Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 3)

Judul
Sambungan
1. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur. No. 79b.

Wêwahaning Serat Pararaton.

Pararaton

Inggih punika ingkang ugi nama Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok.

Jilidan ăngka III.

Kakarang ing têmbung Jawi miturut babon sêrat-sêrat ing têmbung Walandi tuwin sanèsipun.
Dening Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

__________

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi.
1913

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur. No. 79b.

Wêwahaning Sêrat Pararaton.

Pararaton

Inggih punika ingkang ugi nama Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok.

Jilidan ăngka III.

Kakarang ing têmbung Jawi miturut babon sêrat-sêrat ing têmbung Walandi tuwin sanèsipun.

Dening Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

__________

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi.
1913

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka

Wêwahaning Sêrat Pararaton ngêwrat pangrêmbaging cariyos babad warni-warni, kados ta: anggitanipun Tuwan Dhoktêr J. L. A. Brandes piyambak, anggitanipun Tuwan Cohen-Stuart, Tuwan G. P. Rouffaer tuwin sêrat sanès-sanèsipun, kula klêmpakakên dados satunggal, kenginga kadamêl ular-ular pangrêmbaging cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pararaton.

Sêrat babad punika saupami griya: talêsipun, dene griya ingkang kaadêgakên wontên ing talês kados isi wijining sêsêrêpan tuwin kasagêdan, ingkang thukulipun sagêd amadhangakên budi pangawikan. Awit saking sêrat babad tiyang angangkah sagêdipun mangrêtos dhatêng kawontênaning satunggil-tunggilipun nalar ingkang tuwuh saking sadhengahing lêlampahan tuwin kawontênan sanès-sanèsipun. Punapa malih para maos sagêd sumêrêp ing lêlampahan [lêlampah...]

--- 4 ---

[...an] warni-warni, sarta kadadosanipun, jalaran ewah gingsiripun lêlampahan ing satunggil-tunggiling jaman, ingkang kalayan ing sanalika utawi ingkang sarênti, punika witipun saking ingkang sampun kalampahan. Dene ingkang sampun kalampahan punika kenging kataliti tumanjanipun saking lêlampahan satunggal-tunggalipun saha kamajêngan tuwin kamunduraning satunggil-tunggilipun jaman, tuwuhipun sakathahing lêlampahan ingkang têksih tumindak ing sapunika, utawi ingkang tumindak kala jaman rumiyin, punika wijinipun saking ingkang sampun kalampahan ugi. Pramila murih sagêdipun kalarah kêdah anyumêrêpi cariyos ingkang sampun kapêngkêr.

Para maos tamtu sampun sami mangêrtos mênawi nyariyosakên lêlampahan ing babad sarana pamêthèk utawi pamiyagah punika dede pandamêlipun pangarang babad, pangarang namung mêdharakên luguning cariyos, babaripun kapasrahakên dhatêng ingkang nguningani, sarta ingkang karsa manggalih. Pangarang babad kêdah tunggak waru, botên ilon-ilonên utawi sêngit dhatêng ingkang kacariyosakên, [kacariyo...]

--- 5 ---

[...sakên] kenging ugi pangarang babad anglêbêtakên pamanggih saha kintên-kintênipun, ananging kêdah dipun akêni, sampun ngantos kalawêd dados satunggal kalihan luguning cariyos. Mênggah pêrlunipun ingkang sapisan botên ngewahakên dhatêng luguning yêkti, kaping kalih ingkang maos sagêd ngrêmbag dhatêng pamanggihipun ingkang sarana linèlèr kalihan kawontênaning cariyos, sabab pangrêmbagipun dhatêng cariyosing sêrat, tiyang ingkang sampun kanthi nalar, tamtunipun beda kalihan pamaosipun lare nalika têksih wontên ing pamulangan, ingkang namung manut ing sapitêdahipun guru miturut ing sêsêrêpanipun piyambak.

Ing jaman sapunika saking pambudinipun para sagêd băngsa Eropah, sampun kathah tăndha sêksi-tăndha sêksi ingkang pinanggih, kados ta: dhudhukan barang kina, sêsêratan ing sela-sela sapanunggilanipun, ingkang kenging kadamêl naliti wontênipun cariyos ing kina, sanadyan botên sadaya, utawi dèrèng paja-paja nyêkapi, ewadene sampun kathah ugi ingkang pipanggih[1], saha kenging kangge nêrangakên cariyos ingkang samar-samar.

--- 6 ---

Kula kêdah sami rumaos manggih kabêgjan agêng, dene sumêrêp cariyosipun sêrat-sêrat sarta sêsêratan ing jaman kina, ingkang kaimpun dening para pujăngga băngsa Eropah, têtiyang Jawi ing jaman sapunika namung kantun manggih angsal-angsalanipun kemawon. Pramila ngantos botên sagêd mratelakakên gênging panuwun saha pamundhinipun.

Ngayogyakarta, kaping: 8 Marêt 1912.
Mangkudimêja.

__________

--- 7 ---

I. Adêgipun Karaton Majapait.

Mênggah titimăngsa ingkang măngka pèngêtan nalika adêgipun karaton Majapait punika kasêbutipun wontên ing sêrat babadipun têtiyang Bali, ingkang sapriki têksih angrasuk agama Budha, beda kalihan cariyosing babadipun têtiyang Jawi, sarta kalihan sêrat-sêrat sanèsipun.

Miturut Sêrat Pararaton, inggih punika sêrat ingkang nyariyosakên lêlampahanipun Kèn Angrok, utawi Arok saturunipun, ingkang kasêrat ing Ikasadha (Sukasadha) ing pulo Bali kala ing taun Isaka: 1535, cocogipun ing taun Walandi: 1613, ingkang miwiti iyasa karaton Majapait, anama Radèn Wijaya, inggih punika ingkang jumênêng ratu wontên ing Majapait sapisan ajêjuluk Prabu Kêrtarajasa kala ing taun: 1216, kados ingkang sampun kasêbut ing Sêrat Pararaton jilidan II. Ing sadèrèngipun nama Majapait, têksih wujud ara-ara dèrèng binabadan, namanipun: [namani...]

--- 8 ---

[...pun] Trik. Kalampahanipun binabadan lajêng dados dhusun, sarta kasantunan nama: Majapait, punika sasampunipun taun Isaka: 1197 utawi taun Ngisa: 1275, inggih punika sasampunipun nagari Tumapêl (kutharaja = Singasari) kaêndhih dening Aji Jayakatong, nata ing Daha (Kêdhiri = Mêdiun?).

Nata ing Tumapêl ingkang wêkasan: Prabu Kêrtanagara utawi Bathara Siwabudha, seda kinarubut ing mêngsah kathah saking Daha kados ingkang kasêbut ing Pararaton II, ing wusananipun nagari Tumapêl kagêbêng dados bawahing Daha amarêngi taun Isaka: 1198 utawi ing taun Ngisa: 1276, yèn makatên wiwitipun ara-ara Trik asantun nama Majapait watawis ing salêbêtipun taun Isaka ăngka: 1200 utawi ing taun Walandi: 1278, ing kala punika ingkang jumênêng nata ing nagari Daha Aji Jayakatong, misuwur agêng karatonipun, nanging botên lami (1198–1216 Isaka) nalika dhatêngipun wadya Cina angajawi ing taun Isaka: 1215 utawi ing taun Walandi: 1293, saking dhawuhipun sang nata ing nagari Cina Kublaikhan (Ku Blai Khan)

--- 9 ---

mitranipun Marko Pala (Marco Polo). Para wadya kinèn nglurugi pulo Jawi, awit sang nata Kublaikhan karsa malês wirang dhatêng Prabu Kêrtanagara, ingkang kapandukakên dhatêng Sang Nata Kublaikhan dening Prabu Kêrtanagara ing nagari Tumapêl kala ing sadèrèngipun taun Isaka: 1197, utawi ing taun Walandi: 1275, samantên karaton têksih wontên ing Tumapêl, mila kenging kakintên-kintên yèn wiwitipun ara-ara Trik dados padhusunan anama Majapait watawis wontên ing salêbêtipun taun Isaka: 1200 utawi ing taun Walandi: 1278, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil.

Sêrat Babad Jawi ingkang kasêbut ing pèngêtanipun Sêrat Pararaton ingkang têmbung Walandi ing kaca: 188, larikan wolu saking nginggil, ingkang dipun wastani Sêrat Kăndha dening swargi Dhoktêr Brandhês, nagari Majapait ingkang iyasa Radèn Sêsuruh, inggih Brawijaya sapisan, ing salêbêting taun: 1221, sinêngkalan ing sêrat wau: sela munggal katon tunggal. Ing ngriki: katon kangge watak: 2, têka sulaya kalihan limrahipun, [limrah...]

--- 10 ---

[...ipun] ingkang kaprah kangge ing watak: 3, kados ta: tinêngêran: obahing bumi katon sunya (316), ardi tunggal katon mungal (317), sirnaning yama katon muksa (320), wedhaning panêmbah katon muksa (323), zie Sêrat Pustakarajapurwa jilidan ăngka 2, taun 1885, Radèn Ngabèi Rănggawarsita, bldz. 5 enz. Saupami botên mawi karangkêpan, ăngka sagêd kêlojok: 100 taun.

Watawis salawe utawi tigang dasa taun ingkang kapêngkêr, miturut sêratan ing blebekan têmbagi ăngka: II, ingkang kalêbêtakên ing anggitanipun Tuwan Kohèn Stuwarêt bab kawi urkondhên, tuwuh ing pangintên mênawi wontêning nama Majapait pancèn sampun langkung lami malih, inggih punika sampun kala ing salêbêtipun abad ingkang kaping sanga ing taun Walandi.

Kawi Urkondhê ăngka: II wau wiwitipun anyêbutakên, angkaning taun Isaka: 762, saminipun ing taun Walandi: 840, dene ing pungkasanipun wontên sêsêbutan nama: Majapait, kala samantên, watawis kalih dasa utawi [u...]

--- 11 ---

[...tawi] salawe taun sapriki, dèrèng wontên ingkang sumêrêp mênawi ingkang kacariyosakên ing blebekan têmbagi wau sayêktosipun botên lêrês, mila ngantos nuwuhakên panggagas bokmanawi wontênipun nagari Majapait pancèn sampun sêpuh sayêktos, dèrèng paja-paja andungkap jamanipun Radèn Wijaya sampun wontên nagari ingkang nama Majapait. Saking pambudinipun Dhoktêr Brandhês têmahan sagêd kasumêrêpan bilih sêsêratan ingkang tumrap ing têmbagi wau pancèn gapuk, kadamêl tăndha pasaksèn botên mitadosi, dene sababipun makatên:

Mênggahing pêpathokaning panyêrat sarta pawicantênan, rimbag saha kêdaling pitêmbungan punika kenging kangge tăndha pasêksèn tumrap ing satunggil-tunggiling jaman, botên namung tatacara saha pangangge kemawon ingkang lami-lami sagêd ewah miturut ing jamanipun, sanadyan pangrimbaging têmbung-têmbung sarta kêdalipun inggih samantên ugi.

Rimbaging têmbung-têmbung punapa malih kêdalipun ingkang tumrap [tumra...]

--- 12 ---

[...p] ing sêratan balebekan têmbagi ingkang kalêbêt ing Kawi Urkondhê, ingkang kawêdalakên dening Tuwan Cohen Stuart wau cêcaruban warni-warni, botên nunggil kanggenipun ing sajaman, punapa malih wontên ingkang langkung enggal tinimbang kanggenipun ing jamaning titimangsanipun, măngka titimăngsa ingkang tumrap ing têmbagi wau pancèn sampun kina sangêt, mèh anglangkungi sadaya sêsêratan ingkang sampun pinanggih, sarta ingkang titimangsanipun kina piyambak.

Murih têrangipun ing sadèrènging kapratelakakên bab kawontênaning blebekan têmbagi sapaprincènipun, kêdah kacariyosakên rumiyin bab prabot-prabotipun.

Ing têmbagi wau pinanggih kathah sangêt lêpatipun, malah-malah kenging katamtokakên saya kathah malih bilih sampun kasumêrêpan pangrêtosipun sadaya, sabab têksih wontên pitêmbungan ingkang botên cêtha pikajênganipun, utawi ukara ingkang Dhoktêr Brandhês dèrèng andungkap suraosipun. Dene pinanggihing sêsêrêpan [sêsêrêpa...]

--- 13 ---

[...n] ingkang tumrap ing sêsêratan ingkang sampun binudi ingudharan, sarta tinupiksa ing suraosipun kalayan talatos dening Dhoktêr Brandhês, têtela bilih sêsêratan wau asalipun botên kina sangêt kadosdene yèn kapirit saking wontêning angkanipun taun, mênggah panyêratipun sawêg ing salêbêting abad etangan Isaka ingkang kaping kawan wêlas kemawon, ing nalika jaman bibrahipun basa Jawi kina asantun basa Jawi enggal, ngajêngakên risakipun karaton ing Majapait, dados watawis sampun kapêngkêr pitung abad ing etangan Saka, utawi nêm abad ing etangan taun Walandi, kalihan titimăngsa taun 762 Isaka ingkang tumrap ing blebekan têmbagi wau, saminipun ing taun Walandi: 840, dene têrangipun malih kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Sawêg dulu dhatêng tataning panyêrat kemawon sampun katingal kathah ingkang lêpat, pikajêngipun sampun mingsêd saking luguning Jawi kina, kados ta: panyêrating têmbung Sangskrit sampun botên dipun paèlu babarpisan lêrês lêpatipun, têmbung-têmbung ingkang kêdah kaungêlakên kanthi abab kathah, [ka...]

--- 14 ---

[...thah] sampun botên rinêmbag lêrêsing panyêratipun, sastranipun kirang langkung utawi ical babarpisan prabotipun. Cêkakipun têmbung-têmbung Sangskrit ingkang kêdah kasêrat mawi aksara mahaprana ungêlipun sampun botên wontên bedanipun kalihan têmbung-têmbung ingkang kasêrat mawi aksara alpaprana, punapa malih ungêlipun aksara: a, sampun botên wontên antêpipun, panganggenipun sampun botên wontên bedanipun kalihan: A, têmbung ingkang lêrêsipun kêdah kasêrat mawi: a, kasêrat mawi: A, makatên ugi kosokwangsulipun Anpuk [anapuka] sinêrat anpuk [anapuka], UrutTn\ [urutan] sinêrat aurutTn\ [urutan] makatên malih: awu/, anmB=zi [awur, anambangi] sapanunggilanipun, kosokwangsulipun: aumlu= [umalung] kasêrat Uml=u, aizn\ [umalung, ingan] sinêrat Izn\ [ingan] makatên malih: E/aji [eraji] sinêrat [a/Aji [eraji] panyêratipun têmbung mrpuI [marapui] kasêrat mrpWi [marapwi] punika nandhakakên bilih kêdaling i ingkang dumunung ing têmbung kalih wanda langkung antêp tinimbang ing: w gêmbung, ananging lajêng botên dipun angge beda, utawi lami-lami lajêng santun, kados ta: ApuI [apui] dados ApWi [apwi] dados Api, mrpuI = mrpWi [api, marapui = marapwi]

--- 15 ---

mrpi, [l/o [marapi, lor] dados lW/ [lwar] punika sagêd ugi manawi wa kina sagêd santun o ingkang kinanipun kaungêlakên au, saminipun, wa, kêdalipun têmbung: lor kinanipun sangêt pancèn, laur lajêng dados lwor sapunika dados lor malih, makatên malih têmbung colika lajêng dados cwalika o = wa, lawas sang sinêrat lawasang, ikos sang sinêrat ikosang, tlas sinurat sinêrat tlasinurat, samgêt tirwan dados samgêtirwan, rimbag: prrjeg\ pbebekel\ plulumuh [para rajêg, pabêbêkêl, palulumuh], ing kinanipun sangêt, barakanipun titimăngsa taun ingkang kasêbut ing blebekan têmbagi wau botên wontên. Pinarêngokên ing jaman samantên botên wontên, makatên malih pinarungwakên rimbagipun kêdah pinarêngwakên. Sarèhning rêngo dados rungu rimbagipun kêdah pinarungokên. Punapa malih têmbung lêbokna, mangiseni, lumangghanani inggih botên nate wontên ing rimbagipun têmbung ingkang nunggil jaman ing abad etangan Isaka ingkang kaping wolu, dunungipun: n wontên ing ngriku lêrêsipun inggih kêlintu, têmbung nisthamaddhyamottama kasêrat kanisthamaddhyamottama, aditya kasêrat raditya. Santuning a

--- 16 ---

dados r punika inggih botên kina sangêt, dumugi sapriki lêstantun lajêng botên malih. Dene lêpatipun ingkang botên miturut pêpathokaning panyêrat kala ing jaman samantên, (abad kaping: 8 etangan Isaka) inggih kalêbêt kathah, kados la[2]: pinarêngokên dening pinggir siring utawi pinarungwakên ring pinggir siring sami wontênipun, măngka têgêsipun sami kemawon, ing blebekan têmbagi wontên pitêmbungan, tka sang makudur măngka kêdah sinêrat sarta mungêl tka ring sang makudur pitêmbungan, sambêrrên ring glap lêrêsipun kêdah sambêrên ing glap, sininghat i sapi pancèn kêdah sininghat ing sapi. Simaning hulun ri campaga sami wontênipun kalihan, sima sang hyang dharmma ring campaga. Pinarêngokên ri parasamya tumuntên mawi kasambêtan, ring kanistha sapanunggilanipun. At rêngo sinêrat rêngota. Tan tama ri simanira sinêrat, tan tama simanira. Tan kapara byapara sang makilala sinêrat tan parabyapara sang makilala. Tumon adoh aparo dados tumon angadoh aparo. Mangasoakên sinêrat dados mangso ta sira. Hinanakên dènira santun dados hinanakênira dénira.

--- 17 ---

Sadaya punika nandhakakên bilih kalimrahaning nyêrat ingkang tumrap ing têmbagi wau pancèn sampun ewah kalihan pêpathokaning panyêrat saha kalimrahaning pitêmbungan ingkang kangge ing jaman titimangsaning taun Isaka: 762 utawi abad ingkang kaping wolu wau. Makatên malih têmbung: sungka sinêrat sungsang, dhura sinêrat dhara; pangkur tawan tirip sinêrat pang kur tirit; patih sinêrat pati; campa sinêrat cêmpa; katanggaran sinêrat katangaran; têpung sinêrat kêpung; wipati dados wapa; angdyun dados adyun; kasawu ring nata dados kasamburat ing natar; indah dados mindah; yah tasmat dados ywah tasmat; karmaknanya anga sinêrat karemaknanya; sadhana dados saddhana.

Titimangsanipun ing blebekan têmbagi wau inggih botên lêrês, ing mangsanipun wulan purnama dipun titimangsani tihti pancadaçi, ugi nuwuhakên pangrêmbag, sabab punapa tihti kapisah botên sami wontênipun kalihan karana Balawa, dene sapalihipun dintên wau dhawah Wisti ingkang kaping kalih dhawah Bawa. Ra kêdah â, sarta wukunipun kêdah [kê...]

--- 18 ---

[...dah] Prangbakat, dede Manail, Parwwosa kêdah sinêrat parwweça; bago sarta piwaçyâ inggih botên lêrês. Punapa malih tumraping jaman samantên ing têmbagi kêkathahên pitêmbungan, punapa malih pitêmbungan ingkang tatanipun makatên punika namung pinanggih wontên ing sêsêratan ing jaman ingkang kantun, titimangsanipun inggih botên cocog kalihan nama-namanipun para nata ingkang kasêbut ing blebekan têmbagi wau.

Ing wiwitaning pitêmbungan ing têmbagi nyêbutakên namanipun sawênèhing ratu ingkang pancènipun dede bakuning asma ratu, inggih punika çri mâhârâjâ çri lokapala hariwangçotunggadèwa, têgêsipun, sampeyan dalêm nata, sampeyan dalêm sang ratu, têtungguling nata trahing ari, lajêng kasambêtan, nâmarâjâbhiseka, têgêsipun: jumênêngipun nata ajêjuluk punika wau, ing wingking wontên sêsêbutan sarta nama: Çri Mahârâja Dharmodaya Mahâsambhu. Saya kisruh malih anggènipun nyêbutakên nama-namaning para pangagêng ingkang dipun wastani dulur dening sang nata, malah ing wingking wontên sêsêbutanipun makatên, mwang mahâ mantri

--- 19 ---

daksotama, bahubajra, pratipaksasang çaya. Punika pancèn namanipun tiyang satunggal ingkang kala jaman samantên dados mantri ino (mahâmantri i hino) ing ngajêng nama sarta sêsêbutaning pangkat wau kapêdhot-pêdhot, sarta ing ngrika-ngriki lajêng katumrapakên dados namaning tiyang satunggal, kados ta: mahâmantri katrini, rakryan mantri hino, daksotama (satunggal) rakryan mantrihalu, pratipaksa sangçaya (!) (ingkang kaping tiga) rakryan mantri sirikan, mahâmahino (bibrahipun pitêmbungan mahâmantri i hino) inggih punika namaning pangkat wau. Dados pikajêngipun wau kangge ing namanipun tiyang tiga: Dârmodaya, Mahâçambhu sarta Daksottamabâhubadjrapratipaksaksaya ingkang makatên wau inggih lêrês yèn ta tumrap ing sêsêratan ing jaman: 60 utawi: 70 taun sabakdaning taun Isaka: 762. Têturutaning peranganipun, blebekan wau inggih botên kantên-kantênan, tăndha pasaksèn ingkang tumrap ing sêratan wau, ingkang sanès-sanèsipun, botên kula cariyosakên ing ngriki sadaya, awit tumrapipun dhatêng para ingkang botên marsudi dhatêng kawruh têmbung Jawi Kina kados sampun cêkap samantên kemawon,

--- 20 ---

dene ingkang taksih pêrlu kula cariyosakên kados ing ngandhap punika:

Miturut pamriksanipun Dhoktêr Brandhês, sarana kasaksenan kalihan wontênipun pêpathokaning panyêrat, sarta tataning pawicantênan, tuwin kawontênaning nama-namaning tiyang ingkang kasêbut ing ngriku, ing sadèrèngipun wontên tăndha pasaksènipun ingkang yakin, têtela yèn sêratan ing blebekan têmbagi wau panyêratipun botên wontên ing salêbêting abad ingkang kaping wolu ing etangan Isaka, sanadyan mawi sinung titimăngsa taun Isaka: 762 ing wiwitanipun, sarta pitêmbungan, iti prasasti ring kuthi, parisamaptha tlasinurat, ringmajhapahit. Ing pungkasanipun, bokmanawi sêratan wau têtêdhakan saking sêsêratan ing jaman taun: 762 panêdhakipun kala ing jaman Majapait ingkang sampun dungkap ing wêkasanipun. Punapa malih miturut katêranganipun Tuwan Groeneveldt adêgipun karaton Majapait tamtu ngajêngakên dhatêngipun wadya Cina kala ing taun Walandi: 1293, utawi taun Isaka: 1215, sabab ing sêrat-sêrat babad Cina ingkang langkung

--- 21 ---

sêpuh saking punika botên wontên ingkang nyariyosakên namaning nagari Majapait. Dados kawontênaning cariyos ing Sêrat Pararaton yèn adêging nagari Majapait kala jamanipun Aji Jayakatong, ingkang iyasa Radèn Wijaya wontên lêrêsipun, kenging ugi kadugi ing kala jaman Pacina samantên Majapait sampun wontên, nanging botên kadhatêngan dening băngsa Cina, milanipun botên kasêbutakên wontên ing sêrat pangêtanipun. Ananging sakathahing pêpèngêtanipun băngsa Cina ingkang măngka palapuran wau pandamêlipun dhatêngipun saking pulo Jawi, măngka yèn nitik ing suraosipun kados-kados bumi ingkang kaambah ing wadya Cina inggih namung ing sakiwatêngênipun ngriku, nitik kalihan misuwuripun nagari Majapait tamtu kêdah kalêbêtakên ing pèngêtan. Kaping kalihipun bilih wontên Majapait ingkang langkung kina malih, dede Majapait kala jamanipun Radèn Wijaya, saupami yêktos makatên, nitik kalihan kawêntaring nagari Majapait tamtu wontên têtilaraning sêsêratan ingkang tumrap ing sela utawi ing barang sanèsipun, [sanè...]

--- 22 ---

[...sipun] măngka sêpên sapriki dèrèng nate wontên ingkang pinanggih, beda kalihan wontênipun nagari Mataram ing jaman kina, lajêng sagêd kemawon kêpanggih tăndha yakinipun kala ing taun: 1875, têtela yèn ing salêbêtipun abad ingkang kaping sanga etangan Isaka, ing tanah Jawi yêktos wontên nagari ingkang nama Mataram, kados ta ing Kawi Urkondhê ăngka I, ingkang kawêdalakên dening tuwan Cohen Stuart ugi nyêbutakên pitêmbungan Jawi Kina makatên, parujar i tirip sang stanggil, anak banua I Mataram kamanikan watak kahulunan awit saking misuwuripun nagari Mataram wau kathah têtilaraning sêsêratan, sarta mèh sabên wontên ingkang pinanggih têmtu wontên pitêmbunganipun mêkatên: sakwèhta dèwata prasiddha mangraksang kadatwan çri mahârâja i mdhang i bhumi Mataram, têgêsipun: dhuh para jawata ingkang sami rumêksa ing kadhaton kagunganipun sang nata ing nagari Mêdhang ing bumi Mataram.

Katitik saking misuwuring nagari Mêdhang ing bumi Mataram ingkang botên ical ngantos dumugi sapriki têksih wontên pèngêtanipun, yèn ta ing kala kinanipun sangêt sampun [sa...]

--- 23 ---

[...mpun] nate wontên nagari ingkang nama Majapait, ingkang kawêntaring namanipun botên kantun kalihan nagari Mataram, sapriki têmtu taksih wontên tilas-tilasipun.

Sanadyan tăndha saksi ingkang sampun kaandharakên wau botên santosa, ewasamantên botên sagêd nyudakakên kêdahing pangandêlipun dhatêng adêging nagari Majapait ingkang kasêbut ing Pararaton.

Para nata ingkang sami jumênêng ing nagari Majapait, cariyosing sêrat-sêrat botên sami, wondene pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Miturut sêrat sajarah asalipun saking Surakarta, têtilaran saking Gusti Kangjêng Ratu Hamêngkubuwana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana kaping VI ing Ngayogyakarta, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VIII ing Surakarta.

1. Radèn Bratana, dèrèng jêjuluk Brawijaya.

2. Radèn Brakumara, dèrèng jêjuluk Brawijaya.

3. Radèn Adaningkung, inggih Arya Adiwijaya, jêjuluk Brawijaya I.

--- 24 ---

4. Radèn Hayamwuruk, inggih Arya Partawijaya, jêjuluk Brawijaya II.

5. Radèn Arya Martawijaya inggih Lêmbu Amisani, jêjuluk Brawijaya III.

6. Radèn Siwaya inggih Radèn Bratanjung, jêjuluk Brawijaya IV.

7. Radèn Alit, inggih Ăngkawijaya, jêjuluk Brawijaya V.

Miturut Sêrat Momana

1. Prabu Sêsuruh, inggih Brawijaya I, Dewapati, senapati ing ngalaga, 1301–1310.

2. Radèn Brakusuma, inggih Brawijaya II. 1310–1325.

3. Radèn Udaningkung, inggih Ăngkawijaya, Brawijaya kaping III. 1325 - 1329.

4. Ratu Kayu[3] Kêncanawungu, 1329 - ... ?

5. Radèn Damarwulan, jêjuluk Brawijaya kaping IV. Lajêng magawan, 1337.

6. Lêmbu Amisani, jêjuluk Brawijaya kaping V. 1337–1341.

--- 25 ---

7. Jaka Bratanjung, jêjuluk Brawijaya kaping VI. 1341-(?) ing taun 1400 bêdhahing nagari Majapait, Prabu Brawijaya lajêng lolos saking nagari sagarwa putra.

Miturut Pèngêtan saking sêrat babad ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raffles

Asalipun saking tilas bupati ing Dêmak, Kyai Adipati Adimanggala, ingkang kapacak ing Sêrat Pararaton têmbung Walandi ing kaca 174:

1. Jaka Suruh, Brawijaya I. Ing taun 1301.

2. Brawijaya II.

3. Brawijaya III.

4. Brawijaya IV.

5. Brawijaya V. Ing taun 1381.

Sanèsipun malih

1. Radèn Tanduran, ing taun 1221.

2. Brakumara.

3. Ardiwijaya.

4. Mêrtawijaya.

5. Ăngkawijaya.

--- 26 ---

Miturut Sêrat Pararaton

1. Radèn Wijaya, Prabu Kêrtarajasa (Jayawardhana). 1216–1217.

2. Kalagêmêt, Prabu Jayanagara, 1217–1250.

3. Brê Kahuripan II, Prabu Putri I (Jaya Wisnuwardhani) 1250- ... ?

4. Hayamwuruk, Prabu Rajasanagara, Sang Hyang Wêkasing Suka, Janèswara, ?-1311.

5. Hyang Wisesa, Prabu Ajiwikrama 1311–1322.

6. Dèwi Suhita, Prabu Putri II. 1322–1351.

Tanpa ratu (1351–1359)

7. Brê Daha IV Prabu Putri III. 1359–1369.

8. Brê Tumapèl IV Prabu Kêrtawijaya (?) 1369–1373.

9. Brê Pamotan II, Prabu Rajasawardhana 1373 - 1375.

Tanpa Ratu 1375–1378

11.[4] Brê Wêngkêr III Prabu Hyang Purwawisesa 1378–1388.

12. Brê Pandhan Salas III. 1388–1390 (?).

Miturut Sêrat Babad ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raffles, asalipun saking Kangjêng Panêmbahan Natakusuma ing Sumênêp (Madura).

--- 27 ---

1. Jaka Sêsuruh, Brawijaya 1158.

2. Prabu Anom.

3. Udaningkung.

4. Prabu Kêncana, garwa Damarwulan.

5. Lêmbu Amisani.

6. Bramatunggung.

7. Radèn Alit, Brawijaya.

Sami-sami ratu ing Majapait, kajawi Radèn Wijaya (Sri Kêrtarajasa) ingkang misuwur miwiti iyasa karaton ing Majapait, Sang Prabu Hayamwuruk, inggih Sri Rajasanagara, utawi Sang Hyang Wêkasing Suka, putranipun Sang Prabu Putri Jaya Wisnuwardhani asmanipun kalêbêt misuwur piyambak, binantonan dening apatih Mangkubumi Gajahmada, ingkang pinasrahan angasta bang-bang alum-aluming praja tuwin măncanagari sadaya, dhasar apatih wicaksana putus ing saliring wêweka, mumpuni dhatêng kridhaning pangrèh praja, botên kewran dhatêng agal lêmbat, kawêntaring asmanipun sang prabu, bêbasan angêbaki jagad. Kya patih tansah ambudi ngêlar jajahan, sabakdaning tilaripun Apatih [A...]

--- 28 ---

[...patih] Gajahmada Sang Prabu Hayamwuruk têksih andumugèkakên, sarta ngrampungakên pangêlaring jajahan ngantos dumugi ing nusantara, inggih punika kapuloan tanah sabrang ingkang kalêbêt ing peranganipun insulindhê ing jaman sapunika, sang prabu agêng karatonipun, punapa malih kawantêranipun sang prabu saha Kyana Patih Gajahmada ngantos kalêbêtakên ing Prapanca ingkang rampungipun kala ing taun Isaka: 1287, saminipun ing taun Walandi: 1365 dening Êmpu Tantular[5], kasêbut ing kidung pangalêmbana Nagara Kêrtagama tumraping sang kêkalih wau.

Awit saking Aru ing tanah Sumatra sarta Pahang, tuwin Tumasik, ing Ujung Tanah, inggih punika Singgapura ing tanah Malaka, punapadene Tanjungpura, inggih punika Matan ing tanah Borneo ingkang sisih kidul kilèn, mangetan dumugi ing Seram, kapuloan Gorong (Gorom), sarta ing Dhompo ing tanah Sumbawa, sami kabawah ing Majapait, kajawi Bali ingkang sampun kabawah ing Majapait kala [ka...]

--- 29 ---

[...la] ± ing taun Isaka 1262. Dene tanah Malayu (Minangkabo) ingkang linurugan wadya saking Tumapêl kala ing taun Isaka 1197. Ingkang jumênêng nata ing Tumapêy[6] Sri Kêrtanagara, wangsulipun wadya Tumapêl wontên ing salêbêting taun Isaka 1215. Sampun dungkap badhe jumênêngipun nata Radèn Wijaya ing Majapait, wangunipun kala samantên dèrèng sagêd kabawah ing Majapait, tandhanipun botên wontên cariyosipun, kajawi tawanan putri saking Malayu kêkalih Dara Pêthak akalihan Dara Jingga. Kawartosipun bilih Sang Nata Adityawarman ing nagari Malayu kêrèhipun dhatêng nagari Majapait ing sajumênêngipun Brêng Kahuripan II inggih Jaya Wisnuwardhani, Prabu Putri I, nata ing Majapait ingkang kaping III.

Miturut ing sêratan ingkang tumrap ing rêca manjusri ingkang kadugi dening dhoktêr Verbeek kasêbut ing Oudheden van Java ăngka 563 ing kaca 273 sarta kawêdharakên dening Tuwan Friederich punapa malih kasantunan ing têmbung Walandi dening Profesor Kern makatên:

Ingkang ngêdêgakên rêca manjusri punika pangagêngipun para [pa...]

--- 30 ---

[...ra] nata trahing băngsa Arya (Arya) ing taun gangsal, nênêm, kalih, satunggal, (1265 Isaka) kangge wêwahing darma[7] ing Jinalaya (Yinalaya) punapa malih sang nata kaparêng ing karsa angyasakakên candhi ingkang sakêlangkung endah dhatêng Adityawarman (Adityawarman) nararywa gung ing nagari ingkang pinarentah dening pangajênging ratu sang nata dèwi, awit saking kamursidanipun, sarta utamining budi pakarti, dumunung wontên ing pasitèn tanah Jawi kithaning candhi-candhi Budha, punapa malih Sang Adityawarman taksih nunggil darah kalihan sang nata dèwi, murih sudarmanipun tuwin para sanak sadhèrèk, sagêda mêntas saking sangsaraning donya ngancik dhumatêng kanikmataning nirwana, tinêngêran ing taun Isaka 1265.

Sêsêratan wau lajêng kaklêmpakakên dados satunggal dening Profesor Kern kalihan sêsêratan ingkang pinanggih wontên ing Batuberagung sarta ing Pagar ruyung wondene kapanggih ing sêsêrêpan saking sadaya wau, bilih ing kala jaman samantên ingkang jumênêng nata wontên ing

--- 31 ---

Minangkabo satunggiling ratu Jawi trahing Majapait anama Adityawarman.

Tanah Pasundhan têlukipun dhatêng Majapait kala ing taun 1279 Isaka, kados ingkang sampun kasêbut ing Pararaton II. Dene Palembang nungkulipun dhatêng Majapait sampun ing satilaripun Patih Gajahmada.

Ing sasedanipun Hayamwuruk, inggih Prabu Rajasanagara, misuwuring nagari Majapait sampun pantog botên sagêd mindhak, malah wiwit saya suda dumugi sirnanipun babarpisan, jalaranipun kala ing taun Isaka 1311 karaton Majapait kabagi tiga, karaton ing bang kilèn, inggih punika Majapait kalihan Tumapêl kadarbe dhatêng Hyang Wisesa, putra mantunipun Hayamwuruk, têrangipun sampun kasêbut ing Sêrat Pararaton jilidan ăngka II. Karaton ing bang wetan, inggih punika Blambangan kadarbe dhatêng Brê Wirabumi, putranipun Hayamwuruk. Sanadyan kala pêrangipun nagari Majapait, lawanan Bêlambangan, ing taun 1325 Saka, dumugi ing taun 1328 kalampahan Blambangan kêndhih sarta lajêng kagêbêng malih dhatêng [dha...]

--- 32 ---

[...têng] nagari Majapait, ananging luhur saha misuwuring karaton ing Majapait mêksa saya suda, jalaran saking sami tan rujuk ing para pangrèh praja, punapa malih saking pandhêsêking têtiyang Islam anggènipun badhe ambabar agaminipun, ing ngrika-ngrika sinêbaran wiji kawruh murih sirnaning agami - sarta kandhihipun karaton Budha, ing têmahan nagari agêng Majapait saya lami sangsaya moyag-mayig katingal badhe rêbah, sakathahing bawahing tanah sabrang sami balela madêg piyambak-piyambak. Makatên malih miturut ing sêrat karanganipun Tuwan Rouffaer bokmanawi kala ing taun 1320 Isaka, rawuhipun ratu Islam saking nagari Cêrmin angajawi, sarta badhe ngislamakên panjênênganipun Sang Nata Hyang Wisesa, inggih Aji Wikrama, ananging botên sagêd kalampahan ing salêbêting jumênêngipun Hyang Wisesa amêngku kaprabon malih, bakda magawan, ing salêbêting taun Isaka 1323 dumugi ing taun 1350. Ing salêbêting taun Isaka 1341 pêjahipun tiyang dagang anama Maolana Malik Ibrahim ingkang dumunung ing Grêsik, inggih punika wali ingkang miwiti mêncarakên [mêncarakê...]-

--- 33 ---

[...n] agama Islam wontên ing tanah Jawi, kasêbut ing Veth: Java jilidan I taun 1986 ing kaca 229 - 232.

Saya lami karaton Majapait sangsaya sirna prabawanipun, sangsaya kucêm sorotipun, upaminipun kados pêpadhanging srêngenge sampun lingsir kilèn, dangu-dangu hyang arka angslup ing têlênging cakrawala sirna pêpadhangipun. Inggih punika kala ing taun Isaka 1403 utawi ing taun Walandi 1481, nalika jumênêngipun Dèwi Suhita utawi dumugi ing jumênêngipun malih Hyang Wisesa sapangandhap, botên wangsul malih kaluhuranipun nagari Majapait, malah lajêng sirna babarpisan. Miturut sêrat babad Jawi risakipun wontên ing salêbêtipun taun Isaka 1400, dening têtiyang băngsa Islam. Dene Sêrat Pararaton botên nyariyosakên dumugi sêmantên, ing pungkasaning cariyos namung nyêbutakên nata ingkang seda wontên ing salêbêting kadhaton kala ing taun Isaka 1400, ing ngandhapipun kasêbut wontên rêdi murub kala ing taun Isaka 1403, măngka dèrêng nyêbutakên bêdhahing karaton Majapait, upami sampuna kalampahan têka mokal botên [bo...]

--- 34 ---

[...tên] kasêbutakên, dados yèn makatên risakipun tamtu sampun kêlangkah taun 1400.

Mirid cariyos ingkang kasêbut ing Sêrat Pararaton jilidan ăngka II. luhur-luhuring karaton Majapait sawêg nalika panjênênganipun:

1. Radèn Wijaya inggih Sri Kêrtarajasa, utawi kaprahipun sinêbut Brawijaya I. Awit taun Isaka 1216 utawi ing taun Walandi 1294.

2. Radèn Kalagêmêt, ajêjuluk Bathara Jayanagara.

3. Brêng Kahuripan, Prabu Putri Jaya Wisnuwardhani.

4. Hayamwuruk, inggih Sri Rajasanagara, inggih Sang Hyang Wêkasing Suka utawi Bra Hyang Wêkasing Suka, sedanipun kala ing salêbêting taun Isaka 1311.

Mirid cariyos ing nginggil, saupami risakipun karaton ing Majapait wontên ing salêbêtipun taun Isaka ± 1403 utawi ing taun Walandi ± 1481, măngka madêgipun nata Radèn Wijaya kala ing taun Isaka 1216, dados lulusipun karaton ing Majapait dumugi

--- 35 ---

ing risakipun wontên ± 187 taun, mèh kalih abad.

Ing nginggil nyêbutakên bab ratu ing nagari Cêrmin, miturut sêrat anggitanipun Profesor Vèt bab tanah Jawi, (Veth: Java Ie druk II 1878 pag. 184 punapa malih 2e druk I 1896 pag. 280) ing pundi dunungipun nagari Cêrmin sapriki dèrèng wontên katranganipun ingkang apsah, ing sêrat babad namung nyêbutakên: nagari ing tanah sabrang, ing nutipun sêrat, Veth: Java nyêbutakên bokmanawi ingkang dipun wastani nagari Cêrmin punika nagari Kêdhah, tiyang Jawi mastani Gêdhah, dumunung ing tanah Malaka, awit têmbung Malayu utawi Minangkabo: Cêrmin punika ing têmbungipun Jawi Gêdhah, mênggah tumraping sêkar macapat kintên kula sagêd ugi kalampahan têmbung gêdhah (Gêdhah) bilih dhong-dhingipun dhawah i dados cêrmin, ingkang makatên yêktosipun asring damêl kisruh, sanadyan wontêna ingkang mastani sae, upaminipun: kajênar dados kamuning, Mataram = Matarum (botên patos) Mataram = Ngèksigănda = Nayanagănda. Èksi = mata, gănda =

--- 36 ---

(a)rum = ram. Nayana = èksi, (Roorda èksi = aksi = Sanskr. = ixa) jatisari = jatisantun = jatisêkar = jatikêmbang, Surabaya = Surakewuh, Surawèsthi. Ingkang lucu: Pontianak kadadosakên: Pontisiwi (zie Babad Nitik).

Cêrmin kasêbut ing sêrat babad ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raflès (Raffles: History of Java 1817 pag. 113. "The Raja of Chermin (a country of Sabrang)."] = raja ing Cêrmin, ing tanah sabrang (2e druk 1830 II pag. 122).

Rêpotan saking Grêsik kala ing taun 1822 (zie tijdschr. v. N. I. 1852 II pag. 408 en 411) mungêl: ratu ing Cêrmin utawi Gêdhah, ing wingkingipun lajêng wontên ingkang mungêl: ratu ing Gêdhah utawi Cêrmin, nyêbutakên Cêrmin ngantos kaping kalih, sapisanipun Gêdhah, lajêng Gêdhah malih, (Roorda van Eysinga: Handboek Lan-en Volkenkunde van N. I. III. 3e deel, Amst. 1850 pag. 195) punapa punika Kêdhah ing Malaka, punapa pancèn wontên piyambak nagari ingkang nama Gêdhah, punapa inggih Cêrmin punika wau. Manawi dadosipun Kêdhah wau ing têmbung Jawi Gêdhah, sarta lajêng dados: [dado...]-

--- 37 ---

[...s] Cêrmin, inggih Kêdhah ing tanah Malaka, miturut Tuwan Rouffaer kasêbut ing nut d ing karanganipun Sêrat Het tijdperk van Godsdienstovergang 1400–1600 in den Maleischen Achipel, ing tanah Sumatra wontên pasitèn ingkang dipun wastani Pante Cêrmin (Pantai-Cermin) dumunung ing sacêlaking lèpèn Topongkiri, ragi kaprênah sawetanipun Patapaan, (Patapahan) lêrês margi turut lèpèn dhumatêng Mênangkabo, (Menangkabau) dene ingkang nama Kota Pantè Cereumèn dumunung ing sacêlakipun Olèh-lèh ragi kaprênah wetanipun sakêdhik, inggih punika ing nagari Groot-Acèh. Wontên malih pasitèn ingkang nama Pantè Cereumen dumunung ing sacêlaking Padang Ciji ing Mukim VII ing nagari Pedir, miturut pamanggihipun Tuwan Rauffaer ingkang dipun wastani nagari Cêrmin ing nginggil bokmanawi inggih Cêrmin, Pantai Cermin utawi Kuta Pantaè Cereumin salah satunggal. Dene dunungipun wontên ing Sumatra punika kenging katamtokakên.

__________

II. Brastha Praja Budha

Risaking karatonipun ratu Budha nagari Majapait, kados [ka...]

--- 38 ---

[...dos] ingkang sampun kula cariyosakên ing nginggil, Sêrat Pararaton botên nyêbutakên. Ing sasedanipun nata ing Majapait ingkang wêkasan, ing salêbêting taun Isaka 1400 utawi ing taun Walandi 1478. Ing taun Isaka 1403 utawi ing taun Walandi 1481 Pararaton nyariyosakên wontên rêdi anjêblug, mênawi punika minăngka pasêmoning risakipun karaton ing Majapait, dados risakipun inggih wontên ing salêbêting taun 1403 Isaka. Punapa yêktos risakipun karaton Majapait kala ing salêbêting taun 1400 Isaka, kados ingkang kasêbut ing sêrat babad, utawi miturut ing kintên-kintên kala ing taun Isaka 1403 kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Sela botên kirang saking tigang iji, saking salêbêting wêwêngkon nagari Majapait kina, tiga pisan mawi ciri ăngka taun Isaka 1408, sarta sêratan ingkang tumrap ing ăngka wau nyêbutakên namanipun Sang Ratu Girindrawardhana, timuripun nama Dyah Ranawijaya, sêratan ing salah satunggiling sela wau nyêbutakên: maharaja, nata ing Wilwatikta, [Wilwa...]

--- 39 ---

[...tikta] Daha, Jênggala tuwin Kadhiri. Ing sanèsipun sêratan kasêbut bilih sang nata ing Wilwatikta wau kabawah dhatêng nata ing Kêling ingkang sami tunggil asalipun ingkang nurunakên. Dene sêratan ing sela ingkang nomêr tiga nyêbutakên pêrang ing Majapait kala ing taun 1481 ?? angkanipun botên têrang, ingkang manggih Tuwan Verbeek sarta kasêbut ing karanganipun Lijst van Oudheden van Java (Verh. Bataviaasch genootchap XLVI. 1891 No. 489, 491 en 492). Punapa malih ing karanganipun Dhoktêr Brandes ingkang kawrat ing Not. Bat. Gen. 1888 Bijlage II sub. d. op pag. XIII-XVIII dene miturut pamanggihipun Profesor Veth. ing karanganipun Java 2e druk (M. Snelleman & Niermeyer) I. 1896 pag. 70-71 en 242-243 ing sadèrèngipun wontên panggihan sêratan malih ingkang nêrangakên kalayan cêtha, yèn sirnanipun karaton ing Majapait têksih lami lêtipun kalihan taun Isaka 1400, kenging kapirid saking sêratan wau wontên ing salêbêting taun 1408 Isaka, utawi watawis wontên ing salêbêting taun Isaka 1410, saminipun ing taun Walandi 1488.

--- 40 ---

Tuwan Rouffaer sampun angsal katêrangan bab wau, nanging botên saking sêratan Jawi, sêrat ing têmbung Portêgis ing kala tanggal kaping 6 Januari taun 1514, ingkang sawêg wiwit kaêcap kala ing wulan Sèptèmbêr taun 1892, cariyos ingkang kasêbut ing sêrat wau dipun sêksèni sêrat-sêrat sanèsipun ingkang ugi dede sêsêratan ing têmbung Jawi. Kayêktosanipun miturut Tuwan Rouffaer nagari Majapait sasampunipun saya suda luhuring kawibawanipun, sampun wiwit badhe sirna kala ing taun Isaka 1322 utawi ing taun Walandi 1400, risakipun sayêktos dening têtiyang agami Islam wontên ing saantawisipun taun Isaka 1438–1443. utawi ing taun Walandi 1516–1521, dene ingkang prasasat kenging dipun tamtokakên rêbahipun kala ing taun 1440 Isaka, utawi ing taun Walandi 1518.

Ing ngandhap punika tăndha pasaksènipun ingkang kaanggêp kêkah dening Tuwan Rouffaer.

Ingkang sapisan, miturut sêratan tiga iji ingkang kasêbut ing nginggil, kala ing taun Isaka 1408, nagari Majapait [Ma...]

--- 41 ---

[...japait] têksih lulus, dèrèng rinisak dening tiyang Islam, taunipun Walandi 1486.

Ingkang kaping kalih, miturut sêrat Da Asia ingkang kawêdalakên dening Joäo de Barros, juru nganggit ingkang winasis ing nagari Portugal, sarta ingkang sawatawis laminipun sinampiran ing pandamêlan nganggit-anggit miturut wêwaton sêrat-sêrat cathêtan tuwin palapuran sapanunggilanipun kagunganipun nagari, sêrat anggitanipun ingkang misuwur Da Asia wau (bab tanah Asiah) nyariyosakên makatên: Nalika dhatêngipun sapisan têtiyang Portêgis ing tanah India, dipun pangagêngi dening Pasko dhê Gama (Vasco de Gama), dumugining Kalikut (Calicut) ing tanah Hindhustan, kala tanggal kaping 20 wulan Mèi taun 1498, kala samantên sadaya pasitèn wiwit ing Sintakora, (Cintacora), ajêng-ajêngan kalihan pulo Ansyêdhivah (Anchediva) dumunung ing 14o 45' wiyar mangalèr (N.B.) sarta ing 74o 8' panjang mangetan (O.L.) ing saantawisipun Gowa (Goa) kalihan Onawar utawi Onar, têtiyangipun Islam. Dene saking ngriku sapangetan têtiyangipun Indhu, [I...]

--- 42 ---

[...ndhu] kajawi ing karajan Malaka, sarta ing saperanganing pasisiripun pulo Sumatra, tuwin ing palabuhan-palabuhanipun sawatawis ing pulo Jawi. Punapadene ing kapuloan Molokus, têtiyangipun sampun sami Islam.

Ingkang kaping tiga, ing pèngêtanipun karajan Cina kala jamanipun trah Ming angasta paprentahan, wontên pitêmbunganipun ingkang nyariyosakên, yèn kala ing taun Walandi 1499, Isaka nuju taun 1421, wontên utusan saking tanah Jawi dhatêng ing nagari Cina angaturakên bulubêkti (envoys with tribute) (punapa pituwasing kapitunan kawonipun pêrang ratu ing tanah Jawi ? ) dhatêng sang nata ing nagari Cina, măngka ing sangandhaping pèngêtan taun 1446 sampun kacariyosakên yèn awit ing taun wau, lumadosing bulubêkti saking tanah Jawi dhatêng nagari Cina sampun awis-awis. Ing taun Walandi 1452, 1460 sarta 1465, sadèrèngipun taun 1499 kacariyos malih lumadosipun bulubêkti, ing sabakdaning taun 1499 lajêng botên wontên cariyosipun malih. [ma...]

--- 43 ---

[...lih] Mirid pratelan ing ngajêng kala ing taun Walandi 1452 utawi Isaka 1374 ingkang jumênêng nata ing Majapait Brê Pamotan, inggih Rajasawardhana, nata ing Majapait ingkang kaping 11, dene kala lumadosipun bulubêkti ing taun Walandi 1460 sarta 1465, saminipun taun Isaka 1382 saha 1387, ing Majapait nuju jumênêngipun nata ingkang kaping 12, inggih punika Hyang Purwawisesa, miturut pèngêtanipun băngsa Cina kala taun Walandi 1460, utawi Isaka 1382, nata ing Majapait dipun wastani nata ing Tumapan (Tumapan = Tumapêl) limrahing nagari Cina namanipun nagari Majapait têksih kalêstantunakên Tumapêl, miturut ing nalika nagari Majapait kabagi tiga, kala ing taun Walandi 1389 dumugi 1406, utawi taun 1311 dumugi 1328 Isaka, karaton kilèn ing Majapait kalihan Tumapêl kabawah dhatêng Hyang Wisesa, inggih Aji Wikrama, putranipun mantu Sang Hayamwuruk, garwanipun Brê Lasêm I. kasêbut ing Pararaton jilidan ăngka II, pêparab Sang Ayu, patutan saking paduka sori, garwa pramèswari.

--- 44 ---

Karaton ingkang wetan ing Blambangan, kabawah dhatêng Brê Wirabumi, putranipun Hayamwuruk saking garwa sêlir, (bini aji).

Ingkang kaping sakawan, miturut ing sêrat-sêrat anggitanipun para pangarang băngsa Portêgis ingkang sêpuh-sêpuh ing jaman samantên, kados ta: ing sêrat anggitanipun Castanheda kala ing taun 1552, Isaka 1474, sarta sêrat Deo anggitanipun Barros kala ing taun 1553 (Isaka 1475) sêrat anggitanipun Alfonço (alias Braz) d'Albuquerque ingkang nyariyosakên bab lêlampahaning tiyang sêpuhipun kala ing taun 1557 (Isaka 1479), sami nyariyosakên kala ing taun 1511 (Isaka 1433) nuju ing awalipun wulan Nopèmbêr, watawis lêt kalih wulan kalihan bêdhahipun tanah Malaka rinayud dening têtiyang Portêgis kala ing tanggal kaping 16 ing wulanipun Agustus, kajawi para utusanipun raja-raja ing sakiwatêngênipun nagari, ingkang sampun têluk dhatêng têtiyang Portêgis, sami mahargya dhatêng: Albuquerque pangagêngipun băngsa Portêgis ingkang ngrayud nagari Malaka, inggih

--- 45 ---

wontên utusanipun ratu Budha ing pulo Jawi ingkang dhatêng, punika yèn miturut Barros. miturut ing karanganipun: Castanheda sarta d'Albuquerque botên mawi mastani ratu Budha, namung utusanipun ratu ing pulo Jawi inggih dhatêng, dene mirid sêsambêtaning cariyos ing karanganipun Castanheda sarta d'Albuquerque têtela yèn ingkang dipun cariyosakên ratu Budha wau nata ing Majapait.

Nutipun Tuwan Rouffaer bab h ngêwrat pêthikan saking sêrat De Historia da India (babad ing India) anggitanipun Castanheda nyariyosakên bab pulo Jawi kala alamipun d'Albuquerque kados ingkang kasêbut ing ngandhap:

Ratu ingkang agêng piyambak ing pulo Jawi, agami Budha, karatonipun manggèn ing têngahing nagari, agêng panguwasanipun, kathah kawulanipun. Ing pasisiripun pulo, Jawi wontên ugi ratu-ratu ingkang agaminipun Islam, ingkang kabawah dhatêng sang ratu Budha, para ratu wau kala-kala asring wontên ingkang balela ngraman, purun dhatêng ratu

--- 46 ---

ingkang ambawahakên, nanging inggih lajêng kawon nungkul dhatêng sang ratu agêng malih.

Bokmanawi ingkang dipun wastani para ratu ing pasisir wau salong para adipati ing pasisir, ingkang kala jaman samantên agênging panguwasanipun mèh botên beda kalihan ratu.

Ratu ingkang agêng wau sarêng mirêng yèn têtiyang Portêgis sampun sagêd nêlukakên tanah Malaka, sakêlangkung kagèting galih, lajêng kagungan karsa badhe apawongmitran kalihan têtiyang Portêgis, ingkang ugi kalampahan sarana amatah cundaka dhatêng Malaka ambêkta pisungsung warni waos (tumbak) kalih wêlas iji tuwin sanès-sanèsipun, kaaturakên dhatêng d'Albuquerque gupêrnur ing tanah Malaka, ingkang minăngka pangagêngipun têtiyang Portêgis, bab wontêning pisungsung sampun kasêbut ing sêrat bab tanah Jawi anggitanipun Profesor Veth ing jilidan ăngka I kaca 262. punapa malih Alfonço d'Albuquerque nyêbutakên ing sêrat karanganipun: kommentarios d'Alfonço d'Albuquerque, sarêng utusanipun sang nata wau sampun mangkat saking Kampêr, lajêng wontên utusanipun sang

--- 47 ---

nata ing pulo Jawi malih, ingkang sampun pintên-pintên dintên lampahipun, kapanggih kalihan d'Albuquerque angaturakên pisungsung tuwin sanès-sanèsipun, punapa malih nawèni bantu tiyang sarta punapa kêkiranganipun tiyang Portêgis kangge pêrang nêlukakên nagari Malaka, amargi sang nata ing tanah Jawi ing ngajêng sulaya kalihan sultan ing Malaka, ingkang kala samantên tansah mênêt sarta damêl pakèwêd warni-warni dhatêng kawula Jawi ingkang wontên ing Malaka.

Ing awalipun wulan Juni taun 1513 saminipun taun Isaka 1435, miturut pèngêtan Portêgis ingkang kawrat ing anggitanipun Tuwan Rouffaer, Pati Unus ingkang sangêt misuwur dening kawantêranipun, nêmpuh têtiyang Portêgis dhatêng Malaka. Miturut babad iyasanipun Tuwan G.J.F. Biegman "Hikayat Tanah Hindia" cap-capan ing taun 1894 ing kaca 20, baita saking pulo Jawi ingkang kaangkatakên dhatêng Malaka kapandhegan dening Pati Unus, kathahipun 90, sarta wadya kathahipun 12.000 milanipun makatên jalaran têtiyang Jawi ingkang dêdunung ing Malaka [Mala...]

--- 48 ---

[...ka] kala ing jaman samantên kathah, sang nata botên rêna ing galihipun dene têtiyang wau sami kawêngku ing gêgêbêngan panguwasanipun tiyang Portêgis, mênggah nata ing tanah Jawi ingkang pundi botên kacariyosakên.

Ing salajêngipun sêrat karanganipun Tuwan Rouffaer pêpiridan saking pèngêtan Portêgis, nyariyosakên manawi panêmpuhipun Pati Unus wau tinanggulang dening têtiyang Portêgis, têtiyang Jawi kawon pêrangipun, Pati Unus lumajar andhêlik wontên ing jong saha lajêng oncat lêlayaran wangsul dhatêng pulo Jawi.

Satunggiling tiyang sugih andêrbala băngsa Kêling ing nagari Malaka, ingkang têksih ngrasuk agami Hindhu, samantên angêbang sintên-sintêna tiyangipun ingkang sagêd nyêpêng Pati Unus, badhe tampi ganjaran kathah.

Pati Unus sagêd wilujêng dumugi ing Jêpara, pramila lampahipun anjujug ing Jêpara, awit Pati Unus mila dados pangagêngipun ing nagari ngriku, jong ingkang dipun tumpaki kangge oncat saking Malaka dumugi ing Jêpara minăngka pangèngêt-èngêt lêlampahanipun [lêlampah...]

--- 49 ---

[...anipun] dipun dunungakên ing gisik mawi sinung cungkup, ing saantukipun Pati Unus para agêng kathah ingkang sami tuwi, anglêlipur manahipun Pati Unus, dene ngantos kawon kapalajar saking payudan. Wangsulanipun Pati Unus manahipun sampun lipur, jalaran kapalajaripun saking payudan botên tilar kautamèn dening mêngsah têtiyang ingkang kêkêndêlanipun kalangkung-langkung, sagêdipun oncat saking gêgêmanipun mêngsah sarana numpak jong ingkang cinungkup kangge pangèngêt-èngêt lêlampahanipun. Mênggah wontêning lêlampahan wau kaanggêp kautamèn sarta kawantêran ingkang linangkung, milanipun ngantos dumugi ngajêngakên taun walandi 1552, cariyosipun taksih tansah dados kêmbang lambenipun têtiyang Jawi.

Kacariyos Pati Unus saking katarimahing lêlabêtipun wau, ginanjar dening sang nata jinunjung dados ratu wontên ing Dêmak.

Mirid buku anggitanipun Tuwan Rouffaer miturut pangandikanipun Tuwan Koen (gupêrnur jendral ? ) ingkang kasêbut ing sêrat De Jonge: "Opkomst" IV kaca 135, ratu [ra...]

--- 50 ---

[...tu] sêpuh ing Cêrbon ngandikakakên bab botên angsalipun damêl pangluruging tiyang Jawi dhatêng Malaka kala ing taun 1512, saminipun ing taun Isaka 1434.

Sêratipun d'Albuquerque Gupêrnur Jendral Portêgis ing nagari Kananar ing sakidulipun nagari Kalikut, ingkang kaunjukakên dhatêng sang nata Don Manuel ing nagari Portugal, kala tanggal kaping 30 Novèmbêr taun Walandi 1513, saminipun ing taun Isaka 1435, anyêbutakên bilih sang ratu ing Pahang, dunungipun ing tanah Malaka ingkang sisih wetan ingkang pamêdalipun jêne (êmas) purugipun dhatêng Malaka, sumêdya nungkul dhatêng sang nata ing Portugal, sarta asok bulubêkti. Punapa malih ing salêbêting taun Walandi 1513 ing taun Isaka 1435, ratu Budha ing Majapait karsa pawongmitran kalihan sang nata Don Manuel ing Portugal lêlantaran d'Albuquerque Gupêrnur Jendral Portêgis ingkang dumunung ing Kananar wau, sarta minta bantu angesahakên para pangagêng băngsa Islam ingkang sami mêngkoni nagari-nagari bandaran ing tanah Jawi.

--- 51 ---

Pasaksèn ingkang kaping pitu, ingkang saya cêtha malih.

Nalika tanggal kaping 6 wulan Januari taun 1514, kaptin ingkang ngrangkêp dados Gupêrnur Portêgis wontên ing nagari Malaka, anama Ruy de Bruto anglaporakên dhatêng ratunipun, ingkang jêjuluk Don Manuel suraosipun makatên:

Tanah Jawi punika pulo agêng, ratunipun kêkalih sami kapir,[8] ingkang satunggal karanipun ratu ing Sundha, satunggalipun ratu ing tanah Jawi. Pulo wau wêtah (pikajêngipun botên pêdhot-pêdhot), kajawi ing ngrika-ngriki kaêlêt-êlêtan lèpèn, ingkang kala-kala asat toyanipun, tanahipun ing pasisir kawêngku dening têtiyang agami Islam ingkang agêng panguwasanipun. Têtiyangipun dagang ingkang agêng-agêng sarta para pangagêng namanipun gupêrnur,[9] sarta sami gadhah jong kathah, sarawunganipun dagang ingkang tamtu kalihan nagari Malaka, kathah ingkang

--- 52 ---

sami pawongmitran kalihan têtiyang Portêgis, utawi liyan băngsa sanèsipun.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, têksih wontên têturutanipun palapuran malih, ngêwrat bab lampahipun wangsuling baita sakawan, dumuginipun ing nagari Malaka kala tanggal kaping 22 Juni 1513, baita sakawan wau kapandhegan dening João Lopez Alvim. pangkatipun saking nagari Malaka kala tanggal kaping 14 wulan Marêt têksih nunggil taun ing nginggil. Ing salêbêting wulan April sarta Mèi, têksih nunggil taun, baita sakawan ingkang kasêbut ing nginggil andhatêngi sadaya palabuhan-palabuhan ing pulo Jawi, punapa malih kapanggih kalihan Pati Unus wontên ing Sêdayu, ing ngriku têtiyang Portêgis sami dipun tampèni kalayan suka pirênaning manah dhatêng Pati Unus.

Mênggah wontêning katêrangan ing nginggil punika sakêlangkung cêtha, dados yèn makatên ing salêbêting taun Walandi 1513, saminipun ing taun Isaka 1435, ingkang kuwasa agêng ing tanah Jawi têksih ratu ingkang agaminipun Hindhu.

--- 53 ---

Ing sêrat punika ingkang kula wastani agami Hindhu miturut peranganipun agêng, inggih punika kalêbêt ing tatacaranipun băngsa Hindhu ingkang awêwaton pêpiridan saking agaminipun. Dados tiyang agami Hindhu pikajêngipun, tiyang ingkang ngangge agami Hindhu dalah satatacaranipun miturut wêwaton agami Hindhu, botên amastani golongan utawi gêgununganipun, kados ta: agami Wisnu, Siwah, Budha, kalêbêt agami Hindhu. Dene ing peranganipun alit pikajêngipun: tumêngkaring agami Brahma Hindhu ing katriyoga, artosipun, ing perangan jaman ingkang kaping tiga, kados ingkang kawrat wontên ing sêrat: Mahabrata, Ramayana, Puraka, ing Darmasastra, iyasanipun Manujatnyawalkya, sapanunggilanipun.

Ing nginggil kacariyos bilih kala ing taun Walandi 1513 utawi taun Isaka 1435, ingkang kuwasa agêng ing tanah Jawi ratu ingkang agaminipun Hindhu, dunungipun wontên ing têngah nagari, dene nagari-nagari ing pasisir utawi ing pabandaran, sami dipun kuwasani têtiyang Islam. Dene

--- 54 ---

nyatanipun yèn sang ratu Jawi ingkang kacariyosakên ing pêpèngêtan Portêgis têksih agami Hindhu wau, punika sang nata ing Majapait, badhe kasêbutakên ing wingking.

Kaping wolu, ing nalika tanggal kaping 8 Januari taun 1515, kaptin ing Malaka ingkang nyêpêng pandamêlan gupêrnur wiwit ing wulan Juli taun 1514 anama Jorge d'Albuquerque nglapurakên dhatêng ratunipun ing nagari Portêgis, ingkang ajêjuluk Don Manuel suraosipun makatên:

Gusti, ingkang kawula aturakên, bab pangukumipun dhatêng têtiyang Jawi, kados sampun cêkap ngangkatakên têtiyang 600, namung kêdah ningali măngsa, dumuginipun ing tanah Jawi lajêng ambêsmi sakathahing gudhang saha baitanipun têtiyang Jawi, tamtu lajêng botên sagêd malês, awit dene Patikatir, Pati Unus sarta Patirodin, ingkang sampun anggolong dados satunggal, jangêt tinatêlon upaminipun, mênawi karisakan salah satunggal, sanèsipun sampun tanpa daya. Bilih têtiyang Islam dèrèng nêmahi [nêmah...]

--- 55 ---

[...i] risak dening têtiyang Portêgis, tamtu pangraosipun têksih unggul piyambak, angungkuli kaluhuran dalêm, samăngsa sampun dipun sumêrêpakên sarana patrapan makatên, tamtu lajêng gadhah ering dhatêng têtiyang Portêgis.

Pèngêtan ingkang kasêbut ing nginggil punika lugu têdhakan saking pèngêtan kagunganing nagari, ingkang sumimpên wontên ing gêdhong pangrumatan sêrat-sêrat (Archief) ing kitha Lisabon ing nagari Portugal, ingkang dèrèng nate kawêdalakên ing pangêcapan. Dene Tuwan G.P. Rouffaer angsalipun saking pangagênging juru angrumati sêrat-sêrat kagunganing nagari (Rijksarchivaris) anama Tuwan J.M. De Costa Basto, awit saking pitulunganipun konsul jendral praja Nèdêrlan ingkang dumunung wontên ing kitha Lisabon Tuwan Ernst George.

Ing nginggil nyêbutakên yèn nalika ing wulan Januari 1512, Pati Unus têksih wontên, makatên malih Patikapir (kasêbut ing Veth, Java I 1896 pag. 206-266), inggih punika ingkang magêpokan ing Malaka kala ing salêbêting taun [tau...]

--- 56 ---

[...n] 1511–1512 punapadene Patirodin ingkang dèrèng nate kasêbut ing sêrat sanès-sanèsipun.

Nitik kawontênanipun cariyos ing nginggil, kados-kados ing kala samantên, Pati Unus, Patikapir sarta Patirodin, agêng panguwasanipun amêngkoni sagantêning pulo Jawi, sarta prayagung têtiga wau sami sabiyantu ing rêmbag, agolong dados satunggal nanggulang dhatêngipun tiyang Portêgis.

Ing sêrat "O. Livro de D.B." anggitanipun tiyang Portêgis anama Duarte Barbosa kala ing taun 1516, nyariyosakên kawontênanipun ing pasisir nagari Malabar, kala samantên piyambakipun wontên ing ngriku, ugi nyariyosakên bab kawontênaning kapuloan Molokus, kados ta ing Têrnate sapanunggilanipun, tuwin kawontênanipun ing pulo Jawi. Barbosa mawi angsal cariyos saking para mitranipun ingkang dêdunung ing pulo-pulo wau. Ing karanganipun Barbosa kasêbut ugi namaning satunggiling adipati ing tanah Jawi, namanipun dipun wastani: Pale Odara (Pale Odara) mênggah wontêning aksara [a...]

--- 57 ---

[...ksara] l punika manawi namung saking kalintunipun ingkang nêdhak sarta mêrtal ing basa Itali kemawon, bokmanawi lêrêsipun t dados Pate Odara, ingkang pikajêngipun: Adipati Udara. Yèn mila yêktosa makatên kalêbêt lăngka, awit Adipati Udara punika gêsangipun kala ing jaman Majapait.

Ing Babad Tanah Jawi ingkang kapacak ing Sêrat Pararaton têmbung Walandi dening Dhoktêr Brandhês, minăngka kangge panandhingipun sakathahing cariyos ingkang kasêbut ing Pararaton (kasêbut ing kaca 183) nyariyosakên yèn Adipati Udara punika anakipun Patih Wahan, ingkang dados adipati wontên ing Daha (Kêdhiri) ing kala jamanipun Prabu Brawijaya II ing Majapait. Adipati Udara wau anyidra Sang Prabu Anom, inggih Brawijaya II, ing nalikanipun sang prabu sawêg kalêrês têdhak pêpara dhatêng wana, sang adipati malês pêjahing sudarma, inggih punika Patih Wahan ingkang pinêjahan dening sang prabu.

Ing dalêm Sêrat Pararaton têmbung Walandi kaca 190 dumugi [dumu...]

--- 58 ---

[...gi] 193, wontên ingkang minăngka têtimbanganipun cariyos nginggil wau. Ingkang kasêbut ing kaca 190 dumugi 193 wau, satunggiling sêrat kăndha asli saking cariyos Jawi, kapacak ing têmbung Walandi dening Dhoktêr Brandhês. Kala jaman Majapait, putranipun Prabu Brawijaya ingkang kaping III (Ardiwijaya) wontên ikang nama: Udara, ingkang sasedanipun ingkang rama lajêng madêg pêpatih amatihi ingkang gumantos ing kaprabon, inggih punika ingkang rayi piyambak, ajêjuluk Brawijaya IV, inggih Sang Kalamisani, ing salajêngipun Patih Udara wau minta lèrèh anggènipun dados pêpatihipun ingkang rayi, saha lajêng lampah palayaran dhatêng Kamboja. Patih Udara punika kacariyos bapakipun Radèn Damarwulan, ingkang ing wingking lajêng sagêd jumênêng ratu ajêjuluk Brawijaya V.

Mirid ingkang kasêbut ing nginggil wontên cariyos warni kalih ingkang kosokwangsul lêlampahanipun, Udara ingkang kacariyos rumiyin, nyidra sang nata, Udara ingkang kantun madêg patih, dados wontên Udara mêngsahing ratu, wontên Udara kêkasihing ratu.

--- 59 ---

Ing sadèrèngipun wontên pasaksèn saking sêrat-sêrat ingkang langkung sêpuh sarta ingkang kenging pinitados, mênggahing pangrêmbag lêrêsipun sêrat-sêrat babad iyasan enggal, ingkang kathah kenging kalèlèr kalihan cariyosipun Babad Tanah Jawi, ingkang rampunging pandamêl miturut panalitinipun Dhoktêr Brandhês watawis kala pungkasaning abad ingkang kaping pitulas (± 1700) tumapaking abad ingkang kaping wolulas, inggih punika dumugining pandamêlipun sêrat kontrak akalihan wakilipun Kumpêni Tuwan Verijssel kala taun Walandi 1743.

Dumugi ing sapunika ingkang dipun wastani Babad Tanah Jawi sawêg kasumêrêpan wontên tiga ingkang kaperang-perang:

A. Ingkang perangan agêng kadadosakên tiga: 1. Babad Pajajaran, 2. Babad Pajang, 3. Babad Mataram, 4. Babad Kartasura, ingkang kawêdalakên minăngka cariyosipun sêrat kabar Jurumartani sarta Bramartani kala ing taun Walandi 1870 dumugi 1875, lajêng kawêdalakên warni buku mawi nama-nama wau wontên ing pangêcapanipun Tuwan Jonas Portier ing Surakarta.

--- 60 ---

B. Ingkang kawêdalakên mawi cariyos gancaran dening Tuwan Meinsma, sarta bab bètèng ing Kartasura kala ing taun 1741, ingkang kawêdalakên minăngka panjurung ing taal-land-en volkenkunde tuwin Babad Kartasura cariyos gancaran, miturut damêlanipun Tuwan Wintêr sêpuh (C.F. Winter Sr.) panunggilanipun ingkang kawêdalakên mawi sêkar ing pangêcapanipun Tuwan G.C.T. Van Dorp ing Sêmarang kala ing taun 1874 anama: Babad Pacina.

C. Ingkang kawêdalakên dados kawan jilid dening pangêcapan Van Dorp kala ing taun 1884 dumugi 1890 mawi nama rangkêp, inggih punika: Babad Pajajaran sarta Babad Tanah Jawi.

Ingkang dipun wastani sêrat babad utawi asring namung dipun wastani babad punika sêrat ingkang nyariyosakên lêlampahanipun satunggaling nagari, sêrat-sêrat babad wau sanadyan namanipun sami, cariyosipun asring wontên ingkang gèsèh, jalaran pandamêlipun botên dipun mupakatakên. Punapa malih mênawi dipun tandhing kalihan kawontênaning babadipun băngsa Eropah, sanadyan maksudipun pancèn [pancè...]

--- 61 ---

[...n] sami, kathah sangêt bedanipun. Kados ta upaminipun ingkang dipun wastani: Babad Jênggala, Babad Majapait, Babad Dêmak, Babad Pajang, Babad Mataram, Babad Kartasura, Babad Pacina sapanunggilanipun, nama-namanipun wau pancèn botên mantuk kalihan pikajêngipun. Sêrat-sêrat iyasanipun para sagêd băngsa Eropah, punapa malih babad, nama-nama wau minăngka kangge rêringkêsan suraosipun cariyos ingkang kawrat wontên ing satunggil-tunggiling sêrat, supados ingkang badhe maos lajêng sagêd sumêrêp ingkang kacariyosakên wontên ing sêrat ingkang badhe kawaos wau. Upaminipun Babad Jênggala, inggih namung nyariyosakên kawontênanipun lêlampahan ing nagari Jênggala kemawon, malah cariyosipun ingkang pokok asring mèh katutupan, namung kacariyosakên sakêdhik. Dados yèn miturut ing têtandhingan wau, babad-babad ingkang kasêbut ing nginggil, kenging dipun wastani peranganipun Sêrat Babad Tanah Jawi, dede pêperanganipun lêlampahan nagari ingkang kenging kalêbêtakên ing Babad Tanah Jawi, kados [ka...]

--- 62 ---

[...dos] ta: Babad Dipanagara iyasanipun Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara I, ugi mawi karumiyinan cariyos lêlampahan ing tanah Jawi kala ing jaman kina, ingkang sampun kasêbut ing Babad Tanah Jawi, mênggah pêrlunipun namung asring kangge têturutaning cariyos ingkang tumrap ing nama wau, ananging ngicalakên kêkiyatan tumanjaning namanipun. Kajawi punika wontên ugi babad-babad ingkang cocog akalihan namanipun, kados ta Babad Bantên, Babad Cêrbon, Babad Banyumas, Babas Pasir, Babad Bêsuki, Babad Băndhawasa, Babad Balambang, Babad Madura sasaminipun.

Babad Palihan Nagari nyariyosakên wiwiting adêgipun karaton Surakarta, sarta amêkasi cariyos bab pandumaning siti ingkang dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara I, Babad Palihan Nagari iyasanipun Radèn Ngabèi Yasadipura salong kawêdalakên ing Surakarta, salong ing Ngayogyakarta kala ing taun Walandi 1885 sarta ing taun 1888 sarta sinung nama Babad Giyanti tuwin Babad Surakarta I dumugi III.

--- 63 ---

Babad bêdhahing Ngayogya, purwanipun nyariyosakên wiwitipun Tuwan Daendels ngasta paprentahan, dene ing wêkasanipun ingkang dipun cariyosakên ngantos têbih sangêt lêtipun kalihan nalika bêdhahipun karaton Ngayogya dening wadya Inggris. Dene Babad Bantên sarta Babad Cêrbon ingkang agêng inggih botên tilar cariyos ingkang kathah-kathah ingkang sampun kêlimrah kawrat wontên ing Babad Tanah Jawi. Mênggah ingkang makatên punika pikajêngipun ingkang nganggit bokmanawi ngiras kangge mèngêti cariyosing lêlampahan turutipun ingkang piyambakipun dèrèng gadhah, awit limrahing Jawi sêrat anggitan wau kaanggêp têtêp gadhahanipun ingkang nganggit, botên angrêmbag yèn anggitanipun wau badhe dados waosanipun tiyang kathah, pramila cariyosipun wontên ingkang sanès, têrkadhang mawi dipun suda utawi dipun wêwahi mênawi sakintên wontên cariyosipun ingkang awon utawi ingkang sae anggêpok dhatêng ingkang nurunakên awakipun, utawi yèn badhe angèngingi tiyang ingkang dipun ajrihi, awit yèn bontên[10] kalêrêsan inggih andrawasi sayêktos [sayê...]

--- 64 ---

[...ktos] dhatêng drajatipun ingkang ngarang wau, kosokwangsulipun asring manggih bêgja utawi kandêl mênawi kalêrêsan anggènipun ngabên manis, sanadyan cariyos wau pancèn botên salêrêsipun. Jalaran ing donya Jawi pangrêmbagipun sêrat-sêrat dèrèng kalimrah mawi tinabên (Critiek) kados satataning Eropah ingkang namung mawang lêrês sarta ingayoman ing lêlêrêsan.

Ingkang dipun wastani Sêrat Kăndha ing nginggil, mênawi punika sêrat cariyos Damarwulan.

Miturut ingkang kasêbut ing nutipun Dhoktêr Brandhês, sêrat cariyos Damarwulan punika kathah saha warni-warni, sêrat cariyos Damarwulan ingkang dipun uningani dening Tuwan Roorda van Eysinga punika tamtu wêdalan ingkang kina piyambak, sarta beda kalihan angsalipun Tuwan Wintêr sêpuh, ingkang lajêng dipun damêl cariyos gancaran, sumimpên ing kitha Leiden wiwitanipun cariyos punika ing gênutskap ing Batawi inggih sampun wontên, malah sêratanipun têksih Jawi kina tumrap ing kropak, sinêngkalan: mantri kuda obah ring rat (1673) saminipun ing taun [ta...]

--- 65 ---

[...un] Walandi 1748, dene angsalipun Tuwan Wintêr sêpuh wau mawi sinêngkalan: wil obah nunggang jalma (1765), ingkang kaping tiga miturut pèngêtanipun Radèn Mas Ismangun Danuwinata, iyasanipun Radèn Răngga Prawiradirja ing Maospati, rumiyin wadana bupati ing măncanagari.

Ewah-ewahipun cariyos, ing alami-lami angicalakên cariyos lugunipun ing kina, ing wêkasan botên sagêd kasumêrêpan pundi ingkang lêrês pundi ingkang lêpat.

Amangsuli cariyos ing nginggil, sarèhning ingkang dipun wastani Sêrat Kăndha wau pandamêlipun sawêg watawis kala ing taun Walandi 1800 kemawon, dados mênggah Udara punika ingkang kenging kaanggêp yêktos inggih Udara anakipun Pati[11] Wahan, ananging sêsêratan ingkang tumrap ing sela tiga kala taun 1408 Isaka, saminipun ing taun Walandi 1486, sarta ingkang jinarwanan dening Dhoktêr Brandhês, kawrat ing panjurungipun II dhatêng Bataviaasch genootschap, sêsêratan ing salah satunggiling sela wau nyariyosakên yèn Tahan punika inggih rakryan êmpu Tahan [Ta...]

--- 66 ---

[...han] pêpatihipun sang prabu ing Majapait ing kala samantên, ingkang ajêjuluk Girindrawardhana, kala timuripun anama Dyah Ranawijaya, ing adêg-adêg a nut I kaca 27 Dhoktêr Brandhês mawi mastani bokmanawi Tohan punika ingkang dipun wastani: Wahan ing Sêrat Babad Tanah Jawi, kalintuning aksara: ta, sagêd ugi dados: wa.

Yèn makatên mênggahing kang kacariyos ing nginggil miturut pêpèngêtanipun têtiyang Portêgis, cocogipun kalihan sêratan ing sela, kala ing taun Isaka 1408 saminipun ing taun Walandi 1486, punapa malih kalihan pèngêtan Portêgis kala ing taun Walandi 1516 saminipun taun Isaka 1438, tuwin ing Babad Tanah Jawi ingkang rampunging pandamêlipun watawis ing taun Isaka 1622 utawi ing taun Walandi ± 1700. Kala ing taun Walandi 1515 pangagênging ratu Hindhu ing tanah Jawi anama Prabu Udara, rumiyinipun adipati ing Kadhiri, anakipun tilas pêpatih ing Majapait anama Rakryan Êmpu Tahan, ingkang pinêjahan dening ratunipun kala ing sabakdaning taun Isaka

--- 67 ---

1408, saminipun ing taun Walandi 1486, pêjahing bapa winalêsakên dening anak, inggih punika Adipati Udara ingkang lajêng madêg ratu ing Majapait kala ing saantawisipun taun Isaka 1408–1435, saminipun ing taun Walandi 1486–1513, bokmanawi ing salêbêtipun taun Isaka ± 1420, saminipun ing taun Walandi ± 1498, dene cundaka saking tanah Jawi ingkang dhatêng ing nagari Cina ing salêbêting taun Walandi 1499 utawi ing taun Isaka 1421, mênawi utusanipun sang nata punika, dados yèn makatên ingkang kasêbut ing Pararaton, taun wiwit jumênêngipun Hayamwuruk kêdah dipun kaoli malih nuju ngajêngakên taun Isaka 1278 sarta ing sabakdaning taun Isaka 1265, saminipun ing taun Walandi ngajêngakên warsa 1356, sarta sabakdaning warsa 1343, malah bokmanawi ing taun Isaka 1273, ing taun Walandi 1351, dene lugunipun ingkang kalampahan ing saantawisipun taun Isaka 1438, kalihan taun 1443 utawi ing antawisipun taun Walandi 1516 kalihan 1521, mênggah yêktosipun botên sagêd, utawi botên badhe sagêd kasumêrêpan,

--- 68 ---

ananging miturut pasaksèn ingkang sampun kasêbut ing ngajêng sarta ingkang badhe kasêbutakên ing ngandhap, bêdhahing karaton ing Majapait tamtu wontên ing saantawisipun taun Walandi 1516 kalihan 1521 utawi ing saantawisipun taun Isaka 1438 kalihan 1443.

Salah satunggiling baita panunggilaning bragada baita-baita Sêpanyol ingkang dipun pangagêngi dening Magelhaes anama La Victoria ingkang dipun pandhegani dening Eleaw, inggih punika kala lêlayaran angubêngi bumi, sasampunipun labuh jangkar wontên ing pulo Timur angsal kawan wêlas dintên, lajêng pangkat lêlayaran saking ngriku kala tanggal kaping: 11 wulan Februari taun 1522, saminipun ing taun Isaka ± 1444, wondene ingkang numpang ing ngriku tiyang Itali anama Antonie Pigafetta. mênggah pêrlunipun namung ngupados misuwuring namanipun, sabên dintên Antonie Pigafetta amèngêti kawontênanipun ingkang pinanggih ing sêsêrêpan, awit saking kasarjananipun. Antonie Pigafetta sabên-sabên pinatah minăngka cundakanipun têtiyang Sêpanyol dhatêng têtiyang ing pulo-pulo

--- 69 ---

ingkang dipun ampiri, makatên malih nalika baita ingkang dipun tumpaki kèndêl wontên ing Timur botên wontên malihipun ingkang nyêrati kawontênanipun ing nagari ngriku sarta nagari-nagari sanèsipun kalayan satiti kajawi Pigafetta.

Nalika tanggal kaping: 8 Sèptèmbêr 1522 sarêng baitanipun ingkang dipun tumpaki sampun dumugi ing Saville, lêt pitung dintên, Antonie Pigafetta lajêng nyuwun sowan ing ngarsanipun Sang Nata Karel V. ing sakawit botên tinampenan kados pangajêng-ajêngipun, ing wusana Antonie Pigafetta lajêng kesah ing sapurug-purug ngupados pangayoman sarta pangêcapan anggènipun badhe ngwêdalakên pèngêtanipun. Kalampahan kala ing saantawisipun taun Walandi 1524 kalihan 1534, saminipun ing taun Jawi (Isaka) ing saantawisipun 1446 kalihan warsa 1456 pèngêtanipun sagêd kawêdalakên wontên ing kitha Paris ing nagari Prasman, sanadyan wêdalipun namung adhapur pêrtalan cêkakan, ewadene sampun lowung.

Sarêng ing taun Walandi 1550 saminipun ing taun Jawi 1472,

--- 70 ---

kalanipun Ramusio badhe ngwêdalakên anggitanipun Antonie Pigafetta bab lêlampahanipun nagari, katunggilakên kalihan anggitanipun ingkang sampun kapêrtal ing basa Prasman sarana kapêrtal ing têmbung Itali malih ingkang dèrèng nyêkapi, dumuginipun ing pungkasaning abad ingkang kaping sangalas, pangarang anama Amoretti kaparêng angarang pèngêtanipun Antonie Pigafetta ing têmbung Itali, ananging kalintunipun têka mawi dipun karang malih, botên namung kalugokakên babonipun, saya kalintu malih mawi dipun sambêti cariyos ing salajêngipun, ingkang botên satiti pandamêlipun.

Ing nalika taun 1894 pangarang băngsa Itali anama Andrea da Masto angwêdalakên sêrat karangan sarana pambyantunipun ministêr pamulangan Tuwan Relazione ingkang langkung têrang sarta nglugokakên babon pèngêtanipun Antonie Pigafetta, ing Koninklijk Instituut wontên satunggil jilid.

Ing sêrat anggitanipun Amoretti ing bab ingkang nyariyosakên Majapait, wontên ingkang kalintu sakêdhik, [sakêdhi...]

--- 71 ---

[...k] nanging sangêt sarta kisruh, punapa malih ruwêt cariyosipun, ingkang anjêlungupakên Tuwan Tiele sarta Profesor Veth.

Anggitanipun Amoretti kaca 172-173 ing basa Itali ingkang kawêdalakên ing kitha Milan (Milaan) kala ing taun 1800, nyariyosakên manawi nalika Pigafetta ing salêbêting tanggal kaping 26 Januari, Dhesèmber dumugi 11 Februari taun 1522, ngupados katêrangan cariyos bab kawontênanipun ing pulo Jawi angsal-angsalanipun kados ing ngandhap punika:

(I) Têtiyang ing pulo Timur amastani pulo Jawi (ingkang dipun wastani Java Major (Jawi agêng) dening têtiyang Sêpanyol): Jawa (Djawa), mênggah nagari-nagari ing pulo Jawi ingkang agêng piyambak, ingkang sapisan: Majapait (Majapaher), ratunipun ing nagari-nagari ngriku kala têksih sugêngipun, sami-sami ratu ing pulo-pulo ing kiwa têngênipun, agêng piyambak panguwasanipun, sarta ajêjuluk: Raja Pati Unus Sundha (Raja Pati Unus Sunda) ing ngriku (ing pulo Jawi kathah tanêmanipun mrica,

--- 72 ---

dene nagari-nagari ingkang agêng sanèsipun, punika: Daha, Dêmak, Gajahmada, Mêntaraman, Jêpara, Sidayu, Tuban, Grêsik, tuwin Surabaya.

Lêt satêngah mil saking pulo Jawi wontên pulo-pulonipun malih, namanipun kapuloan Bali, tiyang Portêgis amastani Java Minor, sarta pulo Madura, mênggah agêngipun pulo-pulo punika salang-sêbat kemawon.

Para pangarang tuwan-tuwan, S(paan?) sarta V(alck?) pangarangipun sêrat-sêrat dêdamêlanipun, inggih sampun anêtêpi punapa ungêling sêrat babon anggitanipun Tuwan Amoretti bab pulo Jawi agêng (Java Maggiore kaca: 172-173) dene ing candhakipun anggitaning tuwan-tuwan sakalihan wau Nog iets over de oudste Mohammedaansche vorsten op Java inggih punika wêwahan sawatawis bab para ratu Islam ing pulo Jawi ingkang sêpuh-sêpuh piyambak, kasêbut ing tijdschrift van Ned.-Indië kala ing taun 1871 ing bagian II kaca: 444-446, nyêbutakên manawi sakathahing karaton tuwin nagari ingkang kasêbut ing anggitanipun [anggi...]

--- 73 ---

[...tanipun] Pigafetta, ingkang kawêdalakên ing basa Prasman dening Amoretti kala ing saantawisipun tanggal 22 Sèptèmbêr 1800 tuwin 23 Sèptèmbêr 1801 ing kaca: 216-217 inggih punika pêrtalan ingkang cinacad kirang jangkêp dening Tuwan Rouffaer, sampun pinanggih maksudipun sarana kaparinci aksaranipun, kados ta: ingkang dipun wastani karaton Gajahmada, (amriksanana Veth: Java I, kaca 256) bokmanawi ingkang langkung pakèwêd amadosi lêrêsipun têmbung: minutaängen, pikajêngipun: Mataram, utawi Mêntaraman[12] inggih karaton Mataram, ing Veth Java I kaca 279 nut 4 kasêbut manawi mêdaling anggitanipun Pigafetta wontên ing salêbêting taun 1830, katêrangan punika saking lêpating pangêcap kemawon, lêrêsipun 1800, kajawi punika ing Veth Java I, cap-capan ingkang kaping kalih, pinanggih kathah panunggilanipun lêpat alit-alit saking pangêcapipun.

--- 74 ---

Awit pêrtalanipun Amoretti saking anggitanipun Pigafetta, Tuwan Tiele nyariyosakên ing panjurungipun dhatêng Koninklijk Instituut 4 I taun 1878 ing kaca 346 ing nut 4 makatên:

Pigafetta amastani yèn ingkang dipun wastani Raja Pati Unus utawi Dipati Unus wau prabu ing Majapait ingkang wêkasan. Barros amastani yèn Radja Pati Unus lajêng dados ratu wontên ing Pasundhan, Profesor Veth nglugokakên ungêling anggitanipun Barros amastani yèn Dipati Unus lajêng madêg ratu wontên ing Pasundhan, kasêbut ing Veth Java I 1896 kaca 279 ing nut 4. Mênggah cariyosipun Pigafetta ingkang kasêbut ing pêrtalanipun Amoretti ingkang makatên punika kangelan anggènipun ngintên-ngintên, bokmanawi saking kalintunipun anggèning angsal katêrangan nalika wontên ing Timur, nagari karaton ing Pasundhan kalintu kalihan nagari karaton ing tanah Jawi.

Mênggah lêrêsipun ingkang kasêbut ing nginggil, ingkang kula sukani tăndha (I) punika makatên:

--- 75 ---

Têtiyang Timur amastani pulo Jawi, (ingkang dipun wastani Java Major) (Jawi agêng) dening têtiyang Sêpanyol: Jawa (Jawa), mênggah nagari-nagari ing pulo Jawi ingkang agêng piyambak punika Majapait (Majapaher) ratunipun ing ngriku kala têksih sugêngipun sami-sami ratu ing pulo-pulo kiwa têngênipun, agêng piyambak, sarta ajêjuluk Raja Pati Unus (malihipun) Sundha, ing ngriku kathah tanêmanipun mrica, tuwin Daha, Dêmak, Gajahmada, Mêntaraman, Japara, Sidayu, Tuban, Grêsik, Surabaya, sarta Bali. Dene ingkang kenging ugi dipun wastani Jawi alit (Java Minor) (miturut cariyosipun tiyang ing Timur dhatêng Pigafetta) punika pulo Madura, ingkang dunungipun watawis satêngah mil saking pulo Jawi agêng (Java Major).

Sêrat anggitanipun Barros ingkang kawêdalakên sapisan kala ing salêbêting taun Walandi 1553, ingkang nyariyosakên kalanipun tanah Malaka linurugan dening bragada baita Jawi, sarta kapandhegan dening Pati Unus (Dipati Unus) nalika ing akiripun taun [tau...]

--- 76 ---

[...n] Walandi 1512, ing lib. (bab) IX cap. (adêg-adêg) 4 ing perangan cariyos wau Barros nyariyosakên kalayan cêkak bab wontênipun ing tanah Jawi kala jaman rumiyin, têtiyangipun ing ngriku sami nêmbah brahala, ananging lami-lami têtiyangipun ing pasisir sarta ing kitha-kitha pabandaran dipun Islamakên dening bangsanipun piyambak, têtiyang bangsanipun piyambak ingkang ngislamakên wau sami tampi wulang bab agami Islam saking têtiyang Malayu ing Malaka ingkang sami dhatêng gêgramèn ing pulo Jawi. Dene nalika têtiyang Portêgis angêndhih nagari Malaka ingkang dados pangagêngipun ing nagari Jêpara namanipun Pati (Dipati) Unus, ingkang salajêngipun madêg ratu wontên ing tanah Pasundhan, ananging pangarang Barros ing salajêngipun ing wingking botên nyariyosakên punapa-punapa malih bab ingkang magêpokan kalihan madêgipun ratu: Pati Unus (mriksanana Veth I pag. 279), măngka pancèn langkung prayogi bilih bab wau dipun cariyosna, tinimbang ingkang kasêbutakên ing anggitanipun ingkang kawêdalakên dening Lavanha

--- 77 ---

wontên ing kitha Madrid, ing nagari Sêpanyol, kala ing taun Walandi 1615, inggih punika sambêtipun sêrat da Asia jilidan IV, anama sêrat Decade, ing cap.(adêg-adêg) 12 ing lib. (bab) ing Decade IV, (jilidan) Barros[13] nyariyosakên bab manjingipun agami Islam tanah Pasundhan[14] kala ing salêbêting taun Walandi 1526, saminipun ing taun Isaka 1448, ing sadèrèngipun Barros mawi nyariyosakên kathah-kathah bab kontrakipun têtiyang Portêgis kalihan ratu Hindhu (agaminipun) ing Sundha ingkang jêjuluk, Sang Hyang ing Sundha Kêlapa, kala tanggal kaping 21 Agustus 1522, mriksanana Veth I kaca 280-281, baboning kontrak wau dumugi sapriki têksih wontên ing Lisabon, malah dipun rêmbag ngantos ngalantrah wontên ing sêrat

--- 78 ---

Alguns Documentos etc. ing adêg-adêg g, ing kaca 460-461, ingkang kaêcap saha kawêdalakên wontên ing kitha Lisabon, ing nagari Portêgis kala ing taun 1892.

Saupami nalikanipun Barros ngarang sêrat Da Asia Decade IV (jilidan) lib. I (bab) cap. 12 (adêg-adêg) mawi nyandhing sarta mêndhêt pêpiridan saking sêrat kontrak wau tamtu langkung cêtha malih tinimbang namung nyariyosakên sawatawis yèn ing sadèrèngipun taun Walandi 1522, tanah Sundha sampun wontên ing gêgêmanipun têtiyang Islam, ingkang măngka pangagêngipun Pati Unus. Ananging cariyosipun Barros bab dadosipun Ratu Pati Unus wontên ing Sundha wau botên miyambaki, sarêng Tuwan Rouffaer sampun sagêd angsal luguning babonipun sêrat anggitanipun Pigafetta ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng yèn pêrtalanipun cêkakan ing têmbung Prasman sampun nate kawêdalakên wontên ing kitha Paris kala ing saantawisipun taun 1524 kalihan 1534, Pigafetta ugi nyariyosakên [nyariyosakê...]

--- 79 ---

[...n] kalayan têrang yèn Pati (Dipati) Unus madêg ratu wontên ing Majapait, dene Castanheda nyariyosakên yèn Pati Unus madêg ratu wontên ing Dêmak. Cariyosipun sadaya wau madêgipun Ratu Pati Unus ngajêngakên ing taun 1522 saminipun ing taun Isaka ngajêngakên 1444, inggih punika nunggil taun kalihan kala tilaripun. Cêkakipun Barros ragi kêlangkip, bokmanawi sarêng andumugèkakên anggitanipun inggih mangêrtos utawi sumêrêp dhatêng lêpatipun, ananging têka lajêng kakèndêlakên kemawon, kadospundi sagêdipun kêlintu dene piyambakipun pancèn sagêd angsal katêrangan saking sêrat-sêratipun nagari, sami ugi kalihan Castanheda, bab punika têksih kenging dipun larah malih sababipun, supados sagêda ngêkahakên pasaksèn sanèsipun.

Mênggah lêpatipun Barros wau anggèning nyariyosakên yèn Pati Unus madêg ratu wontên ing Sundha tamtu botên saking lêpating pêrtalaning anggitanipun Pigafetta ing basa Prasman, sabab ing pêrtalan wau namanipun Pati

--- 80 ---

Unus inggih pisah kalihan ingkang mungêl Sundha, bokmanawi kemawon ingkang dipun angge babon nalika panganggitipun Barros anggitanipun Pigafetta ingkang kêlintu, dene anggitanipun ingkang lêrês, saminipun kados nalika panganggitipun Barros Decade II inggih ngantos wontên kalih, bokmanawi ingkang satunggal rêsikaning satunggalipun, yèn makatên kêlintunipun: Raja Pati Unus Sundha (Raia Pati Unuz Sunda) sampun wontên: 350 taun. Punapa malih cariyosipun yèn Kêmukus punika pamêdaling Jawi Kilèn, inggih damêl kêlintunipun ingkang maos, katampenan yèn Kêmukus wau pamêdal ingkang pokok ing saanteronipun pulo Jawi.

Mênggah pêpuntoning pamanggihipun Tuwan Rouffaer ingkang kadamêl lêrês dede Barros ananging Castanheda.

Pati Unus punapa Dipati Unus, utawi sintên mênggah luguning namanipun ing Jawi, anggènipun nêlukakên nagari Majapait kala ing saantawisipun taun Walandi 1516 kalihan 1521, saminipun ing taun Isaka 1438 akalihan [aka...]

--- 81 ---

[...lihan] 1443, kala samantên risakipun babarpisan karaton Hindhu ing Jawi Wetan. Ing antawisipun salah satunggiling taun wau Pati Unus lajêng madêg ratu wontên ing Dêmak, sarta ngêrèhakên nagari Majapait, ingkang lajêng seda kala ing salêbêting taun Walandi 1521, utawi ing taun Isaka 1443.

Mirid ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, têtela yèn risakipun karaton Hindhu ing Majapait, sirnanipun têlênging panata agami Hindhu asantun karaton tuwin panata agami Islam kala ing saantawisipun taun Walandi 1516 kalihan 1521 saminipun ing taun Isaka 1438 kalihan 1443.

Miturut ingkang kasêbut ing Sêrat Babad Jawi sirnanipun karaton ing Majapait kala ing taun Isaka 1400, utawi malih ing sêrat babad nyêbutakên manawi ingkang jumênêng sultan ing Dêmak wontên tiga, ingkang sapisan Radèn Patah (Fatah), inggih Sultan Dêmak ingkang kapisan, inggih Panêmbahan Jimbun, (Panêmbahan Sêpuh), laminipun anggèning jumênêng nata yèn botên 9 inggih 12 taun utawi 25, 27,

--- 82 ---

28 utawi 42 taun, yèn botên inggih malah 52 taun laminipun. Ingkang kaping kalih ingkang jumênêng nata ing Dêmak Pangeran Sabrang Lèr, ajêjuluk Sultan Dêmak kaping kalih, jumênêngipun kathah têtiyang ingkang sami suyut jumurung sadaya, kuciwanipun namung jumênêng kalih utawi tigang taun, lajêng seda gêrah cêkèk. Ingkang kaping tiga ingkang jumênêng nata wontên ing Dêmak Pangeran Trênggana, ajêjuluk Sultan Dêmak kaping tiga, sakêlangkung misuwur asmanipun, lamining jumênêngipun yèn botên 7 inggih 46 utawi 49 yèn botên inggih 55, 56 utawi 70 taun. Mriksanana Veth: Java I 1896 ing kaca 238-244 langkung malih ing kaca: 266-268.

Miturut sêrat babad ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raffles kala ing taun 1817 ing jilidan II ing kaca 136, utawi ing taun 1830 ing kaca 148, jumênêngipun sultan ing Dêmak ingkang kaping I laminipun 9 utawi 12 taun. Miturut Tuwan Roorda van Eysinga ingkang kasêbut ing pèngêtanipun Tuwan Meinsma ing taun 1877 ing kaca 9, anggènipun jumênêng laminipun 25 taun. Miturut ing

--- 83 ---

hds. Leiden, Cat. Vreede 1892, nos XCIX, 1e stuk en C laminipun 27 taun. Ing Meinsma, loc. cit. pag. 9 inggih 27 taun. Miturut ing hs. Rad. Ngabèhi Kertapradja, Cat. Vreede XCIX 2e stuk: 28 taun. Miturut babadipun sangkala Tuwan Rouffaer ingkang asalipun saking Ngayogya lamining jumênêngipun 42 taun. Miturut ing Raffles, loc. cit. pag. 230 of pag. 234 laminipun 52 taun. Dene jumênêngipun sultan ing Dêmak ingkang kaping III miturut Roorda van Eysinga ing Meinsma kaca 10, laminipun 46 taun. Miturut ing Raffles ib. pag. 136-138 of pag. 148-151 laminipun 49 taun. Yèn miturut babadipun sangkala Tuwan Rouffaer ingkang asalipun saking Ngayogya, lamining jumênêngipun 55 taun, utawi 56 taun miturut Memorie van den Rijksbestuurder van Solo, ingkang kasêbut ing Sêrat De Wayang Purwa anggitanipun Tuwan Serrurier 1896 ing kaca 105-106. Dene miturut Hss. tiga pisan ing Leiden ingkang kasêbut ing ngajêng sarta Meinsma ing kaca 10, laminipun 70 taun.

Radèn Patah anakipun Arya Dilah Adipati ing Palembang, [Pale...]

--- 84 ---

[...mbang] ingkang salugunipun putranipun Prabu Brawijaya ing Majapait ingkang wêkasan, miturut ing babad angêndhih karatonipun ingkang rama kala ing taun Isaka 1400 saminipun ing taun Walandi 1478, sarta ingkang lajêng ngasta panguwasa nagari namung ngagêm sasêbutan panêmbahan[15] laminipun warni-warni, kados ingkang kasêbut ing nginggil. Sanadyan cariyosipun wau wontêna ingkang lêrês sawatawis, mirid saking warni-warnining cariyos lamining jumênêngipun, sampun nandhakakên yèn wontêning taun-taun wau namung kapiyagah kemawon[16] makatên malih bab jumênêngipun Pangeran Trênggana, sanadyan kenging katamtokakên yèn kalampahanipun sampun lêt lami kalihan bêdhahipun ing Majapait, inggih punika sarêng nagari Majapait sampun tata têntrêm sarta kandhih sayêktos dhatêng Dêmak, tuwin sampun kenging katamtokakên yèn Radèn Trênggana jumênêngipun nata wontên ing Dêmak [Dêma...]

--- 85 ---

[...k] mawi sêsêbutan sultan. Ewadene sarèhning miturut pratelaning taun ing nginggil warni-warni, mila inggih langkung prayogi kakèndêlakên dumugi samantên kemawon rumiyin, malah wontên ugi sêrat-sêrat Jawi sawatawis, kados ta: sêrat babad ing tanah kilèn ingkang kaêcap kala ing taun 1710, sarta kapacak ing Biang-Lala wêdalan ing taun ingkang kaping sakawan, ing Batawi 1855, kasêbut ing kaca 270 amastani yèn Pangeran Trênggana inggih punika sultan ing Dêmak ingkang kaping tiga, namung angsal sêsêbutan Kyai Gêdhe (Kyai Agêng) kemawon, botên ngangge sêsêbutan: sultan, ananging ingkang makatên punika namung têtela saking kasêngitan.[17]

Ing sapunika kantun angrêmbag ingkang nama Sabrang Lor, cocogipun kalihan wontêning cariyos ingkang kasêbut ing ngajêng.

Pangeran Sabrang Lor miturut ing sadaya sêrat babad jumênêngipun sultan ing Dêmak namung sakêdhap, lajêng seda jalaran gêrah cêkèk (Longontsteking).

--- 86 ---

Miturut ingkang kawêdalaken dening Profesor Veth ing anggitanipun Java I ing kaca 268 makatên:

Miturut ing sêrat-sêrat sawatawis, Panêmbahan Jimbun anggènipun ngasta pangrèh praja laminipun 9 taun, wontên ingkang nyariyosakên 12 taun, salah satunggilipun putra kakung gangsal ingkang gumantos ngasta pangrèh nagari Pangeran Sabrang Lor, botên lami inggih punika kalih utawi tigang taun angasta kaprabon lajêng seda jalaran gêrah cêkèk, sasedanipun lajêng kagêntosan dening ingkang rayi nama Pangeran Trênggana. Sawênèhing sêrat wontên ingkang mastani yèn Pangeran Trênggana wau kaprênah putra, ing sajumênêngipun ratu Pangeran Trênggana sakêlangkung misuwur kasaenanipun. Dene bab Pangeran Sabrang Lor Profesor Veth mêksa botên sagêd nilar angênuti ing ngandhaping cariyos makatên:

Mênggah asalipun nama Pangeran Sabrang Lor wau kadospundi, kula botên sagêd andungkap.

Ing ngriki Tuwan Rouffaer ngupadosi cocogipun nama [na...]

--- 87 ---

[...ma] wau akalihan kawontênaning cariyos ingkang kasêbut ing nginggil, makatên panggêlaripun:

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil sultan ing Dêmak ingkang kaping kalih (Pangeran Sabrang Lor), ingkang kawartos seda jalaran gêrah cêkèk, wontêning gêrah wau nyalawados, sarèhning sanès-sanèsipun sultan botên mawi kasêbutakên jalaraning seda, punika têka mawi, saking pamanggihipun Tuwan Rouffaer gêrah cêkèk wau kathah èmpêripun minăngka pasêmoning sinedanan sarana sinuduk ing dhuwung.[18]

Mênawi kapirid saking namanipun, sarta bab anggènipun jumênêng têka namung sakêdhap sangêt, punapa Pangeran Sabrang Êlor punika kajêngipun: pangeran ingkang anggadhahi cariyos wontên ing sabrang êlor, utawi pangeran ingkang sangkanipun saking sabrang êlor. Yèn mila makatên anuwuhakên pangintên ingkang sangêt bilih Pangeran [Pangera...]

--- 88 ---

[...n] Sabrang Êlor punika Pati utawi Adipati Unus, ingkang ing sabakdanipun kalindhih ing yuda akalihan têtiyang Portêgis ing Malaka, sanadyan kawon, nanging kawon utami dening mêngsah prajurit linangkung, măngka tăndha pangèngêt-èngêt ing kotamaning salira ngantos andunungakên jong têtumpakanipun ing nalika mangun yuda, cinungkup wontên ing gisikipun sagantên ing nagari Jêpara, bokmanawi inggih punika ingkang dipun wastani sabrang êlèr, utawi pangeran ingkang dhatêngipun saking sabrang êlèr, inggih Pati Unus wau ugi.

Saking pamanggih kula anyondhongi pangintên ingkang kaping kalih, pangeran ingkang dhatêngipun saking sabrang lèr, têmbung sabrangan (overwal) utawi asring ugi namung cinêkak winastanan sabrang, sagêd ugi anggadhahi pikajêng pangeran ingkang dhatêngipun ing Dêmak saking sabrang (sabrangan) êlèr, awit ing Jêpara prênahipun saking Dêmak mangalèr, manawi dhatêngipun nyabrang ing sagantên numpak baita. Ananging luguning têmbung sabrang ingkang botên anggadhahi têgês: sabrangan, pikajêngipun ing tanah sabrang, punapa [puna...]

--- 89 ---

[...pa] botên sagêd ugi pikajêngipun wau: pangeran ingkang asalipun saking sabrang êlèr, ing tanah sabrang, inggih punika ing Palembang, sanadyan prênahipun saking tanah Jawi ing kilèn, nanging pangaran-aran sabrang êlèr wau botên anèh. Bokmanawi nagari Palembang ing Sumatra dipun wastani dening tiyang Jawi ingkang kathah prênahipun ing salèripun pulo Jawi, namung kapêndhêt dene yèn numpak baita saking Sêmarang utawi saking panggenan ingkang cêlak kalihan Dêmak ingkang kala ing jaman samantên minăngka palabuhan, purugipun mangalèr utawi dhatêngipun saking êlèr, mila ta katêlah ing sabrang êlèr, bokmanawi lairipun wontên ing Palembang, dados asal ing Palembang (sabrang êlèr) rikala Radèn Patah têksih wontên ing Palembang. Milanipun pangaran-aran ingkang makatên botên anèh, awit dumugi sapriki tiyang ingkang dipun kesahakên dhatêng tanah sabrang, kawastanan: dipun ngalèrakên, botên mawi mawang prênahipun. Ananging wontêning pangaran-aran utawi katêlahing nama ingkang kados: sabrang êlèr, Sultan Sêpuh,

--- 90 ---

sapanunggilanipun, punika ingkang limrah têmtu wontên sisihanipun, kados ta: sabrang êlèr, kalihan sabrang kilèn, pangeran adipati sêpuh kalihan pangeran adipati ênèm, dados kathah lèrègipun dhatêng sabrangan lèpèn.

Sêrat sajarah ing Dêmak gadhahan kula, ingkang suraosipun sanadyan ragi gèsèh sakêdhik akalihan sajarah angsalipun Tuwan Rouffaer saking Radèn Tumênggung Sutanagara, bupati pulisi ing Klathèn, kêdah kula gêlarakên ing ngriki, supados kasumêrêpana gèsèhipun, bokmanawi kenging kangge têtimbangan.

Makatên suraosipun sajarah ing Dêmak gadhahan kula:

Prabu Brawijaya wêkasan ing Majapait, jumênêngipun nata anggêntosi ingkang rama nalika ing taun Isaka: 1374, pikantuk 26 warsa. Bêdhahipun nagari Majapait anunggil taun kalihan adêgipun masjid ing Dêmak, kala ing warsa 1400, nuntên Sunan Prabu Satmata kaping 2 ing Giri ingkang katêlah ing nama Sunan Kidul amakili jumênêng

--- 91 ---

nata ing Majapait kala ing taun 1401, angsal 12 taun lajêng asrah kaprabon dhatêng Panêmbahan Natapraja jumênêng sultan ing Dêmak ingkang kapisan, ajêjuluk Kangjêng Sultan Sah Alam Akbar Senapati Jimbun, Sirullah Khalifatul Rasul Amiril Mukminin, Tajudin Ngabdul Khamid Khak, karan Sultan Ngadil Surya Ngalam (Radèn Patah) jumênêngipun ing taun Jimawal ăngka 1413 Isaka. Sarêng jumênêng sultan angsal 27 taun lajêng anggarwa putrining Sunan Ngampèldênta anama Rara Jumantên, kasêbut nama Ratu Panggung, sarta apêputra sanga: 1. Radèn Surya, ajêjuluk Pangeran Adipati Sêpuh, dalêm ing sabrang êlèr, (pikajêngipun ing ngriki bokmanawi ing sabrangan lèpèn ingkang êlèr), jumênêng sultan ing Dêmak kaping kalih ing salêbêting taun Be ăngka 1440 Isaka, laminipun 3 warsa, lajêng seda sumare ing Dêmak. 2. Radèn Săngka, ajêjuluk Pangeran Adipati Anom, dalêm ing sabrang kilèn, (ing sabrangan lèpèn ingkang kilèn) seda kala taksih ingkang rama, kasêbut nama Pangeran Sedalèpèn. 3. Radèn Trênggana, ing sasedanipun [sase...]

--- 92 ---

[...danipun] ingkang raka lajêng jêjuluk Pangeran Adipati Anom, sarta anggêntosi ingkang raka jumênêng sultan ing Dêmak kaping 3. Ingkang kaping 4 putri anama Radèn Ayu Kirana, ajêjuluk Ratu Mas Purnamasidhi, krama angsal Panêmbahan ing Bantên. 5. Radèn Ayu Wulan, ajêjuluk Ratu Mas Nyawa, krama angsal panêmbahan ing Cirêbon. 6. Radèn Teja, dados pangeran ing Pamêkasan, ing Madura. 7. Radèn Wangkawa, ajêjuluk Tumênggung Kandhuruan, jinunjung dening raka sultan ing Dêmak ingkang wêkasan, anama Pangeran Kandhuruan, sarta kadadosakên adipati ing Sumênêp. 8. Radèn Jaladara, seda kala taksih timur. 9. Radèn Alit, jinunjung dening ingkang raka sultan ing Dêmak ingkang wêkasan, anama Pangeran Sêkar, ajêjuluk Pangeran Pamêkas, anggarwa putrinipun Sunan Majagung kapisan, sarta lajêng nurunakên dhatêng Karanglor, wondene para putra ăngka 1, 2, 3, 4, 5 tuwin 9 sami patutan saking garwa padmi, putra ăngka 6, 7 tuwin 8, sami patutan saking garwa pangrêmbe (sêlir).

Radèn Trênggana jumênêngipun sultan ing Dêmak ingkang kaping

--- 93 ---

tiga anggêntosi ingkang raka marêngi taun 1442, laminipun 39 warsa, kasêbut ugi Sultan Dêmak wêkasan.

Ingkang kasêbut ing sêrat anggitanipun Tuwan Rouffaer, miturut ing sêrat ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raffles Radèn Patah (Fatah) inggih sultan ing Dêmak I kala sedanipun atilar putra 6, ingkang pambajêng putri anama Ratu Mas, krama angsal pangeran ing Cirêbon (ing sajarah kula ing nginggil kasêbut Ratu Mas Nyawa ingkang krama angsal panêmbahan ing Cirêbon putra ingkang ăngka 5, saking garwa padmi) putra ingkang nomêr kalih anama Pangeran Sabrang Lor, inggih ingkang anggêntosi ingkang rama jumênêng Sultan Dêmak (kaping II), putra ingkang nomêr tiga Pangeran Sedalèpèn, ingkang nomêr sakawan nama Radèn Trênggana, nomêr gangsal Radèn Kandhuruan, ingkang wuragil Radèn Pamêkas. Dene putra ingkang gumantos nata botên lami lajêng seda, sarta botên apêputra.

Ing sêrat sajarah ing Dêmak gadhahan kula, sultan ing Dêmak ingkang kaping II, anggarwa putrining Bathara Katong, apêputra [apêpu...]

--- 94 ---

[...tra] 4, satunggal Ratu Mas Pambayun, krama angsal Sunan Prawata, kêpanggih sadhèrèk nak-sanak, kalih Ratu Mas Panênggak, krama angsal Tumênggung Mangkurat, ugi angsal sadhèrèk nak-sanak, tiga Adipati Pangeran Panaraga, sakawan Pangeran Anom Madepandhak Ngabdulsalam.

Ing sêrat ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raffles lajêng botên nyariyosakên punapa-punapa malih bab Pangeran Sabrang Lor.

Ing sêrat pratelan sajarah ing Dêmak, angsalipun Tuwan Rouffaer saking bupati pulisi ing Klathèn, Radèn Tumênggung Sutanagara nyariyosakên makatên:

Putranipun Radèn Patah, inggih Sultan Dêmak I, kathahipun 9. 1. Radèn Surya, ing salajêngipun anama Pangeran Adipati Sêpuh, adêdalêm ing sabrang lèr, katêlahing nama Pangeran Adipati Sabrang Lor, jumênêng sultan ing Dêmak ingkang kaping II, ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar (ing sêrat sajarah gadhahan kula ingkang jêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar, Sultan ing Dêmak I, inggih Radèn [Radè...]

--- 95 ---

[...n] Patah, têka sampun beda), putra ingkang nomêr kalih anama Radèn Soka, ing salajêngipun jêjuluk Pangeran Adipati Anom, adêdalêm ing sabrang kilèn, katêlahing nama: Pangeran Adipati sabrang kilèn, seda kala têksih sugêngipun ingkang rama. Ingkang nomêr tiga anama Radèn Trênggana, ing sasedanipun ingkang raka lajêng gumantos sultan ing Dêmak ingkang kaping III, inggih ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar, katêlahipun ing nama: Sultan Dêmak Pamêkas. Ingkang kaping sakawan Radèn Ayu Kirana, ing salajêngipun anama Ratu Mas Purnamasidhi, krama angsal panêmbahan ing Bantên. Putra ingkang nomêr 5 inggih putri, anama: Radèn Ayu Wulan, ing salajêngipun anama Ratu Mas Nyawa, krama angsal panêmbahan ing Cirêbon. Putra ingkang nomêr 6 anama Radèn Teja, lajêng dados pangeran ing Pamêkasan. Ingkang kaping 7 Radèn Wangkawa, jinunjung ingkang raka Radèn Trênggana anama Pangeran Kandhuruan, sarta kadadosakên adipati wontên ing Sumênêp. Ingkang kaping 8 Radèn Jaladara, seda. Ingkang kaping sanga anama Radèn [Ra...]

--- 96 ---

[...dèn] Alit, lajêng jinunjung ingkang raka Radèn Trênggana anama Pangeran Sêkar, ingkang lajêng seda ing lèpèn, milanipun katêlahing nama Pangeran Sedalèpèn, (ingkang kasêbut ing sêrat kula ing nginggil, putra ingkang seda ing lèpèn Radèn Săngka, inggih punika putra ingkang ăngka kalih, ingkang pidalêm ing sabrang kilèn, kalêrês ingkang rayi tumuntên kalihan pangeran adipati ingkang pidalêm ing sabrang êlèr, cocog akalihan sêrat ingkang kawêdalakên dening Tuwan Raffles. namung urutipun putra ingkang gèsèh).

Tuwan Rouffaer nyêbutakên makatên: mênawi angèngêti dhatêng ingkang nama Pangeran Sabrang Êlor, ingkang namung jumênêng nata laminipun 2 utawi 3 taun, anuwuhakên pangintên bilih ingkang nama Pangeran Sabrang Êlor wau Pati utawi Dipati Unus, ingkang tilaripun kala ing salêbêting taun Walandi 1521, saminipun ing taun Jawi 1443, inggih punika ingkang nyirnakakên karaton Majapait, kala ing taun Walandi 1515, saminipun ing taun Jawi 1437, têksih nama Pati Unus.

--- 97 ---

Mênawi namung kapêndhêtakên cocogipun kalihan ingkang kêlimrah kasêbut ing babad Jawi, risakipun karaton ing Majapait kala ing taun 1400 Isaka, utawi manawi mirid ingkang kasêbut ing sêrat pèngêtan saking Radèn Adipati Sasranagara, ingkang kakintunakên dhatêng Koloniale-Tentoonstelling ing Amstêrdham ing salêbêting taun 1883 bab wontênipun ringgit (wayang) tumrapipun ing cariyos Jawi, ingkang sampun kapêrtal sarta kawêdalakên ing kitha Leiden kala ing taun 1896 dening Tuwan Dr. Serrurier tumrap ing karanganipun bab ringgit purwa (De Wayang Purwa) ing kaca 98 salajêngipun, nyêbutakên makatên:

Ing salêbêting jumênêngipun Radèn Patah angasta panguwasa ing nagari Dêmak, ajêjuluk Kangjêng Sultan Sah Ngalam Akbar kala ing taun Isaka 1439, têtiyang Jawi wiwit kathah ingkang sami lumêbêt ing agami Islam, dados Radèn Patah sagêd amêningi kathahipun tiyang Jawi Islam ing taun Isaka 1439 utawi ing taun Walandi 1517.

Miturut babad sangkala ingkang ugi nama Babad Momana,

--- 98 ---

iyasanipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanagara, angsalipun nyambut Tuwan Rouffaer saking Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kala Tuwan Rouffaer kalêrês wontên ing Ngayogya ing taun Walandi 1889, ing ngriku kasêbut makatên:

Ing taun Alip, ăngka 1443, sedanipun Sultan Bintara, lajêng kagêntosan dening putra ingkang katêlah ing nama Pangeran Sabrang Lor, ingkang ing sasedanipun lajêng ginêntosan dening ingkang rayi anama Radèn Mas Trênggana. Dados yèn miturut ing sêrat wau, sedanipun Radèn Patah ing taun Isaka 1443, saminipun ing taun Walandi 1521. Dene yèn miturut pèngêtanipun Profesor Meinsma ingkang kawêdalakên kala ing taun 1877 wontên ing kitha den Haag, kasêbut ing kaca 31, tumraping Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang kawêdalakên dening profesor wau piyambak, ing kaca 61, ingkang katêranganipun mêndhêt saking babad sangkala asalipun saking Profesor Millies, nyêbutakên yèn jumênêngipun nata Pangeran Sabrang Êlèr kala ing taun 1430 dumugi ing taun 1432 Isaka, saminipun ing taun Walandi 1508–1510, yèn kawêwahan [kawêwah...]

--- 99 ---

[...an] malih pratelanipun Tuwan Raffles ingkang kasêbut ing anggitanipun History of Java 1817, I ing kaca 230, utawi ingkang mêdal kala ing taun 1830 ing kaca 254 jumênêngipun ngasta pangwasa Pangeran Sabrang Êlèr kala ing taun Jawi 1455 dumugi ing taun 1457, saminipun ing taun Walandi 1533–1535.

Mênawi bab jumênêngipun Pangeran Sabrang Êlèr ingkang kasêbut ing nginggil wau kagarba dados satunggal, dados kados ing ngandhap punika:

Pati utawi Dipati Unus, ingkang kala ngajêngakên wulan Januari taun 1513 (Jawi 1435) têksih dados pangagêng wontên ing Jêpara, ing wulanipun Januari taun 1513 Walandi, saminipun taun Jawi 1435, nêmpuh yuda dhatêng nagari ing Malaka, wusana tinanggulang dening băngsa Portêgis ngantos binujung, nanging botên sagêd kêcêpêng malah sagêd wangsul dhatêng Japara, kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng. Bokmanawi Pati Unus punika Pangeran Sabrang Êlèr ingkang kawartos jumênêng nata ing Dêmak wontên ing saantawisipun taun Walandi 1516 kalihan 1521 saminipun [sa...]

--- 100 ---

[...minipun] ing taun Jawi 1438–1443, ingkang lajêng ngawonakên Prabu Udara ratu ing Maospait, anakipun Patih Tahan, sarta ambêdhah nagari Majapait ing taun Isaka 1440, (Walandi 1518) punapa malih lajêng jumênêng nata wontên ing Dêmak, amêngkoni tanah Jawi, awit ing taun Walandi 1518 dumugi 1521, utawi ing taun Isaka 1440 dumugi ing warsa 1443, ingkang lajêng seda jalaran gêrah (cêkèk?) longontsteking (kristeek?) pikajêngipun: punapa punika minăngka pasêmonipun: sinuduk mawi dhuwung.

Pamanggih kula yèn mila punika yêktos minăngka pasêmon, raosipun botên sinuduk mawi dhuwung, nanging linawe (jinirêt) jangganipun, awit angsal dening têmbung: cêkèk (napasipun, kortademig) cêkikên ingkang lajêng cêkik (de hik hebben en daarna den doodssnik geven), ingkang jalaran saking kêtêkak jangganipun (cêkak = cêkik = cêkèk) botên saking kasuduk. Dene yèn miturut naminipun ing têmbung Walandi longontsteking inggih sagêd ugi saking krissteek. punapa malih jêjulukipun [jêjuluki...]

--- 101 ---

[...pun] Pangeran Sabrang Êlèr Pangeran Adipati Sêpuh, mênggah kêlintunipun ing pakêcapan Portêgis kala ing jaman kina dados: Pati Unus (Pati Sêpuh?) inggih botên nama anèh.

__________

III. Sajarah Bantên.

Ing ngandhap punika cariyosipun sajarah utawi babad ing nagari Bantên, minăngka tăndha pasaksèn manawi ing Bantên ugi wontên cariyos ingkang sawatawis gêpokan kalihan cariyos ing Jawi.

Ing ngriki wontên cariyos bilih ing nagari Bantên wontên putraning ratu ingkang jumênêng têturutan, ingkang satunggal sawêg yuswa 9 taun, satunggalipun têksih timur sangêt (bayi).

Miturut ingkang kasêbut ing nutipun Dhoktêr Brandhês ingkang tumrap ing sêrat anggitanipun bab nagari Ngayogyakarta ing kaca 426, babad utawi ingkang limrahipun dipun wastani sajarah Bantên, punika ingkang tamtu pandamêlipun kala ing jamanipun Sultan Agung (dede Sultan Agung ing Mataram)

--- 102 ---

jumênêng nata ing Bantên, ing taun Walandi 1651 dumugi 1683, ing sadèrènging madêgipun Sultan Aji (1671–1687 taun Walandi) dene sajarah Bantên ingkang kawrat ing Sêrat Pararaton anggitanipun Dhoktêr Brandhês makatên cariyosipun:

Ing sasedanipun Maolana Yusup kagêntosan dening Maolana Mokhamad, ing sajumênêngipun Maolana Yusup tansah nglêstantunakên punapa ingkang katindakakên dening ingkang rama, ambudi sangêt dhatêng ajêngipun agami Islam, anêdhak buku-buku bab agami ingkang lajêng kasinungakên kangge wakap. Maolana Mokhamad lajêng puruhita dhatêng Pangeran Kasunyatan, awit saking kasêngsêmipun dhatêng puruhita ngantos atilar kaprabon, pandamêl ingkang makatên punika ngantos dados pocapan wontên ing Surasowan, kala punika nagari Bantên sangêt gêmah raharja.

Ing pupuh ingkang kaping 23 kacariyos, Sandisastra apitakèn dhatêng Sandirasmi: punapa yêktos kala ing kinanipun Maolana Mokhamad, nglurug dhatêng Palembang piyambak,

--- 103 ---

Sandirasmi sagah badhe ningali ing primbon rumiyin, sabab botên kèngêtan cariyosipun, sarta sagah maosakên cariyosipun datêng Sandisastra, dene Sandirasmi punika limrahipun anama Sandimaya, Sandirasmi miwiti maos pupuh ingkang kaping 24, makatên cariyosipun:

Ing nalika badhe sedanipun Sang Nata Yusup ing nagari Bantên (ingkang kacariyosakên namung Maolana Gusti) panguwasa agêng nagari kaasta dening Mangkubumi (pêpatih).

Sadhèrèkipun Sang Nata Yusup, ingkang dêdunung ing Japara, anama Pangeran Japara, mirêng saking cariyosipun para sudagar, yèn sadhèrèkipun, sang nata ing Bantên gêrah sangêt, Pangeran Japara sarêng mirêng cariyos ingkang makatên tumuntên mangkat dhatêng Bantên mawi ambêkta wadya samêkta ing dêdamêl, sadumuginipun ing Bantên Pangeran Japara kapondhokakên wontên ing Pagêbangan, botên dangu Sang Nata Yusup lajêng seda, dene ingkang gumantos nata wontên ing Bantên Pangeran Ratu (Pangeran Adipati Anom) [A...]

--- 104 ---

[...nom)] Mokhamad, ingkang têksih timur sangêt, pramila pêrlu mawi wontên ingkang ngêmbani minăngka wêwakilipun sang pangeran ratu. Kala samantên ingkang ngêmbani Kali (qodi[19] = khakim) ing Surasaji (= Surasowan) kalih Senapati Ponthang, tiga Dipati Jayanagari, sakawan Wadyaji, gangsal Wijamanggala, sadayanipun sami rumujuk ing rêmbag, botên wontên ingkang bèncèng, dening sami anggêga dhatêng ing warahipun Patih Mangkupraja, Mangkubumi (pêpatih) ing nagari Bantên.

Ing satunggiling dintên kacariyos yèn saking kajêngipun kyana patih ingkang badhe kaangkat dados Ratu Pangeran Japara, sarêng pawartos wau kapirêng dening Kali (qodi[20] = khakim) ingkang ngêmbani sang pangeran ratu, Kali lajêng ngupados katêrangan bab yêktosipun cariyos wau. Sarêng kapara yêktos Kali tumuntên suka sêrat dhatêng Mangkubumi, suraosipun Kali suka sumêrêp yèn mirêng pawartos bab anggènipun Mangkubumi gadhah kajêng badhe anjumênêngakên ratu Pangeran Japara, yèn pawartos wau kapara yêktos Kali inggih sampun mangayubagya, botên badhe mêmalangi.

--- 105 ---

Kacariyos pikajêngipun Mangkubumi sampun condhong akalihan andêl-andêl sanèsipun, ing sanèsipun dintên Mangkubumi angintunakên liman dhatêng Pangeran Japara pêrlu lajêng badhe kakirapakên. Sarêng Dêmang Laksamana, (Demang Laksamana) (bokmanawi pikajêngipun punika: Senapati) akalihan Mangkubumi (pêpatih) lampahipun dumugi ing sangajênging darparagi (alun-alun) ingkang dunungipun wontên ing sabrangan lèpèn, Pangeran Japara awit saking pamrayoginipun Mangkubumi kinèn ngêntosi wontên ing ngriku rumiyin, Mangkubumi ingkang badhe ngrumiyini lampah nyariyosi dhatêng Kali (qodi),[21] ananging sapintên kemawon kagèting manahipun Mangkubumi, sarêng kapanggih kalihan Kali wontên ing darparagi mawi mangku Pangeran Ratu Mokhamad ingkang têksih timur ingadhêp para wakil sakawan sanèsipun. Mangkubumi sarêng sampun sumêrêp dhatêng pikajêngipun Kali, sarta mangêrtos yèn pikajêngipun piyambak badhe tanpa damêl, malah badhe botên sakeca yèn linajêngna, lajêng wangsul malih dhatêng Pangeran Japara yèn putra kapenakanipun: Pangeran Ratu Mokhamad [Mo...]

--- 106 ---

[...khamad] sampun ngrumiyini kajumênêngakên ratu ing sadèrènging rawuhipun Pangeran Japara, malah mawi ngèngêtakên sampun ngantos Pangeran Japara nglajêngakên tindakipun lumêbêt ing darparagi, yèn ngantos purun-purun nêrak dhawuh wau sampun ngantos takèn dosa, tamtu badhe tinêlasan, Pangeran Japara ingaturan lajêng kondur kemawon dhatêng Jêpara.

Baita têtiga sampun kasumêktakakên măngka sudhiyanipun kagêm kondur lêlayaran, ananging para wadya inggih mêksa sami băndawala pati, têmahanipun Dêmang Laksamana (Demang Laksamana) pêjah kasambut ing yuda, Pangeran Jêpara enggal-enggal ngoncati nitih baita lêlayaran wangsul dhatêng nagarinipun.

Kawartos sarêng sampun têntrêm botên wontên kawis-kawis, Pangeran Ratu Mokhamad lajêng kajumênêngakên Ratu Surasowan, tanpa wontên ingkang mêmalangi, dene ingkang pinasrahan panguwasa agêng nagari sarta ingkang pinatah angêmbani sang ratu, inggih Mangkubumi.

Ingkang kacariyos nuju ing satunggiling dintên wontên baitanipun [baita...]

--- 107 ---

[...nipun] têtiyang Prênggi (Frank) dhatêng ing palabuhan nagari Bantên, ingkang lajêng kalawanan pêrang sabil, têtiyang Bantên angsal jarahan mariyêm kêkalih, ingkang satunggal kanamakakên Kalantaka (Kalantaka) satunggilipun Urangayu.

Ing salajêngipun pupuh ingkang kaping 25 nyariyosakên:

Kala punika santananipun sultan ing Dêmak anama Pangeran Êmas, ingkang sakêlangkung alim, sarta rêmên lêlana anjajah nagari-nagari, dhatêng ing Surasowan, (miturut: de Jonge, Opkomst enz. II, 196; zie noot Dr. Brandes: Pararaton pag. 114.) Pangeran Êmas punika Pangeran Dêmak, ingkang kapanggih kalihan băngsa Walandi kala dhatêngipun ing Bantên sapisan, sultan ing Bantên lajêng puruhita dhatêng Pangeran Êmas.

Nuju ing satunggiling dintên sultan ing Bantên andangu dhatêng gurunipun, Pangeran Êmas, kalihan anudingi baita ingkang sampun rinisak, ing pundi sagêdipun ngêdêgakên pêrang sabil malih kados ingkang sampun punika, awit [awi...]

--- 108 ---

[...t] panjênênganipun sultan dahat kasêngsêmipun. Pangeran Êmas angaturi priksa: ing Palembang, ingkang kala samantên têtiyangipun têksih dèrèng lumêbêt ing agami Islam, kala Pangeran Êmas lêlana anjajah nagari-nagari, wontên ing Palembang mawi nilar addhan satunggal.(?) anama Sora Addhan wau kasumanggakakên sang nata, piyambakipun ingkang badhe mitulungi sang nata mênawi anggêbag pêrang sabil ing nagari Palembang.

Sultan Mokhamad paring dhawuh nyumêktakakên baita sabragada ingkang badhe kagêm mangsah ing pêrang sabil dhumatêng Palembang, sanadyan Mangkubumi pancèn botên angrujuki ingkang dados karsanipun, ewadene kapêksa andhèrèk tindakipun sang nata, Pangeran Êmas inggih botên kantun, dene panguwasa agêng nagari kapasrahakên dhatêng Kali (qodi).[22] Ing satindakipun sang nata salah satunggilipun garwa, ingkang anama: Putri Adimulya, putri saking bumi Gêhi, sawêg kalêrês bobot gangsal wulan.[23] Sasampunipun [Sasampu...]

--- 109 ---

[...nipun] sang nata anglêmpakakên para punggawa ing nagari Lampung, ing Tulangbawang, ing Sêputih saha ing Sêmăngka (Semăngka) lajêng badhe anêmpuh nagari Palembang mêdal ing dharatan, para wadya ing Bantên anggènipun badhe lumêbêt ing nagari Palembang sami numpak baita, nungsung ing lèpèn. Bètèngipun têtiyang Palembang rangkêp sakawan, ingkang kadamêl kajêng tambêsu, têtiyang Bantên inggih nuntên ngêdêgakên bètèng, sarêng sampun sami samêkta nuntên pêrang rame, sawêg rame-ramenipun kasaru nungkak ing wanci mahrib, Sultan Mokhamad adhawuh ngungêlakên têngara kèndêlipun pêrang rumiyin, awit sampun mangsanipun sêmbahyang, para wadya kinèn sami salat mahrib rumiyin, sang nata sapandhèrèkipun lajêng sami wangsul dhatêng baita, sarta minggah ing pêpanggungan (pepanggungan = panggungan?) botên wontên ingkang purun dados imam, milanipun sang nata ingkang karsa ngimami piyambak, sarampungipun anggèning sami sêmbahyang lajêng sami dhikir. Têtiyang Palembang têksih nglajêngakên panyênjatanipun, saya sangêt malih dhatêng baita titihanipun sang nata, anama Endrajaya (Indrajaya)

--- 110 ---

sarta katujokakên panyênjatanipun dhatêng pêpanggungan, wontên mimis ingkang ngèngingi palangkan waos, ambalik ngèngingi sang nata satêmah labêt, tuwin ngèngingi sanèsipun tiyêng malih. Mangkubumi awas tumingal, sang nata enggal dipun palajari, saha lajêng ginotong lumêbêt ing sênthonging baita, dene Mangkubumi namung linggih wontên ing satêngahing kori, angaling-alingi sampun ngantos wontên mimis ngèngingi sang nata malih, para wadya botên sumingkir saking papan pakèndêlanipun. Ananging sasampunipun kalampahan tigang dintên kalihan labêtipun sang nata, Mangkubumi andhawuhakên têrang karsanipun sang nata, bodhol wangsul kondur dhatêng Bantên, kajawi Pangeran Êmas ingkang têksih kantun kalihan para wadyabala.

Sadumuginipun ing Bantên Mangkubumi tumuntên suka sumêrêp dhatêng dharatan punapa kawontênanipun sang nata ingkang ing kala punika sampun seda, Mangkubumi botên kesah-kesah saking baita, têksih tansah nênggani layonipun sang nata.

Ing nalika punika Kali (qodi)[24] inggih suka sumêrêp dhatêng

--- 111 ---

Mangkubumi mênawi garwanipun sang nata ingkang katilar sawêg bobot: putri saking bumi Gêhi, ambabar kagungan putra miyos kakung. Mangkubumi amangsuli: putra ingkang mêntas kababarakên kinèn ambêkta dhatêng surambining Masjid Agêng, sampun abinusanan kaprabon, sarta langkêp saupacaraning rajaputra ingkang badhe kajumênêngakên nata, ingkang supados manawi layonipun ingkang rama sampun kabêkta dhatêng surambining Masjid Agêng, putra lajêng kajumênêngakên nata pindhah, saèmpêr kados ingkang rama piyambak ingkang anjumênêngakên. Dene ingkang pinitados măngka wêwakilipun sang nata timur, anama Jayanagara. Kala sedanipun sang nata (kang mantuk ing rahmating sih = ingkang seda tilar donya kondur dhumatêng ing rahmatullah), amarêngi ing taun 1501 (?) (Prabu Lêpas Tataning Prang), măngka lêrêsipun kala samantên taun Walandi nuju ăngka 1581 dados ing taun Jawi nuju ăngka 1503.

Amangsuli cariyos ing nginggil, nalika sedanipun Sultan Mokhamad sawêg yuswa 25 taun, jumênêngipun nata sampun angsal 16 taun, ing sasedanipun katêlah

--- 112 ---

nama Pangeran Seda ing Palembang, namung punika cariyosipun Sultan Mokhamad, ing ngandhap kasêbut cariyos ingkang kawrat ing pupuh ingkang kaping 26 dumugi 28, anyariyosakên mênggah ingkang dipun wastani Pahilir (Pahilir).

Pangeran Abdulkadir, inggih punika Sang Ratu Timur, pamomongipun anama êmban Rangkung, Patih Amangkubumi ingkang măngka wakilipun pangrèh nagari, dene gurunipun ngaos punika semahipun Kali (qodi),[25] ing saajalipun Mangkubumi sang pangeran sampun agêng, pangrèh nagari lajêng kapasrahakên dhatêng Nyai Agêng Wanagiri, gumantos dados wêwakilipun sang pangeran, awit kala samantên lêlampahanipun nagari wontên gingsiripun, Nyai Agêng Wanagiri kaprayogèkakên imah-imah angsal Mangkubumi enggal, inggih sampun linampahan, Mangkubumi lajêng tumut rumêksa sarta anggêgulang sang pangeran dhatêng ing lampah kautamèn, bab kawruh pangrèh nagari sapanunggilanipun, sang pangeran botên nate katilar, malah sadaya lampah kaluhuran tataning kaprabon kagêsangakên malih tumrap sang pangeran, makatên ugi sasapton [sasa...]

--- 113 ---

[...pton] (watang?) sabên-sabên sasapton (watangan?) sang pangeran katitihakên ing kuda bêboncengan kalihan Mangkubumi. Ingkang makatên punika lami-lami botên dadosakên rênaning manahipun para nararya, amargi kêrêp kemawon katawis yèn pahargyaning nata sayêktosipun namung katumrapakên dhatêng awakipun piyambak mawi aling-aling sang pangeran. Para nararya sami sarêmbag amêjahi Mangkubumi, ingkang măngka pangagêngipun Pangeran Manggala sarta Pangeran Mandura, Kali namung kaangkah sumingkiripun kemawon, awit para nararya sami wêlas dhatêng Pangeran Abdulkadir mênawi tumut dipun pêjahana. Adipati Yudanagara ingkang sagah matrapakên panyidranipun, anggêripun kajagia sampun ngantos Pangeran Abdulkadir sagêd mitulungi dhatêng Mangkubumi jalaran awis sangêt pisahipun. Adipati Yudanagara ambêsmi kadhaton, Mangkubumi sarêng mirêng kabêsmining kadhaton, enggal-enggal mêdal lumajar piyambak, dumugi ing jawi nuntên pinêjahan, ananging botên sagêd ngapisani, Mangkubumi mêksa têksih sagêd oncat saking sagotrah [sago...]

--- 114 ---

[...trah] ing ngriku milênggahakên prakawis wau dhatêng Kali (qodi),[26] wangsulanipun kali botên sagêd tumut ngrêmbag prakawis wau, jalaran piyambakipun tiyang pakir (pêkir), para nararya angangkah supados sampun ngantos andadosakên dukanipun Pangeran Abdulkadir, pramila panêtêripun tansah ingecanan kemawon, sarana dipun sagahi angukum dhatêng tiyangipun ingkang nindakakên piawon.

Pangeran Kulon, Pangeran Singaraja, Ratu Bagus Kidul, Ratu Bagus Prabangsa (Prabangsa) botên sarănta, Adipati Yudanagara ngaub dhatêng para pangeran wau, Rănggaloleta, Ăndhamoi Kalang, Iramanggala, Singajaya, Kyai Sabandar, Tumênggung Ănggabaya, sarta Panji Jayèngtilam sami anggolong dhatêng para nararya, sarta lajêng sami milir dhatêng pasitèn Hilir: ing kapalembangan, sadaya têtiyang ing Hilir sampun sami sabiyantu ing rêmbag kalihan para ingkang dhatêng wau anjumênêngakên Ratu Pangeran Kilèn, dene pêpatihipun: Pangeran Arya.

Pangeran Ranamanggala amapagakên para kraman.

--- 115 ---

Pupuh ingkang kaping 27 nyariyosakên:

Wijayamanggala sanadyan padununganipun wontên ing Hilir, ewadene botên purun anggolong dhatêng kraman, malah lajêng angesahi dhatêng Saruni, sadumuginipun ing pulo Dhadhapan katututan dening Adipati Yudanagara, cinêpêng sarta pinêjahan, dene rajadarbèkipun lajêng kajarah-rayah dening têtiyang ing Batawi, (samantên dèrèng wontên nagari Batawi, panganggening nama sulaya kalihan jamanipun), para kraman nuntên sami pradandosan mangsah yuda dhatêng Bantên.

Pupuh ingkang kaping 28 anyariyosakên, ing salêbêting băndayuda, Pangeran Ranamanggala akalihan Sang Ratu Timur mariksani campuhing wadya saking nginggiling bètèng, para mêngsah ingkang andhatêngi tinanggulang dening wadya nata sami bibar wangsul salang-tunjang. Pangeran Jakarta lajêng dhatêng ing Surasaji, amirukunakên para nararya ingkang botên purun manut sami ingajak dhatêng Sulakêrta, (= Jakarta), Pangeran Kilèn, Pangeran Singaraja, sarta Tubagus Prabangsa sami tumut Pangeran Jakarta dhatêng Batawi, sarta

--- 116 ---

sami dêdunung wontên ing ngriku laminipun kawan taun lajêng wangsul dhatêng Bantên malih. Mênggah madêging kraman ingkang karan ing nama Pahilir wau, ing babad sinêngkalan: tanpa guna tataning pêrang (1530), saminipun ing taun Walandi 1608, măngka adêgipun nagari Batawi ing salêbêting taun 1619. Dening Gupêrnur Jendral Jan Pieterszoon Koen mila ing salêbêting Pahilir nagari Batawi pancèn dèrèng wontên, pandamêling Babad Bantên kala ing taun Walandi 1662/'63. ingkang damêl bokmanawi kirang ngrêmbag dhatêng wontêning nagari Batawi.

Kacariyos wangsulipun para nararya saking Batawi, ing nagari Bantên sampun tata arja, botên wontên kawis-kawis.

Pupuh ingkang kaping 29 nyariyosakên:

Sarêng sampun antawis lami lêtipun, nagari Bantên badhe ngangkatakên wadyabala malih anggêcak nagari Palembang, ananging botên siyos tumindak jalaran panjênênganipun sang nata têksih timur sangêt.

Têtiyang Sumênêp ingkang sami kapalajar dhatêng Bantên, nalika nagari Sumênêp kajarah dening nagari Mataram, botên [botê...]

--- 117 ---

[...n] dipun tampèni manggèn ing Bantên dening Pangeran Ranamanggala, pangangkahipun sampun ngantos dados dhadhakaning pasulayan kalihan nagari Mataram, pramila lajêng sami wangsul, têmahan kacêpêng dening wadya Mataram lajêng kabêsêm gêsang-gêsangan wontên ing Mataram, namung Pangeran Pajajaran, sarta Pangeran Pringgalaya sawadyanipun ingkang kalilan manggèn ing nagari Bantên, awit têksih gêpokan santana kalihan sang nata ing Bantên, dene Pangeran Pringgalaya wontên ing Bantên mondhok wontên ing griyanipun Dipati Ponthang.

Namung dumugi samantên ingkang pêrlu kacariyosakên ing ngriki.

__________

IV. Cariyosipun para Ratu ing Nagari Pase.

Babadipun têtiyang Malayu inggih wontên ingkang nyariyosakên kala nagari Majapait andon pêrang ngêlar jajahan, sarta kala bêdhahipun nagari Pase (Pasay) dening Majapait, kados ta: Khikayat Raja-raja Malayu, Salalat Al Salatin, babadipun nagari Pase tuwin [tu...]

--- 118 ---

[...win] Sajarah Malayu. Wondene ingkang pêrlu kacariyosakên ing ngriki Khikayat Raja-raja Pase, makatên cariyosipun:

Sang Ratu Marahsilu ingkang iyasa nagari Samudra, ing sabakdaning kagungan putra kakung ingkang anama Malik Al Tahir lajêng iyasa nagari Pase, putra wau kajumênêngakên ratu wontên ing nagari ngriku, dene ing sasedanipun ingkang rama, Sang Pangeran Malik Al Tahir inggih anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu wontên ing nagari Samudra.

Sang Nata Malik Al Tahir kagungan putra kêkalih, anama Malik Al Mahmud, akalihan Malik Al Mansur, ingkang lajêng kalèngsèr saking kaprabon dening ingkang raka: Malik Al Mahmud, sarta kabucal dhatêng ing sanès nagari. Malik Al Mahmud lajêng asrah pangrèhing nagari dhatêng putra ingkang nama Ahmad.

Kacariyos Pangeran Ahmad apêputra kalih, satunggal anama Sibrahim Bapa, satunggalipun Abdhaljèlil.

Gêntos ingkang kacariyos, putrinipun Sang Prabu ing Majapait ing sakawit tinantun krama botên karsa anglampahi, [anglampah...]

--- 119 ---

[...i] dangu-dangu sarêng tinêtêr inggih nyagahi, ananging sang putri kagungan panuwun, sagêda angsal jatukrama rajaputra ingkang warninipun dados panujuning galih. Pramila lajêng kadhawuhakên anglêmpakakên gambaripun para rajaputra, wondene ingkang dados kaparênging galihipun sang rêtna Rajaputra Abdhaljalil. Sarêng sang putri priksa gambaripun Pangeran Abdhaljalil, sakalangkung kenyut ing galih kasêngsêm ningali warninipun sang pêkik, ing wusana lajêng mothah dhatêng ingkang rama sumêja tindak nginggah-inggahi dhatêng ingkang cinitra ing gambar, saking adrênging galih, karsanipun sang putri botên kenging winaonan.

Kacariyos pangeran kêkalih: Sibrahim akalihan Abdhaljalil sami pinêjahan dhatêng ingkang rama piyambak, sang pangeran ingkang ênem jalaranipun, awit sang nata kêmeron ing galih, mirêng yèn ingkang putra dipun kedani rajaputri ing Majapait.

Gêntos ingkang kacariyos, sang putri sampun mangkat saking nagari Majapait nitih baita, sarêng sampun badhe dumugi ing nagari ingkang badhe dipun dhatêngi, sang putri mirêng pawartos [pa...]

--- 120 ---

[...wartos] yèn Pangeran Abdhaljalil sampun seda winisesa dhatêng ingkang rama piyambak, ing sanalika sang putri têlas budinipun, têmahan dipun labêti milalu ngayut tuwuh saliranipun kablêbêgakên ing sagantên saha baita titihanipun, punapadene têtiyangipun sami ambelani pêjah tumut nyilêm ing sagantên. Dene bragada baita-baita ingkang andhèrèkakên tindakipun sang putri lajêng sami wangsul dhatêng pulo Jawi malih, ing salajêngipun sang prabu ing Majapait nyamêktakakên baita saha lajêng nglurugakên wadyabala dhatêng nagari Pase, ingkang lajêng ginêbag ing pêrang rame, ing têmahanipun nagari Pase mêksa kawon sarta lajêng kabawah ing nagari Majapait.

Ing salajêngipun sêrat babad wau nyariyosakên kala wangsulipun bragada baita Majapait sawadyanipun mawi mampir ing Jambi sarta ing Palembang, ingkang lajêng nungkul tanpa lawan, ing salajêngipun sang prabu ing Majapait ngangkatakên wadya anggêbag bawahipun raja ing Ujungtanah, inggih punika ing Ujungtanah Malaka, Tanjung Rumani, ingkang ugi sami nungkul, kados ta: nagari Timbalan, Siantan, Jêmaya, [Jê...]

--- 121 ---

[...maya] Bunguran, Sirasan, Subi, Pulolaut, Tiyoman, Pulotinggi, Pamanggilan, Karimata, Bêlitung, Bangka, Lingga, Rio, Bintan, sarta Bulang, awit saking ungguling yuda wau, adamêl gambiraning manahipun para wadya ing Majapait. Sarampungipun anggèning nêluk-nêlukakên nagari-nagari wau, para wadya nuntên sami nglurugi tanah dharat Borneo, ingkang lajêng nêlukakên nagari Sambas, Mêmpawa sarta Sukadhana, punapa malih lajêng mrèmèn andhatêngi nagari Kutawaringin, Banjarmasin, Pasir, Kute tuwin Bêrau, ingkang ugi sami têluk sadaya. Antawis kalih taun lêtipun bragada baita-baita wau sawadyabalanipun kaangkatakên dhatêng kapuloan ingkang sisih wetan, sarta nêlukakên nagari Bandhan, Seram, tuwin Larantuka, ing sawangsulipun lajêng nêlukakên nagari Bima, Sumbawa, Seloparang, Bali tuwin Balambangan, ing saantukipun saking nêluk-nêlukakên para wadya ing Majapait ambêkta barang jarahan sakêlangkung kathah.

Ing satêlukipun pulo-pulo wau, nagari Majapait lajêng badhe nglurugakên wadya anêlukakên pulo Pèrcah. [Pèr...]

--- 122 ---

[...cah] Mênggah ing ngriki ingkang dipun wastani pulo Pèrcah punika dene pulo Sumatra sadaya, ananging namung peranganipun. Sang Prabu ing Majapait mangêrtos manawi pulo wau botên gampil anggèning nêlukakên sarana ginêbag ing pêrang, kajawi sarana paekan. Sang nata ing Majapait anggèning badhe nglurugakên wadyabala dhatêng pulo Pèrcah mawi binêktanan maesa, sêngadi badhe kalurugakên ingabên.

Para wadya sampun sami mangkat, sadumuginipun i[27] Jambi lampahipun têrus dhatêng nagari-nagari ingkang têngah, inggih punika ing Hulu Jambi ngantos dumugi ing Priyangan.

Sarêng sampun dumugi ing ngriku, Patih Siwatang (pêpatih ing nagari ngriku, ing sêrat sanèsipun kasêbuting nama: Dhatu Pêrpatih Sibatang, zie noot 3) ngakèn nututi lampahipun wadya Majapait wau, nuntên sami abên-abên maesa, maesa ing Majapait kamêngsahan maesanipun Patih Siwatang, ingkang têksih ragi gudèl, sarta ingkang kajarag dipun luwèni sangêt supados sampun ngantos purun bêrik. Kayêktosanipun sarêng maesa kêkalih wau sampun [sa...]

--- 123 ---

[...mpun] ajêng-ajêngan badhe dipun abên, maesanipun Patih Siwatang botên purun lawan, awit sampun botên anggadhahi kêkiyatan, jalaran saking sangêting luwe. Maesa lurugan saking Majapait sarêng sumêrêp wontên maesa lundha-lundhu makatên angintên yèn mêngsahipun wau maesa èstri, milanipun inggih botên purun mêngsah, malah lajêng dipun cêlaki kemawon. Awit saking punika maesa ing Majapait kaanggêp kawon, (punapa janjinipun êpur mênang?) sabibaripun abên-abên maesa, Patih Siwatang sarta patih katumênggungan sami andhatêngakên têtiyang ing laladanipun nagari ngriku, sêngadinipun sami dipun suruhi damêl karamean bingah-bingah, dene maesanipun Patih Siwatang sagêd mênang, ngawonakên maesa ing Majapait. Ananging sasampunipun kathah têtiyang ingkang nglêmpak, wadya ing Majapait lajêng tinutup, wusana sagêd dhadhal sami lumajar mantuk dhatêng nagarinipun. Wiwit kala samantên nagari Priyangan dipun wastani Mênangkêrbo (Menang Kerbau), kapiridakên saking maesa ingkang mênang wau.

--- 124 ---

Cariyos ing nginggil punika ugi kasêbut ing Netschers: verzameling van overleveringen van het rijk van Menangkebau pêrtalan saking luguning babon ingkang têmbung Malayu, ing Indisch Archief III, bldz. 53, namung suraosipun ingkang ragi wontên gèsèhipun, wontêning cariyos botên gagêpokan kalihan nagari Majapait.

Mênawi cariyos ingkang kasêbut ing nginggil katêpangakên kalihan cariyos kalih pisan ingkang kasêbut ing Pararaton II, salong kosok wangsul, awit dene cariyos ing nginggil nêrangakên manawi lugunipun anggèning nêluk-nêlukakên nagari Majapait sabakdanipun taun 1267 Isaka, malah sampun êlêt pintên-pintên taun, katitik saking kalampahanipun nagari Majapait angangsahakên wadya, sarêng wayahipun sang nata Pahir sampun jumênêng ratu wontên ing Pase. Mênggah nagari-nagari ingkang katêlukakên dhatêng Majapait, ingkang kasêbut ing cariyos punika, salong sami kalihan ingkang kawrat ing sêrat Pararaton, salong wontên ingkang nyulayani. Kados ta: ing Pararaton nyêbutakên mênawi [mêna...]

--- 125 ---

[...wi] Sumatra sisih kilèn, kalêbêt tanah Mênangkabo sampun katêlukakên dhatêng nagari Majapait kala ing sadèrèngipun ingkang kacariyos ing sêrat punika. Dene ingkang nama nagari Tanjungpura akalihan Tumasik, punika ingkang dèrèng têrang. Makatên malih ingkang dipun wastani Malayu, ingkang kasêbut ing Pamalayu ing Sêrat Pararaton inggih botên kenging kaanggêp dumunung ing Sumatra sisih wetan, malah kosok wangsul manawi mirid ingkang kasêbut ing sajarah Malayu têtiyang Malayu ingkang kala samantên sarawungan kalihan têtiyang Jawi padununganipun ing Sumatra ingkang sisih kilèn, utawi ing sacêlakipun ngriku. Punapa malih pulo Jawi ing sajarah Malayu, awitanipun sampun amastani yèn namanipun Majapait, kados ingkang sampun kasêbut ing Pararaton ing bab panglarahing dunungipun nagari Tanjungpura. Wontênipun nagari Majapait kintên-kintên sampun wiwit kala abad ingkang kaping sawêlas ing taun Isaka, măngka nitik kalihan ingkang kasêbut ing sajarah Malayu bab VI ingkang kawêdharakên ing nginggil, nalika nagari Majapait, nglurugakên wadya mêmêngsahan [mêmêngsaha...]

--- 126 ---

[...n] kalihan têtiyang Malayu ing kapuloan Rio tuwin Lingga, pancèn dèrèng wontên nagari Majapait. Ing sajarah Malayu bab IV tuwin X kacariyos bab panglurugipun wadya Majapait dhatêng Singapura ngantos kaping kalih, ingkang sapisan wadya Majapait nêmahi karisakan, ingkang kaping kalih angsal damêl.

Kajawi punika ugi pêrlu kasumêrêpan bab-babipun sajarah Malayu ingkang ngajêng-ajêng murih têrangipun malih.

Sarampungipun bab II nyariyosakên lampahipun Sang Sapurba, yèn Sang Sapurba sasampunipun kapanggih kalihan sang prabu ing Majapait wontên ing Tanjungpura, lajêng dhatêng ing Lingga sarta ing Pripitan Sambor, wontên ing Pripitan Sambor dipun ampirakên Sang Prabu Kênya dhatêng nagarinipun ing Bintan, wontên ing nagari Bintan putranipun Sang Sapurba anama Nilautama, dinadak kakramakakên angsal putrinipun sang nata dèwi ing Bintan anama Wansribini, ing sakonduripun Sang Sapurba ingkang putra tinilar wontên ing nagari ngriku. Dene Sang Sapurba lajêng andumugèkakên tindakipun dhatêng parêdènipun lèpèn Kwantan [Kwanta...]

--- 127 ---

[...n] anglangkungi Ruku sarta Tanjungbalang, ing salajêngipun jumênêng nata wontên ing Mênangkabo, nurunakên para ratu ing Pagêr Ruyung.

Panganggitipun Sêrat Sajarah Malayu miturut ingkang kasêbut ing bêbukanipun, ing salêbêtipun taun Hijrah 1021 saminipun ing taun Walandi 1612.

Sang Nata Kênya Wansribini wau ingkang ibu nama Wansundari, dene Wansundari ingkang rama anama Dêmang Lebardhaun, Sapurba punika pamêndhêtipun saking namaning widadari Supraba, dene Nilautama saking Tilotama (Jawi: Wilutama).

Ing bab III kasêbut bab adêgipun nagari Singapura, ing ngriku rumiyin dunungipun nagari Tumasik (?) ingkang iyasa nagari Singapura punika Sang Nilautama, ingkang lajêng jêjuluk Sri Tribuwana.

Ing bab IV kasêbut sedanipun Sri Tribuwana, ingkang lajêng kagêntosan dening putranipun anama Raja Kêcil Bêsar, lajêng jêjuluk Sri Wikramawira, lami-lami Singapura dados nagari agêng misuwur ing pundi-pundi.

--- 128 ---

Bab V nyariyosakên: sarêng sang prabu ing Majapait mirêng bab adêgipun nagari Singapura sarta jumênêngipun para nata wau, sakêlangkung anjlêging galihipun, dene botên nate wontên tandhaning sumungkunipun dhatêng sang nata ing Majapait, măngka têksih gêpokan kadang. Awit saking punika sang nata ing Majapait angèngêtakên dhatêng sang nata ing Singapura, wangsulanipun amurugakên sang prabu ing Majapait lajêng nglurugakên wadyabala anggêcak nagari Singapura. Ananging para wadyabala ing Majapait kapêksa wangsul jalaran tinanggulang dening mêngsah ingkang langkung kuwawi.

Ing pungkasanipun bab V kacariyos, sasampunipun Sang Nata Sri Kramawira kagêntosan dening Sri Ramawikrama, ingkang lajêng kacariyos ing pungkasanipun bab VI kagêntosan dening putranipun ajêjuluk Sri Maharaja (Dhasyaraja). Kasêbut ing pungkasanipun bab X ing kala punika sang nata ing Majapait angangkatakên wadyabala malih dhatêng Singapura, miturut pamintanipun Bandaari (Bêndara?) ingkang awit putranipun sri maharaja

--- 129 ---

ingkang gumantos ing kapraboning rama, ajêjuluk Raja Sêkandarsah, adamêl camah, saking sangêting wirangipun Bandaari kêlampahan nagari Singapura sagêd bêdhah dening wadya Majapait, saha lajêng kaêjegan. Sang Nata Sêkandarsah oncat saking nagarinipun lajêng iyasa nagari Malaka.

Mênawi wontênipun lêlampahan punika kacocogakên kalihan pèngêtan cêkak iyasanipun Dhoktêr de Hollander bab babadipun têtiyang Malayu, pangangsahipun wadya Majapait dhatêng Singapura ingkang rumiyin piyambak wontên ing saantawisipun taun Walandi 1208–1223, panglurugipun ingkang kaping kalih ngajêngakên taun Walandi 1252, saminipun ing etangan taun Isaka pinuju ing antawisipun warsa 1130–1145, ingkang kaping kalih ngajêngakên taun 1174.

Miturut pèngêtanipun Dhotêr de Hollander jumênêngipun para nata ing Singapura (Tumasik?) kados ing ngandhap punika etangan taun Walandi.

1. Sri Tribuwana ? - 1208.

2. Sri Wikramawira 1208 - 1223.

--- 130 ---

3. Sri Ramawikrama 1223 - 1236.

4. Sri Maharaja 1236 - 1249.

5. Sri Sêkandarsah 1249 - 1274, bêdhahipun nagari Singapura dening wadya Majapait sarta oncatipun Sri Sêkandarsah sarêng sampun jumênêng angsal tigang taun, dados wiwit yasanipun nagari Malaka wontên ing salêbêting taun Walandi 1252, dumugining taun 1274 sampun jumênêng wontên ing Malaka, taun Walandi 1252 saminipun ing taun Isaka 1174. Serat sajarah Malayu wêdalan ing Singapura nyariyosakên yèn jumênêngipun Sri Sêkandarsah wontên ing Singapura laminipun tigang dasa kalih taun, dados oncatipun wontên ing salêbêting taun Walandi 1281, saminipun ing taun Isaka 1203. Awit saking punika punapa botên kenging kakintên-kintên yèn panglurugipun wadya ing Majapait dhatêng Singapura ingkang kaping kalih, ingkang ing Sêrat Pararaton dipun wastani: Pamalayu, wontên ing salêbêtipun taun Isaka 1197 dumugi ing taun 1215. Kathah ugi èmpêripun manawi pèngêtaning taun jumênêngipun para nata ing Singapura ingkang kawêdalakên dening [de...]

--- 131 ---

[...ning] Dhoktêr de Hollander wau pinetang malih, awit dene wontêning taun kala bêdhahipun nagari Singapura inggih sampun sulaya kalihan ingkang kawrat ing sajarah Malayu wêdalan ing Singapura, mênawi kapara yêktos jumênêngipun Sri Sêkandarsah wontên ing salêbêtipun taun Walandi 1249 (Isaka 1171) sarta adêgipun nagari Malaka wontên ing taun Walandi 1281 (Isaka 1203), măngka wontêning lêlampahan ing Jawi Wetan miturut ingkang kasêbut ing Pararaton inggih nuju ing taun wau utawi ing sabakdanipun taun wau, dados punika anêrangakên manawi ing sawatawis taun sabakdanipun Pamalayu, ing tanah Jawi botên lêlanggatan rêmbag akalihan nagari-nagari ing sajawining pulo Jawi, rinegonan dening rêrêsah ingkang tuwuh ing salêbêting nagari. Awit saking punika sampun têtela yèn pêpiridan saking sanès sêrat inggih sanès sêsêrêpan sanès pamanggih, dene ing sadèrèngipun wontên katêranganipun malih ingkang yêktos, sapunikanipun ingkang kenging kaanggêp cêpak piyambak kalihan kayêktosaning panglurugipun wadaya Majapait dhatêng tanah

--- 132 ---

Malayu sampun êlêt lami kalihan taun Isaka 1265, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil.

Miturut ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat babadipun têtiyang Malayu, kalampahanipun kala Pamalayu botên nunggil taun kalihan ingkang kasêbut ing Pararaton, rumiyin ingkang kasêbut ing Pararaton, ingkang kasêbut ing sajarah Malayu sampun kapêngkêr, (pundi ingkang lêrês dèrèng wontên katêranganipun ingkang êsah), pramila ing ngandhap punika wontên pangrêmbag malih.

Sêrat Pararaton botên mawi nyariyosakên taunipun kala gantosipun sang prabu èstri Brê Kahuripan, ingkang jumênêngipun kala ing taun Isaka 1250, ing taun Walandi saminipun 1328, punapa sababipun botên wontên ingkang sumêrêp, utawi botên badhe kasumêrêpan ing salaminipun, kajawi namung dados gagasan, punapa dipun piyagah, botên, inggih namung kêdah dipun rêmbag sarana linèlèr kalihan lêlampahan sanèsipun, bokmanawi sagêd dumugi ing èmpêr-èmpêranipun sawatawis, sarèhning lêlampahan wau yêktosipun têksih [tê...]

--- 133 ---

[...ksih] samar-samar. Punapa malih ingkang kasêbut ing bab IX kathah cariyos ingkang jugag botên mawi katêrangan, kados ta: kèndêlipun Arya Tadhah, Patih Amangkubumi, botên mawi katêrangakên punapa kèndêlipun wau saking sêpuh, punapa jalaran pêjah, botên kacariyos. Makatên malih taun kala sedaning putranipun Prabu Kêrtanagara kalih pisan, warandhanipun Prabu Kêrtarajasa, inggih botên kasêbut, sanadyan sakalihan wau katingalipun botên sami kalêbêt jêjêring lêlampahan ingkang pêrlu kasumêrêpan wusananipun. Awit saking punika anuwuhakên panggagas bokmanawi cariyos ing bab IX wau nyandhakipun dhatêng bab X pancèn wontên sambêtipun.

Sedanipun sang prabu putri Brê Kahuripan botên kasêbutakên kala ing taun punapa, ing bab X namung kasêbut ing saantawisipun taun Isaka 1293 kalihan 1298 wontên Brê Daha akalihan Brê Kahuripan ingkang seda, Brê Daha sumare wontên ing Adilangu, namaning darma: rêdi Purwawisesa, dene Brê Kahuripan sumare wontên ing Panggih, namaning [na...]

--- 134 ---

[...maning] darma rêdi Pantarapurwa. Kajawi garwanipun Prabu Kêrtarajasa (Radèn Wijaya) têtiga ing ngajêng ugi sampun kasêbutakên sedanipun para ingkang sami nurunakên rumiyin tinimbang ingkang nurunakên Prabu Jayanagara saha sadhèrèkipun putri ingkang sanès ibu. Awit saking punika sedanipun Brê Kahuripan sarta Brê Daha ingkang kacariyosakên rumiyin piyambak, anuwuhakên pangintên yên punika Brê Kahuripan sarta Brê Daha warandhanipun Prabu Kêrtarajasa, ananging pancèn botên cocog yèn putri kêkalih ingkang kawartosakên sedanipun punika putranipun Prabu Kêrtarajasa, sabab bêdhahipun nagari Tumapêl wontên ing taun Isaka 1197, saupami putri kêkalih wau èmpêr-èmpêranipun ing kala punika sakêdhikipun sampun yuswa sadasa taun kakang adhi (satunggalipun 10, satunggalipun 12 taun) dumuginipun ing taun Isaka 1293 putri kêkalih wau sampun yuswa langkung satus taun, sanadyan ragi kirang mèmpêr, ewadene sagêd ugi kalampahan yèn putri kêkalih wau dumuginipun ing taun 1293 sêpuh-sêpuh sami têksih sugêng.

--- 135 ---

Sapunika ngrêmbag Brê Kahuripan sarta Brê Daha putrinipun Prabu Kêrtarajasa (Radèn Wijaya), putri kêkalih punika kenging kakintên-kintên kababarakên ing sadèrèngipun sarta dumugi ing taun Isaka 1217, kirang sagêd, langkung botên sagêd. Mênawi mirid suraosing babonipun ing Jawi kina, sasampuning sedanipun Brê Kahuripan ingkang kasêbut rumiyin, wontên Brê Kahuripan malih ingkang kawartos seda, dugi-dugi mirid ăngka taun ing nginggilipun, botên kirang saking taun 1323 Isaka, ing ngandhapipun wontên Brê Daha ingkang kasêbut seda watawis ing taun Isaka 1338. Yèn makatên saya kirang cocog manawi Brê Kahuripan ingkang kantun punika sang prabu putri putranipun Prabu Kêrtarajasa (Radèn Wijaya), jalaran tamtunipun sampun yuswa 106 taun, dene Brê Daha sampun yuswa 121 taun, kathah botên mèmpêripun. Dados yèn makatên botên wontên panganggêp sanèsipun malih ingkang kathah èmpêripun, kajawi namung Brê Kahuripan ingkang kasêbut seda rumiyin punika Brê Kahuripan sang prabu putri. Dene Brê Daha ingkang kasêbut seda [se...]

--- 136 ---

[...da] rumiyin punika sadhèrèkipun sang prabu putri, sanadyan yuswanipun kêkalih punika tamtunipun sampun sêpuh sangêt, ananging kathah èmpêripun tinimbang ingkang kasêbut seda kantun, măngka ing sanèsipun sampun botên sagêd tumănja babarpisan, kados ingkang sampun kasêbut ing Pararaton bab X, mila ragi anèh dene ing babonipun Sêrat Pararaton ingkang têmbung Jawi kina botên nyêbutakên taun kala sedanipun sang prabu putri Brê Kahuripan, sarta Brê Daha ingkang seda rumiyin utawi kantun botên mawi katêrangakên punapa Brê Daha sadhèrèkipun sang prabu putri, utawi putranipun Prabu Kêrtarajasa. Yèn makatên miturut ing sêsambêtaning cariyos Brê Kahuripan: sang prabu putri mawi sèlèh kaprabon, măngka inggih botên mawi kasêbutakên ing sasedanipun sintên ingkang gumantos ratu, dumadakaan ing bab X sampun nyariyosakên kawontênanipun lêlampahan kala jumênêngipun Hayamwuruk, punika nêrangakên manawi cariyos wau jugag kalihan sambêtipun.

__________

--- 137 ---

V. Nagari Puni.

Sanadyan pèngêtan ingkang kasêbut ing ngandhap punika pêrlunipun ing sêsagêd-sagêd namung kadamêl nêrangakên cariyos ingkang kasêbut ing Sêrat Pararaton, punapa malih kangge tăndha pasaksèning cariyos ing Pararaton wau, ewadene kados botên wontên awonipun bilih cariyosing nagari Puni ingkang kalampahan kala ing taun Isaka 1311 dumugi 1351, sarta botên kasêbut ing Pararaton, namung kawrat ing sêrat pèngêtan iyasanipun Tuwan Groeneveldt pêthikan saking pèngêtan ing karajan Cina, kula cariyosakên wontên ing ngriki.

Ing sêrat pèngêtan wau nêrangakên manawi sawênèhing pasitèn ing Borneo ingkang sisih kilèn, ing kinanipun wontên nagarinipun ingkang nama Puni, ananging kacundhuk-cundhukakên kalihan nama-namanipun nagari-nagari ing Borneo ing jaman sapunika botên wontên ingkang sami, mèmpêr kemawon botên wontên. Kala ing jamanipun Prabu Rajasanagara, inggih Sang Hyang Wêkasingsun (Hayamwuruk [(Ha...]

--- 138 ---

[...yamwuruk]) nagari Puni kacariyos sampun kawajibakên asok bulubêkti dhatêng panjênênganipun.

Kala ing taun Walandi 1370 saminipun ing taun Isaka 1299, sang nata ing nagari Cina ngangkatakên utusan dhatêng nagari Puni, awit ratunipun ing ngriku sakêlangkung êdak galihipun. Ing kalawau nagari Puni kajarah dening têtiyang Sulu, pramila pamintanipun sang ratu botên ambayar bulubêkti rumiyin ing dalêm tigang taun, ananging botên kaparêng.

Ing taun Walandi 1405 sarta 1408 (= Isaka 1330) ratu ing nagari Puni pawong mitran sakêlangkung sae kalihan sang ratu ing nagari Cina, ananging sang nata lajêng seda kala ing salêbêting taun ingkang kasêbut ing wingking wau. Mênggah dunungipun nagari Puni dèrèng sagêd kasumêrêpan ing tanah Borneo sapunikanipun ing nagari pundi.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, Sêrat Salalatas Salatin (sajarah Malayu) bab XIV nyêbutakên kados ing ngandhap punika:

Ing sasedanipun sang prabu (ing sajarah Malayu kasêbut: [kasêbu...]

--- 139 ---

[...t] Bathara) ing Majapait atilar putra putri satunggal anama Radèn Galuh Wikusuma (Wi = Dèwi). Sarèhning sang prabu botên kagungan putra kakung, mila sang putri ingkang kajumênêngakên nata ing Majapait dening pêpatihipun ing nagari ngriku ingkang anama Gajahmada. Sang putri botên arsa krama, kawartosipun ing pundi-pundi pêpatihipun piyambak, Gajahmada ingkang angajêngi. Sarêng Patih Gajahmada mirêng sumêbaring pawartos, kuwatos manawi anjalari ruwêt rêntênging nagari, lajêng wêwarah dhatêng sang putri supados mawi krama, sang putri andhawuhi dhatêng kyana patih supados damêla sayêmbara. Ing satunggiling dintên kathah têtiyang ingkang nglêmpak ing nagari, botên mastani tiyangipun, anèm sêpuh, sugih miskin, agêng alit, botên ketang tiyang pidak padarakan, cukil andulit, cèkèl longan bale, wêtah utawi ina sami kadhawuhan lumampah urut kacang anglangkungi ing ngarsanipun sang prabu putri, sintên ingkang kapilih inggih punika jatukramanipun, ing wusana ingkang kadhawahan pamilih tiyang nama Ki Mas Jiwa, anak angkating pandèrès. Ki Mas Jiwa sampun [sampu...]

--- 140 ---

[...n] kagarwa dhatêng sang prabu putri, sarta kajumêngakên ratu ing wontên Majapait ajêjuluk Sang Aji Jayaningrat. Têmênipun Sang Aji Jayaningrat punika dede asalipun tiyang alit, pancèn asal agêng, ing sadèrèngipun jumênêng nata Ki Mas Jiwa gadhah kasagahan dhatêng bapakipun angkat, samăngsa piyambakipun sagêd dados ratu wontên ing Majapait, bapakipun angkat badhe kadadosakên pêpatih anggêntosi Patih Gajahmada. Dene larahipun Aji Jayaningrat anggènipun ngantos dumugi ing tanah Jawi, makatên:

Aji Jayaningrat punika putranipun ratu ing Tanjungpura, sawêg pinuju praon kabuncang ing angin agêng dumugi ing sagantên tanah Jawi ing sacêlaking nagari Majapait lajêng kapupu dhatêng pandèrès, sarta dipun opèni kadosdene anakipun piyambak. Luguning namanipun Ki Mas Jiwa: Ki Ranalangu. Ing sajumênêngipun ratu wontên ing Majapait bapakipun angkat nagih kasagahanipun, sarta lajêng kapasrahakên dhatêng Patih Gajahmada tuwin mawi pinaringan priksa yèn pun pandèrès wau sagêd anarbukani sakathahing

--- 141 ---

nalar rungsit. Pandèrès lajêng kadadosakên pangajêngipun para punggawa ingkang sami ambudi dhatêng kawruh pamêdharing èwêd-pakèwêd (juru pêthèk, nujum?), lami-lami kamirêng ing Tanjungpura larahipun Sang Aji Jayaningrat ing Majapait, ingkang rama sang nata ing Tanjungpura sarêng mirêng pawartos wau lajêng paring dhawuh nyatakakên, sarêng sampun dipun akêni, para nata ing tanah Jawi sami suyud sumungku dhatêng sang nata. Sang Aji Jayaningrat kalihan sang prabu putri ing Majapait apêputra putri satunggal sinung pêparab: Radèn Galuh Căndrakirana, diwasanipun sang putri sulistyaning warna kondhang ngantos dumugi ing tanah sabrang, sarta kêmirêng dhatêng Sang Nata Sultan Mansursah ing tanah Malaka, ingkang lajêng kagungan karsa badhe nakèkakên dhatêng sang putri. Sri sultan dhawuh dhatêng nagari Singapura sarta ing Singaraja nyumêktakakên bragada baita atiyang tiga kalih atus kathahipun, sang nata karsa nindaki piyambak. Dene pangrèhing nagari kapasrahakên dhatêng bandhahara paduka raja, dhatêng Sri Ranadiraja sarta dhatêng Sri Wijadiraja, tindakipun angampil pandhèrèk satriya 40 tuwin [tu...]

--- 142 ---

[...win] putri pêpilihan kawan dasa cacahipun, pangiridipun anama: Tun Bijasura (Tuwan Bijasura?). Dene para nata ingkang sami dipun suruhi andhèrèk: ratu ing Indragiri, ratu ing Jambi, ratu ing Lingga tuwin ratu ing Tungkal (ing Palembang). Sadumuginipun ing Majapait, ingkang sampun wontên ing ngriku: ratu ing Daha sarta ratu ing Tanjungpura. Sang Nata Sultan Mansursah wontên ing Majapait sakêlangkung sinuba-suba binujakrama ingurmatan, lênggahipun kaprênahakên inggil piyambak, anyêpuhi para ratu sadaya.

Sang nata (bathara) ing Majapait badhe nyoba dhatêng kasaktènipun sang ratu ing Malaka kados ingkang tumrap ing ratu kêkalih sanèsipun, asarana ngaturi wangkingan kaprabon satunggal sarta dhuwung sanèsipun kawandasa iji ingkang sami risak warangkanipun, sang nata ing Malaka ingaturan andadosi, (nyudhiyani warăngka enggal. Yèn makatên punika bokmanawi pasêmon, kasêbut ing pèngêtan kula ing wingking), sang nata ing Majapait lajêng dhawuh ingandikakakên mandungi wangkingan-wangkingan [wang...]

--- [143] ---

[...kingan-wangkingan] wau, ananging botên angsal damêl, awit para putri ing Malaka sami botên kewran dhatêng kajuliganipun para pandung ing Majapait, beda kalihan nalika kapandukakên dhatêng ratu ingkang kalih. Makatên malih para satriya inggih sami sêkti măndraguna, ing saparipolahipun adamêl eram saha mirising manahipun têtiyang ing Majapait.

Ing satunggiling dintên Tun Bijasura anggêtak sagawon ingkang pinuju kacancang mawi rante êmas, ing sanalika pêdhot rantenipun sagawon lumajar gêndring, Hang Jêbat sarta Hang Kasturi sami nglinggihi dhampar palênggahanipun sang nata, ngantos dipun punapakakên kemawon botên sagêd keguh saking palênggahan, wusananipun inggih lajêng dipun kèndêlakên kemawon. Kajawi para Hang ingkang sampun kasêbut ing nginggil, wontên malih ingkang namanipun kasêbut ing ngandhap, kados ta: Hang Lakir, Hang Lakiyu, Hang Ali, Hang Sêkandar, Hang Hasan, Hang Husèn, sarta Hang Tuah. Adatipun ingkang kalimrah kancanipun Hang Tuah namung Hang Jêbat, Hang Kasturi, Hang Lakir sarta Hang Lakiyu, manawi sanèsipun [sanè...]

--- 144 ---

[...sipun] punika wêwahan, sami-sami Hang Tuah kalêbêt dados cariyos wontên ing sêrat-sêrat, kinèringan dening para priya, ginumunan dening para somahan, kaojat ing para kênya dados kêmbang lambe, namanipun ngantos dados sêkaring kidung Malayu, kados ingkang kawrat ing kêkidunganipun para wirotama ing Daha Sang Sangkaningrat.

Kacariyos putrinipun sang prabu ing Majapait inggih lêstantun dados garwanipun Sang Nata Sultan Mansursah ing Malaka. Nalika pikramanipun ing Majapait mawi karamean agêng, ing salêbêtipun karamean Tun Bijasura ngatingalakên kasaktènipun warni-warni mênggah patrapipun băngsa Malayu ingkang kacariyosakên, sarta ingkang katandukakên dhatêng nagari Majapait, mênawi karêmbag ingkang sayêktos, sangêt anggènipun murang tata.

Sultan Mansursah ing sarampungipun damêl, lajêng pamit ingkang rama marasêpuh kondur dhatêng nagarinipun ing Malaka kalihan ingkang garwa Radèn Galuh Căndrakirana. Sarêng sang nata ing Majapait sampun marêngakên, Sultan Mansursah [Mansur...]

--- 145 ---

[...sah] lajêng utusan Tun Bijasura kinèn matur dhatêng sang prabu ing Majapait, manawi kaparêng dhangan ing panggalihipun sang prabu, nagari Endragiri kasuwun dadosa bawahipun Sultan Mansursah, pamintanipun inggih kaparêng. Sarêng sampun angsal, Sultan Mansursah lajêng utusan malih matur dhatêng sang prabu ing Majapait, ingkang kautus Hang Tuah, nyuwun nagari Siyantan, inggih kaparêng.

Mênggah pitêmbunganing panêmbung inggih nyimpang saking tata ingkang prayogi, kados ta: Jjikalau dianugerahkan sabaik-baiknya, jikalau tiadapun diambil juga, sanadyan Palembang manawi kasuwun tamtu kaparingakên, ananging Sultan Mansursah sampun marêm ing galihipun, saha lajêng kondur dhatêng nagarinipun ing tanah Malaka. Lami-lami Sultan Mansursah pêputra kakung satunggal kalihan Radèn Galuh Căndrakirana, anama Radèn Kêling.

Mênggah yêktos utawi botênipun cariyos ingkang kasêbut ing sajarah Malayu bab XIV wau, kajawi ingkang anèh-anèh, punika sampun botên susah karêmbag, kangelan anggènipun amatoni, awit ing sisihanipun [si...]

--- 146 ---

[...sihanipun] ingkang dados jêjêring cariyos, inggih punika ing cariyos jawi sêpên cariyos ingkang makatên, utawi wêwatonan sanèsipun ingkang kènging kangge tăndha saksi lêrêsing cariyos wau.

Namung sakêdhik bab cariyos ing Malayu ingkang dipun saksèni ing pèngêtan Babad Cina, punika wontên ingkang nandhakakên yèn kala jamanipun Sultan Mansursah ing Malaka, sri sultan ingkang ambudi indhaking bawahipun nagari Malaka, saking nagari-nagari bawahing Majapait. Punapa malih turut sajarah Malayu tuwin pèngêtanipun băngsa Cina, ing satilaripun Patih Gajahmada, nagari Palembang lajêng dados bawahipun nagari Malaka, dene cariyos ingkang sanès-sanèsipun dèrèng kenging pinitados.

__________

VI. Bab Kawontênipun Sang Nata ingkang Pêparab: Èrlangga (Erlañga) utawi Airlangga (Airlañga).

Ing sêrat Pararaton jilidan ăngka I kêrêp kasêbut pêparabipun Sang Nata Èrlangga ingkang dèrèng katêrangakên [katêrangakê...]

--- 147 ---

[...n] kawontênanipun. Sêrat-sêrat babad Jawi ing sasumêrêp kula botên wontên ingkang nyariyosakên nama wau, pramila ing ngriki pêrlu kula têrangakên mênggah kawontênanipun ingkang pêparab Èrlangga wau.

Miturut anggitanipun sang kawindra linangkung Profesor Dhoktêr H. Kèrên, bab: Sanskrit-inscriptie ter eere van den Javaanchen vorst Er-Lañga, ingkang kawrat ing Bijdragen tot de Taal-Land- en Volkenkunde van Nederlandsch-Indië uitgegeven door het Koninklijk-Instituut voor de Taal-Land- en Volkenkunde van Nederlandsch-Indië, vierde volgreeks tiende deel 1885, nyariyosakên manawi ing museum barang kina ing kitha Kalkutah ing India Inggris, wontên sêsêratan agêng-agêng kêkalih tumrap ing sela, ingkang asalipun saking tanah Jawi, dumuginipun ing ngriku kadospundi, sarta kala punapa, bokmanawi botên dipun pèngêti. Ananging mênggahing pangintên kados botên lêpat manawi dumuginipun ing Kalkutah kala ing jamanipun tanah Jawi kawêngku ing paprentahan Inggris, sarta ingkang ngasta panguwasa jumênêng Luitenant Gouverneur-Generaal ing tanah Jawi Tuwan Raffles ing taun 1811 dumugi 1816, awit panjênênganipun [panjê...]

--- 148 ---

[...nênganipun] mila marsudi dhatêng kawruh cariyos kina ing tanah Jawi, katăndha saking anggitanipun Babad Tanah Jawi sapanunggilanipun ingkang nyariyosakên kawontênanipun ing pulo Jawi. Malah saking pangintênipun Profesor Dr. Kern, bokmanawi pambêktanipun sela ingkang wontên sêsêratanipun wau dhatêng Kalkutah inggih saking dhawuhipun Tuwan Raffles, katăndha: sela ingkang kaprahipun dipun wastani "Minto-steen" ingkang ing sapunikanipun karumatan wontên ing nagari Schotland dumunung ing sacêlakipun kitha Hawick punika sampun têtela manawi Tuwan Raffles ingkang ngintunakên dhatêng Graaf Minto kala jumênêngipun gupêrnur jendral wontên ing India Inggris, katăndha saking sêratipun Graaf Minto ingkang katitimangsan tanggal kaping 23 Juni 1813 dhatêng Tuwan Raffles.

Sela ingkang măngka kangge tăndha pangemut-emut lêlampahan kala ing jaman kina punika pancènipun sampun ngantos kaewah-ewah saking panggenanipun lami, awit badhe sagêd kasumêrêpan dhatêng têtiyang ingkang pêrlu nyumêrêpi, tinimbang kadunungakên wontên ing papanipun sapunika [sapuni...]

--- 149 ---

[...ka] botên sagêd kasumêrêpan dhatêng sadhengah tiyang. Ewadene karsanipun Tuwan Raffles ingkang makatên wau inggih botên kenging katêtah, jalaran pêrlunipun bokmanawi namung saking pangatos-atos, sampun ngantos patilasan-patilasan wau risak dening tumusing jawah tuwin bêntèr, utawi saking pangrisaking tiyang. Ananging saupami botên wontên kuwatosipun, langkung prayogi patilasan kina kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, sampun ngantos kaewah-ewah saking panggenanipun lami, malah dipun ihtiyarana kagambar utawi tinêdhak ing sapêrlunipun, punapa malih kapola sarana gips ingkang supados mênawi wontên risakipun botên badhe kecalan polaning babonipun.

Mênggah wontênipun sela kêkalih ingkang wontên sêratanipun, sarta sumimpên wontên ing museum ing kitha Kalkutah wau, wangunipun botên nate dados pangrêmbaging para marsudi sumêrêpipun dhatêng suraosing sêratanipun, amargi sêratanipun mawi aksara Jawi kina. Para sagêd ing ngriku botên anggadhahi pangintên pisan-pisan [pisan-pisa...]

--- 150 ---

[...n] mênawi sêratanipun ingkang tumrap ing sel[28] ingkang nomêr kalih sanadyan mawi aksara Jawi kina têmbungipun lugu Sangskrit. Saupami para sagêd ing Kalkutah sumêrêp bab punika, sampun mêsthi para marsudi ing têmbung Sangskrit, kados wontênipun ing kitha Kalkutah inggih botên kirang, sami mêrlokakên nyumêrêpi suraosipun.

Tuwan K.F. Holle ing Garut, ingkang botên kêkilapan ing pangrêmbag bab kapêrluwanipun cariyos kina ing tanah Jawi, amigatosakên nyumêrêpi ing kawontênanipun sêratan ing sela kêkalih wau, sarta lajêng damêl têdhakanipun. Sarêng sumêrêp mênawi têtêmbunganipun Sangskrit, ingkang satunggal lajêng kakintunakên dhatêng Profesor Kern kalihan badhe sumêrêp mênggah suraosipun. Sarêng sêratan wau sampun kapanggih suraosipun, lajêng têtela manawi cariyosipun sarta tiyangipun ingkang kacariyosakên ing ngriku pêrlu sangêt kasumêrêpan. Pramila sêratan wau lajêng kawêdalakên dening Profesor Kern, ingkang têksih kenging kawaos mawi katêrangakên sarana pêrtalanipun, dene ingkang botên kenging kawaos [kawao...]

--- 151 ---

[...s] punika jalaran aksaranipun ing têngah kathah ingkang risak, sampun botên cêtha sangêt, ngantos sampun botên sagêd pinanggih sambêtipun. Mênggah botên cêthanipun punika punapa mila saking risakipun aksara ingkang jalaran saking êmpuking dhasaripun sela ingkang lami-lami gêrang, ngantos ngicalakên luguning unthêlipun aksara, punapa saking kirang nyêkapi anggènipun damêl têdhakanipun, punika Profesor Dhoktêr Kern botên sagêd andugi, ingkang ragi nyalawados namung ing saantawisipun garis tataning sêsêratan têka wontên tapak aksara ingkang katingal lamat-lamat. Mila manawi namung katingalan ing srapadanipun kados sela wau ing ngajêng pancèn sampun nate wontên sêratanipun lajêng kasêrat malih, (palimpsest), awit dene Dhoktêr Kèrên inggih nate mirêng manawi blebekan têmbagi ingkang ing ngajêng sampun nate wontên sêratanipun lajêng kabibrah, dèrèng ngantos nyêkapi sampun kasêrat malih. Makatên malih sela, ing India kathah tuladhanipun, ingkang ing ngajêng sampun nate rinipta ing sêsêratan lajêng katumpangan sêsêratan sanèsipun. Mênggah tumrapipun [tu...]

--- 152 ---

[...mrapipun] sela ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, punapa inggih panunggilanipun rêriptan kaping kalih (palimpsest) punapa dede Dhoktêr Kèrên botên sagêd nêrangakên, sarta botên mungguh bilih ing sadèrèngipun wontên katranganipun ingkang gumathok, bab wontênipun rêriptan kaping kalih wau, (palimpsest), namung lajêng katêrangakên sarana pamiyagah kemawon.

Mirid têdhakanipun ingkang saking Tuwan K.F. Holle sela wau lumahipun ingkang rinipta ing sêsêratan, inggilipun 1,24 mètêr, wiyaripun ing nginggil 0,95 ing ngandhap 0,86 mètêr, cacahipun garis sêsêratan wontên 37, (ing têdhakanipun kula etang wontên 129 garis?) cacahipun adêg-adêg wontên 34, wujuding sandhangan, ingkang nandhakakên yèn rinipta dening tiyang ingkang sagêd nyêrat, kados limrahipun ing sêratan Jawi kina, ingkang tumrap ing blebekan-blebekan têmbagi ingkang nunggil jaman, kêdaling wanda botên wontên bedanipun kalihan ingkang limrah, pramila botên pêrlu kacariyosakên, namung panganggening aksara panyigêging wanda ing

--- 153 ---

sawingkinging: ra, botên ajêg, kados ta: panyêratipun têmbung: kirti, purwa linta-lintu kalihan: kirtti sarta purwwa sapanunggilanipun. Kosok-wangsulipun akalihan panyêratipun têmbung Jawi cara ingkang limrah kangge ing pulo Jawi, ing ngriku panganggenipun anuswara dumunung ing sangajêngipun aksara untu sarta: ha botên mêsthi linintu mawi aksara gorokan, kados ta: simha, hamsi ananging ugi wañça, dene panganggenipun anuswara ing wêkasaning têmbung, utawi ing wêkasaning lingga ingkang aswara: y utawi w kados ta ing têmbung Panini 8, 4, 59. Dene anunasika ingkang pancèn kangge wontên ing têmbung-têmbung wau botên wontên, sarta Profesor Kèrên botên sagêd manggih satunggal-tunggala. Ananging ing sela sagêd ugi pancèn têksih katawis anunasikanipun, botênipun katingal wontên ing têdhakan jalaran saking kirang cêthaning têdhakanipun, sarta têdhakanipun rêgêd, kathah clèprètanipun, punapa malih sami ambalêntong, pramila dèrèng kenging katamtokakên bab botên mawining anunasika wau.

--- 154 ---

Kajawi punika sandhangan swara ingkang ungêlipun kalih: au botên beda kalihan ungêlipun: o, mênggah saking pikajêngipun pangarang punapa ungêlipun inggih: o punapa au punika Profesor Kèrên botên sagêd andugi.

Sêratan wau adhapur kidung pangalêmbana tumraping Sang Nata Èrlangga, têmbungipun Sangskrit ingkang kalimrah, petanging wanda dhawah ing pada inggih botên wontên ingkang pêrlu kacariyosakên, pada agêng: 1-3 sarta 9 sêkaripun Arya, pada agêng: 4, 5, 8, 15, 17, 19, 21, 32 sarta 34, sêkaripun Çardulawikridhita; pada agêng: 6, 7, 10-13, 16, 20, 22-24 sarta 31 sêkaripun Wasantatilaka; pada agêng: 14 sêkaripun Mañjubhasini; pada agêng 25 sêkaripun Prthwi; pada agêng 26, 27, 29 sarta 30 sêkaripun Malini; pada agêng: 33 sêkaripun Sragdhara. Jêjulukipun Prabu Èrlangga (Er-Lañga) punika miturut tatanipun sêsêratan kina ungêlipun pancèn Air-Lañga, sabab wontênipun sêratan ingkang tumrap ing sela wau ungêlipun: e pancèn sampun binedakakên kalihan ungêlipun ai ananging kala jaman samantên [samantê...]

--- 155 ---

[...n] mênggahing pawicantênan ingkang kalimrah kêdaling air dados èr.

Wontêning cariyosipun Prabu Èrlangga punika, tumrapipun tiyang Jawi sampun mèh botên nate kocap, malah kenging kula wastani babarpisan botên wontên cariyosipun, amargi sêrat-sêrat babad ing sapamariksanipun Dhoktêr Kèrên inggih botên wontên ingkang nyêbutakên. Mênawi ing cariyos Bali wontên pawartosipun bilih Sang Nata Èrlangga punika jumênêngipun ratu wontên ing nagari Kêdhiri, sarta ing kala samantên sawêg jamaning kombulipun sêrat-sêrat ing têmbung Kawi, kados ta: Sêrat Arjuna-Wiwaha, Sêrat Smaradahana, tuwin Sêrat Sumanasantaka, punika sami dêdamêlan ing jaman samantên. Makatên malih tăndha saksinipun bilih Sêrat Mahabharata inggih anggitan kala jamanipun Prabu Èrlangga sampun kapitêdahakên dening Profesor Kèrên wontên ing: Over de Oud-Javaansche vertaling van't Mahabharata bl. 6 (Werken der Kon. Akademie van Wetenschappen te Amsterdam 1877), dene taunipun kala Prabu Èrlangga

--- 156 ---

angratoni nagari Kêdhiri sampun katêrangakên wontên ing salah satunggiling nawalanipun sang nata ingkang kanthi gêganjaran, inggih punika kala ing salêbêtipun taun Isaka 957, saminipun ing taun Walandi 1035, kawrat wontên ing Kawi-Oorkonde V ingkang kawêdalakên dening Tuwan Cohen Stuart. mênggah wontêning titimăngsa taun 957, punika sasampunipun titimăngsa ingkang kasêbut rumiyin piyambak wontên ing sêsêratan têmbung Sangskrit ingkang pinanggih wontên ing kitha Kalkutah wau, sarta ngajêngakên titimăngsa ingkang kasêbut kantun piyambak. Kajawi punika têksih wontên malih sêsêratan ing blebekan têmbagi tumrap Sang Prabu Èrlangga ingkang dèrèng kawêdalakên, sarta ingkang titimangsanipun cocog akalihan titimăngsa ingkang kasêbut ing nginggil. Ananging sanadyan titimăngsa-titimăngsa wau sampun cocog sadaya, sêratan ing sela tuwin ing blebekan têmbagi wau sami botên wontên ingkang kenging kangge wêwaton nêrangakên mênggah wiyaring nagari ingkang kawêngku dhatêng Sang Prabu Èrlangga wau dumugi ing pundi. Ewasamantên botên wontên ingkang nyulayani kalihan [kali...]

--- 157 ---

[...han] cariyosipun ing Bali yèn sang nata amêngkoni nagari Kêdhiri.

Miturut ing kidung pangalêmbana ingkang tumrap ing Sang Prabu Èrlangga, nyariyosakên bilih sang nata kinèringan saha ingaji-aji sangêt dhatêng sang ratu ing Jawi Wetan, punapa malih ing salajêngipun ing taun wingking. Sarêng sang nata sampun sagêd ambawahakên nagari-nagari ing sisih wetan, kidul tuwin kilèn, sarana ginêcak ing pêrang ingkang kanthi kangelan sangêt, ing kala punika sawêk Sang Prabu Èrlangga (Er-Lañga) sinêbut têtungguling ratu ing Yawadwipa (Yawadwipa) inggih punika amarêngi ing taun Isaka 957. saminipun ing taun Ngisa 1037.

Mênggah ingkang andadosakên witing misuwuripun asmaning Sang Prabu Èrlangga sarta sumungkuning ngakathah dhatêng ing panjênênganipun, punika awit kalanipun sang nata iyasa patapan ingkang sakêlangkung endah, (Kluizenarij=patapan=wihara? wihara) saking ing pundi-pundi tiyang sami mêrlokakên dhatêng ningali sarta gumun sumêrêp èdining wêwangunan, dunungipun wihara wau kasêbutipun ing kidung wontên [wontê...]

--- 158 ---

[...n] ing sacêlaking rêdi Pugawat (Pugawat), mirit ing têmbung Sangskrit, pugawat punika artosipun ing têmbung Jawi: kathah sêdhahipun = papan ingkang kathah tanêmanipun sêdhah, mèmpêripun pugawat punika pamêndhêtipun namung saking têmbung Jawi ingkang lajêng dipun Sangskritakên, ananging lugunipun saking têmbung Jawi punapa dèrèng wontên, sarta angèl angsalipun katêrangan[29] pramila owêl sangêt dene sela wau mawi kapêndhêt saking dunungipun lami lajêng rinumatan wontên ing museum ing nagari ingkang dede panggenanipun tiyang marsudi basa Jawi, utawi barang têtilaranipun tiyang Jawi kina.

Mênggah ingkang kasêbut ing sêratan ingkang tumrap ing sela wau, nyariyosakên bilih Prabu Èrlangga punika saking [sa...]

--- 159 ---

[...king] ibu turunipun: Sri Isanatungga (Çri Içana-Tuñga) ingkang ngêrèhakên pulo Jawi, ingkang ibu anama: Mahendradata (Mahendradatta) putranipun Sang Ratu Sri Makutha Wansawardhana (Çri Makutha-Wançawardhana), ingkang ibu Sri Makutha Wansawardhana putranipun Sang Ratu Sri Isanatungga (Çri Içana-Tuñga).

Ing blebekan têmbagi ingkang kawêdalakên dening Tuwan Cohen Stuart (Kawi-Oorkonden ăngka: XXII) wontên ingkang kacariyos undhang-undhangipun Sri Maharaja Rake Hino Êmpu Sindhok, Sri Isana Wijaya Darmottungga Dewa (Çri Maharaja Rake Hino Mpu Sindok, Çri Içana-Wijaya Dharmottuñga Dewa) katitimangsan ing taun Isaka 861, saminipun taun Ngisa 939. Awit saking punika tuwuhing panggagas bokmanawi Sri Maharaja Rake Hino Êmpu Sindhok, Sri Isana Wijaya Darmatungga Dewa punika kalêrês eyang canggah kalihan Sang Ratu Èrlangga, yèn miturut wontênipun titimăngsa taun, panggagas wau kathah sangêt èmpêripun. Saupami kapara yêktos mênawi nawala ingkang tumrap ing blebekan têmbagi [tê...]

--- 160 ---

[...mbagi] mawi titimăngsa taun Isaka 861 punika dhawuhipun ingkang kaprênah eyang kalihan Sri Makutha Wansawardhana, sarta ingkang saupami Sri Makutha Wansawardhana kababarakên nuju ing taun wau (861 Isaka), ugi wontên èmpêripun yèn putrinipun Sri Makutha Wansawardana, ingkang ibu Sang Èrlangga punika kababarakên watawis ing salêbêtipun taun Isaka 881, mênggah kala sang putri ambabar kagungan putra Sang Èrlangga sawêg yuswa 20 taun, kenging katamtokakên pambabaripun Sang Èrlangga watawis ing salêbêting taun Isaka 901[30] kirang saking taun punika botên sagêd cundhuk ing pangintên, amargi kacariyosipun, nêdhênging misuwuripun asma prabu sarta sawêg agêng-agênging karatonipun, ing salêbêtipun taun Isaka 957, pramila sagêd ugi kalêbêt ing panggagas bilih Sri Isanatungga ingkang kawrat ing sêratan ingkang tumrap ing sela punika, inggih Sri Isana Wijaya Dharmottungga ingkang kasêbut ing blebekan têmbagi,

--- 161 ---

kala ing taun 961, saya adamêl kêkahipun ing pangintên dene ingkang satunggal putrinipun Sri Isana, ingkang asmanipun: Ratu Sri Isanatungga, ingkang kasêbut ing sêratan tumrap ing sela mèh sami kalihan ingkang kawrat ing blebekan têmbagi, kaotipun ing sawingkinging Isana ingkang tumrap ing sela kasêbut: Tungga, sarêng ing blebekan têmbagi: Wijaya, enz, punapa malih ingkang kasêbut sêratan ing sela Sri Isanatungga, sanadyan ragi kasamun ungêlipun, kacariyos asih sarta rêmên amêmaringi dhatêng agami Budha, Sri Isanawijaya Dharmottungga Dewa, ingkang tumrap ing têmbagi kacariyos angganjar kapêrluanipun pêpundhèn Budha, ananging samantên wau namung saking kintên-kintên, botên kenging kangge wêwaton jangkêp. Punapa malih prayoginipun kintên-kintên wau sampun ngantos kalêbêtakên ing panggalih kemawon, amargi têksih kathah sêsêratan ing jaman kina ingkang dèrèng kawêdalakên, ingkang ngêwrat cariyos, titimăngsa taun, sarta asmaning para ratu ingkang ing sapunikanipun botên kangge

--- 162 ---

jalaran botên, utawi dèrèng sagêd pinanggih larahipun.

Mênggah kasêbuting lampahanipun Prabu Èrlangga wontên ing kêkidungan ingkang tumrap ing sela, namung kacariyosakên kalayan cêkak, botên kababar ing cacriyosan, wontênipun ing sêratan botên kirang kêkidungan, ananging kêkidungan wau namung tumrap cariyos rêrênggan, ingkang pêrlu-pêrlu kasumêrêpan malah namung kasrapat kemawon, bokmanawi pikajêngipun ingkang nganggit mila dipun jarag makatên, utawi jalaran sampun wontên sêsêratan sanèsipun ingkang ngandharakên lêlampahanipun Prabu Èrlangga. Mila kêkidungan wau namung cinêkak têtêp namung minăngka kêkidungan pangalêmbana, punapa wontên sabab sanèsipun, punika ingkang sumêrêp namung panganggit piyambak. Namung ingkang andadosakên cuwaning pangrêmbag, nama-namaning nagari kemawon ing kêkidungan wau têka inggih botên kasêbutakên, bokmanawi pikajêngipun ingkang pêrlu sampun ngantos ing kêkidunganipun ingkang mawi basa Sangskrit katunggilan nama-namanipun nagari [naga...]

--- 163 ---

[...ri] ingkang mawi têmbung Jawi. Dene asmanipun Sang Prabu Èrlangga, ingkang lugunipun têmbung pancèn Malayu Polini (Maleisch-Polynesisch) mêksa botên sagêd ngumpêtakên, ewadene ing sawatawis asmanipun sang prabu inggih mêksa wontên ingkang dipun santuni, sarana sinangskritakên têmbungipun: Èr, utawi Air, mila asmanipun sang prabu ing sêratan kasêbut ugi: Jalalangga (Jalalañga) utawi Niralangga (Niralañga).

Sêratan ingkang tumrap ing sela nyariyosakên bilih Prabu Èrlangga utawi Airlangga punika putranipun Udayana, patutan saking sang putri Maendradatta (Mahèndradatta).

Prabu Èrlangga kinèringan sarta binedakakên sasamining ratu dening Sri Darmawansa (Çri Dharmawança) ratu ing Jawi Wetan, punapa malih kala rawuhipun Prabu Èrlangga mêrtamu dhatêng Sri Darmawansa katingal sangêt ing pangaji-ajinipun ingkang tinamonan. Botên lami Sang Nata Èrlangga manggih bêbaya nagarinipun kabêsmi, bokmanawi jalaran saking prang, ananging ing sêratan botên [botê...]

--- 164 ---

[...n] mawi kasêbutakên. Awit saking punika Prabu Èrlangga lajêng lolos saking praja, purugipun dhatêng ing wanawasa, namung dhinèrèkakên dening para andêl-andêl, para punakawan, tuwin para agêng sawatawis. Wontên ing wanawasa saking katarimahing panuwunipun para pinitados sarta para brahmana, nuju ing tanggal kaping 13 ing wulan Maha (Magha) taun 932 Isaka, Sang Èrlangga angsal parmaning dewa sagêd angêrèhakên saanteroning nagari. Awit kala punika Sang Èrlangga lajêng sakeca lêlampahanipun, sarta saya mindhak-mindhak kawêntaring asmanipun, linulutan para wadya, sarta kinajrihan ing para mêngsah. Sang Èrlangga sampun sagêd angêndhihakên para ratu ing sakiwa têngêning nagarinipun, punapa malih ing salêbêtipun taun Isaka 954, Sang Èrlangga sagêd angêndhihakên ratu putri ingkang kinajrihan sasamining ratu, sang ratu putri kawartos asarira dênawa, karosanipun angungkuli sasamining manungsa, nanging namanipun sang ratu putri ing sêratan botên mawi kacariyosakên. Ing nagari-nagari sisih kidul inggih linurugan Sang Èrlangga, sarta sampun [sampu...]

--- 165 ---

[...n] têluk sadaya, konduripun mawi angsal jarahan kathah, ing salajêngipun Sang Nata Èrlangga karsa nglurug anggêcak ing bang kilèn, ingkang katêmahanipun Prabu Wijaya, ratunipun ing nagari ngriku lajêng têluk dhatêng Sang Èrlangga, amarêngi tanggal kaping 13 ing wulan Badrapada (Bhadrapada) taun 957 Isaka. Watawis kalih wulan lêtipun Prabu Wijaya seda cinidra dening wadyanipun piyambak. Sarêng ing pungkasanipun wulan Kartika (Karttika) têksih nunggil taun, Sang Nata Èrlangga lajêng jumênêng nata măngka têtungguling para ratu ing tanah Jawi, sarêng nêdhênging misuwuripun, sarta widada karatonipun, Sang Èrlangga karsa iyasa patapan (kluizenarij = wihara?) sakêlangkung èdi saha asri wêwangunanipun wontên ing pêpèrènging rêdi Pugawat, saking endahipun, ngantos kalêbêt ing bêbasan angêmbari Kaendran. Ing pungkasanipun kêkidungan sinung pamudyarja ingkang kawêdal saking manahipun para kawulanipun sadaya.

__________

--- 166 ---

VII. Prabu Sanjaya.

Sêratan ingkang tumrap ing sela, ingkang katitimangsan ing taun Isaka 654, saminipun ing taun Walandi 732, sarta ingkang rinimatan wontên ing museum ing nagari Batawi, punapa malih ingkang sampun kawêdharakên dening Tuwan Holle wontên ing Koninklijke Akademie ing kitha Amsterdam kala ing tanggal kaping 10 wulan Marêt ing taun 1884, namung wontên 25 larik, panatahipun sastra sae sarta cêtha, dene inggilipun sela 110 cM. wiyaripun 78 cM cacahipun pada wontên 12. Pada agêng: 1, 2, 4, 5, 6, 7, sarta 12 sêkaripun Sardulawikridhita (Çardulawikridhita). Pada agêng: 3, 8, sarta 10 sêkaripun Sragdhara. pada agêng: 9 sêkaripun Wisantatilaka (Wisantatilaka) pada agêng: 10 sêkaripun Prthwi ingkang sakawan pada agêng namung sapalih-sapalih, palihan ingkang sapisan sarta ingkang kaping kalih sami kadadosakên nyatunggal larik. Ananging selanipun ingkang rinipta ing sêratan wau kirang wiyar, botên nyêkapi kangge numrapakên sapalihipun ingkang larikan kaping 3 awit sêkaripun [sêkari...]

--- 167 ---

[...pun] Sagdhara. Pramila wandaning têmbungipun salong kapêdhot-pêdhot sarta katumrapakên ing garis ngandhapipun, punapa malih sarêng sampun nyimpang saking tatanipun ing ngajêng, pangripta lajêng botên ambudi murih pangriptanipun sêkar Sardulawikridhita (Sardulawikridhita) ingkang măngka sambêtipun, sagêd wangsul tatanipun malih kados sakawiting pangriptanipun ing nginggil. Dhapuring sêsêratan ingkang tumrap ing sela wau kathah èmpêripun kalihan sêsêratan ingkang limrah kangge ing Kalingga (Kalinga) sarta ing Andhra kala ing jaman abad ingkang kaping 5 sarta 10, utawi ingkang kalimrah sangêt kangge ing saperanganing nagari Dhekan (Dekkhan) ingkang kalimrahipun ing sapunika ngangge sêratan Kanaretelugu (Kanareesch-Telugu), ingkang langkung mèmpêr malih kalihan sêratan Hanh Khieï ing Kamboja (Camboja) kala abad ingkang kaping pitu. Dene tataning panyêrat ing bab panganggenipun anuswara linintu anunasika ñ, salong mêsthi sami kalihan tataning sêratan Jawi kina, utawi kalihan sêsêratan Kamboja Sangskrit ingkang pinanggih ing India kidul.

--- [168] ---

Mênggah pitêmbunganipun sêratan ingkang măngka pèngêtanipun Sang Prabu Sanjaya wau kenging winastan rêsik botên kacamboran, nanging tatanipun ingkang botên apik, panganggening pitêmbungan kathah cengkokipun, wujuding sela botên patosa risak, pramila ungêling sêratanipun inggih cêtha kemawon, kajawi ing sawatawis panggenan salong ugi wontên ingkang babak, ananging mêksa têksih gampil pangudinipun murih sagêdipun kawaos. Suraosipun sêsêratan wau sampun kawêdharakên dening Profesor Kèrên tumrap ing anggitanipun: Sanskrit-Inscriptie van Java, van den jare 654 Çaka (A.D. 732) dene suraosipun kula cêkak kados ing ngandhap punika.

Prabu Sanjaya (Sañjaya) punika putranipun Prabu Sana (Sanna) ingkang ugi jêjuluk Sanaha (Sannaha) ingkang amêngkoni satalatahing nuswa Jawi.

Bab punika pèngêtanipun băngsa Cina inggih nyariyosakên, bilih pulo Jawi kala ing jaman samantên kados-kados kawêngku dhatêng ratu satungal Ptolemaeus inggih [ing...]

--- 169 ---

[...gih] nyariyosakên bilih karatoning tanah Jawi punika namung satunggal, ing pundi botên mawi katêrangakên, ananging kenging kadugi bilih karaton wau ngalilh-ngalih botên têtêp panggenanipun. Kajawi kidung pangalêmbana bab kotamaning galihipun Prabu Sanjaya, kabagusaning warni tuwin kanuraganipun, sang prabu kawartos andunungakên lingga wontên ing pêpundhèn agami Siwah ing rêdi minăngka têtumbaling nagari murih widadanipun. Mirid ingkang kasêbut ing nginggil, têtela bilih peranganing agami Hindhu ingkang agêng saha pêncar piyambak wontên ing pulo Jawi punika agami Siwah, kadosdene ingkang têksih tumindak ing Bali ing jaman punika. Dene sêsêratan ingkang pinanggih wontên ing Jawi Kilèn nandhakakên bilih ingkang pêncar ing ngriku ingkang agêng piyambak agami Wisnu tuwin Brahma.

Kajawi saking punika, ing sêratan wau tanah Jawi kaupamèkakên pulo êmas tuwin salaka, kacariyos mênawi ing tanah Jawi kathah pamêdalipun jêne. Nitik kalihan kawontênanipun ing jaman sapunika para sagêd têksih

--- 170 ---

kathah ingkang sêmang-sêmang panggêganipun, jalaran botên wontên titikipun ing jaman sapunika, awit ing tanah Jawi nyatanipun sêpên pamêlikan jêne utawi salaka.

Saking pangandikanipun Profesor Kèrên botên ngêmungakên ing sêratan ing taun Isaka 654 ingkang tumrap ing sela wau punika kemawon ingkang nyariyosakên, ing Sêrat Ramayana wêdalan ing Bombai (IV, 40, 30) inggih kasêbut manawi pulo Jawi kathah pamêdalipun jêne, malah pèngêtanipun băngsa Cina sarta Ptolemaeus inggih mastani yèn jêne punika panunggilaning pamêdalipun pulo Jawi.

__________

VIII. Panitik.

(Opmerkingen)

Ing ngandhap punika nyêbutakên panitik kula dhatêng Sêrat Pararaton anggitanipun Dhoktêr Brandhês, pikajêng kula botên saking anggèn kula badhe ngongasakên kasagêdan, punika tamtu botên pisan-pisan, botên susah kula aturakên kathah-kathah, para sarjana ingkang

--- 171 ---

tamtu sampun sagêd manggalih yèn pikajêng kula namung lugu urun pamanggih, pintên banggi wontên ingkang maedahi, awit sadhengaha tamtu sampun mangêrtos yèn kasagêdan kula tinimbang kalihan Dhoktêr Brandhês upaminipun kados wêdhi saêlas kalihan balêgêripun rêdi Sêmèru, utawi toya sasiwur kalihan toya sagantên ingkang kacidhuk tanpa êsat.

Mênggah ingkang kasêbut ing panitik kula punika, ingkang kathah ugi kasêbut ing nutipun Dhoktêr Brandhês, sarta mawi kalugokakên têmbungipun Jawi kina, dados maksudipun Tuwan Dhoktêr Brandhês inggih ragi sêmang-sêmang anggènipun anêgêsi babonipun ingkang têksih mawi têmbung Jawi kina, kados ta: ingkang kasêbut ing bab I pinalampahan wedus bang sapalaki. tinêgêsan om een rooden bok gevraagd=dipun têdhani menda abrit jalêr satunggal. Punapa sapalaki botên anggadhahi têgês: sajodho, purba saking laki = jodho = jalêr èstri = dipun têdhani menda abrit sajodho, ananging ing kropak A sarta B kasêbut: capasaki (?).

--- 172 ---

Kang amuter bhumi Jawa ing kina têgêsipun kados ingkang sampun kasêbut ing Pararaton hij zal den toestand van het land Java geheel wijzigen ingkang badhe ambangun sadayanipun lêlampahan ing tanah Jawi, ing sapunika mutêr nagari, têgêsipun: marentah nagari, mêngku nagari een rijk regeeren.

Kaki Gadjahpara wruhanira. ing Jawi kina têmbung kaki têmbung panyaruwenipun (aanspreking) tiyang èstri dhatêng semahipun, kosok-wangsulipun, nini kangge ing tiyang jalêr dhatêng ingkang èstri, kados ta: Nini angapaha sun kapakena. ananging ing ngandhap wontên têmbungipun Kèn Êndhok nyêbut: kaki dhatêng tiyang sanès, anama: Lêmbong, kados ta: Kaki Lêmbong manawa sira tan supeksa. ing jaman sapunika kangge kramanipun inggil têmbung: thole, sarta gêndhuk, kados ta: kaki adipati, utawi: nini putri.

Kamakara panasé rarim jero weteng iku. Kamakara ing kawi: angkara = sangêt, murka, mulad-mulad, punapa ing ngriki atêgês: sangêt, binucal ing pabayangan dènira kèn Endok. miturut ing nutipun Dhoktêr Brandhês, pabayangan [pabayanga...]

--- 173 ---

[...n] punika saking bayang, yèn makatên pikajêngipun pabayangan, panggenan pambucalan ingkang pambucalipun mawi kabêbayang, awit têmbung: ambayang utawi ambêbayang punika têgêsipun angrêrămpa sarana kagandhèng utawi kagotong ing ngakathah.

Saking pangandikanipun Dhoktêr Van der Tuuk amtênar ingkang amarsudi têmbung Bali, ingkang ugi kawrat ing nutipun Dhoktêr Brandhês (Brandes) pabayang punika têgêsipun: jaratan lare ingkang dèrèng pupak untunipun.

Ayun sira kaki wikana purwakanipun = wilt gij weten wat er de oorsprong van is enz. ing ngriki têmbung wikana miturut Dhoktêr Brandes saking têmbung Jawi kina: wihikan têgêsipun: sumêrêp, ing sapunika wikana kangge ing kramanipun dhusun têmbung: botên sumêrêp.

Mênggah: saji, punika kasukan punapa, Dhoktêr Brandes botên sagêd andungkap.

Têmbung: kapihanan anggènipun anjarwani Dhoktêr Brandes namung saking kintên-kintên, sarta tinêgêsan: benard = susah, sêdhih, makatên nutipun: kapihanan wordt hier met

--- 174 ---

"benard" op de gis vertaald. pamanggih kula punapa botên sagêd ugi kapihanan atêgês: dumadakan wontên, kalêbêt wicalaning bawa: kapi, panunggilanipun: kapengin, kapenak, enz. punapa rimbag bawa ka saking lingga andhahan, kapi kalêbêt atêr-atêr ingkang têgêsipun: langkung saking têmbung ingkang dipun rakêti, (een voorvoegsel vóór andere woorden, om een hoogen graad uit te drukken, en beteekent erg, bijv. in: kapilênglêng erg verbijsterd; wat te veel, in: kapilare = wat te veel kind; sterk, bijv. in: kapiadrêng = sterk verlangen; heel, bijv. in. Kapitêmêning aprang, kapitêmên = heel nauwgezet; juist op tijd gebeuren of komen, in: kapihanan = dumadakan ana? Van iets, dat zich zóó onverwachts voordoet of toevallig wordt aangetroffen, zoo dat iets gereeden ingang vindt; kapihanan sira tumon ing katu sawaringin göngé. Kapa of kapinujon = juist van vast, of juist op het rechte punt getroffen).

Wêlahan = lalahan? = pasabinan ingkang mêntas kaêlêb lajêng kawaluku, ananging ing Pararaton têmbung lalahan inggih wontên.

Palugangsa ing Pararaton tinêgêsan gamêlan-hamers

--- 175 ---

= tabuh găngsa. Palugăngsa pamanggih kula: palu ingkang kadamêl găngsa = dêdamêl ing jaman kina, sama medal amawa palugangsa, amburu ring sira kèn Angrok. Sama mukul ing palugangsa enz.

Ana raré adawa tangané, aliwat ing dekungé, tulisé tangané tengen cakra, kang kiwa sangka, aran kèn Angrok, katon ing puyamami, enz: Er moet een jongen zijn met lange handen en dikke knieën, in zijne rechterhand moet het radteeken en in zijne linker het schelpteeken te zien zijn, kèn Angrok heet hij, en ik zag hem in mijne devotie, enz. = ing salêbêting pamujanipun (Dhanghyang Lohgawe) akatingal wontên lare panjang tanganipun, kandêl dhêngkulipun, sêratan ing tanganipun têngên awarni cakra, ingkang kiwa sangka, namanipun lare wau: Kèn Angrok.

Mênawi punika pasêmon, panjang tanganipun ambasakakên tiyang ingkang calimut (lange vingers hebben) awit Kèn Angrok kacariyos calimut. Dene kandêl dhêngkulipun, minăngka pasêmonipun Kèn Angrok anggèning rêmên ngrujag pawèstri ing saênggèn-ênggèn, ngibarat kandêl dhêngkulipun. Dene sêratan ing tanganipun awarni cakra kalihan sangka, punika namaning rajah, awit cariyosing tiyang sêpuh, kala ing kinanipun kawruh parajahan, inggih

--- 176 ---

punika kawruh pêthèk sarana aningali rajahing tangan (chiromantie) têksih dipun gêga sangêt, cariyosipun rajahipun tiyang, ingkang badhe dados agêng, badhe dados ratu, ginanjar bêkja, sangsara, malarat, sugih, boros, enz. enz. punika beda-beda corakipun, mênawi wontên coraking rajah ingkang nama: cakra, utawi: sangka, saminipun unyêng-unyêngan kapal (mathi), wontên ingkang nama: satriya pinayungan, enz.

Miturut ing Pararaton nalika Kèn Dhêdhês dados garwanipun Kèn Angrok sampun anggarbini tigang wulan, ing nutipun kasêbut: miturut kropak aksara A sampun anggarbini 6 wulan.

II. Ing Pararaton têmbung: pamêngkang, Jawi kina dipun têgêsi erf = pemahan, palataran, latar. Ing jaman sapunika: pamêngkang, têgêsipun: margi ing sakilèn sarta wetaning sitinggil ring pamêngkang wang angajêngi= Op. Het erf hield men de wacht. (Aan de pamêngkang hield men de wacht?)

IV. Ing bab IV kacariyos jumênêngipun nata Rănggawuni (Wisnuwardhana) kala ing taun Isaka 1172,

--- 177 ---

sedanipun ing taun Isaka 1194, kawartos jumênêngipun 14 taun, punika botên cocog, ing nutipun Dhoktêr Brandes inggih sampun nyêbutakên.

V. Ing Pararaton damêlan kula ingkang mawi sêkar, wontêning sêsêbutanipun para ratu namung kula pêndhêt têgêsipun kemawon prabu, ratu, nata, narendra kula damêl sami kemawon, mênggah lêrêsipun ing babon, ingkang wiwit mawi sêsêbutan: prabu, punika Bathara Siwabudha, inggih prabu-utawi Sri Kêrtanagara. Ing sadèrèngipun taun Isaka 1194 para nata sinêbut: ratu, ing bab XII wontên sêbutan ratu malih, inggih punika Radèn Gajah sinêbut: Ratu Angabaya.

Bêbatangan (bêbatangan) punapa têgêsipun juru pêthèk, saking ambatang = mêthèk, mênawi mirid cariyosipun ing ngandhap ingkang mungêl: Sinungan pasênggahan Arya Wiraraja, arupa tan andêl dènira enz., Dezen gaf hij den naam Arya Wiraraja, maar hij scheen onbetrouwbaar enz. bokmanawi ingkang wangunipun botên kenging pinitados wau pambatangipun (pamêthèk).

--- 178 ---

Ing sajarah Malayu ing nginggil kacariyos, ing nalika Sri Sultan Mansursah ing Malaka wontên ing Majapait nakèkakên putranipun bathara ing Majapait, sri sultan mawi cinoba dipun aturi wangkingan kaprabon satunggal iji dhuwung sanèsipun kawan dasa iji, ingkang sami risak warangkanipun, sri sultan ingaturan andandosi. Mênawi yêktos cariyos wau makatên, bokmanawi pikajêngipun, wangkingan kaprabon satunggal iji punika tumrap sri sultan, ingkang kawan dasa iji tumrap para satriya kawan dasa, ingaturan andandosi warangkanipun, anjinging curiga dhatèng warăngka mênawi minăngka pasêmon, bilih sri sultan sarta para satriya sagêd kaanjingan (kuwawi nadhahi) wangkingan wau inggih lêstantun mondhong putri ing Majapait.

__________

--- [179] ---

Isining wêwahanipun Sêrat Pararaton.

Babkaca
I.Adêgipun Karaton Majapait7
II.Brastha Praja Budha37
III.Sajarah Bantên101
IV.Cariyosipun Para Ratu ing Nagari Pase117
V.Nagari Puni137
VI.Bab Kawontênanipun Sang Nata ingkang Pêparab Èrlangga (Er-Lañga)146
VII.Prabu Sanjaya (Sañjaya)166
VIII.Panitik170

__________

 


pinanggih. (kembali)
ta. (kembali)
Ayu. (kembali)
Seharusnya 10 dan seterusnya. (kembali)
§ Êmpu Tantular wau ingkang nganggit Sêrat Arjunawijaya, sarta Sêrat Sotasoma. (kembali)
Tumapêl. (kembali)
§ Darma = dharma = palanggêran sarta kapracayan ing agami Budha. (kembali)
§ ing ngriki kapir atêgês tiyang ingkang nêmbah brahala, ingkang botên manut dhatêng agamining para nabi. (kembali)
§ mênawi punika para bupati. (kembali)
10 botên. (kembali)
11 Patih. (kembali)
12 § bokmanawi Mêntaraman punika miturut nama anggènipun mastani têtiyang ing Timur, ing pamirêngipun tiyang Itali utawi Sêpanyol dados minutaängen. (kembali)
13 § Barros tilaripun wontên ing nagari Portêgis ing salêbêting taun 1570. (kembali)
14 § cariyosipun Barros punika têtela botên katunggilan cariyosipun Lavanha piyambak, jalaran cariyosipun piyambak sami kasêrat wontên ing pinggiripun sêsêratan, adhapur kadosdene nut utawi ing ngajêng wingkingipun pitêmbunganipun piyambak mawi sinung aanhalingsteeken: "...". (kembali)
15 § yèn ing sêrat sanèsipun kasêbut nama Panêmbahan Natapraja, ing sadèrèngipun jumênêng sultan ing Dêmak. (kembali)
16 § yèn makatên taun kala bêdhahipun karaton ing Majapait inggih sagêd kêlintu ugi. M.D. (kembali)
17 § nitik kawontênaning suraosipun sêrat-sêrat wau, utawi saking miyambaki? (kembali)
18 § pamanggih kula yèn tumraping têmbung Walandi Longontsteking mênggah tumraping pasêmon Jawi kenging dipun lèrègakên dhatêng krissteek. ananging yèn cêkèk lèrègipun dhatêng seda linawe, kasêbut ing wingking. (kembali)
19 Tulisan Arab. (kembali)
20 Tulisan Arab. (kembali)
21 Tulisan Arab. (kembali)
22 Tulisan Arab. (kembali)
23 § ing ngriki wontên ingkang botên kasêbutakên, inggih punika garwa pangrêmbe (sêlir) ugi katilar sawêg kalêrês bobot, ingkang ing têmbenipun amêdali Wangsadipa (Wangsadipa) sarta lajêng katarimakakên dening sri sultan dhatêng Kêntotdalit. (kembali)
24 Tulisan Arab. (kembali)
25 Tulisan Arab. (kembali)
26 Tulisan Arab. (kembali)
27 ing. (kembali)
28 sela. (kembali)
29 § Pugawat punika têmbung Sangskrit, miturut katêrangan ingkang kasêbut ing nginggil, lugu pêrtalan saking têmbung Jawi, têgêsipun: kathah sêdhahipun = papan ingkang kathah têtanêmanipun sêdhah = pasêdhahan = pasuruhan. Punapa ing nagari Pasuruhan? Ananging pugawat wau namaning rêdi, punapa asaling namanipun nagari Pasuruhan saking rêdi wau, sarèhning kacariyos cêlak dunungipun kalihan wihara ingkang kacariyos ing nginggil. Ananging punika namung saking pangathik-athik. M.D. (kembali)
30 § ing Brandes & Groeneveldt Catal. 1887 kaca 218 noot nyêbutakên pambabaripun botên sagêd langkung saking taun Isaka 899. (kembali)