Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 16–32)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 33–50). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 51–68). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 69–86). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 67 ---

16. Sinom

1. sang rêtna rêngu ngandika | sirèki apa dalêming | kaya ta dudu satriya | bok rada dèn idhêp ngisin | elinga yèn putraning | Natèng Mandraka pinunjul | sarjana parikrama | pêputra têka mêtoni | pêncul gêcul dhêdhugalan pêponcolan ||

2. sanadyan dudu satriya | măngsa na kaya sirèki | brăngta nora tulus brăngta | ngame tan tulus dalêming | bêrabah baribèni | lacutmu kabacut-bacut | sun iki liwat merang | yèn ngrungu solahirèki | ujarira lara brăngta mring Sumbadra ||

3. dene pijêr jêg-ujêgan | gojèk buron rina wêngi | lan èstri panglipur rolas | sanadyan silih wong cilik | pêkathik tan duwèni | solah tingkah lir sirèku | prandene kudu brăngta | marang Dyah Banoncinawi | putri adi kaloka ing tri bawana ||

4. ayu jêtmika sêmbada | pasang limpat ing lêlungit | iku kang dadi tyasira | kajaba ana ron aking | kêlêm anèng ing warih | lan watu itêm tumimbul | lah iku bokmanawa | katêkan sêjanirèki | sun wantara dèn palaur praptèng pêjah ||

5. aja mungguh Si Sumbadra | putri pinunjul ing bumi | putri sawiyah kewala | yêkti dèn pilaur mati | kalapa mring sirèki | yèn ngrungu solahirèku | kajaba mung wong ala | kang wus lènjèh nyundêl anjing | jêjaragan gêlêm kalap marang sira ||

6. Burisrawa duk miyarsa | saya sru dènira nangis | dhuh kang bok sampun dêduka | lêhêng pêjahana mami | tuwêkên sapuniki | urip tan samèng tumuwuh | tumuwuh tan kuwawa | nandhang brăngta lami-lami | barang ingkang katingalan ing kawula ||

--- 68 ---

7. mung katon Wara Sumbadra | paran ta gène anglali | sampun cumanthèl nèng netra | gumantung tungtunging ati | linggih kadya sumandhing | lumaku katon tut pungkur | barang kang sun ucapna | kalintu wêdaling angling | andalêming sambat ing Wara Sumbadra ||

8. dhuh kang bok sintên kuwawa | kadya raganingsun iki | nandhang lara sèwu brăngta | ing siyang dalu kaèksi | sotya Banoncinawi | wus kumantung nèng jêjantung | dhuh kang bok yèn paduka | miwah kakang sri bupati | botên kolu nguntapkên pêjah kawula ||

9. namung tuwan lilanana | nyuwun pamit sapuniki | kesah ing saparan-paran | ngupaya margane pati | sang rêtna duk miyarsi | angrês ing tyas ngandika rum | mulane marènana | solah tingkahira yayi | kang dhugalan pêpocalan gal-ugalan ||

10. kakangira sri narendra | ing mêngko wus anuruti | marang ing panuwunira | karsane sadina benjing | dèn aturakên yayi | sira marang kakang Prabu | Mandura pan ing kana | kadang kang tuwa pribadi | ingkang wajib duwèni purba wisesa ||

11. marang kadange wanudya | dene kang kinèn umiring | mring sira para santana | saparo kaprabon jurit | pangirid paman patih | sarta gawa layangipun | kakangira sang nata | masrahkên marang sirèki | dèrèng dugi kang raka dènnya ngandika ||

12. Radyan Arya Burisrawa | miyarsa sakala lali | anèng ngarsane kang raka | sangking sukane tyasnèki | èstri panglipur siji [si...]

--- 69 ---

[...ji] | cinandhak pinondhong gupuh | kinudang nèng êmbanan | rinungrum ingarih-arih | pan pinindha Kusuma Wara Sumbadra ||

13. pramèswari duk tumingal | merang sungkawa tan sipi | palarasan kundurira | saparêkane tan kari | wus praptèng dalêm puri | ing ngarsanira sang prabu | katur sadayanira | solah tingkahe kang rayi | sri narendra gumujêng sarwi ngandika ||

14. yayi aja sira duka | marang ing arinirèki | têka nêngêna kewala | besuk pan mari pribadi | yèn wus kalakon panggih | lan kang dadi brangtanipun | balik sira mikira | gawane arinirèki | ingkang pantês kanggo marang Si Sumbadra ||

15. kang arupa rajabrana | myang raja kaputrèn yayi | aja kongsi kêkurangan | pèni-pèni rajapèni | saananing jro puri | sang dyah sandika turipun | kunêng sajroning pura | ing dalu datan winarni | enjangipun ing jawi sampun samêkta ||

16. kang samya siyogèng wadya | Kurawa ingkang sapalih | sakapraboning ayuda | myang wadyane kyana patih | sampun samêkta sami | angglar anèng alun-alun | sagunging pra sêntana | miwah rêkyana apatih | munggèng ing srimanganti saos jêmpana ||

17. Dhanyang Druna sampun prapta | wau ta sajroning puri | Radyan Arya Burisrawa | apan sampun dèn timbali | prapta ngarsanira ji | nangis anungkêmi suku | sang prabu angandika | lah ta wis mênênga yayi | nora bêcik satriya agung karuna ||

18. ila-ilane wong kuna | adoh lan dewane yayi | sinuda lêgsananira | ilang yuwananing jurit | gonyèh kulite pasthi | lan gêtas bêbalungipun [bêbalung...]

--- 70 ---

[...ipun] | lah ta payo dandana | yayi ing sadina iki | sun aturkên sira marang ing Mandura ||

19. dene yayi kadangira | Kurawa ingkang sapalih | sun kon ngatêrake sira | pangiride paman patih | anggawa layang mami | katur kakangira Prabu | Mandura poma-poma | mung dèn bisa sira yayi | mèt galihe kakangira ing Mandura ||

20. kana kang duwe wisesa | kadang kang tuwa pribadi | marang arine wanudya | ing besuk sira yèn prapti | nèng Mandura ngarsa ji | age ngrungkêbana suku | tangisira dèn bisa | sambata kang mêlasasih | lamun durung mêtu kasanggupanira ||

21. mundhut ing Wara Sumbadra | marang nagri Dwarawati | aywa sira lunga-lunga | têka ing padane kalih | ngêsrahna pati urip | Paman Druna aturipun | wus padhang têrawangan | panêgêse jro sêmadi | pasthi kêna Si Sumbadra dening sira ||

22. sira nungganga jêmpana | aywa nunggang jaran yayi | badanira bangêt rusak | mênèk kontrak anèng margi | payo sun atêr jawi | gya kinanthi astanipun | kanan sri naranata | pramèswari munggèng kering | sampun rawuh srimanganti kèndêl nulya ||

23. jêmpana sumaos ngarsa | Dhanyang Druna ngrangkul aglis | marang Radèn Burisrawa | dhuh-dhuh sutaningsun gusti | dene kapati-pati | rusake angganirèku | aja sira sumêlang | ing salakunira kaki | pan wus pasthi kênane Wara Sumbadra ||

24. sun sawang padhang gumawang | nora na ngalang-alangi | kulup ing salakunira | mung dèn bisa bae benjing | amèt galihirèki | rakanta Mandura Prabu | angrungkêbana pada | dèn bangêt tangisirèki | sambatira dèn akèh dèn mêlasarsa ||

--- 71 ---

25. ingsun jurung puja măntra | wus têlas wêlingirèki | miwah wêlinge narendra | mring Patih Arya Sêngkuni | wus têlas wanti-wanti | Burisrawa nêmbah sampun | minggah marang jêmpana | budhal sangking srimanganti | sri narendra kundur manjing dalêm pura ||

26. lawan pramèswarinira | wau ta ingkang lumaris | nèng alun-alun têngara | tinata lampahe baris | Rahadyan Durmagati | lawan Durmaka[1] panganjur | salawe pra santana | kang pinatah mênganjuri | Senapati Radèn Arya Drusasana ||

27. munggèng ngarsane jêmpana | ing wuri Arya Sêngkuni | lan sêlawe pra santana | saengga binayangkari | Burisrawa mongkèstri | jêmpana titihanipun | lanange Drusasana | nèng ngarsa munggèng turanggi | kadya ngarak pangantèn yudakênaka ||

17. Pangkur

1. kunêng kang lagya lumampah | wontên kocap ratu kalih nagari | apan sarêng lampahipun | lan Ngamarta Ngastina | myang ing Dwarawati nging gantya winuwus | paran ta gène nyarêngna | carita gangsal nagari ||

2. sayêkti kinarya gantya | dene ingkang kocap ratu kêkalih | kang satunggal prajanipun | nênggih ing Ngambarmuka | Prabu Kaladênta sudira dibya nung | ing aprang têguh wêntala | tan ana braja nêdhasi ||

3. sêmbadane sugih bala | kang satunggal nagari Garbaruci | rêksasa raja pinunjul | Sang Prabu Sindhunggarba | gung aluhur prakosa ing aprang pupuh | balane tanpa wilangan | kèh punggawa sura sêkti ||

4. cinatur kalih narendra | Ngambarmuka lawan ing Garbaruci | supêna sarêng sadalu | sami supênanira | jroning nendra katingal samya kramantuk | Kusuma Wara Sumbadra | putri kadang Dwarawati ||

5. sawungunira anendra [a...]

--- 72 ---

[...nendra] | ratu kalih samya nandhang wiyadi | brăngta ing supênanipun | tan antuk dhahar nendra | siyang dalu wuyungan gênging kang wuyung | tan ana malih kacipta | namung supênanirèki ||

6. pêpatih punggawanira | samya sêdhih mulat ratunirèki | lênglêng ing supênanipun | dadya sami mêmarta | sangking nagri liyan samana wus antuk | pawarta sangking wong dagang | lamun nagri tanah Jawi ||

7. wontên ratu binathara | angadhaton praja di Dwarawati | Narendra Krêsna pinunjul | darbe kadang wanudya | mêksih kênya Sumbadra pêparabipun | diwasa dèrèng akrama | pinarbutan ing para ji ||

8. wusnyantuk warta mangkana | patih kalih matur ratunirèki | langkung sangking sukanipun | sang prabu kalihira | de wus nyata ênggène supênanipun | sigra sami karya sêrat | pêpatihe kang tinuding ||

9. ngaturakên sêratira | marang Nata Krêsna ing Dwarawati | sami nglamar têmbungipun | marang Wara Sumbadra | muni lamun tinampan panglamaripun | saisine prajanira | pèni-pèni rajapèni ||

10. guru bakal guru dadya | dèn aturkên marang sang raja putri | dèn angsua kaya banyu | rajabrana rong praja | dèn usunga sajong miwah sapêrau | lamun kurang amundhut |[2] sasrahan pitung nagari ||

11. sayêktine yèn tinêkan | dene lamun panglamare tinampik | ratu kalih nora wurung | nêkani saha bala | nagri Dwarawati dèn dadèkkên awu | sipat lanang tinumpêsan | pawèstrine dèn boyongi ||

12. kadya wus karsaning dewa | langkung têbih lête nagri kêkalih | Garbaruci prênahipun | kidul wetan Ngamarta | Ngambarmuka lèr Ngamarta prênahipun | sanès jinis ratunira [ratu...]

--- 73 ---

[...nira] | manungsa lawan rasêksi ||

13. sajêge tan sarawungan | nagrinira sami êlêt jaladri | wus karsane jawata gung | kinarya lêlampahan | dene dènnya supêna sarêng sadalu | lawan supênane samya | krama putri Dwarawati ||

14. wungune sarêng kewala | antuk warta prasamya antuk warti | sarêng sadina dènnyantuk | miwah dènnya utusan | apan samya pêpatihe kang dèn utus | angkate sarêng sadina | sangking ing prajane sami ||

15. saengga lir sasêmayan | sarêng praptanira ing tanah Jawi | ya ta wau lampahipun | Ki Patih Amănggarba | pan kaparêng anèng ing marga kapêthuk | lawan gêgaman Ngastina | ditya bala Garbaruci ||

16. bêbênêr nunjang kewala | kagyat bala Ngastina aningali | tinunjang ditya malêduk | pangarsane sasaran | ngungsi wuri Arya Drusasana dulu | lan para ari sadaya | krodha gatgadèng ajurit ||

17. angimpun laruting bala | maras mulat Arya Patih Sangkuni | marang ngarsa gupuh-gupuh | ngambêngi marang putra | mêngko-mêngko aja na rêbut dêlanggung | si buta anggawe beka | panggahana tanpa kardi ||

18. ngrêregoni wong lumampah | lah ta payo padha nyimpang wanadri | wusnya ngling ki patih gupuh | dhingini saha bala | nyimpang wana kang kari mawur malêdug | nututi rêkyana patya | samya nyimpang mring wanadri ||

19. ditya wus lajêng lampahnya | ambêbênêr tan ana kang angungsir | Kurawa Ngastina dulu | ditya lajêng kewala | kang kapisah Kurawa wus samya ngumpul | wangsul malih ngambah marga | ginêlak lampahe baris ||

20. nèng marga datan winarna | pan cinêndhak lampahira wus prapti | nagri Mandura wus katur | mring Prabu Baladewa | lamun wontên dêdamêl Ngastina [Ngasti...]

--- 74 ---

[...na] rawuh | pangiridipun ing lampah | Rêkyana Patih Sêngkuni ||

21. lampahe mundhi nawala | kathah para santana kang umiring | sakapraboning prang pupuh | lan bêkta rajaputra | ing Mandraka jêmpana titihanipun | Radèn Arya Burisrawa | sangêt dènnya nandhang sakit ||

22. sri bupati duk miyarsa | langkung kagyat sigra dènnya nimbali | Patih Pragota prapta wus | kinèn lajêng mêthuka | marang duta Patih Ngastina kang rawuh | Rêkyana Patih Pragota | budhal sawadyanirèki ||

23. ing wuri Sri Baladewa | wus busana mijil ing păncaniti | putra kêkalih nèng ngayun | Wisatha lan Wilmuka | pra dipati Mandura jêjêl supênuh | wau lampahe Pragota | wus panggih Arya Sêngkuni ||

24. dhinawuhan lajêng budhal | manjing kutha ing alun-alun prapti | swaraning bala gumuruh | sagunging pra sêntana | myang ki patih mudhun sangking kudanipun | Radèn Arya Burisrawa | dèn jagani kanan kering ||

25. sangking risaking sarira | lampahira kadya rêbah nèng margi | Arya Sêngkuni tumundhuk | ing ngarsa sri narendra | ngaturakên sêrat tinampanan sampun | Sri Bupati ing Mandura | sakala ngadêg ngurmati ||

26. dènira nampèni sêrat | sawusira lênggah ing dhampar malih | Sêngkuni wus kinèn lungguh | mèh jajar lan sri nata | pra sêntana samya ngabêkti kumrubut | marang Prabu Baladewa | sawusira kinèn linggih ||

27. tata munggèng ngarsa angglar | namung Arya Burisrawa kang maksih | nangis anungkêmi suku | kinèn lênggah tan arsa | Prabu Baladewa anggarjitèng kalbu | sigra dènnya buka sêrat | sinukmèng tyas nawung brangti ||

18. Asmaradana

1. wus putus [putu...]

--- 75 ---

[...s] pamaosnèki | sri bupati ing Mandura | kadya jinait galihe | miyarsa raosing sêrat | sangking pangrêpanira | jroning nawala kalangkung | Sang Aprabu Duryudana ||

2. lawan Rêtna Banowati | miwah ramèbu Mandraka | panangis sarta pasrahe | wagêde Pandhita Druna | lawan rêkyana patya | mangun langêning kang têmbung | pangrampung tambanging driya ||

3. pamlimpinge langkung ramping | panglarasirèng ukara | pangêsah ngasih-asihe | pamêla pamêlasarsa | pamulut pamiluta | pangêla-êla mangêlus | pangêrês-êrês pangrêpa ||

4. kadya rêntah tibèng siti | tyase Prabu Baladewa | mangu ing sakala supe | mring ari Nata Pandhawa | sampun dadya ubaya | pinacang wus pasthi dhaup | lan ari Wara Sumbadra ||

5. lan wus kathah potangnèki | karyane mring kang sarira | lan wus dadya kudangane | kang rama Parta Sumbadra | pinacang alit mila | kawratan sihe ramèbu | ipe miwah paripehan ||

6. kênèng mêmanising tulis | gumujêng sarwi ngandika | Burisrawa kalingane | sira iku lara brăngta | marang ing kadangira | Si Sumbadra sira jaluk | dene ta nora kayaa ||

7. warnanira nganti salin | wus saksat sawang kunarpa | lara sawarsa padhane | mung kari gagra kusika | rusake angganira | lah wis luguha[3] riningsun | sarèhna subrangtanira ||

8. sun pikire ingkang bêcik | luwih-luwih bêgjanira | lamun wus pasthi jinodho | sira lawan Si Sumbadra | yêkti gampang kewala | yèn ana pakewuhipun | sira yayi narimaa ||

9. karana arinirèki | Si Sumbadra wus diwasa | nganggo tinari sarate | duk larene wus pinacang | lawan Si Dananjaya | kongsi mêngko durung dhaup | iya sangking Si Sumbadra ||

10. kang nora [no...]

--- 76 ---

[...ra] gêlêm nglakoni | wus liwat têka antara | kaliwat-liwat wangkote | ingsun wus tan bisa mêksa | lan yayi Dwarawatya | dene lupute riningsun | narimaa ing tyasira ||

11. ingsun kang saguh nglironi | yayi sira pilihana | putri tanah Jawa kabèh | miwah ratu tanah sabrang | iya masa kuranga | kang duwe putri pinunjul | yèn kurange beyanira ||

12. bakyumu Si Erawati | karyanên tukon sasrahan | ingsun kang dhodhok lawange | Burisrawa duk miyarsa | pangandikane raka | saya sru panangisipun | dhuh kakang prabu kawula ||

13. lintunên para apsari | adining Ngendrabuwana | Ratih myang Rarasatine | yèn dede Wara Sumbadra | wahdat datanpa krama | dhuh pukulun kakang prabu | sêksinên atur kawula ||

14. yèn tuwan tan arsa galih | dhaup kawula kalawan | kang dadya brăngta wirage | Kusuma Wara Sumbadra | gêsang asil punapa | pan kawula amit lampus | suduk jiwa sapunika ||

15. wontên ngarsa paduka ji | Sêngkuni nambungi sabda | punika sampun adate | sabên kinèn krama liyan | wontên nagri Ngastina | makatên sêsauripun | mila rayi padukendra ||

16. langkung pêgêl ingkang galih | Drusasana nambung sabda | sarwi anampèl wêtise[4] | ana kene ana kana | wong iki ora beda | gone bêrung andalurung | yèn ingsun aja wêdia ||

17. mring kakang bok pramèswari | wong iki wus katandangan | sun odhèt-odhèt wadhuke | Burisrawa sru karuna | dawêg kakang sumăngga | sokur patènana ingsun | sang prabu mênggah ngandika ||

18. dalanane awak mami | yèn nora kèndhêm kèrêma | mulat warnamu mangkene | lan myarsa sêsambatira | hèh paman putra dika | Kurawa aywa na kantun | sadaya [sada...]

--- 77 ---

[...ya] kawula bêgta ||

19. lajêng dhatêng Dwarawati | kula paman mangkat enjang | pun Burisrawa badhene | kula brukakên kewala | mring rayi Padmanaba | Kurawa sarêng umatur | pukulun inggih sandika ||

20. sang prabu ngandika malih | hèh Pragota wong Mandura | kang sun gawa mung saparo | prajurit lan pra dipatya | sêparo tunggu pura | sira kang milu maringsun | Si Prabawa kang kariya ||

21. lan karo gustinirèki | Si Wilmuka lan Wisatha | tugura marang ibune | kabèh padha dèn prayitna | kang kari ing nagara | padha asaosa tugur | karana ing lakuningwang ||

22. kaya wus nora kuwatir | kanthi lawan gustinira | Kurawa Ngastina kabèh | wus padha samêktèng yuda | yèn nêmonana karya | kaya-kaya wus barukut | kang rumêksèng raganingwang ||

23. hèh paman Arya Sêngkuni | lamun krodhane Pandhawa | pan botên kawula raos | pan namung putra andika | ing Dwarawati paman | lêgaa ing galihipun | kula tatêdha ing dewa ||

24. anuta sakarsa mami | myang putranta pun Sumbadra | kalamun wontên wangkote | kenginga kawula pêksa | Sêngkuni lon aturnya | wêlinge arinta prabu | ing Ngastina mring kawula ||

25. miwah mring arinirèki | yèn paduka manggih karya | kinèn nglabuhana kabèh | tumpêsa ngarsa paduka | Drusasana tur sêmbah | dhuh pukulun kakang prabu | yèn krodhanipun Pandhawa ||

26. sampun sumêlang ing galih | ari paduka sadaya | panggihêna nèng ngarsane | lêbura awor lan kisma | yèn ing karsa paduka | ajura dèn kumur-kumur | sarambut datan suminggah ||

27. sang prabu ngandika aris | iya yayi sun tarima | kabèh-kabèh prasêtyane | paman andika asoa | lan putranta sadaya | pasowan ing alun-alun | sadaya wus tinaruban ||

28. enjang [e...]

--- 78 ---

[...njang] dèn samêkta sami | putranta pun Burisrawa | dimèn panggih lan bakyune | kawula bêkta mring pura | sadaya tur sandika | sang prabu jêngkar ngadhatun | bubar sagung kang sewaka ||

29. Kurawa makuwon sami | pasowan kang tinaruban | sangkêp sawadyabalane | lubèr marang pagêlaran | gunging bala Kurawa | wau ta ingkang ngadhatun | Sri Bupati ing Mandura ||

30. Rêtna Dèwi Erawati | rinangkul lungayanira | Burisrawa ariningong | rusak têmên raganira | yayi lara pa sira | sri narendra ngandika rum | yayi dèwi arinira ||

31. larane anandhang brangti | mring arinira Sumbadra | kongsi mangkono rupane | lah ta iki kang nuwala | yayi Prabu Ngastina | wacanên dangiyahipun | manise ingkang ukara ||

19. Dhandhanggula

1. pramèswari nêmbah anampèni | sêratipun pan lajêng binuka | sinuksmèng jroning galihe | putus pamaosipun | mèsêm sarwi matur wotsari | ing mangke kadiparan | inggih lajêngipun | arinta pun Burisrawa | karsa tuwan sang prabu ngandika aris | sun yayi benjang ènjang ||

2. budhal marang nagri Dwarawati | arinira Burisrawa lawan | Kurawa sun gawa kabèh | dene ta karsaningsun | yayi prabu ing Dwarawati | tămpa nora tămpaa | arinira iku | ingsun brukakên kewala | kaya-kaya yayi Prabu Dwarawati | lamun bangêt sun pêksa ||

3. ngrasa nome sayêkti tan wani | nanggulangi ing pamêksaningwang | kang garwa alon ature | pun Janaka pukulun | paran dadosipun ing mangkin [mangki...]

--- 79 ---

[...n] | kalawan pun Sumbadra | dene nguni sampun | paduka angarsa-arsa | ing panggihe wasana tuwan anggalih | dhatêng pun Burisrawa ||

4. Prabu Baladewa ngandika ris | baya-baya wus karsaning dewa | pinasthi dudu jodhone | pan nora kurang bagus | Si Janaka warnanirèki | ping pira gonku mêksa | myang pamêksanipun | yayi Prabu Padmanaba | Si Sumbadra tyase datan keguh mêksih | durung arsa akrama ||

5. sabên-sabên arsa sun angkati | ing têmune têka nuli ana | ingkang dadi pangkalane | nora pindho ping têlu | sasi ngarêp iki tyas mami | duwe kalêthêk arsa | mikir dhaupipun | dene wus dadya ubaya | têka nuli arinira iki prapti | panangise maringwang ||

6. lamun nora kalakona panggih | lawan arinira Si Sumbadra | pratignya suka patine | nora kêna linipur | lah ta paran goningsun suthik | nyatane pan kawogan | katêmpuh ing sêpuh | sun timbang boting tyas ingwang | Si Janaka lan Si Burisrawa yayi | abot Si Burisrawa ||

7. lah wis aja akèh sira pikir | namung rewangana anênêdha | iya marang dewa bae | muga arinirèku | jinurunga nuline panggih | kalawan Si Sumbadra | ing salakuningsun | bisaa banjur kewala | ing dhaupe yayi Prabu Dwarawati | anuta sarèh ingwang ||

8. aywa ana kang ngalang-alangi | pramèswari iku arinira | Si Burisrawa awake | liwat ing rusakipun | sangking bangêt anandhang brangti | bonyonên găndawida | lawan jêbat arum | lan rambute kramasana | bangêt gimbal dimène rêsik sathithik [sathithi...]

--- 80 ---

[...k] | aja kaya rêksasa ||

9. pramèswari gumujêng wotsari | Burisrawa anulya binêkta | mring dalêm pura kaputrèn | binonyo jêbat arum | rema gimbal dèn kêramasi | ing dalu tan winarna | enjangira sampun | samêkta kang pra dipatya | ing Mandura sakapraboning ajurit | miwah sagung Kurawa ||

10. adhingini dènnya ngrakit baris | langkung suka sagung pra santana | dènnya anata balane | jêjêl nèng alun-alun | tan kêna wor sagunging baris | lubèr marang pamedan | miwah lurung-lurung | sadaya jêjêl gêgaman | pra dipati kang samya nindhihi baris | miwah kang pra santana ||

11. ya ta wau salêbêting puri | Prabu Baladewa wus busana | sakapraboning prang kabèh | makutha abra murub | Burisrawa sampun kinanthi | binêktèng pagêlaran | obah kang wadya gung | sang prabu lênggah ing dhampar | pan anganti budhale sagunging baris | Kyana Patih Pragota ||

12. dhinawuhan têngara nulya glis | budhal wadyabala ing Mandura | pra dipati sadayane | ingkang dadya panganjur | rikat sêsêg lampahing baris | têlas bala pangarsa | sri narendra gupuh | angawe titihanira | agêming prang dipăngga gêng ulês putih | nama pun puspadênta ||

13. sang aprabu têdhak sigra nitih | nanggala lugora agêming prang | kamot ing dipăngga kabèh | sumrêg pangayapipun | mantri jro kang samya kinati | trahing adon sadaya | gumulung

--- 81 ---

kadya lun | tumundhung matundha-tundha | sagung bala Kurawa sumambung wuri | kadya robing samodra ||

14. Radèn Arya Burisrawa mêksih | anitihi ing jêmpananira | Arya Sangkuni ngarsane | kinubêng ing wadya gung | para mantri ingkang jajari | wus praptèng jawi kitha | bala gung gumuruh | cinêndhak lampahing marga | sampun prapta jajahan ing Dwarawati | gègèr paminggir desa ||

15. mantri tampingan wus mariksani | têtela yèn Sang Prabu Mandura | sarta Kurawa rawuhe | mantri tampingan gupuh | nyandêr samya matur udani | marang Patih Udawa | lajêng katuripun | marang Prabu Padmanaba | lamun badhe rawuhe rakanira ji | Mandura saha bala ||

16. rawuhipun sakaprabon jurit | lawan bêkta Kurawa Ngastina | pra santana kathah dhèrèk | sakaprabon prang pupuh | pangiride Arya Sêngkuni | lan Arya Drusasana | Burisrawa tumut | rajaputra ing Mandraka | tinitihkên jêmpana anandhang sakit | sang prabu duk miyarsa ||

17. langkung sangking kumêpyaring galih | wus anduga wadine kang raka | Prabu Mandura rawuhe | kang dadya karsanipun | sri narendra sigra nimbali | ing putra Radèn Sămba | prapta ing ngarsa wus | lawan Arya Wrêsniwira | dhinawuhan mêthuka rawuhirèki | kang raka ing Mandura ||

18. tur sandika satriya kêkalih |

--- 82 ---

nêmbah mundur praptèng jawi sigra | budhal sawadyabalane | wau ta sang aprabu | sampun dhawuh ing garwa katri | sanega ing sugata | badhe rawuhipun | ingkang raka ing Mandura | pramèswari têtiga sandika sami | miwah Patih Udawa ||

19. lawan sagunging para dipati | nyamêktani pasanggrahanira | kunêng ing dalu enjinge | Sri Padmanaba sampun | miyos munggèng ing păncaniti | nganti rawuhing raka | wau kang winuwus | Radèn Sămba Wrêsniwira | pamêthuke wus panggih lawan sang aji | kalihe ngraup pada ||

20. sawusira matur yèn tinuding | angaturi lajêng manjing kitha | ari nata pangantose | wontên paglaran dangu | sri narendra sigra ngundhangi | ing bala atêngara | lajêng budhalipun | lumiring manjing jro kitha | tan adangu ing alun-alun wus prapti | gumuruh gunging bala ||

21. Prabu Padmanaba têdhak aglis | pan jumênêng têpining taratag | Sri Baladewa nulya ge | sangking èsthi tumurun | marêpêki marang kang rayi | sarêng paran-pinaran | tundhuk kalihipun | gapyuk samya rêrangkulan | sawusira kanthèn asta prabu kalih | aris samya lumampah ||

22. wangsul lênggah nèng bangsal pangrawit | ingkang raka apan sinaosan | palênggahan dhampar dhewe | pra santana kumrubut | ing Ngastina samya ngabêkti | mring Prabu Padmanaba | wusnya tata lungguh | munggèng ngarsa nata angglar | Drusasana kapara ngarsa pribadi [priba...]

--- 83 ---

[...di] | lan Radyan Burisrawa ||

23. lamun Rêkyana Patih Sêngkuni | nginggiling batur dènnya alênggah | Sang Sri Krêsna sasampune | nambrama raka prabu | gantya marang Arya Sêngkuni | myang sagung pra santana | ing Ngastina sampun | sadaya sinamudana | Sri Bupati Mandura ngandika aris | yayi prabu wruhanta ||

24. praptaningsun nagri Dwarawati | pan dinuta arinta Ngastina | ngaturakên prasêtyane | mring sira yayi prabu | lan arinta Bok Banowati | lan ramanta Mandraka | miwah kangjêng ibu | apadene bakyunira | prasêtyane iya ta Si Erawati | katura yayi nata ||

25. kapindhone pan dinuta yayi | masrahake mring Si Burisrawa | katura ing sarirane | myang pati uripipun | ingaturkên yayi makathik | marang ing jênêng para | yèn padha panuju | arinira Si Sumbadra | kang dèn suwun marang Burisrawa yayi | nora cipta akrama ||

26. mung anyipta among angêmbani | ngêdhatona jro pura Mandraka | kasraha lan saisine | dadya têtalinipun | ing Mandraka lan Dwarawati | Ngastina lan Mandura | saya wuwuh bakuh | pama jangêt kinatigan | nagri papat lair batin dadi siji | rapêt tan kêna bênggang ||

27. marma ingsun kaliwat jurungi | pan mangkono yayi pamrih ingwang | yèn sêmbada lan karsane | wau ta sang aprabu | Padmanaba duk amiyarsi | pangandikaning [pangandika...]

--- 84 ---

[...ning] raka | sungkawa kalangkung | dangu nglêgêr tan ngandika | pan kasaru gumêrah gègèring jawi | prapta duta srinata ||

20. Sinom

1. Kyana Patih Amonggarba | lan Kaladaru kang prapti | mulat ngalun-alun angglar | gêgaman kaprabon jurit | dhêdhêt kèndêl nèng jawi | lan sawadyabalanipun | Udawa gupuh mêsat | sangking ing ngarsa narpati | praptèng jawi panggih lan duta kalihnya ||

2. wus têtela pitakènnya | nama myang karsanirèki | ratu miwah prajanira | Udawa wangsul ngarsa ji | matur saha wotsari | dhuh pukulun sang aprabu | wontên caraka prapta | kêkalih samya duta ji | Garbaruci kalawan ing Ngambarmuka ||

3. pêpatihe kang dinuta | prasamya amundhi tulis | ing Ngambarmuka manungsa | ing Garbaruci raksêsi | samya kaprabon jurit | duta kalih praptanipun | mila abdi paduka | orêg prayitna ngajurit | Dwarawati Mandura miwah Ngastina ||

4. sang prabu mèsêm ngandika | Udawa iridên aglis | duta karo mring ngarsèngwang | bature kariya jawi | Udawa nêmbah mijil | praptèng jawi nêmbah sampun | panggih duta kalihnya | dhinawuhan lajêng kerid | lampahira tinêngahan mring Udawa ||

5. wus prapta ngarsa narendra | cingak kang samya ningali | warnane duta raksêsa | Amonggarba angajrihi | miwah dhapurirèki | Kyana Patih Kaladuru | wus tan kalih [ka...]

--- 85 ---

[...lih] lan ditya | gagah prakosa wulu bris | duta kalih wus samya kinèn alênggah ||

6. tinêngahan mring Udawa | kalih parêng awotsari | umatur lamun dinuta | marang ing ratune sami | angaturakên tulis | Narpaputra Sămba gupuh | nampèni sêratira | lajêng katur ing sang aji | kalih pisan sêrate lajêng binuka ||

7. winaos sinukmèng driya | raosing sratira sami | anglamar Wara Sumbadra | sang prabu mèsêm ing galih | sêrat ngaturkên aglis | mring kang raka sang aprabu | lajêng samya binuka | winaos sinukmèng galih | wus kadriya suraose kang nawala ||

8. gumujêng Sri Baladewa | sêsumuking gujêng runtik | asru dènira ngandika | yayi Prabu Dwarawati | ingsun ingkang mangsuli | marang duta karo iku | hèh hèh duta matura | marang ing ratunirèki | lamun arsa mondhong aringong Sumbadra ||

9. pan wus sun karya ubaya | aja tinuku mas picis | sapa kang bisa anyêmpal | ing bauku kanan kering | sayêkti jatukrami | iya lawan rayiningsun | yèn takon ratunira | kadange tuwa sun iki | Maha Prabu Baladewa ing Mandura ||

10. duta kalih duk miyarsa | pangandikane sang aji | madêg suranirèng driya | kalih gatgadèng ajurit | gangsul ature sami | macicil mandêng sang prabu | hèh ratu ing Mandura | kula ingkang amakili | sayêmbara inggih ing ratu kawula ||

11. sami samangke kewala | sakarsanta angladosi | sri bupati duk miyarsa | ngadêg krodhane tan sipi | cinandhak mring kang rayi | ngrêrêpa dènnya umatur | pukulun paran marma | krodhanta [krodha...]

--- 86 ---

[...nta] arsa dhatêngi | marang duta sèwu langkung sangking nistha ||

12. apan botên wontên adat | dutèng nata manggih pati | malah manggiha ganjaran | kang pasthi tampi pisalin | kang raka duk miyarsi | lênggah aris krodhanipun | Sang Prabu Padmanaba | pangandikanira aris | marang patih raja duta kalihira ||

13. hèh duta pagene sira | mangkono nèng ngarsa mami | padha ngrusak tata krama | pan sira iku pêpatih | yêkti wruh sêsikuning | karaton tindak kang dudu | duta kalih miyarsa | ngrasa kadudone sami | nêmbah-nêmbah umatur nuwun aksama ||

14. sang prabu malih ngandika | lah ta wis muliha sami | matura ing ratunira | pan ingsun nora ngangsuli | layang dene sirèki | dhewe kang padha dèn utus | dinutèng ratunira | sayêkti luwih utami | sira karo sangking pira-pira layang ||

15. wus prasaksat ratunira | katêmu dhewe lan mami | dene karo ratunira | gone padha awèh tulis | anglamar kadang mami | Si Sumbadra wus katrucut | apan mèh dhaupira | lawan pacangane lami | bêsuk sasi ngarêp manèh pangaraknya ||

16. lamun adrêng ratunira | dènnya mrih ing kadang mami | dèn barêngana kewala | ing sasi ngarêpe malih | mring nagri Dwarawati | pangantèn pangarakipun | lah wis padha mundura | yèn mangko nosul lan mami | duta kalih nêmbah parêng undurira ||

17. praptèng jawi sigra budhal | sawadyane patih kalih | mantuk marang prajanira | wau ta ing păncaniti | Sang Prabu Harimurti | mring raka alon umatur | pukulun sri narendra | paduka kula aturi | manjing pura angayêmakên sarira ||

18. mangke wontên jroning [jro...]

--- 87 ---

[...ning] pura | amba matur kang sayêkti | lan malih tuwan panggiha | lan ipe paduka katri | kang raka ngandika ris | iya bangêt onêng ingsun | lan bok ipe katiga | hèh paman Arya Sêngkuni | angasoa lan putra dika sadaya ||

19. sami asanggrahana |[5] sandika ature sami | sang prabu jêngkar ngadatyan | kêkanthèn astane kalih | kang wontên păncaniti | bibar sadaya dumunung | sami amasanggrahan | makuwon wismèng dipati | wadyabala Mandura lawan Ngastina ||

20. namung Arya Burisrawa | lawan Ki Arya Sêngkuni | binêktèng Patih Udawa | wau ta sang prabu kalih | kang kundur ngênyapuri | pramèswari tiga mêthuk | munggèng tundhaning pindha | têtiga samya ngabêkti | mring kang raka sri bupati ing Mandura ||

21. wus tata sami alênggah | angglar parêkan lan cèthi | Sang Aprabu Padmanaba | mring raka umatur aris | wau wontên ing jawi | amba tan sagêd umatur | mangsuli pangandika | wontên ing kathah lan malih | pan kasaru praptane duta kalihnya ||

22. rayi tuwan pun Sumbadra | samangke sampun nglampahi | pukulun sarèh kawula | dhaupe lawan Prêmadi | kula sampun ubanggi | lan yayi Ngamarta Prabu | benjang wulan ing ngarsa | pangarakipun mariki | pun Janaka dhaupe lan pun Sumbadra ||

23. pan kawula sampun dhawah | mring pun Udawa ngaturi | pukulun dhatêng paduka | badhe pakat[6] [paka...]

--- 88 ---

[...t] benjing enjing | lan pun Arya Sêtyaki | tumuntên paduka rawuh | Sri Pati Mandura |[7] miyarsa nglêgêr tan sipi | dangu jêntung sidhakêp asta kalihnya ||

24. wusana aris ngandika | paran ta rèhira yayi | marang ing sariraningwang | kaya pa gone balèni | pan ingsun wus nyaguhi | iya marang yayi prabu | Ngastina myang jêng rama | Mandraka sun gawe pasthi | ing dhaupe arinira Si Sumbadra ||

25. iya lan Si Burisrawa | pangrasane ing tyas mami | wus nora nana kuciwa | putra jodho lawan putri | binobot kang sayêkti | wus timbang têrajunipun | iya Si Burisrawa | mêngku Si Sumbadra yayi | nora nistha ing lair batin utama ||

26. Sang Aprabu Padmanaba | gumujêng dènnya nauri | lêrês pangandika tuwan | punapa kang dèn ulati | ananging kadospundi | wus dadya kudanganipun | swargi jêng rama nata | praptèng sedane mamêling | pun Sumbadra sampun liya jodhonira ||

27. inggih lawan Si Janaka | paduka ugi winêling | Sri Baladewa ngandika | iya wus pinancang yayi | marang jêng rama aji | nanging ta pangrasaningsun | wus pasthi arinira | karsane dewa linuwih | iya nora jodho lawan Si Janaka ||

28. pira ta antaranira | lawase kongsi samangkin | samangsane pinikira | dhaupe lan Si Prêmadi | nuli kèh angalangi | pakewuhe wuwuh-wuwuh | iku sira pikira | manawa durung pinasthi | Si Janaka jodho lawan Si Janaka[8] ||

29. yayi prabu yèn sumêlang | yèn ana krodhanirèki | arinta Nata Pandhawa | ingsun dhewe kang nyaguhi | dadi lamaking jurit | aja sira milu-milu | Sang Prabu Padmanaba | ragi sêndhu turirèki | pan kawula botên brăngta mring Pandhawa ||

--- 89 ---

21. Asmaradana

1. kawula botên andugi | pukulun karsa paduka | dene ta kapati supe | mring arinta pun Janaka | prabu aywa mangkana | de wus kathah pênêdipun | inggih dhumatêng paduka ||

2. kala kangbok Erawati | dhinusthèng rêksasa raja | paduka sintên kanthine | lumêbèng dhasar samodra | mangrurah ripu ditya | pamirêng kawula namung | rayi tuwan pun Janaka ||

3. kala mêksih papa sami | tuwan tapa tumut tapa | agung rêruntung rêrèntèng | mula natumu lêlana | luhung dhatêng kawula | kêdhika pênêdanipun | akathah dhatêng paduka ||

4. lan malihe wus nglampahi | rayi tuwan pun Sumbadra | mangkya wus dadya parênge | panêdhanipun tinêkan | patiba sampirira | pun Janaka dhuwungipun | sampun wontên pun Sumbadra ||

5. măngka paduka lintoni | jodho lan pun Burisrawa | yêkti dèn pilaur layon | măngsa paduka kilapa | watakipun Sumbadra | lamun dede manahipun | pinêksa suka pêjaha ||

6. Sri Baladewa miyarsi | anglês ing wardayanira | angrasa luput karsane | alon dènira ngandika | ya yayi bênêr sira | ingsun ingkang bangêt luput | ananging sira kapakna ||

7. kang sun tutuh sira yayi | bok iya nganggo rêmbugan | apa sira jabakake | sun iki kadange tuwa | ing mêngko kayaparan | saguh ingsun wus katrucut | marang Kurawa Ngastina ||

8. kang rayi umatur aris | marmamba tan mawi rêmbag | pan namung nglêstantunake | kudanganipun jêng rama | ing wau pan paduka | wus sangêt jumurungipun | mring rama swargi karsanya ||

9. lair batine kêpati | sihe mring Si Dananjaya | sok mèh sêsoroh kadange | durung măngsa gung pinêksa | samêngkone wis măngsa | bocahe lagi miturut [mituru...]

--- 90 ---

[...t] | têka mring Si Burisrawa ||

10. kang raka sêndhu nauri | ya wis bênêr wuwusira | nanging kaya priye bae | pangrèhira mring ragèngwang | pan ingsun nora bisa | balèni wuwus ingkang wus | angur ingsun patènana ||

11. Sang Aprabu Harimurti | dangu kèndêl tan ngandika | de kang raka kadêrênge | dênnya galih Burisrawa | wus anrus ing wardaya | kadya nora kêna mundur | sangking wus kalajêngira ||

12. dangu-dangu sri bupati | èngêt kêkudanganira | mring kang rayi duk timure | dadya lon matur ing raka | pukulun yèn sêmbada | ing nguni kawula emut | inggih darbe kêkudangan ||

13. Si Sumbadra lamun laki | mugi angsala satriya | kang langkung pêkik warnane | kang prawira măndraguna | kang trahirèng kusuma | kang alus bêbudènipun | sabar bisa mong ing garwa ||

14. lan sasrahane ri mami | kêbo danu satus ingkang | suku pancal panggung kabèh | lawan pangarake benjang | pangantène kang lanang | nitiha rata mas murub | pangirit turăngga yêksa ||

15. patah dewa kang apêkik | sarati kusire dewa | ingkang wadon pangarihe | widadari ing Kaendran | punika lamun arsa | dadosa pêpanggilipun | rayi tuwan pun Sumbadra ||

16. sintên kang sagêd dhatêngi | ing kêkudangan punika | pinasthi dadi jodhone | lan arinta pun Sumbadra | kang raka duk miyarsa | èngêt ing tyasira jumbul | gumujêng sarwi ngandika ||

17. ingsun yayi iya eling | lamun duwe kêkudangan | duk ingsun dadi pangantèn | kinarirêngga ing dewa | suralaya sadaya | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan muni ing tawang [ta...]

--- 91 ---

[...wang] ||

18. dadya cêlathu wak mami | yèn lakia Si Sumbadra | bisaa kadi wak ingong | wis yayi iku prayoga | kinarya sayêmbara | ingsun kang duwe panjaluk | mring yayi Prabu Ngamarta ||

19. sira yayi kang duwèni | panjaluk marang Ngastina | lah wis yayi pamit ingong | padha kariya raharja | ingsun mêtu ing jaba | banjur budhale wak ingsun | kang rayi alon turira ||

20. miwah pramèswari katri | bok inggih ing benjang-enjang | pan dèrèng asat riwene | sadalu sarea pura | kang raka angandika | wis bangêt tarimaningsun | bok ipe sih marmanira ||

21. Sri Baladewa wus mijil | sapraptanira ing jaba | Sêngkuni ngandikan age | lawan Radèn Drusasana | myang Arya Burisrawa | santana sadaya sampun | prapta glar ing ngarsanira ||

22. angandika sri bupati | hèh paman lampah kawula | wangsul sangêt pakewuhe | putra dika pun Sumbadra | katrucut mèh karyanya | wulan ngarsa badhenipun | pagihe[9] lan pun Arjuna ||

23. dene dadose samangkin | pun Sumbadra pan kinarya | sayêmbara kudangane | swargi jêng rama Mandura | paman sintên kang bisa | nêkani sadayanipun | kudanganipun jêng rama ||

24. pasthi lamun jatukrami | lawan pun Wara Sumbadra | benjang dika aturake | mring yayi Prabu Ngastina | Sêngkuni wus jinarwan | kang dadya kudanganipun | Sêngkuni ngungun miyarsa ||

25. wus têlas pangandika ji | sasmita Patih Pragota | têngara sigra budhale | wau Prabu Padmanaba | sampun nimbali putra | Radèn Sămba kang ingutus | marang nagari Ngamarta ||

26. wus têlas wêling narpati | ing putra Rahadèn Sămba | sigra budhal sawadyane | rêrikatan lampahira | kunêng gantya winarna | nagri Ngamarta winuwus | Sang Aprabu Yudhisthira ||

--- 92 ---

27. sêdhêngnya lagya nimbali | mring ari Sang Arya Bima | myang Nangkula Sadewane | wus munggèng ngarsane raka | Sang Prabu Yudhisthira | pangandikanira arum | Wrêkudara kaya ngapa ||

28. sudhiyanira ing kardi | apa wis padha samêkta | kang rayi alon ature | iya kabêh wus samêkta | tan ana kêkurangan | yèn mangkono sêdhêngipun | sira ngatur-aturana ||

29. mring Jêng Rama Cêmpala Ji | lawan Jêng Eyang Wiratha | sagarwa putrane kabèh | kapindhone arinira | iya Si Dananjaya | bêcik timbalana iku | rêksanên anèng jro pura ||

30. iya kurang pira yayi | karyane ing sasi ngarsa | bêcik rêksanên nèng kene | Wrêkudara lon atunya[10] | ya wus sêdhêng rinêksa | pangantèn wus adatipun | dèrèng dugi angandika ||

31. kasaru praptanirèki | satriya Paranggarudha | katur tinimbalan age | kerit mring Radèn Nangkula | sapraptanirèng ngarsa | Radèn Sămba nêmbah matur | sarwi nolèh wurinira ||

22. Pangkur

1. pukulun amba dinuta | dening raka paduka jêng rama ji | maringkên pangèstunipun | kaping kalih dinuta | angundurkên kangjêng paman karyanipun | ubaya wulan ing ngarsa | wontên dhadhakan nusuli ||

2. Jêng Uwa Prabu Mandura | saha bala rawuh nèng Dwarawati | sakapraboning prang pupuh | bêkta pun Burisrawa | pra sêntana Kurawa Ngastina tumut | praptanipun Wa Mandura | amundhut marang jêng bibi ||

3. pan arsa pinanggihêna | lawan Burisrawa [Burisra...]

--- 93 ---

[...wa] rêmbag wus dadi | lan raka paduka prabu | paman Aji Ngastina | marma kadya angarak ing rawuhipun | Jêng Uwa Prabu Mandura | supe kalamun jêng bibi ||

4. wus pinacang lan jêng paman | Madukara lawan dèrèng miyarsi | kalamun mèh karyanipun | jêng bibi lan jêng paman | Madukara wulan ngarsa panggihipun | marmanta raka jêng rama | kalangkung tikbraning galih ||

5. dene Uwa Ji Mandura | wus katrucut dènira anyagahi | nistha panjênêngan ratu | kalamun mangsulana | pangandika sagah ingkang wus kawuwus | marang sasamaning raja | siniku ing bathara di ||

6. kinêbat darajatira | kangjêng rama sangking kewraning galih | kangjêng bibi dadosipun | kinarya sayêmbara | kêkudanganira jêng eyang winangun | jêng bibi duk timurira | kinudang lamun akrami ||

7. manggiha tukon sasrahan | kêbo danu kang samya pancal putih | lan malih pangarakipun | pangantèn anitiha | rata rukmi pangirit turăngga diyu | kusir saratine dewa | lan patahe dewa pêkik ||

8. lan gamêlan munyèng tawang | kêmbar mayang dewadaru sarakit | botên pilih janmanipun | pundi ta kang sagêda | andhatêngi kudangan sadayanipun | sayêkti yèn jatukrama | inggih kalawan jêng bibi ||

9. pukulun kang pangandika | kangjêng rama sangêt dènira mêling | paduka sampun pakewuh | dumèh lăngka sadaya | ing kudanganipun jêng bibi pukulun | yèn sampun pasthi jêng paman | jinodho lawan jêng bibi ||

10. yêkti

--- 94 ---

yèn gampil kewala | singa-singa ingkang paduka tuding | angupaya yêkti antuk | Sang Prabu Yudhisthira | duk miyarsa manguning tyasing mangungkung | dangu kèndêl tan ngandika | ing galih dèrèng pinanggih ||

11. dènirarsa mangsulana | Wrêkudara krodha sru turirèki | hèh pambarêp kadang ingsun | aja mangsuli sira | ingsun ingkang mangsuli prakara iku | durung tutug wong Ngastina | gone ngajak nora bêcik ||

12. têka si bule Mandura | wiwit milu-milu atining eblis | Jalithênge têka anut | yèn parêng karsanira | Si Janaka ingsun arak besuk esuk | sarta sun payungi gada | sun iring kaprabon jurit ||

13. pangantène wadon kana | Si Bule kang amayungana bindi | kurang Kurawa kon wuwuh | kang jajari gêgaman | mring pangantèn sun tunjange ganjuripun | singa tiwas ing ayuda | kang raka datan nauri ||

14. ngandika mring Radèn Sămba | iya kulup aturna sêmbah mami | mring ramanira sang prabu | ingsun darma kewala | anglakoni ing ya ing satimbalipun | muga ta ingsun antuka | pangèstune sri bupati ||

15. Radèn Sămba matur nêmbah | kang timbalan pukulun jêng rama ji | kawula pan kinèn tumut | mring utusan paduka | ingkang badhe paring uninga pukulun | mring jêng paman Madukara | undure karyanirèki ||

16. sang prabu mèsêm ngandika | yèn mangkono kulup ya luwih bêcik | Wrêkudara sakalangkung | èbêg wardayanira | bêngkuh lajêng mêdal morot unduripun [undur...]

--- 95 ---

[...ipun] | marang pasanggrahanira | wau Sang Yudhisthira Ji ||

17. ngawe Radèn Gathutkaca | praptèng ngarsa kang uwa ngandika ris | sira kulup ingsun tuduh | angupaya sasrahan | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | lan mampira pasanggrahan | bapakmu ingsun bubuhi ||

18. ngupaya rata kancana | kang pangirit turăngga yêksa kaki | lamun takon prênahipun | gone rata kancana | tuturana nèng têlênging atinipun | lamun mopo tan lumampah | ingsun dhewe kang ngulati ||

19. ngupaya rata kêncana | sun ulati satêlênging jaladri | yèn nora ing gêni murub | wusnya ngandikèng putra | mring Nangkula hèh yayi sira sun utus | dhawuhana kakangira | Si Janaka sun bubuhi ||

20. ngupaya sarati dewa | lawan patah dewa sarati dewa pêkik |[11] kêmbar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | lan pangarih widadari ingkang ayu | sadina mêngko mangkata | yèn mopo sun upatani ||

21. Nangkula lan Gathutkaca | Radèn Sămba anêmbah sarêng mijil | wau ta ingkang winuwus | Rahadèn Wrêkudara | sapraptane pasanggrahan lagya lungguh | lan garwa kang putra prapta | ingawe mangarsa aglis ||

22. sira nusul ana apa | ing paseban kang putra awotsari | ingutus mring uwa prabu | dhawuhkên kang timbalan | ing paduka kinèn ngupayaa gupuh | nênggih kang rata kancana | pangirid kuda rasêksi ||

23. prênahing rata kancana | manggèn wontên têlêngirèng panggalih | kawula inggih ingutus | angupaya maesa | danu satus ingkang sami pancal [pa...]

--- 96 ---

[...ncal] panggung | jêng paman ing Madukara | wau inggih dèn dhawuhi ||

24. ngupaya sarati dewa | lawan patah jawata ingkang pêkik | sêkar mayang dewadaru | găngsa kang munyèng tawang | Wrêkudara duk miyarsa asru bêngkuh | balia sira matura | marang wakamu dèn aglis ||

25. ingsun tan bisa ngupaya | iya rata kancana dhasar suthik | mulane morot wak ingsun | iya măngsa wurunga | yèn dèn utus angur ta kinèn angamuk | marang Kurawa Ngastina | saiki ingsun lakoni ||

26. kang putra matur anêmbah | yèn paduka mopo datan lumaris | kang sayêkti uwa prabu | nyarirani ngupaya | ing rata mas salêbêting gêni murub | yèn tan wontên jro dahana | ngupaya têlêng jaladri ||

27. jêng paman ing Madukara | lamun mopo wau dèn upatani | Wrêkudara sru gumuyu | jêlèh bosên wak ingwang | pan wus adat yèn pinopo karêpipun | nuli mrih pati kewala | lamun nora nyupatani ||

28. sirèku kinèn ngupaya | kêbo danu kang pancal gone ngêndi | takona mring uwakamu | iya kadangku tuwa | kêthèk putih atapa ing karyanipun | nèng gunung Kêndhalisada | Anoman namanirèki ||

29. satuduhe lakonana | ingsun iya ngulati guru mami | manawa bisa katêmu | gone têlêng samodra | payo mangkat ingsun ngisor sira dhuwur | Radyan Arya Wrêkudara | nulya grêgêt kras lumaris ||

30. bayuning ăngga wus mêdal | sindhung-riwut adrês kang angin-angin | Arya Sena dyan sumêbut |

--- 97 ---

mêsat saengga kilat | salumpatan rong onjotan tibanipun | lampahe Sang Arya Sena | lir naga krura ngajrihi ||

31. ambêbênêr murang marga | bayuning kang ăngga saya mawrêdi | prahara gora gumuntur | wrêksa sol kapêrapal | papal punggêl drêsing lesus lir pinusus | prahara gora guara | sindhung-riwut rèh gumêrit ||

32. wuri Radyan Gathutkaca | pan andêdêl gayuh marang wiyati | gêtêr-patêr rèh gumuruh | pracalitanya gora | lir kruraning kagendra krês ibêripun | wuwusên Arya Nangkula | ing Madukara wus prapti ||

33. lan kang putra Radèn Sămba | tinimbalan laju mring tamansari | praptèng ngarsa kalihipun | wus kinèn samya lênggah | munggèng ngarsaning raka kêkalihipun | sawusnya tata alênggah | umatur sarya wotsari ||

34. turira pukulan kang mas | inggih lampah kula apan tinuding | ing raka paduka prabu | kinèn paring uninga | mring paduka karyanta samangke mundur | lampahe putra paduka | dinuta andhandhanggêndhis ||

23. Dhandhanggula

1. mangkya wontên pakewuh nusuli | raka paduka Prabu Mandura | rawuh sawadyabalane | sakaprabon prang pupuh | rawuhipun nèng Dwarawati | bêkta pun Burisrawa | bala Kurawa gung | karsane raka paduka | ing Mandura kakangbok Banoncinawi | arsa pinanggihêna ||

2. lan Burisrawa raka sang aji | tan miyarsa yèn mèh karyanira | lawan paduka dhaupe | wulan ngarsa pukulun | raka tuwan ing Dwarawati | kêkah Mandura mêksa | dene wus katrucut | sagahe lawan Kurawa | têmahipun kakang Prabu Dwarawati | akarya sayêmbara ||

3. kakang êmbok ing Banoncinawi | duk timure apan [apa...]

--- 98 ---

[...n] ta kinudang | mring swargi Wa Mandurane | yèn krama pinujwantuk | satriya nom ingkang apêkik | atampia sasrahan | kêbo danu satus | kang pancal panggung sukunya | lan pangantèn lanang pangarakirèki | sampun anitih kuda ||

4. anitiha rata kancana di | kang pangirid ing turăngga yêksa | kusir dewa myang patahe | jawata ingkang bagus | lan gamêlan munyèng wiyadi | mawia kêmbar mayang | kayu dewadaru | punika tan pilih janma | sintên-sintên inggih kang sagêd dhatêngi | sayêkti jatukrama ||

5. lan kusuma ing Banoncinawi | kakang prabu apan sampun sagah | andhatêngi sadayane | kudanganipun wau | kakang êmas dipun bêbahi | ngupaya sêkar mayang | kajêng dewadaru | lan gamêlan munyèng tawang | kusir dewa patah dewa kang apêkik | dene raka paduka ||

6. ing Pamênang pan dipun bêbahi | angupaya kang rata kancana | turăngga wil pangiride | putra tuwan pukulun | Pringgadani dipun bêbahi | maesa danu ingkang | pancal panggung satus | satriya ing Madukara | duk miyarsa garêsing tyasira kadi | nêkani dukanira ||

7. nanging sinamun datan katawis | sinawung gujêng dènnya ngandika | yayi mas matura age | sadukane sun suwun | aywa dadi galihirèki | ingsun nora kaduga | angupaya iku | pamundhute Sri Narendra | Dwarawati patah dewa myang pangarih | gamêlan munyèng tawang ||

8. kêmbang kayu dewadaru srakit | sapa ingkang bisa angudhuna |

--- 99 ---

lagia kusire bae | dewa kinèn mamêcut | iku yayi namung kinardi | samudana kewala | pan ing batinipun | sri bupati ing Mandura | miwah ingkang sinuhun ing Dwarawati | kaduwung galihira ||

9. gone arsa ngabdèkkên mring mami | yèn tinimbalan putra Mandraka | sayêkti dudu timbange | dadya tyas ingsun mupus | pan rumosa lamun wong cilik | nêdya rabi bêndara | dudu bobot ingsun | namung abdine kewala | Si Sulastri iya kang sun suwun bali | kalawan kêris ingwang ||

10. Radèn Sămba wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang paman | sigra nungkêmi padane | ngrêrêpa aturipun | adhuh paman wong tuwa mami | sampun paduka narka | ing galih pukulun | raka paduka jêng rama | yèn gadhaha inggih ing panggalih malih | liya sangking paduka ||

11. pan kawula purun ananggêni | ing cor miwah ing upatanira | mring kawula timbalane | raka paduka prabu | sangêt-sangêt dènira mêling | kulup yèn pamanira | dadi ing tyasipun | tan arsa anêkanana | mutung dene sayêmbara anusuli | warahên wus tan kêna ||

12. yèn lumuha tan kudu nêkani | kabèh ingkang kocap kêkudangan | mring bibèkamu dhaupe | iya lan pamanamu | pan wus tiba mangsane mangkin | nora ngèl pamanira | ing kudanga[12] iku | nêkani sayêkti bisa | yèn mopoa saksat maido ingkang wis | dadi karsaning dewa ||

13. Dananjaya [Dananja...]

--- 100 ---

[...ya] gumujêng dènnya ngling | iya kulup wus ingsun tarima | sih parimarmanira gèr | bangêt-bangêt maringsun | ngrasa nora bisa mangsuli | nanging sun lakonana | karsanira iku | kang pêsthi mosa bisaa | mundhak dadi gêguyone wong sabumi | ingaran tanpangrasa ||

14. dene cebol mêksa gayuh langit | kêrangsangan tur mosa gaduga | gayuh dudu sasamane | tan wruh kanisthanipun | sudra papa anyipta putri | namung sira kewala | tutug anak ingsun | gonira angaku bapa | mring wong nistha Radèn Sămba duk miyarsi | asru dènnya karuna ||

15. Nangkula gya nêmbah matur aris | adhuh kangmas sampun tan lumampah | kakang prabu ing dhawuhe | sangêt pêpacuhipun | lamun mopo dèn upatani | miwah raka paduka | ing Pamênang wau | lamun mopo tan lumampah | kakang prabu pamit seda lêbu gêni | marma sangêt tur kula ||

16. sampun paduka tan anglampahi | botên wande yèn lêbu dahana | kakang prabu ing samangke | punapa tuwan kantun | myang kawula alêbu gêni | satriya Madukara | tyasira kumênyut | myarsa ature Nangkula | angrêsing tyas kadaut dènira amrih | mring raka sih bêktinya ||

17. lir sinapon runtiking panggalih | marang Prabu Baladewa lawan | wong Ngastina sadayane | miwah ing runtikipun | mring kang raka Sri Harimurti | galih ingkang timbalan | kang raka sang prabu | alon dènira ngandika | iya yayi

--- 101 ---

matura ing sri bupati | atur ingsun sandika ||

18. darma bae wak ingsun nglakoni | ing timbalan jêng sri naranata | mugyantuka pangèstune | miwah sira nak ingsun | umatura ramanira ji | yèn ingsun wus sandika | ing timbalanipun | ingkang rayi ing Ngamarta | ingkang pasthi laku ngong pasthi tan olih | sangking wêdi kewala ||

19. yèn mopoa ing karsa sang aji | Radèn Sămba myang Radèn Nangkula | langkung suka ing galihe | wus pamit kalihipun | mundur sangking ngarsa wotsari | satriya Dananjaya | ing saunduripun | Nangkula lan Radèn Sămba | animbali Sêmar Bagong kinèn sami | angobar dupanira ||

20. Sêmar Bagong sukane tan sipi | dènnya arsa munggah suralaya | sigra angobar dupane | Sang Parta nurut kukus | Sêmar Bagong pan datan kari | saparane gustinya | wau lampahipun | Radèn Nangkula wus prapta | ngarsa nata sadaya wus katur sami | sasolahe dinuta ||

21. yèn kang rayi sampun nyandikani | satimbalan lajêng lumaksana | mring suralaya lampahe | sang prabu sukèng kalbu | amiyarsa aturing ari | wau ingkang winarna | nênggih lampahipun | satriya Paranggarudha | sampun prapta nagari ing Dwarawati | ngarsane ingkang rama ||

22. matur solah tingkahe tinuding | mring Ngamarta miwah Madukara | ingkang paman wangsulane | sadaya sampun katur | ingkang rama suka miyarsi | kunêng gantya

--- 102 ---

winarna | nênggih lampahipun | sri bupati ing Mandura | kundurira sangking nagri Dwarawati | lan Kurawa Ngastina ||

23. praptèng marga sêsimpangan sami | Prabu Baladewa ing Mandura | kundur sawadyabalane | Kurawa laju mantuk | sapraptane Ngastina nagri | sadaya tinimbalan | manjing jro kadhatun | Druna sampun munggèng ngarsa | Arya Burisrawa nangis anungkêmi | ing pada sri narendra ||

24. Arya Sêngkuni matur miwiti | duk praptane nagri ing Mandura | sêrat dalêm ing kature | lajêng ing budhalipun | marang nagri ing Dwarawati | purwa madya wasana | sadaya wus katur | solah tingkahe dinuta | myang dadine sayêmbara katur sami | gumuyu Rêsi Druna ||

25. yèn mangkono dhi Patih Sêngkuni | akal ingsun ing nguni lan sira | paekan kalakon kabèh | nora nana kang luput | balinira iki pan sangking | Sumbadra lan Arjuna | iya wus katrucut | ubaya ing sasi ngarsa | ing dhaupe yèn aja mangkono pasthi | lakunirantuk karya ||

26. Prabu Duryudana ngandika ris | hèh ta paman paran dayanira | amrih olèhing banjure | nora bêtah wak ingsun | tinangisan sutanirèki | Rêsi Druna turira | pukulun sang prabu | kang kocap ing sayêmbara | pan sadaya langkung elokipun sami | ananging padukendra ||

27. sapikantuk kêdah angwontêni | ingkang kocap jroning sayêmbara | dene rata kêncanane | inggih rata sang prabu | sinaput [si...]

--- 103 ---

[...naput] ing parada kuning | turangganipun yêksa | dipăngga kang tutut | kusir dewa patah dewa | amundhuta wiku kang anom kang pêkik | satunggal ingkang tuwa ||

28. kajêngipun dewadaru kalih | sêsotya di-adi ingkang kathah | rineka woh myang sêkare | kancana godhongipun | winarnaa ing rajawêrdi | banthèng maesanira | găngsa munyèng luhur | inginggahakên jêmpana | lan kang nabuh yèn sampun samêkta sami | aturna mring Mandura ||

29. sri narendra mèsêm ngandika ris | inggih paman nuli samêktaa | kang kadya turira kabèh | Burisrawa riningsun | sarèhêna brangtanirèki | antinên sasi ngarsa | anèng tamansantun | hèh paman dènnya samêkta | kudangane Kusuma Banoncinawi | kang kocap sayêmbara ||

30. tur sandika rêkyana apatih | lawan Dhanyang Druna sampun mêdal | sangking jro pura kalihe | sang prabu angadhatun | Burisrawa pinarnah malih | wontên ing patamanan | sangsaya kadlurung | ing siyang dalu karuna | sambat-sambat Kusuma Banoncinawi | katon nèng wurinira ||

24. Pangkur

1. kunêng nagari Ngastina | gantya ingkang winursita ing kawi | Wrêkudara lampahipun | praptèng pinggir samodra | kèndêl mangu ngadêg jêjêr tanpa muwus | sidhakêp asta kalihnya | datan obah datan osik ||

2. sêmadi jroning wardaya | kang pininta jroning pujanirèki | praptanira gurunipun | tan dangu katingalan | Dewaruci lênggah udayaning alun |

--- 104 ---

minggir anut dening ombak | Wrêkudara aningali ||

3. langkung sukaning wardaya | mudhar asta luwar sangking sêmadi | Dewaruci gya sumêbut | mêsat saengga kilat | tinadhahan marang Arya Sena sampun | lênggah èpèk-èpèkira | Wrêkudara anungkêmi ||

4. Dewaruci angandika | Wêrkudara apa karsanirèki | dene amrih praptaningsun | Sena lon aturira | dhuh pukulun sadèrènge amba matur | kang dados lampah kawula | sayêkti kang amurbèng sih ||

5. saliring sêdya tan samar | gya gumujêng Dewaruci sarya ngling | lah iya lakunirèku | dinuta kadang tuwa | kaki Prabu Darmaputra kang angutus | ngupaya rata kêncana | bakal tungganganirèki ||

6. arinira kaki Parta | yèn dèn arak mring nagri Dwarawati | sasi ngarsa dhaupipun | lan Si Wara Sumbadra | aywa maras Sena ingsun kang jumurung | iya marang lakunira | lor bênêr samodra iki ||

7. ana ratu binathara | pan sinêmbah sasamaning narpati | dene jêjuluking Prabu | Sri Nata Bisawarna | angadhaton ing Singgêla nagara gung | trahing Prabu Wibisana | Ngalêngka ratu linuwih ||

8. yèku ingkang kagadhuhan | rata rukmi kang pangirit kuda wil | ing nguni titihanipun | Sang Sri Bathara Rama | nalikarsa mungkasi ing aprang pupuh | marang yêksèndra Ngalêngka | tanpa titihan ing jurit ||

9. Dasamuka munggèng ngarsa | Batharendra mulat sandeyèng galih | tinurunan rata gupuh | sarta guwawijaya | hru pamungkas Rahwana tiniban rampung | gogrok sapuluh dhasira | păncasana tanpa dadi ||

10. sirnane Bathara Rama | praptèng mêngko rata kêncana mêksih [mê...]

--- 105 ---

[...ksih] | Sri Bisawarna kang gadhuh | wus pasthi lamun kêna | rata rukmi iya salakunirèkung[13] | myang lakune Si Janaka | gone marang suranadi ||

11. ngupaya sêrati dewa | patah dewa pangarih widadari | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | antuk kabèh Si Janaka lakunipun | miwah ta Si Gathutkaca | gone lunga angulati ||

12. kêbo danu satus ingkang | pancal panggung sayêkti lamun olih | apa sapamundhutipun | Sang Prabu Padmanaba | antuk kabèh Si Janaka nora luput | kang kocap ing kêkudangan | Kusuma Banoncinawi ||

13. lah payo sun atêr nyabrang | lor samodra Wrêkudara turnya ris | paran ta gèn kawula nut | lumampah ing samodra | sayêkti yèn pêjah kêlêm dening banyu | Dewaruci angandika | yèn sira nut marang mami ||

14. sayêkti kaya dharatan | Wrêkudara guguk turira aris | inggih suwawi pukulun | amba nut lampah tuwan | wus mangkana sigra sarêng angkatipun | Dewaruci anglir kilat | lampahe anèng jaladri ||

15. wus kadya ngambah dharatan | saparane Wrêkudara tan kari | sakêdhap lampahira wus | prapta salèr samodra | samya kèndêl Dewaruci ngandika rum | sun bali kene kewala | sira banjura pribadi ||

16. ngalor bênêr aja nyimpang | ing Singgêla ratu agung linuwih | Sri Bisawarna dibya nung | sugih bala prawira | wêkas ingsun poma dèn prayitnèng kewuh | aywa ta kurang wiweka | kalamun sira wus prapti ||

17. anèng nagara Singgêla | têmu lawan Bisawarna Narpati | apa ing saaturipun [saaturi...]

--- 106 ---

[...pun] | poma sira turuta | pasthi nora cidra ing sawuwusipun | besuk yèn bali kewala | sira ingsun papag malih ||

18. lah ta wis sira kariya | wusira ngling musna Sang Dewaruci | mantuk mring kayanganipun | Rahadyan Wrêkudara | saungkure Dewaruci dyan sumêbrung | sinêru kras lampahira | saya drês kang angin-angin ||

19. prahara rèh magênturan | sindhung-riwut bayu bajra mawêrit | wrêksa ruk rêbah kabrubuh | sol sêmpal kapêrapal | murang marga ambêbênêr lampahipun | gègèr kang samya kamargan | wau ta ingkang winarni ||

20. nênggih nagari Singgêla | kacarita pêpatihe narpati | apan wus saengga ratu | sinêmbah pra dipatya | Kyana Patih Kartabăngsa namanipun | gagah prakosa ngayuda | măndraguna sura sêkti ||

21. ing sabrang wus tanpa lawan | duk samana nuju rêkyana patih | sawaka[14] sakancanipun | sagunging pra dipatya | para mantri anèng panangkilan atut | gègèr katrajang prahara | sindhung-riwut rèh gumêrit ||

22. taratak rambat suh sirna | mawur-mawur katêmpuh drêsing angin | tan adangu gya kadulu | lampahe Arya Sena | ambêbênêr mawa lesus lir pinusus | prapta jujug panangkilan | kagyat kya patih nulya glis ||

23. manggihi adêg-adêgan | pra dipati atap rubung nèng wuri | kyana patih têtanya sru | hèh hèh wong ngêndi sira | angakua sapa ta aranirèku | dahat wuta murang tata | praptanira gawa angin ||

24. jumujug ing panangkilan | dumarojog ngadêg datan pakering | Wrêkudara lon sumaur | ingsun wong tanah Jawa | pan kinongkon marang kadang ingsun sêpuh | Sang Aprabu Darmaputra | Arya Sena aran mami ||

--- 107 ---

25. kinongkon anyêlang rata | kêncana kang pangirit turăngga wil | marang ingkang dadya ratu | iya nagri Singgêla | lah ta apa sira iku ratunipun | ing Singgêla Bisawarna | kyana patih sru nauri ||

26. o ingsun dudu narendra | wruhanira pêpatih misesani | Singgêla wus saksat ratu | sinêmbah pra dipatya | ranku ring rat Kartabăngsa sudibya nung | Wrêkudara lon lingira | yèn sira iku pêpatih ||

27. lah age sira aturna | lawan ratunira sun arsa panggih | dinuta kadang ngong sêpuh | iya Ratu Ngamarta | Patih Kartabăngsa sugal sauripun | balia sira tan kêna | seba têmu ratu mami ||

28. dene sira iku wuta | tatakrama ing Singgêla tan kêni | apa ing kana prajamu | tan ana tatabasa | lawan nora nana wong kang bisa lungguh | Wêrkudara saurira | pan iya ingsun pribadi ||

29. ingkang nora bisa basa | hèh apatih yèn tan gêlêm sirèki | tur uninga ing ratumu | iya mung lilanana | ingsun dhewe banjur manjing jro kadhatun | tatêmu lan ratunira | kyana patih duk miyarsi ||

30. krodha sru ing wuwusira | babo-babo wong apa sira iki | ambêgmu bêrung dalurung | tan ana keringira | apa kabèh iki katon kucing ingsun | miwah sagung pra dipatya | tan katon durmaning jurit ||

25. Durma

1. lamun mêksih urip Patih Kartabăngsa | lan sagung pra dipati | kaya nora bisa | sira banjur mring pura | buh lamun ingsun wus mati | lan pra dipatya | kabèh ajur wor siti ||

2. Wrêkudara nauri sanadyan ingwang | iya pilaur mati | kalamun balia | anèng kene kewala | miyarsa [miyar...]

--- 108 ---

[...sa] krodha tan sipi | rêkyana patya | ngêjèpi pra dipati ||

3. wong sawiji paripêksa găndra pira | parêng ambyuk ngêbyuki | mring Sang Arya Sena | rumêkêt mamrih bănda | rêkyana patih jêjêgi | ngadêg nèng ngarsa | sarwi angundha bindi ||

4. pan kalimput Sena dening pra dipatya | adêgira tan osik | pinarbutan kathah | astanira Sang Sena | gatgadèng tyas mamrih budi | bayuning ăngga | prahara sarêng mijil ||

5. bayu bajra kumrusuk ing sariranya | sindhung-riwut gumêrit | sagung pra dipatya | kapadal singsal kontal | katut tibane kabanting | rêkyana patya | sigra ngantêbi bindi ||

6. Wrêkudara tiniban ing gada tadhah | jajanira tan osik | Sena dyan lumumpat | kyana patih cinandhak | gapyuk parêng anadhahi | rêkyana patya | prakosa gêng ainggil ||

7. tanah sabrang kyana patih tanpa lawan | kuwat anglêliwati | lan Sang Arya Sena | mèh sami prakosanya | dêdêr-dinêdêr prasami | sêndhal-sinêndhal | sigra kang pra dipati ||

8. parêng tandang têtulung marang kya patya | ngambul angêmbuli |[15] Sena pinarbutan | ginada binadhama | pinalu-palu piniling | cakra candrasa | bingung Arya Sena glis ||

9. nilar marang apatih lumumpat nyandhak | punggawarsa binanting | ki patih anggada | kagyat wal panyandhaknya | nolèh mring patih ginitik | musala dhêndha | mring sagung pra dipati ||

10. krodha Radyan Wrêkudara dyan lumupat[16] |

--- 109 ---

nyandhak rêkyana patih | sru sinêndhal-sêndhal | tiba kungsêp jinêjak | linarak dèn oncit-oncit | kidak jinêjak | pra dipati nulungi ||

11. tinadhahan Sena patih kang kinarya | babit ing pra dipati | rêbah kasulayah | kambah dadi jêrambah | patih kang kinarya gitik | kantakèng asta | wor lawan pra dipati ||

12. Arya Sena tan arsa mrih patinira | nyandhak kang pra dipati | sinawatkên marang | jro pura tibanira | kumrutug gègèr jro puri | Sri Bisawarna | guguping tyas tan sipi ||

13. mijil jawi tumingal Sang Arya Sena | pangamukira mêksih | mobat-mabit babat | ki patih kang kinarya | anyabêti pra dipati | kang wus cinandhak | binuwang mring jro puri ||

14. Bisawarna sigra dènnya ngayat cakra | mèh lumêpas ningali | cahyane Sang Sena | nut sêrênging krodhanya | kadya sunaring hyang rawi | wadananira | dinulu balêrêngi ||

15. Prabu Bisawarna ing tyas nora samar | lamun kusuma yêkti | trah adona wirya | wijiling maratapa | sèlèh cakra marêpêki | sarwi ngrarêpa | dhuh sang krodha ing jurit ||

16. sampun-sampun kadêrêng darungkên duka | mring abdi tanpa kardi | lêburan sapraja | sirna krodhèng paduka | ananging paduka gusti | saksat angrisak | ing kagungan pribadi ||

17. pan kawula drêmi tatêngga kewala | nagri Singgêla ngriki | kagungan paduka | saisining jro pura | punapa kang dèn karsani | ulun sumăngga | branarta busanèstri ||

18. nadyan silih ing pêjah [pê...]

--- 110 ---

[...jah] gêsang kawula | sakarsa tuwan dadi | Radyan Wrêkudara | kèndêl pangamukira | ningali marang sang aji | seje warnanya | kalawan pra dipati ||

19. wus anarka yèn iku Ratu Singgêla | sinèlèhakên aris | Patih Kartabăngsa | gumlinting nèng bantala | ngalumpruk sangêt tan eling | Sri Bisawarna | ngrarêpa matur aris ||

20. dhuh suwawi anggèr paduka pinarak | asowèng păncaniti | mangke dhêdhawaha | punapa kang kinarsan | dene ngantos anêmahi | dhawuhkên duka | mring abdine ing ngriki ||

21. Wrêkudara nuruti sigra lumampah | marang ing păncaniti | wusnya tata lênggah | Sang Prabu Bisawarna | umatur angasih-asih | dhuh gustiningwang | kamipurun kang abdi ||

22. nuwun tanya ing nama miwah pinăngka | inggih nagari pundi | rawuh nèng Singgêla | punapa kang kinarsan | dene ngantos anêmahi | dhawahkên duka | mring abdi ta pun patih ||

23. Radyan Arya Wrêkudara lon saunya[17] | tanah Jawa sun iki | panêgak Pandhawa | pêparab Arya Sena | satriya ing Jodhipati | kang madêg nata | anèng Ngamarta nagri ||

24. kadang ingsun tuwa Prabu Darmaputra | dene ta prapta mami | anèng prajanira | nora bêbarang aprang | lan nora sikara budi | apan dinuta | kang dadi laku mami ||

25. kakang prabu nêdya ngambil pawongmitra | mring sira sri bupati | miwah raganingwang | nêdya bêcik lan sira | praptèng ngong nèng păncaniti | pêpatihira | lan sagung pra dipati ||

26. angadhangi nora wèh

--- 111 ---

ingsun banjura | tatêmu lan sirèki | maringsun sikara | marma têmah dadya prang | wadyanira mamrih pati | Sri Bisawarna | miyarsa ing tyas kingkin ||

26. Asmaradana

1. Sri Bisawarna turnya ris | anggèr lamun makatêna | kang lêpat abdi ta kene | namung apuntên andika | hèh patih marenea | ngabêktia mring gustimu | padha nyuwuna apura ||

2. ki patih lan pra dipati | èngête sangking kantaka | mêksih rêngkêng-rêngkêng kabèh | ngabêkti angaras pada | marang Sang Arya Sena | sawusira kine[18] lungguh | tata angglar ngarsa nata ||

3. Wrêkudara lingnya aris | hèh Sang Prabu Bisawarna | lakuningsun sayêktine | kinongkon ing kadang tuwa | nyêlang rata kêncana | bakal têtungganganipun | ariningsun kang Pamadya ||

4. rabi putri Dwarawati | pangarake kinèn nunggang | rata mas jêjalukane | kang pangirid kuda yêksa | kusir sarati dewa | timbalane kakang prabu | rata bisaa kagawa ||

5. barêng ing salaku mami | Bisawarna tur sumăngga | mundhut kagungane dhewe | wartine bapa kawula | inggih rata punika | ing nguni titihanipun | Bathara Ramawijaya ||

6. rata wontênipun ngriki | dhasar lêluhur kawula | kang darbe gadhuhan anggèr | milamba jrih nitihana | slamine mung rinêksa | pun bapa pitungkasipun | sirnane Bathara Rama ||

7. nuksmèng Prabu Harimurti | mangkya arinta akrama | putri ing Dwarawatine | dhasare ingkang kagungan | nênggih Bathara Krêsna | yêkti kawula tan kantun | anggèr kang rata kêncana [kê...]

--- 112 ---

[...ncana] ||

8. kula dhèrèkkên pribadi | sampun lami niyat amba | sumêdya ngèstupadane | marang Sang Bathara Krêsna | ing mangkya kaparêngan | nanging antinên rumuhun | ing wulan ngarsa punika ||

9. paduka kula aturi | ngadhaton sajroning pura | angayêmna sarirane | sêdhêng kawula samêkta | ing bala myang baita | mring Ngamarta nabrangipun | Wrêkudara èngêt ing tyas ||

10. wêlingipun Dewaruci | kinèn nuruti kewala | Bisawarna saature | dadya ris dènnya ngandika | lah iya sun tarima | sih marmanira maringsun | nanging ingsun nora kêna ||

11. yèn ngantia lami-lami | watir kang kari nèng praja | nanging poma wêkas ingong | sasi ngarsa aja cidra | praptanira Ngamarta | karana ing karyanipun | rata iya sasi ngarsa ||

12. lamun cidra sun balèni | Sang Aprabu Bisawarna | sarwi gumuyu ature | mongsamba puruna cidra | anggèr dhatêng paduka | Wrêkudara lingira rum | ya wis kariya raharja ||

13. ingsun pamit sapuniki | dyan sumêbut Arya Sena | saengga mibêr lumpate | wuri Prabu Bisawarna | parentah mring apatya | samêkta ingkang wadya gung | myang baita panyabrangnya ||

14. sandika rêkyana patih | miwah sagung pra dipatya | ing Singgêla sadayane | siyoga wadya myang palwa | kunêng gantya winarna | Gathutkaca lampahipun | Kêndhalisada wus prapta ||

15. Senaputra angabêkti | marang Sang Kapi Anoman | anungkêmi ing padane | Anoman alon têtanya | lah ta sirèki sapa | dhuwur tênggak ingsun dulu | kaya na èmpêre

--- 113 ---

uga ||

16. rêrêng jarote ngêblêgi | iya lan Si Wrêkudara | lah ngakua sapa kowe | Gathutkaca matur nêmbah | pasaja yèn putranya | anulya rinangkul gapyuk | nora lidok ujar ingwang ||

17. bok aja kabèh ngêblêgi | jarote myang swaranira | kang seje lan bapakane | Si Wrêkudara balingah | kuning sirèku abang | prapta ing pratapan ingsun | apa ta sira dinuta ||

18. mring wong tuwanira kaki | Gathutkaca matur nêmbah | pan inggih ulun kinèngkèn | mring uwa Prabu Ngamarta | angupaya maesa | danu satus pancal panggung | jêng paman ing Madukara ||

19. krama putri Dwarawati | Kusuma Wara Sumbadra | ing wulan ngarsa dhaupe | mundhut sasrahan maesa | danu satus kang samya | pancal panggung sukunipun | milamba marêk ing tuwan ||

20. nuwun têdah kang sayêkti | ênggènipun kang maesa | Anoman suka gujênge | sun arani wong gêlathak | Sang Prabu Padmanaba | jaluk kêbo danu satus | kang pancal panggung sukunya ||

21. ubrêsên sapraja iki | sawiji măngsa antuka | kang kaya ujarmu kuwe | kêbo mêngkono rupanya | dhasare nora nana | kang duwe panjaluk iku | golèka măngsa bisaa ||

22. wis muliha bae kaki | matura mring uwakira | yayi Prabu Ngamarta ge | yèn mangkono wuwus ingwang | Gathutkaca tur sêmbah | yèn uwa tan paring tuduh | pukulun gèning maesa ||

23. suka pêjahana mami | merang mantuk mring Ngamarta | mendah jêng uwa dukane | miwah arinta jêng rama | Anoman duk miyarsa | kang putra rinangkul gapyuk [gapyu...]

--- 114 ---

[...k] | bocah iki wus kabapan ||

24. iya kulup sun tuturi | pan dudu ing ngarcapada | gone kêbo danu kuwe | sayêktine ing Kaendran | kagungane Hyang Endra | Bathara Gana kang gadhuh | Dhadhungawuk pangonira ||

25. jujuga Sêmèru wukir | pucake ingkang lor wetan | pan ing kono pangonane | pasthi kêna dening sira | sanadyan Si Janaka | lakune lan bapakamu | iya padha olèh karya ||

26. nora na kang luput siji | pamundhute Sri Narendra | Dwarawati kêna kabèh | ujêr wus pasthi jodhonya | Parta lawan Sumbadra | lah ta wis mangkata kulup | ingsun jurung puja măntra ||

27. namung dèn prayitna kaki | kêbo kaliwat bêbaya | satus galak-galak kabèh | suka Radèn Gathutkaca | dènnya wus antuk têdah | amit nêmbah lajêng mabur | kapungkur Kêndhalisada ||

27. Pangkur

1. sinêru kras ibêrira | Gathutkaca sakêdhap wus ngungkuli | nênggih ing wukir Sêmèru | pucak ingkang lor wetan | tiningalan jirab kang maesa danu | satus pancal panggung samya | Gathutkaca marêpêki ||

2. maesa satus tumingal | marang Radèn Gathutkaca nandêr nuli |[19] ingkang sangking ngarsa nubruk | cinandhak tan bisa bah | nulya ingkang sangking wuri asru nubruk | cinandhak kang sangking kanan | nubruk miwah sangking kering ||

3. bingung Radèn Gathutkaca | kuntal-kuntal mèh sayah dèn bijigi | kanan kering ngarsa pungkur | langkung èmênging driya | de maesa siji nora nana tutut | wontên maesa satunggal | bule gêngira [gêng...]

--- 115 ---

[...ira] saèsthi ||

4. pan iku kapalanira | langkung kuwat panubruke nyakiti | panjang lungit sungunipun | radèn agung dèn undha | kumbul tibanira tinadhahan sungu | kumêdut nanging tan pasah | kang kathah nubruk numbuki ||

5. krodha Radèn Gathutkaca | mulat marang maesa bule siji | kuwate panubrukipun | karasa ing sarira | dyan cinandhak tinêpak dhase malêdug | muncrat polone bêlabar | ingkang kantun aningali ||

6. pêjahe kêpalanira | pan gumrubyuk lumayu ngungsi têbih | mring kang angon Dhadhungawuk | apan buta sêlewah | kang sasigar kering irêng pawakipun | kang sasisih kanan pêthak | prakosa sudirèng jurit ||

7. apan wulucumbunira | mring Bathara Gana dipun sêdhahi | angon ing maesa danu | Dhadhungawuk tumingal | langkung kagyat andanu palajêngipun | lawan kêpalane pêjah | wontên sujanma sawiji ||

8. taruna dhapur sêmbada | wus anarka yèn iku kang matèni | marêpêki asru muwus | hèh hèh wong ngêndi sira | wani-wani matèni rarêksaningsun | kungkum nora wurung sira | mati dening tangan mami ||

9. Gathutkaca dyan binalang | sela itêm gêng salumbung tan gingsir | tibèng jajanya gumadhug | pinindho tan wigata | Dhadhukngawuk[20] krodha mrêpak sigra nubruk | ngandêlakên prakosanya | kuwate ing nguni-uni ||

10. panubruke ingoncatan | pan karungkêp kongsêp anèng ing siti | tangine cinandhak gupuh | marang Sang Senaputra | pan cinandhak rambute [ra...]

--- 116 ---

[...mbute] sinêndhal gupuh | dèn idak dèn dhupak-dhupak | linarak dèn oncit-oncit ||

11. wus dangu nulya binuwang | tibèng têbih kantêp sangêt tan eling | andanu malajêng mantuk | kagyat Bathara Gana | prapta sarwi angundha gadanira gung | nguwuh asru asêsumbar | anjrit swarane ngajrihi ||

12. hah hah hèh wong ngêndi sira | dene têka wani-wani matèni | kêpalane kêbo danu | kagungane Hyang Endra | nora wurung sira mêngko dadi bubuk | katiban ing gadaningwang | ngêndi pangungsènirèki ||

13. Gathutkaca duk tumingal | osiking tya[21] iki kang bêbayani | dewa sirah dipăngga gung | prayitna sru lingira | mêngko-mêngko aywa ge gada sirèku | iya antinên sadhela | rungunên wuwus ngong dhingin ||

14. ingsun iki Senaputra | praptaningsun ing kene pan tinuding | marang ing jêng uwa Prabu | Ngamarta angupaya | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | bakal ginawe sasrahan | marang putri Dwarawati ||

15. jêng paman ing Madukara | ingkang bakal krama dèn jaluki |[22] sasrahan maesa danu | mêngko kapasang yoga | sira ingkang gadhuh kabèh kêbo iku | dèn suka lila tyasira | kêbo ingsun sêlang dhingin ||

16. ing besuk yèn wusing karya | ingsun balèkakên marang sirèki | Bathara Gana sru muwus | babo dene gumampang | pangucape lamun ingsun durung lampus | kaya lamun nora kêna | kêbo kagawa sirèki ||

17. luput-luput mêngko sira | ajur mumur katiban gada mami | awor lawan bangkènipun | kêpalane maesa | danu putih siji ingkang sira lampus | Gathutkaca duk miyarsa | krodha sru dènnya nauri ||

18. hèh dewa [de...]

--- 117 ---

[...wa] kang sirah gajah | nadyan ingsun pan iya isin mulih | lamun kêbo danu satus | nora bisa kagawa | ing saiki yêkti sun pilaur lampus | wirang mulih mring Ngamarta | lah payo tibakna aglis ||

19. krodha Sang Bathara Gada[23] | mangsah gada tibane dèn tadhahi | dyan cinandhak gadanipun | rame sêndhal-sinêndhal | udrêk dêdrêk rarêjêgan gada dangu | krodha Radèn Gathutkaca | panyêndhalira nguwati ||

20. wus karêbut gadanira | dyan binuwang sumêbut tiba têbih | Bathara Gana dyan nubruk | sarya angrik lir yêksa | tinadhahan panubruke parêng gapyuk | caruk rok candhak-cinandhak | rukêt samya silih-ungkih ||

21. kakahan cêngkah-cinêngkah | pokah-pinokah rame silih-ungkih | gêlut pulêtan apêluk | okol ukêl ingungkal | gantya dêdêl-dinêdêl dêngkung-dinêngkung | kuwêl wor ulêng-ulêngan | kagulung gantya kaguling ||

22. rug gugrug anggraning arga | ing Sêmèru kambah ramening jurit | wrêksa rug rubuh kabrubuh | bosah-basih bêlasah | Sang Bathara Gana astane mar lesuh | susuh wus angrasa sayah | agung kalindhih katindhih ||

23. dhas bundhas kabêntus padhas | rongkong rêngkêng-rêngkêng agung kabanting | congor nyongor kajarungup | ing curi-curi parang | kagulimpang kabanting kagulung-gulung | têlale katikêl sela | kupingira mili gêtih ||

24. mangangên-angên upaya | mamrih uwal dènnyarsa angoncati | mèh kêdhik kêna dinêngkung | cêngêlira sru gronjal | sarwi mancal mancad ing jajanira sru | wal singsal kalihe kuntal | Gana tibane kabanting ||

25. kagulung kaglundhung jurang | satangine lajêng lumayu gêndring | sarêng lan maesanipun | andanu satus samya | ngungsi marang Bathara Endra gumrubyug | samana Bathara [Batha...]

--- 118 ---

[...ra] Endra | sêdhênge lagya siniwi ||

26. dening kang para jawata | lênggah munggèng ing singangsana manik | angglar pra jawata ngayun | gègèr samya katunjang | palayune satus kang maesa danu | sarta lan Bathara Gana | palayune niba tangi ||

27. lajêng dheprok munggèng ngarsa | mêmpis-mêmpis napase mêtu kuping | dinangu tan sagêd matur | pan mêksih mêgap-mêgap | babak bundhas ngangsur têlale ngalumpruk | prapta Radèn Gathutkaca | Bathara Gana ningali ||

28. dhêradhas angungsi wuntat | sangêt kawus maring Sang Bimasiwi | wus duga yèn jawata gung | siniwèng para dewa | lênggah munggèng singangsana manik murub | marêk ing ngarsa tur sêmbah | Batharendra ngandika ris ||

29. saengga kadya ngrêrêpa | hèh ta kulup paran purwanirèki | dene nêmahi prang pupuh | iya lawan Si Gana | lawan apa sêdyanira kang satuhu | kongsi prapta ing Kaendran | manungsa pan nora kêni ||

30. sumêngka pangawak bajra | lamun nora kalawan sun timbali | Gathutkaca nêmbah matur | dhuh sang maha bathara | nuwun duka prapta kawula Sêmèru | botên pisan sumêdya prang | lan pun dewa sirah èsthi ||

31. wus ingaturkên purwanya | lan Bathara Gana dadining jurit | miwah ing sasêdyanipun | yèn dinuta kang uwa | ing Ngamarta ngupaya maesa danu | myang kang paman Madukara | dènira badhe akrami ||

32. wus ingaturkên sadaya | pamundhute Sang Prabu Harimurti | Batharendra ngandika rum | kulup maune sira | têka nora banjur jujug ngarsaningsun | kêbo danu wruhanira | pan wus pacanganirèki ||

33. lamun kaki Parta krama | sasrahane mring putri Dwarawati | barang pêpundhutanipun | Sang Prabu Padmanaba [Padmana...]

--- 119 ---

[...ba] | kabè-kabèh ing mêngko mèh praptanipun | anèng nagara Ngamarta | iya sasi ngarêp iki ||

34. Si Bima lan Si Arjuna | besuk barêng lan praptanira kaki | lah ta wis muliha kulup | mênèk kari ing karya | Radèn Arya Gathutkaca nêmbah matur | pukulun paran ing karsa | maesa sadaya kêsit ||

35. botên kènging giniringna | Hyang Endra ngling yèn sarta sabda mami | sayêktine kabèh tutut | payo nuli mangkata | kêbo dimèn kêkinthil wurinirèku | Gathutkaca mundur nêmbah | maesa danu kinanthi ||

28. Kinanthi

1. sapalih kêkinthil pungkur | sapalih lumakyèng ngarsi | suka Radèn Gathutkaca | dene kêbo lir jajari | ngarsa rampak bayak-bayak | rêmpêk kang lumakyèng wuri ||

2. kunêng gantya kang winuwus | lampahe Radèn Prêmadi | wus prapta ing Cakrakêmbang | Hyang Kamajaya marêngi | anèng taman Cakragănda | lan kang garwa Dèwi Ratih ||

3. kalangênan ing kalangun | kêkanthèn astane kalih | angubêngi kêmbang-kêmbang | angalap kang sarwa sari | Sang Parta kèndêl lampahnya | Sêmar Bagong aningali ||

4. mring kang rèntèng arêruntung | sangking doh asru dhèhèmi | kagyat nolèh kalihira | Dèwi Ratih aningali | yèn Sang Parta ingkang prapta | gupuh dènnya malajêngi ||

5. Sang Parta rinangkul gapyuk | pungkurane dèn gablogi | bok aja anggawe gita | prapta dadak têka wuri | payo marêk kakangira | Sang Parta manut lumaris ||

6. baune mêksih rinangkul | prapta ing ngarsa ngabêkti | angaras pada kalihnya | kang raka angrakul[24] aris | sawusnya tumungkul lênggah | Dèwi Ratih angrakêti ||

7. tumeplok[25] dènira lungguh | nèng pupunira kang kering | kang raka malih [ma...]

--- 120 ---

[...lih] ngandika | apa na karyane yayi | praptanira Cakrakêmbang | apa ta mung kangên yêkti ||

8. marang ing sariraningsun | miwah mring bakyunirèki | Dananjaya matur nêmbah | pukulun sang maha rêsi | prapta kula ngarsa tuwan | tinundhung sangking nagari ||

9. mring arinta Sang Aprabu | Ngamarta ulun tan kêni | ngambaha ing prajanira | pangandikane tan sudi | angakên kadang kang tiwas | akarya sangaring nagri ||

10. Hyang Kamajaya lingnya rum | dunungêna ingsun yayi | panundhunge marang sira | apa ta tiwasirèki | Dananjaya matur nêmbah | purwane ulun tinuding ||

11. ngupaya pundhutanipun | Sang Aprabu Dwarawati | sêkar dewadaru swarga | lan patah dewa kang pêkik | myang kusir dewa kalawan | pangarihnya widadari ||

12. lan gamêlan munyèng luhur | sapa ta kang arsa krami | Dananjaya matur nêmbah | inggih putri Dwarawati | punika kang arsa krama | Hyang Kamajaya ngling malih ||

13. iya kang duwe pamundhut | Kusuma Batacinawi | pangantène lanang sapa | apa mung pangantèn èstri | Sang Parta tumungkul nêmbah | Dèwi Ratih duk miyarsi ||

14. Dananjaya dyan rinangkul | ginablogan dèn ciwêli | kalingane yayi sira | marene ngulêm-ulêmi | lah ta iya bêsuk apa | gon ingsun ngêdêgi kardi ||

15. bok aja nganggo gumagus | iya mring rakanirèki | dinangu suwe tan jarwa | aling-aling dèn dukani | mring yayi Prabu Ngamarta | tinundhung sangking nagari ||

16. mendah dene patutipun | bakale ipeku benjing | Kusuma Wara Sumbadra | lungguh nèng pangkonirèki | ingsun lawan kakangira | sayêkti lawas nunggoni ||

17. Kamajaya ngandika rum | lah yayi payo dèn aglis | seba mring Hyang Girinata | yêkti pinaringan yayi | kabèh sapanuwunira [sapanu...]

--- 121 ---

[...wunira] | ujêr wus mangsane iki ||

18. yayi ing dhaupirèku | lawan Dyah Batacinawi | ingkang marang ing Kaendran | Si Gathutkaca pan uwis | andanu satus kagawa | miwah ing lakunirèki ||

19. Si Wrêkudara wus antuk | rata sak ratune ngiring | saksana sarêng lumampah | katri lawan Dèwi Ratih | minggah mring Junggringsalaka | katri lampahira prapti ||

20. ing ngarsanira Hyang Guru | Narada kang munggèng ngarsi | cingak jawata kang seba | mulat praptanira katri | satuhu kalamun kêmbar | Kamajaya lan Prêmadi ||

21. mung kaot busananipun | jawata sanès lan janmi | narada latah agiyak | dene padha nuli prapti | Hyang Guru mêntas ngandika | sira ingkang dèn rasani ||

22. Dananjaya dyan asujut | ing ngarsane Hyang Pramèsthi | lan Bathara Kamajaya | katri lawan Dèwi Ratih | kinèn samya lênggah jajar | têngah Rêtna Dèwi Ratih ||

23. Sêmar Bagong datan purun | nèng ngandhap wangsul mring jawi | mring gèn dewa kang sewaka | kagum samya dèn bêkêmi | bubar-bubar kang sewaka | Sêmar Bagong malangkêrik ||

24. wau ta Sang Parta sampun | dinangu lampahirèki | dènnya munggah suralaya | katur sasêdyanirèki | Hyang Guru aris ngandika | iya wus mangsane iki ||

25. mêkar kêmbang dewadaru | wus sêdhêng dhaupirèki | lawan Si Wara Sumbadra | ing nguni duk mêkar siji | rabine Si Baladewa | iya lawan Erawati ||

26. mêngko kayu dewadaru | kêmbange wus mêkar kalih | sayêktine rabinira | hèh Kamajaya sirèki | iya kang dadia patah | pangarake Si Prêmadi ||

27. kakang Narada sirèku | iya kang dadi sêrati | gamêlan si lokanănta | munia anèng wiyati | apsari Si Gagarmayang | iya lan Si Gagarwati ||

28. kang anggawa [ang...]

--- 122 ---

[...gawa] dewadaru | Si Ratih dadya pangarih- | ira Si Wara Sumbadra | tunggua nèng Dwarawati | dene kèh para jawata | ingkang padha angurmati ||

29. luwihêna lawan kang wus | dewa ingkang ngiring-iring | rabine Si Baladewa | mangkata sadina iki | kaki Prabu Darmaputra | dhayohe wus akèh prapti ||

30. sadaya kang sinung dhawuh | sadaya wus samya mijil | samêkta lajêng angkatnya | widadara-widadari | tuwin kang para jawata | nom-anom ingkang umiring ||

29. Sinom

1. satriya Adananjaya | dhune sangking suranadi | lir kadya kinarirêngga | lampahe anèng wiyati | Kusuma Dèwi Ratih | wolulas parêkanipun | kinèn lumakyèng ngarsa | sadaya ayu linuwih | pan jinèjèr kalih-kalih lampahira ||

2. angampil-ampil sadaya | upacara Dèwi Ratih | wênèh ngampil găndawida | lawêdan sangking suwargi | munggèng bêsihan rukmi | găndawida jêbad arum | ana ngampil busana | rajakaputrèn apsari | ingkang badhe kagêm ing Wara Sumbadra ||

3. wuri nulya kêmbar mayang | kang dewadaru sarakit | widadari kang ambêkta | Gagarmayang Gagarwati | samya ayu linuwih | rinêngga busana murub | wurinira Narada | samarga-marga sêsirig | agung nolèh anyawang ing wurinira ||

4. Dananjaya Kamajaya | tinêngahan Dèwi Ratih | katri kêkanthènan asta | Sêmar Bagong munggèng wuri | lêlewa amênyanyi | lêlucon asungsung guyu | gumyak samarga-marga | jawata kang ngiring-iring | ngarsa pisan gamêlan si lokanănta ||

5. tinabuh para jawata | munya raras angêrangin | dewa kang lumakyèng ngarsa | samya ngigêl turut margi | tan wus lamun winarni | srining lampah udhunipun | Sang Parta sangking swarga | gantya kang winarnèng tulis | ing Ngastina Sang Aprabu Duryudana ||

--- 123 ---

6. sadaya sampun samêkta | pangrakitira ing nguni | kang kocap ing sayêmbara | kang minăngka rata rukmi | dèn byur parada kuning | dipăngga pangiridipun | măngka turăngga yêksa | banthèng satus kang kinardi | kêbo danu satus pancal panggung samya ||

7. kusir dewa patah dewa | apan ta wiku kêkalih | kinarya kusir satunggal | patah ingkang ragi pêkik | kêmbar mayang sarakit | kang minăngka dewadaru | kinarya wit suwasa | sêsotya kang adi-adi | kang kinarya woh pêntil miwah sêkarnya ||

8. godhong pardapa kêncana | winarna ing rajawêrdi | pangarih endhang satunggal | ragindah warnanirèki | Kurawa kang sapalih | sakapraboning prang pupuh | pangarsa Drusasana | lan Patih Arya Sêngkuni | gamêlan kang munyèng tawang nèng jêmpana ||

9. lan ingkang nabuh sadaya | sawusnya samêkta sami | budhal sangking ing Ngastina | asri lampahirèng margi | Burisrawa anitih | rata pita pêrada byur | pangiride dipăngga | patah wiku lan pêngarih | endhang siji nunggil salêbêting rata ||

10. srining marga tan winarna | miwah kèhing kang ningali | kang ngarak maring Mandura | wus lêpas lampahirèki | wau ta kang winarni | Gathutkaca lampahipun | ingkang bêkta maesa | andanu satus kêkinthil | alon-lonan kagyat dènira tumingal ||

11. gêgaman agêng lumampah | lir ngarak rakiting margi | kèndêl Radèn Gathutkaca | ngêntosi têlasing baris | andanu satus sami | dhêdhêt munggèng wurinipun | Rahadèn Gathutkaca | dangu-dangu aningali | nora samar lamun Kurawa Ngastina ||

12. wus anduga ing wardaya | kang dadya lampahirèki | mangkana gêgaman ngarsa | alok kang samya ningali | bêbungas ing wanadri | jirap kang maesa danu | pancal panggung sadaya [sada...]

--- 124 ---

[...ya] | sigra Ki Arya Sêngkuni | marang ngarsa waspada paningalira ||

13. lamun Radèn Gathutkaca | ngiring maesa nèng wuri | andanu pancal sadaya | têbah jaja kyana patih | lah dêlêngên ta sami | Pandhawa ing gunanipun | ika Si Gathutkaca | lakune dene ta olih | kêbo danu satus pancal panggung samya ||

14. ngumpul sagung pra santana | sadaya samya winisik | karsane Rêkyana Patya | Sêngkuni sigra mêrpêki | dhuh babo putu mami | Gathutkaca wong abagus | sêmbada prakosanya | măndraguna sura sêkti | sining jagad putu sapa kaya sira ||

15. wus prapta gèn Senaputra | Sêngkuni angrangkul aglis | wuwuse sarwi ngêngudang | dhuh putuku wong apêkik | wong jarot nyêmbadani | măndraguna sudibya nung | bisa antuk maesa | danu samya pancal putih | lah ing ngêndi kulup gonira ngupaya ||

16. pira ta kèhing Kurawa | kulup kang padha tinuding | mring wakamu ing Ngastina | apadene awak mami | pan ora olèh siji | danu ingkang pancal panggung | iku banthèng kewala | karsane wakira aji | kang kinarya pasumbang marang Ngamarta ||

17. mèsêm ing tyas Senaputra | miyarsa linge Sêngkuni | ngaku nyumbang mring Ngamarta | wruh lamun doranirèki | alon dènnya nauri | eyang kang andanu satus | pêparinge Hyang Endra | Sêngkuni angrangkul malih | jarku apa guna têmên putraningwang ||

18. bisa marang ing Kaendran | sapa kang kaya sirèki | lah payo barêng kewala | kulup sira lawan mami | kêbo dime[26] nèng ngarsi | awor lawan banthèng patut | kulup iki wakira | saparo ingkang tinuding | angadêgi gawe marang ing Ngamarta ||

19. kinèn banjur angiringna | besuk pangarakirèki | anak mas ing Madukara | marang nagri Dwarawati | akèh dènnya maringi |

--- 125 ---

pasumbang kang bakal katur | marang nagri Ngamarta | kagawa ing laku mami | isèn-isèn sajroning nagri Ngastina ||

20. kang arupa rajabrana | pèni-pèni rajapèni | guru bakal guru dadya | myang kang rupa busana di | Gathutkaca nauri | eyang paduka rumuhun | kula wuri kewala | sasêlot-sêlot lumaris | sampun pisah lawan maesa kawula ||

21. Sêngkuni asru wuwusnya | aywa punggal putu mami | sun amrih rakiting lampah | kêbo danu munggèng ngarsi | awor lan banthèng bêcik | sira awor lawan ingsun | anèng têngah gêgaman | Sêngkuni dènira angling | apan sarwi ngêjèpi mring Drusasana ||

22. tanggap Arya Drusasana | panubrukira dhingini | sigra Arya Sang Durmuka | Durmagati anututi | ing wuri angêbyuki | kanan kering parêng ambyuk | Rahadèn Gathutkaca | kalimput datan kaèksi | pinarbutan marang Kurawa Ngastina ||

23. ananging dèrèng kabănda | mêksih dadrêg udrêk sami | andanu satus garjita | radèn pinarbut ing jurit | kang munggèng kanan kering | wuri parêng dènnya nubruk | ingkang ngrubut wal singwal | ginudak miwah binijig | Gathutkaca mêsat marang ăntariksa ||

24. andanu lajêng manêngah | satus ngamuk ngobrak-abrik | gègèr kang para Kurawa | kamuk ing maesa sami | akèh rêmuk binijig | Gathutkaca eca dulu | anjangkung nèng gêgana | suka dènira ningali | dene kêbo danu satus pangamuknya ||

25. sadaya sami sudira | tan ana bajra nêdhasi | sinosog ing ganjur watang | sawiji tan ana busik | yèn bijig bêbayani | singa kang tinubruk rêmuk | kang tan pasah kalumah | myang kuntal tiba kabanting | ana ingkang dèn undha muluk mring tawang ||

26. tibanira tinadhahan | tumancêp [tumancê...]

--- 126 ---

[...p] nèng sungu kalih | kang têguh pan lajêng tiba | lajêng kèrêm anèng siti | lêmês dèn uli-uli | danu satus saya liwung | pangamuke lir yêksa | banthèng satus dèn godagi | ucul sangking têtali ngamuk sadaya ||

27. mawur kang bala Kurawa | pati-patine bêntusi | sasaran angusi[27] wana | tan ana kang tolèh gusti | giris dènnya ningali | pamuke maesa danu | satus lir yêgsa krura | nubruk numbuk ngobrak-abrik | wah andaka satus ucul ngamuk samya ||

28. sagunging kang pra santana | kang panggah-panggah kabalik | sèkêt wus larut sadaya | miwah Rêkyana Apatih | Sêngkuni andhingini | lumayu manjing wana gung | Burisrawa wus tilar | ratane rêmuk binijig | dipanggane lumayu ngungsi sarkara ||

30. Dhandhanggula

1. Gathutkaca suka aningali | dene Kurawa larut sadaya | mung kamuk maesa bae | andanu satus ngumpul | ngaso sore mandira sari | mung banthènge sadaya | manjing ing wana gung | Gathutkaca mudhun sigra | sangking wiyat sapraptanira ing siti | andanu marêk samya ||

2. satus angglar nèng ngarsanirèki | Gathutkaca sengga namudana | angêlus-êlus sirahe | sungu myang gigiripun | sawusira radyan lumaris | andanu satus samya | kêkinthil nèng pungkur | kunêng kang lagya lumampah | lan maesa andanu gantya winarni | nênggih nagri Ngamarta ||

3. Prabu Yudhisthira wus winangsit | nênggih marang Sri Bathara Krêsna | sampun sumêlang galihe | katri kang dipun utus | Sena Parta myang Bimasiwi | wus pasthi antuk karya | katri lampahipun | apan ta sarêng kewala | ing praptane satêngahing wulan ngarsi | Sang Prabu Yudhisthira ||

4. lajêng dènnya angatur-aturi | mring kang rama Cêmpala kalawan | ingkang eyang Wirathane [Wira...]

--- 127 ---

[...thane] | wau ta kang winuwus | Wrêkudara kang prapta dhingin | lajêng tumamèng pura | panggih raka prabu | katur solahe dinuta | angupaya rata kêncana wus olih | pangirit kuda yêksa ||

5. nanging sagah sinusulkên wuri | Natèng Singgêla Sri Bisawarna | ngiringkên lan sabalane | kang raka sukèng kalbu | enjingira malih kang prapti | Rahadyan Gathutkaca | lan andanu satus | Sang Aprabu Darmaputra | angurmati praptane Sang Bimasiwi | miyos ing panangkilan ||

6. Gathutkaca tumundhuk ngabêkti | mring kang uwa nungkêmi padanya | aris rinangkul janggane | sadaya sampun katur | solah tingkahira tinuding | kongsi minggah Kaendran | dènnyantuk andanu | miwah kalanya binegal | marang sata Kurawa anèng wanadri | sampun katur sadaya ||

7. ingkang uwa suka amiyarsi | Gathutkaca wus kinèn asoa | anèng ing pasanggrahane | kang putra nêmbah mundur | kêbo danu satus kêkinthil | sadaya wus anjilma | mring Sang Bimasunu | enjinge malih kang prapta | Sri Bupati Cêmpala sagarwa siwi | Sang Prabu Yudhisthira ||

8. angurmati mêthuk păncaniti | ing rawuhe kang rama Cêmpala | lajêng manjing jro purane | saputra garwanipun | sawusira binujakrami | ingaturan asoa | pasanggrahanipun | wus mijil sangking jro pura | pasagrahan[28] Nangkula kang anyaosi | kamot sabalanira ||

9. enjangipun malih ingkang prapti | Natèng Wiratha sagarwa putra | Radèn Seta Untarane | lan Wirasangkanipun | Prabu Darmaputra ngurmati | miyos nèng pagêlaran | ing sasampunipun | kang eyang binojakrama | ingaturan aso masanggrahan sami | saputra garwanira ||

10. enjangipun malih ingkang prapti | Natèng Singgêla Sri Bisawarna |

--- 128 ---

lawan sawadyabalane | rata rukmi tan kantun | Prabu Yudhisthira ngurmati | mêthuk nèng panangkilan | tundhuk sarêng dhaku | mêndhak sarêng mêndhakira | Prabu Bisawarna kêdah awotsari | marang Sri Darmaputra ||

11. nanging datan sinungan wotsari | kipa-kipa sarwi lon ngandika | yayi prabu mangke-mangke | andika ratu agung | binathara anyakrawati | nagari ing Ngamarta | pintên kadaripun | tinimbang lan ing Singgêla | ing Ngamarta saksat padhukuhan alit | măngka paduka arsa ||

12. nêmbah marang ing sarira mami | yêkti kenging sikuning jawata | sanadyan sami alite | miwah agung samya gung | lamun ratu pan botên kêni | nêmbah samaning raja | loking jana saru | kajawi lamun kabawah | milanipun sang prabu sampun wotsari | sami-sami kewala ||

13. Prabu Bisawarna matur aris | inggih lêrês pangandika tuwan | Singgêla gêng karatone | nanging amba pukulun | mila-mila trah ratu abdi | alit nagri Ngamarta | ing karatonipun | ananging paduka nata | mila-mila satuhu trah ratu gusti | têdhak Bathara Brama ||

14. campur lawan trahing Wisnumurti | pan kawula trahing ratu ditya | Hyang Brama nèmpèli bae | yêkti wajib wotsantun | trahing abdi lan trahing gusti | botên kenging selaka | paduka pukulun | nampèni sêmbah kawula | Prabu Yudhisthira mêksa angêkahi | tan arsa sinêmbaha ||

15. Natèng Singgêla sigra tinarik | astanira pinêksa binêkta | lênggah dhampar saosane | nuruti sampun lungguh | pan tumungkul [tumung...]

--- 129 ---

[...kul] sangêt dènnya jrih | mring Prabu Yudhisthira | gusti anggêpipun | sawusnya sinamudana | ing pambage nêlas ing pambojakrami | tinundhung masanggrahan ||

16. sigra mundur sangking păncaniti | Natèng Singgêla wus sinaosan | masanggrahan sabalane | rinêngga tarub agung | kunêng dalunira winarni | sagung para jawata | sadaya wus rawuh | jumujug sajroning pura | Dèwi Ratih sawusnya panggih Drupadi | kinèn lajêng kewala ||

17. lampahira maring Dwarawati | rumêksaa mring Wara Sumbadra | wus mêsat sapawongane | mangkana jro kadhatun | pra jawata sukanya ngênting | dene sampun samêkta | uparêngganipun | sadaya sampun samêkta | wêwangunan jaba jro sampurna sami | tan ana kêkurangan ||

18. Prabu Yudhisthira angaturi | mring kang rama Cêmpala myang eyang | ing Wiratha saputrane | lan Singgêla Sang Prabu | Wrêkudara wus manjing puri | lajêng apirêmbagan | sadaya sama[29] nut | ing rèh Sang Rêsi Narada | pangarake maring nagri Dwarawati | enjang badhe budhalnya ||

19. kang angreka rakiting lumaris | Rêsi Narada ingkang mêmatah | ing lampah pangkat-pangkate | Gathutkaca panganjur | sawadyane ing Pringgadani | ngiringakên sasrahan | kang andanu satus | kang badhe sumambung wuntat | miwah ingkang sumundhul ing wuri malih | tundha-tundha ing lampah ||

20. wus pinatah sagunging para ji | pra santana miwah para putra | mijil sangking pura kabèh | prapta pakuwonipun | angundhangi wadyane sami | kapraboning ayuda | samêktaning laku | ing dalu datan winarna | enjangipun jaba jro samêkta sami | Rahadyan Gathutkaca ||

21. sawadyane ditya Pringgadani | wus têngara dhingini budhalnya | ditya pêpilihan kabèh | kapraboning prang pupuh | kalih èwu nom-anom sami | sasrahan munggèng ngarsa | kang

--- 130 ---

andanu satus | tata rampak bayak-bayak | lampahira rêmpêg tan moncol sanyari | sangarsane maesa ||

22. kawan dasa wil kêndhang saruni | bêndhe bèri salomprèt wurahan | gong bonang puksur arame | ngigêl ingkang kêtipung | angêlètèr bêndhe lan bèri | sêsirik urut marga | sênggaking gumuruh | sawurinira maesa | wolung atus ditya kang rinukmi-rukmi | sangkêp kapraboning prang ||

23. sawurine ditya kang rinukmi | Radèn Gathutkaca munggèng rata | gothaka sri pangiride | rinêngga ing mas murub | pêpilihan wil para mantri | ingkang garêbêg rata | ditya kawan atus | prasamya wahana kuda | busana rinêngga ing sêsotya adi | sadaya sikêp gada ||

24. sawurining wil kuda pan sami | lan ing ngarsa wolung atus ditya | busana sarwa mas kabèh | asri pating palancur | narawungi sunaring rawi | mawor lan laraping kang | sêgani lan limpung | nanggala tunggul daludag | pan sadaya ciri ditya krura angrik | pinindha ngundha dhêndha ||

25. gêng karaton nagri Pringgadani | karatone Sang Prabu Arimba | Gathutkaca rikalane | siniwèng wadyanipun | mêksih lungguh karatonnèki | lênggah ngamparan rêtna | makutha bra murub | yèn sowan marang Ngamarta | datan arsa ngangge kaprabon narpati | gambuh dènira mutra ||

31. Gambuh

1. ingkang dèn angge namung | upacara ing kaputranipun | anêtêpi ing kasatriyanirèki | nulya wuri kang sumambung | Rajaputra Wiratha

--- 131 ---

nom ||

2. Dyan Wirasăngka ngayun | nitih rata jong pita binangun | ing sêsotya upacaranira asri | prajurit ingkang pinangku | dharat kalih atus golong ||

3. abra busananipun | sinasami sangking doh dinulu | pindha sêkar pala nêdhêng ing wanadri | kang garêbêg anèng pungkur | prajurit kuda nom-anom ||

4. satus busana murub | tuwin sagung kaprabon prang pupuh | bandera myang têtunggul daludag kuning | pan sadaya cirinipun | mong krura mamrih măngsa gro ||

5. ing wuri kang sumambung | Arya Untara titihanipun | rata bangun rêta rinênggèng sotya di | srining upacaranipun | lir panjrahing puspita byor ||

6. wadyanya kang pinangku | munggèng ngarsa dharat kalih atus | pêpilihan sangkêp sakaprabon jurit | kang wahana kuda satus | samya andêlirèng kewoh ||

7. garêbêg munggèng pungkur | sangkêp sakapraboning prang pupuh | pan sadaya binusanan sarwa rukmi | tunggul lan banderanipun | prasamya bang asri tinon ||

8. sadaya cirinipun | têksaka krura mangap manaut | ing wurine Sang Arya Seta nambungi | gumêrdêg barise barung | pindha angsahe palugon ||

9. kêndhang gonge gumuruh | prajurite dharat kawan atus | kang pinangku munggèng ngarsa busana sri | sangkêp sagêgamanipun | tunggul daludagira byor ||

10. bandera samya pingul | cinirenan wre krura maringut | mangap angrik kentar drêsing angin-angin | gêtêre bandera riwut | gêgêtêri lamun tinon ||

11. krêbête bandera sru | lir pamrene wanara satuhu | Arya Seta munggèng rata jong bangunjring [bangu...]

--- 132 ---

[...njring] | makutha buka sri murup | bagusing prang prawira nom ||

12. srining pacaranipun | kadya panjrahing kang puspita rum | pan sinungsung sapasang-pasang sinami | wadya upacaranipun | pininta-pinta tan awor ||

13. ingkang garêbêg pungkur | wadya wahana kuda rong atus | pan sadaya sangkêp sasikêping jurit | prajurit kuda rong atus | sami andêling palugon ||

14. sêsêg nêsêg sumêngkut | rikat-rikat rakit lampahipun | nulya wadyanipun kang rama nambungi | prajurit dharat nêm atus | kang pinangku ngarsa katong ||

15. sangkêp sasikêpipun | ing ayuda prajurit nêm atus | asrining kang busana bra marwatagni | pacara karatonipun | rinakit ngarsa sri tinon ||

16. ing Wiratha Sang Prabu | nitih rata jong binangun dadu | para mantri kang samya amagêrsari | miwah kang garêbêg pungkur | tigang atus busana byor ||

17. asri pating palancur | prajurit kuda kang tigang atus | pan sadaya sangkêp kapraboning jurit | bandera daludagipun | ciri dipăngga binarong ||

18. satêlasing wadya gung | ing Wiratha wuri kang sumambung | wadyabala ing Cêmpala busana sri | pangarsa sang narpasunu | Radèn Drêsthajumêna nom ||

19. wadyane kang pinangku | munggèng ngarsa dharat kalih atus | anom-anom sangkêp sasikêping jurit | bandera daludagipun | pan sadaya pareanom ||

20. sri upacaranipun | munggèng ing ngarsa marwata santun | Rajaputra Cêmpala prawira pêkik | nitih rata bangun biru | winarna ing sêsotya byor ||

21. yekang garêbêg pungkur | wadya wahana turăngga satus | anom-anom sangkêp sakaprabon jurit | sinambungan wadyanipun | ingkang rama sang akatong ||

22. wadya dharat nêm atus | sangkêp sakapraboning prang pupuh | sri

--- 133 ---

bupati nitih rata bangun wilis | daludag têtunggulipun | myang bandera sami ijo ||

23. sadaya cirinipun | sêdhêng purnamaning kang sitangsu | upacara kaprabon ngarsanira sri | prajurit kuda rong atus | garêbêg wuri sang katong ||

24. prajurit kalih atus | sangkêp sakapraboning prang pupuh | miwah para mantri kang amagêrsari | ngapit kanan keringipun | busana bra asri tinon ||

25. satêlasing wadya gung | ing Cêmpala wuri kang sumambung | wadyabala ing Ngamarta tinon asri | dharat kang pinangku ngayun | nêm atus lampahe golong ||

26. Sri Yudhisthira Prabu | nitih rata jong seta binangun | lan kang rayi Nangkula Sadewa sami | munggèng ngarsa kalihipun | ngampil gantèn lan paidon ||

27. ingkang garêbêg pungkur | prajurit turăngga kalih atus | kawan dasa mantri kang amagêrsari | ngapit kanan keringipun | upacaraning karaton ||

28. nèng ngarsa sri dinulu | prajurit kuda myang dharatipun | pan sadaya sangkêp sasikêping jurit | sarwa mas busananipun | nawung sunaring surya byor ||

29. tunggul daludagipun | samya putih myang banderanipun | pan sadaya cêciri puthut sêmèdi | Arya Sena kang sumambung | lawan srinata tan adoh ||

32. Sinom

1. dharat lan sawadyanira | wong agung ing Jodhipati | mandhi gada gêng manglela | kadya parbata lumaris | sawadyanira sami | mandhi gada ting rêgunuk | wadyabala Pamênang | nêm atus pamuking jurit | busanane pan sami polèng sadaya ||

2. sarèhing lampah lon-lonan | tan rêkasa bêgira ring | wêtune kang bayubajra | manut ing napasira ris | sumilir silir kadi | ngêpêti ingkang wadya gung | ingkang samya lêlampah | ilang sayahira sami | kênèng angin bayunira Arya Sena ||

3. miwah wadya

--- 134 ---

ing Pamênang | nêm atus amandhi bindi | tan karasa sayahira | kanginan bayuning gusti | marma samargi-margi | samya unclang gadanipun | surak agiyak-giyak | kêndhang gongira tinitir | ayêm bae tan mêtu karingêtira ||

4. tunggul lan banderanira | polèng bintulu prasami | kentar drêsing kang maruta | kumitir kentar mawêrdi | gêtêre gêgêtêri | ngumandha sindhung gumundhung | têlasing wadyabala | Pamênang ingkang nambungi | pacarane pramèswari ing Wiratha ||

5. kadya panjrahing puspita | srining kang upacarèstri | narpa dayita Wiratha | nitih jêmana[30] rinukmi | parêkan para cèthi | nèng wuri samya tinandhu | ulur sêlur lampahnya | prajurit ingkang jajari | kawan dasa sinami busananira ||

6. pramèswari ing Cêmpala | mawor ing upacarèstri | nitih jêmpana rinêngga | lan putra Dèwi Srikandhi | miwah Dèwi Drupadi | nunggil jêmpananing ibu | pramèswari Cêmpala | mawor ing upacarèstri | pan sapangkat-pangkat tinata nèng ngarsa ||

7. ngajêng upacaranira | Kusuma Wara Srikandhi | nulya upacaranira | Kusuma Dèwi Drupadi | ingkang mungkasi wuri | upacarane kang ibu | lir wana kêmbang-kêmbang | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajuritirèng Cêmpala ||

8. lawan prajurit Ngamarta | sikêp sakaprabon jurit | binusanan sarwa rêtna | lir panjrahing puspita sri | pandhu lumakyèng ngarsa |[31] pawongan parêkanipun | têlase kang wanudya | ing wuri kang anambungi | wadyanira satriya ing Madukara ||

9. kawan atus dharat samya | sangkêp sakaprabon jurit | binusanan [binu...]

--- 135 ---

[...sanan] sarwa rêtna | lir sêkar sataman asri | wadya pilihan sami | anom-anom bagus-bagus | pacara kasatriyan | asri tinata ing ngarsi | ingkang ngampil lare bagus-bagus samya ||

10. binusanan sarwa rêtna | myang mantri kang magêrsari | samya wahana turăngga | anom-anom pêkik-pêkik | samya trahing winani | miwah kang garêbêg pungkur | prajurit pêpilihan | satus wahana turanggi | bagus-bagus samya angiwa gandhewa ||

11. kênthêng endhonge sinandhang | sêdhênge kasuran sami | trahing adon sadayanya | Radèn Sucitra nindhihi | nitih turăngga putih | adhangah sarwi pêpayung | munggèng wurining rata | kêncana kang binuka sri | ing sêsotya pangirid turăngga yêksa ||

12. wolu sinungan makutha | nawa rêtna bunuka[32] sri | bêbadhong tinundha tiga | binintang-bintang hèr gêni | binèji manik-manik | sengga baskara aruntuh | wolu tibèng bantala | murub prabanya nêlahi | buntut lawan suri cinamara ing mas ||

13. rinawis-rawis sêsotya | saengga wintang mariris | siyunge turăngga yêksa | kinathok ing mas sinangling | lir kadya kilat thathit | sumêlap nèng tutukipun | nawung kilaping netra | muncar-muncar anêlahi | sênggani lan prabane rata kêncana ||

14. singubing rata kêncana | rinênggèng sêkar hèr gêni | rinumpakèng nawa rêtna | rinawis-rawis sotya di | mawor lawan tejaning | kêmbar mayang dewadaru | munggèng ngarsa Sang Parta | ingampil apsari kalih | kadi lintang sumêbar rêngganing rata ||

15. nawung sunaring baskara | rêngganing rata rinukmi | linimput dening sêsotya | ting paluncar ting parêlik | sangking mandrawa kèksi | mawangkawa angênguwung | lir surya ngêmu teja | sinalimut kilat thathit | Risang Parta lan [la...]

--- 136 ---

[...n] Bathara Kamajaya ||

16. munggèng jroning rata rêtna | dènnya lênggah jajar kalih | saèstu kêmbar kang warna | jambe nom sinigar palih | tambuh ingkang pinilih | ing pêkike kalihipun | samya wênêsing cahya | maworing tejaning kalih | kadya daru lêng-ulêngan munggèng rata ||

17. Bathara Rêsi Narada | nênggih ingkang angusiri | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | dharat awor wong angampil | lêlewa ing samargi | tan pêgat asusung guyu | gamêlan lokanănta | munya nèng tawang ngrêrangin | riyêm-riyêm ruruh sunaring baskara ||

18. sangking kèhing para dewa | lawan kèhing widadari | waranggana ing Kaendran | ingkang samya nêningali | ngudankên wangi-wangi | sumawur riris rum-arum | angine sawêtara | sumilir mawa wêwangi | têdhuh gănda-sugănda saurut marga ||

19. enggar tyase wadyabala | wuwuh ayême lumaris | kataman maruta gănda | tan ana sayahe sami | riris sêkar samargi | brêmara liwêran umung | yayah rumênggèng tawang | manungsung amrih wêwangi | anutakên wadyabala kang lêlampah ||

20. kombang-kombang mamrih kêmbang | manawêng sunaring rawi | muwuhi asrining marga | miwah ayêming lumaris | tuhu Radyan Prêmadi | tanpa sama ing tumuwuh | kramanira Sang Parta | lawan Dyah Banoncinawi | ngobahakên Kaendran myang suralaya ||

21. kabèh isining buwana | miwah saisining langit | sudama surya sasăngka | miwah teja kilat thathit | lêlidhah obar-abir | teja wangkawa kêkuwung | prasamya tumut suka | cahyane sadaya mijil | gunung-gunung lawan saisining wana ||

22. kêmbange sadaya sirna | katut kabuncang ing angin | tinibakakên ing marga | kang marang ing Dwarawati | sangking Ngamarta nagri | kang kambah pangarakipun | satriya Dananjaya | samarga [sa...]

--- 137 ---

[...marga] riris wêwangi | manuk-manuk liwêran anèng gêgana ||

23. sadaya mungal wurahan | anèng sanginggiling baris | sênggani lan lokanănta | munya nèng tawang ngrêrangin | manuk kadya nyênggaki | miwah têpining marga gung | kêkayone sadaya | kêbak kaencokan pêksi | samya muni saengga anamudana ||

24. wusing wadya Madukara | ing wuri ingkang nambungi | wadyabala ing Singgêla | kadya yangyang wukir agni | sagunging pra dipati | pangkat-pangkat lampahipun | saupacaranira | tunggul banderane ngapit | pra dipati kang samya nindhihi bala ||

25. samya wahana turăngga | sikêp sakaprabon jurit | Sang Aprabu Bisawarna | ing lampah ingkang mungkasi | nitih rata rinukmi | makutha buka sri murub | kataman diwangkara | muncar-muncar anêlahi | asêmbada pêkik dêdêge pidêgsa ||

26. gunging bala ing Singgêla | ing ngarsa miwah ing wuri | asrining busana endah | sênggani lawan laraping | nênggala palu piling | musala lori lan limpung | kunta cakra candrasa | kadya udan kilat thathit | wus kapungkur lampahe nagri Ngamarta ||

 


Durmuka. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: lamun kurang amundhuta. (kembali)
lungguha. (kembali)
wêntise. (kembali)
Kurang satu suku kata: sami amasanggrahana. (kembali)
pangkat. (kembali)
Kurang satu suku kata: Sri Narpati Mandura. (kembali)
Sumbadra. (kembali)
panggihe (dan di tempat lain). (kembali)
10 aturnya. (kembali)
11 Lebih dua suku kata: lawan patah dewa sarati pêkik. (kembali)
12 kudangan. (kembali)
13 salakunirèku. (kembali)
14 sewaka. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: ngambul angangêmbuli. (kembali)
16 lumumpat. (kembali)
17 saurnya. (kembali)
18 kinèn. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: marang Dyan Gathutkaca nandêr nuli. (kembali)
20 Dhadhungawuk. (kembali)
21 tyas. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: ingkang bakal akrama dèn jaluki. (kembali)
23 Gana. (kembali)
24 angrangkul. (kembali)
25 tumemplok. (kembali)
26 dimèn. (kembali)
27 angungsi. (kembali)
28 pasanggrahan. (kembali)
29 samya. (kembali)
30 jêmpana. (kembali)
31 Biasanya guru lagu i: ngarsi. (kembali)
32 binuka. (kembali)