Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 69–86)
1. | Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
3. | Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 33–50). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
4. | Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 51–68). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
5. | Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 69–86). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
69. Durma
1. Gathutkaca mulat lamun ingkang rama | wus ngawaki jurit |[1] ngamuk sawadyanya | mêngsah kèh kasulayah | kababit ing
--- 276 ---
gada bindi | kabrubuh rêbah | bêlasah bosah-basih ||
2. myang kang paman Lesanpura pamukira | sawadyanyambêk pati | kadya mong sayuta | krura samya mrih măngsa | kang kaarsa tumpês tapis | rampas kapapas | dening Arya Sêtyaki ||
3. Gathutkaca anjog sigra udhunira | praptane anguwori | pamuke balanya | mulat yèn gustinira | wus mudhun ngawaki jurit | ngantêp pamuknya | gustine anindhihi ||
4. anut Patih Brajamingkalpa nèng ngarsa | kadya lun anggulungi | golong pamukira | tan kêna tinanggulang | gumulung anggêgilani | gêgalanira | wil bala Pringgadani ||
5. saparane pan kadya kinarirêngga | rinêbut kanan kering | wuri miwah ngarsa | tan kewran pamukira | kang pêrak abobrak-babrik | rêbah bêlasah | atusan kang ngêmasi ||
6. dening pamuk Kya Patih Brajamingkalpa | kang munggèng turanggèsthi | binabit ing gada | luluh lawan kang nunggang | saparane mobat-mabit | tinut ing bala | miwah pamukirèki ||
7. Radèn Gathutkaca mung kalawan asta | dêngkung-dêngkung ambanting | nyandhak ngadu kumba | nyêndhal dhadhal anêpak | andêdêl cêngêl pinuntir | sirahe parah | dening Sang Bimasiwi ||
8. bubrah gêlaring prang wus worsuh liwêran | wil bala Pringgadani | sangsaya manêngah | miwah bala Pamênang | tuwin wadya Dwarawati | wus sami manêngah |[2] pamuke ngobrak-abrik ||
9. pan sadaya wus samya tilar wahana | anut ing Judhipati | samya ngamuk dharat | mangkana kawistara | dening Rêkyana Apatih | Jayasudarga | eram dènnya ningali ||
10. dene mungsuh sakêdhik ing balanira | kadya tan kênèng pati | wutuh saparannya | wadya Paranggubarja [Pa...]
--- 277 ---
[...ranggubarja] | kang kaparak tumpês tapis | ewon kang pêjah | tanpa kiwul ing jurit ||
11. krodha Patih Jayasudarga gya matag | mring sagung pra dipati | têtulung mring bala | pêpulih mamrih mêngsah | tandang sagung pra dipati | ngawaki ing prang | miwah rêkyana patih ||
12. wus tan ketung sanjata guna prabawa | sangking ramening jurit | saênggèn busêkan | kuwêl kèh liru papan | sadaya wus wuru gêtih | mungsuh lan rowang | wus samya ambêk pati ||
13. wadya sabrang kaduk sura ing ayuda | dhasare angêrobi | tan ketang kang pêjah | nêdya ngidak kewala | tumpês ngarsa tangkêb wuri | myang kering kanan | ambyuk parêng ngêbyuki ||
14. tanpa rungyan sambate ingkang kabranan | panggrone buta kanin | bruk tibaning gada | kêpruking alugora | myang panjriting turanggèsthi | rêkatak ingkang | dwaja lêlayu sêbit ||
15. pra dipati Paranggubarja kèh samya | dharat ngawaki jurit | samya ngundha gada | ana ngikal badhama | têtulung marang bala mrih | mrawasèng mêngsah | mêmalu milih tandhing ||
16. Arya Brajamingkalpa lan Wil Prakêmpa | paguting aprang kalih | sami prakosanya | dangu prang ujung dhêndha | Ditya Prakênca[3] sor titih | tiniban dhêndha | luluh ajur wor siti ||
17. duk tumingal krodha Wil Kala Prakêmpa | tinunjangakên èsthi | nrêgakên turăngga | Patih Brajamingkalpa | dèn têlambung sangking kering | binarêng dènnya | rêbah tinumbuk èsthi ||
18. pan kalênggak kapagut bindi mukanya | rêbah tinumbuk èsthi | mèh linut ing gada | krodharya Gathutkaca | lumumpat cinandhak aglis | Ditya Prakêmpa | sinêndhal sangking èsthi [è...]
--- 278 ---
[...sthi] ||
19. gya dinêdêl cêngêlira Wil Prakêmpa | pêdhot gulu pinuntir | dipăngga cinandhak | marang Brajamingkalpa | rinangkul sukune kalih | gumebruk tiba | ajur linud ing bindi ||
20. Ditya Kala Pragăngsa langkung krodhanya | mangsah angundha bindi | pinapag Sang Sena | putra wus katandangan | Ditya Pragăngsa ngêmasi | rêmuk mukanya | tinêpak Bimasiwi ||
21. sapêjahe punggawa tri sabalanya | giris lumayu ngisis | ngungsi wurinira | Ditya Kala Pramuka | tilas ratunya ing nguni | ditya pangarsa | ing prang anglêlajêri ||
22. krodha mangsah sarwi angundha badhama | sêsumbar nguwuh tandhing | hèh sapa ranira | sarayane Cêmpala | ambêgmu prang nglêluwihi | matèni ditya | kaya ngrêmêti cindhil ||
23. lah ta iki bongkotane ayonana | ing mêngko sira mati | dening astaningwang | lah iki tadhahana | tibane badhama mami | sumêbut mêsat | Gathutkaca nadhahi ||
24. pan gumadhug badhama suh tibèng jaja | murub tan anêdhasi | Arya Gathutkaca | asru ing wuwusira | hèh buta sapa sirèki | rupamu beda | lan kabèh kang wus mati ||
25. anauri ya ingsun Kala Pramuka | ditya raja ing nguni | soring prang kabala | mring Sri Jungkungmardeya | mêksih kinèn misesani | ing balaningwang | kinarya dêling jurit ||
26. hèh prajurit ngakua aranmu sapa | dene kêlar nadhahi | ing badhamaningwang | iki liwat bêbaya | pilih kang kêlar nadhahi | mung lagi sira | Gathutkaca nauri ||
27. kalingane sira iku ratu buta | pantês dhapurirèki | lan kang akèh beda | aja tambuh ya ingwang | satriya ing Pringgadani [Pring...]
--- 279 ---
[...gadani] | ing rat Sang Arya | Gathutkaca ran mami ||
28. Senaputra măndra prakosèng ayuda | dèn padha ngungsi pati | Wil Kala Pramuka | krodha angundha dhêndha | mangsah manggalak anggitik | Sang Senaputra | panggah datan gumingsir ||
29. binarêngan tibane dhêndha sinăngga | rinêbut sampun kêni | dhêndhanya binuwang | sigra candhak-cinandhak | rukêt rok tarik-tinarik | Sang Senaputra | panyêndhale nguwati ||
30. karungkêb ing siti Wil Kala Pramuka | kèdêg ing Bimasiwi | mukanya dhinupak | rêmuk sirahe parah | giris wadyanya ningali | mawur sasaran | sakarine kang mati ||
31. ngungsi tênggak sapunggawa sampun dhadhal | ngêlun marang ing wuri | ngungsi dhadhaning prang | Patih Jayasudarga | myang pangawat kanan kering | wus samya sêmpal | kamuk Arya Sêtyaki ||
32. miwah kamuk Radèn Arya Wrêkudara | catur punggawa mati | kang munggèng pangawat | Jayapramana lawan | Jayapralaya ngêmasi | Sang Wrêsniwira | ingkang mrawasèng bindi ||
33. sabalane malêdug samya sasaran | kathah ingkang ngêmasi | miwah kang pangawat | kering sami sasaran | tumpêsing prang bobrak-babrik | Jayasudarma | lan Jayataka mati ||
34. tinibanan ing gada Dyan Wrêkudara | mawur wadyane ngungsi | marang gustinira | Prabu Jungkungmardeya | krodha ratanira gumrit | ngêmbat gandhewa | majêng tan tolèh wuri ||
70. Pangkur
1. kyana patih duk tumingal | yèn gustine ngawaki jurit |[4] mantri sêsêliranipun | gumêrdêg majêng samya | kyana patih
--- 280 ---
gugup sigra unduripun | tilar mungsuh sawadyanya | ngumpul ing gustinirèki ||
2. tata malih undurira | kyana patih munggèng ngarsa tan têbih | wadya gung pinrênah pungkur | mung mantri sêsêliran | sèwu ingkang munggèng kananira prabu | prajurit jro pêpilihan | angapit wontên ing kering ||
3. bupati sakawan ingkang | mangawati kanan kering tan têbih | Sri Jungkungmardeya Prabu | nglêpasi sanjatanya | narawantah sangking gandhewa kumrusuk | mawa prahara ruara | ngiring lêpase jêmparing ||
4. Ki Patih Jayasudarga | anusuli sanjatanira mijil | sangking gandhewa gumludhug | mawa bajra ruara | gumalêdhêg nanggala parasu limpung | kunta cakra lan candrasa | badhama dhêndha lan gandhi ||
5. mêtune sangking gandhewa | gada bindi lir ladhu kang umili | mawa lesus lir pinusus | myang mantri sêsêliran | sèwu sarêng nglêpasi sanjatanipun | myang prajurit pêpilihan | sarêng dènnya anglêpasi ||
6. kumrusuk ngayuh gêgana | myang punggawa sakawanira sami | sanjatanira kumrusuk | mêtu matumpa-tumpa | samya mawa prahara sanjatanipun | Wrêkudara Gathutkaca | miwah Rahadyan Sêtyaki ||
7. kandhêg kadung pamukira | katampêk ing sanjata kang mawangin | gègèr lan sawadyanipun | dhasar wus sangêt sayah | dhêdhêg kandhêg samya têkên gadanipun | katêmpuh gunging sanjata | lan katampêg drêsing angin ||
8. tan ana bisa majua | sanjata gung tan kêna dèn susupi | prajurit kang tigang èwu | samya têguh wêntala | datan pasah katiban jêmparing timbul | nanging [nang...]
--- 281 ---
[...ing] kyèh kang galundhungan | lan kontal tiba kabanting ||
9. kantun Arya Wrêkudara | Radèn Gathutkaca lawan Sêtyaki | adêge kang mêksih kukuh | gègèr madyaning rana | pira-pira hru prabawa tibanipun | ngurugi sariranira | katri datan măntra busik ||
10. malêdug sumyur nèng ăngga | nanging maju-maju mêksa kabalik | dene lesus lir pinusus | kuntal katampêk kunta | kandhih dening nanggala parasu limpung | trisula dhêndha badhama | kêras tibanya mawangin ||
11. Radèn Arya Wrêkudara | kapitêmên krodhanira ing jurit | dènnya mrih parêk lan mungsuh | bayunirèng sarira | mêtu kabèh têmpuh lan bayuning mungsuh | mulêg madyaning ranangga | lêbu malêdug nglimputi ||
12. marma bayune Sang Sena | datan bisa nulak sagung jêmparing | têmpuh lan angine mungsuh | midid kang samirana | mulêg mêsês mawêrdi kadya pinusus | Sang Prabu Jungkungmardeya | mulat sukanya tan sipi ||
13. mungsuhe kyèh galundhungan | tiba têbih wênèh kuntal kabanting | mung tiga kang mêksih wutuh | gègèr madyaning rana | katêmpuh ing sanjata kèh tan akeguh | mêksa maju nora bisa | sinurakan sangking têbih ||
14. Radèn Arya Wrêkudara | prasêtyèng tyas nêmah matiyèng jurit | merang mundur ing prang pupuh | myang Arya Gathutkaca | Wrêsniwira samya pratignya ing kalbu | kasaput suruping surya | èsthane kadya anyapih ||
15. Sang Prabu Jungkungmardeya | saha bala kundurira dhingini | praptèng pakuwon gumuruh | dalu samya bujana | suka-suka tan lyan kang ginunêm namung | prakosane mungsuhira [mungsuhi...]
--- 282 ---
[...ra] | dene sawadyanirèki ||
16. tan ana bajra tumama | rowang ewon kang mati ing ajurit | mungsuh sabalane wutuh | tatu bae pan ora | yèn ajaa bapa mungsuh lawan ingsun | prajuriting tanah Jawa | pilih kang kêlar nadhahi ||
17. bapa sapa kancanira | pra dipati ingkang mati ing jurit | kyana patih nêmbah matur | gusti punggawa ditya | pan sakawan pisan pêjah ing prang pupuh | lawaning prang sami ditya | wadyane kantun sapalih ||
18. dene punggawa manungsa | ingkang munggèng pangawat kanan kering | sakawan pisan pukulun | pêjah kasambut ing prang | têtumpêsan balane kêdhik kang kantun | mêngsah mêksih wutuh ayam | eram kawula ningali ||
19. gumujêng narpati sabrang | iya bapak ngeramakên ing jurit | yèn aja mungsuh lan ingsun | sapa lawaning aprang | ngêndi bae ratu kang kuwawa mungsuh | besuk esuk aja owah | rakitira ing ajurit ||
20. kang prawira munggèng ngarsa | pra dipati padha ngantêpa jurit | kang luwih kaya duk mau | guna santikaning prang | besuk esuk sun panahe gunung watu | mungsuh kang têguh wêntala | yèn mêksih kêlar nadhahi ||
21. besuk maning têmpuhing prang | ingsun tibanane sanjata gêni | ingkang luwih panasipun | lan gêni marcapada | yèn tan gêsêng pinangan ing gêni murub | panah ingsun kang pamungkas | sun tamakne ing ajurit ||
22. kunêng kang lagya mong suka | natèng sabrang sawadyanira sami | gunêm tingkahing prang pupuh | gantya ingkang winarna | Arya Wrêkudara ing saunduripun | Gathutkaca Wrêsniwira |
--- 283 ---
sawadyane samya sêdhih ||
23. Radèn Arya Wrêkudara | nglêgêr jêtung dhêlêg-dhêlêg tan angling | sarwi têkên gadanipun | myang Arya Gathutkaca | asidhakêp sungkawa sawadyanipun | Radèn Arya Wrêsniwira | marêk ngarsa matur aris ||
24. pukulun paran ing karsa | benjang enjang yèn têmpuha prang malih | yèn mêksiha kadya wau | tan wande karisakan | paduka mung prang wantah amara bau | pupuh rosa ngadu gada | botên kundhang guna sêkti ||
25. Sang Prabu Jungkungmardeya | benjang enjang lamun mêdal ing jurit | yêkti luwih sangking wau | gènnya mêdalkên guna | hru prabawa ing prang kasantikanipun | tan wande ing prang kinarya | dolanan kadi duk wingi ||
26. prayogi atur uninga | ing rakanta Sang Prabu Harimurti | rayi paduka pukulun | kakang mas Madukara | tuwan suwun tulunga ing aprang pupuh | nadhahi sêktine mêngsah | paduka ingkang nadhahi ||
27. prangipun anggal kewala | sagêndhinge botên kuciwa tandhing | Radèn Wrêkudara bêngkuh | apa kang sira ucap | ingsun wirang yèn kongsia jaluk tulung | sanadyan silih bisaa | mungsuh angrubuhna langit ||
28. masa ta ingsun mirisa | lamun sira padha wêdi ngêmasi | lah minggata dèn agupuh | pan wus wiyahing aprang | rêbut pêjah kalah sirna mênang ngukup | nyênyambat asile apa | aku dhewe mêksih wani ||
29. Radèn Arya Wrêsniwira | dhêku ajrih miyat kang raka runtik | kunêng gantya kang winuwus | kang wontên jroning praja | Prabu Padmanaba sumêlang ing kalbu | mring kang samya mangun yuda [yu...]
--- 284 ---
[...da] | manawi akarya kingkin ||
71. Asmaradana
1. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | Drêsthajumêna kanthine | sarêng dalu manjing pura | panggih Prabu Drupada | wus tata samya alungguh | ngandika Natèng Cêmpala ||
2. anak Prabu Dwarawati | dalu-dalu manjing pura | baya ta wontên karsane | matur Prabu Padmanaba | jêng paman kawularsa | têtinjo kang aprang pupuh | mangkat ing dalu punika ||
3. sangking sumêlang tyas mami | mring putra tuwan pun Bima | lan Wrêsniwira kalihe | tuwin ta pun Gathutkaca | katri mung pupuh rosa | prang wantah mung mara bau | măngka pun Jungkungmardeya ||
4. măndraguna sura sêkti | ing sabrang wus tanpa lawan | prawira lan sabalane | ing tandhing yêkti kuciwa | suka Natèng Cêmpala | kawula sèwu jumurung | anak prabu darbe karsa ||
5. têtulung kang samya jurit | arinta Drêsthajumêna | sampun kantun salampahe | dhèrèk paduka bantu prang | kulup Drêsthajumêna | prajurit Cêmpala sèwu | gawanên bantu ngayuda ||
6. poma sajroning ajurit | anuta ing rakanira | Dwarawati sabarang rèh | kang putra matur sandika | têtiga sarêng mêdal | sangking sajroning kadhatun | prapta ing jawi sanega ||
7. sakapraboning ajurit | sèwu wadya ing Cêmpala | prajurit pilihan kabèh | sadaya sampun samêkta | myang wadya Madukara | gangsal atus samêkta wus | para mantri Madukara ||
8. wadyabala Dwarawati | mung kantun kang upacara | ingkang sèwu prajurite | sadaya sampun binêkta | mring Radèn Wrêsniwira | prajurit budhale dalu | sangking
--- 285 ---
jro kitha Cêmpala ||
9. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | kalih dhingini lampahe | sami anapak gêgana | mung kantun ratanira | kang ginrêbêg ing wadya gung | lan Radèn Drêsthajumêna ||
10. ingkang nindhihi ing baris | ing ngarsa Patih Sucitra | amung matah mantri bae | kang rumêksèng pasanggrahan | mangkana kang ngumbara | Prabu Padmanaba sampun | rawuh pasanggrahanira ||
11. wong agung ing Judhipati | lan satriya Dananjaya | tan ana wruh ing lêbête | Radèn Arya Wrêkudara | mêksih nglêgêr kewala | sarwi ngrangkul gadanipun | gêrêng-gêrêng tan ngandika ||
12. Gathutkaca munggèng ngarsi | lawan Arya Wrêsniwira | ingadhêp wadyabalane | siji tan ana sabawa | mèsêm Sri Nata Krêsna | winêdalan sangking pungkur | kagyat Radèn Wrêkudara ||
13. mulat ingkang raka prapti | lan kang rayi Madukara | sigra nyèlèhkên gadane | wus sami tata alênggah | Sêtyaki Senaputra | samya asrêp manahipun | Wrêkudara lon lingira ||
14. dene prapta bêngi-bêngi | apa ta karyane padha | liwat sangking karya kagèt | gumujêng Narendra Krêsna | yayi tinjo kewala | paran wartane prang pupuh | Wrêkudara lon lingira ||
15. wingi têmpuhing ajurit | ya sangking pangèstunira | mungsuh kèh tumpês balane | rowang ngong siji tan ana | ingkang mati ing aprang | nanging ingsun lan sutamu | lan Si Arya Wrêsniwira ||
16. tan ana bisa mrêpêki | marang gone ratu sabrang | kadhangan dening panahe | mawa prahara ruara | kèbêgan ing paprangan | gumlêdhêg dhêdhêg tumêmpuh | batur kabèh galundhungan ||
17. kurugan panah mawangin | kaya gunturing prabata | lah iya ta sesuk bae | ngong
--- 286 ---
susupane kewala | panahe lamun kêna | bisaa prak ratunipun | age kêmbulana gada ||
18. singa tiwas angêmasi | Sri Padmanaba ngandika | ya yayi ingsun dulune | sesuk tingkahira aprang | Wrêkudara lingira | iya sakarsanirèku | yèn nêdya dulu kewala ||
19. yèn nêdya têtulung jurit | maringsun yêkti tan arsa | pan mêksih wani wak ingong | lan Ratu Paranggubarja | yèn sira nêdya aprang | i pranga dhewe sesuk |[5] apan akèh mungsuh sabrang ||
20. sasukanira prang tandhing | yêkti nora kêkurangan | aja têtulung maring ngong | lamun durung asêsambat | gumujêng Nata Krêsna | iya ngong nora têtulung | sun prang dhewe benjang enjang ||
21. suka sagung kang miyarsi | ing dalu datan kawarna | gagat injing ing praptane | Rahadèn Drêsthajumêna | sawadyabalanira | lajêng tata barisipun | miwah wadya Madukara ||
22. enjing Prabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | sampun nitih ing ratane | kinubêng prajuritira | Wrêkudara kalawan | Sêtyaki Gathutkaca wus | sabalane tata ngarsa ||
23. ing prang kang badhe nadhahi | nêmpuh marang mungsuhira | pêpulih wingi yudane | saksat kinarya dolanan | mangkana natèng sabrang | sabalane mijil sampun | angglar munggèng pambaratan ||
24. tata baris kadya wingi | kang para prawira ngarsa | samya ngiwa gandhewane | bala gung pinrênah wuntat | kagyat dènnya tumingal | dene mungsuhira wuwuh | Sang Prabu Jungkungmardeya ||
25. krodha sru dènira angling | hèh bapa Jayasudarga | mungsuh ika bêbantune | baya Narpati Cêmpala | iya kang munggèng rata | payo kabèh wadyaningsun | dèn prayitna ing ayuda ||
26. dèn ngeja sadina iki | pêpungkasane ngayuda | sagunging guna kasêktèn | lah payo padha mêtokna | wusnya matag ing wadya | mangsah gumrit ratanipun | ing
--- 287 ---
prang tan nêdya mundura ||
72. Durma
1. ngêmbat langkap Sang Prabu Jungkungmardeya | ginêdhêg-gêdhêg mijil | eka hru prabawa | sela wor lan prahara | kadya ladhu-ladhu mili | sangking gandhewa | gumlêdhêg gêgilani ||
2. sawusira wêtune prahara sela | gêdhêg gandhewa malih | mijil neka warna | muntab sangking gandhewa | nênggala parasu piling | cakra candrasa | dhêndha badhama gandhi ||
3. gada bindi salukun lan alugora | samoga pugal lori | musala trisula | limpung parasu kunta | kumrusuk ngayuh wiyati | mawa prahara | miwah rêkyana patih ||
4. sanjatane mêtu pirang-pirang yuta | panthan makêthi-kêthi | myang catur punggawa | prajurit jro sadaya | lan sèwu mantri sinêlir | sarêng dènira | anglêpasi jêmparing ||
5. kadya têdhuh gêgana kyèhning sanjata | dhêdhêt ngampak-ampaki | sela lêng-ulêngan | wor jêmparing arakan | kumrusuk srêsêg nampêki | mara kumêrap | kumêrut gêgirisi ||
6. sira Prabu Padmanaba sigra matag | mring Parta kinèn aglis | mêthuk ing panulak | miwah Drêsthajumêna | ngêmbat langkapira kalih | sarêng dènira | nglêpasakên jêmparing ||
7. apan samya hru prabawa eka warna | sela wor angin-angin | têmpuh nèng gêgana | ibêgan dirgantara | maworing sanjata kalih | goraning swara | lir guntur gêgêtêri ||
8. kêpruk ingkang sela têmpuh lawan sela | bindi prasamya bindi | gada samya gada | kunta prasamya kunta | piling têmpuh samya piling | dhêndha lan dhêndha | gandhi prasamya gandhi ||
9. alugora têmpuh samya alugora | lori [lo...]
--- 288 ---
[...ri] prasamya lori | musala trisula | limpung cakra candrasa | sadaya kaprabon jurit | kang têmpuh ing prang | tan ana liru tandhing ||
10. Wrêkudara Wrêsniwira Gathutkaca | giyuh ing tyas tan sipi | gègèr yudanira | tan antuk mangsah ing prang | kadhangan gunging jêmparing | kang têmpuh ing prang | jêjêl tan kêna pinrih ||
11. sela-sela lêlumbungan lêng-ulêngan | jêmparing lir sêsiring | tan kêna tinrajang | nulya Sucitra prapta | mêndhak nèng ngarsanirèki | matur manêmbah | ulun dinutèng gusti ||
12. ing rakanta Sang Aprabu Padmanaba | paduka dèn timbali | mundur saha bala | sampun mangsah ing yuda | kinèn asoa rumiyin | raka paduka | karsane anuruti ||
13. ing krodhane Sang Prabu Jungkungmardeya | dènnya ngabên kasêktin | lan rayi paduka | satriya Madukara | ing mangke yèn wus dumugi | tuwan linilan | mangsah ing aprang malih ||
14. Wrêkudara myarsa ature Sucitra | kêju krodhaning jurit | ajrih yèn nyingkirna | ing rèh Narendra Krêsna | mundur sawadyanirèki | lan ingkang putra | Gathutkaca Sêtyaki ||
15. sampun nunggil lan barising Madukara | Sang Prabu Harimurti | matag mring Sang Parta | kinèn nyampuni dènnya | ngadu prabawa kasêktin | sanjatanira | kang samya têmpuh jurit ||
16. Radèn Parta musthi sanjata pratipa | angin ratuning angin | linêpaskên sigra | kêlapira kumupak | wêdale kang bajra pati | sangking gandhewa | nyapu sagung jêmparing ||
17. sirna larut hru prabawa eka warna | siji tan ana kari | Sri Jungkungmardeya | kagyat ngungun kalintang | sirnane sagung jêmparing | asru ngandika | marang rêkyana patih ||
18. hèh ta bapa prajuriting [praju...]
--- 289 ---
[...riting] tanah Jawa | nyata lamun linuwih | gunane ing aprang | padha sadhela bisa | nimbangi kadibyan mami | tan măntra kewran | nyapu sagung jêmparing ||
19. sêdhêng dadya kaojat ing tri bawana | matur rêkyana patih | lêrês padukendra | sampun kirang prayitna | ing aprang dèn ngati-ati | mêngsah paduka | botên kewran ing tandhing ||
20. prange kasor prakosa prang lêmbut guna | gumujêng sri bupati | iya bênêr sira | prawirane sêmbada | yèn aja mungsuh lan mami | sapa kuwawa | nanggulang ing ajurit ||
21. iya mêngko prajuriting tanah Jawa | ingsun balange tulis | sun jake prang rupak | tandhing prang lawan ingwang | nganggo panah kang sayêkti | singa tiwasa | yèn mêksih ngadu sêkti ||
22. masa tèka tanpa wêkasaning yuda | sira bae dèn eling | gêlar sabên ing prang | yèn wus panah-pinanah | ingsun lan mungsuh dèn aglis | sira niliba | nyidra sangking wiyati ||
23. Patih Jayasudarga matur sandika | natèng sabrang nulya glis | nênurat wus dadya | tinrap anèng sanjata | linêpaskên kang jêmparing | ingarah-arah | tibanira nglêrêsi ||
24. nèng ngarsane satriya Adananjaya | kagyat dènnya ningali | jêmparing cinandhak | pinundhut suratira | winaos sinukmèng galih | bêbukanira | panantang ing prang wuri ||
73. Pangkur
1. pèngêt iki layang ingwang | natèng sabrang kang prawira nom pêkik | măndra prakoswa dibya nung | lêlana andon yuda | marang tanah Jawa ingkang ajêjuluk | Sang Prabu Jungkungmardeya | Paranggubarja Narpati ||
2. ingkang abala bacingah | kang wus [wu...]
--- 290 ---
[...s] kasub tanpa lawaning jurit | têkaa marang sirèku | prajurit tanah Jawa | ingkang bisa nulak ing kadibyan ingsun | lah ta sapa aranira | lan apa lungguhirèki ||
3. ratu utawa satriya | aja mati tanpa aran ing jurit | angakua mupung durung | payo nuli prang rupak | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | padha nganggo panah wantah | singa tiwas angêmasi ||
4. yèn mêksih ngadu prabawa | masantèka tanpa wêkasing jurit | iya sun puji satuhu | ing guna sêktinira | anèng tanah Jawa ing prang lalu wudhu | ananging samêngko sira | sayêkti yèn antuk tandhing ||
5. prajurit ing tanah sabrang | ingkang prapta lêlana andon jurit | wus titi pamaosipun | satriya Dananjaya | mèsêm ing tyas sêrat ingaturkên gupuh | mring raka Narendra Krêsna | winaos sinukmèng galih ||
6. wus titi pamaosira | sru gumujêng Sang Prabu Harimurti | yayi wangsulana gupuh | layange natèng sabrang | kudu ngajak amungkasi ing prang pupuh | iya sarahên kewala | satriya Dananjaya glis ||
7. akarya surat wus dadya | angsul-angsul tinrap anèng jêmparing | sanjata agêm prang pupuh | anggraita lir janma | sarotama suwiwi lar kadya manuk | linêpasakên saksana | lumarab lir kilat thathit ||
8. ngarsane Jungkungmardeya | sarotama kêkêjêr kadya pêksi | natèng sabrang kagyat dulu | jêmparing lir kukila | bêkta sêrat wus dinuga angsul-angsul | kang sêrat wus tinampanan | sarotama wangsul aglis ||
--- 291 ---
9. natèng sabrang eram mulat | gya binuka sêrat sinukmèng galih | pèngêt iki layang ingsun | satriya Madukara | pamadyaning Pandhawa ingkang jêjuluk | satriya Adananjaya | pêparab Prabu Karithi ||
10. iya Rahadèn Arjuna | iya Radèn Janaka Dyan Prêmadi | Pandhuputra iya ingsun | Radèn Endratanaya | kang ingambil sraya tur binakal mantu | mring Narapati Cêmpala | têkaa marang sirèki ||
11. Sang Prabu Jungkungmardeya | natèng sabrang kang lêlana don jurit | kang ambêg narendra punjul | amrih putri misesa | lire sira awèh layang marang ingsun | iya wus prapta maringwang | sarta wus sun tupiksani ||
12. surasane layangira | sira ngajak mungkasi ing ajurit | prang rupak tandhing lan ingsun | nganggo panah pamungkas | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | lah iya sakarêpira | ing aprang ingsun ladèni ||
13. wus titi pamaosira | natèng sabrang gumujêng sarya angling | babo dene pirang puluh | jênêng saijab-ijab | dèn dhèwèki sumangkeyan kang pinunjul | prajuriting tanah Jawa | durung tau olèh tandhing ||
14. ingkang padha lig-uligan | hèh ta bapa kabèh prajurit mami | mêngko têmpuhe prang pupuh | dèn ajêg barisira | aja owah mung sun pundhut surakipun | sira bae dèn waspada | patih sandika turnèki ||
15. sang prabu ngêtab ratanya | gumrit nêngah gêbyar-gêbyar tulya sri | rêngganing rata mas murub | kataman diwangkara | prabawaning makutha muncar ngênguwung | pan sarwi ngiwa gandhewa | endhong pamungkasing tandhing ||
--- 292 ---
16. pantês wanguning prawira | asêmbada pêkike sri bupati | Sri Krêsna mulat lingnya rum | hèh yayi mungsuhira | sida ngajak mungkasi ing aprang pupuh | ika wus nêngahkên rata | lah yayi dèn ngati-ati ||
17. ing prang aja kurang yitna | rajèng sabrang anak bramana sêkti | luwih gêntur tapanipun | tan kêna ginagampang | Gathutkaca sira dèn prayitnèng luhur | miwah sira Wrêkudara | ing dharat dèn ngati-ati ||
18. tarombolan jaganana | wusnya mangsit Sang Prabu Harimurti | gumrit nêngah ratanipun | namur sunaring surya | gêbyar-gêbyar prabawaning rata murub | kadya paguting baskara | timbangan ratanirèki ||
19. lan ratane natèng sabrang | dohnya sêdhêng satibane jêmparing | kalih kèndêl ratanipun | dangu sawang-sinawang | samya ngiwa gandhewa pamungkasipun | dèrèng nguculkên sanjata | mrih papan pantêsing jurit ||
20. prasamya molahkên rata | natèng sabrang ratane ngerid ngering | Dananjaya ratanipun | mingêr angerit nganan | adu ngarsa adu iring adu pungkur | tan owah têbihing rata | pan sami ngasta jêmparing ||
21. wusnya mubêng kaping tiga | rata kèndêl sarêng dènnya nglêpasi | jêmparing tikêl pinêthuk | têmpuh samya sanjata | sarêng salin laras sami limpatipun | laraping warastra kadya | sêsiringe kilat thathit ||
22. wadya gung surak gumêrah | awor maras-maras surake sami | mar kumêsar dènnya dulu | solahbawaning aprang | Dananjaya lan Jungkungmardeya Prabu | yayah lir wus caruk wastra | rukêting ratanya kalih ||
23. rêkyana patih tumingal | yèn gustine wus têmpuh ing ajurit | panah-pinanah lan mungsuh | sigra mêsat gêgana [gê...]
--- 293 ---
[...gana] | ngikal limpung arsa nyidra sangking luhur | Gathutkaca awas mulat | garjita ing tyas nulya glis ||
24. mêsat marang ing gêgana | wus ngungkuli marang rêkyana patih | ngawaskên sasolahipun | ki patih tan graita | yèn mungsuhe wus ana ing luhuripun | dupi niyup arsa nyidra | sinambêr sangking wiyati ||
25. limpunge sinêndhal kêna | wus binuwang ki patih kagyat nolih | dhinupak mukanira sru | kuntal tibèng bantala | sajabaning baris sangêt dènnya kantu | kasilir ing samirana | èngêt tan mundur ing jurit ||
74. Durma
1. Patih Jayasudarga sangêt krodhanya | nyandhak kunta nulya glis | mêsat ing gêgana | nguwuh-uwuh sêsumbar | hèh sapa aranirèki | musuh kang cidra | nungkul prang sangking wuri ||
2. angakua mupung mêksih duwe nyawa | dumèh apa sirèki | prakosa berawa | bisa ngambah gêgana | lan apa lungguhirèki | anèng Cêmpala | Gathutkaca nauri ||
3. hèh wruhanta ingsun dudu wong Cêmpala | wong sarayan puniki | prajurit Ngamarta | umiring kangjêng rama | lan jêng paman ing ajurit | ingambil sraya | mring eyang Cêmpala Ji ||
4. ingsun Senaputra ya Bimaatmaja | Gathutkaca ran mami | ya Radèn Guritna | parab Prabu Têtuka | satriya saksat narpati | kratoning uwa | prabu kang ingsun goni ||
5. Pringgadani waris sangking ibuningwang | balikan sira iki | dhapurmu sêmbada | gagah dêdêg prakosa | lan apa lungguhirèki | ana ing sabrang | satriya pa bupati ||
6. ninggal dhapur nêdya culikèng ayuda | nyidra sangking wiyati | iya mring jêng paman | kaya dudu prawira | marmane ingsun dhingini | jêr sira cidra | kya
--- 294 ---
patih sru nauri ||
7. aja tambuh iya ingsun patih sabrang | Paranggubarja nagri | patih amisesa | aran Jayasudarga | hèh Gathutkaca sirèki | sêdhêng wus timbang | ing prang tandhing lan mami ||
8. sira iku satriya gung saksat raja | ingsun iki pêpatih | nanging tilas raja | Ratu Paranggubarja | soring prang mêksih kinardi | patih misesa | andêl-andêling jurit ||
9. mring gustiku Sang Prabu Jungkungmardeya | aywa sira kuwatir | manawa kacuan | nora tutug ing aprang | sagêndhingmu sun tadhahi | angajak apa | toh pati jayèng jurit ||
10. apa ngajak prang tata panah-pinanah | ngadu wulêding kulit | apa pupuh rosa | prang rupak bindi gada | apa ingsun kang dhingini | apa ta sira | kang dhingini ngajurit ||
11. Radèn Gathutkaca asru wuwusira | ya wus sêdhêng sirèki | tandhing prang lan ingwang | pêpatih tilas raja | pantês prawirèng ajurit | aja ngucira | dèn padha ngungsi pati ||
12. lah ta payo apa kang ana ing sira | tibakna sun tadhahi | krodha ngikal dhêndha | Patih Jayasudarga | pamupuhe dèn tadhahi | gapyuk cinandhak | dhêndhane kyana patih ||
13. rame sêndhal-sinêndhal anèng gêgana | Gathutkaca nguwati | nyêndhal sarwi dhupak | jajane kyana patya | kuntal dhêndhanya wus kêni | sêbut binuwang | krodha rêkyana patih ||
14. anarajang tinadhahan sarêng tandang | caruk rok rukêt sami | kuwêl nèng gêgana | sami prakosanira | sarêng dènnya tibèng siti | pan kalihira | wangsule rukêt malih ||
15. anèng dharat angadu sudiraning prang | dêdêr-dinêdêr sami | rame drêg-udrêgan | silih gon [go...]
--- 295 ---
[...n] maputêran | untiran untir-inguntir | pêluk pulêtan | kèkèt banting-binanting ||
16. rame dugang-dinugang sarêng gulimpang | gulungan gantya guling | rame lêng-ulêngan | lir cakra pagilingan | rêkyana patih sor titih | kadêngkung ing prang | tinêdêl wus kalindhih ||
17. kèngêr cêngêlira jaja suh dhinupak | pêjahe kyana patih | sarêng lan praptanya | rêsi bramana tapa | sangking ing sabrang miyarsi | dene kang putra | dènira mamrih putri ||
18. marang tanah Jawa ing têmah dadya prang | marma sang bramana glis | sumusul ing putra | praptèng nagri Cêmpala | mênangi ramening jurit | kang anèng wiyat | ngungun dènnya ningali ||
19. ing patine Ki Patih Jayasudarga | mung mungsuh padha siji | duk ana ing sabrang | wus wudhu tanpa lawan | ing mangkya nèng tanah Jawi | liwat apêsnya | prangira tan ngundhili ||
20. mung tinangan kewala lan mungsuhira | mati madyaning jurit | lan malih tumingal | kang putra sri narendra | wus acampuh ing prang tandhing | lan mungsuhira | samya nèng rata manik ||
21. rame tuju-tinuju panah-pinanah | dèrèng wontên kasilib | sami wasisira | rikat awase samya | myang wêgigira mèh sami | bramana tapa | krura sru dènira ngrik ||
22. nèng gêgana swarane lir gêlap sasra | gumuruh gêgirisi | ibêgan ngawiyat | sarêng pêpêtêng prapta | sumaput pêtêng nglimputi | madyèng payudan | pêtêng lir têngah wêngi ||
23. dadya kèndêl kang samya prang kalihira | dene pêdhut nglimputi | Sri Jungkungmardeya | suka ing tyas wus duga | lamun ingkang rama prapti | têtulung ing prang | angrik anèng wiyati ||
24. dadya mundur Sang Prabu Jungkungmardeya | ngingêrakên [ngi...]
--- 296 ---
[...ngêrakên] rata glis | bênggang lan mungsuhnya | sampun awor ing bala | maras wadya Dwarawati | Cêmpala lawan | Pamênang Pringgadani ||
25. samya sêdhih tan bisa mangsah ing yuda | dene pêtêng nglimputi | swara kadya gêrah | ibêgan dirgantara | kang darbe swara tan kèksi | kaku tyasira | tan wruh sawiji-wiji ||
26. Wrêkudara Sêtyaki lan Gathutkaca | samya prayitnèng jurit | dhêdhêg sawadyanya | lawan Drêsthajumêna | mung Sang Prabu Harimurti | kang nora samar | Arjuna wus winangsit ||
27. hèh ta yayi iki si bramana tapa | praptarsa nyidrèng jurit | iya marang sira | angrik anèng gêgana | karya pêtêng anglimputi | aywa pêpeka | ing prang dèn ngati-ati ||
28. ramanira Sang Prabu Jungkungmardeya | bramana luwih sêkti | wus gêntur tapanya | ing ajur-ajèr bisa | lah payo yayi dèn aglis | sira lêpasna | bramastra mring wiyati ||
29. yèn wus padhang sarotama tamakêna | mring si bramana sêkti | kalamun wus pagas | dhase sira pisaha | lan gêmbunge ingkang têbih | dhase tibakna | anèng ngarsanirèki ||
30. natèng sabrang Sang Prabu Jungkungmardeya | gêmbung buncangên angin | lamun mêksih pêrak | lan sirah yêkti bisa | patrap dhewe urip malih | marma dohêna | payo yayi dèn aglis ||
31. nora nistha dhingini prang mungsuh cidra | Dyan Parta wus winangsit | ngêmbat langkapira | lumêpas kang bramastra | murub nungsung mring wiyati | bramana tapa | kênèng padhanging gêni ||
32. gugup ing tyas sigra anarik candrasa | niyup sangking wiyati | pan arsa nigasa | tênggake
--- 297 ---
Sang Arjuna | pagas pinapag jêmparing | ki sarotama | dhas arsa patrap malih ||
33. mring gêmbunge tinadhahan endrasara | tinibakakên aglis | anèng ratanira | Prabu Jungkungmardeya | gêmbung binuwang ing angin | kabuncang sirna | tiba anèng jaladri ||
34. tulus pêjahira sang bramana tapa | dhase pinisah têbih | lawan gêmbungira | sarêng lawan ilangnya | pêdhut kang pêtêng nglimputi | katut maruta | padhang kasmarèng jurit ||
75. Asmaradana
1. sang prabu kagyat tan sipi | andulu sirahing rama | gumêbruk tibèng pangkone | tiningalan nora samar | yèn sirahe kang rama | mastaka nulya sinambut | sinungkêman anèng asta ||
2. pan sarwi dipun tangisi | sang prabu wusnya karuna | sakala èngêt ing tyase | sigra dènira parentah | mring sagung pra dipatya | sadaya kinèn angruruh | marang jisime kang rama ||
3. miwah sagung para mantri | sadaya samya ngupaya | bramana tapa jisime | sajawining pambarisan | mubêng datan kapanggya | katur marang sang aprabu | kalangkung ngunguning driya ||
4. dene mungsuhe udani | pêjah gêsange kang rama | liwat guna waspadane | sirah tinibakkên ngrata | gêmbungira binuwang | sangking pambarisan agung | tan karuhan tibanira ||
5. anglêsing tyas sri bupati | têlas ing pangarsa-arsa | ingkang rama katigase | mring mungsuh datanpa bisa | miwah pêpatihira | mati ing prang tanpa kiwul | tuwin sagung pra dipatya ||
6. wus ngrasa kasor ing jurit | Sang Prabu Jungkungmardeya | nanging wus pratignya [pra...]
--- 298 ---
[...tignya] tyase | tan arsa yèn ngoncatana | ing prang miwah nungkula | suka lêbura wor mungsuh | sadina mêngko kewala ||
7. lawan sawadyanirèki | aywa na kari satunggal | ing aprang sarêng sirnane | ambelani ingkang rama | miwah pêpatihira | sawusnya pratignyèng kalbu | Sang Prabu Jungkungmardeya ||
8. mêdal krodhaning ajurit | ngêtab rata gumrit kontrag | pan sarwi ngawe balane | sasmita garubuh ing prang | garjita pra dipatya | ing karsane gustinipun | nêdya mungkasi ngayuda ||
9. ngantêp garubuh ing jurit | wadya ing Paranggubarja | samya sêtya ing gustine | sami labuh karsanira | tan nêdya lumayua | miwah nungkula mring mungsuh | nadyan sikêpe sadaya ||
10. suka matiyèng ajurit | lêbura wor mungsuhira | anèng ngarsane gustine | sigra parêng dènnya mangsah | kumrêtêg rêbut ngarsa | angamuk ing aprang numbuk | sigra Radèn Wrêkudara ||
11. Gathutkaca lan Sêtyaki | miwah Dyan Drêsthajumêna | nadhahi ing prang balane | têmpuh ing yuda ibêgan | wadya Paranggubarja | marêm ing prangira numbuk | tan ketung kèhing palastra ||
12. lir sulung alêbu gêni | kamuk dening Arya Sena | myang Gathutkaca pamuke | miwah Arya Wrêsniwira | lawan putrèng Cêmpala | mungsuh kang kaarsa lêbur | ing wuri ngidak kewala ||
13. tumpês ngarsa tangkêp wuri | Narendra Krêsna tumingal | garjita ing tyas wuwuse | hèh ki ipe tingalana | mungsuhira ing aprang | wadya Paranggubarjèku | ing prang wus derah palastra ||
14. sapunên ing sanjatangin | tibakna Paranggubarja | aywa kari sabalane | yèn wus ilang sêrênging prang | yêkti duwe pangrasa | ing aprang wus tanpa kiwul | angeman karatonira ||
15. Sang Dananjaya nulya glis | musthi astra pawanendra | ratuning angin têgêse | kumyus ingkang bayu bajra | mêtu
--- 299 ---
sangking gandhewa | prahara gora gumuntur | Sang Prabu Jungkungmardeya ||
16. katut dening sanjatangin | kabuncang sabalanira | sirna gusis sabalane | tinibakakên sadaya | nagri Paranggubarja | kunêng wau kang winuwus | kang mêksih anèng payudan ||
17. Sang Aprabu Harimurti | miwah kang rayi sadaya | wus budhalakên barise | tinata lampahing marga | lumirig manjing kutha | swaraning bala gumuruh | wus katur ing sri narendra ||
18. yèn unggul kang magut jurit | nulya miyos pagêlaran | angurmati ing praptane | kang mêntas unggul ing aprang | tan dangu katingalan | pangarsane lampahipun | manjing alun-alun samya ||
19. bala wil ing Pringgadani | surak-surak giyak-giyak | bêkilung rame gêndhinge | nulya piyak ngering nganan | baris angapit marga | wadya Cêmpala sumundhul | nulya wuri Madukara ||
20. nulya wadya Dwarawati | kang mungkasi wuri pisan | wadya Judhipati kabèh | anut bala ing pangarsa | piyak angering nganan | rakit baris ngurung-urung | wong agungira sadaya ||
21. lajêng maring păncaniti | Sri Maha Narendra Krêsna | têdhake sangking ratane | sapraptanirèng taratag | Sri Bupati Cêmpala | nyandhak astanira gupuh | kinanthi binêkta lênggah ||
22. satata nèng păncaniti | para putra pra dipatya | angglar lênggah ing ngarsane | sri bupati ing Cêmpala | mèsêm dènnya ngandika | pan kawula mèh sumusul | anak prabu mring payudan ||
23. sangking sumêlang miyarsi | ing warti Jungkungmardeya | langkung awrat ing yudane | umatur Narendra Krêsna | saèstu lamun awrat | marma tilar prajanipun | mring tanah Jawi andon prang ||
24. sangking wus tan angsal tandhing | wontên sabrang gunaning prang | naracak sapunggawane [sapungga...]
--- 300 ---
[...wane] | samya prawirèng ayuda | wadyanipun sadaya | sêtya marang ratunipun | marmane awrat sinăngga ||
25. sajroning prang tigang ari | wadyanipun têtumpêsan | tanpa kiwul ing yudane | tan wontên kang lumayua | mêksih ambyuk kewala | mêrêm ing prang soroh amuk | nèng ngarsane ratunira ||
26. marmanya glis dèn lêpasi | ing sanjata pawanendra | mring pun Dananjaya age | awlas kathahing pêpêjah | Prabu Jungkungmardeya | kabuncang sabalanipun | tiba ing Paranggubarja ||
27. miwiti malah mêkasi | solah tingkahing ayuda | sampun katur sadayane | sri bupati ing Cêmpala | langkung sukaning driya | yèn makatên anak prabu | tumuntên kalampahana ||
28. rayi tuwan pun Srikandhi | dhaupe lan pun Arjuna | ing Soma ngarsa pênêde | sêdhêng aso ingkang wadya | matur Narendra Krêsna | inggih kawula jumurung | paman prabu karsa tuwan ||
29. punapa kang dèn antosi | ing rèh wus dadya ubaya | prayogi nuntên panggihe | lingira Natèng Cêmpala | kulup Drêsthajumêna | lan Si Patih Căndrakètu | besuk ari Soma ngarsa ||
30. padha dèn samêktèng kardi | ing dhaupe bakyunira | kang putra sandika ture | nulya kundur sri narendra | lumêbèng dhatulaya | Prabu Padmanaba sampun | masanggrahan saha bala ||
31. bubar sagung kang anangkil | wau Sang Prabu Drupada | sarawuhirèng kadhaton | pinêthuk marang kang garwa | sawusnya tata lênggah | alon ngandika sang prabu | hèh ta yayi mungsuhira ||
32. samêngko wus tumpês tapis | Sang Prabu Jungkungmardeya | sirna lêbur sabalane | sutanira Si Arjuna | ingkang marwasèng yuda | wus dadi ubayaningsun | yèn kalakon mungsuh sirna ||
33. sutanira Ni Srikandhi | ingkang sun karyaya [karya...]
--- 301 ---
[...ya] ganjaran |[6] mau wus sun dhawuhake | besuk ari Soma ngarsa | dhaupe sutanira | samêngko wus sêdhêngipun | kanthinên manjing jro pura ||
76. Kinanthi
1. watir anèng tamansantun | bêcik rêksanên jro puri | kang garwa matur sandika | wus mundur sangking ngarsa ji | lajêng maring patamanan | kunêng gantya kang winarni ||
2. kang kêkuwu tamansantun | Kusuma Wara Srikandhi | rawuh sangking Madukara | anjujug ing tamansari | dèrèng sowan mring kang rama | miwah dèrèng dèn timbali ||
3. wira-wiri mung kang ibu | nênggih ingkang atêtuwi | cinatur sang rêtnaning dyah | ing galihira wus têbih | mring satriya Dananjaya | tan ana labêtirèki ||
4. brangtanira kang rumuhun | wus supe ing tyasnya sangking | asru karêm kaprawiran | tan antuk dhahar lan guling | tan lyan namung ciptanira | dadia putri prajurit ||
5. Sang Parta wêwulangipun | pratingkah ngadoni jurit | wus kacakêp sadayanya | mangkana sang rajaputri | pangawasaning sanjata | miwah jaya-wijayanti ||
6. kang dadya sêngsêming kalbu | nalika binegal margi | ditya ing Paranggubarja | tan rêkasa ing ajurit | pira-pira ingkang sirna | dening sanjata dhadhali ||
7. samana sang rêtnaning rum | duk lagya siniwèng cèthi | lênggah soring nagapuspa | dangu wartaning ajurit | ni êmban umatur nêmbah | wau praptanipun gusti ||
8. kang sangking magut prang pupuh | pinêthuk nèng păncaniti | ing ramanta sri narendra | wartine mêngsah wus tapis | Sang Prabu Jungkungmardeya | sabalane wus sirnanting ||
--- 302 ---
9. sakantunipun kang lampus | sinapu sanjata angin | mring satriya Dananjaya | tan wontên kantun satunggil | dadya rama padukendra | kenging ing sayêmbarèki ||
10. jangjinipun sang aprabu | marang Rahadèn Prêmadi | sintên kang sagêd nyirnakna | mring mungsuh ginanjar putri | ingkang kinarya bang-êbang | pan inggih paduka gusti ||
11. ing wau pan sampun dhawuh | sang prabu nèng păncaniti | benjang ari Soma ngarsa | ing panggih paduka gusti | lan satriya Dananjaya | sang rêtna duk amiyarsi ||
12. mèsêm sarwi ngandika rum | gumampang jêng rama aji | ingsun kinarya ganjaran | mring wong ika tan tinari | apa ta dumèh wak ingwang | wus nunggal samadya sasi ||
13. nèng Madukara gêguru | pangawasane jêmparing | masa ta nora uwisa | nunggal budi golong pikir | mangkono panggalihira | marma tan ngago[7] tinari ||
14. baya badhêdhêg sagunung | atine kang mênang jurit | wus pasthi tămpa ganjaran | dhasare wus wanuh nguni | yêkti yèn nora bêbakal | ukur jinawil sumrinthil ||
15. babo aja gupuh-gupuh | amondhong Wara Srikandhi | samêngko mênèk tan kêlar | pêpanggile ing akrami | putrine Natèng Cêmpala | ayu prawirèng ajurit ||
16. lah ta dene rama prabu | girisan têmên ing galih | ungkur mungsuh ratu sabrang | dadak nyênyambat ing jurit | yèn ing nguni ngandikaa | ingsun kewala nguwisi ||
17. sadina sirna kang mungsuh | ngandika dèrèng dumugi | kasaru ing rawuhira | ingkang ibu pramèswari | gupuh mêthuk sang lir rêtna | tundhuk ing
--- 303 ---
ngarsa wotsari ||
18. rinangkul lungayanipun | wusnya tata lênggah sami | munggèng soring nagapuspa | kang ibu ngandika aris | babo nini putraningwang | lakuningsun pan tinuding ||
19. ing ramanira sang prabu | kinèn maringi udani | yèn mungsuh sabrang wus sirna | sabalane tumpês tapis | rakanira Madukara | iya kang marwasèng jurit ||
20. wus dadya punaginipun | ramanira sri bupati | sira nini kang kinarya | ganjarane ing ajurit | mring rakanira Ki Parta | mau anèng păncaniti ||
21. ramanira pan wus dhawuh | mring Sang Prabu Harimurti | bêsuk ari Soma ngarsa | karsane ginawe pasthi | iya nini dhaupira | kalawan rakanirèki ||
22. timbalane wong tuwamu | sira ywa nèng tamansari | kurang pira Soma ngarsa | bêcik rinêksa nèng puri | ila-ilane wong kuna | sang rêtna matur wotsari ||
23. dhuh ibu paduka matur | ing jêng rama sri bupati | karsane ingkang punika | kawula tur pati urip | nuwun dukane jêng rama | dèrèng arsa nambut krami ||
24. sawêg kasêsêm[8] tyas ulun | kaprawirane ngajurit | kang ibu duk amiyarsa | kang putra rinangkul aglis | dhuh ta nini kayaparan | mangkono aturirèki ||
25. mendah ramanta sang prabu | sungkawanira ing galih | ratu iku nora kêna | cidra sasamaning aji | dene wus kêna jangjinya | mring Sang Prabu Harimurti ||
26. ing satêmah nora wurung | mindho papa dadi jurit | ala mungsuh ratu sabrang | dene mungsuhira nini | iya lan Nata Pandhawa | apa kang kinarya wani ||
27. sang rêtna nêmbah umatur | yèn kêdah misesèng
--- 304 ---
urit | [...] | satriya ingkang ngêmbari | sagêndhingirèng ayuda | ewadene jêng rama ji ||[9]
28. kapidêrêng galihipun | ibu dènnyarsa angambil | mantu mring wong Madukara | sangking jangjine wus kêni | mring Sang Prabu Padmanaba | inggih kawula lampahi ||
29. ananging paduka matur | ibu mring kangjêng rama ji | apan ing nguni kawula | inggih gadhah pasanggiri | botên arsa nambut krama | yèn tan antuk satriya di ||
30. kang sagêd dhatêngi ibu | amba nuwun aparênggil | lamun akrama tampia | tiba sampir wanudya di | ingkang wasis anyanjata | bangkitipun angungkuli ||
31. lan pamanah kula ibu | lamun tan sagêd dhatêngi | panuwun kula punika | nadyan praptèng nini-nini | yêkti wahdat tanpa krama | dipun dhawuhna tumuli ||
32. dhatêng kang binadhe mantu | yèn botên sagêd dhatêngi | sampun yèn mênggah ginarwa | wanuh kewala tan sudi | wasisan dadosa mêngsah | ing prang pundi gène panggih ||
33. upami jêng rama prabu | dukanipun mrih nêkani | paripêksa mring kawula | pintên sakite wong mati | kang ibu langkung sungkawa | miyarsa aturing siwi ||
34. ngandika sarwi angrangkul | lah ta kayaparan nini | mring ramanira sang nata | iya sun aturke nini | yèn mangkono ing tyasira | nulya kundur pramèswari ||
35. sapraptanirèng kadhatun | ing ngarsanira narpati | matur solahe dinuta | miwiti malah mêkasi | dènnya dhawuh mring kang putra | miwah wangsulanirèki ||
36. kang putra panuwunipun | sadaya wus katur sami | sang prabu duk amiyarsa |
--- 305 ---
anglênggêr tan bisa angling | cipta sru duka ing putra | mèh têdhak angore wèni ||
77. Sinom
1. kasaru ing praptanira | Sang Aprabu Harimurti | lan Radèn Drêsthajumêna | gupuh dènnya ngancarani | wus tata lênggah sami | Sri Drupada ngandika rum | kaparêng putraningwang | lumêbêt sajroning puri | yèn sampuna rawuh kawula utusan ||
2. inggih ngaturi paduka | sangking sungkawane galih | dene ta ari paduka | pun Srikandhi ing samangkin | karya beka sayêkti | ibunta kang kula tuduh | dhawuhi dhatêng taman | mring arinta pun Srikandhi | lamun mêngsah ing sabrang mangke wus sirna ||
3. ing prang dening pun Arjuna | sawadyane tumpês tapis | pun Srikandhi ulun karya | ganjaran ungguling jurit | kula panggihkên nuli | inggih lawan kadangipun | benjang ing Soma ngarsa | mopo tan purun nglampahi | pamopone arinta gadhah panêdha ||
4. marma dahat tyas kawula | sungkawa wor muring-muring | kadi wus kolu-kolua | mring arinta pun Srikandhi | de mawi pasanggiri | sadaya sampun tinutur | mring Prabu Padmanaba | panuwunira sang putri | mung punika masgule manah kawula ||
5. dhaupe lan pun Arjuna | mawi gadhahi punagi | kang dados panêdhanira | botên kaprah ing sabumi | lah kono pramèswari | aturna marang putramu | kabèh-kabèh kang dadya | panuwune Si Srikandhi | aturêna aja na kang kêkurangan ||
6. pramèswari aturira | mring Sang Prabu Harimurti | dènnya dhawuh mring kang putra | miwah wangsulanirèki |
--- 306 ---
panuwune sang putri | sadaya pan sampun katur | pêpanggile ngakrama | tampia patiba sampir | wanudya di kang wignya ulah sanjata ||
7. awase kang ngasorêna | pun Srikandhi yèn jêmparing | lamun botên kadhatêngan | inggih botên nêdya krami | Sang Prabu Harimurti | gumujêng alon umatur | paman sampun dêduka | mring putranta pun Srikandhi | pinaksaa punika masa kenginga ||
8. panêdhanipun wus dadya | pasanggirining pawèstri | lamun botên kadhatêngan | yêkti dèn pilaur mati | dhasar nêdya ngayoni | inggih dhatêng gurunipun | putranta pun Arjuna | prayogi tuwan dhawuhi | Sri Narendra Cêmpala alon ngandika ||
9. anak prabu tyas kawula | sampun bodho tanpa budi | sumanggèng karsa kewala | rayi tuwan pun Srikandhi | Sang Prabu Harimurti | nolèh sarwi ngandika rum | yayi Drêsthajumêna | pan sira kang ingsun tuding | dhawuhana kakangira Si Arjuna ||
10. kabèh sapanjalukira | bakyumu dhawuhna yayi | mring rakanira ing kana | lamun bisa anêkani | yêkti yèn sida rabi | yèn tan bisa yêkti wurung | Radèn Drêsthajumêna | sandika tur sêmbah mijil | praptèng jawi lampahe lajêng kewala ||
11. mung lan panakawan sapta | wau ta ingkang winarni | satriya ing Mandukara | anèng pakuwonirèki | lagya karya jêmparing | Rarasati munggèng ngayun | sarwi ngrêmpêlas gandar | radèn ingkang angêlari | Dananjaya alon dènira ngandika ||
12. Rarasati bêcik sira | iya mulih andhingini | maring nagara Ngamarta | mangkata ing benjing enjing | lakunira sun tuding [tu...]
--- 307 ---
[...ding] | matura mring biyang kulup | lan putri Cêmpala |[10] karsane sri narapati | pan ing mêngko pinaringakên maringwang ||
13. besuk ari Soma ngarsa | ingsun mopo nora kêni | rèhning putri wus kinarya | sayêmbarane ngajurit | gustimu konên pamit | iya ing jêng kakang prabu | mulih mring Madukara | ngrêsiki wismanirèki | lan nampani praptane putri Cêmpala ||
14. paturone dèn prênahna | yèn lêga gustinirèki | iya nèng kamar kang wetan | Rarasati maleroki | sarwi mèncêp turnèki | dhuh lae mambu wong luput | bok sampun samudana | karya ewa kang miyarsi | sajatine pan inggih galih paduka ||
15. lamun kawula mêksiha | anèng Cêmpala nagari | panggihe pangantèn benjang | bokmanawi makèwêdi | akarya sănggarunggi | mring pangantèn manahipun | suwawi supatanan | yèn botên kadya tur mami | gusti sang dyah malah kula gêgasahan ||
16. kundur asile punapa | mindhak anyênyakit ati | Dananjaya duk miyarsa | gumujêng sarwi anjiwir | lambene Rarasati | gya tinampèl astanipun | aja mangkono sira | bok dèn wêlas marang mami | masa dadak ngalahna kang wus sêsuta ||
17. mung lawan sira kewala | ing tyas ingsun wus sayêkti | nora bisa angalahna | mulane sira dèn bangkit | ing bêsuk amaripih | mring atine biyang kulup | yèn kongsi bisa ilang | muring-muringe mring mami | sayêktine gêdhe ganjaran manira ||
18. sesuk esuk Si
--- 308 ---
Sucitra | sun kon ngêtêrke pribadi | iya marang lakunira | lan prajurit kang sapalih | eca imbalan angling | kasaru ing praptanipun | Radèn Drêsthajumêna | Dananjaya ngacarani | lah ing kene yayi banjura kewala ||
19. Rahadèn Drêsthajumêna | majêng sarwi awotsari | Rarasati mingsêr sigra | nèng wuri rada kapering | mêksih dènira ngampil | dêdêran rêmpêlas wau | Drêsthajumêna mulat | mring raka umatur aris | dhuh kakang mas têmbe kawula tumingal ||
20. sintên ing wingking paduka | ingkang ngrêmpêlas jêmparing | satriya Adananjaya | nolèh sarwi ngandika ris | iku bocah ngong yayi | palihane bakayumu | sinungakên maringwang | sun karya garwa paminggir | nêmbah matur Rahadèn Drêsthajumêna ||
21. kakang mas lampah kawula | dinuta kangjêng rama ji | myang raka Sri Padmanaba | ingutus paring udani | mring paduka manawi | panggih tuwan dèrèng tamtu | lan kangbok Soma ngarsa | wontên pakèwêd nusuli | rayi tuwan kakang bok akarya beka ||
22. mawi gadhahi panêdha | pasanggirining akrami | panuwune mring paduka | tampia patiba sampir | wanudya kang linuwih | awase pamanahipun | kang sagêd angasorna | kakang bok yèn anjêmparing | panuwune kakang bok amung punika ||
23. kang wus kinarya ubaya | yèn kangmas sagêd dhatêngi | sampun mênggah kang ginarwa | padmi sanadyan paminggir | marêkan anglampahi | kakang bok pratignyanipun | kangmas lamun paduka | botên sagêd andhatêngi | praptèng nini-nini wahdat tanpa krama ||
24. dhuh kangmas manah
--- 309 ---
kawula | mring kangbok sèwu anggêni | dene kumingsun kalintang | nuntên upadosna tandhing | yèn kasor kangbok benjing | sayêkti kawula kaul | Sang Parta duk miyarsa | Drêsthajumêna turnèki | langkung kagyat anglênggêr sajroning driya ||
25. nanging sinamun ing netya | gumujêng dènnya nauri | yayi mas aja gumampang | mring rakanira kang putri | awase yèn jêmparing | sipat katon nora luput | walikên tri buwana | yèn padha samining putri | nora nana kang nimbangi sang lir rêtna ||
26. lah ta wis yayi matura | iya mring sang prabu kalih | ingsun wus nora kaduga | iya yayi anêkani | pamundhute sang putri | ing tyas ingsun wus amupus | yèn wus karsane dewa | durung jinodho lan mami | Radèn Drêsthajumêna matur mangrêpa ||
27. dhuh kangmas sèwu dupara | paduka botên kadugi | masa dadak akewrana | inggih ngupadoskên tandhing | ingkang sagêd jêmparing | kakang bok sintên kang muruk | inggih sangking paduka | Dananjaya ngandika ris | ingsun yayi ingkang muruk wus kasoran ||
28. Rarasati duk miyarsa | ing ngarsa gunêmirèki | ature Drêsthajumêna | pamundhutira sang putri | Sang Parta tan nyagahi | nulya jawil sangking pungkur | bêbisik aturira | pangeran tuwan sagahi | pamundhute Sang Rajaputri Cêmpala ||
29. kawula kang ngladosana | sagêndhingira jêmparing | ature tan piniyarsa | nanging Nikèn Rarasati | sinikut-sikut mêksih | jawil matur sangking pungkur | dènnya kèn nyagahana | Dananjaya rêngu nolih | Radèn Drêsthajumêna tyase graita ||
30. tumingal marang kang raka | gung jinawil [jinawi...]
--- 310 ---
[...l] sangking wuri | sinikut mêksih kewala | Rarasati dènnya jawil | dadya umatur aris | kangmas paran karsanipun | dene èsmu dêduka | mring kang jawil sangking wuri | punapa kang dados brangtane aturnya ||
78. Asmaradana
1. Dananjaya ngandika ris | sun srêngên ing bocahira | cangkême angomèl bae | nora patut piniyarsa | ature wong angumyang | lah wis kundura riningsun | aturna mau tur ingwang ||
2. wus nora bisa nêkani | wau Dyan Drêsthajumêna | mêksih kèndêl ngawasake | Rarasati solahira | rinêngu mring kang raka | mêksa jawil sangking pungkur | sangsaya sru aturira ||
3. Sang Parta èbêk ing galih | nolèh wuri asru nyêntak | Kèn Rarasati ambêngkès | yèn pangeran botên sagah | kula sakêthi merang | darbe gusti mantuk ngunthul | mêmirang angur matia ||
4. luhung paduka ing nguni | sampun ambêkta kawula | kundur ngunthul sakarsane | wau Dyan Drêsthajumêna | miyarsa langkung suka | mring raka sru aturipun | dhuh kangmas dene punika ||
5. tan mawi ngupados têbih | bak ayu wingking punika | pan sampun nyagahi dhewe | têka dadak dinukanan | Dananjaya ngandika | yayi aja sira rungu | ing ature bocahira ||
6. saguhe wong andalêming | gêpok gandhewa kewala | durung tau sajêg-jêge | têka saguh ngayonana | pamanahe sang rêtna | dêstun tan wruh awakipun | mundhak mêmirang kewala ||
7. lah ta wis kundura yayi | Rarasati duk miyarsa | tan kêna ingampah tyase | sigra majêng
--- 311 ---
dènnya lênggah | nèng keringe Sang Parta | dhuh radèn paduka matur | ing ramanta sri narendra ||
8. yèn kawula kang nyagahi | pamundhutipun sang rêtna | angladosi sakarsane | ngabên awasan nyanjata | Radèn Drêsthajumêna | miyarsa suka kalangkung | sarwi kêplok saurira ||
9. inggih bakyu inggih-inggih | kula kang matur jêng rama | lamun bakyu saguh dhewe | kakang mas ingkang anakal | wong saguh dinukanan | radèn tur sêmbah gya mundur | sangking ngarsane kang raka ||
10. latah sarwi asêsirig | satriya Adananjaya | nguwuh asru pangampahe | hèh ta yayi aja aja | ature bocahira | kongsia katur sang prabu | masa dadak sayêktia ||
11. ingkang pasthi atur mami | aturêna sri narendra | pan wus nora sogah-sagoh | iya yèn anêkanana | pamundhute sang rêtna | Drêsthajumêna gumuyu | sadasa kangmas paduka ||
12. inggih botên anyagahi | jêr bakyu ingkang asagah | yêkti kula aturake | wus lajêng Drêsthajumêna | ingandhêg nora kêna | Dananjaya kari jêtung | dhêlêg-dhêlêg tan ngandika ||
13. èbêk ing tyas muring-muring | muring-muringira marang | Rarasati cinawowo | sarwi ingagagan asta | dhuh sirèku wong apa | cangkêm calêbang-calêbung | matur mring putra Cêmpala ||
14. têka dadak anyaguhi | pamundhute sang lir rêtna | apa kang kok saguhake | kapan gonmu amêmanah | lah ing mêngko kaya pa | pasthi ika mau matur | iya marang sri narendra ||
15. lamun sira wus nyaguhi | dhuh-adhuh iki
--- 312 ---
wong apa | têka mangkono cangkême | Rarasati matur nêmbah | punapa kang dèn ucap | sagah kang sampun katrucut | paran gone mangsulana ||
16. kajawi dipun ayoni | inggih kantênane benjang | yèn sampun sami kalakon | kawula ingabên lesan | lawan putri Cêmpala | kantênan sor unggulipun | Sang Parta atêbah jaja ||
17. dhuh kabanjur si wong iki | baya kasurupan apa | dene kumini kumênès | sêdya wani ngayonana | lawan putri Cêmpala | awase pamanahipun | wong kudu bêbarang wirang ||
18. kapan gonmu anjêmparing | gêpok gandhewa kewala | durung tau sajêg-jêge | măngka putri ing Cêmpala | nguni lamun mêmanah | kang kinarya lesan rambut | agêr[11] wruh prênahe kêna ||
19. miwah manah dhoging pêking | sipat katon bae kêna | nora luput pangarahe | samêngko pasthi sangsaya | wuwuh awas wasisnya | sanadyan ingsun kang muruk | rumăngsa yèn wus kasoran ||
20. têkarsa sira ayoni | dêstun si wong tanpa ngrasa | dhêmên gawe wirang ingong | Rarasati aturira | inggih yêktos kawula | dèrèng nate asinau | ananging manah kawula ||
21. kadi-kadi yèn kadugi | ulah sanjata mung kadya | putri ing Cêmpala bae | Dananjaya asru nyêntak | pintêre têka ngapa | yèn nora lawan winuruk | Rarasati aturira ||
22. inggih dèrèng anglampahi | winulang nanging kawula | asring ngintip sayêktine | gèn tuwan mulang nyanjata | dhatêng putri Cêmpala | wontên ing taman rumuhun | manah kawula kaduga ||
23. rakite dènnya jêmparing | panyêpêngirèng gandhewa | miwah ta ing pamawase [pamawa...]
--- 313 ---
[...se] | kadugi lamun nelada | mring rakite kang mulang | Dananjaya sigra mundhut | jêmparing lawan gandhewa ||
24. sun dêlênge si kumini | tandange dènnya amanah | dene liwat kumênèse | lah ênya iki gandhewa | lawan panah manaha | arahên wit randhu iku | samono apa ta kêna ||
25. mèsêm Nikèn Rarasati | dènnya nampèni gandhewa | sarta lawan jêmparinge | kênthênge sampun pinasang | ngewahi lungguhira | rêspati pangêmbatipun | gandhewa mawas sanjata ||
26. mèh lumêpas kang jêmparing | cinandhak gandhewanira | Sang Parta lon andikane | dhuh dene parigêl sira | pacak tandang tanduknya | kaya wong wus olèh wuruk | pangêmbatirèng gandhewa ||
27. miwah pamawasirèki | wus nyamlêng mung lungguhira | rada kameringên bae | lawan kamanglungên jăngga | yèku pangincêngira | rada mambu pacak kakung | dudu pacaking wanudya ||
28. ya bênêr nora ngowani | lakune jêmparingira | nanging saru sawangane | pawèstri lamun mêmanah | nganggo pacaking priya | lah tirunên ingsun wuruk | kang nyamlêng pacak wanudya ||
29. mundhut lesan dhoging pêking | terong gêlathik kalawan | rema kinêncang ênggone | pan anèng têngah jinăngka | sinami longkangira | terong lawan dhoging manuk | Sang Parta ngêmbat gandhewa ||
30. mawas jêmparing sarya ngling | lah ta iki tingalana | pamawas ingsun rakite | kang nyamlêng pacak wanudya | dudu pacaking priya | awasna ingkang katiru | wus lumêpas kang sanjata ||
31. terong
--- 314 ---
gêlathik kang pinrih | têngah bênêr ingkang kêna | mêksih tumancêp panahe | nulya malih anyanjata | dhoging kukila kêna | bolong têngah panah laju | dhog katon wutuh kewala ||
32. nulya rema jinêmparing | kêna têngah bênêr sigar | mêksih kêkanthil panahe | Dananjaya angandika | mara sira manaha | tirunên pacakku mau | sarwi ngusapi srinata ||
79. Sinom
1. iku putri ing Cêmpala | durung kongsi sun wuruki | manah rambut mamrih sigar | panahe mêksih kêkanthil | lan manah dhoging pêking | bolong têngah panah laju | nora rêmuk sinawang | lan manah terong gêlathik | jêmparinge mêksih tumancêp kewala ||
2. kang wus sun wurukkên marang | putri ing Cêmpala nguni | bisane mung manah rema | pêdhot nora bisa kanthil | yèn manah dhoging pêking | pasthi kêna nanging rêmuk | mrih bolong durung bisa | yèn manah terong gêlathik | kêna sigar mrih tumancêp durung bisa ||
3. nora kudu sira bisa | manah rambut mamrih kanthil | bisaa papag kewala | kalawan sang rajaputri | wus narima tyas mami | dadi ana sasabipun | gon ingsun wurung krama | duwea kêlik sathithik | mung sêlire bae kang dèn adu lesan ||
4. manah kalawan sang rêtna | bisa pur dênnya jêmparing | lah mara sira manaha | sun awasne sangking wuri | Rarasati nampèni | langkap lan jêmparingipun | lajêng ngêmbat gandhewa | nyamlêng pacaking pawèstri | dangu mawas cinandhak gandhewanira ||
5. mêngko mênênga sadhela | rada kasuwèn sathithik | iku ing pamawasira | yêktine bakal ngowani | mara mawasa maning | yèn wus awor bedhoripun | lan lesan nuli culna | sigra
--- 315 ---
Nikèn Rarasati | ngêmbat langkap wus awor pamawasira ||
6. bedhore kalawan lesan | lumêpas ingkang jêmparing | lesan rambut kang dèn angkah | kêna sigar panah mêksih | nèng rema kanthil-kanthil | Rarasati gya rinangkul | ingaras asru nyêngkah | dhuh priyayi apa iki | têka dadak angregoni wong mêmanah ||
7. kula dugèkne punika | lesan ingkang kantun kalih | bokmanawi mangke lêpat | Dananjaya ngandika ris | dhuh wode ing tyas mami | apuranira sun pundhut | gon ingsun adêduka | kèh-akèh marang sirèki | iya sapa wonge ingkang duwe nyana ||
8. dene dadakan kewala | iya gon ingsun murugi | mung dulu sadhela bisa | angungkuli kang wus lami | gonira anjêmparing | nuli bisa manah rambut | mendah kaul ngong benjang | yèn kalakona sirèki | kongsi bisa angrabèkkên marang ingwang ||
9. ingsun gêmbong pitung dina | anèng sajrone jinêmrik | dèn kongsi nêlaskên karsa | Rarasati maleroki | nora kudu wak mami | ginanjar mangkono iku | namung sok kalakona | sarirane sida krami | ingkang dados panase manah kawula ||
10. mendah dene yèn ajaa | jaba jêrone wus kêni | têka dadak alêlewa | nganggo duwe pasanggiri | mêjanani ngilani | iya marang kang amuruk | satriya Dananjaya | gumujêng ngandika aris | lah ta mara tutugna pamanahira ||
11. ingkang lesan loro ika | Rarasati nêmbah nuli | ngêmbat gandhewa winawas | lumêpas ingkang jêmparing | dhoging kukila pêking | kêna bolong nora rêmuk | nulya malih nyanjata | kêna kang terong gêlathik | têngah bênêr têrus mêksih jêmparingnya ||
--- 316 ---
12. tumancêp satêngah gandar | gya pinondhong sangking wuri | angayang-ayang pinêksa | pangeran mangke rumiyin | bok dèn sarèh ing galih | kirang pintên Soma ngayun | panggih lawan paduka | Kusuma Wara Srikandhi | kawularsa dugèkkên lesan sanjata ||
13. satriya Adananjaya | ngaras sarwi ngandika ris | ya masa kuranga dina | sesuk manèh iya bêcik | sun ngêmping kaul dhingin | binêkta marang jinêmrum | nahan ta ingkang lagya | angêla-êla mring dasih | kawuwusa Rahadèn Drêsthajumêna ||
14. wus prapta sajroning pura | ngarsane sang prabu kalih | Sri Maha Narendra Krêsna | apan ta mêksih ngêntèni | praptanira kang rayi | rahadèn nêmbah umatur | sasolahnya dinuta | miwiti malah mêkasi | dènnya dhawuh mring kang raka Madukara ||
15. katur ing pamoponira | sadaya wus katur sami | wande krama wus tinêmah | wasana ingkang nyagahi | garwanipun paminggir | dinukanan mêksa maju | sagah samăngsa-măngsa | mring kakang bok angêmbari | sami ngabên pangawasaning sanjata ||
16. gumujêng Narendra Krêsna | mring kang paman matur aris | paman aji putra tuwan | sae nuntên dèn dhawuhi | yèn sampun dèn sanggupi | kang dados panuwunipun | matur Natèng Cêmpala | pun bapa wus pasrah yêkti | pan sumăngga ing anak prabu kewala ||
17. inggih ingkang andhawuhna | Sri Padmanaba lingnya ris | hèh yayi Drêsthajumêna | banjura mring tamansari | iya sira sun tuding | dhawuhana bak ayumu | yèn ing mêngko kang dadya | panjaluke dèn saguhi | iya marang kakangira Madukara ||
18. sêlire ingkang kinarya | sasrahan patiba sampir | iya marang bakyunira | sagêndhinge dèn ladèni | ngêndi gone nglêkasi | apa anèng tamansantun | lah iya besuk apa [a...]
--- 317 ---
[...pa] | dènira lesan jêmparing | ing samăngsa-măngsa kene wus samêkta ||
19. radèn tur sêmbah gya mentar | lajêng maring tamansari | wau ta ingkang winarna | Kusuma Wara Srikandhi | lagya siniwèng cèthi | lênggah soring nagasantun | êmban inya nèng ngarsa | sang rêtna ngandika aris | hèh ta biyang kaya pa panduganira ||
20. priyayi ing Madukara | apa bisa anêkani | kang dadi panjaluk ingwang | patiba sampir pawèstri | kang wignya anjêmparing | ngasorna pamanah ingsun | bok êmban matur nêmbah | kados botên sagêd gusti | lah ing pundi inggih gènipun ngupaya ||
21. èstri kadya sang lir rêtna | wignyanipun anjêmparing | wikan yèn ing Ngendraloka | yèn mênggah samining putri | ingkang kasagèng bumi | masa wontêna pukulun | jêmparing lesan rema | ungkur wruh prênahe kêni | sang kusuma mèsêm aris angandika ||
22. hèh biyang aywa gumampang | nora kêna dèn kilani | priyayine Madukara | garwane putri linuwih | lan sêlire kêkalih | bokmanawa wus winuruk | iya marang kang lanang | pangawasane jêmparing | nanging iya sanadyan wusa winulang ||
23. lagi lawase sawarsa | sanadyan wisa rong warsi | ingsun mung samadya căndra | biyang rasane tyas mami | kaduga angungkuli | marang ingkang wus rong taun | malah-malah tyas ingwang | wus kaduga angayoni | mring kang muruk pangawasane sanjata ||
24. dèrèng dugi angandika | kagyat praptaning kang rayi | ingawe majêng mring ngarsa | sang dyah angandika aris | yayi apa tinuding | dene sun dulu agupuh | kang rayi matur nêmbah | inggih kawula tinuding | ing rama ji myang raka Sri Padmanaba ||
25. kinèn dhawuhi paduka | panuwun tuwan samangkin | kakang mas ing Madukara | inggih sampun anyagahi [anyagah...]
--- 318 ---
[...i] | sêlire kang kinardi | patiba sampir pukulun | punika ingkang sagah | ingabên lesan jêmparing | angayoni kangbok sagêndhing paduka ||
26. pangawasane sanjata | nama Nikèn Rarasati | warnanipun yu utama | lan paduka mèh sairib | panthêlênge mêdosi | wau kasagahanipun | gêndhilênge sêmbada | pantês wignya anjêmparing | dhuh kakang bok yèn parêng atur kawula ||
27. bok inggih krama pasajan | sampun mawi kêdhah-kêdhih | inggih asile punapa | yèn kawon ngisin-isini | sagêd tuwan jêmparing | inggih kakang mas kang muruk | ngrika masa wandeya | wus dèn ulig rina wêngi | marma gadhah kandhutan manah kaduga ||
28. sang rêtna rêngu ngandika | lah ta wis aja cariwis | pan wus dadi karêp ingwang | para gone ambalèni | yèku Si Rarasati | nadyan bisa manah lêmut | ingsun masa ulapa | kang rayi umatur aris | yèn saèstu mawi pucunging akrama ||
80. Pocung
1. kangbok nuwun ing pundi kambênganipun | lan benjang punapa | murwani lesan jêmparing | sang rêtna ngling iya nèng taman kewala ||
2. bangsalipun cilik taman kulon iku | bakal gone kana | lan kene sêdhêng dohnèki | tarubana lan wangunên têtuwuhan ||
3. gustinipun sayêktine ika milu | kêkinthil mring taman | sêlire kang dèn botohi | sun wangêni bature ingkang binêkta ||
4. patang puluh aja luwih sangking iku | ingsun gawe padha | lan kèhe parêkan mami | iya patang puluh kêlêbu ni êmban ||
5. bangsal agung kana taman ingkang kidul | iya tarubana | palênggahane rama ji | lawan sira Sang Aprabu Padmanaba ||
6. santanèku nunggala kono gonipun | pêrak gone lesan | waspada dènnya ningali | têngah-têngah lan kene [ke...]
--- 319 ---
[...ne] myang kulon kana ||
7. pasang tarub rêngganên kang sarwa patut | singa kang amanah | maju mring bangsal gonèki | dènnya lêkas têtandhingan manah lesan ||
8. iya besuk Buda Cêmêngan puniku | sêdhêng purnamanya | lêbokna Si Rarasati | ingsun jake lêkas manah ingkang enjang ||
9. lan sirèku matura jêng rama prabu | yèn wus padha lesan | ingsun lan Si Rarasati | bêcik nganggo gamêlan sarta lan surak ||
10. bangsalipun ing kana lawan gon ingsun | bêcik nganggo padha | mangku gamêlan pribadi | tinon ngakèh nora kêmba piniyarsa ||
11. lamun antuk Rarasati panahipun | ya bature kana | dèn rame surakirèki | patang puluh kabèh aloka yèn kêna ||
12. lamun luput ing kana pamanahipun | nora tibèng lesan | ing kene ingkang nyuraki | bocah ingsun parêkan êmban lan inya ||
13. patang puluh kabèh ngêlokna yèn luput | kene ya tan beda | yèn luput pamanah mami | ya bature kana ingkang nyurakana ||
14. patang puluh kabèh dêlokna yèn luput | yèn tumibêng lesan | sakèhe parêkan mami | ingkang surak patang puluh alok kêna ||
15. aturipun kang rayi sarwi gumuyu | kangbok sayêktosan | karsa paduka puniki | tandhing lesan jêmparing mawi gamêlan ||
16. sartanipun surak lir wong ngabên sawung | culipun kambêngan | kakang bok dèn ngati-ati | mêngsah tuwan sawung sampun lig-uligan ||
17. sawungipun wêton Mrapi simpên ampuh |
--- 320 ---
kangbok kula sawang | sêmune pun Rarasati | kadi-kadi katetesan trah kusuma ||
18. kula dulu dede alit wijilipun | sang rêtna ngandika | iya karuhane benjing | gêgitike yèn wis mêtu ing kalangan ||
19. panuwunku yayi aturna sadarum | aja kêkurangan | pangrênggane tamansari | dèn samêkta poma yayi atur ingwang ||
20. awotsantun kang rayi wus pamit mundur | sangking patamanan | wangsul manjing jroning puri | praptèng ngarsanira sang prabu kalihnya ||
21. awotsantun mring Nata Krêsna turipun | lampahnya dinuta | panggih kang raka sang dèwi | panuwune wus ingaturakên samya ||
22. duk angrungu Narendra Krêsna gumuyu | Sang Prabu Drupada | pangandikanira aris | anak prabu paran ing karsa paduka ||
23. nulya Prabu Padmanaba ngandika rum | yayi parentahna | kabèh-kabèh ingkang dadi | panuwune bak ayumu dèn samêkta ||
24. Sang Aprabu Padmanaba pamit sampun | mêdal masanggrahan | Drêsthajumêna tan kari | prapta jawi lajêng dènnya aparentah ||
25. dhawuhipun mring Ki Patih Căndrakètu | lawan pra dipatya | ngrêsiki ing tamansari | lan amangun angrêngga bangsal têtiga ||
26. tarub-tarub kêmbang têtuwuhanipun | wau kang winarna | sang prabu ing Dwarawati | sampun dhawuh mring kang rayi Madukara ||
27. karsanipun putri Cêmpala wus tamtu | ing Buda Cêmêngan | dènira tandhing jêmparing | anèng taman mawi surak lan gamêlan ||
28. wangênipun gawabdi mung patang puluh | ingkang badhe surak | ing benjang [be...]
--- 321 ---
[...njang] nèng tamansari | cinarita satriya Adananjaya ||
29. pan amêsu rong dina dènira jungkung | ing pamulangira | marang Nikèn Rarasati | wus tan owah wignyane dènnya nyanjata ||
30. lan winuruk pratingkahing aprang pupuh | kalamun pinanah | tan kewran dènira tangkis | miwah nyandhak jêmparing lumarab bisa ||
31. myang winuruk ing aji jaya pinunjul | kabèh wus tinampan | Rarasati sampun bangkit | sapraptane ing ari Buda Cêmêngan ||
32. samêkta wus rêrêngganing tamansantun | kang bangsal têtiga | panggènanira jêmparing | tarub-tarub kinêmbang ing têtuwuhan ||
33. Sang Aprabu Krêsna ingaturan sampun | manjing jroning pura | lajêng têdhak tamansari | lênggah munggèng bangsal gêng kang tinaruban ||
34. Pandhusunu Rarasati datan kantun | Radèn Wrêkudara | Gathutkaca lan Sêtyaki | amung bêkta kang ngampil-ampil kewala ||
35. tata lungguh nèng bangsal gêng kang tinarub | sagung pra dipatya | sadaya wus dèn timbali | manjing taman kerid Dyan Drêsthajumêna ||
36. Pandhusunu lawan Rarasati sampun | lan saabdinira | kawan dasa manggèn sami | anèng bangsal alit kilèn kang rinêngga ||
37. samêkta wus gamêlan niyaganipun | miwah bangsal wetan | panggenanira sang putri | pan pinajang-pajang lungsir lir kaswargan ||
38. sri dinulu kinêmbang-kêmbang kang tarub | sang putri Cêmpala | lênggah munggèng kursi gadhing | andhèr ngarsa parêkane kawan dasa ||
39. lesanipun têtiga pinasang sampun | êndhog pêking lawan | rema myang terong gêlathik [gêlathi...]
--- 322 ---
[...k] | kadya saban rema ingkang munggèng têngah ||
40. praptanipun Dyan Drêsthajumêna matur | kangbok kang timbalan | ramanta kangjêng rama ji | kinèn nuntên anglêkasana nyanjata ||
41. dhawuhipun paduka kinèn rumuhun | yèn sampun paduka | gantya Nikèn Rarasati | sang rêtna ngling lah kanthia dhawuhana ||
81. Kinanthi
1. kang rayi tur sêmbah mundur | wangsul ing ngarsa sang aji | sang rêtna nyandhak gandhewa | têdhak sangking kursi gadhing | rêspati sasolahira | ajênge sang rajaputri ||
2. munya gêndhing Ladrang Mangu | wusnya lênggah sa lir Ratih | munggèng taratag wangunan | ginêlaran prangwêdani | lajêng angêmbat gandhewa | kaping tiga dèn kèndêli ||
3. ngewahi pamasangipun | kênthêngnya lawan jêmparing | sarwi ngêluk dêdêrira | sawusnya ingêmbat malih | lambunge kadya pêpêksa | bêsus tangkêpe jêmparing ||
4. nanging mêksih pacak kakung | lênggahnya kapara miring | lawan kamanglungên jăngga | pamawasirèng jêmparing | linêpasakên saksana | dhoging kukila kang kêni ||
5. kataman sanjata sumyur | surak sagung para cèthi | patang puluh alok kêna | wus mundur sang rajaputri | Ladrang Mangu sêsêg niba | sang dyah lênggah kursi gadhing ||
6. surak kèndêl gêndhing suwuk | eram kang samya ningali | sagunging kang pra dipatya | kang munggèng ngarsa narpati | sajêg dèrèng wontên mulat | lesan panah dhoging pêking ||
7. sangking kadohan kadulu | nora luput jinêmparing | prasamya angalêmbana | mring gustinira sang putri | ing wignyanira sang rêtna | tuhu punjul ing sabumi ||
8. lesan [lesa...]
--- 323 ---
[...n] sinalinan sampun | kang wus rêmuk dhoging pêking | bangsal kilèn dhinawuhan | gantya majêng anjêmparing | Sang Dananjaya sasmita | nêmbah Nikèn Rarasati ||
9. têdhak sangking dènnya lungguh | gandhewanira cinangking | sinawung nèng asta kiwa | rinangkêp lawan jêmparing | ajêngnya binarêng lawan | gêndhing Gandrung Mangu muni ||
10. sapraptanirèng têtarub | kèndêl nata silanya ris | tarub gèn pamanahira | ginêlaran prangwadani | lajêng angêmbat gandhewa | pasaja nanging rêspati ||
11. pacak èstri solahipun | sarêngnya angrêspatèni | wus ingêmbat langkapira | winawas lesanirèki | wus awor lumêpas sigra | dhoging kukila kang kêni ||
12. bolong têngah panah laju | sangking doh datan kaèksi | nyana kasrèmpèt kewala | obah ingkang dhoging pêking | tiningalan mêksih wêtah | surak sagung para cèthi ||
13. patang puluh alok luput | suka kêplok-kêplok sami | Rarasati mèsêm ing tyas | nolèh sarwi angêjèpi | mring Lurah Bagong lan Sêmar | tanggap sarêng surak anjrit ||
14. garjita wong patang puluh | anut ing ki lurah kalih | sarêng surak alok kêna | kang wetan suraknya mêksih | arame surak-sinurak | mundur Nikèn Rarasati ||
15. sêsêg gêndhing Gandrung Mangu | wetan kulon surak sami | alok luput lawan kêna | dhinawuhan kèndêl sami | sarêng suwuk kang gamêlan | nulya Prabu Harimurti ||
16. utusan lesan pinundhut | prapta katur ing sang aji | Cêmpala eram tumingal | bolonge kang lesan dening | liwat sangking nora majad | wutuhe lesan dhog pêking ||
17. ingkang pasthi yêkti rêmuk | dhog pêking kênèng jêmparing | satêmah [satê...]
--- 324 ---
[...mah] bolong kewala | pra santana pra dipati | sadaya eram tumingal | muji Nikèn Rarasati ||
18. wasise pamanahipun | tuhu punjul ing sabumi | sandhinge nambungi sabda | punggawa ing Dwarawati | satriya ing Madukara | yèn bab sawiji jêmparing ||
19. wus nora kêna ginayuh | iya sasamaning janmi | wong agung ing Madukara | jêmparingira prasami | duwe graita lir janma | bonggane sang rajaputri ||
20. gurune ingkang amuruk | têka arsa dèn ayoni | mundhak ambêbarang wirang | kasoran mring Rarasati | wau Dyan Drêsthajumêna | wus dinuta andhawuhi ||
21. lan ambêkta lesanipun | praptèng raka matur aris | kangbok kawula dinuta | ing rakanta sri bupati | myang ramanta sri narendra | gèn paduka anjêmparing ||
22. lesan dhoging pêking sumyur | timbalan Sri Harimurti | kangbok kang kinarya andhab | inggih mring pun Rarasati | ing ngrika dènnya nyanjata | lesanipun wêtah mêksih ||
23. nanging têngah bolong têrus | sangking têbih tan katawis | punika kawula bêkta | lesane tuwan tingali | pan amung bolong kewala | botên rêmuk jinêmparing ||
24. sang rêtna tumingal ngungun | dahat merang jroning galih | nanging sinamun ing netya | sarwi gumujêng dènnya ngling | iya yayi wus kasoran | manah lesan dhoging pêking ||
25. ingkang kari loro durung | manawa bisa nusuli | lah ta wis sira matura | kang rayi mundur wotsari | sang rêtna nyandhak gandhewa | muni gêndhing Gonjang-Ganjing ||
26. majêng marang ing têtarub | kèndêl nata silanya ris | lajêng amênthang langkapnya | lumêpas ingkang jêmparing | sapangarahira kêna | tugêl kang terong gêlathik ||
27. kang nginggil mêksih gumantung | kang ngandhap tumibèng siti | gumêr suraking pawongan | mundur sang raja pinutri [pi...]
--- 325 ---
[...nutri] | munya sêsêg gêndhing niba | wusnya lênggah kursi gadhing ||
28. surak kèndêl gêndhing suwuk | kilèn sampun dèn dhawuhi | gantya majêng anyanjata | nulya Nikèn Rarasati | majêng anyangking gandhewa | munya gêndhing Gambirsawit ||
29. praptèng têngahing têtarub | lênggah nata silanya ris | lajêng amênthang gandhewa | lumêpas ingkang jêmparing | kras kêndhone winantara | kang terong gêlathik kêni ||
30. têngah bênêr bolong têrus | kèndêl jêmparinge mêksih | tumancêp satêngah gandar | nèng lesan terong gêlathik | surak wadya Madukara | mundur Nikèn Rarasati ||
31. gêndhing sêsêg lajêng suwuk | Dyan Drêsthajumêna prapti | ngarsane raka turira | kakang bok kasoran malih | gèn paduka anyanjata | tugêl kang terong gêlathik ||
32. sapalih mêksih gumantung | kang sapalih tibèng siti | ing ngrika dènnya nyanjata | bolong jêmparinge mêksih | tumancêp satêngah gandar | kangbok kasor kantun wasis ||
33. sang rêtna ngandika rêngu | iya wus narima mami | gon ingsun kasoran lesan | dhog pêking terong gêlathik | kari siji pêpungkasan | lesan rambut kang kawuri ||
82. Pangkur
1. ing kono wus karampungan | sor unggule ingsun lan Rarasati | yèn wus padha manah rambut | lah wis sira matura | mring jêng rama ingkang rayi pamit mundur | sang rêtna nyandhak gandhewa | têdhak sangking kursi gadhing ||
2. majêng marang tarub têngah | sarêng munya kang gêndhing Găndasuli | lajêng mênthang langkapipun | winawas gya lumêpas | angênèni tugêl ingkang lesan rambut | giyak sagunging pawongan | surake gumuruh
--- 326 ---
atri ||
3. patang puluh alok kêna | mundur sangking tarub sang rajaputri | gêndhing sêsêg lajêng suwuk | sarêng kèndêl kang surak | bangsal kilèn apan dhinawuhan sampun | Rarasati majêng sigra | Dananjaya lingira ris ||
4. sapisan iki pungkasan | sun rewangi ngêdên dèn ngati-ati | kari siji manah rambut | Kèn Rarasati nêmbah | nyandhak langkap mudhun sangking dènnya lungguh | majêng maring tarub têngah | gêndhing Calunthang munya sri ||
5. lajêng mênthang langkapira | wus lumêpas jêmparing angênèni | sigar ingkang lesan rambut | mêksih sanjatanira | kanthil-kanthil anèng lesan datan runtuh | giyak wadya Madukara | gumuruh surake atri ||
6. patang puluh alok kêna | mundur sangking tarub Kèn Rarasati | gêndhing sêsêg lajêng suwuk | Radèn Drêsthajumêna | sampun prapta ngarsane raka umatur | dhuh kangbok ingkang timbalan | ramanta kangjêng rama ji ||
7. lan raka Sri Padmanaba | kangbok kandhap awasipun jêmparing | tugêl ingkang lesan rambut | ngrika sigar kewala | kanthil-kanthil jêmparinge mêksih gandhul | kasor tuwan kaping tiga | inggih têtêp kawon wasis ||
8. dhawuhipun jêng ramanta | kangbok kinèn manjinga jroning puri | sampun anèng tamansantun | benjang ing Soma ngarsa | linajêngkên panggih paduka pukulun | lan kakang mas Madukara | jangji paduka wus kêni ||
9. botên kenging yèn selaka | duk miyarsa Rêtna Wara Srikandhi | ingkang rayi aturipun | jaja bang winga-winga | wus tan kêna sinayutan dukanipun | ginagas meranging driya | ringas pasuryanirandik ||
10. ya wus kasor manah ingwang | nanging mêksih ana kari sawiji | iya ing punagèningsun | kang durung kalampahan | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | prang tandhing panah-pinanah | yèn nyata
--- 327 ---
Si Rarasati ||
11. bisa ngasorkên maringwang | sakarsane jêng rama sun lakoni | aja ingkang Soma ngayun | nadyan samêngko iya | pan sandika sakarsane rama prabu | kinèn mawongan marana | yèn durung karuhan yayi ||
12. luware pêpanggil ingwang | aprang tandhing lawan Si Rarasati | angadu tosing bêbalung | yêkti ingsun lênggana | yèn pinaripêksa lawan rama prabu | dhawuhkên duka maringwang | pira larane wong mati ||
13. lah ta wis sira matura | mring jêng rama mangkono atur mami | kang rayi sidhakêp jêtung | langkung èmêng tyasira | amiyarsa kang raka timbalanipun | dadya matur angrêrêpa | ragi sêndhu nanging ririh ||
14. dhuh kakang bok kadyaparan | dene mawi pasanggiri nusuli | jangji ngajêng inggih namung | manah lesan têtiga | mangke têka mawi garêndhèl ing pungkur | nusuli gadhah panêdha | punagi dolanan pati ||
15. angajak panah-pinanah | ngabên tosing balung wulêding kulit | dede pabênan satuhu | punagining akrama | ingkang kadi karsa paduka puniku | angajak panah-pinanah | singa tiwas angêmasi ||
16. ing ngrika masa sukaa | kangmas Madukara kang darbe sêlir | punapa ingkang binuru | upama nurudana | yèn paduka kasoran sayêkti lampus | punapa ngrabèni bathang | yèn kasor pun Rarasati ||
17. kenging panah yêkti pêjah | wurung rabi malah sêlire mati | utawi yèn nganti sampyuh | têmbung kopar-kapiran | wus kelangan sêlir bakal bojo lampus | dhuh kakang bok [bo...]
--- 328 ---
[...k] kadang ingwang | dununging sêmbah ngong yêkti ||
18. apan botên wontên adat | putri adi kangbok cidra ing jangji | tan sae pinanggihipun | yèn kangbok anglajêngna | ing karsane kang kadya punika wau | kang pasthi botên narima | kakang mas ing Judhipati ||
19. lan pun Arya Gathutkaca | watak kaku rêmêne kêdhag-gêdhig[12] | wong kinarya alêlucu | yêkti sangêt krodhanya | dhuh kakang bok wêlasa mring rama ibu | utawi dhatêng kawula | sang rêtna ngandika wêngis ||
20. sira iku bocah apa | wong dikongkon cangkême acariwis | masa ta mundura ingsun | marga ing aturira | yèn kasuwèn mêngko sun panah matamu | Rahadyan Drêsthajumêna | myat dukane kang raka jrih ||
21. mundur sarwi garundêlan | praptèng ngarsanira sang prabu kalih | ngaturkên saaturipun | ingkang raka sang rêtna | nênggih dènnya nusuli panuwunipun | sri narendra ing Cêmpala | miyarsa duka tan sipi ||
22. jaja bang mawinga-winga | gya rinapu mring Prabu Harimurti | paman aji sampun-sampun | krodha duka ing putra | pun Srikandhi punika ing dukanipun | sae tinurut kewala | yayi Drêsthajumêna glis ||
23. iya banjura kewala | panjaluke bakyumu Si Srikandhi | kapriye wangsulanipun | kakangmu Si Janaka | Radèn Drêsthajumêna tur sêmbah mundur | bangsal kilèn sampun prapta | umatur saha wotsari ||
24. kakang mas kula dinuta | ing rakanta Sang Prabu Harimurti | dhawuhkên panuwunipun | inggih [ing...]
--- 329 ---
[...gih] rayi paduka | kakang êmbok ing mangke nusuli atur | jêmparing lesan têtiga | wus kasor sadaya sami ||
25. kakang bok sampun narimah | kasoripun nanging kantun satunggil | nênggih ing pêpanggilipun | kang dèrèng kalampahan | ngabên wulêding kulit tosing bêbalung | prang tandhing panah-pinanah | lan bakyune Rarasati ||
26. yèn ngriku sagêd ngasorna | mring kakang bok sakarsanta anglampahi |[13] sampun kang ginarwa tuhu | dados èndhèl parêkan | pan sumaos sakarsa tuwan pukulun | nadyan ari Soma ngarsa | samangke dhatêng nglampahi ||
27. nanging yèn dèrèng kantênan | kasoripun ing prang tandhing jêmparing | lan bakyu kang anèng pungkur | kakang bok sru lênggana | dhinaupkên lawan paduka pukulun | prasêtya datanpa krama | wahdat praptèng nini-nini ||
28. utawi pinaripêksa | mring jêng rama yêkti lampu ngêmasi | lah punika aturipun | kados pundi paduka | ing wangsulan tuwan kang pasthi pinundhut | mring raka Sri Padmanaba | sagah lan botênirèki ||
29. satriya Adananjaya | duk miyarsa gumujêng dènira ngling | lah wis-uwis ariningsun | nora kudu akrama | dudu padon mangkono pamundhutipun | prang tandhing panah-pinanah | uwis-uwis yayi uwis ||
30. mung pamitêna kewala | mring sang prabu ingsun mêtu saiki | sangking tamansari banjur | mulih mring Madukara | ing saduka-dukane pan ingsun suwun | lan aturna sêmbah ingwang | katura sang prabu kalih ||
31. aran wus karsaning dewa | ingsun durung jinodho lan sang putri | mulih isin wus sun pupus | Rarasati miyarsa | de sang putri Cêmpala [Cêmpa...]
--- 330 ---
[...la] pamundhutipun | yayah kadya binêranang | tyase tan nêdya ngunduri ||
83. Durma
1. dhuh pangeran lamun makatên kewala | pamundhute sang putri | kawula pan sagah | inggih angladosana | sagêndhinge prang jêmparing | nadyan rukêta | inggih kula kêmbari ||
2. Dananjaya nolèh wuri asru nyêntak | wis asu aja muni | cangkêmu gumampang | pan dudu jêjalukan | pasanggiri rêbut pati | asile apa | angur muliha aris ||
3. ingsun nora kudu krama sangking sira | marga dolanan pati | si calak caluthak | apa asoroh badan | maju kono bosah-basih | bangkemu basah | ajur dening jêmparing ||
4. Rarasati tur sêmbah nadyan ajura | sampun kula andhêmi | pan sakêthi merang | lamun kula mêdala | ngunthul sangking taman ngriki | luhung pêjaha | aprang lawan sang putri ||
5. Dananjaya langkung kaku ing wardaya | binungkêm Rarasati | iki cangkêm apa | dene mangap kewala | apa lambene sun iris | marine mênga | lah wis payo dèn aglis ||
6. lah dhisika mêtua ing jaba kana | aja kèh sira pikir | wirang-wirang apa | apan ta dudu sira | ingkang nora sida rabi | isin lan wirang | sun andhêmi pribadi ||
7. lah wis-uwis payo ta mulih kewala | Rarasati ambêngkis | nadyan kang tinantang | inggih dede paduka | dhumatêng sang rajaputri | apan kawula | kang ingajak prang tandhing ||
8. praptèng pêjah pan inggih dede paduka | kawula kang ngêmasi | lamun padukarsa | kundur inggih kundura | kawula kantun pribadi | ngladosi ing prang | tandhing lawan sang putri ||
9. Dananjaya asru dènnya têbah jaja | sangking kakuning galih | Dyan Drêsthajumêna | nêmbah sru aturira | dhuh kakang mas kadipundi [kadipu...]
--- 331 ---
[...ndi] | dene grêjêgan | bak ayu wus nyagahi ||
10. têmah kangmas ngêkahi sarta dêduka | paran ta ingkang pasthi | mangke tur kawula | Sang Parta èmêng ing tyas | ngandika sarwi ngesahi | sira taria | ingsun aja miyarsi ||
11. Rarasati nulya matur mring rahadyan | matura ing sang aji | yèn kawula sagah | latah Drêsthajumêna | inggih bakyu inggih-inggih | mangke kawula | ingkang matur sang aji ||
12. pan ing mangke matane kangbok kewala | dika sipat jêmparing | wuwuh kaul kula | lamun kangbok kasoran | sanadyan kadang pribadi | tyase tan kaprah | langkung ngakokkên ati ||
13. sigra wangsul wau Dyan Drêsthajumêna | praptèng ngarsa wotsari | matur mring kang rama | sasolahe dinuta | yèn Rarasati nyagahi | tinandhing ing prang | lan kakang bok kadugi ||
14. wau kangmas sangêt kêkah botên suka | nanging pun Rarasati | dinukanan mêksa | majêng ing sagahira | prang tandhing sami jêmparing | nadyan rukêta | ing prang sagah ngêmbari ||
15. sru gumujêng Narendra Krêsna ngandika | iya banjura yayi | mring bakyumu kana | lamun wus sinaguhan | iya mring Si Rarasati | dènira karya | pasanggiri prang tandhing ||
16. nêmbah mundur Rahadyan Drêsthajumêna | bangsal wetan wus prapti | alon aturira | nèng ngarsane kang raka | dhuh kabok[14] dèn ngati-ati | pamundhut tuwan | pan sampun dèn sagahi ||
17. mring pun Rarasati prang tandhing sanjata | sakarsanta ngladosi | dhuh kangbok tur kula | bok bibaran kewala | sampun mawi kêdhah-kêdhih | lamun paduka | lumuh-lumuh sayêkti ||
18. mring kakang mas kawula [kawu...]
--- 332 ---
[...la] ingkang matura | yêkti tan dados runtik | saene punapa | ing wong dolanan pêjah | manah kawula kuwatir | miyat dènira | sagah pun Rarasati ||
19. kadya wêsi ingêluk-êluk tan kêna | sa dyah ngandika wêngis | dhasar wus sun sêdya | tandhing padha prawira | hèh ta dhawuhna dèn aglis | gamêlan ingwang | ing mêngko yèn wis muni ||
20. ingsun mijil kana nuli nimbangana | mêtu gamêlan muni | ing prang anganggoa | panah lesan kewala | kang rayi mundur wotsari | mring bangsalira | kilèn wus dèn dhawuhi ||
21. Rarasati lan sang rêtna sarêng dènnya | ngrasuk kaprabon jurit | endhonge sinandhang | ngiwa gandhewa samya | acancut singsêt mathinthing | pantês kalihnya | wangun putri prajurit ||
22. sang dyah mijil gamêlan munya angangkang | bangsal kilèn nimbangi | muni Sobrang barang | mijil sarêng lan surak | wus ayun-ayunan kalih | sawang-sinawang | ngiwa gandhewa sami ||
23. sêdhêng dohe dènira samya mrih papan | satibane jêmparing | yayah lir kinêmbar | warnane kang tandhing prang | kalihe ayu linuwih | lir Wilutama | tandhing prang lawan Ratih ||
24. prabu kalih sarêng têdhak dènnya lênggah | jumênêng satêpining | tarub palênggahan | myang sagung pra santana | pra dipati dhodhog sami | langkung marmanya | mulat kang arsa jurit ||
25. Dananjaya sèwu maras sèwu susah | tambuh solahing jurit | nora têgêg mulat | mring kalih kang tandhing prang | sakêthi sangking kuwatir | yèn ta sampuna | ajrih Sri Harimurti ||
26. Rarasati kadya linarak-laraka |
--- 333 ---
sinêndhal sangking wuri | sagung kang pawongan | lan wadya Madukara | kang surak sadaya sami | arawat waspa | wau ta kang ajurit ||
27. sang dyah ngawe sasmita kèn dhinginana | Rarasati nulya glis | mênthang langkapira | jêmparing wus lumarap | tinangkis gandhewa gadhing | sang rênta gantya | jêmparing gya tinangkis ||
28. ing gandhewa lajêng mênthang langkapira | lumarap kang jêmparing | praptane cinandhak | tinikêl gya binuwang | gantya wau anjêmparing | cinandhak kêna | tikêl binuwang aglis ||
29. sarêng salin raras sarêng anyanjata | pur pupug papak sami | sanjata suh sirna | larape kang warastra | lir sêsiring kilat thathit | marma kang samya | mulat tingkahing jurit ||
30. kalihira wasis miwah awasira | tan ana kang kasilib | wus dangu dènira | aprang lancaran panah | gantya nyandhak gantya tangkis | yèn sarêng culnya | papag sami jêmparing ||
31. dangu-dangu kaledhon panangkisira | Rêtna Wara Srikandhi | gandhewane pagas | sinipat ing sanjata | tumamèng jaja sang putri | kantêp tan pasah | mung badhonge kang sêbit ||
32. langkung merang yayah kadi tanpanon rat | narik patrêmira glis | Rarasati mulat | nimbangi sigra buwang | gandhewa patrêm tinarik | paran-pinaran | kumêsar kang ningali ||
33. kalihira kantun gapyuke kewala | nulya Sri Harimurti | anyandhak sang rêtna | Sang Parta gurawalan | gya nyandhak mring Rarasati | sapih kalihnya | ingundurakên sami ||
34. sang kusuma grêjêgan anjrit karuna |
--- 334 ---
kang raka ngarih-arih | lah wis aja aja | sêdhêng samene uga | ing wong ngluwari punagi | lamun luwiha | ilang manisi[15] putri ||
84. Dhandhanggula
1. pan kantaka sang raja pinutri | lajêng binêkta manjing jro pura | pawongan gumêr tangise | bubar sadayanipun | mêdal sangking ing tamansari | wau ta sang lir rêtna | wungu pungun-pungun | èngête sangking kantaka | sang dyah wangsul têdhak tamansari malih | kang ibu nulya prapta ||
2. ngrangkul putra sarwi ngandika ris | nini lakuningsun pan dinuta | mring wong tuwanira anggèr | anodhi mring sirèku | karêpira ingkang sayêkti | samêngko ingkang dadya | panjalukira wus | kalakon sadayanira | miwah lesan jêmparing lan aprang tandhing | wus kêna jangjinira ||
3. nora kêna selak sri bupati | yèn wus dadi parênge tyasira | ing Soma ngarsa dadine | dhinaupkên sirèku | lan Ki Parta karsa sang aji | ewadene yèn sira | nini bangêt lumuh | dhaup lan Si Dananjaya | wus tinanggung mring Sang Prabu Harimurti | ing kana wus narima ||
4. ingkang putra sang dyah matur aris | botên ewah ibu tur kawula | rumiyin dalah samangke | panêdha kawula mung | pasanggiri lesan jêmparing | mangkya wus kalampahan | inggih luwaripun | panêdha kula tinêkan | lesan panah miwah prang tandhing jêmparing | ibu atur kawula ||
5. botên wontên putri cidrèng jangji | sampun mênggah kang kinarya garwa | sanadyan inggih ginawe | garwa paminggiripun | sayêktine kula lampahi [la...]
--- 335 ---
[...mpahi] | kang ibu duk miyarsa | kang putra rinangkul | ya mangkono putraningwang | mendah baya ing mêngko sukaning galih | ramanira sang nata ||
6. wus kariya anèng tamansari | ingsun matur mring sudarmanira | pramèswari kundur age | praptèng ngarsa sang prabu | pramèswari matur wotsari | saature kang putra | sadaya wus katur | sang nata kalangkung suka | sigra dènnya parentah marang apatih | miwah marang kang putra ||
7. asanega samêktane kardi | panggihira sang rêtna kalawan | satriya Madukarane | myang rênggane têtarub | ing jro pura lan păncaniti | kunêng malih winarna | nênggih tamansantun | kusuma putri Cêmpala | lênggah anèng botrawi siniwèng cèthi | êmbanira dinuta ||
8. sira biyang sebaa dèn aglis | iya mring wong agung Madukara | yèn parêng lêga galihe | abdine ingsun suwun | mring jro pura Si Rarasati | ngladènana maringwang | anèng jro kadhatun | lah biyang nuli mangkata | lan pêthukên lêbune Si Rarasati | rong puluh kang pawongan ||
9. apan iya sêlire kêkasih | saksat garwa rêngganên nèng marga | êmban sandika ature | sangking ngarsa wus mundur | lawan upacara sapalih | pawongan kang ambêkta | wau kang winuwus | satriya Adananjaya | nèng pakuwon duk lênggah siniwèng dasih | Sêmar Bagong nèng ngarsa ||
10. kagyat mulat pawongan kèh prapti | gumarêdêg sartane ambêkta | pacara rajakaputrèn | nikèn êmban tumundhuk | praptèng ngarsa matur wotsari | gusti lampah kawula |
--- 336 ---
dinuta pukulun | ing ari sang rêtnaning dyah | pan anuwun abdi ta Kèn Rarasati | tinimbalan mring taman ||
11. ngladosana ing ari sang dèwi | sakarsane prapta ari Soma | punika upacarane | kang sapalih pukulun | pinêthukên abdi ta gusti | sampun kuciwèng marga | mangke lampahipun | Dananjaya mèsêm ing tyas | sarwi nolih ngandika mring Rarasati | sirèku tinimbalan ||
12. mring gustimu sang raja pinutri | kaya ngapa iya aturira | Rarasati tur sêmbahe | pintên-pintên pukulun | sinaruwe marang ing gusti | mugi tuwan parina[16] | Sang Parta lingnya rum | iya dèn bisa kewala | angladèni sun karya patiba sampir | nuli sira dandana ||
13. hèh Sucitra iringna pribadi | arinira lakune nèng marga | munga lan jajaran bae | aja anggawa tandhu | pira dohe ing tamansari | Sucitra tur sandika | Rarasati sampun | nêmbah mundur sangking ngarsa | Dananjaya têdhak angatêr ing kori | ningali lampahira ||
14. Rarasati pinayungan putih | ginarêbêg rong puluh pawongan | sakawan bêktane dhewe | nênggih parêkanipun | Sang Kusuma Banoncinawi | pan rare sêsêngkêran | warnanya yu-ayu | binêktakkên mring Cêmpala | munggèng ngarsa wor pawongan ingkang sami | angampil upacara ||
15. jajarane waos rolas sisih | mantri patang puluh wurinira | Arya Sucitra tindhihe | dhêdhangah apêpayung | ing samarga-marga pan dadi | tontonan lampahira | têpine marga gung | jêjêl tan [ta...]
--- 337 ---
[...n] kêna piniyak | jalu èstri ting balêbêr ingkang kari | akèh kang tinggal karya ||
16. tilar jăntra ingkang lagya ngantih | ingkang lagya adang tinggal dandang | kang ngliwêt tinggal kandhile[17] | ingkang ngangsu tinggal jun | kang nusoni tinggal bêbayi | kêmbêne kuleweran | nora ketang-ketung | susune sunonggèng[18] ngasta | pan kasusu prêlu dènira ningali | kang sawênèh wanudya ||
17. ngêmban anak dènira ningali | praptanira pinggiring dêdalan | gumuyu ngliling anake | milua bapakamu | yèku ingkang pêpayung wilis | ana kang nyablèg anak | lah milua gupuh | iya marang ibunira | kang ginrêbêg ing ngarsa pinayung putih | pangantèn ngêndi baya ||
18. dene dharat lumaku sarimbit | eman-eman pantêse kalihnya | nungganga jaran bêcike | wadone munggèng tandhu | kang wus wikan alon nauri | dudu pangantèn anyar | yèku patihipun | satriya ing Madukara | kang dèn iring iku garwane paminggir | kang dèn adu nèng taman ||
19. manah lesan rambut dhoging pêking | terong gêlathik sang dyah kasoran | iku sun wêruh pêrake | iya nora sri gunung | nyata lamun ayu linuwih | sairip lan sang rêtna | ing pasêmonipun | iku gumyahing pawarta | palihane Kusuma Banoncinawi | anake Ăntagopa ||
20. juru sawah ing Madura nguni | kang anggadhuh Sang Rêtna Sumbadra | miwah kang raka kalihe | Sri Baladewa Prabu | myang Sri Krêsna ing Dwarawati | anake Ăntagopa | amung loro iku | Patih Udawa kang
--- 338 ---
tuwa | wuragile iku Nikèn Rarasati | nanging panduganingwang ||
21. dudu Ăntagopa kang nètèsi | iya baya mambu trah kusuma | sun sawang ana tèmpèle | iku kêkuwungipun | lir trênggana angingkis ratri | layak sang dyah kasoran | prang tandhing lan iku | galak ulate wus samya | lan sang rêtna pawakan ramping tarincing | pantês wantêring driya ||
22. tan wus wuwusên ingkang ningali | pan lamlamên samya ngalêmbana | mangkana prapta lampahe | Kèn Rarasati sampun | lajêng manjing ing tamansari | wangsul Patih Sucitra | lan sakancanipun | wau ta sajroning taman | sang kusuma wus têdhak sangking botrawi | mêthuk ing praptanira ||
23. Rarasati ginrêbêg pra cèthi | pan kinanthi marang nikèn êmban | sang rêtna gupuh angawe | Rarasati tumundhuk | praptèng ngarsa mêndhak wotsari | sang dyah angrangkul sigra | sarwi ngandika rum | lah ta yayi basaningwang | marang sira sun ngambil kadang sayêkti | iya kadang taruna ||
85. Sinom
1. iya milu raganingwang | mring kangbok Banoncinawi | pamundhute marang sira | ingakên kadang sayêkti | lir tunggal yayah bibi | dhasare palihanipun | aywa ta sira beda | pangagêpira[19] ing mami | lawan marang kakang bok gawenên padha ||
2. dene sagung kaluputan | ingkang wus kalakon yayi | padha binuwang kewala | salin pikir ingkang kari | gone bakal ngladèni | yèn salamêt marang kakung | ingsun yayi tuduhna | kang dadi wadining laki | lan kang dadi parênge iya tuduh |[20]|
--- [339][21] ---
[...]
--- 341 ---
3. [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] sira |[22] nênggih ing panggihirèki | catur dina Sri Krêsna sampun anduta ||[23]
4. Radèn Arya Gathutkaca | ingkang tinuduh dhingini | tur uninga mring Ngamarta | dados salampahirèki | radèn amung pribadi | mêsat ing gêgana ngayuh | wadyanira tinilar | ing wuri samêkta sami | enjing badhe budhale Narendra Krêsna ||
5. angundhuh pangantènira | ing dalu datan winarni | enjingira wus samêkta | Narendra Krêsna wus pamit | lan pangantèn kêkalih | nêmbah marang rama ibu | Radèn Drêsthajumêna | nênggih kang kinèn umiring | mring Ngamarta lan sapalih pra dipatya ||
6. panganjur têngara budhal | bala wil ing Pringgadani | Ki Patih Brajamikalpa | ingkang anindhihi baris | umyung kêndhang saruni | ing wuri ingkang sumambung | wadyabala Cêmpala | pra dipati kang nindhihi | munggèng wuri Rahadyan Drêsthajumêna ||
7. nitih rata nawa rêtna | nulya wadya Dwarawati | Radèn Arya Wrêsniwira | ingkang anindhihi baris | nulya upacarèstri | jêmpana ingkang sumambung | titihane sang rêtna | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajurit kapraboning prang ||
8. wadyabala Madukara | ingkang sumambung ing wuri | Sri Maha Narendra Krêsna | lawan ingkang rayi nunggil | nèng jroning rata manik | ing wuri ingkang sumambung | mungkasi wuri pisan | wong agung ing Judhipati | mandhi gada adharat sawadyanira ||
9. samarga dadya tontonan | lampahing baris tulya sri | sabên saupacara bra | sagung ingkang pra dipati | ingkang samya [sa...]
--- 342 ---
[...mya] nindhihi | pangkat-pangkat lampahipun | prapta jawining kitha | wus lêpas lampahing baris | kari tistis nagari Cêmpalarêja ||
10. lir kuncatan ing sêsotya | kunêng kang mêksih nèng margi | gantya malih kawuwusa | satriya ing Pringgadani | kang dinuta dhingini | margèng gêgana prapta wus | nagari ing Ngamarta | tumamèng ngabyantara ji | ngraup pada rinangkul lungayanira ||
11. wus kinèn lênggah nèng ngarsa | dinangu matur wotsari | lamun dinuta kang uwa | Sang Aprabu Dwarawati | kinèn atur udani | raharjane lampahipun | marang nagri Cêmpala | dhawuhing pangandika ji | mring kang paman linajêngakên kewala ||
12. pinaringkên putranira | ing têmah dadosing jurit | lan Prabu Jungkungmardeya | miwah duk nèng tamansari | dènnya lesan jêmparing | praptèng prang tandhinganipun | wus katur sadayanya | sasolah tingkahirèki | nèng Cêmpala tan wontên kang kakirangan ||
13. inggih sapêngkêr kawula | rakanta ing Dwarawati | budhal lan sawadyanira | sangking Cêmpala nagari | sang prabu duk miyarsi | mèsêm ing tyas sigra dhawuh | mring Nangkula Sadewa | miwah marang pramèswari | asanega samêktanira ing karya ||
14. badhe pangantèn praptanya | Kusuma Banoncinawi | wus linilan kundurira | sanega dalêmirèki | dènnya badhe nampèni | pangantèn ing kunduripun | Madukara Ngamarta | [...] | wus samêkta antara ing tigang dina ||[24]
15. rawuh kang sangking Cêmpala | Sang Aprabu Harimurti | ngambah rêratan nagara | tinata lampahing baris | sagunging pra dipati | ing sapangkat-pangkatipun | tuwin para [pa...]
--- 343 ---
[...ra] santana | sabên saupacara sri | ingkang nitih rata myang kang munggèng kuda ||
16. busêkan wadya sapraja | kayungyun tyasira sami | ing rawuhe gustinira | satriya Madukara di | suka-sukanya ngênting | dene nguni angkatipun | maring nagri Cêmpala | sapraja sami prihatin | bokmanawa gustine manggih dêduka ||
17. satêmah rawuh raharja | malah antuk boyong putri | Wara Srikandhi kabêkta | marma sukanya tan sipi | yayah kadya punagi | tyase kang wadyabala gung | jêjêl têpining marga | jalwèstri ingkang ningali | pan kasmaran ing rawuhe gustinira ||
86. Asmaradana
1. tan wus sukanira sami | punagi ing gustinira | sangking kayungyun rawuhe | miwah srining lampahira | ingkang sangking Cêmpala | cinêndhak sadaya sampun | praptèng alun-alun samya ||
2. wadya gung anganan ngering | amèt go tata barisnya | ramya gumuruh swarane | Sang Aprabu Yudhisthira | wus mijil pagêlaran | jêmpana ing praptanipun | linajêngakên mring pura ||
3. rawuh Prabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | têdhake sangking ratane | anèng têpining taratag | Sang Prabu Yudhisthira | mring raka sigra tumundhuk | ngrêrêpa nyandhak astanya ||
4. mèsêm sasmitanira ji | matur raharjaning lampah | Sri Krêsna latah gujênge | karasa rarasing karsa | dènnya sarèh sumarah | mring Cêmpala pasrahipun | sapaekanira kêna ||
5. pangancase nora sisip | dènnya mirapêt rêrênggang | gumrèwèl kêna putrine | nulya kalih kanthèn asta |
--- 344 ---
aris ing lampahira | pra santana grêbêg pungkur | sapraptanirèng jro pura ||
6. tata lênggahira sami | anèng madyaning pandhapa | wus aglar sêsaosane | asrining ang[25] pasugata | tan ana kêkurangan | samya dhaharan anutug | miwah sang narpa dayita ||
7. dhaharan lawan kang rayi | luwar sangking ing sungkawa | Kèn Rarasati sagêde | akarya sukane samya | anggung dènnya gujêngan | cucuding mêmanisipun | gumêr gujênge pawongan ||
8. kang anèng ing păncaniti | pra dipati tinimbalan | angladosi ing karamèn | wadya gung wus sinêgahan | tan ana kêkurangan | gumuruh ing alun-alun | cinatur ing tigang dina ||
9. sang prabu ing Dwarawati | dènnya mong sukaning driya | mring kang rayi sadayane | tan pêgad suka drawina | suka anutug suka | ing sawuse tigang dalu | anèng nagari Ngamarta ||
10. Prabu Padmanaba pamit | kundur maring prajanira | budhal sawadyabalane | miwah putra ing Cêmpala | lan Radèn Gathutkaca | budhalan sawadyanipun | mantuk maring prajanira ||
11. nulya enjingipun malih | satriya Adananjaya | sampun linilan pamite | kundur sarta lan kang garwa | marang ing dalêmira | kang umiring lampahipun | Radèn Nangkula Sadewa ||
12. ing samarga mêksih dadi | tontonan ing lampahira | tan wus sukaning wadya kèh | kang mulat ing gustinira | cinêndhak srining marga | ing Madukara wus rawuh | têdhake sangking jêmpana ||
13. samana Wara Srikandhi | Rarasati tan kêna sah | kinanthi kiwa astane | Kusuma Wara Sumbadra | mêthuk nèng paringgitan | Wara Srikandhi tumungkul | nêmbah anungkêmi pada ||
14. cinandhak astanirèki | kinanthi binêkta lênggah | nèng madyaning dalêm gêdhe | Rarasati
--- 345 ---
mêksih dènnya | datan sinung pisaha | acakêt dènira lungguh | wuri rada keringira ||
15. Sulastri munggèng wurining | gustine Rêtna Sumbadra | kapara rada kanane | angglar sagunging pawongan | Rêtna Wara Sumbadra | mèsêm angandika arum | hèh yayi putri Cêmpala ||
16. ingsun pasrah ing sirèki | jroning dalêm Madukara | tampanana saisine | lan sapawongane pisan | sira kang bakonana | aja sumêlang maringsun | lair batin wus narima ||
17. momong mring sutanirèki | lan ngawat-awati sira | iya saka wuri bae | barang parentahe priya | sira kang nampanana | ingsun darma dadi sêpuh | amung titip bocahira ||
18. Rarasati lan Sulastri | kanthinê[26] nèng wurinira | amung yèn ana lupute | dèn agung aksamanira | miwah wêwulangira | karana bocahirèku | karo pisan pan ugungan ||
19. durung pati ingsun prêdi | tabsilanirèng wanudya | marma ing tandang tanduke | kurang tabsilaning krama | mung wanine kewala | nanging yayi lowung-lowung | kanthinên wuri kewala ||
20. Sulastri lan Rarasati | myarsa linge gustinira | samya tumungkul kalihe | miwah sagunging pawongan | wau putri Cêmpala | Wara Srikandhi anjêtung | kakênan tyasira kadya ||
21. rêmêk rêntah tibèng siti | marêbêl mijil waspanya | èsmu karuna ature | dhuh sang dewane wanudya | kangbok gusti kawula | sarambut pinara sèwu | botên andarbèni cipta ||
22. kumawawa ambawani | kadya ingkang pangandika | ing nguni dalah samangke | prapta ulun Madukara | nêdya angèstupada | mring paduka nut ing tuduh | kadya yayi kalihira ||
23. Sulastri lan Rarasati | ngamping-ampingi paduka | worên [worê...]
--- 346 ---
[...n] dèn atêmah layon | lamun gadhahana cipta | lyan sangking sapunika | Wara Sumbadra lingnya rum | witning lamun mangkonoa ||
24. prasêtyanta yayi dèwi | nêdya ngambil kadang tuwa | marang ingsun lamis bae | yèn sira tan nampanana | marang ing pasrah ingwang | yèn anggêp ingsun satuhu | yayi dèwi marang sira ||
25. kadang sayayah sabibi | praptèng don aja sulaya | lêbur luluha wong loro | angladèni marang priya | duk sira durung prapta | iya bocahira iku | karo pisan pan ugungan ||
26. aling-aling anampani | barang parentahing priya | ingsun jangkung wuri bae | ing mêngko wus ana sira | wajibe mêngko sira | wêrana ling-aling ingsun | Wara Srikandhi miyarsa ||
27. sumungkêm ing pada kalih | dhuh kangbok inggih sandika | ulun nglampahi sapakon | lêbura awor lan kisma | sarambut tan suminggah | mangkana pawonganipun | bêbêktan sangking Cêmpala ||
28. kawan dasa dongong sami | mulat ing Wara Sumbadra | miyarsa pangandikane | kadya tumètèsing kilang | jawil-jinawil samya | dene mau ingsun dulu | warnane babag kewala ||
29. lawan gustiku sang putri | mung kacèk ruruh lan ladak | mêngko basa suwe-suwe | ayune sangsaya prapta | miwah mêmanisira | cahyane gumrêmêt muncul | kêkuwunge kang wadana ||
30. ngasorkên rêsmining sasi | soring wiyat ngêndi ana | putri kang kaya mangkene | sandhinge nambungi sabda | mendah sira mulata | nguni duk pangantènipun |
--- 347 ---
rinêngga dening busana ||
31. ingayap kang para cèthi | ayune mijil sadaya | miwah sêdhêp mêmanise | kang sinimpên kabèh prapta | kalumut ing sarira | cahya kêkuwunge rawuh | mulêg sênêning kang cahya ||
32. jro kadhaton Dwarawati | saksat rinênggèng markata | para putri surêm kabèh | kang dadya pangarihira | garwa Hyang Kamajaya | wartane guruning ayu | apsari Ngendrabawana ||
33. ingkang aran Dèwi Ratih | parandene nora bisa | ngasorake putri kuwe | ing warna miwah kang cahya | malah-malah kapara | Dèwi Ratih kari ruruh | kurang mocung ing wanudya ||
87. Pocung
1. tan wus lamun winuwus kang samya muwus | pawongan Cêmpala | idung-idungên prasami | ngalêmbana mring Rêtna Wara Sumbadra ||
2. ya ta wau kang karamèn pandhapa gung | Radèn Dananjaya | nyugata mring rayi kalih | lan punggawa Ngamarta dhèrèk sadaya ||
3. pan sadalu dènira bujana nutug | wadya Madukara | prajurit kang para mantri | lir punagi sukane anutug suka ||
4. dènnya wau mêntas unggul ing prang pupuh | gustine akrama | Kusuma Wara Srikandhi | ingkang măngka boyongan ing kundurira ||
5. enjangipun Dyan Nangkula Sadewèku | kundur dalêmira | kang kantun karamèn malih | cinarita satriya Adananjaya ||
6. suka dulu garwanira ingkang sêpuh | dene wus tan ana | labêde rênguning galih | nênggih dènnya nampèni putri Cêmpala ||
7. tangkêpipun wus tan măntra [mă...]
--- 348 ---
[...ntra] lamun maru | wu[27] saengga kadang | tunggil sayayah sabibi | miwah putri Cêmpala tansah bêktinya ||
8. sungkêmipun mring kang garwa sakalangkung | anrus ing wardaya | luwih sangking ibu sori | lêbur luluh sapakone linampahan ||
9. sang dyah sampun pinatah panggenanipun | nèng kamar kang wetan | Kusuma Banoncinawi | kamar kilèn wau pasareyanira ||
10. sêliripun kêkalih sami sih lulut | mring putri Cêmpala | basane sami anggusti | nanging putri Cêmpala yayi basanya ||
11. kalihipun pan inganggêp kadang tuhu | marmanya sih samya | runtut datan walangati | dene sungkêmira mring Wara Sumbadra ||
12. katrinipun sungkême kadya mring ibu | dènira mrih gungan | nanging ing batin anggusti | luwih sangking mring wong agung ajrihira ||
13. tuhu lamun winongwong ing jawata gung | Rahadèn Janaka | tinutug karsanirèki | sinatriya wibawa ngluwihi raja ||
14. lamun nuju siniwi ing para arum | garwa kalih jajar | tan têbih nèng kanan kering | munggèng kanan Kusuma Wara Sumbadra ||
15. Sang Dyah Ayu Srikandhi nèng keringipun | Rarasati ngarsa | jajar lan Nikèn Sulastri | ngêpalani garwa paminggir sadaya ||
16. patang puluh pêpingitan ayu-ayu | andhèr wuri ngarsa | pawongan parêkan cèthi | êmban inya wurine garwa kalihnya ||
17. sêliripun kalih sami kaduk purun | mring Radèn Arjuna | tan măntra garwa paminggir | luwih sangking purune garwa kalihnya ||
18. nyiwêl pupu jiwiti wêtise[28] purun | lamun gêgujêngan [gê...]
--- 349 ---
[...gujêngan] | nyablèg bêngkis maleroki | angosoa ing atur purun kewala ||
19. mangke sampun radèn putra yuswanipun | dungkap tigang warsa | sêdhênge ambêbêlêri | mring kang ibu gungane kalintang-lintang ||
20. siyang dalu agêgêndhil mring kang ibu | ginanti tan arsa | mring Sulastri Rarasati | miwah marang kang ibu putri Cêmpala ||
21. radèn sunu sinaputan kang jinaluk | dadine sangsaya | kang jinaluk solan-salin | kang wus ana tinampik jaluk tan ana ||
22. ramanipun wêlas ing garwa duk dulu | dadya gung pêpara | misaya kidang myang kancil | jaring pêksi jăntra mikat masang kala ||
23. kunêng wau kang bêbêdhag ing wana gung | gantya kang winarna | nênggih Ngastina nagari | Prabu Suyudana kang tansah sungkawa ||
24. icalipun Dyan Burisrawa rumuhun | nguni saundurnya | sangking nagri Dwarawati | sipêng wana ing dalu nis kesahira ||
25. kang tinuduh ngupaya dèrèng kapangguh | Korawa Ngastina | myang prajurit para mantri | kesah dhatêng nênggih kang samya ngupaya ||
26. tan kapangguh lingsêm mring garwa sang prabu | Rêsi Dhanyang Druna | tansah binobot ing budi | aturipun lamun ing tawang kawula ||
27. icalipun rayi paduka pukulun | kados mêksih gêsang | dèrènge sagêd kapanggih | dèn alingi dhatêng dewane kewala ||
28. jêr puniku kusuma rêmbêsing madu | wijiling atapa | prasêtyane dèn têmêni | lamun botên kadhatêngan sêdyanira ||
29. merang mantuk suka matiyèng wana gung | ing mangke wus nyata | kapati dènnyambêk pati | yèn kusuma
--- 350 ---
malah dadi tapanira ||
30. anglêlampus sayêkti tan botên lampus | jêr rinêksèng dewa | prayogi tuwan nimbali | raka tuwan Sang Adipati Ngawăngga ||
31. tuwan pundhut budine ingkang satuhu | sayêkti tan kewran | rakanta sang adipati | angupaya icale pun Burisrawa ||
32. wau lamun Karna langkung gunanipun | ajur-ajèr bisa | măndraguna sura sêkti | wicaksana sumbaga pratamèng baya ||
33. yèn rinuruh inganggal botên kapangguh | icale arinta | sawêg piningit dewa di | kêdah-kêdah dèn upaya wong kang guna ||
34. sang aprabu mituhu ing aturipun | sigra kèn amatah | caraka marang Sangkuni | angaturi kang raka Dipati Karna ||
35. kang tinuduh mundhi sêrat mêsat gupuh | prapta ing Ngawăngga | sêrat katur sang dipati | tinupiksa bêbukane kang nawala ||
36. kadriya wus Narapati Karna gupuh | angundhangi bala | siyoga kaprabon jurit | wus samêkta budhal sangking prajanira ||
37. tan winuwus ing marga lampahira wus | prapta ing Ngastina | kèndêl anèng păncaniti | katur marang Sang Aprabu Duryudana ||
38. praptanipun Dipati Ngawăngga wau | lajêng tinimbalan | manjing salêbêting puri | Narapati Karna andhandhang ing karya ||
--- [0] ---
[...][29]
1 | Kurang satu suku kata: wus ngawaki ajurit. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: sami manêngah. (kembali) |
3 | Prakêmpa. (kembali) |
4 | Kurang dua suku kata: yèn gustine angawaki ajurit. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: iya pranga dhewe sesuk. (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: ingkang sun karya ganjaran. (kembali) |
7 | nganggo. (kembali) |
8 | kasêngsêm. (kembali) |
9 | Kurang satu gatra: ke-3 (8a). (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: lawan putri Cêmpala. (kembali) |
11 | anggêr. (kembali) |
12 | gêdhag-gêdhig. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: mring kakang bok sakarsanta nglampahi. (kembali) |
14 | kangbok. (kembali) |
15 | manising. (kembali) |
16 | paringna. (kembali) |
17 | kêndhile. (kembali) |
18 | sinonggèng. (kembali) |
19 | panganggêpira. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata, dan sebaiknya guru lagu a: lan kang dadi parênge iya tuduhna. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang hilang. (kembali) |
21 | Halaman 339 dan 340 hilang. (kembali) |
22 | Kurang lima suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang hilang. (kembali) |
23 | Kurang enam gatra: ke-1 (8a), ke-2 (8i), ke-3 (8a), ke-4 (8i), ke-5 (7i), dan ke-6 (8u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang hilang. (kembali) |
24 | Kurang satu gatra: ke-8 (8i). (kembali) |
25 | kang. (kembali) |
26 | kanthinên. (kembali) |
27 | wus. (kembali) |
28 | wêntise. (kembali) |
29 | Ada empat halaman kosong. (kembali) |