rasa ngandhut wadi | wangsite Madukara ||

12. sri narendra angandika aris | satêmêne apa uwis ana | pamanamu pasajane | yèn jaluk bibèkamu | ingkang putra matur wotsari | inggih dèrèng kawêdal | ing pasajanipun | nanging gènipun ngandika | sêrapate pukulun sampun katawis | nalikane kawula ||

13. nyuwun pamit pan dipun tangisi | sarwi ngrêrêpa dènnya ngandika | ya kulup sêmbah ngong bae | lan galap gampil ingsun | aturêna ing sri bupati | yèn dangu laraningwang | umatura lamun | lara ngong lara kasandhang | liring lara kasandhang anrusing ati | larane nora pira ||

14. nanging lara kakêmbanging pati | papa pantaka sakêthi siksa | lara ing sajagad kabèh | sinandhangkên maringsun | sinung urip prasaksat mati | upama tinimbanga | lan rubuhing gunung | maksih abot laraningwang | nanging mêngko ing sapraptanira kaki | anèng ing Madukara ||

15. kaya-kaya rasane tyas mami | duwe cipta lamun bisa gêsang | iya praptanira radèn | kang dadi marganipun | ing mulyane lêlara mami | waras nora kalawan | têtămba dhêdhukun | iya mung sariranira | ingkang dadya usada pamurung pati | maosadi utama ||

16. sadurunge kulup sira prapti | rina wêngi rasane tyas ingwang | mung anyipta pati bae | iya sangking botipun | laraningsun mangkene iki | ing mêngko sira prapta | rasaning tyas ingsun | têka [tê...]

--- 9 ---

[...ka] anduwèni cipta | lamun urip dadi raganingsun iki | ing batin wus palastra ||

17. bisa urip yèn sangking sirèki | bisa urip sida praptèng pêjah | kalamun sira kang gawe | ing pati yêkti lampus | wus mangkono ciptèng ngong kaki | sakarsanira dadya | angrèh raganingsun | dhuh muga kulup tulusna | gonira sih têtulung ing kawlasasih | lamun sira wus prapta ||

18. ing nagarantara pitung ari | nuli sira balia kewala | têtinjo maringsun manèh | dadya panancang umur | lamun sira kulup tan prapti | antara pitung dina | yêkti ingsun lampus | kèndêl sang prabu ngandika | sak-sêg bae têka kêrêp timên mati | lah iku lara apa ||

19. Radèn Sămba umatur wotsari | yèn tan wontên karsa padukendra | anggalih nuntên dhaupe | lan jêng bibi pukulun | kados botên wande nêmahi | rayi dalêm jêng paman | praptèng sedanipun | nguni sapêngkêr kawula | dèrèng têbih miyarsa swaraning tangis | kados lajêng kantaka ||

20. sri narendra mèsêm ngandika ris | pantês bae lamun mangkonoa | pan ora saiki bae | dhasare bibèkamu | pan ing mêngko saya kaèksi | rupane bangêt bêsat | lan duk rarenipun | ingsun iya nora nyana | tuwa-tuwa dadi têka ayu luwih | jêtmikane sêmbada ||

21. bênêr ingkang kongsi têmah agring | pamanamu iku apa nyata | kang sinambat pangamene | Rara Irêng ing gunung | irêng kusi dadi rêng manis | rambute arang abang | nuli dadi bangcuk | duk anèng Widarakandhang | dhasar nyata awake irêng bêsisik | sangking saban nèng têgal ||

22. malah kongsi gêdhe durung mari | gènnya pêpanas dolan nèng têgal | palayon lan bocah akèh | nanging

--- 10 ---

pawakanipun | cilik mula dhasare ramping | bawane anèng desa | sasolahe kidhung | sangking durung tau mulat | pasamuan nagara solahing putri | dadi wagu tênaga ||

23. dènnya bisa alêmês sathithik | milu marang wakamu Mandura | ginawa mring pratapane | ya maksih irêngipun | nanging mêlês mari bêsisik | rambute arang abang | dadi rada bangcuk | wagune dadi wiraga | dene pamanamu gone ngalintêri | pan iya cilik mula ||

24. nanging bibèkamu nora kêni | pinrih ing lêmbut miwah kinasab | tyase mêksa bêcik bae | nanging pangarahipun | ngirih-irih rada pakering | tan wani angrêgodha | yèn kapêngkok mundur | buh mawane ingkang mawa | kari tuwa awune dènnya tan wani | misesa masa-masa ||

25. mung gunane ngindhik-indhiki |[7] mêndhak-mêndhak kadya ngrundhuk landhak | têka wuri pangrundhuke | mundhuk-mundhuk lir unthuk | lamun papag pundhak tan wani | wanine mung anamar | anyamur nyêlamur | lagi samêngko kewala | pamanamu gone mari mêngarahi | salin gêlare lara ||

26. dene karêpira iku kaki | luwih bêcik lamun kalakona | pamanamu ing dhaupe | sayêkti bibekamu | wus pinancang sangkane alit | lawan Si Dananjaya | karsane yangamu | ingsun kalawan wakira | ing Mandura iya wus padha jurungi | aywa kaparèng liya ||

27. kaluluh kèh pakewuh ngalangi | lan kabubuh eyangamu seda | kalantur kongsi saprene | dhasare bibèkamu | bocah mula kulup tan kêni | rinèhkên wong atuwa | yèn dudu tyasipun | sok nuli angèsthi pêjah | cilik mula winongwong ing jawata di | nora kêna sungkawa ||

--- 11 ---

28. lamun kongsi luhe tibèng siti | pan sêkala karya gara-gara | dewa ing Kaendran gègèr | apsari kèh tumurun | mung emane mijil pawèstri | santosa ing tyasira | luwih sangking kakung | sêtya tuhu ing wacana | kasêmbadan lênggawa tega ing pati | tan kêna ginagampang ||

29. pilih wonge wadon kang tan kêni | dèn mêmitra marang Si Janaka | têbah ibut pêparahe | midêr imul marusul | dhasar warnanira apêkik | mung lagi Si Sumbadra | datan kêna keguh | duk kramane uwakira | ing Mandura lan kakang bok Erawati | nganggo patah wanudya ||

30. kang sêmbada ing warna yu luwih | ingsun lawan Si Patih Pragota | ingkang binubuhan golèk | wanudya ingkang punjul | ingsun eling ibunirèki | samana raganingwang | duk lagya gêguru | iya marang eyangira | durung dhaup kalawan ibunirèki | lagya wanuh kewala ||

31. sarwi mèsêm Prabu Harimurti | dènnya ngandika marang kang putra | nolèh marang ing garwane | katri mèsêm tumungkul | suka sagung parêkan cèthi | sun duga ibunira | warnane kalêbu | kalamun dadia patah | dadya lakuningsun mung mêlêng sawiji | jujug Gadamadana ||

32. ingsun suwun mring eyangirèki | ginawakkên kulup ibunira | nging nora sun banjurake | katur marang wakamu | ingsun andhêg nèng pondhok maksih | karana Si Pragota | lakune wus antuk | wanudya têka parbata | luwih endah aran Endhang Wrêdiningsih | wakamu langkung suka ||

33. dene endhang warnane yu luwih | nora wêruh yèn endhang gadhungan | marma binanjurkên bae | marang ing bibèkamu | busanane kinèn nyalini | bibèkmu rêsêp ing tyas | mulat warnanipun | tan nyana endhang gadhungan | mangan turu tinunggil [tinunggi...]

--- 12 ---

[...l] tilamirèki | tan nganggo taha-taha ||

34. praptèng wêngi mangsane wong guling | Si Sumbadra wus kapati nendra | endhang mêksih lungguh bae | kabadharan tyasipun | mulat warnanira kang guling | dhêrusul milu nendra | dharêsêl ing kêmul | mulih rupanira lanang | bibèkamu yèn turu têngèn kapati | pinucung nora kêna ||

3. Pocung

1. mung kencokan lalêr lan kencokan lêmut | tangi dènnya nendra | têmahan dèn dharêsêli | bangêt kagèt tangine agêragapan ||

2. tinon ingkang dharusul dharêsêl kêmul | kalamun wong lanang | bibèkmu gundam sru anjrit | palumayu[8] gègèr sagunging pawongan ||

3. ting bilulung nora wruh ing purwanipun | wakamu Mandura | kagyat wungu dènnya guling | lagya mudhun Si Sumbadra sêlak prapta ||

4. anungkêmi ing pada nangis umatur | yèn endhang gadhungan | bakal patah buwang tapih | dadi lanang dharêsêl milu anendra ||

5. duk miyarsa tambuh wau krodhanipun | wakamu Mandura | kaya tan anapak siti | nyandhak alugora têdhak sigra-sigra ||

6. nêdya dèn jur ingkang dharêsêl ing kêmul | ing alugoranya | sruning krodhanya wus pasthi | sapraptane gon tilame Si Sumbadra ||

7. miyak langse katon kang anèng jinêmrum | lamun Si Janaka | dhêlêg-dhêlêg maksih linggih | têbah jaja wakamu mundur kewala ||

8. ingsun tandang mring pura agupuh-gupuh | kapapag gapura | arsa banjur dèn adhangi | tutur lamun endhange dadi Janaka ||

9. nusul turu dhêrusul dharêsêl kêmul | marang Si Sumbadra | sun api krodha tan sipi | mati awor sawêngi mêngko lan ingwang ||

10. garêjêgan kinukuhan [ki...]

--- 13 ---

[...nukuhan] mring wakamu | ingsun api mêksa | wakamu mêksa ngukuhi | wus sajêge mangkono wakmu Mandura ||

11. lir carita dènnya ngandika sang prabu | manising wacana | kaduk cucut ngrêspatèni | samya suka sagunging cèthi parêkan ||

12. Rajaputri Kumbina mèsêm angêmpus | bok aja ngandika | karya ewa kang miyarsi | buh ta kakang prabu buh ingkang sarira ||

13. ingkang kêna ing lênga pèlèt lan dhuyung | cinthung Madukara | gumujêng sri narapati | saya suka sagunging cèthi parêkan ||

14. amiyarsa pêpurune dènnya matur | putri ing Kumbina | sêdhêp manis ngrêspatèni | sri narendra mèsêm aris angandika ||

15. sakbanjure iya kulup tutur ingsun | duk anèng Kumbina | kramane ibunirèki | arsa dhaup kalawan Pandhita Druna ||

16. yayi Prabu Ngamarta lan raganingsun | padha tinimbalan | kulup mring eyangirèki | kabèh prapta masanggrahan nèng Kumbina ||

17. mung wakamu Mandura ingkang tan rawuh | kaya wus graita | yèn bakal ingsun rusuhi | ing tyas ingsun sathithik rada murina ||

18. dene putri maksih kênya arsa dhaup | lan pandhita tuwa | marmane ingsun rusuhi | duk lêbune pangantèn marang jro pura ||

19. sun wêdèni tiwikrama kagum-kagum | bali mêtu jaba | palayune niba tangi | dadya gugad Kurawa nora tarima ||

20. pan tinarka panggawene paman prabu | anyandi upaya | anane ditya jro puri | paman prabu nulak ing padu tan bisa ||

21. dadya pasrah kewala jroning kadhatun | marang wong Ngastina | lila rusaking jro puri | dèn sirnakna ditya kang asaba pura ||

22. nulya kabèh Kurawa manjing kadhatun | sakapraboning prang | nêdya nyêkêl marang mami | siji nora nana wani

--- 14 ---

prak lan ingwang ||

23. yayi Prabu Ngamarta iya têtulung | marang wong Ngastina | iya nora graitani | lamun ingsun ditya kang asaba pura ||

24. duk samana Si Janaka nora milu | marang ing Kumbina | tininggal tunggu nagari | tinimbalan yayi prabu ing Ngamarta ||

25. kinèn nyêkêl ditya kang saba kadhatun | watak Si Janaka | lamun pinasrahan kardi | marang kadang tuwa merang yèn luputa ||

26. kaya kucing pinasrahan buru tikus | wus tan etung sanak | sak goningsun dèn palêcit | ingsun nuksma mring sabarang wruh kewala ||

27. ingsun rupa lêmut Si Janaka nusul | rupa lawa kêmbang | ing kono kacandhak mami | tanpa bisa lêmut mungsuh lawa kêmbang ||

28. nora nganggo sêmanak panyêkêlipun | pinadha lan kumpra | kênanira dèn talèni | pinasrahkên bandan marang wong Ngastina ||

29. ingsun merang suka banjura linampus | ywa kongsi binănda | saure wus nora kêni | bangêt wêdi yèn dhinginana ing karsa ||

30. ingsun bangêt kewuhan lan salang gumun | duk tumindakpira[9] | pamanamu lawan mami | têka dadag dèn palaur Rêsi Druna ||

31. ingsun eling Si Janaka tandhingipun | mung lawan Sumbadra | sajêg-jêge gone tobil | kawit bocah sapolah-polahe kalah ||

32. apan nuju bibèkamu lagi rawuh | anèng pasanggrahan | Kumbina margane kêni | Si Janaka gêlêm matèni maringwang ||

33. sun pasrahi iya marang bibèkamu | kari pasanggrahan | dèn rêksaa ingkang bêcik | aywa kongsi dèn jarahi wong Ngastina ||

34. Si Udawa dèn kon angaturi wêruh | marang ing Mandura | lamun ingsun wis ngêmasi | marga sangking ngrusak srinataning pura ||

4. Sinom

1. dhasare ingsun [ingsu...]

--- 15 ---

[...n] têmaha | pan ingsun arsa udani | kuwanène Si Janaka | marang bibèkamu kaki | marmane sun pasrahi | manawa wani anubrug | ing sawuse sampurna | kunarpaningsun binasmi | pamanamu gupuh marang pasanggrahan ||

2. ciptane kaya iyaa | ing mêngko lamun pinagih[10] | dene wus padha suwungan | dhasare ingsun pasrahi | marma ngêdêt tan sipi | kuwanène pamanamu | praptane don wus samya | padha tatêmu pribadi | nubruk manèh Si Janaka yèn wania ||

3. binănda nutut kewala | dhêlêg-dhêlêg tanpa budi | dosane kênèng patrapan | lupute dènnya ngukumi | marang wong lambangsari | mung lanange kang linampus | ginawa mring Kumbana[11] | bêbandan pan dèn lakoni | Si Janaka pamrihe namung sapala ||

4. gêlême cinara kumpra | panjaluke dèn turuti | kakêmbêne Si Sumbadra | kang kinarya analèni | olèh gêpok sathithik | dèn lakoni tinalikung | sagung cèthi parêkan | gumêr gujênge prasami | amiyarsa pangandikane sang nata ||

5. dènnya carita ing putra | lêlampahane ing nguni | satriya Adananjaya | dènira anahên brangti | mring Dyah Banoncinawi | miwah kang putra turipun | gêrahe ingkang paman | pangamene ing samangkin | ngangge Rara Irêng wagu ing tênaga ||

6. rajaputri ing Kumbina | gumujêng dènnya nambungi | ingsun biyèn sasêmbranan | guyon parikênan kaki | amung gunggung sathithik | aluse bêbudènipun | satriya Madukara | durung tutug gonku angling | bibèkamu kalepat anuli lunga ||

7. gêgêtun kaya matia | dèn nêngake kongsi mangkin | saenakane lungguhan | samangsane sun pêrpêki | nuli ngadêg nglungani | sun uwuh nora sumaur [suma...]

--- 16 ---

[...ur] | kapapag dalan nyimpang | sri narendra ngandika ris | cilik mula gone tan gêlêm sêmbranan ||

8. ewa mangkono manawa | ing samêngko tyase kêni | gampang dening sutanira | hèh kulup bêcik sirèki | banjura tamansari | seba marang bibèkamu | iya pêpucukana | kaya turira mring mami | malah-malah caritamu wuwuhana ||

9. caritane Madukara | lalarên sabarang liring | rarase lara asmara | dèn lurus dèn mêlasasih | ngêse dèn rada mingis | nanging aja kongsi kunus | manawa kaputungan | pamlipingira kang ramping | jroning atur wawasên ingkang waspada ||

10. sêsungute netyanira | padhang pêtênge ing liring | lamun pêtêng undurana | pangarahira dèn ririh | lamun liringe bêning | iku dhêsêkên ing atur | osonên sawatara | nora dadi tyasirèki | kêkênyêre atine ujêr mung sira ||

11. wusnya têlas wêlingira | ing putra sri narapati | rahadyan tur sêmbah mentar | sangking ing ngarsa narpati | laju mring tamansari | marganira pan anjujug | sangking sajroning pura | cakêt gupit măndragini | bêbutulan gapura lit sri rinêngga ||

12. pan kaputrèn patamanan | nênggih ing Banoncinawi | prênah sakilèning pura | amung lêt banon sakêlir | rinêngga anglangkungi | saksat taman ing swarga gung | pêthetan warna-warna | myang kêmbang-kêmbang mêpêki | pêthetane samya pêthetan sawarga ||

13. myang kêmbang-kêmbange samya | sasêkaraning swarga di | têngah sinung balekambang | akik cêmêng kang kinardi | rinênggèng sêsotya di | apan ing kono gènipun | Rêtna Wara Sumbadra | sinungan sanggar panêpin | pan pinindha candhi cêmpurung rinêngga ||

14. akik ijo [i...]

--- 17 ---

[...jo] kang kinarya | ingukir cinawi ngrawit | ing sêsotya nawa rêtna | prasamya sêsotya wilis | sênggani lan prabaning | botrawi muncar ngênguwung | lir mega ngêmu teja | wor wintang-wintang mariris | sakubênging balekambang kêmbang-kêmbang ||

15. cinatur pêthetanira | myang kêmbang-kêmbange sami | rone sawiji tan ana | kang garing rêntah nèng siti | ta[12] kêna tuwa sami | gumuna salaminipun | myang sagunging wowohan | salamine angêmohi | kêmbang pêntil nyadham matêng sabên dina ||

16. tan wus lamun winuwusa | asrine kang tamansari | jatine taman pêpujan | nênggih ing Banoncinawi | pan taman Sriwêndari | kagungan Sri Sasrabau | cinipta ing Sri Krêsna | tibèng nagri Dwarawati | nyata lamun Danardana Wisnubrata ||

17. mangkana Wara Sumbadra | duk lagya siniwèng cèthi | munggèng madyaning paningrat | paningrate kang botrawi | angglar parêkan cèthi | Rarasati munggèng ngayun | puniku palihannya | Kusuma Banoncinawi | pan arine Rêkyana Patih Udawa ||

18. warnanira yu utama | tan măntra lamun wong cilik | sêmbada dêdêg pidêgsa | pawakan lurus aramping | pamulu lantap lungit | gandhang manis ingkang têmbung | wasising pasang cipta | limpating graita lantip | nora wangwang dadya putrining narendra ||

19. sajatine apan nyata | Udawa lan Rarasati | dudu sutèng Ăntagopa | awantah kusuma yêkti | Udawa kang mancêri | satuhu lamun Sang Prabu | Basudewa Mandura | Rarasati kang mancêri | Sang Aprabu [A...]

--- 18 ---

[...prabu] Bismaka Natèng Kumbina ||

20. duk mêksih Arya Prabunya | caritanira ing nguni | Ăntagopa juru sawah | apan ta nora nganaki | rabinira yu luwih | tariman sangking sang prabu | Basudewa Mandura | sabên-sabên sri bupati | amêng-amêng marang ing Widarakandhang ||

21. rabinira Ăntagopa | siyang dalu angladosi | wus kadya cèthi parêkan | apan mêksih dèn karsani | marang sri narapati | anèng pasanggrahan agung | salamine mangkana | kongsi patutan sawiji | mijil priya iya Ki Patih Udawa ||

22. wusnya patutan sajuga | mantun karsa sri bupati | mring rabine Ăntagopa | wruh ginanti mring kang rayi | nênggih ingkang ngarsani | sira Radyan Arya Prabu | puniku purwanira | dadine Kèn Rarasati | pan satuhu putrane Natèng Kumbina ||

23. marmanya Wara Sumbadra | sihira nrus lair batin | palihan inganggêp kadang | miwah Nikèn Rarasati | lair batin kapati | sungkême mring gustènipun | sang dyah alon ngandika | paran wartane ing jawi | ing lungane gustimu Paranggarudha ||

24. dene wus samadya căndra | ki putra tan ana prapti | mêng-amêng mring ngêndi baya | gawe sumêlanging ati | tan gawa bala siji | Rarasati nêmbah matur | gusti putra paduka | kawula miyarsa warti | ing samangke gusti wontên Madukara ||

25. pan sampun samadya căndra | mila lami anênggani | gêrahe Radèn Arjuna | sang rêtna ngandika aris | sapa ta kang awarti | yèn anèng kono gustimu [gu...]

--- 19 ---

[...stimu] | Rarasati tur sêmbah | pukulun ingkang sung warti | abdi dalêm pun kakang Patih Udawa ||

26. tamuan Radèn Sucitra | Patih Madukara gusti | wontên wismane pun kakang | ngantos sipêng tigang ratri | punika kang sung warti | sang rêtna ngandika arum | pêpatih Madukara | kongsi nginêp têlung bêngi | apa mambu sanak lawan Si Udawa ||

27. kalawan karyane apa | matur nêmbah Rarasati | gusti botên mambêt sanak | sangking sampun sae lami | pun kakang sanjangnèki | Radèn Sucitra pukulun | nguni putra boyongan | sangking pulo Rajapêthi | pan têtiga ingkang kêkalih wanudya ||

28. Sang Prabu Sasrasudarma | wartine ingkang sêsiwi | pambajêngipun wanudya | Dèwi Kanèstrèn karabi | dhatêng pun Sêmar gusti | Sucitra panêgakipun[13] | bagus mêksih taruna | sêmbada prawirèng jurit | pan kinarya pêpatih nèng Madukara ||

29. warujunipun wanudya | pêparab Dèwi Sulastri | wartine ingkang wus wikan | warnane ayu linuwih | ing nguni taksih alit | nalika kaboyongipun | mangkya sampun diwasa | sêdhêng mêpêgi birahi | wartinipun pantês lamun kagarwaa ||

30. ing satriya Dananjaya | Kusuma Dèwi Sulastri | sêdhêng dêdêge pidêgsa | sarira gilig aramping | liringipun amanis | gandês luwês ing pamuwus | kaduk raga karana | sasolahe ngrêspatèni | nanging mangke dèrèng kainggahkên garwa ||

31. taksih marêkan kewala | nanging dènnya nglêladèni | sampun raga-raga [raga-...]

--- 20 ---

[...raga] garwa | pêpurune pun Sulastri | dhatêng gustinirèki | purune kaparèng purun | dene Radèn Sucitra | gènipun praptèng mariki | pan ngupados usadane gustènira ||

32. satriya ing Madukara | gêrahe nungsung jêjampi | pan sampun samadya căndra | dènnya kesah sangking nagri | Patih Sucitra gusti | nasak wana munggah gunung | manggihi pra pandhita | tan wontên ingkang kadugi | mulyakakên gêrahe Radèn Janaka ||

33. wontên pandhita satunggal | gusti ingkang asung wangsit | gêrahe Radèn Arjuna | tămba salumahe bumi | tinamakêna sami | malah dadya sangêtipun | nadyan para jawata | paringa usada sami | botên mulya tambane amung satunggal ||

34. sarate kinèn ngupaya | layon sêkar ingkang sangking | ukêle putri utama | laire ingkang marêngi | dintên Anggara Kasih | kang nungsang kêkalung usus | mila Patih Sucitra | enggal jujuge mariki | kados-kados sampun amiyarsa warta ||

35. gusti wiyosan paduka | wingi pun kakang Apatih | Udawa ingkang amêksa | kawula kinèn bêktani | layon sêkar sakêdhik | punika purune mantuk | sang dyah rêngu ngandika | iku tatane wong ngêndi | nora lumrah wong lara tambane kêmbang ||

36. wingi yèn ingsun wêruha | yêkti sira sun dukani | mung akale Si Sucitra | anuruti wong dalêming | dèrèng dugi dènnya ngling | kasaru kang putra rawuh | sang dyah suka ngandika |

--- 21 ---

dene lagi sun rasani | nuli katon bêcik kang tinêmu baya ||

37. ing kene kulup banjura | rahadèn sigra ngabêkti | rinangkul lungayanira | sang rêtna ngandika aris | sira kulup mring ngêndi | mèh luwih samadya tèngsu | lunga tan nganggo warta | gawe sumêlanging ati | tanpa wadya kang putra alon turira ||

38. têtuwi mring Madukara | mila botên kongsi pamit | bibi dhumatêng paduka | miwah ing kangjêng rama ji | sangking gugup tansipi | dènnya dalu praptanipun | cundaka Madukara | namung kalawan turanggi | animbali sartane paring uninga ||

39. lamun sangêt gêrahira | ature duta manawi | kawula ngantosi enjang | dinugi botên mêningi | milane kawula glis | gugup mangkat dalu-dalu | tan ngantos bêkta wadya | mung lan wadya kang nimbali | sêsandêran enjang praptèng Madukara ||

40. satuhu aturing duta | prapta kawula mêningi | jêng paman mêksih kantaka | rinubung dipun tangisi | mring panakawan kalih | pun Sêmar Bagong pukulun | nèng taman Madugănda | kalangkung kawêlasasih | salamine gêrah nèng taman kewala ||

41. dene sagung wadyanira | ing Madukara jalwèstri | tan wontên ingkang linilan | sumiwi mring tamansari | tinilar dalêm sami | lawange taman tinutup | langkung anèh karsanya | gêrah mèh antara pati | datan arsa tininjo mring kadangwarga ||

42. paman prabu ing Ngamarta | dènnya têdhak kaping kalih | sumêdya amondhongana | lawan [la...]

--- 22 ---

[...wan] sagunging para ri | datan arsa manggihi | kang raka tinulak wangsul | dadya mutung sadaya | nulak kundur dhatêng nagri | paman Prabu Ngamarta angraras driya ||

5. Mijil

1. praptèng mangke tan wontên têtuwi | para kadang tamboh | èngêtipun sangking antakane | pan kawula pêtik wali-wali | talingane kalih | èngêt pungun-pungun ||

2. aningali dhatêng kawula glis | lênggah ngrangkul alon | sarwi angrarêpa andikane | yèn ajaa kulup sira prapti | ing sadina iki | yêkti ingsun lampus ||

3. tinimbanga lan rubuhing wukir | bote yèn binobot | mêksih abot lara ngong yêktine | soring wiyat tan ana nimbangi | mêngko sira prapti | rasane tyas ingsun ||

4. kaya-kaya lamun bisa urip | wurung praptèng layon | iya sangking praptanira radèn | iku saksat dadya maosadi | pamurunging pati | panancanging umur ||

5. dadya mêngko raganingsun iki | prasaksat nak ingong | mati urip sangking sira radèn | bisa urip yèn sira nguripi | tulus praptèng pati | yèn sira kang nglampus ||

6. wus mangkono rasaning tyas mami | sakarsanta dados | angrèh raganingsun ing sakèhe | abang biru wus anèng sirèki | dèrèng ngantos dugi | pangandikanipun ||

7. nuli jêntung dhêlêg-dhêlêg sarwi | waspanya drês miyos | dangu-dangu salin andikane | sangga ngrarêpa angarih-arih | kang sinambat naming | Rara Irêng gunung [gu...]

--- 23 ---

[...nung] ||

8. adoh têmên lan rarene nguni | warnane samêngko | sapa nyana mangkana dadine | soring wiyat sun durung miyarsi | wong kang bisa salin | rupa kaping têlu ||

9. iya amung Rara Irêng wukir | duk mêksih nèng dhukoh | rada wagu dhoso pasêmone | irêng mangkak tur rada bêsisik | rambut abang kusi | kanginan marucut ||

10. nuli ingsun apatêmon malih | nèng pratapan anon | wiwit rada manglingi warnane | irêng mangkak dadi irêng manis | rambut abang kusi | dadi rada bangcuk ||

11. solah wagu mèh rada rêspati | sêmune kang dhoso | dadi ruruh jêtmika sêmune | dèrèng dugi rahadèn turnèki | sang dyah duk miyarsi | langkung rêngunipun ||

12. sira iku apa ta dalêming | anèng ngarsaningong | lagi prapta dadak angêtèprès | barang kăndha sapa kang ngopahi | lagi dèn kangêni | dadak agêdêbus ||

13. ingsun ora nanggap mring sirèki | minggata dèn adoh | Radèn Sămba ngèndêli ature | wruh kang bibi lamun sangêt runtik | dadya ture salin | sêmbrana gumuyu ||

14. inggih sampun yèn datan marêngi | gèn kawula obrol | mung paringa lêlorodan bae | pan kawula bibi sangêt ngêlih | sadintên tan bukti | mêntas lampah dalu ||

15. sawêg dhatêng lajêng dèn timbali | ing raka sang katong | mundur sangking sowan lajêng bae | marêk dhatêng paduka mariki | mila sangêt ngêlih | sang dyah ngandika rum ||

16. iya padha bae lawan mami | samadya pancorong [pa...]

--- 24 ---

[...ncorong] | salawase sira lunga radèn | ingsun tajin dhahar lawan guling | mêngko sira prapti | riyaya wak ingsun ||

17. Rarasati ladènana aglis | sêsaosan ingong | ingsun dhahar lan gustimu kene | Rarasati angladoskên aglis | dhahare sang dèwi | kuluban sarwa rum ||

18. mênur gambir kênonga malathi | cêmpaka rêgulo | kang rinawis ki kulub bubune[14] | anggi-anggi ingkang wangi-wangi | kungas gandanya mrik | radyan ngandika sru ||

19. apa iki dhahare jêng bibi | rupane mangkono | ting kalênyik awangi gandane | matur nêmbah Nikèn Rarasati | sagung wangi-wangi | kang kawula kulub ||

20. Radèn Sămba sidhakêp sarya ngling | yèn kaya mangkono | kangjêng bibi iku dhêdhahare | sun watara wong Batacinawi | barang lara kalis | mulês miwah ngêlu ||

21. lara wêtêng rumap myang panastis | dèngkèk miwah encok | lamun ana lara wong ing kene | binêkêma bae mring jêng bibi | sayêktine mari | tan susah dhêdhukun ||

22. gumêr gujênge parêkan cèthi | sang rêtna malerok | sarwi balang sadak mring putrane | mêncul têmên putraningsun iki | mèmpêr sri bupati | duk nenemanipun ||

23. rada kaduk cucut ngrêspatèni | ngangêni kang tumon | Rarasati nambungi ature | malah cucut putra tuwan gusti | tutuk tuntung manis | rakanta sang prabu ||

24. cucutipun tinandukan liring | nyênyêp sagon-ênggon | Radèn Sămba dangu ngawasake | ingkang bibi liringipun bêning | sêsungute [sêsungu...]

--- 25 ---

[...te] runtik | sinawang asamun ||

25. dukanipun nora nrus ing galih | kèndêlnya sang anom | ngangên-angên ing rèh upayane | wusirantuk nêmbah matur aris | sowan kula bibi | jatose ingutus ||

26. mring paduka maringi udani | jêng rama sang katong | kala wau tamuan dutane | ratu sabrang kêkalih nagari | samya mawi tulis | katur rama prabu ||

27. kang satunggal Jongparang Narpati | Prabu Bajobarong | gung aluhur ngajrihi dhapure | yèn siyunga wus kadya rasêksi | godhèk wot[15] jenggot bris | rambute angêduk ||

28. brêngos kokop netra bidho mati | alise mêngkorog | langkung sangking dêgsura sêrate | pan anglamar mring paduka bibi | tan kenging tinampik | adrêng karsanipun ||

29. yèn paduka tan arsa nampèni | sayêkti rarêmpon | Prabu Bajobarong botên wande | sawadyane nêkani ngajurit | nagri Dwarawati | dèn dadèkkên awu ||

30. sipat lanang kabèh dèn patèni | èstrine binoyong | dene ingkang satunggal sêrate | Ratu Paranggănda atur putri | kawula kang pinrih | praptèng prajanipun ||

31. nontonana mring putrinirèki | yèn panuju jodho | ingaturkên samăngsa-mangsane | mring kawula marêkan nyênyèthi | Dèwi Găndawati | ing jagad pinunjul ||

32. kaduk raga karana mantêsi | tan wontên winaon | dêdêg pidêgsa sêdhêng gêdhene | sarira lurus gilig aramping | pamulune

--- 26 ---

manis | sêdhêp ingkang têmbung ||

33. dene raka paduka sang aji | ing galih wus condhong | amba kinèn ningalana age | ing warnane Dèwi Găndawati | kang kalokèng bumi | yèn kawula sampun ||

34. sênêng ing tyas lajêng kinèn panggih | lawan sang lir sinom | wontên nagri ing Paranggandane | lamun sampun ing kawan dasa ri | jêng rama nimbali | ngundhuh mantunipun ||

35. karsanipun pan binayangkari | kawula sru mopo | nêmah lamun manggiha dukane | yèn kantosa kawula nglangkahi | mring paduka bibi | mendah ucapipun ||

36. gupuh-gupuh arsa mondhong putri | wong tuwane wadon | mêksih kênya tan ana cacade | mulus nora gèthèk nora ciri | têka dèn langkahi | krama numbuk-numbuk ||

37. nora nganggo tatane wong urip | wong lanang mêngkono | apa baya kang tinêmu têmbe | yêkti makatên ucaping janmi | milamba samangkin | dahat kamipurun ||

38. gadhah atur mring paduka bibi | nyênyuwun sayêktos | Prabu Bajobarong panglamare | mugi-mugi paduka tampèni | wontêna sakêdhik | soring warnanipun ||

39. nanging botên kuciwa ing bumi | mêngkua praptèng don | mring paduka dene ratu gêdhong |[16] awibawa sinêmbah para ji | sang dyah duk miyarsi | kang putra turipun ||

40. langkung sangking kumêpyuring galih | lir sinênggrang ing mong | têrataban muriring wulune | lir sinêsêg gumêtêr dènnya ngling | pagenea kaki | sira dadak lumuh ||

41. ing karsane [kar...]

--- 27 ---

[...sane] ramanira aji | aja sira wangkot | kinèn krama apan wus sêdhênge | tampanana Dèwi Găndawati | kang nêdya kapati | anganthi sirèku ||

6. Kinanthi

1. aja sumêlang ing kalbu | krama dumèh anglangkahi | marang ing sariraningwang | wêdi bokmanawa kêni | sêngkêl sikuning jawata | nora dadi ngapa kaki ||

2. yèn wus lila raganingsun | malah panêmune bêcik | walêr sangkêre tan ana | miwah pocapaning bumi | dene kulup raganingwang | saksat wus pratignyèng batin ||

3. sarambut pinara sèwu | durung cipta nambut krami | ing lair batin narima | momong sira bae kaki | age nuli tampanana | rêtna Dèwi Găndawati ||

4. ingsun age arsa wêruh | mring bakale mantu mami | putrine wong Paranggănda | ya ingkang kalokèng bumi | ayu tur raga karana | nuli pêputraa kaki ||

5. sun sinau momong putu | mendah sukane tyas mami | kang putra bêngkuh turira | witning tyas kawula bibi | ing siyang dalu kadyaa | mondhong ing Dyah Găndawati ||

6. mangun langêning salulut | manungku rarasing rêsmi | yèn ta sampuna kapalang | sumêlanging manah taksih | ajrih sikuning jawata | miwah pocapaning bumi ||

7. dene gênggênging pakewuh | bêbaya kang bêbayani | upaminipun kawula | nêmpuh byat purun nampèni | marang putri Paranggănda | măngka paduka anampik ||

8. marang Bajobarong Prabu | punapa ta eca bibi | gèn kawula pangantenan |

--- 28 ---

lawan Dèwi Găndawati | sêdhêng lagya pêpasihan | yêkti lajêng pothar-pathir ||

9. gègèr kawur dening mungsuh | Bajobarong anêkani | krodhane sabalanira | gêpuk nagri Dwarawati | paduka ingkang rinêbat | pinrih samadyaning jurit ||

10. masa wandea kacakup | sintên nagri Dwarawati | têtanggulange ayuda | andêle namung sawiji | paman Arya Wrêsniwira | mung pupuh rosaning jurit ||

11. ngandêlake tosing balung | kêncênge ototirèki | lawan têguhe kewala | tanpa guna tanpa sêkti | nadyan susuma[17] gêgala | otot kawat balung wêsi ||

12. botên wande rêmak rêmpu | pintên kuwate wong siji | nadyan silih dèn abêna | sami satunggal prang tandhing | lan Bajobarang[18] Jongparang | têtandhingane atandhing ||

13. nadyan sami rosanipun | kantun gagah gêng ainggil | samia têguh wêntala | kantun têguh tosing jurit | samia têguh kuwatnya | kantun guna kantun sêkti ||

14. lawan kantun sagêd mabur | pangandikane rama ji | Bajobarong kyating jagad | ratu sakurêbing langit | manungsa diyu rasêksa | tan wontên ingkang kuwawi ||

15. anadhahi krodhanipun | tandhinge namung sawiji | jêng paman ing Madukara | kapalang gêrah samangkin | mila sangêt tur kawula | mugi paduka tampèni ||

16. Bajobarong ratu punjul | sang rêtna rêngu dènnya ngling | lamun Bajobarong mêksa | sikarane anêkani | masesa wong datan arsa | kudu ngrabasèng ajurit ||

17. aja

--- 29 ---

na kang milu-milu | ingsun dhewe kang nglabuhi | dadi bantêning nagara | mamrih pati lêbu gêni | miwah pati suduk jiwa | mung sira tulusa mukti ||

18. lan ramanira sang prabu | kang putra jêlih turnèki | sarwi anungkêmi pada | bênêr jêng rama dènnya ngling | tan arsa anari krama | mangkene tyase jêng bibi ||

19. idhêpe mung nganyut tuwuh | nora măntra-măntra galih | ngeman marang kadangwarga | miwah rusaking nagari | tangèh lamun anggaliha | wêlas marang awak mami ||

20. kaya ta nguni ingkang wus | kocap kudanganirèki | jêng eyang swargi Mandura | wus pinancang jodho pasthi | lan jêng paman Madukara | tan kalakon praptèng mangkin ||

21. sabên tinari alumuh | tan kolune krama dening | kadang nak-sanak taruna | mêngko ana manèh prapti | ratu agung ing Jongparang | mêksa tan arsa nglakoni ||

22. paran ta ing karsanipun | dhuh bibi lamun wus pasthi | makatên karsa paduka | kapati mung mamrih pati | kawula măngsa kantuna | sayêktine anglabuhi ||

23. bela wong sapraja lêbur | aywa na kari sawiji | katuwone raganingwang | lagya na sênênging ati | putri adi Paranggănda | kapalang belani pati ||

24. dhuh bibi wong tuwaningsun | kula amit sapuniki | pêjah nèng ngarsa paduka | gêsang tan sagêd ningali | lêbur risaking nagara | luhung pêjah andhingini ||

25. rahadyan sawusnya matur | narik curiganira glis | wus pinusthi pucukira | binênêr kulunging ati | kantun gêcose kewala | sang dyah kumêpyur ningali ||

--- 30 ---

26. kang putra sigra rinangkul | sarwi dhêg-dhêgan dènnya ngling | dhuh-dhuh adhuh aja-aja | mangkono tyasira kaki | mamrih pati tan sayogya | siniku ing jawata di ||

27. dene ta karêpirèku | padha pinikir kang bêcik | Radyan Sămba duk miyarsa | pangandikane kang bibi | langkung sukaning wardaya | satata lênggahe malih ||

28. nanging sang kusuma sampun | uninga ing dalêm batin | marang sêmune kang putra | yèn gutuk lor kidul pinrih | gutuk kulon amrih wetan | mring Bajobarong mung lair ||

29. mring Sang Parta batinipun | sang dyah ngunandikèng galih | baya wus karsane dewa | yèn wong ika pasthi dadi | pangajapan ingsun iya | marga sangking bocah iki ||

30. apa ta baya bangipun | wong ika mring anak mami | duk anèng ing Madukara | kinungkung samadya sasi | mulih têka gawe beka | tan kêna dèn tanggulangi ||

31. dènnya ngrubuhkên maringsun | kêpati-pati bêk pati | sun cobane apa nyata | mring Bajobarong tyasnèki | bok aja anggawe gêlar | wong tuwa sok dèn kilapi ||

32. dèn kalamarana rambut | calorote sun udani | dadya ris dènnya ngandika | iya kulup yèn wus pasthi | mring Bajobarong Jongparang | brangtane tyasira kaki ||

7. Asmaradana

1. sayêkti ingsun lakoni | wit sangking pamêksanira | miwah sang prabu karsane | paran gon ingsun lumuha | kang putra duk miyarsa | malênggong tyase manjêlut | ririh kêmba aturira [a...]

--- 31 ---

[...turira] ||

2. yèn pangraos kula bibi | babêtahan wus prayoga | mêngkua mring sarirane | dene ratu gung prakosa | sakêdhik manah kula | ragi sumêlang pukulun | mring jêng paman Madukara ||

3. manawi galihe mêksih | èngêt darbe pêpacangan | têmah kalap liyaning wong | sayêkti wungu dukanya | inggih măngsa dangua | amrih pêjah gêsangipun | mring Bajobarong Jongparang ||

4. sakêdhap kewala mati | sanadyan silih sampuna | mupus yèn dèrèng jinodho | nanging wêntawis kawula | samangsane tumingal | ing cahya pindha sitangsu | kados yèn sami sakala ||

5. saputing tyas ambêg pati | ketang kang pindha sasăngka | Bajobarong botên wande | janggane pêdhot tinigas | paduka kantun răndha | namung punika pukulun | sumêlanging tyas kawula ||

6. sang kusuma duk miyarsi | marang ature kang putra | lathinira cinawowo | pan sarwi jinêngkang-jêngkang | sirèku bocah apa | têka calêbang-calêbung | nora kêna ginugua ||

7. iya wis matura aglis | marang ing sri naranata | lamun wus pasthi karsane | ingsun kinèn amawongan | marang wong Madukara | ing saiki ingsun turut | ananging sira matura ||

8. sun nyuwun patiba sampir | kris wasiyat Madukara | si pulanggêni arane | lan ing kana duwe bocah | parpatane boyongan | ing nguni putrining ratu | warnane ayu utama ||

9. arane Dèwi Sulastri | iku besuk kang gawaa | kêris praptane marene | dèn suka lila trus ing tyas | apa sakarsaningwang | aja garantês sarambut | karana kêris wus dadya ||

10. sasrahan patiba sampir | miwah bocah bêboyongan | sayêkti wus duwèk ingong | i[19] samasa-masa [sama...]

--- 32 ---

[...sa-masa] têka | Dwarawati nagara | kêrise lan bocahipun | esuk sore ngong sumăngga ||

11. ing karsane sri bupati | dene yèn ora tinêkan | iya ing panjaluk ingong | yêkti wahdat tanpa krama | utamane pinêksa | pira larane wong lampus | sang dyah sawusnya ngandika ||

12. lumêbèng dalêm botrawi | Radyan Sămba duk miyarsa | ingkang bibi pamundhute | langkung cumêmplong tyasira | nyipta măngsa lêpata | dhuh bibi wong tuwaningsun | sampun sumêlang ing driya ||

13. kawula ingkang nyagahi | bibi pamundhut paduka | kados tumuntên praptane | dhuwung lan rare boyongan | Dwarawati nagara | sang rêtna ngandika rêngu | sangking jroning madeyasa ||

14. lah wis aja acariwis | dèn age sira mêtua | aja kasuwèn nèng kene | yèn akèh-akèh lingira | sun jabêl wuwus ingwang | ingkang wus kawuwus mau | sida wahdat tanpa krama ||

15. ingkang putra miyarsa jrih | mundur sarwi latah-latah | sangking botrawi wus miyos | wangsul marang jroning pura | marêk ing sri narendra | maksih sineba sang prabu | lan pramèswari katiga ||

16. duk katingal kang putra glis | ingawe majêng tur sêmbah | sang prabu ngandika alon | kulup dèn kaparèng ngarsa | paran ta lakunira | sun tingali dene gupuh | apa baya olèh karya ||

17. ingsun lan ibumu nganti | kang putra matur anêmbah | pukulun dede wadose | galihe rayi paduka | gawat kaliwat-liwat | tan kenging kacêngkok atur | mantêp tega ing palastra ||

18. ngantos anêlaskên gêndhing | gèn kawula karya gêlar | ing ngajêng anjêjêrake | sangête ing gêrahira | jêng paman Madukara | dènira kawêlasayun | miwah ing pangamenira [panga...]

--- 33 ---

[...menira] ||

19. anuntên kawula kardi | gêlar barang bêbarongan | ing Jongparang Bajongbarong[20] | anglamar mring kang sarira | pamrih ulun gilaa | ing galih sagêda ambyuk | mring jêng paman Madukara ||

20. inggih gila inggih ajrih | mring Bajobarong Jongparang | mung anggalih pangungsène | mung suduk jiwa kewala | nuntên kawula karya | ratuning sabrang pukulun | nagarine Paranggănda ||

21. ngaturkên putrinirèki | diwasa dèrèng akrama | ingkang mungêl jro sêrate | jinodho lawan kawula | putri ing Paranggănda | kasub ing jagad pinunjul | ayu tur raga kêrana ||

22. jêng paduka wus marêngi | nanging kawula lênggana | nglangkahana sarirane | ajrih sikuning jawata | pukulun pamrih amba | wêlasa dènira dulu | sangking pamothah kawula ||

23. diwasa dèrèng akrami | jêng bibi nuntên galiha | inggih dhatêng pacangane | ngamandaka Paranggănda | sadaya tanpa dadya | panuju sagêdira nut | kawularsa suduk jiwa ||

24. kadya carita turnèki | Radyan Sămba mring kang rama | purwa madya wasanane | wus ingaturkên sadaya | kang bibi panuwunnya | suka gumujêng sang prabu | myang pramèswari katiga ||

25. Kusuma Dèwi Rukmini | suka latah gujêngira | mendah ta baya opahe | pamanamu Madukara | besuk marang ing sira | jaluka rabi rong puluh | sanadyan patang puluha ||

26. putri kang ayu linuwih | sayêkti lamun tinêkan | anjaluka upamane | apsari Ngendrabawana | kaya lamun tinêkan | wus prasaksat utang umur | pamanamu marang sira ||

27. sang prabu ngandika aris | sapa ta iku kang marah | bibèkamu [bi...]

--- 34 ---

[...bèkamu] panjaluke | apa dewa suralaya | hèh kulup wruhanira | kang jinaluk bibèkamu | kris pusaka tanah Jawa ||

28. jangjine apan wus pasthi | sapa kuwasa nganggoa | si pulanggêni pasthine | nurunakên para raja | kabèh ing tanah Jawa | dene ta dènira jaluk | bocahe wadon boyongan ||

29. sêmune ing dalêm batin | amrih utamaning krama | kapindho iku karêpe | katêmua jaka rara | kalawan Si Janaka | hèh pramèswari katêlu | padha sira sadhiyaa ||

30. sauparênggane kardi | aja kongsi kêkurangan | kaya-kaya lamun gêdhe | yayi dhayohira benjang | dhaupe arinira | sanak-sanak wong tuwamu | sayêktine kabèh prapta ||

31. Ngamarta tan beda yayi | tuwa anom santananya | pasthi ngiringake kabèh | malah ing wantaraningwang | dhaupe Si Sumbadra | lan Si Dananjaya besuk | sira kongsi kadhayohan ||

32. dewa lawan widadari | yèn salamêt ingsun angkah | besuk sasi ngarêp manèh | sêdhêng wus padha samêkta | ing kene lan ing kana | hèh kulup jaba sirèku | lawan Si Patih Udawa ||

33. iya dèn samêktèng kardi | garwa tri lawan kang putra | samya sandika ature | sang prabu nimbali sigra | mring Arya Wrêsniwira | wus prapta jroning kadhatun | ing ngarsa sri naranata ||

8. Sinom

1. sang prabu alon ngandika | hèh yayi dandana aglis | ingsun duta mring Ngamarta | ngaturake layang mami | marang ing yayi aji | sêrat pinaringkên sampun | sinung wruh liring karsa | kang dadya lampahirèki |

--- 35 ---

Wrêsniwira langkung sukane wardaya ||

2. wus têlas wêling narendra | tur sêmbah satriya kalih | sarêng mijil sangking pura | sapraptane păncaniti | Radyan Arya Sêtyaki | samêkta sawadyanipun | budhal sangking nagara | tan abêkta dharat siji | upacara sami sanginggil turoga[21] ||

3. kunêng ta datan winarna | kang lagya lumakyèng margi | Radyan Arya Wrêsniwira | gantya winursitèng kawi | nêgih[22] Ngamarta nagri | Pandhu Dewanatasunu | ratu mahardikèng rat | ambêg pinandhita luwih | Pandhuputra jumênêng Nata Pandhawa ||

4. pêkik pindha Hyang Asmara | pêparabirèng narpati | Prabu Guna Talikrama | iya Sang Yudhisthira Ji | Darmaputra lan malih | Sri Darmawăngsa jêjuluk | pêparab Puntadewa | lire Puntadewa dening | ratu madyapada wus pangawak dewa ||

5. myang ing puja mantranira | luwih sanggung[23] pra maharsi | marma parab Yudhisthira | ambêg wiyar lir jaladri | amot kamoting budi | ala bêcik pan winêngku | marmanira pêparab | Prabu Darmaputra nênggih | pan pinundhut putra mring Bathara Darma ||

6. marma parab Darmawăngsa | dènira madêg narpati | purune sangking pinêksa | marang sagunging para ri | gêmah rusaking nagri | obah-osiking wadya gung | wus dening ari samya | sang prabu tan angawruhi | marmanira parab Guna Talikrama ||

7. guna ingugêran krama | lêmbah manah lusing budi | pangandika mung sapisan | sêtya tuhu marang jangji | anrus gêtihe putih | êninging tyas suci marum | suka lila ing dunya | lênggawa tega ing pati |

--- 36 ---

yèn lumraha patine kinarya dana ||

8. lirira Nata Pandhawa | kadang gangsal priya sami | tan ana suwalèng karsa | sabiyantu nunggil budi | ing galih dadi siji | rêmak rêmpu parêng tumpur | jangji sabaya pêjah | yèn tiwas salah sawiji | ingkang kantun sakawan bela palastra ||

9. panêgakirèng[24] Pandhawa | wong agung ing Jadhipati | nama Radyan Wrêkudara | pikukuh suhing nagari | gêdhêg manggalèng jurit | Ngamarta kang minăngka muk | ugêr ngasmarèng laga | tatênggulanging praja di | apêparab Sang Arya Bimarya Sena ||

10. gung luhur rowa birawa | bêbalung balingah putih | bêbau gagah prakosa | rêrêng sêrênge ngajrihi | sirung srompoting rawis | mêngkorok angulêr taun | godhèk piyak nglar badhak | gumêlêng jenggot mêlingi | dhadha papag simbar jaja palawangan ||

11. rema bakung ngandhan-andhan | wuluning asta angisi | imba têpung ngapurancang | jênggurêng pêtêng netya dik | singa pinandêng liring | kêkês bayunira racut | waja blah yèn ngandika | garab gumrêgêt ngajrihi | nama manut ing warna sêmbadèng wănda ||

12. lire nama Wrêkudara | kadang kang panêgak[25] nênggih | Bima gêng igil[26] têgêsnya | ngungkuli kadangirèki | Bayusuta ingambil | putra mring Bathara Bayu | têgêse Bratasena | mêngku ing lampahirèki | lire Abirawa luwih sangking jêmbar ||

13. ambêg lênggawa[27] pasaja | iya lair iya batin | awantah nora

--- 37 ---

karenah | yèn wêdia padha wêdi | yèn wani padha wani | padha mêngko gothak-gathuk | nya dhadha êndi dhadha | yèn nêdyala dèn alani | lamun nêdya bêcik ya padha raharja ||

14. êndi iku iki ênya | dhasare rahayu budi | marma sagung wadyabala | Ngamarta samya jrih asih | yèn ing murka sirnanting | mêmala dursila lêbur | dening Sang Arya Sena | pangrèhing rat marcayani | bakuh kukuh ajêg tindaking nagara ||

15. adining kadang sadaya | Pamadya Radèn Prêmadi | satriya Adananjaya | wong agung Madukara di | Arya Parta lan malih | Arjuna jêjulukipun | iya Radèn Janaka | pêparab Prabu Karithi | bêbisike Rahadèn Endratanaya ||

16. têgêse Endratanaya | dènira pinundhut dening | putra mring Bathara Endra | têgêse Prabu Karithi | sugih gêlaring jurit | myang gêlar maring para rum | widagdèng priyêmbada | pangudinirèng kênya di | lamun sampun sinêdya pilih tan kêna ||

17. marma parab Dananjaya | guna kasêktènirèki | prasaksat kinarya dana | yèn wontên para narpati | sinikara ing jurit | lamun aminta pitulung | miwah para pandhita | yêkti age dèn tulungi | nadyan dewa kathah samya minta sraya ||

18. marma pêparab Sang Parta | Parta srêp têgêsirèki | angadhêmi sanagara | martanira amartani | wèh ayêm bumi-bumi | mêmayu yuning tumuwuh | marmanya apêparab | Rahadèn Janaka dening | anggung dadya pangungsène duka cipta ||

19. kèh luwar sangking Sang Parta | kang samya nandhang prihatin | marma pêparab Arjuna | têgêsipun banyu mungging | wêwadha[28] ênêng wêning | Arjuna bêbudènipun | kêdhung kêna jinajag |

--- 38 ---

munggèng sadhasaring bumi | pan gumawang katon nèng langit kasapta ||

20. kakêjêr nèng ăntariksa | kato[29] nèng dhasaring bumi | atambuh nanging wiweka | lawan prayitna ing batin | sêsak mring wiyar nanging | bisa logro maring ciyut | muluk kalokèng jana | tan kêna cinakrèng budi | wêwadine pamadyanirèng Pandhawa ||

21. abagus datanpa sama | aruruh alusing budi | ambêgnya lir mênyan kobar | jêtmika asih ing dasih | wadya Ngamarta nagri | gêng alit samya sih lulut | marang Sang Dananjaya | dadya kêmbanging praja di | măngka teja kêkuwunging jagad traya ||

22. pambajêng panênggakira | Pamadya patutan sangking | rajaputri ing Mandura | nênggih Rêtna Dèwi Kunthi | sumêndhi lan wuragil | mijil kêmbar patutipun | Rajaputra Mandraka | nênggih Rêtna Dèwi Madrim | ingkang sêpuh pêparab Radèn Nangkula ||

23. wuragil Radèn Sadewa | warnanira pêkik-pêkik | Nangkula ing têgêsira | kawula Sadewa gusti | apan nama sawiji | dèn anggo wong loro iku | Nangkula lan Sadewa | ing laire katon kalih | ing batine pan namung wujut sajuga ||

24. warnane kêmbar wus samya | budine dadi sawiji | laire sarêng kewala | marmanya nama sawiji | dèn anggo wong kêkalih | namung siji têgêsipun | Nangkula lan Sadewa | tuduh mring kawula gusti | kêmbar rupa kêmbar solah kêmbar swara ||

25. radèn kalih datan arsa | darbea karsa pribadi | mung manut sakarsanira | nênggih ingkang raka katri | siyang pantara ratri | barang rèhira tinurut | têtêp Nata Pandhawa | gangsal tyase dadi siji | lara pati ing pratingkah nora gethang ||

26. marmanira pinaringan | marang Sang Hyang Utipati |

--- 39 ---

pustaka kalimasada | sira Sang Yudhisthira Ji | têgêse maosadi | kalimasada puniku | tambane wong lêlima | yèn ana ingkang ngêmasi | dèn ungkuli pustaka kalimasada ||

27. yêkti gêsang paripurna | wau ta ingkang winarni | Sang Aprabu Darmaputra | samana lagya siniwi | ari têtiga ngarsi | Wrêkudara munggèng ngayun | Nangkula lan Sadewa | sri bupati ngandika ris | Wrêkudara paran mêngko kanthinira ||

9. Kinanthi

1. Si Janaka laranipun | wartane saya ngranuhi | anggung dènira kantaka | apa ta nora pinikir | ngupaya wong guna bisa | kang sayogya ngusadani ||

2. nora kêna sira tanbuh | larane arinirèki | nuli sira ngupayaa | usada ingkang sayêkti | takona para pandhita | kang padha martapèng wukir ||

3. kang rayi sêndhu turipun | bonggan gawe kang amikir | ing larane Si Janaka | tămba salumahing bumi | sayêkti măngsa warasa | lara ginawe pribadi ||

4. bature ana kang tutur | larane nganggo dalêming | kang dèn ame nora liya | amung Rara Irêng wukir | gawene sok mantun gaga | diwasa têka manglingi ||

5. lah ta lara apa iku | mangkono dènnya dalêming | kajaba kaworan gêlar | pasthi yèn larane kêni | sambang brăngta mring Sumbadra | têluh ing Batacinawi ||

6. yèn sira ge arsa wêruh | warase arinirèki | sarate gampang kewala | kajabane dèn ombèni | ing uyuhe Si Sumbadra | sayêktine nuli mari ||

7. sajêging sun durung ngrungu | wong lara satêngah mati | datan arsa tininjoa | mring kadangwarganirèki | apan lagi Si Janaka | lara ngewakakên [ngewa...]

--- 40 ---

[...kakên] ati ||

8. sri narendra ngandika rum | witing mangkonoa yayi | nora kêna dèn nêngêna | kadawan-dawan sayêkti | larane tanpa wêkasan | Wrêkudara anauri ||

9. yèn sira bobot maringsun | pan amung pikir sawiji | sun jaluk marang Sri Krêsna | pêsaja nora kêkêlir | awèha nora awèha | sayêkti sun jaluk wani ||

10. Si Sumbadra dhaupipun | iya lawan Si Prêmadi | aran wus pacanganira | dadi bithèn sun lakoni | lan Si Krêsna Baladewa | sang prabu ngandika aris ||

11. ya bênêr pikirirèku | nanging kêkasarên yayi | ingsun lamun kasusua | ing panuwun bangêt wêdi | dèrèng dugi angandika | kasaru obahing jawi ||

12. Nangkula tur sêmbah mundur | mariksa wangsulira glis | matur yèn wontên caraka | sangking nagri Dwarawati | yayi mas ing Lesanpura | pan sarwi amundhi tulis ||

13. kagyat ngandika sang prabu | Nangkula iritên aglis | aja kasuwèn nèng jaba | Nangkula tur sêmbah mijil | praptèng jawi panggih lawan | Sêtyaki wus dèn dhawuhi ||

14. lajêng kerit lêbêtipun | praptèng byantara narpati | nêmbah matur yèn dinuta | ing raka sri narapati | angaturakên nawala | sang prabu gupuh nampèni ||

15. nawala binuka sampun | winaos sinukmèng galih | putus ing pamaosira | mèsêm ngandika sang aji | hèh ta yayi Wrêsniwira | baya-baya wus kaèksi ||

--- 41 ---

16. ing saobah bawanipun | mring Sinuhun Dwarawati | nora kêna kasamaran | mau lagi sun rasani | iya lawan kakangira | nuli sira yayi prapti ||

17. Nangkula sira sun utus | mring Madukara dèn aglis | dhawuhana kakangira | kêrise si pulanggêni | lawan bocahe boyongan | têka pulo Rajapêthi ||

18. Si Sulastri pan pinundhut | mring Sinuhun Dwarawati | sarta lan pamundhut ingwang | dadia patiba sampir | mring Rêtna Wara Sumbadra | poma dèn kagawa yayi ||

19. barênga lakunirèku | iya yayi mas Sêtyaki | bêcike sira milua | ngiras pantês atêtilik | iya marang kakangira | hèh Nangkula layang iki ||

20. paringna kakangirèku | wruha ing karsa sang aji | dimène lêga tyasira | dene kang patiba sampir | bêcik banjurna kewala | têka Madukara yayi ||

21. kature marang sang prabu | măngsa bodhoa sirèki | dèn padha samêktèng marga | angiring patiba sampir | pulanggêni kris pusaka | Sulastri putri narpati ||

22. sêrat pinaringkên sampun | kalihe sarêng wotsari | mundur sangking ngarsa nata | sapraptanira ing jawi | budhalan sawadyanira | bubar sagung kang anangkil ||

23. wau ta ingkang ngadhatun | pinêthuk ing pramèswari | rajaputri ing Cêmpala | Kusuma Dèwi Drupadi | apan sawêg kalih căndra | panggihe lan sri bupati ||

24. wus atata lênggahipun | pramèswari nusung warti | praptanira Wrêsniwira | kang dados [da...]

--- 42 ---

[...dos] karyanirèki | jinarwan lamun dinuta | mring Sang Prabu Harimurti ||

25. myang saliring karsanipun | kang kawrat sajroning tulis | kang garwa wus jinarwanan | badhe karyane kang rayi | Madukara lan Sumbadra | ing wulan ngarsane malih ||

26. wus sêdhêng yayi sirèku | ngati-atia saiki | sabeya-beyaning karya | myang uparêngganing puri | pramèswari duk miyarsa | suka sandika turnèki ||

27. kunêng ta jroning kadhatun | kang gunêm lan pramèswari | gantya ingkang winursita | kang agung kunjana kingkin | satriya Adananjaya | gêrahe saya ngranuhi ||

28. gêrah manuku[30] kung wuyung | wuyungan nawung wiyati | kang dadya woding wiyoga | tan lyan Dyah Banoncinawi | yekang dadya êla-êla | linali lali tan lali ||

29. karya panglipur tan lipur | karya panglindhih tan kandhih | barang pinadha tan padha | barang sinandhing tan tandhing | sabuwana wus tan ana | ingkang mirib angiribi ||

30. marma gung among pirangu | mirangrong ngarang ngranuhi | rangu-rangu karungrungan | mirong anggung ringik-ringik | sambat ing Wara Sumbadra | Kusuma Banoncinawi ||

31. wus dumunung nèng jêjantung | gumantung tungtunging ati | cumanthèl padoning netra | ngitêr têlênging pangèksi | tumemplok poking paningal | pangrêpanira gung mijil ||

10. Mijil

1. dhuh kusuma niyakaning manis | musthikaning wadon | kumarane dyah sajagad kabèh | sêsotyane wanita sabumi | rêtnaning [rêtna...]

--- 43 ---

[...ning] kênya di | guruning para rum ||

2. bisa têmên akarya wiyadi | woding driyaningong | sun dhèwèki sangkane timure | praptaning don têmah angêmohi | tan măntra tumulih | sikara wèh wuyung ||

3. wêlasana dasihira gusti | gung ngame anglamong | kalanglangan kalênglêng siranggèr | sagon-ênggon gumuling tan eling | lênglêng andalêming | kalurung kadarung ||

4. durung tumon wong tan inêmêni | tan kêna tinêmon | kaya Rara Irêng duk timure | jêtmikane liringe aririh | tyase têka kêsit | tan kêna kinaruh ||

5. yèn sawange wong ika aringkih | nora pati bakoh | têmah bakuh kukuh piyangkuhe | awit bocah gon ingsun angungkih | nora măntra kungkih | rangkahe akukuh ||

6. yèn sinawang sêrênge bêk pati | yèn sinamar wêroh | nora kêna sinandi wadine | kaya ta duk nèng Mandura nguni | sun mindha kênya di | têka mêksa jaruh ||

7. busuk-busuk têka ambisani | bisaning sun gêpok | sagêpokan atombok pèk-èpèk | tangan nganggo tinêngêran tali | nèng Kumbina nguni | sikara kalangkung ||

8. apa baya wong ika duwèni | japa ji panglêson | pamêpêse wong brăngta wirage | pangêkêse wong kunjana kingkin | pangapêse budi | pangracuting bayu ||

9. kaping pira goningsun mrih nyandi | wus mèh sapatêmon | anèng sêpi mung kari gapyuke |

--- 44 ---

ciptaningsun wus sêdya bêg pati | dadi tanpa budi | bayuningsun racut ||

10. balung ingsun kaya dèn lolosi | otot gêng ngalokro | mendah baya ginawea jêlèh | namung bêngkis têka angêkêsi | pêpêsing tyas mami | ngalumpruk lir kapuk ||

11. paran baya mangkene wak mami | gung dadi lêlakon | mati ngênês awèta mangkene | wus tan kêlar anandhang wiyadi | andina mimbuhi | wiyoga gung kambuh ||

12. saksat siksa siksane sabumi | sinandhangkên mring ngong | isining rat anangsaya kabèh | barang katon barang kapiyarsi | mung katon sawiji | kang akarya gandrung ||

13. nora nana kang dadya mêndhaning | lara gêng wirangrong | kabèh-kabèh amimbuhi bae | ing wiyoga langêning sabumi | myang langêning langit | kabèh karya gadrung ||

14. sapa ingkang yoga ngusadani | mirah laraningong | liya sangking gusti nahing angge[31] | nora dadi usada wiyadi | wanudya sabumi | sawange wus suwung ||

15. ingsun lawas angêlaya bumi | jajah nagara don | durung manggih kang mirib iribe | sagung putrining para narpati | kang samya yu luwih | anyèthia patut ||

16. baya-baya ing nguni kinardi | sang rêsmining sinom | sêsotya di adining rat kabèh | lawan kêmbang-kêmbanging sabumi | sagung wangi-wangi | sarine cinarub ||

17. lawan lêlangêning pasir wukir | kang linawêt winor | lan langêning wiyati kabèh |[32] tejaning wintang rêsmining sasi | kilat lawan thathit | wangkawa kêkuwung ||

18. marma kêkuwunge anêlahi | sajêg durung tumon | wiragane miwah sasêdhêpe | Ratih-Ratih miwah Rarasati | adining apsari | pantês awotsantun ||

19. mring sêsotya ing Banoncinawi | sagung para sinom |

--- 45 ---

saisine ing Kaendran kabèh | pantês mawongan marêkan nyèthi | dhuh mas jiwa mami | kang sawang sitèngsu ||

20. pacêt agung kang asabèng sabin | nora bêtah ingong | ulung langking anandhang wirage | kêmbang biru munggèng pagêr gusti | gung lênglêng tan eling | kabyatan lara kung ||

21. wilangane sanga lawan kalih | kêmangi rêng kang ron | wêlasana kusuma dasihe | dhandhang wiring kang asirah putih | yèn tan dèn tulungi | mring kang karya gandrung ||

22. pêkên alit ing pinggiring margi | nora wurung layon | walang kayu ingkang ijo lare | mênyan seta paseban jro puri | lawas ingsun anti | praptaning don tambuh ||

23. wêlut wana kang awisa mandi | pamasanganing mong | makung bae marang kawulane | jênu tawa tinungkul tan kêni | bibis munggèng tangsik | yèn kapêngkok mundur ||

24. gêndèr kayu kang atabuh kalih | jangkrik gung nèng kêbon | datan gingsir dèn gêbang galihe | godhong glar nèng jogan makewuhi | sambêrlilèn sabin | bisane mung bêndu ||

25. surya muka minitra tan kêni | ron pisah lêsah gon | ancur gêdhah sun rasa rarase | sela panglawêting gănda gusti | nora pisah kalih | mring kang kawlasayun ||

26. toya mijil sangking awiyati | awèh edaning wong | waru jêne tinêmaha bae | gudhe rambat sikara tan sipi | barat gung jaladri | awit timuripun ||

27. ulung windo măngsa sarpa mandi | wus pinacang jodho | marang ingong praptèng diwasane | wowohan kang sumêdhêng matêng wit | têmah

--- 46 ---

angêmohi | paran dosaningsun ||

28. warêsah kang awoh anèng nginggil | nora cidra ingong | terong alit dhêdhompolan wohe | iler ijo dhêdhangkèl nèng siti | kênthang rambat nganti | mring sariranipun ||

29. lah ya dene ika si bok sêlir | têka milu angkoh | marang ingsun gone jupukake | layoning kêmbang gustinirèki | têka mung sajimpit | kênèse kalangkung ||

30. apan ika wong cilik sayêkti | mung tunggal pasuson | lan gustine têka na èmpêre | pawakane alurus aramping | pamulune lungit | lantip sêmunipun ||

31. lawan Sulastri pan amirib |[33] manise pasêmon | nanging ladak bok sêlir liringe | karo-karone wus pantês dadi | garwèngong paminggir | nêmbah mring sang ing rum ||

32. kayaparan si kulup ing nguni | apa baya goroh | mulih têka kene sêsanggupe | banjur marêk marang tamansari | maripih kang bibi | dadi kanthiningsun ||

11. Kinanthi

1. dhuh kusuma jiwaningsun | kang sawang mênur rinujit | mirah intêne si kakang | jumêrut nila widuri | hèr laut lawan hèr kêmbang | sêsotya Banoncinawi ||

2. tingalana dasihipun | kawlasarsa kawlasasih | susahing tyas sayah lêsah | mêminta sih tan antuk sih | wus saksat siksa salêgsa | sinangsayèngakên dasih ||

3. tan wus sambating awuyung | wuyungan nèng tamansari | satriya ing Madukara | puyêng ing tyas poyang-paying | yayah kadya kapêryangyang | angungrum barang kaèksi ||

4. pinindha kang karya gandrung | rinungrum ingarih-arih | anèng taman Madugănda | mung lan panakawan [pa...]

--- 47 ---

[...nakawan] kalih | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | anggung dènira nangisi ||

5. dhuh rahadèn dika emut | lamun satriya linuwih | kadêrêng brăngta wanudya | kongsi ngame andalêming | kadya mèh antara gila | angungrum barang kaèksi ||

6. langkung sangking nisthanipun | agung angame dalêming | tanpa wêkasaning brăngta | mung rinewang gung tan eling | pan inggih măngsa kiranga | putri kang ayu linuwih ||

7. kang pantês dadya panglipur | putrine para narpati | măngsa ta dadak lêpata | ing karsa paduka gusti | sanadyan silih ngarsakna | apsari sining swarga di ||

8. sayêkti yèn botên luput | lah puniku pun Sulastri | pan inggih kirang punapa | warnane sampun linuwih | ing mangke sêdhêng-sêdhêngnya | pinurwa langêning rêsmi ||

9. têka pijêr dèn lus-êlus | botên binêdhah tumuli | Sang Parta alon ngandika | kakang arimu tan dadi | usadane lara brăngta | arinira Si Sulastri ||

10. iku pantês-pantêsipun | pan namung dadya paminggir | sabuwana wus tan ana | putrine para narpati | sanadyan Ngendrabuwana | sagunging para apsari ||

11. saisining sawarga gung | tan ana sayogya dadi | usadane brangtaningwang | namung Dyah Batacinawi | Sêmar jêlèh aturira | sadasa paduka gusti ||

12. kapati-pati nahên kung | ngrika botên animbangi | lamun botên linampahan | măngsa dhatênga pribadi | tuwas lêsah sayah susah | adina-dina dalêming ||

13. yèn botên karsa nênuwun | ing raka Sri Harimurti | suwawi lumampah dhustha | dhatêng ing Banoncinawi | paduka măngsa kewrana | sampun wignya nyidrèng rêsmi ||

14. Sang Parta ngling dhuh kakang buh | rasane tyas [tya...]

--- 48 ---

[...s] ingsun mangkin | marang wong sawiji ika | bangêt wêdi bangêt kanji | masesa nyidrèng asmara | sun wêwani wus tan wani ||

15. Sêmar sru dènnya gumuyu | dingarèn paduka gusti | akalah lawan wanudya | namung pinêtokan ngungsir | mendahane kinabruka | baya lumayu malênthir ||

16. kasaru jawi gumuruh | praptane rahadèn kalih | Nangkula lan Wrêsniwira | dhêdhêt kèndêl jawi kori | Sêmar malajêngi sigra | sangking jro nguwuh anjêlih ||

17. sapa ta kang prapta iku | gumêdêr ngagèt-agèti | jêng gusti lagi anendra | apa ta nora miyarsi | salawase grah tan arsa | tininjo kadange sami ||

18. Radèn Nangkula sumaur | ingsun kakang ingkang prapti | lan yayi mas Lesanpura | matura lamun tinuding | mring kakang Prabu Ngamarta | lan kang raka Dwarawati ||

19. Sêmar gupuh dènnya wangsul | prapta ngarsa tur udani | kang rayi kalih praptanya | dinutèng Sri Harimurti | myang raka Sri Darmaputra | Sang Parta ngandika aris ||

20. kakang wênganana gupuh | iridên ing ngarsa mami | yayi mas karo dinuta | Ki Lurah Sêmar nulya glis | kori sinorog wus mênga | radèn kalih dèn dhawuhi ||

21. lamun tinimbalan laju | radèn kalih sampun kerid | sapraptanira ing ngarsa | samya ngungun aningali | mring kang raka risakira | saengga grah wus sawarsi ||

22. rahadyan sigra tumundhuk | sumungkêm ing pada kalih | rinangkul lungayanira | wus samya kinèn alinggih | Nangkula matur tur sêmbah | kakang mas ulun tinuding ||

23. ing rakanta kakang prabu | Ngamarta lan Dwarawati | mundhut pusaka paduka | wangkingan pun pulanggêni | kalawan abdi paduka | boyongan Nikèn Sulastri ||

24. lah punika sêratipun | kang sangking

--- 49 ---

ing Dwarawati | paduka kinèn mariksa | kang raka gupuh nampèni | nawala lajêng binuka | winaos sinukmèng galih ||

25. pamaosipun wus putus | Sang Parta nglêgêr tanpa ngling | dangu mangu-mangu ing tyas | mangunêng dening Sulastri | Nangkula malih turira | kang timbalan sri bupati ||

26. sampun ta tan botên katur | dhuwung kalawan Sulastri | sayêkti tuwan dinukan | kang raka ngandika aris | kêris ngong yayi sumăngga | sakarsane sri bupati ||

27. nanging ta bocahirèku | bangêt ing panuwun mami | yèn kongsia nêmu papa | pan dudu bênêre yayi | bocahe liwat mêmêlas | ingsun kang dosa ing batin ||

28. duk rare panggawaningsun | sangking pulo Rajapêthi | kongsi mêngko wus diwasa | gêlêm sinumpah wak mami | yèn wusa têkèng sajiwa | dhasar dudu niyat mami ||

29. mung nêdya sun ambil sunu | wêlas sangking mêlasasih | gêlême tutut maringwang | pêrak lan kadange kalih | kang wadon kalap Si Sêmar | lanange sun karya patih ||

30. yèn tan dadi karsanipun | bocah iku anèng mami | ingsun ulihne kewala | marang wong tuwane malih | Sang Prabu Darmawisesa | ratu pulo Rajapêthi ||

31. Radèn Nangkula umatur | mendah raka paduka ji | Ngamarta ing dukanira | yèn ngantosa pun Sulastri | botên sarêng lan curiga | kature mring Dwarawati ||

32. timbalan rakanta prabu | apan kawula pribadi | ingkang kinèn andhèrèkna | kature patiba sampir | kinèn nglajêngna kewala | inggih mangkat sangking ngriki ||

33. malah ta timbalanipun | kinèn ngrêngga sawatawis | jajaranipun nèng marga | wau ta Radyan Sêtyaki | wruh sêmune ingkang raka | mring Sulastri ragi kingkin ||

--- 50 ---

12. Asmaradana

1. Sêtyaki matur wotsari | kakang mas sampun sumêlang | pun Sulastri ing têmbene | yèn manggiha siya-siya | wontên kakang bok benjang | kawula ingkang ananggung | malah manggiha raharja ||

2. Sang Parta duk amiyarsi | ing ature Wrêsniwira | ngunandika jroning tyase | yèn sun sawang kaya-kaya | pêpantêse wong ika | adoh sangking laku dudu | niaya pasthi tan arsa ||

3. wusana ngandika aris | lah iya yayi sumăngga | sun manut ing sira bae | Sêmar mêtua ing jaba | dhawuhna Si Sucitra | konên samêkta ing laku | lawan saosa jêmpana ||

4. tunggangane Si Sulastri | yayi ngantia ing jaba | sun angkatkên dina kiye | radèn kalih nêmbah mêdal | kapat Bagong lan Sêmar | praptèng jawi lajêng dhawuh | Patih Sucitra sanega ||

5. lawan sagung para mantri | anyaosakên jêmpana | samêkta saprajurite | mangkana Sang Dananjaya | lumêbèng madeyasa | Sulastri ngandikan sampun | prapta munggèng ngarsanira ||

6. Sang Parta ngandika aris | yayah kadya angrarêpa | ngêlus-êlus srinatane | dhuh woding tyas ingsun nyawa | age sira dandana | pinundhut marang gustimu | Kusuma Wara Sumbadra ||

7. sun karya patiba sampir | iya lawan kêris ingwang | ing besuk aturna dhewe | marang kusumaning pura | poma sira dèn bisa | ngawula mèt galihipun | yèn salamêt wusing karya ||

8. dhaup ingsun lan sang putri | pan gêdhe ganjaraningwang | sira ingsun unggahake | garwa paminggir kang sarta | ingsun sih êla-êla | Sulastri nêmbah umatur | pukulun inggih sandika ||

9. sampun kang dhatêng ing sakit | sanadyan tumêkèng pêjah | anglampahi ayahane [ayaha...]

--- 51 ---

[...ne] | lêbura awor lan kisma | sarambut tan suminggah | wus kasêdya siyang dalu | ngawula angèstupada ||

10. marang Dyah Banoncinawi | Sang Parta mèsêm ngandika | sarwi ngaras srinatane | iya dèn bisa kewala | payo sun atêr jaba | curiga tinampan sampun | mêdal sangking madeyasa ||

11. sapraptanira ing jawi | sampun anitih jêmpana | têngara sigra budhale | para mantri Madukara | ingkang grêbêg jêmpana | Sucitra ing wurènipun | dhangah anitih turăngga ||

12. pilihan ingkang jajari | prajurit ing Madukara | satus samya anom-anom | satriya ing Lesanpura | ingkang lumakyèng ngarsa | Nangkula mungkasi pungkur | lan sawadyabalanira ||

13. kang tinilar kari tistis | satriya ing Madukara | kadya nutakên tingale | jumênêng têngah wiwara | anon srining lampahnya | Dananjaya mangu jêntung | kambuh-kambuh ing wiyoga ||

14. kundur lumêbèng botrawi | anggung măndra kalênglêngan | nèng jinêm madeyasane | dhuh yayi ing pagulingan | langên-langêning tilam | sari-sarining jinêmrum | kusuma dining kalangyan ||

15. sêsotya Banoncinawi | apa ta angêmu duka | gusti marang ing dasihe | dene mundhut kris pusaka | lan abdine boyongan | paran ta ing wadinipun | apa anduwèni cipta ||

16. maring sun yèn Si Sulastri | bakal ngong unggahkên garwa | dhuh anggèr botên-botêne | dêstus[34] paminggir kewala | punika yèn sêmbada | sarta lawan karsanipun | gusti kusumaning pura ||

17. kunêng ingkang nahên kingkin | satriya ing Madukara | ya ta wau ing lampahe | Radyan Arya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | lan Sucitra sawadya gung | kang ngiringakên [ngi...]

--- 52 ---

[...ringakên] jêmpana ||

18. praptèng nagri Dwarawati | ubêkan wadya sapraja | ingkang samya anênonton | mring putri boyongan ingkang | pinundhut mring sang rêtna | jêjêl têpining marga gung | dupi wau katingalan ||

19. kang anèng sajroning joli | prasamya angalêmbana | tuhu yèn endah warnane | mangkanarya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | sawadyabalanira wus | prapta kèndêl pagêlaran ||

20. lajêng satriya kêkalih | tinimbalan manjing pura | Sulastri linajêngake | marang ing Wara Sumbadra | pinêthuk praptanira | sawusnya curiga katur | Sulastri nungkêmi pada ||

21. sang rêtna rêsêp ningali | dene wus saengga kêmbar | lan Rarasati warnane | sêdhêp manise wus samya | kaduk raga karana | rêspati sasolahipun | samya galak liringira ||

22. Kusuma Banoncinawi | cipta sih trusing wardaya | Rarasati datan pae | panganggêpira sang rêtna | sihe sinama-sama | pinundhut kadang satuhu | Sulastri iya mangkana ||

23. sumungkêm trus lair batin | mulat marang sang lir rêtna | suka lêbura padane | Rarasati ya mangkana | mring Sulastri tyasira | sakala rêsêp rumêngkuh | ingangkah tunggal sayayah ||

24. kunêng ing Banoncinawi | ya ta Arya Wrêsniwira | sampun katur saature | sasolahira dinuta | miwah Radèn Nangkula | mung sadalu sipêngipun | enjange sampun linilan ||

25. budhal sangking Dwarawati | nèng marga datan winarna | kalih wus prapta lampahe | Ngamarta Radèn Nangkula | wus katur aturira | sasolahira ingutus | mring Dwarawati nagara ||

26. kang raka suka miyarsi | miwah Apatih Sucitra | sampun katur saature [saa...]

--- 53 ---

[...ture] | mring satriya Dananjaya | lampahira dinuta | Sulastri sapraptanipun | linajêngakên kewala ||

27. mring taman Banoncinawi | katuripun kang curiga | apan ta tinampan dhewe | dhatêng sang kusumaning dyah | dene abdi paduka | lajêng sinihan pukulun | prasaksat pinundhut kadang ||

28. sinami lan Rarasati | siyang dalu tan kenging sah | kêkalih munggèng ngarsane | satriya Adananjaya | langkung sukaning driya | dene Sulastri wus antuk | mêmanisira sa[35] rêtna ||

13. Dhandhanggula

1. Risang Parta sangsaya wiyadi | amiyarsa ature Sucitra | kagagas gênge wirage | nahên ta tan cinatur | solahira kang nandhang kingkin | satriya Madukara | gantya kang winuwus | nênggih nagari Ngastina | apan sarêng lampahe lan Dwarawati | miwah nagri Ngamarta ||

2. nanging carita kinarya ganti | yêkti èwêt lamun sinarêngna | mung pinêndhêt pêpantêse | kang ingucap rumuhun | Dwarawati awit kang dadi | parbutan putrinira | wau kang winuwus | narpati ing Gajahoya | bêbisike Maha Prabu Kurupati | pêparab Duryudana ||

3. angadhaton Ngastina praja di | nagara gung loh jinawi arja | pasir wukir rata rame | wulusan panjang punjung | barang ingkang tinandur dadi | sandhang lan pangan murah | kang sarwa tinuku | ajêg jêjêg saprajarja | wus jinêjêr punjul sasamaning aji | arjaning prajanira ||

4. marma parab Prabu Kurupati | dènnya ngratoni sagung Kurawa | Jayapitana juluke | digdaya sangking timur | marma parab Duryudana Ji | tan pilih dananira | ing wadyabala gung | ala bêcik pan ginanjar | agung alit siyang dalu dèn kawruhi | tan ana kêkurangan [kêkuranga...]

--- 54 ---

[...n] ||

5. suka tuwuk wadya sanagari | arta busana boga andina | Sri Duryudana danane | marmanira jêjuluk | Suyudana têgêse dening | gung asung kabêcikan | samaning tumuwuh | miwah asung kaluwihan | sarta kadang mitra warga lulut sami | sadaya sih rumêksa ||

6. sumbagèng rat ing satanah Jawi | nagri Ngastina datanpa timbang | băndha-bandhu karatone | bala santananipun | kadang satus priya prasami | tunggal saibu rama | kang wanudya amung | wuragil sampun akrama | kagarwa ring Adipati Banakêling | Rahadèn Jayadrata ||

7. iya Radèn Arya Sindupati | Sapwaniputra ingkang minăngka | nagri Ngastina banthènge | tanggulange prang pupuh | pan kinudang dening raka ji | benjang prang brăngtayuda | pan kinarya pamuk | sinung angrèh amisesa | sagung ingkang punggawa ing măncanagri | dene para santana ||

8. kadang satus Kurawa prasami | ngiras kinarya punggawèng praja | sinung bêngkok dhewe-dhewe | satriya Banjarjungut | gunungane ingkang para ri | kadang ingkang panêgak | lungguh punggawa gung | nama Arya Drusasana | sasolahe ingunggung[36] marang raka ji | măngka sardulèng praja ||

9. kinarya gul-aguling ajurit | kaduk gêcul dhugal kaduluran | sêmbada lawan dhapure | runggah-ronggah gung luhur | brêngos capang naga anglangi | godhèk wok simbar jaja | netra bang apêndul | lathi cabak yèn ngandika | groyèk brabah kang rayi namanirèki | Durmuka lan Durjaya ||

10. Radèn Durgăngsa lan Durgagati | Radyan Dursaya lawan Durcapa | Durdarma lan Durgalane | Surăngga Sukathèku | Sudarga lan Sudarta nênggih | Sudarma

--- 55 ---

lawan Suwignya |[37] Susena lawan Su- | kara lawan Karamuka | Dyan Sukarpa Yudaka lan Yudirgèki | Yutara Yutaraba ||

11. Yuniyuta lawan Yuniagni | Yutasena Yutadirga Yuta | Yutacitra Yutagrane | Radèn Kartamarmèku | Karma lawan Karyasa nênggih | Kartana lan Kartala | nulya arinipun | Kartaba lan Kartabawa | Kartasuta lan Kartaboga anuli | Rahadèn Kartayuda ||

12. Jayakarta Jayawisayèki | Jayasatru lan Jayawitaba | Jayagati lan malihe | Dyan Jayawikathèku | Jayamurka lan Jayapati | Jayakaja Suseka | Citrayutartèku | Citrajaya Citrakaya | Citradarka Citrawidagda lan malih | Citraba Citrajăngga ||

13. Citrataksa Citrasusenèki | Citrasudirga lan Dirgasuta | Dirgajaya lan malihe | Dirgatha Dirgabau | Dirgasana lan Dirgapati | Dirgayuda Dirgana | Dirgamanggalèku | Dirgamarta Darmadirga | Darmawastra Darmayuda Darmapati | lawan Darmawitana ||

14. Darmajaya lawan Darmagati | Darmagora Nimpuna kalawan | Darmasuta lan malihe | Darmatênayèku |[38] Surtagata lan Surtagati | Surtayu Surtayuda | Surtaka lawan Sur- | tana lawan Surtawisa | Surtasuta Surtawikara lan malih | Radèn Surtawitaya ||

15. Radèn Drukaya Drukala nênggih | nulya Radèn Drubaya kalawan | Radèn Drudarpa namane | Radèn Drususenèku | lawan Radèn Drusawa nênggih | Drubawa Druwikatha | lawan Druwèstrèku | waruju Dèwi Drusila- | wati ingkang kagarwarya Sindupati | kang kinarya patihnya ||

16. rining ibu ran Arya Sangkuni | putra Adipati Plasajênar | wêgig limpat graitane | wignya karya piyadu | wicaksana ing têmbung [tê...]

--- 56 ---

[...mbung] ririh | putus yèn ngamandaka | marmanya Sang Prabu | Duryudana wus apasrah | mring apatih bambang lum-aluming nagri | prabu darma sinewa ||

17. mila kathah kang para narpati | ingkang ngidhêp mring nagri Ngastina | sangking apatih gunane | lan wontên pundhènipun | ingkang dadya guruning aji | sangking Ngatasmaruta | pandhita dibya nung | nama Rêsi Dhanyang Druna | pan pinindha pêpundhèn pinundhi-pundhi | ing sapraja Ngastina ||

18. sinung dhepok marang sri bupati | nênggih padhukuhan Sokalima | wus kadya praja arjane | sajuga putranipun | jalu warnanira apêkik | nama Bambang Swatama | putra patutipun | lawan Dèwi Wilutama | pan kinadang-kadang kinondhang ing wèsthi | mring Prabu Duryudana ||

19. dene asrine ing jroning puri | kasor purastha ing giriloka | kadhaton uparênggane | sarwa kancana luru | myang sêsotya kang adi-adi | yèn ing manungsa pada | para ratu-ratu | tan ana mirib Ngastina | sêmbadane lan pramèswari narpati | putri adi Mandraka ||

20. apêparab Dèwi Banowati | amuwuhi kuwunging jro pura | rêspati ing sasolahe | wus kawêtu ing kidung | Ratih-Ratih myang Rarasati | kasor wiraganira | myang mêmanisipun | gandhang tur raga karana | yèn ing madyapada sagung para putri | tan ana kang miriba ||

21. ing puniku Prabu Kurupati | apan lagya sungkawa ing driya | ginubêl ing ari ipe | mothah ing siyang dalu | nyuwun krama ingkang kinapti | Rêtna Wara Sumbadra | nanging sang aprabu | tan arsa anurutana | kepyan dene wus pinacang sangkaning lit | Sumbadra lan Arjuna ||

22. nanging Burisrawa datan kêni | sinayutan ing subrangtanira | pan wus lami antarane | dènira nahên wuyung [wu...]

--- 57 ---

[...yung] | mring Kusuma Banoncinawi | kauningan kang rama | sangêt dukanipun | Sri Naradipati Salya | Burisrawa tinundhung sangking nagari | ngungsi maring Ngastina ||

23. ingkang raka wêlase tan sipi | dènnya sangêt dukane kang rama | dadya pinarnah ênggène | kiwa ing tamansantun | agung dènnya ngame dalêming | sambat Wara Sumbadra | tyase wus kadlurung | kadya wong edan kabayan | gung karuna angungrum barang kaèksi | kinudang rinumpaka ||

24. sri narendra miwah pramèswari | langkung sangking wimbuh ing wardaya | mulat kang rayi tingkahe | samana sang aprabu | ari Soma siniwèng puri | lênggah made pandhapa | Dhanyang Druna sampun | tinimbalan manjing pura | sarêng lawan sira Apatih Sangkuni | sang prabu angandika ||

25. mila sami kawula timbali | aprakawis paman putra dika | pun Burisrawa sakite | kalantur tanpa tutur | lir wong kêna guna piranti | kula kukung[39] nèng taman | nangis siyang dalu | apan wus antara gila | agung dènnya angame sarta dalêming | sambat Wara Sumbadra ||

26. wali-wali paman kula tari | akramaa putra lyan kewala | pundi kang dadi sênênge | tan ewah aturipun | praptèng pati tan arsa krami | namung Wara Sumbadra | kang dadya tyasipun | yèn botên kadhatêngana | ing brangtane pamit kesah sangking ngriki | suka matiyèng wana ||

27. mila paman sami dika pikir | botên kenging lamun kinèndêlna | pun Burisrawa sakite | kadya yèn têmah lampus | badanira wus kuru aking | kantun gagra kusika | Rêsi Druna matur | pukulun yèn makatêna | sagêdipun inggih prayogi pinikir | ing tămba japa măntra ||

28. pae sakit rumap myang panastis | kenging bunudi[40] ing japa măntra | pun Burisrawa [Buri...]

--- 58 ---

[...srawa] sakite | wus anrus balung sungsum | têkèng jantung tungtunging ati | tambane sakit brăngta | pan namung tinurut | sang prabu alon ngandika | kadi pundi paman gèn kula nuruti | dene ta pun Sumbadra ||

29. wus pinacang sangkanipun alit | jatukrama lawan pun Arjuna | mung kari têmune bae | têka arsa jinaluk | kula ingkang kocap ing bumi | tuwa tan wruh ing tata | Rêsi Druna matur | inggih èstu wus pinacang | nanging ngantos samangke dèrèng pinanggih | yêkti singa bêgjaa ||

30. rêbut putri lan rêbut nagari | datan pae sami wajibira | toh pati mutahkên gêtèh | kula sèwu jumurung | rayi dalêm kapati-pati | brăngta lawan Sumbadra | gung pakantukipun | kajawi endah ing warna | pun Sumbadra saèstu punjul ing bumi | pantês dèn tohi pêjah ||

31. dene pakantuke kang sayêkti | rayi dalêm lamun kalampahan | pun Burisrawa kaipe | mring Danardana Prabu | paduka kang untung ing batin | yêkti Narendra Krêsna | suda wawratipun | sihe mring Nata Pandhawa | awrat dhatêng paduka kabêkta dening | ipe pun Burisrawa ||

32. miwah raka paduka sang aji | ing Mandura Prabu Baladewa | sayêkti wêwah antêpe | dhatêng paduka prabu | paripehan winuwuh dadi | ipe mring Burisrawa | wuwuh bakuh kukuh | ipe rangkêp lan ingalap | dhasar sampun salamine nunggil budi | sangking tan kenging bênggang ||

33. rayi dalêm dènnya drêng kapati | jinodhoa lan Wara Sumbadra | kados jinawil dewane | panjênêngan sang prabu | dèrèng eca ing dalêm batin | mêngku nagri Ngastina | lamun dèrèng lêbur | arinta Nata Pandhawa | apan mêksih mêmangun tyas [tya...]

--- 59 ---

[...s] sănggarunggi | satru munggèng cangklakan ||

34. dene wawrat-wawrataning jurit | Nata Pandhawa pisah lan Krêsna | yêkti wrat mêrang sagèdhèng | wau kawula matur | paduka kang untung ing batin | yèn Baladewa Krêsna | mring Ngastina sampun | Pandhawa tan dadi karya | lah ing kono kaya ngapa adhi patih | bok luput atur ingwang ||

35. Arya Sêngkuni nambungi aris | Nata Pandhawa pisah lan Krêsna | jago tinilar botohe | măngsa sagêda ngabruk | pêranggale botên nyakiti | kopoh banyune têlas | sayêkti ngalumpruk | Pimarjuna[41] tanpa guna | Yudhisthira Nangkula Sadewa sami | kantun gêtak kewala ||

36. Suyuna mèsêm ngandika ris |[42] inggih lêrês rêmbagipun samya | lamun gampila margine | paman panduganingsun | mring Pandhawa Nata Rimurti | wus tan kêna binênggang | sangêt wrating kalbu | ing tyas ingsun wus anduga | anglamara paman tan wurung tinampik | Rêsi Druna turira ||

37. inggih lamun paduka margèni | sangking Nata Krêsna yêkti lêpat | punika anggèr margine | sangking rakanta prabu | ing Mandura turana tulis | têmbung ingkang mangrêpa | miluta ing kalbu | arinta pun Burisrawa | tangisipun miwah sêsambatirèki | mungêla jroning sêrat ||

38. lamun botên kalampahan panggih | lan pun Sumbadra suka pêjaha | nèng wana sagèn-ênggène | lawan ramanta prabu | ing Mandraka lan ibu sori | mungêla jroning

--- 60 ---

sêrat | mênggah pasrahipun | miwah garwa padukendra | putra kula Bok Ratu Mas Banowati | tangisipun mungêla ||

39. jroning sêrat pasrahipun sami | supayane Prabu Baladewa | kadaut-dauta tyase | mring ramèbu mrasêpuh | paripehan myang ipe sami | sayêkti nuntên mêdal | kasagahanipun | mundhut ing Wara Sumbadra | pan rumaos kadang kang sêpuh pribadi | wajib ingkang kuwasa ||

40. nadyan silih pinalangan wêsi | sayêktine yèn pêdhot tinunjang | lamun wus mêdal sanggupe | raka paduka prabu | Dwarawati sayêkti ajrih | malangana kang raka | rumaos nèmipun | anggèr panawang kawula | jro sêmadi gumawang trawangan bêning | rayi dalêm brangtanya ||

14. Asmaradana

1. kadya-kadya wus pinasthi | jinodho lawan Sumbadra | botên wontên sangsayane | nanging prayogine lampah | nawala padukendra | kang dhèrèkna kang wadya gung | sakapraboning ayuda ||

2. sang prabu mèsêm lingnya ris | inggih paman wus prayoga | yèn mangkono pratikêle | sapa prayogane lampah | ngaturke layang ingwang | Druna alon aturipun | tan lyan mung rama paduka ||

3. pun adhi Arya Sêngkuni | pantês lampahe wong tuwa | botên kirang wiwekane | kirange kang mungêl sêrat | sagêd yèn mêwahana | ing atur prayogèng têmbung | miguna milutèng driya ||

4. Arya Sêngkuni [Sêng...]

--- 61 ---

[...kuni] nambungi | inggih lêrês aturira | nanging kirang utamine | yèn parêng atur kawula | sampun tanggêl ing lampah | bilih mawi kang wadya gung | prayogi pun Burisrawa ||

5. kula dhèrèkên pribadi | dhatêng nagari Mandura | ngêsrahna pati uripe | marang Prabu Baladewa | angrungkêpana pada | dèn kathah sêsambatipun | tangise kang mêlasarsa ||

6. wontên kaotipun ugi | sri bupati ing Mandura | kalamun miyarsa dhewe | mring sambate Burisrawa | kaping kalih uninga | ing risake badanipun | labêtira sangêt brăngta ||

7. kawula ingkang bantoni | ing atur amrih prayoga | ngriki sadaya pasrahe | sangking tan wontên kaduga | galih pun Burisrawa | lêrês tur andika wau | ing lampah ingkang sambada ||

8. sakapraboning ajurit | yèn lêrês lampah punika | kados lêlajêngan bae | sri bupati ing Mandura | yèn wus mêdal sanggupnya | watakipun gothak-gathuk | sayêkti sami sakala ||

9. bidhal dhatêng Dwarawati | pun Burisrawa binêkta | nglamar ngiras pangarake | krodhane Nata Pandhawa | botên dinamêl napa | yèn wus mêdal bêdhatipun | Sang Aprabu Baladewa ||

10. masa kanggea salingsir | yudane Bima Arjuna | ujêr wus pisah Krêsnane | lamun mungsuh wong Mandura | Druna suka miyarsa | Sêngkuni rinangkul gapyuk | bênêr adhi pikirira ||

11. pukulun sri narapati | kalangkung sangking sakeca | pun adhi patih rêmbage | arinta pun Burisrawa |

--- 62 ---

titihêna jêmpana | pasêmon batin pikantuk | mring raka tuwan Mandura ||

12. mêthuk titihane putri | ing laire apan nyata | pun Burisrawa sakite | kontrag yèn nitiha kuda | sang prabu duk miyarsa | ing rêgbuge[43] kalihipun | langkung sukaning wardaya ||

13. pangandikanira aris | inggih paman wus prayoga | pratikêlipun kalihe | nuntên akaryaa sêrat | ingkang kadya turira | paman patih besuk esuk | sutanta Si Drusasana ||

14. lan kadange kang sapalih | dhawuhana dèn samêkta | sakapraboning prang kabèh | kang badhe andika bêkta | marang nagri Mandura | ngiringna ing lampahipun | sutanta Si Burisrawa ||

15. Dhanyang Druna anambungi | inggih sae mangkat enjang | dintên parêng lan tanggale | wusnya dhawuh sri narendra | kundur mring dalêm pura | Ki Arya Sêngkuni sampun | mêdal ing jawi parentah ||

16. mring Kurawa kang sapalih | pangarsa Dyan Drusasana | samêkta lan sawadyane | sakapraboning ayuda | marang nagri Mandura | sandika samya turipun | bubar sagung kang sewaka ||

17. ing dalu siyoga sami | sakapraboning ayuda | Kurawa ingkang saparo | miwah wadya kapatihan | sadalu tata-tata | wau ta ingkang winuwus | Sang Aprabu Suyudana ||

18. pinêthuk ing pramèswari | munggèng satundhaning tundha | mêndhak cinandhak astane | kinanthi binêkta lênggah | satata lan narendra | angglar parêkan nèng pungkur | tuwin kang para biyada ||

19. miwah ngarsa kanan kering | tinon Prabu Duryudana | yayah nir kamanungsane | saengga Bathara Endra | siniwèng Ngendraloka | ingayap para rum-arum | ing kaprabon prabawanya ||

20. narpa dayita wotsari | sarwi mèsêm aturira | dene adangu miyose [mi...]

--- 63 ---

[...yose] | lênggah madyaning pandhapa | nimbali Rêsi Druna | lan paman patih pukulun | punapa kang dhinawuhna ||

21. sri narendra ngandika ris | yayi dèwi nora liya | kang sun rêmbug sasuwene | mung larane arinira | Si Arya Burisrawa | Paman Druna aturipun | kinèn nuruti kewala ||

22. pan nirarya Sêngkuni |[44] kang sun duta angiringna | mring arinira lakune | ngiras gawa layang ingwang | mring kakang ji Mandura | santana saparo milu | pangarsa Si Drusasana ||

23. sakapraboning ajurit | sukon mangkat benjang enjang | dina parêng lan tanggale | rinira Si Burisrawa | tumuli dhawuhana | dimèn mêndha brangtanipun | pramèswari duk miyarsa ||

24. mangu ing tyas matur aris | dhuh pukulun sri narendra | punapa paduka supe | lamun pun Wara Sumbadra | sampun dadya ubaya | pinacang sangkaning timur | dhatêng wa swargi Mandura ||

25. jodho lawan pun Prêmadi | nguni tuwan sring ngandika | angajêng-ajêng panggihe | măngka mangke padukarsa | utusan mring Madura[45] | masrahakên badanipun | arinta pun Burisrawa ||

26. anuruti wong dalêming | măngsa dadak tinampana | dêstun ora wruh awake | kapanggih pintên prakara | lamun tinampanana | binobot têrajunipun | lan arinta pun Arjuna ||

27. mindhak angisin-isini | babêkta ing padukendra | ingkang tan rêmên ucape | wong anungsang nunjang-nunjang | ngrêrunjang pêpacangan | wong bingung dêrung dalurung | tinurut asil punapa ||

28. dhuh pukulun sri bupati | arinta Nata Pandhawa | mendah rêntênge galihe | botên wande dados gêndra | lêpat sangking paduka | dhuh pukulun sang aprabu | dhaharên atur kawula ||

29. lampahipun paman patih | prayogi tuwan [tu...]

--- 64 ---

[...wan] wandèkna | bunggan gawe golèk gawe | anggalih pun Burisrawa | inggih asil punapa | pêjah brăngta kajêngipun | kinanthi măngsa kinginga ||

15. Kinanthi

1. sri narendra ngandika rum | aywa ta mangkono yayi | yèn nora sun turutana | arinira wus sayêkti | lunga têka ing nagara | ngupaya margane pati ||

2. marang alas gunung-gunung | lumêbu ing jurang trêbis | sangking tan kuwawa brăngta | miwah yèn kongsia mati | sagon-gone anèng wana | sapa kang kelangan yayi ||

3. liya sira lawan ingsun | mendah ibu pramèswari | lan jêng rama Ji Mandraka | panutuhe marang mami | duwe mantu gung prakosa | tinutakên kadang siji ||

4. nora tolèh rama ibu | mung ipene dèn ugêmi | Mandura Ngawăngga nora | mung Ngastina dèn tut wuri | têmah nandhang lara brăngta | têka tan bisa nêkani ||

5. tiwas têmên raganingsun | mring jêng rama ibu sori | pamundhute mring ragèngwang | padha amantu pinilih | kang prakosa sugih bala | kasub kasusra ing bumi ||

6. Kurawa yêksa biyantu | satus tan sêlaya budi | kabèh prakosa ngayuda | praptaning don nêniwasi | ngrabèkake nora bisa | mring ipene kang tut wuri ||

7. kongsi lunga mring wana gung | mangkono galihe pasthi | gon ingsun gêlêm angrunjang | pacangane Si Prêmadi | dene wus tita antara | kongsi mêngko durung panggih ||

8. pira ta ing lawasipun | iku gêlêm ingsun yayi [ya...]

--- 65 ---

[...yi] | sayêkti singa bêgjaa | rêbut putri lan nagari | padha bae wajibira | toh pati mutahkên gêtih ||

9. aja sumêlang ing kalbu | prakara arinirèki | lakune marang Mandura | sayêkti yèn dèn tampani | mring kakang Prabu Mandura | miwah Prabu Harimurti ||

10. Paman Druna aturipun | pangilone jro sêmadi | wus trang padhang têrawangan | yèn arinira pinasthi | jodho lawan Si Sumbadra | wus bênêr arinirèki ||

11. gone kapati nahêng kung | kaya dewane kang jawil | mulane aja sumêlang | yèn arinira tinampik | miwah krodhane Pandhawa | iya aja walangati ||

12. kudu angajak pêpucuk | prang brăngtayuda dèn êmping | iya saajang ingajang | wong wus pacangane yayi | Pandhawa pisah lan Krêsna | apa ta ingkang kinardi ||

13. wanine mring jênêng ingsun | lah ta wis mênyanga yayi | marang taman tuturana | yèn ingsun angkatên benjing | kang garwa mundur tur sêmbah | lajêng maring tamansari ||

14. gumêrdêg parêkanipun | ya ta wau kang winarni | Radyan Arya Burisrawa | kang kinungkung tamansari | raja putra ing Mandraka | ing siyang dalu anangis ||

15. tan lyan kang sinambat namung | Kusuma Banoncinawi | apan ta antara gila | angungrum barang kaèksi | pinindha Wara Sumbadra | rinêpa ingarih-arih ||

16. sinungan èstri panglipur | ing raka sri narapati | kathahipun kalih wêlas | sadaya ayu linuwih | kine[46] samya ngladosana | sakarsanira kang rayi ||

17. supaya dadya panglipur | dènira anahên [anahê...]

--- 66 ---

[...n] brangti | marang ing Wara Sumbadra | marma milihi pawèstri | kalih wêlas kang wus samya | wignya marang ing pangrêpi ||

18. dhasare satriya gêcul | kasêmbuh nahên wiyadi | sinung èstri kalih wêlas | sadaya wus samya wasis | pangrêpi pangrêpèng priya | gêcule sangsaya dadi ||

19. lacute kabacut-bacut | yèn kèndêl dènira nangis | pawèstri kang kalih wêlas | kinèn awêwuda sami | kang mopo jrih jinêmala | tapih kêmbên dèn buwangi ||

20. nèng ngarsa pating parinthul | iku sukane ningali | Radyan Arya Burisrawa | latah sarwi bêrik-bêrik | mara wêwuda bêrangkang | ngore remane winalik ||

21. kalih wêlas gila dulu | lumayu gya dèn tututi | bêng-ubêngan anèng taman | saparane dèn tut wuri | lamun wus sayah binêkta | byur-êbyuran anèng warih ||

22. bêburon anèng jro banyu | mêksih awêwuda sami | silulub bebek-bebekan | tan ana karyane malih | yèn kèndêl dènnya karuna | mung jêjinah jêjamahi ||

23. maring ing èstri panglipur | sadaya tyasira sêdhih | kapêksa jrih ing narêndra | sakarsane ingkang rayi | kinèn ngladosi kewala | wau ta ingkang winarni ||

24. pramèswari rawuhipun | gumêrah parêkan cèthi | wus manjing sajroning taman | kagyat Burisrawa tangi | tiningalan yèn kang raka | gupuh dènnya malajêngi ||

25. prapta angrungkêbi suku | sarya sru dènira nangis | dhuh kang bok pundi Bok Badra | dene ta botên umiring | kakang bok ipe andika | age paduka timbali ||

26. kawula sunggi nèng gundhul | sinambia mêmetani | sarta cik-ancika pundhak | nguyuha nèng sirah mami | măngsa ta dadak pêsinga | anèng rema pasthi wangi ||

 


Tanggal: Rêbo Kaliwon kalih wêlas (12) Ruwah Je: nir cipta sabdane nata (AJ 1710). Tanggal Masehi: Kamis 1 Juli 1784. Pebedaan satu hari (Rêbo versus Kamis) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
pinunggêl. (kembali)
angungkuli. (kembali)
datan. (kembali)
Kurang dua suku kata: mêmak irêng mêlês ngendrawila wilis. (kembali)
sakalih-kalihe. (kembali)
Kurang satu suku kata: mung gunane angindhik-indhiki. (kembali)
alumayu. (kembali)
tumindakira. (kembali)
10 pinanggih. (kembali)
11 Kumbina. (kembali)
12 tan. (kembali)
13 panênggakipun. (kembali)
14 bumbune. (kembali)
15 wok. (kembali)
16 Biasanya guru lagu e: mring paduka dene ratu gêdhe. (kembali)
17 sungsuma. (kembali)
18 Bajobarong. (kembali)
19 ing. (kembali)
20 Bajobarong. (kembali)
21 turăngga. (kembali)
22 nênggih. (kembali)
23 sagung. (kembali)
24 panênggakirèng. (kembali)
25 panênggak (dan di tempat lain). (kembali)
26 inggil. (kembali)
27 lêgawa. (kembali)
28 wêwadhah. (kembali)
29 katon. (kembali)
30 manungku. (kembali)
31 anggèr. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: lan langêning wiyati kabèhe. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: lawan Sulastri apan amirib. (kembali)
34 dêstun. (kembali)
35 sang (dan di tempat lain). (kembali)
36 ingugung. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: Sudarma lan Suwignya. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: Darmatênayanèku. (kembali)
39 kungkung. (kembali)
40 binudi. (kembali)
41 Bimarjuna. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: Suyudana mèsêm ngandika ris. (kembali)
43 rêmbuge. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: pan ari Arya Sêngkuni. (kembali)
45 Mandura. (kembali)
46 kinèn (dan di tempat lain). (kembali)