Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 3)

Judul
Sambungan
1. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 3). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 4). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 7). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab III. Sihing Kêkadangan.

Kang rama sangêt mambêngi, ananging kang putra sangêt amêksa, badhe anglampahi, pêpêranganing sih ingkang makatên samangke sampun kapêngkêr. Rama agêgancangan dhatêng ing wana, ananging taksih kadhèrèkakên tiyang Ngayodya ingkang tanpa wicalan, ingkang sêdyanipun badhe amambêngi, sanadyan tindakipun wau saking dhawuhipun sang prabu, punapadene para brahmana manguwuh supados kèndêla, mila Ramacăndra lajêng mandhap saking rata, tindak dharat wontên sangajênging têtiyang wau. Sadumuginipun sapinggiring lèpèn Tamasa, wancinipun sampun dalu, mila Sang Ramacăndra lajêng nêdya nyare wontên ngriku, sare sacêlakipun kang garwa, katêngga kalayan Laksmana tuwin Sumantra, ngantos palêthèking surya. Nalika Sang Rama wungu tiyang Ngayodya taksih sami tilêm, amargi saking sangêting sayahipun. Sang Rama enggal dhawah dhatêng Sumantra, supados rata lajêng kaabah-abahana, tuwin lajêng kasabrangna ing lèpèn, sampun ngantos [nganto...]

--- 81 ---

[...s] kasumêrêpan ing kathah. Sadumugining sabranging lèpèn, Sumantra kadhawahan anglampahakên ratanipun dhatêng ing margi ingkang botên nêdya dipun langkungi. Manawi sampun watawis têbih lajêng kadhawahan mangsulakên turut labêt ingkang sampun dipun langkungi. Sawangsulipun rata enggal sami tinitihan, lumêbêt ing wana. Ing nalika tiyang sampun sami tangi, priksa manawi sang nararya sampun botên wontên, enggal sami madosi, anut labêt galindhinganing rata. Nanging lajêng sami kanggêg, dene botên wontên lajêngipun, sami andugi manawi botên sagêd kapanggih, awit botên katingal labêtipun, pramila lajêng sami mantuk dhatêng Ngayodya kalayan ngêmu prihatos. Sadumugining kitha ingkang minulya sadaya sami sêngkêl manahipun, tiyang èstri nangis kadi kapêjahan sutanipun jalêr, sarta lajêng botên kapirêng suwantêning găngsa ingkang tinabuh. Pêkên-pêkên botên rame. Botên wontên tiyang sêsêndhon tuwin jêjogedan malih, jagad katingalan pêtêng, tumrap ingkang sami trêsna dhatêng Ramacăndra, rumaos sampun botên nate pajar. (§XLV-XLVIII). Sanadyan ing pundi kemawon sami sênênging panggalih, Dèwi Sita tansah inggar wontên sacêlakipun kang raka. Laksmana rumaos nugraha, dene sagêd [sagê...]

--- 82 ---

[...d] rumêksa dhatêng kadangipun, ingkang sangêt dipun trêsnani. Dene Sang Rama piyambak sakalangkung têntrêm, amargi rumaos sagêd anglêksanani dhawuhipun kang rama. Lampahing rata sadintên sadalu têrus mangidul kemawon. Wanci palêthèking srêngenge sampun mêdal saking watêsing praja Kusala, ingkang sampun botên dados nagarinipun. Sarêng sampun sawatawis jam lampahing kareta, dumugi têpining lèpèn Gangga, sacêlaking Sri Ngawerapura. Karsanipun Rama nêdya lêrêm sadalu wontên sapinggiring lèpèn wau. Ing nalika Prabu Guha, narendra ing praja Nêsandha mirêng lajêng amapag kalayan amisungsung dhêdhaharan. Wangsulanipun Rama ngangge caraning kaprabon, dhêdhaharan ingkang kapisungsungakên amargi saking sih punika tamtu katampenan. Ananging amargi saking sêsanggêmaning kabrahmananipun, mila botên sagêd dhahar, kajawi têdhaning kapal ingkang dipun tampèni. Injingipun Rama paring pangèstu wangsulipun Sumantra ingkang dahat sêtya, sarta mitungkas supados anglanturna pangèstunipun dhatêng sadhengah ingkang sami manangisi tindakipun. Sasampunipun lajêng sami nitih palwa, ingkang sampun kasadhiyakakên dening Prabu Guha, manabrang lèpèn Gangga ingkang minăngka watêsing praja Nisaddha, wontên sabranging lèpèn lêrêmipun,

--- 83 ---

inggih punika dalu kasapisan anggènipun nyare wontên ing panggenan sêpi têbih saking padhusunan. Enjingipun lajêng sami pangkat dhatêng Prayaga (Alahabat), kêparênging panggalih badhe dhatêng têmpuraning lèpèn Gangga kalihan Jamuna, ing ngriku pratapanipun Sang Bagawan Baratwaja ingkang sampun misuwur sapramudita. Nalika katampèn dening sang tapa kalayan suka bingahing manah. Sarêng sampun nyipêng sadalu, anglajêngakên lampahipun dhatêng Citrakuta, anjujug padhepokanipun Sang Walmiki. Ing ngriku Laksmana lajêng damêl palêrêman saking panging kêkajêngan, tuwin kapayonan ron. Sasampunipun sami mêmuji ing dewa, Sang Rama, Dèwi Sita, kalihan Laksmana, sami lumêbêt dhatêng gubug ingkang sampun kaadêgakên wau.

Saangkatipun rajaputra, Sumantra kalayan trênyuhing manahipun wangsul dhatêng Ngayodya, lajêng marêg ing ngarsa sang prabu. Sakawit sang prabu amêksa sagêdipun ngandika, sarêng sampun sulih kados nguni-uni, lajêng andangu karahayonipun ingkang putra sakalihan tuwin Dèwi Sita. Sumantra lajêng ngaturakên sêmbah pangabêktinipun kang putra, lajêng ngaturakên kados punapa bingahipun Dèwi Sita sadumugining wana, anggung palajêngan kadi lare alit anggènipun angupaya sêkar, botên wontên sumêlangipun, [su...]

--- 84 ---

[...mêlangipun,] amargi pitados dhatêng yoming kasudiranipun kang raka. Kados punapa ayêmipun Rama wontênipun ing wana, sarta ngaturakên piwêlingipun, sampun pisan-pisan ingkang rama anggalih manawi gêsang wontên ing wana punika sangsara, sarta lajêng kaaturan anjumênêngakên Sang Barata.

Dèwi Kusalya sarêng mirêng aturipun Sumantra, anggènipun ngaturakên kawontênanipun ingkang putra wontên ing wana pambucalan, botên kawawa nahên wêdaling waspa, sami sanalika lajêng anjêrit kalihan anêtah dhatêng sang prabu, sanadyan panjênênganipun tansah anêtêpi wajibipun angladosi, ewadene sang prabu botên angèngêti kasangsaranipun. Wangsulanipun sang prabu kalayan aris, saha minta pangaksamaning garwa, sarta lajêng anumpangakên asta ing sirahipun kang garwa, wêkasan dados jalaran rukuning pawèstri kalihan priyanipun, awit saking panalangsanipun sang prabu. Sampun dados wêwaton, tiyang badhe unggul kalayan kasêdhihan, sak anggêr kasinungan panalăngsa tuwin kasabaran. Upami wangsulanipun sang prabu wau kalayan têmbung wêngis, sampun mêsthi lajêng dados saya sangêt pangosonipun Kusalya ingkang adamêl saya rênggang. Ananging kanêpsonipun Dèwi Kusalya dipun wangsuli kalayan panalăngsa, [pa...]

--- 85 ---

[...nalăngsa,] tinandhingan alus, tuwin panêtahipun dipun timbangi kalihan panglênggana, pramila inggih lajêng katêtangi panalăngsa, aris tuwin panglênggananipun, amargi raosing manahipun satunggiling tiyang punika sagêd angatutakên tiyang sanès, mila manawi tiyang saèstu sagêd amambêngi dhatêng raos ingkang kirang prayogi, sarana anênangi raosing kasaenan, satêmah ngatutakên tiyang sanès. Suwawi sami lumawana dhatêng kanêpson, têmtu kasaenanipun badhe manggih unggul.

Enjingipun sang prabu cariyos dhatêng Dèwi Kusalya kalêpatan ingkang sampun dipun tindaki, witing kalêpatan wau saking kirang titi pamriksaning tiyang nèm, ingkang samangke sang prabu sampun angundhuh wohipun, inggih punika kendhangipun Rama.

Panjênênganipun sang prabu punika titis anjêmparing, sanadyan amung mirêng suwantênipun kemawon, tamtu botên lêpat. Ing satunggiling dintên nalika panjênênganipun wau mirêng suwantêning gajah ngombe, enggal dipun lêpasi jêmparing, sami sanalika kapirêng jêriting tiyang, mila enggal dipun plajêngi. Kawontênanipun satunggaling jêjanggan neneman, ingkang dhadhanipun kaandhêman jêmparingipun. Têtelanipun ingkang kapirêng kados [ka...]

--- 86 ---

[...dos] suwantêning gajah wau suwantênipun satunggiling tiyang ingkang ngisèni wadhahing toya talaga. Saking sangêting sakit, jêjanggan wau lajêng anêmahi pêjah. Dasarata enggal amurugi tiyang sêpuhipun ingkang pêjah wau, inggih punika pandhita sêpuh, pratela bab pêjahing sutanipun jalêr, sarta lajêng anggendhong pandhita wau dhatêng sacêlakipun bangkening sutanipun. Sang pandhita lajêng ngêsotakên dhatêng sariranipun: sira ing têmbe uga bakal mati jalarane saka sêdhih angrasakake anakira. Sasampunipun wicantên makatên, sang pandhita lajêng muksa sêsarêngan kalayan semahipun.

Sotipun para tapa punapadene sujanma ingkang anêtêpi agami punika sampun kacariyos ing sêrat, tamtu kalampahan. Kalamăngsa sawêdalipun punika saking kanêpson, sintêna ingkang makatên, adamêl karma awon tumrap badanipun piyambak. Ananging manawi wêdalipun punika botên amargi saking nêpsu, amung saking priksa dhatêng anggêr tuwin ingkang dèrèng kalampahan, punika sanès sot, ananging amung mratelakakên kadadosaning pandamêlipun ingkang dipun tindaki. Bilih tiyang adamêl sangsaraning liyan, ing têmbe piyambakipun tamtu nampèni wêwangsulanipun kasangsaran wau. Kados [Ka...]

--- 87 ---

[...dos] kawontênanipun karèt, sabên mêntas kaulur, tamtu lajêng wangsul kados kawontênanipun sakawit, inggih makatên wangsuling pandamêl dhatêng ingkang sami anglampahi. Sintêna ingkang adamêl dahuru, inggih badhe kasandhang raos botên jênjêm. Kados kawontênanipun balang ingkang kasawatakên ing tembok, tamtu wangsul dhatêng ingkang nyawatakên, makatên lampahing pandamêl, tamtu badhe wangsul dhatêng ingkang anglampahi.

Tiyang ingkang ngrisak manahipun satunggiling bapa, sarana amêjahi anakipun jalêr, ingkang botên dosa, manahipun tiyang wau inggih badhe risak ingkang jalaran sangsaraning anakipun jalêr, ananging amargi kalampahanipun adamêl sangsara wau amung saking weya, botên awit saking katêmaha kalayan sêdya awon, dados sêdhihipun inggih botên katempelan dosa.

Pramila satamating cariyosipun, sang prabu ugi lajêng anggrêsahakên sangsaraning putranipun. Panggalihipun sangêt karêrantan, wêkasan tanpanon rad lajêng murud dhatêng kasidan jati. Para siswa sampun ngantos botên angèngêti dhatêng sanyataning kasangsaran, ingkang sampun kacariyosakên ngantos panjang wau. Sanadyan Sang Ramacandra katingalipun botên saking dosa [do...]

--- 88 ---

[...sa] kalampahanipun kapandukan panandhang, ewadene Sang Rama botên kenging sinasarakên, dening cidraning lêlampahan ing lair, sarta dhatêng ingkang adamêl sangsaranipun, Rama botên nate ngênês ingkang margi ngraosakên dhatêng lêlampahanipun, ugi botên nate muring-muring dhatêng tiyang sanès, awit pamanggihipun botên wontên tiyang sagêd adamêl kasangsaran tuwin angalang-alangi piyambakipun, manawi botên dados srayaning anggêr. Bêgja cilakanipun satunggal-tunggal punika wohing kasaenan tuwin piawonipun, ingkang sampun kapêngkêr. Botên wontên tiyang ingkang sagêd adamêl cilakanipun, manawi rumiyinipun dèrèng anindaki pandamêl awon, mila botên pêrlu tiyang sêdhih utawi muring-muring, botên sagêd damêl punapa-punapa dhatêng tiyang sanès, manawi botên dados panglanturing anggêr. Awon saening lêlampahanipun punika kalêmpakaning panyiptanipun ingkang sampun kapêngkêr, inggih punika piwulang ingkang kêdah kita parsudi, mandarsana sugêngipun Rama. Ingkang tumrap kita sampun têtela, prayogi botên beda kados tumraping tiyang Ngayodya ing jamanipun sang rama, tiyang botên sagêd adamêl pituna kita, manawi kita botên dosa, kadospundi ngantosa kalampahan kita

--- 89 ---

amimbuhi kalêpatan kita sarana nandukakên wêwalês dhatêng utusaning anggêr.

Rame suwantêning tangisipun ingkang sami angruktèni layonipun sang prabu, para nayaka sami ngêmpal apirêmbagan, sarta lajêng dhawah Sang Wasistha, supados amilih pundi putranipun sang prabu, ingkang sayogya gumantos, amargi kadosdene lèpèn tanpa toya, wana tanpa rumput, punapadene kados sapi tanpa pangon, manawi nagari botên wontên ratunipun. Sanalika wau Bagawan Wasistha èngêt dhatêng karsanipun sang prabu, inggih punika Barata ingkang wêkdal punika sawêg pinuju tinjo ingkang paman, kadhèrèkakên dening Satruna, mila lajêng miji utusan nusul Sang Barata. Utusan winêling, sampun pisan ngaturakên bab surudipun ingkang rama tuwin kendhangipun kang raka, amung supados matur, manawi wontên prakawis ingkang sakalangkung pêrlu, Barata kêdah lajêng kondur. Barata sampun antuk sasmitaning dewa, manawi Ngayodya kataman prihatos, awit Sang Barata supêna, manawi kang rama nitih rata apangirid kuldi, lumampah mangidul lajêng klêlêb ing êmbagan, mila Sang Barata sakêlangkung sumêlanging panggalih, andugi manawi kang rama, punapa salah satunggaling putra,

--- 90 ---

ingkang anêmahi layon. Salêbêtipun Sang Barata nyariyosakên supênanipun dhatêng para mitra, kasaru dhatêngipun utusan saking Ngayodya, ingkang andhawuhakên supados tumuntên kondur. Saya wimbuh sumêlanging panggalihipun, mila enggal pamit dhatêng para kadang kadeyan, sarta lajêng pangkat kalayan Satruna dhatêng Ngayodya. Salêbêting wolung dintên ing margi sang nararya kêkalih saya tambah sumêlanging panggalihipun, langkung malih sarêng wiwit lumêbêt ing kitha, ing pundi ingkang padatanipun rame sami katingal nyênyêd, margi-margi botên kasaponan. Paraupanipun tiyang ingkang sabênipun sami sae saha inggar, ing wêkdal punika katingal kucêm tuwin kados polatanipun tiyang ngênês. Mila Sang Barata kasêsa lumêbêt ing dhatulaya. Sasampunipun sumêmbah ing ibu, enggal matur pundi ingkang rama. Punapa sababipun têka botên lênggah sacêlakipun kang ibu. Wangsulanipun kang ibu botên mawi katata rumiyin, sarta priksa manawi ingkang putra sampun karaos sumêlang, mila lajêng pratela, manawi kang rama sampun minggah dhatêng jaman kang mulya. Sanalika wau Barata lajêng mêngkurêb ing siti, botên kenging kalipur. Salêbêtipun karuna sarwi mêmuji mugi raka Sang Rama tuwin para ingkang ngadhêp surudipun kang rama sami manggiha [manggih...]

--- 91 ---

[...a] kamulyan, wêkasan pitakèn Sang Ramacăndra, kadangipun sêpuh sêsulihing bapa, inggih mitranipun, samangke wontên ing pundi, sêdyanipun badhe umarêk kang raka, pêrlu kapengin priksa kadospundi wêlingipun kang rama, ing ngriku Dèwi Kekayi ngandika, manawi kang rama nalika badhe surud, amêmuji karaharjanipun putra, ingkang badhe mapagakên konduripun Rama, kalayan garwa tuwin sadhèrèkipun jalêr. Barata matur pitakèn kalyan sêmu gumun, sami kesah dhatêng pundi. Kekayi prasaja, manawi Rama mangangge klikaning kayu kesah dhatêng wana, ingkang andhèrèk Sita kalayan Laksmana.

Risaking panggalihipun Sang Barata kabubuh malih, sadhèrèkipun dados tiyang tapa, satunggaling bucalan, sadhèrèkipun ingkang botên dosa dados tiyang papa ingkang tanpa timbang ing dunya. Dosa punapadene ngantos kakendhangakên, Kekayi enggal mangsuli, bilih Rama botên nangsaya ing tiyang, ananging amargi saking pandamêling pawèstri, ibunipun, ingkang anjalari Rama kakendhangakên. Dados kaprabonipun lajêng kakêkap Barata. Rosa sangêt sêsanggêmanipun sang prabu ingkang kêdah dipun lampahi. Kalayan sumêngah dhawahipun Kekayi, supados Barata anglênggahana dhamparing kaprabon, jarahaning [ja...]

--- 92 ---

[...rahaning] kamênanganipun. Enggal amiwaha layoning Rama, sasampunipun lajêng jumênênga nata.

Sarêng Sang Barata mirêng pangandikaning ibu anggènipun mratelakakên kanugrahan ingkang botên dados pangajêng-ajêngipun wau, sanalika mancolot saking palênggahanipun, sarwi ambêngok kadi singa ingkang kabranan, saha lajêng nguwus-uwus ing ibu, dados piyambakipun ingkang ngendhangakên kadangipun, ugi ingkang sampun anyirnakakên kang rama, sarta adamêl kalingsêmanipun, sarana angrêbat krapabon ingkang lêrêsipun dhumawah ing kadangipun sêpuh, ucapipun: lah mungsuh kang nyarupa ibu, tumuntên anyêmplunga ing latu, utawi lumêbêta ing dhandhaka, punapa gantung, awit sampun botên wontên margi sanèsipun malih, ingkang prayogi dipun langkungi, kajawi punika wau.

Sang Barata dhawuh dhatêng nayakaning praja, bilih panjênênganipun botên pisan-pisan kêpengin jumênêng nata, punapa malih nalika ingkang ibu anglampahi kados makatên wau panjênênganipun pinuju wontên purug. Sasampunipun dhawuh makatên, Barata kalayan kang rayi Satruna nêdya umarêk ing Dèwi Kusalya, măngka Dèwi Kusalya inggih nêdya amanggihi Sang Barata, [Bara...]

--- 93 ---

[...ta,] dados kêpapag wontên ing margi.

Dèwi Kusalya sêmu angèsêmi anggèning milujêngakên Sang Barata, dene angsal boyongan kaprabon, sarta dhawuh supados kasusulna dhatêng ing wana padununganipun Rama. Nalika Barata matur manawi sariranipun botên wuninga prakawis punika, kasaru dhatêngipun Wasistha, pêrlu atur pamrayogi, supados Barata lajêng tumuntên angruktènana layonipun kang rama, sarta sampun ngantos maèlu dhatêng prakawis sanès-sanèsipun. Layonipun ingkang rama kinonyohan găndawida. Sasampunipun lajêng binêkta dhatêng papan pambasmaran, kalayan pamiwahan.

Wêkdal Barata sawêg katarosan kalihan Satruna, badhe panusulipun dhatêng kang raka kalayan rudahing panggalih, wontên têtingalan ingkang sakalangkung kêji tumrap manahipun Barata, inggih punika Matara, ingkang mangangge sarwa endah tuwin sêsotya, marêpêki kalihan atur pamuji anggènipun Barata antuk kamêngan. Ananging sarêng Barata aningali Matara gadhah patrap ingkang makatên wau, lajêng katêtangi kanêpsonipun, awit kagalih piyambakipun ingkang dados jalaraning sadaya karisakan punika. Matara inggal kalarak kauncalakên dhatêng Satruna, [Sa...]

--- 94 ---

[...truna,] kalayan dhawuh, manawi kang rayi dipun parêngakên milara. Amargi saking sangêting dukanipun Satruna, kasupèn manawi tiyang pawèstri, Matara, dipun têmpiling sarta ginigit kupingipun, lajêng kalarak dhatêng ngarsanipun Kekayi, sarta manguwus-uwus dhatêng Dèwi Kekayi, ngantos kaèngêtakên dening kang raka, bilih punika pawèstri, sampun tamtu botên dados panggalihipun kang raka Sang Rama, manawi Matara ngantos kalampahan pêjah.

Ing nalika wau kasaru pisowanipun para nayaka, saha para luhur ing Ngayodya, wigatos ngaturi Sang Barata supados tumuntên angrêngganana singangsananing kaprabon, ananging Sang Barata kêncêng botên karsa, wong sanagara poma padha amiliha êndi putra kang pambajêng lan kang wicaksana, aja pisan padha angloropake aku marang panggawe panêrak. Panjênêngane kakangmas iku putra kang sêpuh dhewe, iku kawajiban jumênêng. Aku kang sumulih dadi manggon ana ngalas kongsi patbêlas taun, sarta lajêng dhawuh sagung wadyabala sami kinèn sumusula kang raka dhatêng wana, supados kang raka lajêng kondur, ngasta pusaraning kaprabon.

Kados punapa atur bêbolèhipun para nayaka,

--- 95 ---

ewadene Sang Barata saèstu botên karsa jumênêng. Dhawuhipun: aku dudu darajading nata. Sanadyan Bagawan Wasistha matur kathah-kathah, mêksa botên karsa. Pangandikanipun: punapa kula kadugi ngrêbat kaprabonipun kadang kula sêpuh, Sang Ramacăndra, ingkang kêdah jumênêng kados Prabu Dasarata. Kula punika abdinipun Rama. Ingkang badhe tumuntên nusul dhatêng wana, Sang Rama pinunjul ing jagad, amung panjênênganipun ingkang sayogya jumênêng, Sang Barata sampun botên kenging piniluta karsanipun, sampun kêncêng badhe anusul ingkang raka, tiyang sa-Ngayodya samargi-margi sami bingah-bingah dene mêthuk Sang Ramacăndra, pêrlu kajumênêngakên nata.

Para nayaka, para putra, tuwin wadya alit-alit, enggalipun tiyang sa-Ngayodya sami bingah amarwata suta, dene Rama kaaturan kondur. Lêstantun lampahipun kalayan sêsêndhonan, ngantos dumugi satêpining lèpèn Gangga. Dupi Sang Prabu Guha amidhangêt pawartos, manawi Sang Barata sawadyakuswa, nêdya sumusul ing raka, enggal mêpak wadya sagêgamaning prang, mapagakên lampahing wadya Ngayodya, amargi sumêlang manawi badhe ngrabasèng dhatêng Sang Ramacandra. Sarêng panganjuring baris sampun ajêng-ajêngan, Prabu Guha lajêng manggihi Sang Barata, tuwin matur [ma...]

--- 96 ---

[...tur] punapa ingkang dados karsanipun, dene ngirid wadya sakalangkung kathah. Sasampunipun atur sêgah, Sang Barata kaaturan lêrêm sadalu. Wontên ing ngriku Sang Barata lajêng andangu, pundi padhepokanipun Sang Baratwaja, Prabu Guha matur, bilih kalayan suka pirênaning panggalihipun badhe ngaturakên, ananging sang prabu matur, punapa karsanipun Sang Barata dene angupaya dhatêng ingkang raka, amargi wadyabala agêng wau badhe anêwahakên sănggarunggining raka. Kalayan pasêmon ingkang ngawistarani manawi têbih saking sêdya ingkang kirang prayogi Sang Barata ngandika. Mugi kenginga bêbênduning Widhi, bilih kula ngantos gadhah cipta awon dhatêng Sang Rama, jêngandika sampun sumêlang ing galih, Sang Rama punika kadang kula sêpuh, ingkang sihipun dhatêng kula sami kemawon kalihan sariranipun pribadi, kados sihipun kangjêng rama ingkang sampun sawarga dhatêng kula. Anggèn kula nusul kakangmas punika, badhe ngaturi kondur. O, Sang Prabu Guha, kula botên alêlamisan, kula botên gadhah sêdya sanèsipun malih.

Ingkang sangêt adamêl bingahipun Prabu Guha, dene Sang Barata botên karsa jumênêng nata, ingkang botên saking kêkiyatanipun pribadi, dados panjênênganipun wau têtela

--- 97 ---

suminggah saking pandamêl awon, mila lajêng kalair pangalêmbananipun: lêlampahan panduka salami-laminipun badhe tansah misuwur sajagad. Punapadene Prabu Guha nyariyosakên kawontênanipun ingkang sami kakendhangakên dhatêng Sang Barata, ingkang sangêt kapengin badhe wuninga pawartosipun kang raka. Dipun cariyosakên manawi dalu Sang Ramacăndra kalihan kang garwa sare wontên ing rumputan, dene Laksmana nêngga wontên ing ngandhap, kalayan sikêp jêmparing.

Jêngandika kêdah aningali, raosipun Sang Barata nalika mirêngakên sangsaraning lêlampahanipun kang raka, nanging tumrapipun ingkang sami nglampahi kaanggêp ènthèng kemawon.

Enjingipun Sang Barata anabrang lèpèn Gangga. Sarêng para wadyabala sampun sami lêrêm ing wananipun praja Prayaga, Sang Barata anilar dêdamêlipun, lajêng nêdya pinanggih Sang Bagawan Baratwaja, kadhèrèkakên Sang Wasistha. Sang Barata sakalangkung risaking panggalih, dene dinakwa malih gadhah cipta awon dhatêng kadangipun sêpuh, ewadene botên wontên rêngating panggalih, amung lajêng matur, manawi tindakipun punika amung badhe mapag kang raka, wigatos kaaturan jumênêng. Sang Barata

--- 98 ---

lajêng binarkahan dening Sang Baratwaja, sarwi ngandika manawi sang bagawan sampun wuninga dhatêng utamining sêdyanipun, mila mêling supados ingkang santosa, sarta Sang Barata kaandhêg sadalu wontên ing asramanipun. Nalika wau sang bagawan amratelakakên ingkang dados karsanipun, saha lajêng dhawuh dhatêng Sang Barata, supados animbali sakathahing wadyabala ingkang katilar, minăngka tandhaning baktinipun dhatêng sang bagawan, sang tapa enggal angèsthi Bathara Wiswakarma, undhagining kaswargan, prêlu kasraya, supados andamêlakên palêrêmanipun Sang Barata sawadyabala, sarta dewa sanès-sanèsipun, ingkang kawajibakên nyadhiyani sêgahipun, pramila sami sanalika lajêng katingalan wontên pakuwon agêng ingkang sarwa samêkta, tuwin dhêdhaharan ingkang sakalangkung kathah, punapadene para pasindhèning kaswargan, tuwin para apsara, sarwi jajogedan, sarta sêsindhenan, dahat adamêl lênglênging manahipun ingkang sami aningali. Samantên kawasanipun sujanma ingkang sampun botên ngangkah kamulyanipun piyambak.

Enjingipun Sang Barata katêdahakên dhatêng Citrakuta dening Sang Bagawan Baratwaja. Sadumuginipun wawêngkoning Citrakuta, sagunging wadyabala lajêng wiwit sami madosi, sami sanalika [sanali...]

--- 99 ---

[...ka] lajêng priksa kukusing latu ingkang têtela kawontênakên dening tiyang tapa. Sang Barata enggal dhawuh supados para wadyabala ingkang ngupaya punika sami kèndêla, karsanipun amung ambêkta abdi kêkalih anggènipun badhe manggihi kang raka, ingkang sangêt dipun trisnani punika.

Sang Ramacăndra kalihan kang garwa sakalangkung ayêming panggalih wontên salêbêting wana, kaladosan dening Laksmana, ingkang sakalangkung bakti. Ing nalika katiganipun wau sawêg sami dhêdharan, mirêng suwantên palajênging buron wana ingkang katingalan sakalangkung ajrih, pramila Sang Ramacăndra enggal dhawuh dhatêng Sang Laksmana, supados mènèk ing kajêng ingkang agêng, pêrlu sagêda nyumêrêpi punapa ingkang adamêl ajrihing buron wana wau. Sarêng sampun wontên ing ngingggil, Sang Laksmana lajêng mangatag ingkang raka, supados sawega dêdamêl, sarta Dèwi Sita kasingidna ing guwa, amargi Sang Barata katingal ngirid wadyakuswa, têtela badhe ngrabasèng panjênênganipun, aturipun Laksmana dhatêng Rama: Barata dhatêng, tamtu badhe amêjahi tiyang ingkang sami kabucal. Rama enggal anglêrêmakên kanêpsonipun kang rayi ingkang amargi saking sihipun, pangandikanipun kalayan aris, manawi Sang Barata tamtu

--- 100 ---

botên kadugi manawi jumênêngipun punika karêgêdan rahipun para kadang, sabab ingkang makatên botên anêwahakên kamulyanipun. Dados têtela manawi dhatêngipun Barata punika sinurung ing sih, awit salami-laminipun Sang Barata dèrèng nate adamêl tuwin gadhah cipta awon dhatêng para sadhèrèk, malah sanadyan upaminipun Laksmana niyat jumênêng, tamtu Barata lilah, sak anggêr wontên panêmbungipun kemawon. Sanalika wau Sang Sumitraputra kaduwung dhatêng kanêpsonipun, mandhap saking anggènipun mènèk lajêng sami lumêbêt ing palêrêmanipun anggènipun angêntosi ingkang badhe dhatêng.

Ing nalika Sang Barata kalayan kang rayi kadhèrèkakên Sumantra sami nusup-nusup ing pagrumbulan, botên watawis dangu dumugi sacêlaking gubug alit, ingkang dinamêl saking pang tuwin kapayonan roning kêkajêngan, Sang Rama, Dèwi Sita tuwin Laksmana katingalan wontên ngriku ngalosot wontên ing siti, rikmanipun kinlabang, dene nyampingipun klikaning kajêng, sanalika Barata lumajêng ambêngok sarta lajêng mangkurêb ing padaning kang raka, sambatipun: Dhuh prajurit linangkung, o, senapati agêng, kadang kula ingkang sayogya jumênêng nata, kadospundi dene mangagêm panganggenipun tiyang dosa. Rikma [Ri...]

--- 101 ---

[...kma] paduka kinlabang sarta nyamping klikaning kajêng.

Sang Rama lajêng mangrangkul lungayanipun kang rayi, sarwi andangu darunanipun dene dhatêng ing wana, sarta kadospundi kawontênanipun ingkang rama, punapa taksih sugêng, utawi punapa sampun murud dhatêng kasidan, sarta mêsthi dèrèng karsa jumênêng, amargi rumaos taksih dèrèng dumugi ing măngsa, sakalangkung rêna panggalihipun dene angèngêti prajanipun ingkang sangêt dipun trisnani, kang raka dangu kathah-kathah, bab karaharjaning kaprabonipun, sarta para wicaksana ingkang sami winêngku, punapadene andangu witipun mila kang rayi dèrèng jumênêng nata, têka mangagêm sacaraning tiyang bucalan, saha lajêng lumêbêt ing wana. Mila mangangge makatên punika sêdyanipun dadosa pratăndha manawi sariranipun têtela botên karsa ngrasuk makuthaning kaprabon. Sang Barata matur, manawi kang rama sampun surud amargi saking sangêting prihatos. Dene anggènipun dhatêng wana pêrlu mapag kadangipun sêpuh, supados lajêng gumantos kapraboning kang rama.

Aris pangandikanipun Sang Rama, ananging cêtha, dhawahipun kang rama panjênênganipun kapiji dhatêng wana laminipun kawan wêlas taun, dene kaprabonipun kaparingakên Barata. Sadaya kêdah anglampahi [a...]

--- 102 ---

[...nglampahi] wajibipun piyambak-piyambak, sarta angèstokakên parentahing rama, aturipun Sang Barata kasalèwèngakên, kang raka kaaturan sêsaji toya kangge kaluhuranipun kang rama. Ing ngriku Rama kalihan para kadang tuwin Dèwi Sita lajêng dhatêng ing lèpèn, sami mêmuji ngèsthi kamulyanipun ingkang sampun surud. Sasampunipun lajêng wangsul dhatêng pondhokanipun sami karuna. Kasaru dhatêngipun Bagawan Wasistha andhèrèkakên garwanipun Prabu Dasarata katiga pisan, ing ngriku ngêmpalipun malih para ibu kalayan para rajaputra wontên ing wana kalayan prihatos, kados nalika wontên ing salêbêting pura, ingkang sakêlangkung mulya. Enjingipun Sang Barata matur ing raka supados jumênêng nata, amargi kamanah pêrlu nagari Ngayodya dipun ratoni dening sujanma ingkang linangkung. Wangsulanipun Sang Rama amargi priksa manawi kang rayi sangêt prihatos, mila lajêng amêdharakên kawruh kawicaksanan, bab kawontênaning lêlampahanipun tiyang pêjah, manawi sajatosipun tiyang pêjah botên kesah têbih saking sacêlakipun ingkang sami kantun, sadintên-dintên inggih taksih rumêksa ing sakiwatêngêning kêkasihipun, mila Barata kadhawuhan lajêng angèstokna dhawuhipun rama, supados têntrêma raosipun [ra...]

--- 103 ---

[...osipun] ingkang sampun wontên ing jaman kang mulya, ananging Sang Barata taksih mangipuk ingkang raka sarta ngangge wêwaton kasuksman, manawi jumênêngipun Rama botên amargi angrêbut kaprabon, ananging amung anêbus dosanipun kang rama, ingkang amargi saking kalêpatanipun Kekayi. Kados punapa aturipun Barata, ewadene Rama botên keguh, Sang Wasistha asarana kawajibaning kapandhitanipun amrayogèkakên, supados Sang Ramacăndra angasta pusaraning kaprabon, angèngêtakên dhatêng Rama manawi kêdah anglêksanani parentahing gurunipun, sanadyan awêwaton makatên mêksa taksih lêstantun sêtya dhatêng kuwajibanipun, wangsulanipun, pundi ingkang sampun kadhawuhakên kang rama punika ingkang badhe dipun lampahi. Wêkasan Barata lajêng anyungkêmi pada sarwi amatur, manawi amung badhe amakili, dene ingkang jumênêng Rama, pramila Barata nyuwun tarumpahipun kang raka, ingkang rinêngga ing bênang mas, minăngka pratăndha, manawi jumênêngipun punika amung sawatawis măngsa, sampating prêlu lajêng badhe kaaturakên kang raka, punapadene Sang Barata prasêtya, manawi salêbêtipun kawan wêlas taun badhe mangagêm sacaraning panganggenipun tiyang bucalan. Sarta dêdunung ing sajawining kitha, dhahar woh-wohan tuwin [tuwi...]

--- 104 ---

[...n] oyoding kêkajêngan. Dene trumpah kangge minăngka pasêmon, manawi ingkang jumênêng pinuju kapambêng, sarta kangge pangèngêt-èngêtipun para wadya, manawi ratunipun punika Sang Ramacăndra. Lajêng kalampahan makatên, amargi sadumugining Ngayodya, sasampunipun andhèrèkakên para ibu dhatêng ing pura, Sang Barata enggal tindak dhatêng Nandhigrama, sarta angundhangakên manawi krapabon suwung, dene ingkang minăngka wakilipun ingkang raka amung trumpahipun kadèkèk ing dhampar, kapayungan songsonging kaprabon, manawi Sang Ramacăndra sampun kondur, panjênênganipun sawêg badhe kondur manguswa padaning raka kalayan masrahakên kaprabon. Paprentahan ingkang ngasta Sang Barata, muhung amakili, sugêngipun kadosdene para tapa, ngantos konduripun Rama.

Sasampunipun dhawuh makatên, Sang Barata lajêng lumêbêt ing wana, sadaya sampun paripurna. Amargi Rama tansah katabêtan prihatosipun kang rayi Sang Barata, mila Sang Rama nêdya pindhah saking panggenan ingkang angèngêtakên sungkawaning kadangipun, lajêng sami pangkat. Sarêng sampun sawatawis têbih, kapapagakên kalayan Bagawan Atri, sasemahipun yogini (yogi èstri) Anasuya ingkang sampun misuwur matur, dhatêng priyanipun, [priyani...]

--- 105 ---

[...pun,] pantês sadaya dumadi tumundhuka ing ngarsanipun ingkang sami lêlana. Sang Rama sakalihan tuwin Laksmana sami kaampirakên dhatêng dhepokipun, Yogini Anasuya ingkang sampun sêpuh wiraosan kalihan Dèwi Sita, dene Bagawan Atri sangêt rênaning panggalih aningali bêktinipun Sita, Rama tuwin Laksmana, mila lajêng binarkahan.

Sarêng sampun sawatawis, katiganipun anglajêngakên lampah, wiwit angancik wana Dhandhaka, ing ngriku kathah para ambangun tapa, nanging kirang têntrêmipun, amargi anggung rinubeda dening raksasa. Laksmana lumampah ing ngajêng, wingkingipun Dèwi Sita, dene Sang Rama wontên wingking piyambak. Pangatos-atosipun wau botên sagêd kados pangajêng-ajêngipun, amargi tanpa nyana wontên rasêksa ingkang galak sarta kêndêl, nama Wirada, anyêpêng dhatêng sang dèwi kapundhak lajêng kabêkta lumajêng. Sanalika raksasa jinêmparing dening Laksmana tuwin Rama, nanging botên anêdhasi, wêkasan Sita kauculakên, lajêng anyêpêng rajaputra kêkalih, ananging samangke kados sampun dumugi papêsthènipun, awit sarêng sang nararya kêkalih budi, baunipun pêpês, dhawah ing siti satêngah pêjah. Saèngêtipun lajêng andhudhuki siti ingkang lajêng dipun lêbêti. [lêbê...]

--- 106 ---

[...ti.] Sarêng priksa manawi mêngsahipun punika Sang Ramacăndra sakêlangkung bingahing manahipun, dene piyambakipun luwar saking badan ingkang wujud rasêksa ingkang dados papan paukumaning kalêpatanipun, bingahipun wau dene luwar saking pawarangkaning jiwanipun.

Sadèrèngipun pêjah atur pamrayogi dhatêng Sang Rama supados tindak dhatêng dhepokipun Sang Sarabangga, mila katiganipun lajêng sami pangkat. Sarêng sampun dumugi sacêlaking padhepokan, Rama priksa Sang Hyang Endra, ratuning dewa, kadhèrèkakên para dewa, mila Rama lajêng marêpêki, dene Dèwi Sita katilar, tinêngga Laksmana. Sarêng Sang Endra wuninga, enggal dhawuh dhatêng Sarabangga, supados mapagna amaringna nugrahanipun para dewa, ingkang tansah ginadhangakên dhatêng para tapa, ananging Rama dèrèng mirantos nêdya andulu dhatêng para dewa, mila para dewa lajêng botên katingalan. Sang Rama enggal marêpêki dhatêng sang tapa, tuwin minta pitêdah, kêdah dhatêng pundi tindakipun. Dhawahipun sang tapa, pinanggiha kalayan Sang Sutikna, mila lajêng sami mangkat. Wêkasaning dhawuhipun sang tapa: maspadakna sadhela marang aku, ênggèr, gonku aninggal badanku, kayadene ula ênggone nglungsungi.

--- 107 ---

Sang Sarabangga lajêng ngurubakên latu, angucap mantra, wêkasan lajêng manjing ing latu. Sarêng badanipun kabêsmi, suksmanipun mêdal katingal asarira cahya, sarta lajêng botên katingalan. Ingkang makatên asring ambingungakên manahipun tiyang ingkang dèrèng priksa dhatêng pundi ingkang kita wastani pêjah tuwin gêsang. Ingkang botên priksa andakwa manawi nganyut tuwuh, mila manawi maos utawi mirêng wontên lêlampahan makatên lajêng pitakèn, kadospundi dene para wicaksana purun anganyut tuwuh.

Tumrapipun tiyang limrah ingkang anut margining kamajêngan punika sami nganggêp, manawi nganyut tuwuh punika kalêpatan agêng. Tiyang punika kadugi nandhang kasusahan, bokmanawi anglampahi salah satunggaling kalêpatan, amila ajrih ngatingal, piyambakipun anglampus dhiri, pangangkahipun sagêda uwal saking paukumaning kalêpatanipun, utawi tiyang ingkang kacidran pangajêng-ajêngipun, sarêng ngintên botên sagêd angsal punapa ingkang dipun kajêngakên, wêkasan lajêng nglampus dhiri. Utawi lare ingkang botên lulus anggènipun dinadar ugi asring anganyut tuwuh, kangge pratandhaning kasusahan tuwin kawiranganipun, manawi makatên punika lampahipun tiyang jirih, dene tumindak ing damêl ingkang prêlunipun badhe angoncati pangerang-erang

--- 108 ---

tuwin panyamah, utawi sumingkir saking pakèwêd. Tiyang ingkang makatên supe dhatêng kawajiban ingkang sinangkulakên ing piyambakipun, amung angèngêti kamardikanipun piyambak, ananging sadangunipun tiyang taksih gadhah kawajiban dhatêng bapa biyung, semah, anak, utawi mitra, sadangunipun kita gêsang kita taksih kalêbêt golonganipun punika sadaya, kita botên kenging nuruti kajêng kita piyambak, awit punika saperangan gêsang kang agung, ingkang kawajibakên anggarap salah satunggiling bab. Sadaya ingkang taksih ngangkah sampun ngantos pituna dhatêng kawajibanipun, pandamêlipun sampun anuruti kajêngipun piyambak, langkung malih tiyang botên sagêd oncat saking pandamêlipun sarana tindak ingkang makatên, manawi tiyang nganyut tuwuh saya tambah sangsara, sarta awonipun ngungkuli ingkang sampun kapêngkêr.

Ananging badhe wontên măngsakalanipun sampun dumugi wêkasaning ajêngipun, inggih punika tiyang ingkang pakaryanipun sampun rampung, kawajibanipun sampun dipun rampungakên, sarta karmanipun sampun têlas, sampun botên wontên ingkang kêdah sinambut, sarta sampun priksa dhatêng ujwalaning budinipun, mila wuninga, bilih pakaryanipun sampun botên pêrlu asarana [asa...]

--- 109 ---

[...rana] badan. Manawi makatên kawontênanipun, dados suksma wau gêsangipun amung minăngka pirantosing gêsang kang agung, sujanma wau wênang anilar badanipun ingkang botên kenging kangge anglampahi dhawuh, ananging kalèntu manawi tiyang nganggêp lêrês dhatêng panganyut tuwuhipun tiyang limrah, sarta andugi sarana panganyut tuwuh tiyang sagêd uwal saking wohing pandamêlipun.

Salêbêtipun lumampah Sita matur ing raka, amargi sumêlang punapa botên kalèntu manawi taksih asikêp jêmparing, karantên Sang Rama samangke sampun dados pandhita. Tiyang asikêp dêdamêl punika atêgês taksih niyat apêpêrangan, măngka cipta sumêdya pêrang punika anuntun pêrang, awit Sang Hyang Endra nalika manggihi satunggaling pandhita, ingkang dêdunung wontên ing pratapan, paring sabêt dhatêng sang tapa, sarwi dhawuh manawi pêdhang punika botên pinisahakên saking saliranipun, amargi ajrih kecalan, tamtu badhe kapanjingan cipta kirang prayogi, wêkasan sumimpang saking margi ingkang nêdya dipun langkungi. Saèstunipun kautamènipun satriya beda kalihan utamining pandhita, măngka ing mangke sugêngipun sacaraning pandhita, bilih panjênênganipun wau sampun kondur dhatêng Ngayodya, panjênênganipun prayogi upami angruktia kasatriyan malih, aturipun [a...]

--- 110 ---

[...turipun] Dèwi Sita: Botên pisan ulun kumalancang nêdya amulang panduka, pangangkah kula muhung ngèngêtakên. Sintên ingkang sagêd mênang kalayan panduka ingatasipun bab darma (adil, jêjêg) manawi pancèn sampun kagalih sayêktos. Sumăngga kalajêngna. Aturipun punika pancèn patitis, mila Sang Rama ugi ngalêmbana, ananging Sang Rama sampun kasinungan kawicaksanan ingkang langkung lêbêt, sarta botên kasamaran anggènipun anglampahi darmanipun, pramila taksih mangrêgêm dêdamêl punika amung kangge rumêksa para tapa saking panangsayaning rasêksa ingkang sami saba ing wana, dados botên tumrap sariranipun piyambak.

Para pandhita sami nêdha supados dipun ayomi, măngka sariranipun nyanggêmi, pramila tamtu botên badhe angingkêti: Dhuh, Sita, bungah ilange uripku dhewe, apadene Sita utawa Laksmana tinimbang angingkêti wicara kang wus kawêtu.

Sarêng sampun watawis sadasa taun wontên ing Dhandhaka, lajêng rajaputra wiwit alêlana malih. Sabên manggih pratapan dipun ampiri. Para tapa sangêt sihipun, mila lajêng sami paring nugraha, punapadene pinanggih Jathayu, pêksi agêng mitranipun kang rama. Jathayu sagah rumêksa kang garwa, manawi Sang Rama kalihaa [kaliha...]

--- 111 ---

[...n] Laksmana pinuju milih papan ingkang prayogi kangge palêrêmanipun.

Sasampunipun pinanggih Jathayu, Laksmana lajêng damêl pamondhokan sawatawis agêng sacêlakipun Godhawari, kang raka sakalihan lajêng dipun pondhongi. Wontênipun ing palêrêmanipun enggal punika sami kraos sênêng, mila sawatawis dangu. Ananging mêndhung cêmêng sampun dhêdhêt ing imbanging langit, pêpêrangan agêng pakaryanipun Rama lajêng tumuntên katingalan (Aniya Kandham § I-XV.)

Icalipun Sita.

Katungka dhatêngipun măngsa badhidhing, nararya kêkalih tuwin Dèwi Sita sami sakêlangkung sênêng wontên ing dalêm palêrêmanipun, salêbêting wana wau, amargi Ramacăndra sakêlangkung sêngsêm dhatêng hawa asrêp, mila Sita tuwin Laksmana bingah ing manahipun, dene kang raka katingal sênêng. Katiganipun anggung sami wiraosan bab kawontênaning lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, tuwin ingkang badhe kalampahan. Kacariyos nalika Sang Laksmana angèngêti lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, sangêt gumunipun dene pawèstri ingkang kados Kekayi kalampahan sagêd dados garwanipun Prabu Dasarata, [Dasa...]

--- 112 ---

[...rata,] sarta ibunipun Barata. Ing ngriku Sang Rama enggal manambung sabda: Yayi aja pisan ngrasani ibu panênggak, luwih bêcik angèlingi kadangira Barata bae. Sabên wontên wiraosan ingkang kirang prayogi, Sang Ramacăndra tamtu lajêng ngandika makatên wau, sarta dhawuh langkung prayogi angrêmbag ingkang sae-sae tinimbang angraosakên piawon. Ing wanci enjing sasampunipun sami siram ing lèpèn Godhawari, saha saparipurnaning anggènipun sami pujabrata, nalika sami lênggah ing dalêm palêrêmanipun, ing ngriku wontên sêsawangan ingkang angrubeda katêntrêmanipun, amargi wontên rasêksi ingkang langkung sacêlaking pamondhokan, sarêng sumêrêp dhatêng Sang Ramacăndra satêmah lajêng sêngsêm. Mila enggal amarêpêki sarwi pitakèn, punapa sêdyanipun dene wontên ing wana, wangsulaning Rama ngagêm caraning kaprabon, mratelakakên asmanipun, pinangkanipun tuwin wigatosipun, pramila wontên ing ngriku. Wasana lajêng gêntos pitakèn, piyambakipun punika sintên. Wangsulanipun manawi rasêksi nami Surpanaka, kadangipun Rahwana, Kumbakarna, tuwin Wibisana, Ratu Windusana, aturipun: Anilara garwa paduka Dèwi Sita, ingkang kêra saha kuciwa ing warni, lajêng amundhuta ing kula, [ku...]

--- 113 ---

[...la,] supados botên wontên sangsayanipun lêlana ing wana ngriki.

Rama mangsuli sarwi mèsêm, manawi sariranipun sampun kagungan garwa, Laksmana ingkang kapisah kalayan garwanipun, punapa sababipun têka botên ngangkah dhatêng Laksmana, măngka warnanipun bagus, nèm tuwin wancinipun sapangantèn. Surpanaka ugi miturut, ananging Laksmana lajêng asêsêmbranan, pratela manawi sariranipun punika amung nêdya ngladosi dhatêng ingkang raka, saha lajêng amrayogèkakên supados Surpanaka ngêbrukana dhatêng Sang Rama, amargi sampun tamtu Rama badhe anilar garwanipun ikang kêra punika, manawi aningali endahing warninipun, sarta piyambakipun pancèn mantêp sayêktos. Sanalika wau rasêksi lajêng wangsul anubruk Dèwi Sita, nêdya kasirnakakên, ananging lajêng dipun cêpêng dening Laksmana, sarta lajêng pinêrung kuping tuwin irungipun, lakar botên nêdya dipun pêjahi. Surpanaka lumajêng sarwi manangis dhatêng lakinipun, nami pun Kara, wadul sintên ingkang sampun nangsaya badanipun, mratelakakên manawi ing wana wontên tiyang nênêka, jalêr kalih èstri satunggal. Tiyang wau anyênyamah ing piyambakipun, mila piyambakipun prasêtya, manawi tiyang [ti...]

--- 114 ---

[...yang] wau sampun pinêjahan, badhe kaombe rahipun, Kara lajêng nangisi semahipun. Sasampunipun dhawuh ing wadyanipun supados angrabosèng rajaputra, kairid dening Surpanaka, puwara sadaya sami pêjah dening Sang Rama piyambak, ananging sasampunipun dipun èngêtakên sampun ngantos kalajêng-lajêngakên, Surpanaka lajêng cariyos malih dhatêng Kara ingkang lajêng saya sangêt nêpsunipun. Mila enggal suka priksa dhatêng sadhèrèkipun ingkang nama Dusana, supados ambiyantu kalayan ambêkta bala agêng, tuwin anumpak rata. Sapêngkêripun Surpanaka, Dèwi Sita kadhawuhan umpêtan ing guwa sacêlakipun ngriku, katêngga dening Laksmana. Dene Sang Rama piyambak angêntosi mêngsah ingkang badhe andhatêngi, kalayan angindhong jêmparing sarta nyangking gandhewa, wadyaning mêngsah angêbyuki dhatêng Ramacăndra, ananging sadaya lajêng sami pêjah, kadosdene alun ingkang tumêmpuh ing sela karang. Mila Dusana lajêng majêng piyambak, ugi lajêng kapisanan, kantun senapati kalih, inggih punika Trisirah kalihan Kara piyambak. Rama dipun but kalih, ananging kalih pisan ugi lajêng sami kasoran. Sang Rama kantun anggana wontên têngah-têngah bathanging mêngsah, ingkang anggêlasah kadi babadan pancing. Ananging [Ana...]

--- 115 ---

[...nging] têksih wontên mêngsahipun agêng ingkang kêdah linawan ing jurit, inggih punika Rahwana kadangipun Kara tuwin Dusana, binathara ing Ngalêngka, asma Rahwana ingkang sirahipun sadasa.

Mêngsah ingkang kêdah dipun kawonakên, mila Wisnu majanma dhatêng ing dunya maujud Rama.

Sampun dangu lêlampahanipun Sang Rama anggènipun badhe mapagakên mêngsahipun. Ing mangke sampun cêlak kalihan mangsanipun pinanggih. Lampahipun Rahwana ingkang sampun kapêngkêr punika sakêlangkung elok. Samangke maujud raksasa, măngka suwaunipun têbih sangêt kalihan raksasa. Piyambakipun punika sakawit satunggiling tiyang sukci, ngantos Mahadewa punapa Bathara Wisnu sangêt sihipun, jalaran piyambakipun wau baktaning para bakta. Piyambakipun luhur pasinaonipun, sarta sampun mumpuni dhatêng kasidan, angèstokakên sapitêdahing Wedha. Kados dèrèng wontên tiyang ingkang prasasat gêdhong rajabrananing Sêrat Wedha kados piyambakipun, piyambakipun kawasa manjing kahyanganipun Sang Hyang Wisnu, lajêng pinaringan kanthi tiyang sukci panunggilanipun, kadhawahan sami anjagi kontên, dene naminipun sujanma kêkalih wau: Jaya kalihan Wijaya.

Salêbêtipun jagi kontên, piyambakipun mangsulakên tiyang ingkang [ing...]

--- 116 ---

[...kang] lêrêsipun pancèn kenging lumêbêt, mila kapêksa tampi paukuman, kenging milih salah satunggal, punapa ngantos kaping pitung rambahan anggènipun katurunakên dhatêng dunya, tinitah dados tiyang sukci, punapa milih amung kaping tiga, ananging dados mêngsahipun Wisnu, prêlu angêmpalakên sagunging piawon ing dunya, dados lajêng gampil pambiratipun, pitung tumimbal lan dados rêsi, punapa milih tigang tumimbal lan dados rasêksa.

Amargi saking trêsnanipun dhatêng gurunipun, dados sataun-taunipun punika rumaosipun badhe dangu, saha sangsara sangêt, mila pinalaur dados mêngsah, nanging amung tiyang panjanman, tinimbang dados mitra nanging kaping pitung panjanman. Dumadosipun samangke punika panjalmanipun ingkang kaping kalih. Nama Rahwana ingkang mênang kalayan para dewa tuwin manungsa, ratuning raksasa tuwin pangrurah katêntrêmanipun para pandhita. Amargi Wijaya tumut mangsulakên nalika wontên tiyang lumêbêt, amila tumimbalipun ingkang minăngka paukumanipun wau ugi ngêmpal kalayan Jaya, sabên majanma dados sadhèrèkipun, sabên sapanjanman lajêng dipun sirnakakên dening Wisnu, ingkang mangejawantah. Nalika manjanma sapisan, Jaya dados ditya

--- 117 ---

wasta Iranya Yaksa, kawajibakên anyanggi jagad wontên ing nglêbêt toya, kasirnakakên dening Awatara Waraha. Dene Wijaya dados Iranya Kasipu, bapakipun Praladha, pêjah dening Awatara Narasinga.

Tumimbal kaping kalihipun, Jaya dados raksasa sinêbut Rahwana, dipun sirnakakên dening Awatara Rama. Dene Wijaya dados Kumbakarna, sirna dening Laksmana. Panjanmanipun kaping tiga dados manungsa nama Sri Supala, pêjah dening Awatara Krêsna, Wijaya dados Dantang Dhaktra, sirna dening Balarama (Baladewa).

Kacariyos Sang Rahwana, narendra ing praja Ngalêngka, pinuju tinangkil kasaru dhatêngipun raksasa Kampana, ingkang nunggil padunungan kalayan rasaksa Kara wontên ing Danastana, ngaturakên punapa ingkang sampun kalampahan ngantos pêjahipun Kara. Sang Rahwana ngandika wêngis. Sang Rahwana badhe pangkat piyambak, anyirnakakên Sang Rama, ananging Kampana lajêng atur pamrayogi, supados sampun lumawan dhatêng Rama, jalaran sêmunipun Rama pinunjul ing bawana, botên wontên ingkang sagêd ngawonakên, mila langkung prayogi andhustha Dèwi Sita, garwanipun Rama, manawi Sita ical, tamtu Rama

--- 118 ---

badhe pêjah piyambak, awit saking risaking manahipun. Aturipun Kampana kagalih prayogi, pramila Rahwana enggal mundhut ratanipun, lajêng tinitihan mêdal ing awiyat, lumampah ngalèr. Sarêng dumugi sacêlaking dhangkanipun Marica, rata kadhawahan ngèndêlakên, ing ngriku Marica sangêt amambêngi, awit piyambakipun sampun priksa piyambak dhatêng karosanipun Rama. Sangêt-sangêt aturipun Marica, sampun ngantos Sang Rahwana anglajêngakên karsanipun anyidra dhatêng Sita, amargi ingkang makatên lampah ingkang kirang prayogi. Sanalika wau Rahwana lajêng andhahar aturing kêkasihipun, mila lajêng wangsul dhatêng Ngalêngka.

Ananging lajêng katungka dhatêngipun Surpanaka, kang manangis supados kawalêsna sakitipun, sarta kalabuhana pêjahing para sadhèrèk tuwin wadya, sarta sangêt mangoso dhatêng Rahwana, anggènipun babar pisan botên karsa tumandang, măngka Rama sampun anyirnakakên wadya raksasa, sarta ngancik wontên ing Danastana. Pangandikanipun Sang Rahwana: Rama iku sapa. Surpanaka ngaturakên sadaya ingkang sampun kalampahan sarta kasêktènipun Rama, tuwin Laksmana, wêkasan lajêng mratelakakên sulistyaning warninipun Sita, ingkang kados punapa utaminipun, [uta...]

--- 119 ---

[...minipun,] manawi kalampahan dados garwanipun Rahwana. Dipun cariyosakên manawi kamanisanipun Sita sampun botên kenging cinăndra ing têmbung, kulitipun jêne kadi kancana sinangling, dêdêgipun pidêksa, endahing warninipun ing jagad botên wontên ingkang tumimbang, mila pantês yèn dadosa sori nata ing praja Ngalêngka, Rahwana kaaturan kêdah lajêng pangkat, piyambakipun ingkang andhèrèkakên, pêrlu malêsakên pêjahing para kadang tuwin wadyabala.

Kados punapa sêrêngipun Rahwana, amargi saking kêpenginipun dhatêng Dèwi Sita, Rahwana lajêng pangkat malih dhatêng padununganipun Marica, ananging sapisan punika sampun botên kenging pinambêngan, Rahwana ngandikakakên bab sirnanipun wadya raksasa kalayan ringkês, utawi kêpengin badhe andhustha Dèwi Sita, pêrlu kêdah mawi pitulunganipun Marica. Piyambakipun kadhawahan mancala warni kidang kancana, kadosa angupaya mangsan ing sacêlaking palêrêmanipun Rama, murih Dèwi Sita gadhah panêdha dhatêng Rama tuwin Laskmana. Manawi Sita sampun kapisah kalihan ingkang sami rumêksa, Rahwana lajêng badhe tumurun, Marica botên nayogyani, amambêngi malih. Lêlampahan punika kaupamèkakên kados dolanan cangkêming singa, amargi

--- 120 ---

sihipun Rama dhatêng Sita punika angungkuli saliranipun piyambak, măngka karosanipun Rama sajagad botên wontên ingkang animbangi, punapadene ambêkipun rahayu, botên wontên tiyang ingkang sagêd mênang kalihan Sang Rama. Sintêna ingkang purun lumawan, sampun tamtu katiwasan. Marica ngaturakên kadospundi anggènipun pêrang kalayan Rama nalika Wiswamitra sêsaji ing dewa, Rama botên niyat amêjahi ing piyambakipun. Wiwit samantên piyambakipun lajêng kados punapa girisipun, tumingal dhatêng ing pundi kemawon Rama katingalan, sanadyan salêbêtipun tilêm. Rahwana wêngis pangandikanipun, karsanipun botên mundhut supados kadongèngakên, ananging kalayan pangwasaning narendra ingkang dhawuh dhatêng nayakanipun, sampun tamtu agêng gêgadhanganipun. Ananging manawi Marica lênggana, tamtu pinêjahan, pramila Marica matur sandika, lajêng sami numpak rata mahawan ing gêgana, botên watawis dangu dumugi ing Dhadhaka.[1] Marica enggal nandukakên pangwasaning raksasa, sanalika dados kidang kancana tutul salaka, ingkang sungunipun kadya pinatik ing sêsotya nawarêtna, buntutipun sumorot amăncawarni kadi kaluwung, pangangkahipun badhe nunggil kidang limrah ing wana, pundi ingkang dipun cêlaki lumajêng, kados sumêrêp [su...]

--- 121 ---

[...mêrêp] manawi sanès bangsanipun. Ananging Sita ingkang kirang pangatos-atosipun, têmah kagiwang dhatêng endahing kidang, lajêng ambêngok: Gilo, gilo, apa iki. Rama kalihan Laksmana enggal malajêngi, ananging Sang Laksmana ingkang botên kasamaran lajêng matur ing raka: Dhuh Ragawa, kidang punika sanès sajatining kidang, ananging raksasa Marica amindha-mindha. Ing dunya botên wontên kidang ingkang makatên wujudipun. Ananging Sita sangêt panangisipun dhatêng Rama, supados kidang punika dipun cêpênga. Manawi sagêd kacêpênga gêsang, mila makatên amargi sampun kapandukan kamayaning raksasa, mila sangêt kapiluyu. Rama nêdya anuruti panyuwuning garwanipun, dhawah dhatêng Laksmana, salêbêtipun ambujêng kidang, Laksmana botên kaparêng pisah saking sacêlakipun Sita. Inggih wiwit punika Rama kapisah kalihan Sita, ingkang lajêng botên pinanggih malih, ngantos luwaring prihatos.

Palajênging kidang saya têbih, sakêdhap-kêdhap kados nutut, sabên pinarpêkan lajêng mancolot, mila dados têbih saking pamondhokanipun, wêkasan jinêmparing, sarêng kenging Marica ambêngoki Laksmana anulat suwantênipun Rama, pangangkahipun Sita sagêda pisah kalihan Laksmana, sambatipun: [sambatipu...]

--- 122 ---

[...n:] Laksmana, tulungana aku katiwasan. Sambating Marica ingkang makatên wau kapiyarsa dening Dèwi Sita, ingkang dahat ngajêng-ajêng wangsulipun ingkang raka ambêkta kidang. Mila sarêng mirêng suwantêning sêsambat, enggal mangatak dhatêng Laksmana, supados amitulungana kang raka: Yayi enggal tututana kakangira, swarane kaya anjaluk tulung. Ananging Laskmana botên kasupèn dhatêng pitungkasipun kang raka, pramila botên pangkat. Saking sumêlangipun Sita, ngantos sirna alusing bêbudènipun, amargi kasasaban sihipun dhatêng Rama. Mila sarêng Laksmana botên tumuntên pangkat, lajêng wêngis wêdaling pangandikanipun: Sira bungah yèn kakangira sirna, têtela sira satru nyarupa sadulur, kang kêpengin angalap bojone. Saking kawaspadanipun mila Laksmana taksih sabar kemawon. Aturipun botên wontên titah ingkang sagêd ngawonakên Ramacăndra. Ingkang sêsambat punika cidranipun Marica, piwêlingipun kakangmas, kula kadhawahan anêngga paduka, pramila kula botên purun anilara dhawuhipun. Dèwi Sita saya sangêt runtikipun, mila pêdhês pangandikanipun dhatêng Laksmana: Marga saka sêngsêmira, sarta bangêting kêpenginira arêp angalap bojone kadangira, mula sira ora gêlêm sumusul [sumusu...]

--- 123 ---

[...l] ing kakangira kang nandhang roga.

Kados cinublês ing braja raosing panggalihipun Laksmana, nanging sangêt ajrihipun dhatêng garwaning kadangipun sêpuh, pramila sanadyan priksa manawi kenging kamayaning raksasa, ewadene Sang Laksmana taksih matur malih: tumrapipun kula paduka punika widadari, mila tamtu kula èstokakên, ananging sayêktosipun mèh limrah sabên pawèstri inggih makatên. Kula badhe sumusul dhatêng wana, mugi dewaning wana angayomana paduka. Sasampunipun sumêmbah, Sang Laksmana lajêng mangkat. Sakêdhap-sakêdhap tumolèh, pangangkahipun bokbilih Dèwi Sita piduwung, lajêng animbali supados wangsula. Ananging Dèwi Sita botên ebah, tuwin botên ngandika punapa-punapa. Sarêng Laksmana sampun botên katingalan, Rahwana lajêng ngadêg wontên ngajêngipun Sita. Rahwana amindha pandhita sêpuh, ingkang untunipun kantun tiga, sarwi ambêkta guci wadhah toya, anyêlaki dhatêng Sita sarwi wicantên. Suraosing aturipun mangalêmbana dhatêng sulistyaning suwarninipun, sadaya têtêmbungan ingkang botên pantês kaucapakên dening para tapa sami kawêdal ing lambenipun. Dèwi Sita enggal amêndhêtakên toya sarta têtêdhan. Nalika astanipun [astani...]

--- 124 ---

[...pun] kumlawe ngulungakên sadaya wau, saking ajrihipun, mila sinambi anolèh dhatêng ing pundi lampahipun Laksmana tuwin Rama. Ingkang katingalan amung wana, garwanipun tuwin ingkang rayi botên katingalan. Amargi saking sumêlang bokbilih badhe dados rêngating panggalihipun sang pandhita ingkang nêmbe rawuh, manawi botên angacarani, mila Dèwi Sita lajêng mratelakakên asmanipun, punapa sababipun mila wontên ing wana, sang pandhita kaaturan lêrêm sawatawis, amargi kang raka tamtu tumuntên kondur.

Ing nalika wau lajêng rucat saking wujuding pandhita, ngatingal saluguning warninipun, sarta pratela manawi nêdya ngalap Sang Sita Dèwi, kabêkta dhatêng Ngalêngka, supados lajêng amêngkonana saisining dhatulaya praja Ngalêngka. Sami sanalika Sita Dèwi madêg suraning driya, pasêmonipun katingal kadi singa ingkang kataton, sarta wêngis wêdaling pangandikanipun: Mung Rama kang dadi pêpêlênganku, mung dhèwèke kang wajib andarbèni. Ananging Rahwana ingkang sangêt dêrênging pangangkahipun, mila botên mirêngakên dhatêng wangsulanipun Dèwi Sita: Ingsun Rahwana kang sirahe sapuluh, iya kang unggul lan para dewa, sanadyan panasing srêngenge ora wani amanasi, banyuning kali ora wani mili,

--- 125 ---

godhonging kêkayon padha alum, apadene ora wani obah, manawa dak pandêng. Rama iku mung manungsa lumrah, kawruhana, aku ratuning raksasa, ing jagad tanpa tandhing.

Sanadyan Rahwana misuwur ing jagad tanpa tandhing, ewadene botên adamêl ajrihipun pawèstri kêra, ingkang sangêt sêtya dhatêng priyanipun. Wangsulanipun Dèwi Sita: Sanadyan sira angalap garwane Endra, mêksa isih bisa urip anèng dunya, ananging manawa sira angalap kêkasihe Rama, masthi anêmahi bilai. Rahwana sakêlangkung runtik, mila lajêng triwikrama, katingal agêng anggêgirisi. Sita enggal sinaut kabêkta dhatêng ratanipun, lajêng mahawan gêgana, ngêncêng mangidul. Sampun tanpa guna Sita ambêngoki Laksmana, ingkang kadugi dèrèng têbih lampahipun. Tanpa damêl Sita anggènipun nguwuh dhatêng Rama, ingkang ambujêng kidang kancana, awit saking panangisipun. Sita mawi mamêling dhatêng kali-kali, wit-witan, kewan-kewan tuwin paksi-paksi, isining wana, supados matura dhatêng Ramacăndra, manawi garwanipun dhinustha ing Rahwana. Nalika Sri Jathayu, narendraning paksi, mirêng sêsambating kasangsaran ingkang sami manguwuh dhatêng Sang Laksmana tuwin Sang Rama, lajêng nglilir saking anggènipun tilêm,

--- 126 ---

enggal sumusul ing awang-awang sarwi pêpèngêt dhatêng Rahwana, manawi Sita pawèstri ingkang sêtya ing kakung, prayogi mêndhêta pawèstri sanèsipun kemawon. Sarêng têtela manawi Rahwana botên miturut, malah muring-muring, lajêng dipun kabruk, têmah lajêng sami paprangan. Sampun kasêpuhên Jathayu badhe angrêbat Sita, saking gêgêmaning mêngsah ingkang nêdhêng tumambirang, ewadene mêksa katêmpuh. Sarêng sampun dangu anggènipun băndayuda, sarta sampun ngrisak rata titihanipun Rahwana, Jathayu dhawah ing siti, amargi suwiwinipun tugêl sasisih, wêdaling rah kados dipun sokakên, wêkasan lajêng pêjah.

Rahwana lajêng angayuh gêgana malih, kalihan ambêkta Dèwi Sita. Salêbêtipun kabêkta dening Rahwana, Dèwi Sita ambucal binggêl, tuwin sêsupenipun dhatêng siti, punapadene sangsanganipun, langkung malih sarêng ing katêbihan wontên wanara gangsal, sang kaswasih enggal andhawahakên waringipun jêne, saha kancing gêlungipun, ingkang pinatik ing sêsotya nawarêtna. Pangajêng-ajêngipun wanara wau angaturna dhatêng Rama, sarta minăngka ancêr-ancêr manawi lampahing duratmaka mangidul.

Rahwana mondhong Sita punika dados ngalamating pêjahipun [pêjahi...]

--- 127 ---

[...pun] Rahwana. Sadumugining tanah Lêngka, Sita lajêng kalêbêtakên ing kadhaton.

Sarêng Rahwana sampun andugi, manawi Sita Dèwi sampun mêsthi badhe miturut, amargi sampun kaalangan samodra kalihan Rama, tur ijèn wontên ing antawising mêngsah, Rahwana lajêng manggihi Sita ingkang sawêg anangis. Sita katêdahakên sêsotya isèn-isèning puranipun, pilaring kadhaton ingkang saking kancana, tuwin kristal, candhela ingkang saking salaka miwah gadhing, pakaja jumêrut, mutyara tuwin sanès-sanèsipun, ingkang pating pancurat sunaripun. Dipun pamèri patamanan ingkang kathah balumbangipun, sarta pêksinipun, punapa malih Sita ginadhang amêngkoni pawongan sèwu, ingkang sampun mirantos sapanganggenipun. Sampeyanipun Sita kadèkèk wontên ing cêngêlipun kalayan wicantên: Rahwana durung tau tundhuk marang garwa liyane.

Sita Dèwi botên kengguh, tansah anglajêngakên pujamantranipun ing dewa, babar pisan botên maèlu dhatêng pisungsung tuwin pangasih-asihipun Rahwana. Kalayan sêrêt pangandikanipun dhatêng Rahwana: Kowe agawe kasangsaranira dhewe, karusakaning prajanira, sirnaning wadyanira bakal tumuli kalakon, [kala...]

--- 128 ---

[...kon,] yèn sira ora ambalèkake garwane Rama.

Rahwana sakalangkung duka, lajêng ngandika, manawi Dèwi Sita botên miturut, badhe dipun sirnakakên, sarta katêdha, sanalika wau lajêng nimbali wadya raksasa, Sita kadhawahan bêkta dhatêng wana Asoka, sarta kadhawahan anggêgiro murih ajrih, dados lajêng miturut.

Saking wêlasipun Hyang Brahma lajêng ngutus Bathara Endra, anglêlipur sang kaswasih, sarta kadhawahan maringi dhaharaning dewa, supados sampun ngantos risak kakiyatanipun. Dèwi Sita lajêng dhahar pêparinging dewa, sarta nyuwunakên karahayonipun Rama, tuwin Laksmana. Sanalika wau Dèwi Sita raosing galih lajêng botên rakaos, anggènipun nandhang sagunging panandhang, mila kalayan ayêming manah anggènipun angêntosi lêlampahan ingkang badhe andhatêngi.

Sasampunipun Sang Rama anjêmparing kidang kancana, enggal wangsul dhatêng pamondhokan, amargi sumêlang bokmanawi Dèwi Sita mirêng sêsambatipun Marica. Kados punapa kumêpyuring panggalihipun, nalika ningali Laksmana nusul sarta pasuryanipun katingal nawung prihatos, alon wêdaling pangandika èsmu sumêlang, punapa sababipun têka Sita katilar, punapa Sita

--- 129 ---

pêjah, punapa dhatêngipun punika suka pawartos, manawi Sita katiwasan, Rama lumajêng dhatêng pamondhokan. Sarêng garwanipun botên katingalan, sangêt manutuh dhatêng Laksmana, dene anilar piwêlingipun. Sang Laksmana matur sarwi ngrarêpa, ngaturakên pangosonipun Sita dhatêng piyambakipun, sarta pandakwanipun ingkang kirang prayogi wau. Ewadene Rama malah saya manêtah, dene Laksmana kawon, dening pawèstri ingkang pinuju muring-muring, kalampahan lajêng anilar Sita piyambak. Rama lajêng manusup ing wana angupaya kang garwa, sabên wit-witan dipun tanglêti, punapadene sawarnining kewan isèn-isèning wana, pundi ingkang kapapag lajêng tinakenan, punapa botên sumêrêp dhatêng kalulutipun. Samargi-margi tansah manguwuh: Sita, Sita, pagene sira andhêlik. Bêcik apa sêsêmbranan, enggal ngatona. Sêmbrananira mau agawe patiningsun. Panguwuhipun Rama botên winangsulan. Ananging Sang Rama ing galih mosik, manawi Sita ical. Sang Rama lajêng dhatêng banawi Godhawèri. Sarêng umbaking lèpèn botên atur pawartos kadospundi kawontênanipun kang garwa, Sang Rama lajêng wangsul dhatêng wana. Ing nalika kapapag kidang ingkang arak-arakan, enggal dinangu sora: Sita ana ngêndi. Kidang ingkang

--- 130 ---

priksa Sita nalika kadhustha dening Rahwana, lajêng andêngèngèkakên sirahipun mangidul, pramila Rama kalihan Laksmana lajêng sami tindak manut cipta sasmitaning kidang. Botên antawis dangu dumugi ing panggenan ingkang katingal kados mêntas kangge papaning paprangan, dene kathah êrah ingkang anggubrasi, inggih ing ngriku campuhipun Jathayu kalayan Rahwana. Ing nalika Rama priksa layoning sêkar pêdhotan ukêlipun kang garwa, punapadene manggih gogroganing pangagêmanipun, saputing driya enggal amênthang langkap, nêdya mangawut pundi ingkang katingal, jagad nêdya rinusak. Laksmana enggal angurêbi padanipun kang raka sarwi matur: Ingkang sampun sampun, panduka punika sih dhatêng sadaya dumadi, sagêd mangrèh dhatêng sarira pribadi, sarta tansah mangangkah rahayuning bawana, sadaya wau samangke sampun risak, amargi sinasaban ing kanêpson. Punapa inggih panduka badhe anglêbur jagad ingkang têwah saking kalêpatanipun tiyang satunggal. Aturipun Laksmana kalayan mêmêla. Sanalika Rama lilih, lajêng sami lumampah malih. Dèrèng têbih lajêng priksa Jathayu ngandhuruk ing siti kalayan agêgodrès rah, panggalihipun Rama, manawi Jathayu sambêt kalihan icalipun Sita. Jathayu enggal pratela dhatêng Rama anggènipun pêrang [pê...]

--- 131 ---

[...rang] kalihan Rahwana. Sasampunipun Jathayu kasoran, Rahwana mabur mangidul kalayan ambêkta Sita, ingkang manangis sarwi asambat-sambat. Satêlasing aturipun sang narendra paksi lajêng anggêblag têrus pêjah. Layoning Jathayu binasmi, sasampunipun rajaputra anglajêngakên lampahipun malih. Botên wantawis dangu lampahipun sang nararya kêkalih kapapag kalayan raksasa, ingkang lajêng manêmpuh ing rajaputra, raksasa kasoran, dados ruwat saking paukumanipun ingkang wujud angurung ing badan raksasa.

Saking panyuwunipun supados bangkenipun tinunu. Kobaring layon lajêng katingalan wontên dewa mêdal saking latu, inggih punika Bathara Kuwanda, putranipun Bathara Danu, dhawuh dhatêng Rama, supados amanggihana Sugriwa, ratuning wanara, putranipun Bathara Surya, ingkang kèngsêr saking kadhatonipun, amargi kasoran dening kadangipun jalêr, nami Wali, putranipun Bathara Endra. Sang Rama kaprayogèkakên ingkang sae anggènipun pawongmitra kalayan Sugriwa, amargi wadyanipun Sugriwa ingkang sagêd dados jalaranipun Sang Rama priksa ing pundi dunungipun kang garwa. Hyang Kuwanda paring pitêdah ing pundi margi ingkang anjog ing padununganipun Prabu Sugriwa. Ananging rajaputra [rajapu...]

--- 132 ---

[...tra] kapurih mampir ing padhepokanipun pandhita èstri nama Swari, pêrlu angruwata kasangsaranipun. Sasampunipun angambali piwêlingipun: Kang bêcik pamitranira lan Sugriwa. Bathara Kuwanda ingkang sumunar prabanipun wau lajêng botên katingalan. Rama sakalihan Laksmana lêstantun lampahipun dumugi padhepokanipun Sang Swari, sinunggata wowohan warni-warni isèn-isèning padhepokanipun. Rawuhipun satriya kêkalih wau sangêt sinunggun-sunggun, amargi sampun kawêca dening gurunipun, bilih rawuhipun rajaputra kêkalih punika ingkang dados sarana ruwating papa cintrakanipun. Mila sarêng sampun lêrêm sawatawis, Suwari lajêng nyuwun dhatêng rajaputra, supados binasmi. Ing nalika Suwari sampun tumamèng latu, Swari ambadan cahya, mêdal saking latu, têrus dhatêng kayanganing gurunipun.

Ananging rajaputra sakalihan ingkang taksih binănda dening kawajibanipun ing dunya sami anglajêngakên lampahipun, botên dangu lampahipun dumugi ing tlaga Pampa.

 


Dhandhaka. (kembali)