Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 20–29)
1. | Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
3. | Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 20–29). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
4. | Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 30–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
5. | Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 40–49). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
20. Pangkur
1. bramantya Patih Karyaba | duk tumingal wadyane kyèh ngêmasi | angatag kang punggawa gung | mangsah para prawira | amêkanjar Kala Bêndana umagut | ing rana ngikal badhama | birawa agêng ainggil ||
2. kiprah bêsus ing alaga | nêmpuh wadya Ngastina bosah-basih | kathah kang ngungsi ing pungkur | duka Sri Baladewa | wruh ing karsa Citrahoya Sang Aprabu | mangsah lan Sri Kartanadya | amawa limpung sinêkti ||
3. Kala Bêndana tumingal |
--- 1 : 214 ---
maring mungsuh gambira sru mangungkih | dèn but kalih yudanipun | tan kewran ing ayuda | rame pupuh-pinupuh sarêng ambêntur | prawira wil karepotan | wau ta wontên kang prapti ||
4. prawira ditya taruna | kaduk wani Kala Soba ing jurit | wruh lamun kadange sêpuh | ing yuda karepotan | sigra mangsah Sang Kala Soba ambêntur | Sri Batukawarsa yitna | babêntur kinipat kêni ||
5. tugêl tan măngga puliha | Prabu Kartanadi sigra mangungkih | Kala Soba gya linimpung | kêna janggane pagas | rikat Kala Bêndana asru makiwul | wruh arine kapracondhang | krodha wus tan nêdya urip ||
6. kotbuta sigra narajang | Prabu Citrahoya yitna ing wèsthi | Kala Bêndana ambêntur | bêdhama tinadhahan [tinadhaha...]
--- 1 : 215 ---
[...n] | sru kinipat ing limpung badhama sumyur | winalês Kala Bêndana | sinawat limpung ngênèni ||
7. jaja bêngkah ngêmprak-êmprak | jola anggro Kala Bêndana mati | Kala Keya mangsah gupuh | sarêng Kala Iyaksa | tiga Kalandaru mangsah lajêng ngamuk | tan kewran Sri Parangguwa | lawan Natèng Sriwêdari ||
8. sigra Prabu Lesanpura | têtulung prang mangsah amawa bindi | napung ing yuda amupuh | wil Kala Keya kêna | sirahira polo muncrat ambalêdug | Kala Iyaksa umangsah | naut nulya dèn barêngi ||
9. ing limpung Sri Kartanadya | kapisanan giyak saha ngêmasi | Kalandaru mangsah kiwul | sigra Sri Citrahoya | inguncalan limpung Kalandaru lampus |
--- 1 : 216 ---
ngisis prawira rasêksa | giris prasamya angisis ||
10. kya patih malih parentah | kinèn mangsah ngantêpa apêpupih | Kalandaagni umagut | lawan Wiragajaksa | Ardamoha prawira rasêksa ngamuk | ing gada sura tan taha | panggah Sang Prabu Sêtyaki ||
11. miwah Prabu Citrahoya | Prabu Partanadi parêng mangungkih | anêpung Brajadêntèku | miwah Kya Kala Wedha | Gadhumuka prawira parêng umagut | kadya kinarubut kathah | wau sang narendra katri ||
12. kewran solahe katimpah | gugup tandang Arya Sena nêdhaki | amandhi gadanira gung | miwah sira Sang Parta | Mukabumi Gilingwêsi milu magut | samya Mamêlandang Ditya | tuwin Mandraka Sang Aji ||
13. lajêng prasamya anêpak | ditya
--- 1 : 217 ---
nênêm wira tan angundhili | sirna madyaning prang pupuh | wontên malih umangsah | wil taruna widagdèng prawirèng pupuh | anama Wil Wirasraba | praptèng papan ambêk pati ||
14. pinarbutan para raja | langkung kêsit Wirasraba ing jurit | pinupuh malumpat mabur | niyup anggro manêngah | ngece-ece mêcece rada kumênthus | mênthangul bludhus bêdhigal | sigra Sang Sena nadhahi ||
15. kinaduk ing gada pêjah | sirna larut prawiraning rasêksi | Bratasena ngawe gupuh | ambyuk bala Ngastina | samya mangsah krura malih ambêkipun | ngangsêg mring barising mêngsah | gumuruh lir nêngkêr langit ||
16. bramantya Patih Kardhana | duk tumingal prawira wil kèh mati |
--- 1 : 218 ---
ngatag malih parêng ambyuk | wadya wil lan manusa | ing ayuda kaparêk rok têpung bau | wong Ngastina parêng tandang | anunjang baris nglimputi ||
17. swarane gora ru-ara | kadi bêlah akasa banjir wukir | lir jawah mangsane labuh | swarane kang gêgaman | têmpuh cacap limpung gandhi gada tulup | lumarap saengga kilat | marêngi tibaning riris ||
18. pyuh wor kalih parêng tandang | dangu ulêng liwung samyambêk pati | pupuh-pinupuh parêng suh | pupuh pupug parêng wal | wadyabala Ngastina kathah kasambut | pêjah madyaning ranangga | wau ta awas ningali ||
19. sira Prabu Baladewa | asru duka yayah anglêbur bumi | nênggala ingayat gupuh | pinusthi munggèng asta | ya ta wau para ri awas andulu | yèn kang raka ing Mandura | dahat krodhanirèng galih ||
20. sigra Arya Wêrkudara |
--- 1 : 219 ---
lawan ari Arya Prata nulya glis | samya mangsah amrih kiwul | lan ari ing Mandraka | prabu kalih wus parêng dènira magut | miwah Rahadyan Sêtyaka | lawan Prabu Sriwêdari ||
21. lan raja ing Parangguwa | Gilingwêsi lan ari Mukabumi | gadgada parêng umagut | sahasa tanpa taha | ngamuk punggung singa kang katrajang gêmpur | wadya wil kèh kapracondhang | dene pamuke para ri ||
22. wadya Ngimaimantaka | kagum-kagum giris kasrêg ing jurit | myang prabawa nanggala gung | mijil kang nagapasa | kêthèn yutan mawêndran madyaning pupuh | patih ditya kaprawasa | Kala Wedha angêmasi ||
23. wangke rinampês tan kalap | wadya ditya giris ngungsi ing wuri | krodha patih manungsèku | angrigakên punggawa | sigra mangsah [mang...]
--- 1 : 220 ---
[...sah] ditya sakarine lampus | pêpulih angrêbut papan | gumulung samyambêk pati ||
24. Patih Ngimaimantaka | Sang Kardhana pêpulih angawaki | wadyanira angêndhanu | nglimputi rananggana | parêng surak gumrêgut angungsir kiwul | ngisis wadya ing Ngastina | sigra Sang Sena nulya glis ||
25. mangsah mapunggung Sang Arya | Wrêkudara gada gêng mobat-mabit | gada sawit lohitèku | tan kewran solahira | kinarubut ing ditya manungsa mungsuh | singa kang katiban gada | rangkêp pitung puluh tapis ||
26. ana kang rangkêp sawidak | wolung dasa tumpês tapis wor siti | sayarda undhung mangiwung | Sang Sena pamukira | sira Patih Kardhana sor yudanipun | kaprajaya dening gada | kya patih datan ngundhili ||
--- 1 : 221 ---
27. lêburan wong Ngimantaka | lir sinapon samya lena ing jurit | dening Sena gadanipun | tuhu cakraning jagad | Wrêkudara ing yuda măngka gul-agul | mangkana wus katingalan | dening sang sri narapati ||
28. Sri Niladatikawaca | asru krodha sigra ngangsahkên èsthi | ngawaki sira sang prabu | bala byuk anut nata | lir samodra gumulung têmpuhing alun | yitna prajurit Ngastina | panggah prasamya nadhahi ||
29. rame gantya long-linongan | rêbut papan liru gon silih-ungkih | acorok caruk-cinaruk | dêdêl duwa-dinuwa | lir samodra krodha nêmpuh gunung sèwu | gulung-gumulung èbêkan | tan petungan gunging baris ||
30. mangsah kruraya rêksasa | ana ingkang ambyuk saking wiyati | lir jaladara ngêndhanu |
--- 1 : 222 ---
nêdya angêbyuki mêngsah |[1] wus prayitna Prabu Baladewa gupuh | nênggala pinusthi sigra | ambrubul sabawa mijil ||
31. mêdal nagapasa yutan | angrabasèng mêngsah wil sirna tapis | kapusus ing nanggala gung | pamuking Kakrasana | krodha Prabu Ngimaimantaka gupuh | amusthi kunta pamungkas | mêdal garudha ngêbêki ||
32. ngêbyuki ing rananggana | sirna gêmpang prabawa naga sêkti | bramantya Mandura Prabu | ing nalika tumingal | sirnanira nanggala prabawanipun | pinusthi malih tan taha | gêgala amêdal agni ||
33. gêni prabawa widagda | nêmpuh mêngsah pêksi sirna kabêsmi | sayarda dahana mabul | mêlêg ing pabaratan | sèwu gunung sakêthi sayuta mabul | kang katrajang gundam-gundam | tumpês [tu...]
--- 1 : 223 ---
[...mpês] kang wadya rasêksi ||
34. miwah punggawa manungsa | Ngimaimantaka tan măngga pulih | lêburan madyaning pupuh | mangkana sang yaksendra | mundur aris tan kongsi malês prangipun | gugup kabêrêg dahana | nêdya angupaya budi ||
35. mung kari punggawa dhomas | kang umiring undurira sang aji | angiwa sawadyanipun | nêdya karya upaya | kawuwusa wadya Ngastina andulu | lamun mêngsahe lorodan | sigra parentah angungsir ||
36. sira Prabu Praswapatya | pamuking prang lan Natèng Sriwêdari | tuwin Mukabumi Prabu | lawan Natèng Mandraka | Parangguwa Mukabumi parêng anglut | Arya Sena lan Arjuna | bêdhol baris Ngastina di ||
37. samya mangungsir ing ditya | tan kacandhak sêlak [sêla...]
--- 1 : 224 ---
[...k] kasaput ratri | kèndêl sagung para ratu | akarya pasanggrahan | ngiras nganti ing mêngsah manawa wangsul | yèn misih ngupaya gêlar | ing dalu samya anggusthi ||
38. măngka gêgununganira | kang sineba sagunging para aji | ing Mandura Sang Aprabu | lawan Sang Arya Sena | munggèng kanan Sang Parta ing keringipun | ing ngarsa Natèng Mandraka | katiga Prabu Sêtyaki ||
39. jajar lan Radèn Sêtyaka | para ratu wus aglar ngarsa aji | ing dalu bojana nutug | angiras pagunêman | rèhirèng prang puniku kang dadi rêmbug | ngandika Sri Baladewa | hèh sagunge kadang mami ||
40. paran iki karsanira | dene mungsuh tan ana angundhili | apa ta bêcike nglurug | ngrusak [ngrusa...]
--- 1 : 225 ---
[...k] ing Ngimantaka | lawan iya inganti kalamun wangsul | akarya pangendrajala | durung anêdya ngunduri ||
41. umatur sira Sang Parta | yèn panuju ing karsa kakang aji | luhung lêrêma karuhun | tanpa karya punika | inggih amung angluta paraning mungsuh | wadya tuwan kèh kasrakat | dèrèng wontên ngumpul sami ||
42. sêdhêng yèn sampun antara | para ratu wadyane ngumpul sami | tan kuciwa ing prang pupuh | têdhak ing Ngimantaka | lamun mangke ing karsa tuwan anglurug | dhatêng Ngimaimantaka | praptaning don anglingsêmi ||
43. pun Niladatikawaca | dèrèng èstu kenase ing ajurit | inggih manawi pukulun | ngupadi pangupaya | wus [wu...]
--- 1 : 226 ---
[...s] watêke ditya prange cidra ampuh | abangkit mangendrajala | luhung sami dèn yitnani ||
44. ya ta kang sami miyarsa | ing ature sira Radèn Prêmadi | suka sadaya jumurung | mangayubagyèng karsa | alon matur sira Citrahoya Prabu | dhuh pukulun maharaja | kawula wau anuding ||
45. punggawa ing Parangguwa | anêlika kenasing mêngsah aji | inggih mangke dèrèng wangsul | ingkang kawula duta | dyan umatur Sang Sena marang sang prabu | hèh kakangku dèn sarănta | mungguh ta mungsuhirèki ||
46. sêdhêng wus sirnaa pisan | tan prayoga ambêke senapati | nguwus-uwus wong wus kawus | ngala-ala wong kalah | kalakuan antuk sikuning Hyang Agung | wusanane kuwalêsan [kuwalêsa...]
--- 1 : 227 ---
[...n] | wêwalêse anikêli ||
47. klawan kalêbèng bêbasan | wong mangkono tan wruh subasitèki | sayêktine luwih kusut | atilar tatakrama | sumakeyan manawa lagi jinurung | elinga pasihaning Hyang | amrih tulusa basuki ||
48. suka Prabu Baladewa | amituhu ature para ari | nêngna kang sami arêmbug | wuwusên praptanira | wadya Parangguwa kang sami ingutus | anêlik sirnaning mêngsah | ditya kang mundur ing jurit ||
21. Durma
1. matur nêmbah wau kang sami dinuta | marang narendranèki | katur solahira | dènnya anêlik ditya | miwiti malah mêkasi | katur sadaya | gambira kang miyarsi ||
2. wus têtela Sri Niladatikawaca [Niladatika...]
--- 1 : 228 ---
[...waca] | durung nêdya ngunduri | lagya angupaya | gêlar pangendrajala | wau ta sagung para ji | sami siyaga | samapta ing ajurit ||
3. pinrayitnan manawa mêngsah anyidra | wadya karya piranti | pakuwon pêpanthan | pisah-pisah gènira | samăngsa mêngsah dhatêngi | barênga mangsah | nangkêpi kanan kering ||
4. kang minăngka kori kilèn pakuwonnya | Sang Aprabu Sêtyaki | lan Sri Citrahoya | kang munggèng ing daksina | sira Rajèng Mukabumi | lawan kang raka | raja ing Gilingwêsi ||
5. ingkang munggèng lèr pakuwon Arya Sena | lawan Radèn Prêmadi | ingkang anèng wetan | narendra ing Mandraka | kêkalih lawan kang rayi | pajêg barisnya | sagung kang para aji ||
6. para wadya punggawa ing pêpojokan [pêpojoka...]
--- 1 : 229 ---
[...n] | wus datan nguciwani | Sinuhun Mandura | ing têngah pakuwonnya | lawan pulunanirèki | Radèn Sêtyaka | lan Natèng Sriwêdari ||
7. Sang Aprabu Baladewa pêparentah | mêngko ing têngah wêngi | aja na dêdamar | sagung pakuwon nata | amunga têngah pribadi | kang maksih padhang | dadi tan ngêtawisi ||
8. tur sandika wus warata undhangira | nêngna kang wus miranti | sawadya punggawa | wuwusên yaksa dipa | kang lèrèn madyaning jurit | kèndêl nèng wana | tan nêdya mring nagari ||
9. langkung merang sang nata lamun kundura | mring Ngimantaka nagri | wadyane tumpêsan | mung kari ditya dhomas | ginala-gala ingulig | gul-agulira | samana sang ditya ji ||
--- 1 : 230 ---
10. asingidan anèng wana pagunungan | samya ngupaya budi | ing pangendrajala | miwah pangaribawa | sang yêksa dipa lon angling | dhuh kayaparan | karsanta sanak mami ||
11. mêngko padha kaèsi-èsi paprangan | mungguhing awak mami | wus tan nêdya gêsang | suka banjura pêjah | wasisan brastha ing jurit | dhuh dhuh ta padha | sira ngungsia urip ||
12. aja na kang milu nêmahi antaka | kabèh santana mami | dèn angeman gêsang | mêngko wus sun tarima | sira milu kawlasasih | saparan ingwang | milu sabaya pati ||
13. praptaning don tanpa daya raganingwang | kudu ngajak bilai | lah mulane padha | dèn inggal amuliha | rêbutên prajanirèki | aywa na susah | sun andhêmi pribadi ||
14. duk miyarsa [miyar...]
--- 1 : 231 ---
[...sa] sadaya kang wadyabala | marang pangandika ji | prabune karuna | wau ta yaksa bala | gumuruh umatur sami | ana kang galak | sêsumbar amêmingis ||
15. dhuh dhuh sampun sungkawa kasoran yuda | kawula kang malêsi | mêngsah wong Ngastina | măngsa na nêdya gêsang | yèn paduka narapati | praptèng antaka | suka samya wor siti ||
16. pan samêndhang tyasira kang wadyabala | dèrèng angrasa miris | sampun si manungswa | sanadyan Ngendraloka | kinèn angrusak ing jurit | sayêkti gêmpang | brastha saisinèki ||
17. tan apurun ngucirèng parentah nata | dhuh dhuh têmpuh nèng pati | abdine sadaya | nêdya malês sih tuwan | ngandika sang ditya aji | lamun mangkana [mangka...]
--- 1 : 232 ---
[...na] | sanggupira mring mami ||
18. sun tarima payo padha rarêmbugan | lah paran ta ing mangkin | mungguh mungsuhira | misih padha agêlar | ngantèni ing sira mami | lamun ta ingwang | kang dadya karsa mami ||
19. tinukub ing ayuda bala Ngastina | aja na kang sarênti | kabèh wadyaningwang | dèn padha sabyantua | umangsah ing mêngko ratri | lan pangabaran | sira wêtokna sami ||
20. angin gora pangisising mungsuhira | padha tamakna dhingin | nanging yèn umangsah | padha mêtu gêgana | iya mêngko madya ratri | ya pamrih ingwang | mungsuh aywa miranti ||
21. lamun gugup gampang masalahing yuda | sira bisa dhingini | nora kadhinginan | ing gêlar amrih lawan | sandika sagung rasêksi | rêmbug wus dadya | sigra budhal sang aji ||
--- 1 : 233 ---
22. saha bala sigra napak jumantara | tan winarnèng wiyati | sampun kaungkulan | barise wong Ngastina | nulya kang wadyabala lit | amatak japa | pangabarannya dadi ||
23. angin gora nanduki bala Ngastina | ya ta wau winarni | prawira Ngastina | kataman ing pawana | sadaya kêkês umiris | manahe growah | amung kang para aji ||
24. datan kêna pangaribawaning mêngsah | sadaya yitna sami | sampun anggraita | lamun pangendrajala | lawan dhêdhêt ing wiyati | akèh kapyarsa | swaraning ditya angrik ||
25. Sang Aprabu Baladewa aparentah | mring sagung para aji | kinèn sami yitna | dèn samêkta ing gêlar | dudu sawadine iki | angin kang prapta | mungsuh arsa
--- 1 : 234 ---
nyidrani ||
26. wus warata undhangnya Sri Baladewa | ya ta wuwusên malih | sagung mêngsah ditya | kang anèng ing gêgana | sawusnya ing madya ratri | sarêng umangsah | sarwi gro gêgirisi ||
27. tri gumuruh ambyuk saking ing gêgana | praptaning dharat sami | kagyat dènnya mulat | ya ta wadyèng Ngastina | sampun samaptèng ajurit | têtêp wirèng prang | tan kêna dèn cidrani ||
28. sarêng mangsah wadya ditya mawurahan | tan wrin rowang pribadi | gumuruh swaranya | caruk mungsuh lan rowang | wus dangu dènira jurit | gègèr puyêngan | wadya Ngastina sami ||
29. saking sruning papêtêng ratri limputan | tan katon siji-siji | aprang wur-awuran | êmbuh mungsuh lan rowang | gagap-gagapan ing jurit | wadya rasêksa | parandene kèh kêni ||
30. wadyabala Ngastina kathah longira |
--- 1 : 235 ---
dènnya tan wrin ing gusti | ana padha rowang | têpak-tinêpak rêmak | rêmuk danawa kang kêni | miwah manungsa | sinaut ing rasêksi ||
31. angin gora saya gung praptèng paprangan | ngisis sêmu umiris | kêkês kang ayuda | wadya Ngastina samya | tyasnya sami muring-muring | amung rasêksa | ingkang tawar ing angin ||
32. dadya kathah sêsambat wadya Ngastina | mring Baladewa Aji | dhuh gusti tulunga | usada ing ayuda | wadya tuwan kathah lalis | dening pawana | lawan pêtêng gagapi ||
33. lamun gusti datan karsa têtulunga | têmahan tumpês yêkti | sagung wong Ngastina | kenging pangaribawa | dhuh pukulun dipun aglis | nanggala tuwan | têtulunga ing dasih ||
34. kagyat myarsa sira Prabu Baladewa | krodhanya tan sinipi | miwah Arya Sena | Arjuna lan Mandraka [Ma...]
--- 1 : 236 ---
[...ndraka] | Gilingwêsi Mukabumi | myang Lesanpura | Prangguwa Sriwêdari ||
35. samya mangsah anggagap mêngsah raksasa | kotbuta sru mangungkih | sira Arya Sena | ngamuk punggung lan gada | angawur dènnya mrih pati | singa katiban | ing gada tan ngundhili ||
36. kang kaampyak rêmak tan măngga puliha | sigra Baladewa Ji | amusthi nanggala | wèh padhanging paprangan | saksana amijil agni | krura saarga | andipani ing jurit ||
37. sarêng surak wadyabala ing Ngastina | dènnya wruh ing rasêksi | wus tan kasamaran | ing mungsuh lawan rowang | angungun sang yaksapati | maring prabawa | nanggala kang linuwih ||
38. dadya merang sira Rajèng Ngimantaka | lumayu maring wuri | sigra Sang Arjuna | awas dènnya tumingal | mring sang yaksa narpati |[2] lamun angiwa | nêdya mingkar ing jurit [ju...]
--- 1 : 237 ---
[...rit] ||
39. linêpasan ing warastra tanpa sesa | pagas jangganira ji | gumuling nèng kisma | kagyat bala rasêksa | yèn ratune angêmasi | giris manahnya | samya nêdya nguncati ||
40. Sang Arjuna miyat ingkang mêngsah ditya | lamun obah tyas miris | sigra mênthang langkap | mijil panah naraca | bêlêg ngêbêki ing jurit | nibani ditya | kawratan angijèni ||
41. bubar sirna ingkang nêdya panggah yuda | mawur kang ditya alit | samya ngungsi wana | gunung pêpèrèng jurang | sasaran angungsi urip | ditya punggawa | sinome samya kari ||
22. Sinom
1. sapêjahe yaksa dipa | wadya danawa tan kari | sadaya sami palastra | mung kari ditya lit-alit | angungsi jurang wukir | mrênyanyang
--- 1 : 238 ---
dadya lêlêmbut | ana wil kang atuwa | sawiji anêdya mulih | mring nagaranira Ngimaimantaka ||
2. ing nguni narendranira | nalikane andon jurit | ngrabasèng nagri Ngastina | atilar putra sawiji | jalu langkung sinêkti | samana pan maksih timur | mila tan tumuntura | mring rama lungandon jurit | apêparab Niradhakawaca Ditya ||
3. sanadyan misih taruna | wus sinèrèn sura sêkti | angungkuli ingkang rama | prakosa prawirèng jurit | widagda pilih tandhing | waskitha sang anak anung | bisa mancala warna | tan tular gamaning jurit | pratamèng prang kyating rat sang rajaputra ||
4. nadyan Dewa Batharendra | yêkti tan lawan ing jurit | aja si padha manungsa | nănggaa boboting [bobo...]
--- 1 : 239 ---
[...ting] jurit | ing benjang ana janmi | sudira pratamèng wiku | kang wruh pati uripnya | wus mangkana kang winarni | ditya sêpuh kang lumayu sangking yuda ||
5. wasta pun Kala Daraka | sêpuh rada kaduk pikir | sapraptaning prajanira | marêk ing sang rajasiwi | praptèng ngarsa nungkêmi | karuna sarwi umatur | masalahing ayuda | miwiti malah mêkasi | kongsi praptèng sedanira ingkang rama ||
6. wau ta duk amiyarsa | sira yaksa rajasiwi | krodha arsa lumuruga | ngrabasèng Ngastina malih | sruning mangigit-igit | mring Baladewa Sang Prabu | miwah maring Arjuna | katon sedaning rama ji | Sang Arjuna kang karya sawênang-wênang ||
7. arsa malês rajaputra | mring Sang Parta ing ajurit [ajuri...]
--- 1 : 240 ---
[...t] | Kala Daraka tur sêmbah | sarwi sangêt gêgendholi | sampun paduka gusti | lumurug mangke pukulun | rapan ta dèn adua | wadya tuwan dèrèng pulih | luhung inggih mulihna nagari tuwan ||
8. lawan paduka nuntêna | umadêga narapati | nagri Ngimaimantaka | mêmatah para bupati | gusti benjing agampil | yèn sampun arja kalangkung | sêdhêng malêsa ing prang | sedaning ramanta aji | jêr paduka wus samining para nata ||
9. duk miyarsa rajaputra | mituhu suka ing galih | sigra dènnya aparentah | wadya kinèn angimpuni | manungsa lan rasêksi | pagunungan sadaya wus | manjing wisma nagara | pinatah dadya bupati | rajaputra wus jumênêng naranata ||
--- 1 : 241 ---
10. sampun sami ingestrenan | miwah amêmatah Patih | Kala Daraka kinarya | pêpatih mêngku wadya wil | pêpatih manungsèki | pun Kartana wastanipun | sutane patih kuna | pun Kardhana kang sêsiwi | wus mangkana arja nagri Ngimantaka ||
11. kunêng malih kawuwusa | kang sami unggul ing jurit | sayêkti sarêng kandhanya | ananging kinarya gênti | sagung para narpati | ing sawadyabalanipun | dupi sirnaning mêngsah | sadaya suka angênting | praptaning byar raina kang para nata ||
12. ngumpul samya asêseban | Prabu Baladewa Aji | nèng pakuwon maksih aglar | gêgununganira aji | lawan kang para ari | Arya Sena munggèng ngayun |
--- 1 : 242 ---
sawusnya andrawina | Prabu Baladewa angling | paran karsanira kabèh kadang ingwang ||
13. sasirnaning mungsuhira | paran ing rèhira sami | matur Arya Wrêkudara | dhuh kakang yèn amarêngi | karsane kabèh iki | iya bêcik padha mundur | matur ing arinira | yèn mungsuh ditya wus tapis | awit sira kabèh mung kinèn mapaga ||
14. yudane mungsuh kang prapta | nora kinèn anglurugi | mênawa antuk dêduka | sêsikune kakang aji | lumancang tan tinuding | lumangkah sêka ing tuduh | wau ta duk miyarsa | Prabu Baladewa Aji | sukèng driya lawan sagung para nata ||
15. mangayubagya sadaya | ing karsane Bayusiwi | sampun putus ingkang rêmbag | tan winarna [winar...]
--- 1 : 243 ---
[...na] ing piranti | lajêng budhalan sami | swaraning bala gumuruh | suka tabah-tabahan | abingah samargi-margi | wadyabala Ngastina anutug suka ||
16. dahat winarna ing marga | sagung kang mêntas ajurit | sampun manjing ing nagara | rêmbag samya tur upêksi | nuduh punggawa kalih | sampun lajêng lampahipun | caraka kawuwusa | Ngastina Sri Narapati | Yudhisthira nuju miyos sinewaka ||
17. lawan Sri Bathara Krêsna | siniwakèng păncaniti | pêpak sagunging punggawa | andhèr ngarsaning narpati | kang datan milu jurit | atêngga praja ing pungkur | wau ta praptanira | dutane kang mêntas jurit | praptèng ngarsa nata sarwi matur nêmbah ||
--- 1 : 244 ---
18. matur solahe dinuta | miwiti malah mêkasi | wau ta duk amiyarsa | Prabu Yudhisthira Aji | miwah Sri Harimurti | dahat sukane kalangkung | sagung kang mêntas yuda | sampun kinèn animbali | tan antara kerit praptèng ngarsa nata ||
19. Sang Aprabu Baladewa | wus ngaturan lênggah munggwing | lan ari Bathara Krêsna | miwah sagunging pra ari | tuwin kang para aji | samya sumiwi ing ngayun | kadya ing sabênira | Prabu Baladewa Aji | ngaturakên solah basukining yuda ||
20. salwiring rèh katur samya | miwiti malah mêkasi | suka Prabu Yudhisthira | myang Bathara Dwarawati | samya suka tan sipi | sadaya kang munggèng ngayun | Sang Prabu Yudhisthira [Yu...]
--- 1 : 245 ---
[...dhisthira] | panabdanira wor manis | sinambramèng pangalêmbana sadaya ||
21. dènnya basukining lampah | nulya ginanjaran sami | wastra warastra sarwendah | anuhun kang para aji | samana tan winarni | dènira asuka nutug | marêngi salin warsa | taun warsa kang winilis | sinêngkalan marga gunaning pandhita[3] ||
22. warsaning candra winarna | sangkalanira winilis | manggala pandhita sapta |[4] samana datan winarni | sagung kang para aji | sadayanya amit sampun | mantuk mring prajanira | narendra ing Sriwêdari | lan ing Gilingwêsi miwah Parangguwa ||
23. lawan ing Mukapratala | Sang Aprabu Sayakèsthi | sakawan sampun linilan | mantuk mring prajanirèki | antara [a...]
--- 1 : 246 ---
[...ntara] dina malih | nata kapat budhal sampun | sabala sowang-sowang | tan winarna anèng margi | samya prapta ing prajane sami suka ||
24. kunêng nagari Ngastina | miwah sagung para aji | kang samya amanggih suka | wontên prajane pribadi | ya ta wuwusên malih | nagari Wiratha nuju | ari malêm Anggara | wontên swara kapiyarsi | kadi gêlap jumêgur jroning kadhatyan ||
25. kagyat Sang Arya Nirbita | gugup sigra angulati | swara ingkang kapiyarsa | lajêng lumêbèng jro puri | sagung gèn dèn tiliki | tan ana swara karungu | para èstri jro pura | maksih sami eca guling | winatara tan ana kang ngrungu swara ||
26. ngungun tyasira ki patya |
--- 1 : 247 ---
samana osiking galih | babo iya ngêndi ana | swara ingkang kapiyarsi | swarane ing jro puri | pagene têka asamun | tan ana labêtira | miwah sagung para cèthi | nora kagyat wangune tan amiyarsa ||
27. nalika ing lêbêtira | Arya Nirbita ing puri | ing wanci pukul satunggal | dangu dènira ngidêri | kongsi mèh tatas enjing | Arya Nirbita lumêbu | marang tilaming nata | ingusap mênga kang kunci | linêbêtan sri narendra nora nana ||
28. kagyat Sang Arya Nirbita | anon kumbaya kêkalih | anèng tilam isi toya | sakêlangkung dènnya wêning | mawa cahya nêlahi | sang arya grahitèng [grah...]
--- 1 : 248 ---
[...itèng] kalbu | bayèki ingkang mawa | swara kang kapyarsèng mami | sampun nyana lamun narendrane seda ||
29. ngunguning tyas sang apatya | karantan lajêng anangis | katongton ing ratunira | Sang Aprabu Matswapati | samana prapta enjing | kyana patih mêdal sampun | nimbali putranira | Arya Kawakya wus prapti | lawan sagung kang para wadya punggawa ||
30. sadaya wus praptèng ngarsa | wus samya winartan sami | wiwitan praptèng wêkasan | samya ngungun kang miyarsi | têmah samya manangis | kathah kagagas tyasipun | sagung para punggawa | sedane ratunirèki | wus ingimur marang Kya Patih Nirbita ||
31. dupi lipur sawatara | kyana patih ngandika ris | hèh sutaningsun [sutaning...]
--- 1 : 249 ---
[...sun] Kawakya | sira lumakua aglis | lêlayu tur upêksi | maring Ngastina dèn gupuh | kanthia kang punggawa | Arya Kawakya wus tampi | salwiring rèh pitungkas kamot sadaya ||
32. lajêng budhal sanalika | anganthi punggawa kalih | lampahira gêgancangan | datan kawarna ing margi | sampun praptèng nagari | Ngastina samana nuju | ing dina pasewakan | sang nata miyos tinangkil | pêpak sagung para ari myang punggawa ||
33. miwah kang raka kalihnya | sinuhun ing Dwarawati | miwah Prabu Baladewa | lênggah ing ngarsa tan têbih | Arya Kawakya prapti | dumrojog ing ngarsa prabu | sinapa matur nêmbah | katur saaturirèki | ing sasolah rêntênge nagri Wiratha ||
--- 1 : 250 ---
34. sapitungkas katur samya | ngungun wau sri bupati | gagêtun duk amiyarsa | miwah sagung para ari | tuwin kang raka kalih | kumêmbêng samya rawat luh | wasana aparentah | Prabu Yudhisthira Aji | arsa têdhak maring nagari Wiratha ||
35. sandika kang para wadya | sang nata lumêbèng puri | bubar kang sami sewaka | wus lajêng samapta sami | dènnya badhe umiring | têdhakira sang aprabu | maring nagri Wiratha | wau ta ingkang winarni | Rêtna Dèwi Untari miyarsa warta ||
36. lamun ingkang rama seda | sang dyah sungkawa tan sipi | karuna saya karasa | lir murcatma sang lir Ratih | sakèhing susah ati | tumpêk anèng sang dyah ayu | lagya rêrêm ing tyasnya | duk sedane garwanèki |
--- 1 : 251 ---
lawan kadang kasambut ing adilaga ||
37. rêrême dene wus mulat | putra jalu langkung pêkik | mangke tinungka sungkawa | sedane ramanirèki | asarêng ibu sori | mila tyas ngênglêng kalangkung | sasat banjur antaka | saking sru putêking galih | gugup Rêtna Drupadi lawan Sumbadra ||
38. marêpêki mantunira | tuwin Dèwi Citrahoyi | samya ngêngimur sungkawa | mawantu ambêbolèhi | dupi lipur sakêdhik | katungka ing rawuhipun | Sang Prabu Yudhisthira | lawan Prabu Harimurti | tuwin Prabu Baladewa manjing pura ||
39. sapraptaning dhatulaya | wus panggih lan pramèswari | myang sagung para wanodya | marêngi lagya maripih | sungkawaning Untari [Unta...]
--- 1 : 252 ---
[...ri] | samana wau sang prabu | sawusnya awêwarta | miwiti malah mêkasi | maring garwa obah orêg ing Wiratha ||
40. Rêtna Untari amothah | anuhun kêdah umiring | arsa wikan ing kumbaya | kêkalih kang isi warih | ngandika bathara ji | sarèhêna tyasirèku | lamun sira milua | angrêmbêni ing lumaris | ramanira kalamèn dadya kumbaya ||
41. wêlasa maring wong tuwa | iya nini benjang gampil | lawan iku putranira | misih rare durung akir | saya angrêrubêdi | pijêr kadangon lumaku | mangkana sang lir rêtna | rèrèh tan lêngganèng galih | sri narendra lajêng sami abusana ||
42. tan antara sigra budhal | lawan sagung para ari | miwah raka kalihira | Sri Baladewa Sang Aji | tuwin Sri Harimurti | wadya punggawa gumuruh | sira Arya Kawakya |
--- 1 : 253 ---
umiring lampahing gusti | tan kawarna ing marga praptèng Wiratha ||
43. gugup Sang Arya Nirbita | amêthuk sawadya sami | tundhuk lajêng ingaturan | umanjing sajroning puri | Arya Nirbita misih | umiring wuri sang prabu | dinangu ênggonira | jêmbangan kang isi warih | wontên tilamipun jêng eyang paduka ||
44. sampun ingirit sadaya | praptèng gèning toya wêning | angungun Sri Yudhisthira | miwah sagung kang ningali | samya gawok tan sipi | dene kaelokanipun | cahyane wèh utama | lir sudama măngsa katri | anêlahi sumunar karya asmara ||
23. Asmaradana
1. dangu dènira ningali | Sang Prabu Darmakusuma | ing tirta tama kinaot | ya ta kang punang kumbaya | mirut prabaning toya | mingkup samrica binubut [bi...]
--- 1 : 254 ---
[...nubut] | tan antara lajêng muksa ||
2. wus datan kêna kaèksi | ingkang jêmbangan kalihnya | jumêgur wiyat swarane | ya ta Sri Bathara Krêsna | parentah manutura | sung urmat dupa kumutug | panuturirèng kamuksan ||
3. sawusnya datan kawarni | lajêng siniwakèng jaba | ing sitibêntar sang katong | para ari para wadya | miwah raka kalihnya | sumiwèng ngarsa sang prabu | tuwin Sang Arya Nirbita ||
4. wus andhèr ngarsa sang aji | ngandika Sri Yudhisthira | Nirbita kinèn gumantos | amêngku nagri Wiratha | tan owah wawêngkonnya | nanging datan nama ratu | maksih namarya Nirbita ||
5. lan aja nganggo sitinggil | amung Ngastina kewala | sira sumiwia mêngko | maring nagari Ngastina | barang kang upacara |
--- 1 : 255 ---
nganggoa caraning ratu | Arya Nirbita sandika ||
6. lawan pinangkat ing linggih | kinarya ratu pangarsa | sumosor narendra karo | Prabu Nangkula Sadewa | nulya Arya Nirbita | munggèng ngarsane pra ratu | wurine narendra kadang ||
7. sampun samya dèn èstrèni | Arya Nirbita manêmbah | ing pada sang maha katong | Bathara Krêsna ngandika | lah ta sira Nirbita | ing karsane yayi prabu | sira kinulawisudha ||
8. gumantyèng Wiratha nagri | gêdhe ing nagaranira | aywa sira salah gawe | tolèhên karatonira | sira măngka pramukya | tan kêna tyas ukur-ukur | abot amêngku nagara ||
9. sagunging wadyanirèki | aja rusak saking sira | ratu iku panutane | kang mêsthi tinut sajagat [sa...]
--- 1 : 256 ---
[...jagat] | lamun ratu utama | punggawane iya milu | sira tinut wong sapraja ||
10. yèn ratune ambêk rêsi | gêlarakên pêparentah | nuduhkên ala bêcike | yêkti anut ambêk darma | karana isining rat | sapa kang darbea iku | sayêkti amung sang nata ||
11. obah osiking narpati | iya pan dadi sasmita | akarya panggraitane | ing wadya kinira-kira | kang bêcik lan kang ala | lêlabêtan kang kadulu | pan iku dadi pratăndha ||
12. ratu atining sabumi | bumi upama sarira | lamun tyas among wirage | enggal kawistarèng wêca | jwalita tan prayoga | praptaning angganirèku | lamun ati iku nistha ||
13. darêngki runtik tan sipi | linaksanan angganira | jêjail lawan panastèn [pa...]
--- 1 : 257 ---
[...nastèn] | sungkan maring kautaman | suka awêwadanan | iku kaya ngaji pupung | tan pae amêngku praja ||
14. sira tyase wong sabumi | angganira wadyabala | kaya mangkana pamane | pamêngkunira mring wadya | dèn gêmi maring darma | wêruhna ing ala ayu | trapêna ing karyanira ||
15. kang ngawruhana ing bêcik | kang bêcik wuwuh utama | iku busananing katong | kaot wong sinudarsana | marang saisining rat | mulane sira dèn emut | buwangên tyas wasa-wasa ||
16. mariksa wadyanirèku |[5] wisesa ing wurinira | paramarta têtimbange | yèn parusa wasa-wasa | rusak wawêngkonira | tan wruh mring sariranipun | sarira tumêkèng manah ||
17. dene ambêking narpati | mung
--- 1 : 258 ---
kinarya catur warna | kang pinasthi dening katong | èngêta salir wicara | siji tan kêna tilar | sabarang rèh aywa kadung | lamun ana kang binuwang ||
18. mulane dèn ngati-ati | wruhanira catur warna | patrapêna sadinane | kang dhingin matah lan patrat[6] | mandum kalawan mancas | iku pinêsthi ing ratu | tan kêna tilar satunggal ||
19. hèh elingên ta dèn pasthi | iya ingkang catur warna | aywa sirambêk balèndèr | pinusthia ing wardaya | singgaha ing sêmbrana | dèn karêm ing tyas rahayu | iya wèh ayuning praja ||
20. rêmêna milulut janmi | hèh poma sira Nirbita | mêngko sira pramudyane | nagrinira ing Wiratha | mètên amrih utama | tama kataman rahayu | ayêma isining praja ||
21. Arya Nirbita wotsari | umatur sarwi karuna [ka...]
--- 1 : 259 ---
[...runa] | dhuh èstua maha katong | dhawuhing kang pangandika | nugrahaning Nirbita | inggih paduka pukulun | ngumala tan sita-sita ||
22. kang dasih dama tan sipi | amung lumantar ing karsa | Bathara Krêsna lingnya lon | lawan sira dèn pracaya | marang batharanira | miwah maring Sang Hyang Guru | ingkang amisesèng jagad ||
23. kabèh ana ingkang kardi | iya kang samya tumitah | kang katon ing alam kiye | sira iku amung darma | animpên lan rumêksa | marang ing kagunganipun | mulane dipun waspada ||
24. lawan karêma sêmadi | nalăngsaa driyanira | manawa na sêsikune | luputing rumêksanira | ing satêmah dinukan | mung wong siji ingkang luput | rusaka mêsthi anggawa ||
25. mulane dèn ngati-ati | sira wus [wu...]
--- 1 : 260 ---
[...s] ginawe tuwa | anèng Wiratha samangke | sandika Arya Nirbita | umatur awotsêkar | pangèstu tuwan pukulun | mugi kawula sagêda ||
26. manut mring sabda sang aji | dhawuhing kang palimarma | malar mulasarèng ngakèh | samya kang tyas wasa-wasa | sirna nêdya utama | amimba sabda mrih ayu | kayungyun ing kaèngêtan ||
27. samana kang samya myarsa |[7] ing rêrasan kèh karasa | karasuk sasurasane | nimpuna Arya Nirbita | dènnya tampi nugraha | kinarya manggalanipun | misesa nagri Wiratha ||
28. sadaya suka tan sipi | nêdya milut ing utama | para wadya sadayane | sumingkir tyas gora-godha | tan ana kang sangsaya | ing driya mamrih rahayu | kayungyun gambuh utama ||
24. Gambuh
1. wau
--- 1 : 261 ---
ta tan winuwus | laminira samana sang prabu | anèng nagri Wiratha sawadyanèki | anggung mijilkên marta rum | Bathara Krêsna kinaot ||
2. mêmulang rèh rahayu | marang Arya Nirbita anutug | tan winarna dènnya mrih utama niti | sang nata pan arsa kundur | parentah kinèn rumantos ||
3. dupi samapta sampun | sigra budhal lan wau sang prabu | sira Arya Nirbita laju umiring | ing sawadya putranipun | ing marga tan winiraos ||
4. prapta Ngastina sampun | Sang Aprabu Yudhisthira laju | angadhaton dene sagung para aji | tuwin raka kalihipun | sampun kundur angadhaton ||
5. miwah wadya sadarum | samya mantuk ing sajuru-juru | tuwin [tu...]
--- 1 : 262 ---
[...win] Arya Nirbita sawadyanèki | pinaring pakuwonipun | cêlak sri narendra karo ||
6. ing Mandraka Sang Prabu | ya ta sang nata ing lêbêtipun | dhatulaya panggih lan Dèwi Untari | tuwin pramèswari prabu | miwah sagung para sinom ||
7. pawarta sang aprabu | marang Rêtna Untari rèhipun | pamuksaning rama Prabu Matswapati | sadaya sampun tinutur | kabèh basukining layon ||
8. mangkana sang rêtna rum | duk miyarsa wartane sang prabu | lir kadhudhah kodhêng anandhang prihatin | karănta-rănta kalangkung | mèh kadurus milu layon ||
9. Wara Sumbadra gupuh | tansah angimur-imur mrih lipur | tan winuwus antara rêrêming galih | suka kabèh para arum | tuwin sajroning [sajro...]
--- 1 : 263 ---
[...ning] kadhaton ||
10. kang wijah-wijah nutug | ya ta samana wus tan cinatur | kawuwusa nalika asalin warsi | taun surya kang dèn etung | sangkalanira ing kono ||
11. ratu gunaning wiku |[8] taun candra mangke kang ingetung | sinêngkalan gatra wisayaning giri |[9] anênggih ingkang winuwus | Ngastina sinungan Manon ||
12. ponang sasmita rawuh | pan dalajad badhe salin ratu | sakathahing wit pucang amêdal tambi | punika kongsi sataun | gawok sagunging punang wong ||
13. samana sang aprabu | myang para ri sadaya angungun | ngangên-angên ing tyas maras tan sinipi | miwah raka kalihipun | Baladewa Sang Akatong ||
14. Bathara Krêsna Prabu | samya grahita [grah...]
--- 1 : 264 ---
[...ita] sajroning kalbu | dene ana sasmitèng jawata lêwih | mangkana datan winuwus | lamine sawarsa kono ||
15. wuwusên salin taun | warsaning surya mangke ingetung | sinêngkalan swara dahananing wukir |[10] tauning candra winuwus | sêngkalannya winiraos ||
16. sirna manising wiku |[11] ya ta Ngastina mangke winuwus | wontên karsa sasmitaning dewa lêwih | sakathahing wit galugu | oyot-oyot mêtu sogol ||
17. kadya tarubusipun | kanang pisang kadya bisa tuwuh | Sri Bathara Krêsna wus tampi ing galih | sasmitane kalih taun | samana wau sang katong ||
18. Bathara Krêsna Prabu | lajêng lumêbêt manjing kadhatun [kadhatu...]
--- 1 : 265 ---
[...n] | lawan raka Prabu Baladewa Aji | miwah pra ari sadarum | umiring manjing kadhaton ||
19. praptanirèng kadhatun | wus panggih lan Yudhisthira Prabu | alon matur Sri Bathara Harimurti | dhuh ing mangke yayi prabu | tyas kula sampun rumaos ||
20. sasmita kalih taun | punika dene supadosipun | kadi paring pemut ing paduka sami | rèhning sadaya wus sêpuh | nuntên asalin lêlakon ||
21. Sri Yudhisthira muwus | matur maring kang raka sang prabu | inggih lêrês ing sabdanta kakang aji | samêndhang tan wontên luput | paran ing karsa kang dados ||
22. Bathara Krêsna matur | yèn suwawi ing karsa ri prabu | ulun sami amrih kamuksan tumuli | para [pa...]
--- 1 : 266 ---
[...ra] ari aywa kantun | miwah ingkang para wadon ||
23. kang sami nêdya tumut | amuksa mring kaanan satuhu | dene wayah paduka pun Parikêsit | punika pan sampun patut | kasèrèhana kaprabon ||
24. amung ta kaka prabu | ing Mandura botên kenging tumut | mring kamuksan pan inggih ngêmbani wuri | ing wayahe maksih timur | katêmpuh sêpuhing kewoh ||
25. lawan putranta kantun | Subrastha kang minăngka gul-agul | ing Ngastina karana puniku benjing | ing wuri kathah pakewuh | tikêl lan kang wus kalakon ||
26. samana duk angrungu | Prabu Baladewa tyas wulangun | angandika kayaparan yayi aji | yèn saèstu ingsun kantun | ing têmah dadi gêguyon ||
27. karana raganingsun |
--- 1 : 267 ---
durung wruh ing rèh kang amrih ayu | yèn parênga ing karsane yayi aji | ingsun arsa atut pungkur | milu nunggal ing saênggon ||
28. Bathara Krêsna matur | sampun puguh ing tyas kaka prabu | sintên ingkang nirnakkên ripu ing wuri | margi ing benjang puniku | punggawa kabèh nom-anom ||
29. paduka kang katêmpuh | ing sabarang rèh kang dadya sêpuh | lawan kulup Subrastha mamugarèni | ya ta nalika angrungu | Baladewa sang akatong ||
30. datan lêngganèng tuduh | nanging tyasira putêg wêtu luh | miwah Arya Subrastha waspanya mijil | karêrantan rêntêngipun | dènnya yun datan patêmon ||
31. lan kadang-kadangipun | dadya pinupus wus pasthènipun | ya ta sira Bathara Krêsna lingnya ris | lah paran [pa...]
--- 1 : 268 ---
[...ran] ta yayi prabu | ing rêmbak kang amrih dados ||
32. Sri Yudhisthira Prabu | alon matur sumăngga ing kayun | kaka prabu ingkang pantês amrayogi | ing rèh gampang lan pakewuh | ing rêmbag amrih kalakon ||
33. Bathara Krêsna muwus | yèn suwawi ing karsa pukulun | yayi prabu nuntêna miyos tinangkil | amaringna kang kaprabun | inggih mring wayah sang katong ||
34. kang măngka mantri ngayun | nguni pun Sămba atilar sunu | wayah tuwan pun Dwara dadya pêpatih | lawan inggih putunipun | yayi Sena kang kinaot ||
35. pun Ăntarêjasunu | nama Radèn Danurwedha punjul | kalihipun dadya nayaka sang aji | yèku benjang run-tumurun | dadya êmbananing katong ||
36. lamun wus madêg ratu | wayah
--- 1 : 269 ---
tuwan pun Bimanyusunu | yayi prabu lan sakadang sadayèki | samia anjajah dhusun | amrih sarananing layon ||
37. ya ta datan winuwus | duk samana dadining kang rêmbug | wusnya nuju praptèng ari Soma Manis | Maha Yudhisthira Prabu | dhawuh samaptèng pamiyos ||
25. Mijil
1. duk samana sang sri narapati | enjinge gya miyos | munggèng păncaniti sakadange | andhèr ingkang punggawa lan mantri | ingkang raka kalih | sumiwi ing ngayun ||
2. ingkang wayah Radèn Parikêsit | wus anunggil lunggoh | ing dhêdhampar kinanthi eyange | alêlèmèk babut prangwêdani | miwah upakarti | ingkang madêg ratu ||
3. cêcaruhan kumutug dupaning | myang dêdana [dê...]
--- 1 : 270 ---
[...dana] katong | wus samaptèng panangkilan kabèh | sri narendra pangandikanya ris | he wruhanta sami | kabèh sanak ingsun ||
4. lawan sagung kang punggawa sami | iya karsaningong | ing samêngko wayah ingsun kiye | sun sèrèni ing kaprabon mami | ngadêga narpati | among rat wadya gung ||
5. iya binathara nyakrawati | dene ta kang among | angêmbani kang măngka wakile | kakang Prabu Baladewa Aji | pan dadya sêsilih | siniwèng wadya gung ||
6. kang sun karya manggalaning wèsthi | iya sutaningong | Si Subrastha dadya gul-agule | ing Ngastina măngka senapati | kabèh sira sami | dèn padha sabyantu ||
7. sagunging wadya kang para ari | sandika rumojong | ing karsa ji nayogyani kabèh | mring adêge Radèn Parikêsit |
--- 1 : 271 ---
ya Dipayana Ji | kabèh saur manuk ||
8. wus mangkana Sri Yudhisthira Ji | mingsêr dènnya lunggoh | nunggal lawan Sri Krêsna lungguhe | ing dhêdhampar mung wayah pribadi | sang prabu taruni | siniwakèng mungguh ||
9. ya ta angling Prabu Harimurti | hèh ta wayah ingong | kaki Dwara lan Danurwedhane | timbalana ing ngabyantara ji | tan antara prapti | ing ngarsa sang prabu ||
10. angandika Prabu Harimurti | kaki sira karo | ing samêngko padha kinarsakke | dadi mantrimuka sira kalih | Ngastina nagari | kulup karonipun ||
11. kabèh nayakanira sang aji | sira kang yogya mong | tur sandika rahadèn kalihe | sasampune ingestrenan sami | pinatah palinggih | ing ngarsa sang prabu ||
12. angling malih
--- 1 : 272 ---
Bathara Krêsna Ji | lah ta sira karo | ing samêngko wus padha sinêksèn | among misesa kang bumi-bumi | dèn angati-ati | amriha rahayu ||
13. aja ana sulaya ing kapti | ing rèh dèn agolong | dipun abipraya ing karsane | ywa na kang karsa rêbutan ing sih | mrih katon pribadi | marang sang aprabu ||
14. tan sayogya têmah mêmarahi | darêngki angrêdon | ujêr sira mêngko panutane | kabèh nayaka para dipati | poma sabên ari | atunggala kayun ||
15. ywa pralêbda ing tyas tan prayogi | satêmah karyawon | gumunggunga darbe ambêk dhewe | yèku anunggal barang pakarti | lali ing pandasih- | ira sang aprabu ||
16. ing samêngko sira wus kinardi | busananing kraton | yèn ing
--- 1 : 273 ---
janma măngka satriyane | ratunira upama kênya di | yèn ta satriyèki | carobo tan bêsus ||
17. paran dènira antuka kang sih | marang sang lir sinom | iku uga mangkono tan pae | ulah raras lawan ulah kardi | lêlurinên sami | kang amrih rahayu ||
18. pangrèhira kang para bupati | dèn kadi siranon | ing sêsotya kang lwih ujwalane | dèn arêsêp rumakêting galih | miwah dèn akadi | nyawa maring sunu ||
19. nadyan sagung kang para bupati | mangkono tan seos | pamrihira marang panêkare | wruhanira ing jaman puniki | yèn ta nir ing budi | budayaning kayun ||
20. ring pakaryan sayêkti kaèsthi | mangkana ponang wong | mila dipun èngêta samangke | aywa karêm nangsayèng wadya [wa...]
--- 1 : 274 ---
[...dya] lit | kang wus anglakoni | kuwajibanipun ||
21. yèn mangkana sayêkti sirèki | kataman wiraos | ing rêrasan saijab sarune | mrih sarana têmahan nalisir | agnyanta mrih niti | tinilar tan ketung ||
22. katungkul ing karobanirèki | krêtarta tan katon | kang mangkono sirnakna dèn age | aja kongsi kalabêtan juti | ing praja pan kadi | pêpêtênging laku ||
23. aywa siring pamongirèng dasih | wèh iyêg dèn alon | ujêr sira mung pangaubane | kabèh sagotra wadya narpati | kang patut linuri | mung si mantri ngayun ||
24. lamun wadya sasana sinung sih | kang asudra seos | iku dudu sang nata karsane | têmah sira rusuhi pribadi | dohna aywa kongsi | kasêbut ing kusut ||
25. kawruhana rêrêgêding bumi | yèn sira [si...]
--- 1 : 275 ---
[...ra] salah ton | katungkul ing pêpenginan bae | karêm ing wong kang sarana picis | tilar kang mrih niti | tan nêdya rahayu ||
26. lamun ana mantri tyasirèki | karêm awon-awon | ing wawêngkon kawaratan kabèh | wruhanira ya awon pribadi | singkirna dèn aglis | sangking sungsungipun ||
27. yogya lihên sangking gone lami | ywa mingsih nèng kono | tunggalêna golongan liyane | pamrihira yèn bisa marèni | ambêknya kang drêngki | dene ta wong iku ||
28. lamun ora nêdya mêmarèni | lungakna dèn adoh | aywa ngambah praja salawase | nora wurung mêmarahi drêngki | wong mangkana kaki | yèn wus karsa prabu ||
29. nora kêna sirarsa mrih sisip | siniku ing katong |
--- 1 : 276 ---
amung wekanana salawase | lawan malih sira dipun amrih | maring wadya aji | ngenaki sakayun ||
30. tan kakênan malah anglonglongi | tyase kang winêngkon | iya iku ingaran janma kèh | bisa manjing maring agal alit | pamawasan wasis | wasita tan tungkul ||
31. ya ta risang pinatah pêpatih | sandika wotsinom | ingkang eyang malih ngandikane | hèh ta kaki sira sasabên ari |[12] rêrasan ywa sêpi | kang maring mrih sadu ||
26. Dhandhanggula
1. hèh wayah ngong siwayèngsun kalih | sira dadya warangkaning nata | aywa ambêk salah wèngwèng | wêweka aywa tungkul | kaki abot dadi pêpatih | tinut ing wong sapraja | lamun iku luput | sasat setan ngămbra-ămbra |
--- 1 : 277 ---
nora wurung panêkare dadya eblis | ngajap karya piala ||
2. lamun sira mrih ing kramaniti | tinatular ing wadya sadaya | tumêrah satêlatahe | pasthi padha mrih ayu | jêr kayungyun poyaning patih | wruhanta wayah ingwang | ala lawan ayu | ing budi ana kang marah | saking kudu kadêrêng anunggal kapti | anut saparibawa ||
3. mila dipun awas sira kalih | wus tinitah dadya sudarsana | sawawêngkonira kabèh | undhangana pitutur | aywa pêgat kang amrih niti | kaya wong kang utama | tumaning tyas ayu | nuhun wayah kalihira | upamanya taru tumaruna nuli | kapandukan ing karsa ||
4. saya ngrêbda ngrêmbaka tan sipi | wus tan samar pamrihing utama | wau rahadèn kalihe [ka...]
--- 1 : 278 ---
[...lihe] | dhasare wus pinunjul | wuwuh antuk pitutur niti | titih tan sita-sita | saking eyangipun | papuntoning mêngku praja | Patih Dwara miwah Danurwedha Patih | kalihnya ngaras pada ||
5. wus mangkana asuka tan sipi | sang anindyamantri kalihira | wuwuh ing tyas wiragane | dènnya gung nungsung tutur | mring Bathara Sri Harimurti | tinata tamtunira | ing driya mrih ayu | mangkana Bathara Krêsna | angandika malih kinèn animbali | kang wayah ing Mandura ||
6. Arya Udara wus praptèng ngarsi | dhinawuhan kulup gumantia | eyangira karatone | sira madêga prabu | anèng nagri Mandura mangkin | siniwèng wadyabala | Mandura sadarum | Arya Udara sandika | sampun sami ingestrenan adêgira [a...]
--- 1 : 279 ---
[...dêgira] ji |[13] Prabu Wisathaputra ||
7. Prabu Udara sigra ngabêkti | wus winulang ambêking karajan | tan winarna rêroncène | datan pae kang sampun | lawan kyana patih kêkalih | sadaya wus kadriya | ing warah mrih ayu | mangkana malih ngandika | Sri Bathara Krêsna kinèn animbali | putraning Burisrawa ||
8. lawan sampun kinèn animbali | sutaning Arya Dhasthajumêna | Prabu Drupada wayahe | wus samya praptèng ngayun | dhinawuhan kinèn gumanti | sutaning Burisrawa | ing Mandraka Prabu | jêjuluk Prabu Kisrawa | ing Ngamarta Prabu Duskala wêwangi | wus samya atur sêmbah ||
9. sasampuning arsambêk prasami | ingkang mêntas kinulawisudha | sinung kamulyan lungguhe | sinêngkakkên ing luhur [lu...]
--- 1 : 280 ---
[...hur] | wus mangkana kang para aji | ya ta Sri Yudhisthira | saksana dhêdhawuh | kinèn amatah punggawa | miwah para santana kang badhe miring | midêr ing padhusunan ||
10. dènirarsa amuksa sang aji | amêminta kinarya sarana | ing kamuksan saantuke | lawan sapungkuripun | akaryaa kang candhi sari | ing alun-alun gènnya | anaa sapuluh | luhur kori sinungana | sastra ingkang darbe candhi siji-siji | Patih Dwara sandika ||
11. wus mangkana kondur sri bupati | angadhaton lawan ingkang wayah | miwah para kadang kabèh | sapraptaning kadhatun | ingkang ibu Dèwi Untari | malayoni kang putra | Dipayana Prabu | lajêng sami lalênggahan | Sri Bagawan Baladewa datan têbih | lawan [lawa...]
--- 1 : 281 ---
[...n] Bathara Krêsna ||
12. Sri Bagawan Yudhisthira Aji | pirêmbagan dadining ubaya | enjinge badhe budhale | mangkana ingkang ibu | Dèwi Kunthi wus dèn aturi | miwah rêtna dayinta | Drupadi Sang Ayu | tuwin Sang Wara Sumbadra | tuwin Dèwi Citrahoyi dèn timbali | wus praptèng ngarsa nata ||
13. alon matur Sri Yudhisthira Ji | mring kang ibu ing salwiring karsa | kang ibu suka galihe | dènira sampun sêpuh | wus tan ana tinolih malih | amung maring kamuksan | mangkana sang prabu | adhawuh marang ing garwa | miwah ingkang para ari kinèn ngrukti | sarananing lumampah ||
14. wus jinatèn sadaya karsa ji | yèn wus kundur lajêng sami muksa | kang garwa suka galihe | miwah kang para arum [aru...]
--- 1 : 282 ---
[...m] | Rêtna Dèwi Sumbadra tuwin | putri ing Parangguwa | Citrahoyi tumut | bela kamuksaning priya | Rêtna Dèwi Untari umatur aris | kayungyun badhe bela ||
15. Sri Bathara Krêsna ngandika ris | lah ta nini sira durung măngsa | putranira maksih rare | lawan wus madêg ratu | sira ingkang yogya ngêmongi | benjang sakarsanira | wus rèrèh sang ayu | pinupus narimèng titah | aningali kang putra umadêg aji | sangêt tarunanira ||
16. Sri Bathara Krêsna ngandika ris | mring kang bibi sarwi angrêrêpa | lah bibi paduka mangke | sampun tumut pukulun | midêr maring jaban nagari | mindhakan dados karya | paduka wus sêpuh | amunga kang para putra | kangjêng bibi pênêt kantuna [ka...]
--- 1 : 283 ---
[...ntuna] rumiyin | anganti jroning pura ||
17. benjing kewala yèn sampun prapti | jêng paduka amilua muksa | kang bibi tan lêngganèng rèh | samana tan winuwus | antaranya sigra sang aji | sampun apêparentah | samapta ing laku | ya ta Kyana Patih Dwara | amêmatah sagunging kang pra dipati | kang badhe umiringa ||
18. ing Mandraka Prabu Kesrawa Ji | miwah Arya Nirbita Wiratha | Prabu Udara andhèrèk | lawan Ngamarta Prabu | Sri Dhusthaka sawadyanèki | tuwin Radèn Sêtyaka | ya ta tan winuwus | samapta lajêng bidhalan | datan mawi wahana dènnya lumaris | lumampah lawan garwa ||
19. Patih Dwara sawadya prasami | ngêtêrakên sajawining praja | lan Danurwedha [Danurwe...]
--- 1 : 284 ---
[...dha] rowange | myang Baladewa Prabu | tuwin Natèng Lesanpura Ji | wangsul jawining praja | sadaya èsmu luh | sigra Kyana Patih Dwara | sapraptaning nagara parentah aglis | akarya candhi kêmbang ||
20. angupaya kayu ingkang wangi | kayu garu lan kayu candhana | Patih Dwara parentahe | rinancangan pan sampun | pan pinantês sawiji-wiji | undha-usuk gêngira | miwah luhuripun | tinrap tap-tapan tinata | sêsakane cêndhana ingkang kinardi | lawan sasundukira ||
21. balandare kêkancingan takir | kayu rasamala kang kinarya | dene wuwung lan sirape | kabèh balabag garu | wus samapta tinata sami | durung sinungan kêmbang | nganti rawuhipun | siyang dalu tinuguran | ing punggawa kang kari para bupati | kunêng kang
--- 1 : 285 ---
nambut karya ||
22. kawuwusa kang andon lumaris | analasak ngambah padhusunan | arêmbên wau lampahe | Bagawan Darmasunu | lawan para kadangirèki | miwah kang para garwa | myang Sri Krêsna Prabu | lawan sagung wadyabala | kang umiring mila arêmbên lumaris | tinut satitahira ||
23. lawan anut lampahing pawèstri | anèng marga ing sakarsa-karsa | sinambi rêrasan sarèh | surasaning rasèku | ing manjinging suruping pati | karana wus amăngsa | ing kamuksanipun | tan tungkul ing sêsarèhan | ing samarga agung adêdana mintir | mrih sukaning lumampah ||
24. lamun wontên candhi dèn rêsiki | miwah buyutan kang sami risak | sami sinaenan kabèh | sinung arja kalangkung | wus mangkana lampahe prapti | anèng dhusun [dhu...]
--- 1 : 286 ---
[...sun] Wahita | gya kèndêl sadarun | manjing jroning pakarangan | Sri Bathara Krêsna kagyat duk ningali | dènnya anon wong desa ||
25. kabèh răndha prasamya anangis | siji nora nana wonge priya | sang nata ngungun galihe | paran karananipun | dadya sami dipun timbali | praptèng byantara nata | sadaya dinangu | darunaning pamularnya | lawan iki tan ana lanange siji | paran ta marmanira ||
26. kabèh matur nèng ngarsaning gusti | inggih sami kaecalan priya | sampun tigang dalu mangke | dèrèng wontên kang mantuk | kesahipun lakyamba gusti | Bathara Krêsna tanya | mring ngêndi lakimu | wong răndha matur anêmbah | tan ana wrin margi kesahipun ratri | amung pakaryanira ||
27. amêmandung kang sami binukti | wong sadesa pangupa [pa...]
--- 1 : 287 ---
[...ngupa] boganya | pan amèt darbèking sanès | sang nata sami ngungun | amiyarsa aturing èstri | Bathara Krêsna lingnya | hèh kawruhanamu | yêkti datan kawisesa | lamun juti walèh sasolahirèki | lawan tan dadi dosa ||
28. wong dursila awalèh ing kardi | durung ana ingkang angudia | ora kêna tinrapake | ing kadursilanipun | yèn katrapa angrusak adil | kaya ta upamanya | angugêmi catur | rasan-rinasan ing warta | datan kêna ngugêmi akarya sisip | satêmah kawêlasan ||
29. wus mangkana kawuwusa malih | wontên tiyang mêntas ngambil wrêksa | ing Sambita padhukuhe | kapiandhêm lumayu | cinêgatan sagunging baris | cinandhak [cina...]
--- 1 : 288 ---
[...ndhak] katur sigra | ing ngarsa sang prabu | dinangu umatur nêmbah | pan kawula tiyang ing Sambita gusti | wastamba pun Gadura ||
30. mila gêpah lumajêng ta gusti | gugup binujung ing sima kathah | ya ta tan antara ture | praptane sima agung | nêrak baris anggêgirisi | gègèr kang wadyabala | ngandika sang prabu | sigra Sang Bathara Krêsna | lan Sang Parta anglêpasi kang jêmparing | sima kenging sadaya ||
31. tanpa sesa samya ruwat sami | mulih dadya manungsa sadaya | wus tan pandung ing wismane | sami asuka sukur | ya ta wau kang para èstri | răndha dhusun Wahita | awas dènnya dulu | yèn priyane sami prapta | tan ataha supe yèn anèng ngarsa ji | marani lakinira ||
32. kapiandhêm samya anangisi | lakinira amilu karuna |
--- 1 : 289 ---
pan akathah sêsambate | sang nata langkung ngungun | miwah sagung kang para ari | tuwin kang wadyabala | sadaya gêgêtun | tan nyana lamun mangkana | dene langkung kaelokan ing dewadi | Bathara Krêsna lingnya ||
33. kayaparan sira iku sami | dene kabèh padha salah rupa | kang dinangu lon ature | inggih amba rumuhun | kalanipun kesah mêmaling | mring wukir Rewataka | patapaning wiku | nama Bagawan Watrika | sinupatan awarni sima prasami | Sri Krêsna malih nabda ||
34. lah ta mêngko sira maksih uning | ya prênahe gunung Rewataka | kang dinangu lon ature | inggih
--- 1 : 290 ---
èngêt pukulun | botên têbih saking ing ngriki | punika katingalan | anggraning kang gunung | tur inggih talatah tuwan | sami karèh nagari ing Dwarawati | nata malih ngandika ||
35. lah ta uwis sira iku sami | sun apura kabèh dosanira | amung maria ing têmbe | aja na kang laku dur | bêcik padha adola kardi | apa sasukanira | sayêkti rahayu | sadaya matur sandika | Sri Bathara Krêsna angandika malih | hèh kabèh wruhanira ||
36. praptaningsun nèng dhêkuhirèki | sun mêminta sakuwasanira | sandika kabèh ature | sadaya kusung-kusung | jalu èstri tur-atur sami | sawusira tinampan | sang nata gya mundhut | barana saking nagara | pinaringkên [pi...]
--- 1 : 291 ---
[...naringkên] mring wong sadesa nampèni | kêkucahing narendra ||
37. sami nêmbah sumungkêm ing siti | Sri Bathara Krêsna angandika | bagenên kancamu kabèh | yaiku dananingsun | lah anggonên ngupaya bukti | pawitan salaminya | pasthi iku cukup | sadaya nuhun sandika | inggih mugi antuka sawabing gusti | Nata Krêsna ngandika ||
38. mring kang rayi Sri Yudhisthira Ji | yèn suwawi inggih tinêdhakan | ing Rewataka dhepoke | pun Watrika Sang Wiku | langkung sidik ingkang pawarti | êning tyas ambêk santa | kasutapan putus | lawan wus măngsa punika | arêrasan lan pandhita lamun kenging | kinanthi kawruhira ||
27. Kinanthi
1. Prabu Yudhisthira matur | dhuh sumăngga kakang aji | lêrês ing [...] |[14] [...] | [...] | [...] ||[15]
--- 1 : 294[16] ---
2. [...] iku luput |[17] kalimputan ing pangèsthi | jêr maksih anggawa wadhag | katungkula i[...][18] sisip |[19] sêpi ing kawruh sanyata | mulane mung sira yayi ||
3. batine sira wus cukup | kacakup jamaning akir | dadi sirèku riningwang | bisa nunggal rasa jati | jatining kang kasunyatan | wikan basukining urip ||
4. maksih kataman ing kayun | kayungyun ing sih kaswasih | yèku drigamaning pêjah | paran dènira gumingsir | kira-kiraning wardaya | măngka rêncananing pati ||
5. ya ta wus datan winuwus | wuwusing amrih basuki | sampun lajêng lampahira | gumuruh kang samya ngiring | marang wukir Rewataka | datan winarna ing margi ||
6. wus rawuh sukuning gunung | kocapa sang maha rêsi | nênggih Bagawan Watrika | samana pan sampun tampi | sasmita badhe
--- 1 : 295 ---
tamuan | wong agung misesèng bumi ||
7. sigra dènira amêthuk | maring sukuning kang wukir | solahe karagan-ragan | mangigêl samargi-margi | sarwi santi jaya-jaya | manadukarèng wêwangi ||
8. sumungsung ing gănda arum | dènnya sumawur ing sari | sumrambah samarga-marga | praptane sukuning wukir | wau ta sri naranata | tuwin sagung para ari ||
9. ngungun kang samya andulu | dènnya sumawur kang sari | tan antara katingalan | sang bagawan praptanèki | lajêng umarêk ing ngarsa | gupuh Prabu Harimurti ||
10. sigra cinandhak sang wiku | kinurmat tinunggil linggih | Sang Bagawan kipa-kipa | nalăngsa amangênjali | Bathara Krêsna amêksa | dadya sang wiku nuruti ||
11. dangu bagya-binagya wus | sang bagawan angaturi | têdhaka maring asrama [a...]
--- 1 : 296 ---
[...srama] | sadaya lajêng lumaris | kerit Bagawan Watrika | prapta ing pidikan sami ||
12. sadaya ngaturan gupuh | munggèng pracabakannèki[20] | tuwin sagung wadyabala | wus karya pakuwon sami | samana sang abagawan | sugatanira amintir ||
13. wowohan adi mawa rum | sukanira sang lir Ratih | kênya utama yu endah | ingkang kinèn angladèni | tuwin endhange satunggal | tut wuri angêladèni ||
14. sang nata suka kalangkung | dènira anèng ing wukir | Rewataka saha wadya | kacaryan mring sang ayogi | dènnya mrih mring tamunira | dahat noraga ngrakêti ||
15. tan măntra-măntra yèn wiku | bisa sumusup andasih | kabèh samya ngalêmbana | ing tingkahe sang maharsi | sih lulut ingkang [ing...]
--- 1 : 297 ---
[...kang] tumingal | sadaya wadya narpati ||
16. sami kakênan tyasipun | bisane sang maha rêsi | wau Rahadèn Sêtyaka | sadangunira ningali | mring sutane sang bagawan | wasta Rêtna Puspawati ||
17. kayungyun rahadèn wuyung | uyang wigêna tan sipi | agung katongton ing tingal | kusuma rêtnaning wukir | kinêkêr praptèng wardaya | nalikane ngêladèni ||
18. agung liniring pandulu | saparane tinut wuri | tansah pinanduk ing tingal | Radèn Sêtyaka ing galih | yèn sampuna èngêt ing tyas | lagya umiring rama ji ||
19. kadi agea sinambut | tanpa tolih lara pati | mangkana karsaning driya | adhuh pawonganing wukir | si wong apa kang mangkana | wong ayu tan ana gêmpil [gê...]
--- 1 : 298 ---
[...mpil] ||
20. warnane rêspati tulus | adhuh mêmanising lathi | wong adêdêg lênjang-lênjang | jatmika wangune wêdi | lamun suwita ing priya | baya ika anastiti ||
21. mung sathithik cacadipun | emane wisaning wukir | lawan ika nora timbang | rasaning tyas ingsun iki | bok iya abela lara | dadia tunggal panganti ||
22. dhuh mirah rêtnaning gunung | mentara saking ing wukir | payo ngumbara lan ingwang | suwita mring Dwarawati | tan pantês anèng aldaka | mundhak busik irêng kusi ||
23. pêpantêse mirah ingsun | dadya putrèng Dwarawati | sokur pisan yèn dadia | iya mantune rama ji | adhuh adoh elok ika | apa baya ingkang margi ||
24. nora kayaa sang wiku | bisa têmên [tê...]
--- 1 : 299 ---
[...mên] karya siwi | nanging ta panduganingwang | dudu anak gone ngukir | pantêse anak pêpujan | dhanyang kang rumêksèng wukir ||
25. pan kinarsa gawe sunu | yèn ta mangkonoa ugi | iku tênung kang pinuja | miwah ingkang guna dhêsthi | pinusthi dadi manungsa | ginawe sikarèng tami ||
26. suka lila raganingsun | dèn arada tênung putri | jêr ingsun arsa jêjanggan | marang Watrika Sang Rêsi | wus sêdya têngga bêdhiyang | dimène cêlak sakêdhik ||
27. lawan kusumaning gunung | jêr wus padha pinêt siwi | ingugung sadina-dina | wong roro têngga asrami | adhuh mendah sukaningwang | kalakona karsa mami ||
28. sanadyan èstua tênung | miwah prayanganing wukir | kang
--- 1 : 300 ---
pinuja dadi janma | suka sirna awak mami | pinèta pêri ing arga | witning wor kahyangan mami ||
29. wau ta radèn tyasipun | tan kawawa nandhang brangti | trênyuhing tyas lajêng mêdal | tan ana kang graitani | praptaning jawi samana | mangaring-aring tan aring ||
30. sinamur-samur tan lipur | malah amulêt ing galih | mangiwa-ngiwa kawangwang | wêwangune sang lir Ratih | dadya sangsaya wiyoga | Rajaputra Dwarawati ||
31. nêngêna kang nandhang wuyung | anèng jawining asrami | wau Bagawan Watrika | umatur marang sang aji | dhuh pukulun batharèngwang | ingkang misesa ing bumi ||
32. nugraha gêng ingkang rawuh | dene pukulun nêdhaki | marang ing dhepok kawula | punapa kinarsan gusti | pun dasih têtiyang dama | nistha tan pantês sumiwi ||
33. upama sasăngka
--- 1 : 301 ---
dhawuh | tuwin lintang lawan sasi | munggèng sana mung sadina | paran dènira utami | dhuh bathara kang tinitah | amumpuni ing sabumi ||
34. sampun ta kirang pukulun | ing pamêngkunirèng dasih | Bathara Krêsna ngandika | hèh ta kadang karuh mami | aywa sandeya ing driya | malah yêktine sun iki ||
35. kapotangan sihirèku | tan sita-sita mênuhi | bangêt panarimaningwang | muga winalêsa benjing | kamulyan ingkang utami |[21] pêpangkataning swarga di ||
36. sang bagawan langkung nuhun | sumujut konjêm ing siti | Sri Krêsna malih ngandika | hèh wruhanira sang yogi | mulane sun iki prapta | lawan kadang-kadang mami ||
37. ana ing dhepokirèku | awit kacaryan miyarsi | kuwasane [kuwasa...]
--- 1 : 302 ---
[...ne] sêdyanira | duk anèng Wahita mami | ana wong arupa macan | sawusnya ingsun ruwati ||
38. mulih kamanungsanipun | kabèh umatur mring mami | awit mulabukanira | saking pakaryanirèki | jêr wong iku padha salah | mulane sira pisakit ||
39. Bagawan Watrika matur | dhuh pukulun jêng dewaji | botên katênta kawula | kuwasaa pindha rêsi | saking kabutuh ing driya | amung kawula ungêli ||
40. makatên wicantên ulun | hèh kang sêdya salah kapti | yêkti nêmu salah rupa | ing angganira pribadi | hèh kang karsa lali sira | yêkti liniru pangèksi ||
41. hèh kang nêdya nora tuhu | kadung kaduwung pinanggih | hèh kang karêm [ka...]
--- 1 : 303 ---
[...rêm] ing piala | iya alap ta pribadi | angalani maring sira | datan antara tumuli ||
42. amung punika pukulun | tanpa măntra malih-malih | saking mudha punggung dahat | saungêl-ungêle gusti | rèhning sru guguping driya | sri nata ngandika aris ||
28. Sinom
1. hèh ta Bagawan Watrika | puniku luwih prayogi | ujarira kang mangkana | kêna linuri ing wuri | benjang yèn ana janmi | karêm piala kalangkung | marang ing sasamanya | kêna tinulak kadyèki | nora wurung nêmahi ing angganira ||
2. andhêku risang bagawan | sang nata ngandika malih | sun iki arsa têtanya | mring sira ingkang sayêkti | pira laminirèki [lamini...]
--- 1 : 304 ---
[...rèki] | gonira ana ing gunung | iya ing Rewataka | dene salawase mami | tan miyarsa lamun kanggonan pandhita ||
3. gunung iki milu mring wang | karèh nagri Dwarawati | tan ana atur uninga | iya marang jênêng mami | kiwa têngêning wukir | arang kang nêdya karungu | yèn sira atêtapa | anèng ing wukir puniki | Sang Bagawan Watrika alon turira ||
4. pukulun sri naranata | kawula dèrèng alami | dêdunung ing Rewataka | pan inggih sawêk sawarsi | botên katênta gusti | pun dasih apindha wiku | namung nêdya umpêtan | anggèn kawula nèng ngriki | ngungsèkakên momongan amba punika ||
5. nama Dèwi Puspawatya | rare kênya wau gusti | putri ing Sriwantipura | wontên gancaripun gusti | nênggih ingkang
--- 1 : 305 ---
sêsiwi | pan dhatêng momongan ulun | Prabu Cindhakapuspa | ing Sriwantipura nênggih | milanipun putrinya ngong bêkta kesah ||
6. nagri ing Sriwantipura | wontên ripu agêng prapti | têmah campuh ing ayuda | ratu kawula kajodhi | kapupu ing ajurit | kongsi anêmahi lampus | madyaning adilaga | kawula gusti agiris | sabêdhahe nagri ing Sriwantipura ||
7. pun patik anuntên kesah | ambêkta sang rajaputri | katiga semah kawula | mila prapta wukir ngriki | ngungun Sri Harimurti | sang bagawan malih matur | punapa jêng paduka | karsa uninga ing nguni | gancaripun aluraning kuna-kuna ||
8. ngandika Bathara Krêsna | lah iku luwih prayogi | dadi wruh sanak lan warga |
--- 1 : 306 ---
nora kadung amastani | upama ingkang kali | wêruha sirahe luhur | mangkana sang bagawan | sandika umatur aris | dhuh pukulun ing nguni ratu kawula ||
9. Sang Prabu Cindhakapuspa | punika ingkang sêsiwi | nama Sri Cindhasurata | sadhèrèkipun pangarsi | lan Cindhasupala nênggih |[22] inggih sami putranipun | Sang Prabu Citramuka | ing Sriwantipura nguni | Sang Aprabu Citramuka kang pêputra ||
10. anama Prabu Kalora | punika ingkang sêsiwi | anama Prabu Madrasa | nênggih Madraka Sang Aji | punika kang sêsiwi | Prabu Wiruta pukulun | putrèng Prabu Pratidha | Prabu Pratidha ing nguni | kang pêputra nênggih Prabu Sandawista ||
11. Sri Sandawista putranya | Sang Aprabu Soda nguni |
--- 1 : 307 ---
Prabu Soda kang pêputra | Prabu Suwarma Sang Aji | Suwarma kang sêsiwi | Sang Bathara Kumarèku | Kumara kang pêputra | Sang Bathara Mahayêkti | Mahayêkti sutaning Hyang Mahyantika ||
12. Hyang Mahyantika putranya | nênggih Sang Hyang Maya nguni | putranipun Sang Hyang Tunggal | Sang Hyang Tunggal kang sêsiwi | pan Sang Hyang Wênang gusti | lah punika ta pukulun | inggih aluranira | momongan kawula gusti | dene ulun punika tuhu kawula ||
13. inggih amung măngka êmban | dhatêng sang raja pinutri | kang nginyani semah amba | awasta Nyai Sugandi | dene praptamba gusti | têka kathah kang anêbut | pandhita mring kawula | winastan wiku sajati | tur kawula têdhaking alit balaka ||
--- 1 : 308 ---
14. ya ta Sri Bathara Krêsna | suka dènira miyarsi | mring wuwusing Sang Watrika | sadaya kang para ari | samya suka tan sipi | miyarsa aluranipun | Sri Krêsna angandika | hèh bagawan kadang mami | wruhanira sagung pangucaping janma ||
15. kang padha nêbut pandhita | yèku pakoning dewadi | jawata tan katilapan | maring pakaryanirèki | kang maring tama niti | tinatular kadang karuh | purwanira kawêntar | poyan-pinoyan sayêkti | kabèh iku padha pakoning jawata ||
16. nêmbah Bagawan Watrika | umatur angasih-asih | dhuh pukulun sri bathara | amung antuka ingkang sih | ing sabda paduka ji | kang tumrap ing ăngga ulun | lêstantuna kawula | manêmbah ing
--- 1 : 309 ---
pada aji | Sri Bathara Krêsna alon wuwusira ||
17. iya apa sakarsanta | jawata pasthi nuruti | barang saosiking titah | ingkang ala lawan bêcik | jawata tan mekani | sayêkti padha jinurung | nanging pinangkat-pangkat | panêmunira pribadi | ingkang nêdya ala iya nêmu ala ||
18. kang bêcik ing manahira | panêmune iya bêcik | hèh ta Bagawan Watrika | lamun lêga tyasirèki | sutanira sang putri | lah puniku ingsun pundhut | dadia mantuningwang | dhaupa lan putra mami | Si Sêtyaka arsa sun adêkkên raja ||
19. ing Dwarawati nagara | sira yogya angêmongi | wau Rahadyan Sêtyaka | duk miyarsa saking jawi | sigra lumêbêt [lu...]
--- 1 : 310 ---
[...mêbêt] malih | sarwi ngandika ing kalbu | dhuh apa lamat-lamat | ngandikane rama aji | pamyarsaku nganggo putri lan Sêtyaka ||
20. rahadèn wus praptèng ngarsa | tan ana kang graitani | sang bagawan matur nêmbah | dhuh gusti lêga ing galih | sumăngga asta kalih | amba sadarmi pukulun | rumêksèng putra tuwan | nênggih sang raja pinutri | wus mangkana tan winarna laminira ||
21. dènira anèng ing arga | sagunging kang para aji | ya ta enggaling carita | nuju dina Soma Manis | Sang Dèwi Puspawati | lajêng dhinaupkên sampun | lawan Radèn Sêtyaka | Rajaputra Dwarawati | ingkang garwa putri ing Sriwantipura ||
22. tan winuwus wiwahanya | wau pangantèn kêkalih | sampun atut jajodhoan | rajaputra lan sang putri | antara dina malih |
--- 1 : 311 ---
Bathara Krêsna umatur | marang Sri Yudhisthira | dhuh pukulun yayi aji | anjurungna kawula sèrèn karajan ||
23. inggih dhatêng pun Sêtyaka | mêngkua ing Dwarawati | umatur Sri Yudhisthira | sumăngga ing kaka aji | kawula angèstrèni | inggih adêgipun prabu | dhatêng putra kawula | pun Sêtyaka Sri Bupati | Sri Bathara Krêsna sigra angandika ||
24. marang sagung para kadang | hèh sagunge ari mami | padha sira kaèstokna | ingsun lumungsur samangkin | dene ingkang gumanti | sutèngsun Sêtyaka iku | amêngkua nagara | iya anèng Dwarawati | pinaringan jêjuluk Prabu Sêtyaka ||
25. lawan malih garwanira | Sang Rêtna Yu Puspawati | ing mêngko sun lih arannya | nama Dèwi Sêtyawati | dayintèng Dwarawati | dene endhang-endhangipun [endhang-...]
--- 1 : 312 ---
[...endhangipun] | Endhang Sugandi ika | tulusa dènnya ngêmongi | miwah kadang ingsun Bagawan Watrika ||
26. ya ingsun paringi aran | juluk bagawan maharsi | têtêpa kapandhitannya | anèng Rewataka wukir | lan malih sun paringi | desa kiwa têngênipun | ing ardi Rewataka | sandika kang para ari | kabèh samya jumurung karsaning nata ||
27. ya ta Sang Prabu Sêtyaka | lajêng marêk mangênjali | kalawan dayintanira | Kusuma Yu Sêtyawati | tuwin risang maharsi | sumêmbah anuhun-nuhun | sawusnya tulus suka | Bathara Krêsna ngling malih | hèh Bagawan Watrika sira wêruha ||
28. lunganingsun saking praja | lawan kadang-kadang mami | arsa angancas kamuksan | benjang [be...]
--- 1 : 313 ---
[...njang] yèn praptèng nagari | ing mêngko sêdya mami | apan arsa amêmundhut | ing sakuwasanira | kinarya sarana pati | Sang Bagawan Watrika duk amiyarsa ||
29. angungun mijil kang waspa | wasana umatur aris | dhuh pukulun sri narendra | botên anyana kang dasih | lamun makatên gusti | ing karsa paduka prabu | raosing tyas kawula | duk miyarsa ing sabda ji | lir angganing têtiyang angêmut gula ||
30. sadangune ngeca-eca | tan wruh ilang sangking lathi | sangêt kaduwunging manah | kecalan raosing gêndhis | makatên kang upami | duk wau amba pukulun | dangune anèng ngarsa | langkung sukaning kang dasih | sarêng
--- 1 : 314 ---
myarsa pangandika kang mangkana ||
31. kêclaping atma mangkana | makatêna karsa aji | lir wong tinêbak mong tuna | langkung gagêtuning galih | dhuh inggih inggih gusti | amung pangèstu pukulun | dhumatêng pun Watrika | amung kawula ing wingking | kadi nuntên kang dasih anduduk muksa ||
29. Dudukwuluh
1. Sri Bathara Krêsna angandika arum | lah iya sakarsanèki | ngantêpi trisna maring sun | kudu nutugakên bêcik | dhuh Watrika kadang ingong ||
2. lah ta iku tuhu utamèng tumuwuh | kang uninga ing abêcik | dadi tan pêgat sakayun | kang kaya jênêngirèki | iku musthikaning uwong ||
3. duk samana tan winuwus laminipun | sang nata lan para ari |
--- 1 : 315 ---
tan pêgat ing sabên dalu | gunêman lan sang maharsi | amrih lêstarinirèng don ||
4. lawan amrih birai sajroning kalbu | ngilangkên was-wasing galih | ginagulang tamtunipun | wikan basukining pati | tinata durung kalakon ||
5. duk samana wus antara laminipun | sadaya anulya pamit | marang Watrika Sang Wiku | sampun budhal saking wukir | gumuruh sagung punang wong ||
6. Sang Aprabu Sêtyaka maksih tut pungkur | kalawan dayintanèki | tuwin inyanipun tumut | miwah sira sang maharsi | andhèrèk sang maha katong ||
7. ing samarga agung rêrasan anutug | lawan sagung para ari | ing pati amrih rahayu | kasunyatan kang patitis | Bathara Krêsna lingnya lon ||
8. yayi
--- 1 : 316 ---
Sena ayo dèn padha aguyup | akarsa sambèn lumaris | lawan uwis mangsanipun | gunêm mrih utamèng pati | sêdhêng padha mêdhar kawroh ||
9. yayi Parta apa kang anèng sirèku | punapadene ri aji | ugi sami urun wuwus | sampun katungkul prasami | sang nata umatur alon ||
10. inggih langkung saking prayogi pukulun | lah suwawi kakang aji | murwani karya pêpucuk | wontên kang linuri-luri | têturutan botên keron ||
11. Sri Bathara Krêsna angandika arum | nolih maring para ari | payo yayi dipun rêmbug | kang karya sêmanging ati | ing driya kang padha tanggon ||
12. ingsun ingkang miwiti karya pêpucuk | yayi ana kang upami | kang laku tanpa pangawruh | kawruh tanpa dèn lakoni | iku êndi
--- 1 : 317 ---
ingkang abot ||
13. yèn ngêmungna laku sêpên ing pangawruh | paran dumununging pati | kênyataan yêkti kuwur | jêr nyatane nora pasthi | saking pangancase kothong ||
14. nanging lampahipun sangsaya ginêntur | amêpêt păncadriyèki | lawan ingkang tanpa laku | kawruhe luwih prayogi | kasunyatan tan tumpangso ||
15. karo iku yayi janma ingkang punggung | padha-padha amrih êndi | kawruh lawan ingkang laku | rinangkêp paran ta yayi | pêperangane ing kono ||
16. ing wêkasan iya nora gawa laku | amung kawruh kang kinanthi | pêsating atma lêstantun | wangsul kang muhung têtaki | praptaning don ora seos ||
17. lawan ingkang waskitha
--- 1 : 318 ---
maring pangawruh | sirnane padha lêstari | ing kaanan durung tamtu | jêr tan bali awêwarti | dadya ingkang luwih kothong ||
18. tanpa laku miwah sêpi ing pangawruh | wêkasan padha lêstari | ya tan bali tutur-tutur | tibaning jaman ginaib | iku yayi karya ewoh ||
19. Prabu Yudhisthira angandika arum | mênggahing kawula pêsthi | ambujêng ingkang pangawruh | tan tuna ugêring urip | nyirnakkên was-wasing batos ||
20. miwah lamun dèrènge tamtu puniku | kamulyan sajroning pati | tan wontên kang aran kawruh | sintên kang akarya ngèlmi | yêkti nyatane wus mathok ||
21. dene ingkang sakalangkung mudha punggung | kalawan manggung têtaki | kawruhe tan pinaèlu | kawêkasane [kawêkasa...]
--- 1 : 319 ---
[...ne] ing benjing | luluh mrih angsal kemawon ||
22. nadyan tunggil asal graitane suwung | nora bodho nora kanthi | ingumbak pijêr akatut | nora obahe pribadi | kabanjura dadi asor ||
23. Sang Arjuna lan Natèng Mandraka matur | amba kadi ing dewaji | ing wêkasan tan kaduwung | waskitha sajroning pati | yêkti ing rèh botên repot ||
24. Sri Bathara Krêsna malih dènnya muwus | bênêr kang kaya sirèki | sokur rinangkêp pikantuk | dhuh kajaba ari mami | payo yayi Sena gupoh ||
25. wêdharêna pun kakang pan arsa wêruh | wêwijangane kang pasthi | Dyan Wrêkudara umatur | kakang mungguh awak mami | bênêr kabèh
--- 1 : 320 ---
kang pangawroh ||
26. ing dêdunung kabèh nora nana luput | yêkti amung kurang rêsik | dene kawruh lawan laku | tan kêna tinggal sawiji | kècèra salah sawiyos ||
27. kabèh-kabèh dadi asoring pangawruh | lamun kang marsudèng gaib | nanging kawruhana iku | wêkasing sawiji-wiji | poma aja na kang keron ||
28. kawruhana busanèng kadhatonipun | amrih lêstari basuki | wruh ing sangkan paranipun | mumpuni èngêt ing galih | waskitha maduning tawon ||
1 | Lebih satu suku kata: nêdya angêbyuk mêngsah. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: maring sang yaksa narpati. (kembali) |
3 | Tanggal: marga gunaning pandhita (735 taun surya). (kembali) |
4 | Tanggal: manggala pandhita sapta (778 taun căndra). Semestinya taun căndra 758. (kembali) |
5 | Biasanya guru lagu i: wadyanirèki. (kembali) |
6 | patrap. (kembali) |
7 | Biasanya guru lagu i: myarsi. (kembali) |
8 | Tanggal: ratu gunaning wiku (731 taun surya). (kembali) |
9 | Tanggal: gatra wisayaning giri (759 taun căndra). Semestinya taun căndra 754. (kembali) |
10 | Tanggal: swara dahananing wukir (737 taun surya). (kembali) |
11 | Tanggal: sirna manising wiku (760 taun căndra). (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: hèh ta kaki sira sabên ari. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: sampun sami ngestrenan adêgira ji. (kembali) |
14 | Kurang lima suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang rusak (hlm. 292). (kembali) |
15 | Kurang tiga gatra: ke-4 (8i), ke-5 (8a), dan ke-6 (8i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang rusak (hlm. 292). (kembali) |
16 | Halaman 292-3 rusak. (kembali) |
17 | Kurang empat suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang rusak (hlm. 293). (kembali) |
18 | Teks asli tidak terbaca: halaman sobek. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di bagian sobek. (kembali) |
20 | pacrabakannèki. (kembali) |
21 | Biasanya guru lagu a: utama. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: Cindhasupala nênggih. (kembali) |