Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27)

Judul
Sambungan
1. Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 14-09-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 54 [lanjutan] ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 1 dari 53

16. Pupuh Roni[1] Kamal ingkang gumanti

1. sigêgên sira ki dêmang | anusul marang ing Bali | lampahe amurang marga | kêlangkung dene

[Ilustrasi]

--- 55 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 2 dari 53

prihatin | kang winurcitèng malih | anênggih radèn tumênggung | prajurite Ngurawan | kinăndha pakuning bumi | akêkasih Kêlana Jayakusuma ||

2. wus munggèng sêgara rupak | lampahe ingkang prajurit | kewuhan dènira nyabrang | abaris anèng kêkisik | sagung para bopati | tan pêgat tinantun-tantun | cacahe kang gêgaman | sawêrnine waos bêdhil | nora kathah wantawis amung salêksa ||

3. sakèhe wong dagang layar | apan wus miyarsa warti | maring prajurit Ngurawan | kang ngêlurug maring Bali | kêkasihe prajurit | awasta Radèn Tumênggung | Klana Jayakusuma | gêgêr barising pasisir | arsa nabrang kèmêngan tan antuk palwa ||

4. gêntia kang pinurcita[2] | anênggih nêgarèng Bali | Prabu Anjayalêngkara | nalendra tanpa tumandhing | nadyan akèha singgih | kang jumênêng rajèng Wangsul | ingkang ing kina-kina | datan ana kadya mangkin | ratu luwih Prabu Jayalêngkara |[3]|

5. eca manahe kang wadya | karta-karti kang nêgari | murah sandhang murah pangan | eca manahe wong cilik | sangking loba ing nêrpati |[4] tulus kang sarya tinandur | tan ana wong durjana | sakathahe kêbo sapi | tanpa kandhang agêlar anèng pangonan ||

6. cacahing wong sanêgara | kathahing wong sangang kêtthi[5] | ingkang somahan kewala | dhudha pra jaka kêjawi | ing desa têpis wiring | paminggir lawan wong gunung | apan [a...]

[Ilustrasi]

--- 56 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 3 dari 53

[...pan] datan kawilang | tandhane nalendra luwih | tanpa sama Prabu Anjayalêngkara ||

7. sakathahe parangmuka | sami têluk atur putri | ing Prabu Jayalêngkara | tan ana wani madhani | sakèhe kang nêgari | upêktinira lumintu | ing Cangcangan aseba | atur putri dadi rabi | ing Lumajang putrine sampun kagarwa ||

8. Nêrpati Ki Băndayuda | sami têluk atur putri | putrine ingakên garwa | Nêrpati Purwăngga nangkil | angaturakên putri | maring sang prabu ing Wangsul | inggih ingangkah garwa | Nêrpati Pranggunan nangkil | atur putri pan wus ingakên garwa |[6]|

9. ing Sandikoripan seba | putrine sampun karabi | ing Prabu Jayalêngkara | Nêrpati Sandiwaringin | anyar dènira nangkil | ngaturakên putri ayu | apan sampun kagarwa | dhatêng nalendra ing Bali | garwanira sadaya lêpbak[7] sapaa ||

10. cinatur lagya sineba | Prabu Anglêngkarèng Bali | pêpêk apdine ngamănca | sadaya para nêrpati | arya lan tăndhamohi | satriya para tumênggung | răngga lan pandêlêgan | Jayèngkewuh nglanglang pasir | ulubalang panggêdhe lawan panglima ||

11. Ki Gêdhe Ngranu aseba | Gêdhe Sudimara nangkil | lan Ki Gêdhe Tunggu seba | lawan Gêdhe Wonakitri | Ki Gêdhe Gati nangkil | lawan Ki Gêdhe Talsèwu | Gêdhe Sapigumarang | sadaya sami anangkil | sumawona kang para mantri panglima ||

12. Ki Tumênggung Kartabăngsa | Ki Ngabèi Pulanggêtih | Ki Ariya Nglanglangyuda | lan Ngabèi Karungkêris | Ki Răngga Jayènglatri | Angabèi Agrabanu | Tumênggung Wanèngbaya | lan Ki Dêmang Waningisin | mantri andêl Ki Tumênggung Karungkasla[8] ||

13. Ki Adipati Liyangan | wus dangu dènira nangkil | Ki Patih Jayaasmara | ingangkah sudara wèdi | langkung sihe nêrpati | sakarsane dipun ugung | apan sinung wêwênang | amungu sang prabu guling | tan kasiku sêsiwo lan para garwa ||

14. apan nora nana lanang | anênggih nêgara Bali | tan liyan Jayaasmara | dadi kondhange pawèstri | tate bêdhah nêgari | kèh nêgara alot têluk | yèn sampun nitih kuda | jêmparing kinarya siring | bêdhil mèsêm tinumbak malah ngujiwat ||

15. nora pati yèn gêdhea | pan nora patia inggil | Kya Patih Jayaasmara | kawatang lamun dêdêling | apan lir bêngle keris | wêdona sawang sutèngsu | nentra[9] pandam kanginan | rema panjang têkuk sisir | yèn ingore tiba wangkong andhan-andhan ||

16. kampuhira jingga măngsa | asabuk pathola wilis | sêngkang bapang [ba...]

--- 57 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 4 dari 53

[...pang] sinamiran | asumping êmas rinujit | jamang sinilih asih | warnane anom abagus | akris tinaturăngga[10] | ukir cula sinêmi |[11] awêrăngka cêndhana pêndhok kêncona ||

17. sakathahe mantri seba | padha brăngta aningali | ing Patih Jayaasmara | dene baguse angênting | ana malih pêpatih | kang minăngka sisihipun | ingkang pinaman-paman | maring Sri Bopati Bali | akêkasih Apatih Jayasasmita ||

18. Ki Menak Cau aseba | iku pêpatih ing Bali | angrèh ing mantri panglima | kinasihan ing nêrpati | alinggih malangkêrik | sarwi jêjegang puniku | warnanira cinăndra | wêtêng wêlêr pundhak kêpis | iga arang irung mungal janggut nyênthang ||

19. anging kapanggih ing manah | rada-rada jujur manis | pêpundhutane andina | takêr turun banyu mili | anging pajêge awis | narik ping walu sêtaun | pêthèkipun mêjana | sawulan narik ping kalih | desa rusak mantri panglima gêrsula ||

20. yèn bature darbe karya | anyambêlèh kêbo sapi | jalu[12] panglinggih pangrujag | yèn lagi gamêlan muni | nuli jaluk palinggih | awasta yatra pacêngkung | yèn sampun amêmajang | mundhut pajêg panguriyip | yèn kondangan ukume kadi wong jarah ||

21. yèn kala lêkas nyunumbang[13] | dudu reyal dudu picis | apan dudu sêsandhangan | dudu bèbèk kêbo sapi | sêsumbange ki patih | amung munthu lawan irus | prandene lamun seba | dèn ocèh dening priyayi | sabên enjing amundhut sambêl lan punar ||

22. sakèhe wong darbe karya | yèn nora atur upêksi | apan dhêndhane akathah | ingaran pambuntêl kuping | lamun atur upêksi | pinudhut[14] tanpa lêlungguh | aran panyagok[15] kêrna | panêdhane wong ing Bali | padha kaul yèn Menak Cau modara ||

23. nora bisa angêrenah | amung adile ki patih | maring wong desane ika | reyal pakêlanthang singgih | lan patêlèrèt malih | lawan ardona pambuntut | pacêngèk pan gurembyang | pacêthut pambungkul malih | pan carêmêt lawan malih pan kuresak ||

24. têgêse pacêthut ika | durung panèn mundhut êmping | têgêse pabungkul[16] ika | panèn kapas dèn pundhuti | pan karesak puniki | sakèhe pala gumantung | kang tuwa ingundhuhan | katur Ki Cao[17] sapalih | pan kêlanthang ala nganggur jaluk uwang ||

25. têgêse pambuntut ika | wong angingu kêbo sapi | apan pinundhutan wadal | têgêse pacêngèk malih | ing wong darbe bêbayi | atur pajêg panjang

--- 58 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 5 dari 53

umur | pan sarêmêt[18] punika | sakèh wisma dèn lêbêti | kudhi pacul kapanggih pundhut kewala ||

26. Ki Patih Cau punika | dene anggêripun malih | wadal pan calumik ika | lawan pajêg pamuringis | ingkang amêlarati | ingaran dhêndha panjêntung | lan wadal parêngutan | têgêse iya wong ngising | yèn angêtdên[19] marêngut kêna ing dhêndha ||

27. têgêse panjêntung ika | wong mênêng dèn dhêndha picis | wong gumuyu kêna dhêndha | iku dhêndha pamuringis | lan wadal pan calumik | wong ingundang cacêlathu | prandene kêna dhêndha | lawan wadal pan kajuwit | wong kumêdhèp pajêge kinira-kira ||

28. kang kajaba ing parentah | adile Ki Cau malih | dhêndha panggêdhêk punika | pan cêlèrèt lan paputih | panggêndhêg[20] têgêsnèki | dhêndhane ing wong jêjamu | pan cêlèrèt punika | ngangge pêndhok kêna picis | pêndhok putih kêna wadal tigang sêka ||

29. sirike bisa busana | Ki Cau patih ing Bali | acêlana asêruwal | kathok oto datan kari | abêbêt bari nyamping | nuli bêbasahan kampuh | bêbênting sêsabukan | wêdhak pupur akulambi | atêlakup ikêt-ikêt kêkopyahan ||

30. Ki Menak Agung aseba | iku pêpatih ing Bali | angrèh sakèh mantri kiwa | panggêdhe lawan prajurit | apan sadaya

[Ilustrasi]

--- 59[21] ---

[...] |[22] [...] | [...] | [...] | [...] ||[23]

--- 63 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 6 dari 53

17. Pangkur[24]

1. [...] | [...] | [...] | anuli tinampanan | ali-ali tinampan sampun ingêmut | Ki Cau kalintang bungah | Ki Agung dèn iwi-iwi ||[25]

2. wêcana apait kilang | angandika Prabu Anglêngkara Bali |[26] alah mara Bapa Agung | apajara saloka | kaya ngapa utamane ratu iku | lawan madyane nalendra | miwah nisthane nêrpati ||

3. Menak Agung awot sêmbah | dhuh dewaku pukulun panduka ji | borong punapa pukulun | ingkang mindha juwata | kados sampun kauningan sang aprabu | gawok yèn batên matura | mênawi supe dewaji ||

4. kocap ing nêgara krama | salokane utamane nêrpati | kawan prakara pukulun | api lawan raditya | lawan malih sagara kalawan gunung | punika lire saloka | kocap ing nêgari krami ||

5. saengga kadya sêgara | sapunika sêmonipun nêrpati | aranane sêgara tinut |[27] ajêro tur awiyar | sapa sintên sanggup jajagi pukulun | miwah jêmbare sêgara | sapa sanggup anglangèni ||

6. awon pênêt dhatêng kawrat | karya sêmu tan kadugèng wong cilik | wingiting ratu pukulun | saengga lir aldaka | upamane gusti Gunung Mahamèru | dinulu sangking têbihan | agung asamar tur ainggil |[28]|

7. sintên sanggup ngidêrona | dene samar lawan malihe

[Ilustrasi]

--- 64 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 7 dari 53

inggil | nênggih kèringane ratu | dipun kadi raditya | dipun kala tênganging kalane bêdhuk | sakèhe ingkang tumênga | ajrih apuwara tangis ||

8. têgêse ingkang pawaka | kadya gêni apanas agêsêngi | punika sêpdane ratu | dipun kadi punika | yèn wus dhawuh kadi punika pukulun | kêni dipun utap[29] bala | atanapi wadya mantri ||

9. dhuh gusti dewa kawula | sêgara agung wontên sanggup jajagi |[30] nadyan Gunung Mahamèru | wontên kuwasa minggah | ingkang ewuh dinuga galihe ratu | dene prasasat juwata | sapangandikane mandi ||

10. prandene kêna dinuga | galihipun ratu panduka aji | inggih jalma kang wus luhung | kang wruh sêmu nalendra | lan malih waspada wingiting ratu |[31] nadyan padha ngawulaa | wong lêmbut layak pinilih ||

11. nênggih mêdyana nalendra | panduka ji kawan prakawis malih | wraksa gurda kang rumuhun | kalawan tarulata | punang wraksa têgêse gurda pukulun | punika jênênge raja | dèn kados kajêng waringin ||

12. dene dadya pangaupban[32] | ambêkipun nalendra kadi warih | kalih prakara liripun | adil lan palamarta | yèn ngadili dèn kadi banjir ing ranu | yèn akarya palamarta | dèn kadi wêninge bèji ||

13. ingkang yogya ingadilan | ing saloka gusti kawan prakawis | kapisan wong ngrusak dhusun | kaping kalih patikbra | wong anyidra maring kêkasihing ratu | ping tiga wong utang pêjah | kalawan wong malik bumi ||

14. têgêse lata patikbra | kadi oyot mantêp ing ratu gusti | wantune oyot pukulun | yèn sampun angayangan | samubarang binêpbêt[33] apan akukuh | sawindu măngsa ucula | malah kongsi pêcat mati ||

15. têgêse taru punika | kadyang[34] patra andikane nêrpati | kaliyang upaminipun | kang sampun tibèng lêmah | yêkti mohal[35] balia ing uwitipun | mêkatên sêpda nalendra | inggih sampun wali-wali ||

16. yèn wontên aturing wadya | sumaruna ing kanan lawan kèri | pinêrm wardaya rumuhun | sampun dhawuh ing sapda | pan mênawi dewaji têmah kaduwung | dados amidhoni[36] karya | camah sêpdane nêrpati ||

17. yèn manggih ewuhing praja | kang prayoga santona kang tinari | wuse santana tinantun | anaria punggawa-punggawa |[37] ingkang yogya amêkasi ing piyangkuh | yèn sampun panduka timbang | dhawuhna adil narpati ||

18. nisthane ratu patikbra | kapanggihan gusti kawan prakawis | kathahe

--- 65 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 8 dari 53

ingkang karuhun | kaping kalih parusa | kaping tiga nênggih tiwase pukulun | kaping sakawane arda | murka kaping lima malih ||

19. têgêse ratu karèha | wadyabala lagya ungsum sêsabin | lan tinarik pajêgipun | pinanggutakên aprang | yêkti marot kang wadya nolih ing pungkur | atêmah kasor ing yuda | dadya nisthane nêrpati ||

20. têgêse ratu parusa | wadyabala adarbe rabi luwih | mangkana têmah pinundhut | tan lawan lilanira | yêkti sêrik tiwas ingadu prang cucuh | yèn têrsna saya karantan | akathah punggawa balik ||

21. têgêse ratu wisesa | wadyabala adarbe tumbak kêris | têtilare kang lêluhur | bakal ginawa aprang | dadya suda puwaranira ing kewuh | atêmah atine gêla | tiwas ingabên ing jurit ||

22. têgêse nalendra murka | wadya bênêr pan amrih pinrih ing sisip |[38] dhinêndha ing arta agung | anak putu jinarah | yêkti nistha puwara ngrusakkên dhusun | yèn tamian parangmuka | sayêkti ingabên ajrih ||

23. têgêse nalendra arda | wadyabala panduka rêbut bumi | apa karane cinakup | pinrih saramanira | atêmahan angrusak prajaning dhusun | wong cilik apêpêrangan | nistha adile nêrpati ||

24. pun Agung anuhun duka | sagêt matur tan sagêt anglampahi | măngsa boronga sang prabu | sagêt matur kewala | yêkti awon yèn pun Agung batên matur | kêrantên atur kawula | mênawi supe dewaji ||

25. mèsêm Prabu Anglêngkara | Bapa Agung langkung tarima mami | anging ta panêdhaningsun | ing dewa wana[39] songa | kinuwatna ingsun aja manah dudu | agunge wong jaman kina | sira ingsun awêlasi ||

26. lagi eca siniwaka | pan kasaru opyake kang anangkil | Ki Dêmang Pabeyan rawuh | amiyak mantri seba | pinariksa maring Ki Apatih Cau | ri sampune pinariksa | Ki Cau matur nêrpati ||

27. pukulun anuhun duka | wontên mêngsah sampun ngancik pasisir | nênggih nêgarining mungsuh | awasta ing Ngurawan | prajurite awasta Radèn Tumênggung | Klana Jayakusuma |[40] kang arsa bêdhah ing Bali ||

28. anging ta dèrèng anabrang | marmanipun ki dêmang atur pêksi | wiyose anêdha bantu | kang rumêksèng baita | bokmênawa mêngsah angêrbut prau |[41] wêntawis sikêp salêksa | gunge mêngsah ingkang prapti ||

29. Prabu Anglêngkara mujar | dingarène Bali dipun lurugi | yèn mangkono Bapa Agung | amataha [amatah...]

--- 66 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 9 dari 53

[...a] punggawa | ingkang layak angêrsa tampingan ingsun | sampun dènira ngandika | jêngkar malêbèng jro puri ||

30. sang nata manjing ing pura | Menak Agung mijil sangking sitinggil | akalihan Menak Cau | lan Dipati Liyangan | Ki Apatih Jayasasmita tan kantun | sapraptane pagêlaran | pinatah kang lunga jurit ||

31. ki gêdhe ing Sudimara | lawan malih Ki Gêdhe Wonakitri | lawan Ki Gêdhe Talsèwu | Gêdhe Sapigumarang | sakathahe para gêdhe kang tinuduh | sami atêngga tampingan | sakapraboning ajurit ||

32. kocapa sang analendra | wau sira sampun prapta jro puri | kèndêl paregolan sampun | aningali gapura | lan malihe gupala angapit pintu | pan sami angagêm gada | parunggu sari kinardi ||

33. rambute kawat kinarya | ilatipun wau têmbaga abrit | mutyaara untunipun | pan cinêkêlan gada | sêmunira kaya gadaa wo[42] langkung | lamun kasungan raditya | mangah-mangah angajrihi ||

34. anêmbe ingkang gapura | apan kaca bênggala kang kinardi | yèn ana bêdhaya langkung | kang owah paèsira | pan ing ngriku gone maoni cêcênthung | anênggih kang sinaosan | wong ayu anom birai ||

18. Pupuh Sinom ingkang gumanti

[Ilustrasi]

--- 67 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 10 dari 53

1. dangu kandhêg paregolan | Prabu Anglêngkara Bali | amicarèng jroning nala | nêgaraningsun ing Bali | gêmah têmên kapati | akèh isine dyah ayu | mendahane ing benjang | bêdhaha nêgara Bali | ya ta mênggah kêraos kang pêngajapan ||

2. salêbêting ing kadhatyan | apan amawi botrawi | kèdêran ing têtamanan | yèn tinon asri angrawit | wiyar toyanya wêning | padusane para arum | kêrantêne yèn enjang | iline toya akuning | yèn kanginan toya gandane angambar ||

3. kalanira pêndhak enjang | padha siram para putri | ingkang nganggo gănda wida | kalulun katute warih | wilêtan padha mili | sangking kèhe para arum | sakèhe wong ing jaba | padha angadhang sêsuri | sambên[43] enjang padha anggawa bêrsihan ||

4. awilis ilining toya | warnane toya awêning | kang pidih katut ing toya | sangking kèhe para manis | yèn wus asiram sami | apan padha kirap gêlung | yèn tumiba ing toya | asarah gambir mêlathi | ing sêsuri kabunton kalak kênonga ||

5. kocapa kang para garwa | sakathahe para putri | putri sangking Băndayuda | awêsta Andayarêsmi | ayu tur pramèng kawi | asêngkang bapang mangungkung | sinjang cindhe jêlamprang | sasolahe mêsajani | sasêmone layak canggèh pagulingan ||

[Ilustrasi]

--- 68 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 11 dari 53

6. putri sangking ing Lumajang | aran Dèwi Rekarêsmi | dêdêgira srada andhap | ulate galak amanis | rema èsmu barintik | arja sêngkang banciluhur | sinjang cindhe cêpaka | asamir mêndhalagiri | sêsêmone layak bonyo pagulingan ||

7. putri sangking Cangcangan |[44] awasta Supatmasari | ulate mandam kanginan | èsmu pangus lamun angling | rada ajungkar angin | mênggah asinjang pêpêlung | pêsaja tan mawi sêngkang |[45] rema bêg gambir mêlathi | sasêmone layak rongèh pagulingan ||

8. putri sangking Bêlambangan | aran Dèwi Dayarêsmi | èsmu kaku ing tênaga | sinjang lurik ragi Bali | samir mêndhalagiri | arja sêngkang banciluhur | dêdêg èsmu pidêgsa | kaduk ngasok yèn lumaris | sêsêmone layak gêlap pagulingan ||

9. putri sangking Sandipura | aran Dèwi Rênggarêsmi | widigya ing pasang cipta | sarira irêng awilis | ulat pandam kasilir | tabêri olah cêcênthung | sêngkang jabung payudan | asinjang limar giyanti | sêsêmone layak dimêr pagulingan ||

10. putri sangking ing Purwăngga | Dèwi Citrasmara singgih | bêsusipun angayangan | têbêri olah wêwangi | asêngkang ganggong rêspati |[46] dhangah-dhangah yèn lumaku | sinjang cindhe jêlamprang | awasis saliring kardi | lêlewane layak rongèh pagulingan ||

11. putri sangking ing Lobawang | aran Dèwi Rêtnarêsmi | ayune tanpa tandhinga | sapolahe amlasasih | asinjang turuntangis | mênggah akêmbên pêpêlung | asêngkang natabrăngta | rema bêg gambir mêlathi | wêtarane layak cangkêt pagulingan ||

12. putri ing Sandikoripan | aran Dèwi Rasarêsmi | ayunira nora pira | sirik rada marêk ati | dêdêge èsmu lêncir | yèn micara rada gathul | asinjang supiturang | rema kêbêg sêkar gambir | wêtarane gandêrs[47] luwês ing papêrman ||

13. akèh garwane sang nata | tan ana dèn cêngkramani | jêjamaha nora ketang | sêlir tan ana kawilis | sakèhe para putri | padha mular siyang dalu | marmane padha mular | nora kasambadan ing sih | sakèh garwa tan ana kang sacubana[48] ||

14. sagunge kang para garwa | sadaya kasukan cuki | ana ugêm bêbêncetan | padha toh uwang lan picis | wênèh reyal lan dhuwit | tohe ingkang para arum | lingsèn sami kasukan | adhèr[49] ingkang para sêlir | sumawona para babu lawan inya ||

15. mojar putri Băndayuda | sakathahe kănca mami | garwanira sri nalendra | sadaya sun têtakèni | padha wêcaa sami | aja na ngumpêt cêlathu | padha wêlèh kewala | aja na wong wirang isin | awêcaa aja na rasa-rumăngsa ||

16. sapa kang wus cinangkraman [cinangkrama...]

--- 69 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 12 dari 53

[...n] | maring sang prabu ing Bali | lah yayi Dèwi Lumajang | pantêse wus awor liring | putri Lumajang angling | amangkara kados ingsun | Prabu Jayalêngkara | kaningayane kêpati | layan dika kadi sampun sak punika ||

17. mujar putri Băndayuda | pantêse wus tunggal kapti | yayi dèwi ing Cacangan[50] | kalawan sang rajèng Bali | putri Cangcangan angling | kamang kados radèn ayu | apindha yèn mangkana | mendah raose kang ati | asikara Prabu Anjayalêngkara ||

18. bokayu ing Bêlambangan | layak wus dèn cangkramani | mujar putri Bêlambangan | kamang kados awak mami | kadhawuhana ing sih | pandugi kula mas ayu | ingkang awor ing tingal | angladosi siyang latri | sakarêsmèn lan Prabu Jayalêngkara ||

19. baya yayi Pajarakan | sampun sinêmbramèng liring | ing Prabu Jayalêngkara | putri Pajarakan angling | baya têrang kang langit | sêgara sat gunung guntur | yèn kongsi kacangkraman | sasat agring olih jampi | angkuh bae Kya Prabu Jayalêngkara ||

20. pantês bokayu Pranggunan | wus olih sihe nêrpati | Prabu Anjayalêngkara | putri Pranggunan nauri | lah inggih kala wingi | alêrês giliran ingsun | amarêk munggèng dagan | gănda kawula mrik wangi | sasat syarga dene sêmana kewala ||

21. mujar putri ing Purwăngga | duk kala giliran mami | kalintang ingsun prayitna | kapurancang sun bêciki | miwah rakite biting | anjagani ing pakewuh | sadalu amawongan | lêga rasane kang ati | awak ingsun dèn rencangona ngandika ||

22. mujar putri Sidapêksa | nora kèku awak mami | mapan dhingin sri nalendra | angidêri ing botrawi | ingsun têmah asinggih | apan maca layang kidung | têmbange palugăngsa | syaraningsun jêmplang-jêmpling | sasat asih yèn ingsun dèn dukanana ||

23. mèsêm putri Băndayuda | inggih mênawa-mênawi | kang adoh lamun kèkua | mungguh kaya awak mami | kinasihan nêrpati | wêdanane para arum | ujar wêlèh kewala | pêrandene awak mami | durung kongsi cinêngkramani ing nalendra |[51]|

24. yèn kala giliran ingwang | angladosi ing nêrpati | ingsun matur ing sang nata | anuhun sihe nêrpati | andikane sang aji | kaya mangkene sun tutur | yayi mas Băndayuda | benjang ingsun cangkramani | yèn kapanggih pangajapan ingsun tawang ||

25. lingira putri Lumajang | kasinggihan ujar wadi | lamun giliran kawula | nora ketang sundêl aji | anuwun sih nêrpati | andikane sang aprabu | yayi mas sing

--- 70 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 13 dari 53

Lumajang | ing besuk sun cangkramani | lamun sira kusuma sampun diwasa ||

26. sambên taun ngarsa-arsa | sambên sasi ngipi-ipi | prandene tan kalampahan | katuwane awak mami | sandhang bisa golèki | pangan bisa anjêjaluk | kala anèng Lumajang | tan mangan wêdhi karikil | laki raja lara-lara asiling apa |[52]|

27. mujar putri ing Cangcangan | ingkang kaya awak mami | lir cinta minta warsa |[53] angadhang sihe nêrpati | tansah dèn sêmayani | timur tumêkèng asêpuh | inggih tan kalampahan | yèn dêrmana awak mami | wus pêputra prandene dèrèng punapa ||

28. datan pêgat arêrasan | sagunge kang para putri | kawarnaa nibok inya | saure abêbisik |[54] sêti têmên narpati | wau sang prabu ing Wangsul | akèh kang para garwa | tan ana dèn cangkramani | pêrandene padha sêtya amawongan ||

29. Prabu Anjayalêngkara | tuhu yèn nalendra luwih | anging cacatde parusa | sakathahe kang nêgari | kabèh dipun lurugi | sakèh nagri alot têluk | putri kabèh kagarwa | prandene kang para rapbi | padha lara tan ana priniyêmbada[55] ||

30. ana inya siji mujar | layake prabu ing Bali | Mahraja Jayalêngkara | sun wêtara duwe sakit | kala [ka...]

[Ilustrasi]

--- 71 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 14 dari 53

[...la] timur sang aji | layak pinangan lêlêmpung | ingkang sawiji mujar | ingsun duga sri bopati | wêwatunên duk timur tumêkèng tuwa ||

31. pan ana padhêkan jaba | milu anambungi angling | karasa duk ingsun krama | olih wong bagus kapati | ping kalihe asugih | abaut tansah angambung | anging nora prajaya | abela tămpa kêpati | saya sangêt gèn ingsun aulah pura ||

32. nora ketang larang kêmbang | pêpulutan sun andhani | prandene tanpa gawea | anuli sun pancal wani | aku nuli alaki | olih sikêpe wong gunung | atèningsun sakeca | kurang mangan warêk rêsmi | pae cangkêm kalu jagung lan katela ||

33. sakèh para padhêkan |[56] pan sami jawil-jinawil | kasaru Nyai Sèbêtan | lumêbu ing pura dhingin | sakèhe para putri | sami sinung cêlathu |[57] baya pijêr punapa | nora mapak ing sang aji | nora kapok ingsun cêthoti andina ||

34. timbalane sri nalendra | sagunge putri pamburi | kurang ricike gamêlan | maksih luwih para rabi | iku putri paburi[58] | putri têngah datan kaetung |[59] anabuh gambang găngsa | ona gêndèr lawan suling | kang sawênèh salukat lan gambang găngsa ||

35. kusuma yu Băndayuda | sinjange wus dèn waoni | anyăngga bakor kêncana | ya isi toya awêning | lampahira

[Ilustrasi]

--- 72 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 15 dari 53

aririh | yèn dinulu gandrung-gandrung | lir pêrdapa kanginan | êmbating asta rêspati | asrang umyang gambang kinanthi lan têmbang ||

19. Pupuh Kinanthi ingkang gumanti

1. kang punang gamêlan arum | awèh asmara ing ati | manahira tanpa jiwa | ingkang amiyarsa gêndhing | kadya tangise wanodya | kang anèng ing tilamsari ||

2. gêndère muni abarung | lir kakung angarih-arih | maring dyah sajroning tilam | saron kang muni cumêngkling | kadi jêlihe wanodya | kang kawratan jroning rêsmi ||

3. kadya anguwuh pangangluh | maring kang amalêbu curi |[60] gambang găngsa kapiyarsa | syarane arum amanis | kadya suraking wanodya | marune anyar ngêmasi ||

4. kênonge munya anglayung | lir kakung anukmèng rêsmi | syarane kang suling maya | kapirsa lir èstri runtik | amular anèng jro tilam | awirang winadèng rêsmi ||

5. awèh jiwa yèn rinungu | gamêlan munya wèh brangti | punang kêthuk kapiyarsa | èrêke adudut ati | lir tangise lare bajang | cinawowo maring bibi ||

6. putri ing Pranggunan ayu | amicarèng jroning ati | nora kaya sri nalendra | kalintang dene amukti | sakathahe para garwa | padha kinèn nabuh gêndhing ||

7. putri Băndayuda mêthuk | sang nata manjing ing puri | anulya sira wot sêmbah | amasuh ing pada kalih | ingusapan gêlungira | layone aglar i[61] siti ||

8. sang prabu asih andulu | amicarèng jroning ati | adhuh mirah jiwaningwang | sun ecane ingkang galih | malar tulus asihira | anaa rewang amukti ||

9. wus cinandhak astanipun | adhuh mirah jiwa mami | iki wong ayu utama | aja masuh pada kalih | mênawa bodhol kang rema | aprasasat tênggak mami ||

10. yangyang mirah tilamarum | mung iki dewane sari | wong ayu anjait nala | asung wigênaning dasih | èsême apait kilang | wong ayu sun êmban gusti ||

11. sang putri sampun pinêngkul | binêkti[62] ing tilamsari | sapraptane ing jro tilam | winisik asmara jati | sang ayu datanpa jiwa | kadya sampun sakarêsmi ||

12. sang putri Lumajang wau | anèng sore nagasari | sakêlangkung merangira | kusuma kêlangkung runtik | anggèndèng pang nagapuspa | akèh kang tiba ing siti ||

13. sang prabu sampun tumurun | arsa angimur kang runtik | wus cinandhak wau sang dyah | astane maring sang aji | apa karyanira mirah | angiyog pang nagasari ||

14. adhuh mirah jiwaningsun | ruktik[63] maring

--- 73 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 16 dari 53

awak mami | dhuh amung sira kusuma | asawang mênur rinujit | kawula atadhah duka | wong ayu sun pondhong gusti ||

15. putri Lumajang rinangkul | binêkta ing tilamsari | sapraptanira ing tilam | winisik asmara jati | sang kakung ngaras srinata | sang dyah asare tan eling ||

16. sang putri Cangcangan wau | kalangkung merang ing ati | ulate rêngat anawang | sang dyah maring ing botrawi | tanbuh raose kang manah | ambêdhol gambir mêlathi ||

17. sang prabu wus atut pungkur | wau maring kusuma di | anging sang dyah datan wikan | maring sira sri bopati | cinandhak sangking ing wuntat | malerok sang liring sari ||

18. sang prabu lingira arum | lah uculna asta mami | dipun ainggal sang nata | wong punapa awak mami | asta kelor iki uga | yèn putung sapa ngilèni ||

19. sintên nambani yèn putung | angandika rajèng Bali | amung dika jiwaningwang | kang sêkar alit inganggit | dhuh sampun maras kusuma | gawe gambiraning ati ||

20. amung sira mirah ingsun | ingkang asung lara brangti | amung sira wotding nala | Wilotama tilamsari | pun kakang têmah kunarpa | yèn kusuma nora asih ||

21. wus kinanthi kusuma yu | sapraptane jinêmwangi | sang ayu sampun kinusya | winisik asmara sari | sang dyah pinaringan gantyan | kêntaka[64] dènira guling ||

22. sang putri Pranggunan ayu | gambang găngsa kang ginêndhing | pijêr kantu polahira | karaos larane galih | adêrs wijile kang waspa | sarone dipun sungkêmi ||

23. sang putri Purwăngga kantu | dènira anabuh gêndhing | ingkang karasa ing nala | tan dêrman wirang kapati | kasoran dènira krama | êgonge dipun garuti ||

24. putri Sandipura ayu | tansah kantu angrakêti | karasa ing polahira | wirang dènnya rêbut ing sih | waspa ingusabp[65] asinjang | karomonge dèn sungkêmi ||

25. putri Sidapêksa ayu | wirange karasèng galih | ingkang karasa ing nala | dene kari rêbut ing sih | andêrs kumucur kang waspa | kêthuke dipun sungkêmi ||

26. Ni Gêdhe Sèbêtan matur | yèn sêmbada panduka ji | sakathahe para garwa | sadaya pan sami runtik | dene tan kapadhan karsa | luhung sinangkramèng[66] rêsmi ||

27. alon mèsêm sang aprabu | amarani para rabi | sang nata asru ngandika | kabèh atma jiwa mami | aja na padha karuna | kabèh wotde ingkang ati ||

28. sang prabu mring jinêmarum | ginarêbêg para rabi | lir pendah Sang Yyang Asmara | ginarêbêg widadari | sapraptane ing jro tilam | lir Ratu Ngamarta Aji ||

20. Pupuh Durma ingkang gumanti

--- 74 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 17 dari 53

1. wus winisik sakathahe para garwa | lawan asmara jati | sakèh para garwa | sami kantu sadaya | kabèh wus dèn cangkramani | maring nalendra | nora lan pulang rêsmi ||

2. langkung sêti Prabu Anjayalêngkara | jayane sri bopati | dene bala nata | angrèh ing pramuditya | anglêngkarane sang aji | tanpa cumbana | kalawan para rabi ||

3. kawarnaa Kêlana Jayakusuma | kang arsa bêdhah Bali | tansah pagunêman | lawan kadang kadeyan | tanapi para dipati | kadeyanira | wau ingkang tinuding ||

4. angandika Kêlana Jayakusuma | hèh sagung sanak mami | ingsun utus sira | lah kakang rumiyina | pabeyan gêcêkên dhingin | ngêrbut baita | aja ajrih ing wèsthi ||

5. yèn sêlamêt kakang sira olih palwa | nuli balia aglis | ingsun arsa nabrang | Dêmang Jayalêksana | Angabèi Yudapati | padha kêkaria |[67] karya pakuwon mami ||

6. awot sêmbah Ki Răngga Jayasantika | Ngabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana |[68] kang kinèn kariyina | anggawa wong tigang biting | tur sêsêliran | padha wong wani mati ||

7. tanpa palwa pan sami gèthèk kiwala | kinarya gèthèk ori | pêtung lawan pucang | kang sami tinitihan | ginandhèng lawan pênjalin | wus munggèng toya | sakaprabon ngajurit ||

8. datan kandhêg gèthèke tiga lumampah | awrat wong satus sami | kang anèng ing ngarsa | Răngga Jayasantika | Yudapati anèng wuri | Jayalêksana | anèng têngah lumaris ||

9. waosira sami binongkok sadaya | pêdhang parise lêmbing | binongkok kiwala | dipun sasabi kajang | amindha-mindha wong grami | palwane pêcah | arsa mêntas ing Bali ||

10. tan kawarna wau lampahe Ki Răngga | prapta ngujung nêgari | mèh parêk Pabeyan | lamat-lamat katingal | biyange palwa kaèksi | asri katingal | lir jatingarang singgih ||

11. kawarnaa kang baris anèng Pabeyan | Ki Gêdhe Tunggu singgih | Gêdhe Sudimara | ki gêdhe ing Talnambang | ki gêdhe ing Wonakitri | Gêdhe Jambeyan | padha wong wani mati ||

12. bêdhil mriyêm kalataka lawan lela | sadaya dèn wêtêngi | anjanggol muwara | sami rumêksèng baya | kang baris burining bêdhil | wong sêsêliran | jangkewuh nglanglang pasir ||

13. sampun prapta Ki Răngga Jayasantika | Dêmang Pabeyan angling | wong ing ngêndi sira | mujar Jayasantika | manira iki wong grami | prau ngong rêmak | arsa mampir ing ngriki ||

14. asru mojar wau Ki Dêmang Pabeyan | iya mêntasa aglis | ingsun sarah sira | sakèh daganganira | sun alap katur nêrpati | ukume sarah | wong kaya sira iki ||

--- 75 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 18 dari 53

15. sampun mêntas Ki Răngga Jayasantika | lawan Ki Yudapati | lan Jayalêksana | minggah sak baturira | prayitna wong tigang biting | sarêng anyandhak | sasikêpe ngajurit ||

16. ya ta ngadêg Jayalêksana sêsumbar | aku dudu wong grami | wong ing têmênggungan | prajurit ing Ngurawan | marmaningsun prapta ngriki | angambil palwa | awèh ora sun ambil ||

17. ya ta kagèt lumayu Dêmang Pabeyan | angungsi maring baris | gita apêpoyan | maring Gêdhe Talnambang | kiyai mêngsah wus prapti | anèng Pabeyan | wêtawis tigang biting ||

18. sigra tandang ki gêdhe ing Sudimara | têngarane tinitir | Ki Gêdhe Talnambang | wau sigra nêrajang | Yudapati datan gingsir | Jayalêksana | pangamuke angukih ||

19. anangkêpbi Gêdhe Gêtêr Panjambeyan | sigra bendrongi bêdhil | arame kang yuda | wong tigang atus mara | anèng têngah dèn kêmbuli | lir saradula | amrih kiwuling jurit ||

20. ngamuk ngetan Ki Dêmang Jayalêksana | parisène cinangking | wiyare sadhêpa | têmbaga kang kinarya | lan pêdhange wêsi kuning | lir singa galak | angirit wong sabiting ||

21. ngamuk ngulon Ki Răngga Jayasantika | dhuwunge parung sari | jêbênge dèn ikal | tandange kaya pêrnjak | anitihi wong sabiting | tur wicêksana | angamuk golong pipis ||

22. ramening prang tanbuh mungsuh lawan rowang | awor sambate kanin | lir pendah ampuhan | syarane [syara...]

[Ilustrasi]

--- 76 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 19 dari 53

[...ne] wong kabranan | pating paluncar kang gêtih | kadi galuga | wong ing Bali kalindhih ||

23. wong Pabeyan kang ingadu akèh pêjah | lumayu ingkang urip | tumpês ingkang panggah | ingkang mundur kabranan | Yudapati ngobrak-abrik | Jayalêksana | angamuk ngowak-awik ||

24. sirna larut Ki Gêdhe Talnambang pêjah | Ki Gêdhe Tunggu mati | Gêdhe Sudimara | apan sampun palastra | Gêdhe Wanakitri mati | Gêdhe Jambeyan | Ki Gêdhe Gêtêr mati ||

25. anging sira Dêmang Pabeyan lumajar | sarwi anandhang kanin | jaja wrus[69] walikat | dèn abêni kiwala | pêlayune niba tangi | sarwi karuna | arsa atur upêksi ||

26. kawarnaa Ki Dêmang Jayalêksana | lawan Ki Yudapati | arsa abanjura | angamuk ing nêgara | Ki Jayasantika angling | hèh adhi dêmang | lawan adhi ngabèi ||

27. aja sira abodhokakên wong tuwa | yayi kari ngriki |[70] gawea pondhokan | ingsun bali piyambak | anggawa palwa puniki | kajêng[71] pangeran | sun aturi lumaris ||

28. asru mujar Ki Dêmang Jayalêksana | lawan Ki Yudapati | inggih kakang Răngga | dipun age matura | manira kari ing ngriki | yèn mungsuh prapta | kadangmu mêksih wani ||

29. sigra bali Ki Răngga Jayasantika | anggawa wong sabiting | pan palwa sasonga | bandhangane Ki Răngga | layare wus pinêlati | agêgancangan | datan kawarna margi ||

30. kawarnaa kang anèng ing pamondhokan | sakèh para

[Ilustrasi]

--- 77 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 20 dari 53

dipati | sami akasukan | ana ingkang bêbêksan | sawênèh ana anjodhi | opyaking bala | lamun Ki Răngga prapti ||

31. kang sawênèh ana amilih pacalang | ana sêlup pinilih | ana milih wangkang | sawênèh milih korap | wus samya alabuh sami | apan Ki Răngga | arsa matur ing gusti ||

32. kawarnaa Tumênggung Jayakusuma | kang lagya minta riris | anèng pamondhokan | anabuh gambang găngsa | Dèwi Surèngrana luwih | anèng ing pangkyan | lèngèh-lèngèh liniling ||

33. sapraptane Ki Răngga Jayasantika | kulambi kuthah gêtih | alon angandika | Klana Jayakusuma | kakang Răngga olih kardi | ngong karya duta | Ki Răngga awotsari ||

34. inggih angsal pangeran palwa sasonga | inggih akawal jurit | pun Jayalêksana | lawan pun Yudapatya | pangamuke silih ukih | lêbur Pabeyan | wong Bali kathah mati ||

35. angandika Kêlana Jayakusuma | sakèh para dipati | padha undhangana | ingsun arsa lumampah | numpag[72] baita ing wêngi | sigra wot sêmbah | Ki Wijatmaka mijil ||

21. Pupuh Mijil

1. kusuma yu Surèngrana angling | inyanira kinon | Biyang Supatma miyosa age | si arya warahên tumuli |[73] rataku dèn aglis | dèn mota pêrau ||

2. pangirite sasapbona jaring | dèn kukuh ambacot | bok abudi nèng têngah laute | aja ana kang wong amomori | sapêrabot [sapêrabo...]

[Ilustrasi]

--- 78 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 21 dari 53

[...t] mami | dèn mota pêrau ||

3. Ki Tumênggung Jayakusuma ngling | dhuh dewane sinom | sampun milu jiwaningsun anggèr | atunggua pakuwoning wuri | apan wadya alit | saduman kang kantun ||

4. kalih duman kang sun gawa yayi | amanggut[74] palugon | rajèng Bali asêti wartane | mênawi sun kapêsan ing jurit | eman sira gusti | katawan ing mungsuh ||

5. putri Cêmara anyiwêl wêntis | dhuh pangeran ingong | putri Cêmara ayu warnane | kinakudang yèn dadi prajurit | milaningsun krami | arsa tunggal larung ||

6. yèn pangeran pêjah balowarti | kasor ing palugon | kula pêjah anèng ing larène | raga kang srah tangkisna jêmparing | sasat syarga benjing | yèn barênga lampus ||

7. mèsêm sang kakung angaras pipi | garwane pinondhong | reyang-reyong mring tilamsarine | iki si wong cèthi acuwiri | mung wancine siji | angrèh maring kakung ||

8. anggitêl wêntis aturnya ririh | dhuh juwitaningong | bobap têmên pangeran ludhêse | asun ingaranan wani ing laki |[75] kala apa mami | angrèh ing wong kakung ||

9. Klana Jayakusuma angling |[76] angaras ing sinom | taha lamun wania kakunge | wanènira amungu ing brangti | kêrasira gusti | awèh rarasing rum ||

10. lir bramara angosyèng sari |[77] kang lagya karongron | Inya Supatma landhêp karsane | gambang găngsa tinabuh cumêngkling | kapirsa mèt ati | kadya nguyu-uyu ||

11. ya ta ana padhêkan sawiji [sa...]

[Ilustrasi]

--- 79 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 22 dari 53

[...wiji] | padha acêlathon | kusuma kalintang canggihe[78] |[79] ki tumênggung baute angênting | mêngkarak wak mami | kang ati salumbung ||

12. ya ta ana bature sawiji | kang dora anglamong | atiku iki êmbuh rasane | buta Kumbakêrna iki muni | têka ngêrak-ngêrik | anauti pinjung ||

13. ki tumênggung eca dènnya guling | tyasira karuron | kusuma yu kapati asare | ya ta kawratan ing sihing laki | manyura sru muni | nyungangong bang kidul ||

14. bangun rahina wayahe wêngi | sasi wus angayom | sata wona angrit pangluruge | angkupan muni awor kêdhasih | lir kadya nangisi | kang alêbu parung ||

15. kagèt awungu sang adipati | asêmu kalêson | kusuma yu pan maksih asare | wêdana wênês ngujur gêguling | kakung saya asih | garwane rinangkul ||

16. awungua wilotamèng rêsmi | dêrsanalèng turon | kusuma yu lembon dingarène | astane dyah pan sinunggi-sunggi | apuranên gusti | dewa pun tumênggung ||

17. kagyat awungu sang ruming sari | runtik tur kawuron | apan kawratan sihe kakunge | gêlung lukar wau dèn waoni | anyêngkah ing laki | dhuh lêsu pukulun ||

18. kadi gêrah syarane pasisir | kang nata pêrabot | pan Ki Răngga Jayasantikane | pan sadalu tanpolih aguling | bêndhene tinitir | angrog galaganjur ||

19. age tumurun sang adipati | garwane pinondhong | èsmu merang maring punggawane | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng pasisir | minggah ing pêrau ||

20. Inya Supatma nuli abali | mantun king pakuwon [pakuwo...]

[Ilustrasi]

--- 80 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 23 dari 53

[...n] | sakèh padhêkan aturu kabèh | nora wikan sapolahing gusti | wus munggèng palwa di | gènnya kesah dangu ||

21. ya ta ni inya angambil warih | munggèng ing pêngaron | punang toya wus siniratake | mring sakèhe para nyai guling | asru dènira ngling | kari ing gustimu ||

22. kagèt tangi sakèh para nyai | sadaya sêsaos | ana kari maring gêgawane | pêthi kang isi bêrana kari | gugup tangi guling | dhêdhingklik pinikul ||

23. ana padhêkan sêdhahan siji | gugup polahing wong | pêpojène[80] wus sinaosake | sêlak kari anggendhong kêkêndhil | miyos kontrang-kantring | tiba ting kalêpruk ||

24. ingkang rada alembon aguling | pan eca angarok[81] | dipun siram gèdhèg-gèdhèg bae | angalih gon alok yèn garimis | wong wêdi ing kunci | wani asu buntung ||

25. padha inggar sakèh para nyai | sangune ginendhong | pula gimbal lawan sêsagone | satru arum kalawan wajik |[82] ingkang rada miskin | anggendhong cêngkaruk ||

26. cêngkaruke mung sagêgêm iki | dèn wadhahi gênthong | milanipun gêdhe wêwadhahe | mênèk pêtêng atine ing margi | sêlak gugup margi | gênthong tiba rêmuk ||

27. cêngkaruke tiba kocar-kacir | tiba ing balêthok | têka sajujung asru tangise | angur baya matia si kaki | maring ngêndi gusti | adhuh cêngkarukku ||

28. sakathahe ing para nyai |[83] sadaya wus kawot | tunggal palwa kalawan gustine | palwa pêtcalang kang dèn titihi | paridan tinarik | juru mudhi mungkur ||

[Ilustrasi]

--- 81 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 24 dari 53

22. Pupuh Pangkur ingkang gumanti

1. Kêlana Jayakusuma | wus anitih palwa pêcalang adi | pun Timbanggêtih ranipun | apanjang tur awiyar | tautate angêmot wong tigang èwu | arame wong Gilingkêlat | layar binabar tumuli ||

2. juru bantune utama | sampun ngadêg wau wurine canthik | amaspadakakên ujung | juru pandoman prayitna |[84] kang jinangkung pakewuh sajroning banyu | juru mudhine prayitna | jangkare sampun tinarik ||

3. bêndhe tinabuh angangkang | angrok lawan gamêlan asênggani | têngara bêdhil kumrutuk | angin untara prapta | ombak agung punang sêgara wus wêdhuh[85] | lampahe palwa angêrab | yèn tinon anggêgilani ||

4. datan kandhêg lampahira | kawarnaa ing nalika wus ngranjing | mega abang wus kadulu | kuning kalawan pêthak | ampak-ampak papêdhut ngungkuli alun | lir langêning pêpajangan | lêlangse mêndhalagiri ||

5. wijile sang yyang raditya | pan kalingan dene sang mega putih | kang riris pan dene mêndhung | tinon agawe rimang | lêrêk-lêrêk kaya sêmune sang ing rum | kala Dèwi Surèngrona | kawratan sihirèng laki ||

6. gêrah măndra kidul wetan | apan angrok kilat kalawan thathit | anglir pendah kincangipun | alise sang kusuma | ing papêrman sinisiwo Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma | agung trisnane angênting ||

7. ingkang mina lêlimbungan | pan katrajang dene palwa lumaris | kang mina buyang[86] ngêndhanu | kadi wong anêmbrama | akèh banyar

[Ilustrasi]

--- 82 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 25 dari 53

lumahan kalawan cucut | pèdhèt pèthèk lan rajungan | kuro kalawan têngiri ||

8. pêparot lawan lêlumba | sumawana têmbirang kakap kuning | olor kêlawan kaluyu | jambulan lan lêmahan | atanapi tarêjung kalawan layur | lewe gobak lawan pahat | gêmi tumèmpèl kêmudhi ||

9. datan kawarna ing marga | lampahira kang arsa bêdhah Bali | sira Rahadèn Tumênggung | Kêlana Jayakusuma |[87] labuh jangkar wau sira anèng ujung | sigra mêntas ing Pabeyan | pakuwon kapanggih dadi ||

10. kocapa Dêmang Pabeyan | kang lumayu sarwi anandhang kanin | Menak Agung kang jinujug | sampun atur uninga | sapolahe sampun katur Menak Agung | Ki Dêmang Pabeyan pêjah | Ki Agung malêbèng puri ||

11. malêbêt tanpa larapan | sri nalendra pinarak ing botrawi | sineba ing para arum | kang sami gona[88] raras | munggèng ngarsa para garwa ayu-ayu | ki dipati ing Liyangan | kapanggih ing dalêm puri ||

12. milane wau ngandikan | Ki Apatih Jayaasmara singgih | kinèn anyaron nalutur | anabuh gambang găngsa | lan malihe kinèn muruk para arum | tan ana sêsiku ketang | yèn amuruk para rabi ||

13. Ki Patih Jayaasmara | ambêranyak èsmu anjungkar angin | warnane anom abagus | mukti sugih sêntona | garwanira sakawan padha yu-ayu | padha putrane nalendra | tan ana dèn cangkramani ||

[Ilustrasi]

--- 83 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 26 dari 53

14. agawe malang sumirang | iya patih anèng nêgara Bali | datan ana ingkang purun | maring Jayaasmara | dene sêti prawirèng rona[89] kêlangkung | milane wong sanêgara | sadaya awêdi asih ||

15. yèn kêmbanga lagi mêkar | dhasar bagus adhêmên busana di | apantês kampuhe gadhung | rinênggèng ing pêrada | apaningsêt sutra kuning sang abagus | asri rinênggèng pêrada | kang atulis wukir kawi ||

16. wus akris tinaturăngga | ukirane cula tinunggak sêmi | apan pêndhok mas mancur |[90] pêndhok gula kêlapa | arja jamang mas rineka sang abagus | andhangah dènira gambang | asumping sinurèngpati ||

17. kocapa kang manjing pura | Menak Agung kandhêg lawang ingukir | kèmêngan amungup-mungup | akarsa malêpbua | pan mênawi kadukan marang sang prabu | dene lagi akalihan | lawan sagung para putri ||

18. akarsa wangsul ing lawang | apan ana jênêngira pêpatih | kèmêngan tyase Ki Agung | kaya-kaya ngandikan | amaoni kampuhe kănca kinêlun | sampun nêtêpakên kopyah | kêrise pinipit-pipit ||

19. ing manah maksih kèmêngan | Menak Agung sisi pipining kori | kagèt sang prabu andulu | ingawe marang ngarsa | lah dèn age marenea Bapa Agung | dene têka kaya bocah | sumêlang angintip-intip ||

20. Ki Agung prapta ing ngarsa | sri bopati nulya ngandika aris | dingarène Bapa Agung | aseba jrone pura | baya rusak [rusa...]

[Ilustrasi]

--- 84 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 27 dari 53

[...k] pêrabotmu Bapa Agung | sira ngawula maringwang | putih kuning sun paringi ||

21. bokmênawa rabinira | kurang pangan bapa aja awêdi | anyuwuna maring ingsun | măngsa ingsun tegakêna |[91] katon têmên sêtyanira Bapa Agung | angawula marang ingwang | cabar tiwas dèn adhêmi ||

22. Ki Menak Agung wot sêmbah | ya dewaku pukulun panduka ji | anuhun duka pun Agung | taha yèn mêngkatêna | sakadare pun Agung kêkucah tuwuk | milane atur mêstaka | angraos tiwas angapdi ||

23. kawula atur uninga | ing Pabeyan kancikan mêngsah wani | dutane radèn tumênggung | angancik ing Pabeyan | mendahane babote[92] radèn tumênggung | cacak punggawa kewala | pêrandene gêgilani ||

24. kathahe mantri têtiga | sikêpipun wêtawis tigang biting | sinăngga wong limang èwu | prandene tan kuwawa | bala tumpês kamisêpuh kathah lampus | Ki Gêdhe Ngranu palastra | Ki Gêdhe Talsèwu mati ||

25. Gêdhe Sudimara pêjah | pan Ki Gêdhe Wanakitri ngêmasi | Ki Gêdhe Tugu kapupu | Ki Gêdhe Gêtêr pêjah | pan Ki Gêdhe Pajambeyan wus kasambut | palwa panduka sasonga | kabandhang ing mêngsah prapti ||

26. pun wangkang pun Jaladara | lan pêtcalang gusti pun Timbanggêtih | sêlup pun Răndhabêbakul | korap pun Kaladuta | sadayane sampun kabandhang ing mungsuh | Dêmang Pabeyan palastra | duk gêsang kang

[Ilustrasi]

--- 85 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 28 dari 53

asung warti ||

27. pukulun atur kawula | nuhun duka pun Agung amit mati | kawula arsa angêrbut | baita kang kabandhang | sri bopati angandika sarwi ngadhuh | baya Agung aja pêrang | mênawa sira ngêmasi ||

28. eman yèn sira matia | nadyan gêsang pundhakmu sun alimi | apan aku ratu luhung | asugih balakusya | nadyan silih matia wong tigang èwu | pan ingsun măngsa girisa | maksih sakêtthi kang kari ||

29. nadyan sakêtthi matia | maksih ona rong kêtthi ingkang kari | upama sayuta lêbur | sabarang maksih ana | eman mati Bapa Agung sêtya tuhu | ilang kang palwa sasonga | maksih bisa angilèni ||

30. Bapa Agung lir êmbanan | sasotyane baya ana ing ngêndi | eman têmên Bapa Agung | yèn matia apêrang | mendahane dukane momonganipun | Agunge wong jaman kuna | momongane ana ngêndi ||

31. Prabu Bali nora kilap | ing angsale wau ing nguni-uni | maring sira Menak Agung | wulucumbu Jênggala | pan kasingsal apisah momonganipun | lagi karya lêlampahan | maring kang murwèng kawi |[93]|

32. rajèng Bali angandika | wêtcanane wau apait gêndhis | dêdimone Bapa Agung | prajurit ing Ngurawan | lamun prapta Sapigumarang ngong pagut | nadyan ingsun rêrêmpona | aja adoh lan nêgari ||

33. yèn ingsun amagut ing prang | garwaningsun kabèh ingsun paèsi | sadaya sun gawa magut | mênawi ingsun kalah | pan anaa bandhangane Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma | mêmêkasa mupung urip ||

34. mangkana sang analendra | mengo ngiwa mujare para rabi | sakathahe garwaningsun | benjang yèn ingsun aprang | nênontona suraka sangking carumpung | Kêlana Jayakusuma | sun ujane padha siji ||

35. sakathahe para garwa | sadayane padha matur wotsari | kaya ngapa warnanipun | prajurite Ngurawan | arsa mungsuh dhatêng sang prabu ing Wangsul | baya basên[94] mangan sêga | warêg mangan wohing dami ||

36. adipati ing Liyangan | jamangipun tinêtêpakên malih | matur sarwi nyikut dhuwung | nêmbah angêmbat asta | pan kawula dewaji ingkang umanggut | Kêlana Jayakusuma | benjing kawula kêmbari ||

37. pangraosing manah kula | sampun kagêm munggèng ing asta kalih | ingkang aran Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma |[95] wurung mukti sida tumênggung mathuthung | panduka tuwêk piyambak | mèsêm sagung para putri ||

38. sri bopati angandika | Bapa Agung mataha wong kang bêcik | konên adombani laku | dimone lampah dhustha | cacahêna prabote mungsuh |[96] kalawan rabine pira | kang milu sabayapati ||

39. Ki Agung matur sandika | pan kasaru ki patih wau prapti | remane dinulu mawur | dudu mawure kêmbang | tangi turu akuthah kalawan kapuk | kojur [ko...]

--- 86 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 29 dari 53

[...jur] dènnya bêbasahan | kêkopyahana cêcaping ||

40. jêmpole sikil punika | karo pisan dipun alèn-alèni | nila kalawan jumêrut | dèn talèni lan tampar | dipun ugêr kalawan dhadhêngkulipun | eman mênawi ilanga | yèn lumampah miling-miling ||

41. Ki Menak Cau wot sêmbah | ya dewaku kawula tur upêksi | satru panduka wus rawuh | prajurite Ngurawan | pakuwone wartanipun ing Talsèwu | ing Banonbang sampun prapta | pacalange kang prajurit ||

42. kadya punapa ing karsa | angandika sri bopati lir gêndhis | dêdimène Bapa Cau | makuwon ing Banonbang | arah ingsun Sapigumarang ngong pagut | sakèhe măncanêgara | padha timbalana benjing ||

43. sampun puput angandika | rajèng Bali lèngsèr sangking botrawi | ginarêbêg para arum | ingkang anggona raras | padha putri kang bêkta pacaranipun | kidang mas ardawalika | kêkacu mas sawunggaling ||

44. lêlancang bakor kêncana | lan tadhahan emas sinilih asih | songsong jêne anèng pungkur | bêbungkul manik toya | mawi samir kang agawa putri ayu | waos panjang panuwêkan | kang abêkta putri adi ||

45. sêmbada sapolahira | asta têngên amundhi waos singgih | astane kering angrayung | êmbate alembeyan | mingêr ngiwa kadi putunga kang lambung | kadi èndhèle

[Ilustrasi]

--- 87 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 30 dari 53

Ki Cêrma | manyak-manyak angedani ||

46. adipati ing Liyangan | sampun mijil sangking ing dalêm puri | Menak Agung Patih Cau | apan sami tut wuntat | sadêlanggung Ki Cau atutur-tutur | adhi Agung ipe dika | bêngi yèn ingsun dukani ||

47. dalane nora dukaa | wong ing karang adhi ngaturi bêkti | pan atur suruh sagulung | lan jambene samayang | lawan durèn sawiji sisane gêndhu | Ki Menak Agung angucap | milane sisane bajing ||

48. wong desa wong tanpa ngrasa | atur durèn sawiji sisane bajing |[97] Ki Menak Cau amuwus | kang waras sampun têlas | ingsun gêpbyuk duk lagi misih jumamur | kari pêntile satunggal | sun wèhi layang kêkitir ||

49. yèn durèn ora katura | sayêktine patinggi sun larani | mila ipemu sun sêndhu | iya dhingini karsa | têka nginang jambeku têlas têtêlu | nora ngaturi uninga | dudu pêpadhaning mami ||

50. sadalu ingsun aduka | adhi Agung ipemu sun dukani | pan mangkene dukaningsun | si setan bêlis lanat | bungkêr kupêr asu lèlèng[98] hantu laut | nora layak polahira | dadi garwane pêpatih ||

51. Patih Agung suka-suka | lah ki raka aja dinawa malih | balik ki raka rinêmbug | pakewuhing nêgara | ingkang pinrih mungsuh aja kongsi rawuh | sapraptane panangkilan | sampun atata alinggih ||

52. sakèhe mantri panglima | sami pêpêk anèng ing păncaniti | sampun waskitha [waski...]

[Ilustrasi]

--- 88 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 31 dari 53

[...tha] kang rêmbug | sami patah-patahan | ya ta wontên lêlurahe Jayèngkewuh | awasta Gagak Kalana | kalawan Dhangndhang[99] Winangsi[100] ||

53. lawan Kuntul Wilantênan | kang dèn utus maring rêkyana patih | anêlik lampahe mungsuh | kinon maring Banonbang | anacahna sakèh pêraboting mungsuh | sasampunira winêkas | lumaris sang madugêndhis ||

23. Pupuh Dhangdhang ingkang gumanti

1. sampun amatah mantri kêkalih | kinon nimbali măncanêgara | miwah wong pasisir kabèh | kawarnaa ing ênu | sakathahe punggawa mantri | padha amêkajangan | anèng alun-alun | tanapi jawine kitha | baris agung têlike lir banyu mili | kang angêrksa[101] nêgara ||

2. anêngêna[102] sang prabu ing Bali | kawarnaa prajurit Ngurawan | Klana Jayakusumane | lamine pitung dalu | ing Pabeyan dipun pondhoki | budhal sangking Pabeyan | amondhok Talsèwu | malah kongsi sangang dina | sabudhale sangking ing Talsèwu singgih | amakuwon Banonbang ||

3. dènnya makuwon tan mawi biting | abêlabar punggawa Ngurawan | padha mara dhadha bae | anênggih têbihipun | ing Banonbang lawan ing nêgari |[103] lêlakon pitung dina | yèn lampah wong nglurug | yèn lumampah lêlancaran | wêtarane tigang dina nuli prapti | kitha sangking Banonbang ||

4. nèng Banonbang pan sampun alami | Ki Tumênggung Anjayakusuma | tan ana mapag yudane | kèmêngan manahipun | Ki Tumênggung Jayadiluwih | sagung para dipatya | aseba ing ngayun | andhèr lir sêkar sataman | adipati ing Barêbês sami nangkil | Dipati Kêrtasana ||

5. Răngga Jayasantika anangkil | kalih Ki Dêmang Jayalêksana | Ngabèi Yudapatine | andhèr anèng ing ngayun | sakathahe para dipati | sadaya sami seba | ing Jipang Mêntaun | Dipati Tuban Bêlora | sumawona Răngga Sidayu Garêsik | Lasêm Dipati Rêmbang ||

6. Ki Tumênggung Jayakusuma di | akalihan Dèwi Surèngrona | anèng wingkinge kakunge | alon dènira muwus | Ki Tumênggung Jayadiluwih | sakèh para dipatya | kang anom kang sêpuh | manira tari sadaya | kayaparan sêmune sang natèng Bali | nora amanggut yuda ||

7. yèn têluka sang prabu ing Bali | apan sampun ngaturi bongkokan | kang ati ewuh rasane | èmênge atèningsun | dene mungsuh wong Surèngwani | ambêke amiguna | sang prabu ing Wangsul | sakèhe para dipatya | kayaparan ature ing awak mami | matur ingkang pra mănca ||

8. măngsa boronga ki adipati | inggih sampun sangking kaping gangsal | pakewuh kawêngku kabèh | yèn sêmbada pukulun | luhung benjing mangsaha jurit | sagung

--- 89 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 32 dari 53

măncanêgara | ingabên prang cucuh | lêbur kadi pratala |[104] apan rêmbak ature punggawa mantri | ki tumênggung tan arsa ||

9. Răngga Jayasantika wotsari | yèn sêmbada ature kawula | gusti pangeran yèn kangge | sagunge punggawa gung | pinilihan ingkang abêcik | sami nitih turăngga | abêdhah ing Wangsul | amrih kiwuling ayuda | apriyogi pangeran aprang dhadhali | ki tumênggung tan arsa ||

10. Jayalêksana umatur aris | atur kawula dhatêng pangeran | lamun sêmbada karsane | benjang dawêg pinanggut | pinrih ing mêngsah tanbuh ing jurit |[105] ing ngarsa kinawalan | ing pungkur ingamuk | pinrih kang mêngsah gugupa | kakang dêmang dadya cucuke jurit |[106] ki tumênggung tan arsa ||

11. asru matur sira Udapati[107] | atur kawula dhatêng rahadyan | sampun pangeran têlangke | ngabên rosèng bêbalung | luhung benjing mangsaha jurit | sampun jamak prawira | mati aprang pupuh | kawula binubuhana | apan sanggup madung gapurane benjing | ki tumênggung tan arsa ||

12. kusuma yu Surèngrana angling | atur kawula dhatêng pangeran | lamun sêmbada kêrsane | ing wong apêrang pupuh | nisthanipun kalih prakawis | ana kang mênang aprang | kalah jodhinipun | mênang jodhi kalah aprang | kang utama mênang aprang mênang jodhi | tandhane yèn prawira ||

13. yèn sêmbada atur kula gusti | dèn dhahara ature pawongan | pangeran gusti ing têmbe | karya layang pêpucuk | ingaturna prabu ing Bali | apan pinrih têluka | upami anggêrgut | inggih malar prayitnaa | yèn wis yitna sikêpe bali ajurit | pangeran dawêg mangsah ||

14. ana tandhane lamun prajurit | nadyan èstri kawula pangeran | sandika dados pamuke | sampun amrih ing tambuh | apan dede prajurit luwih | mèsêm sang adipatya | garwane rinangkul | lah inggih lêrês kusuma | amung sira wilutamane sabumi | asêkti măndraguna ||

15. midêr ing rat ingsun tan amanggih | kuningira anukmèng pêrada | asêpêt madu èsême | yangyanging tilamarum | mirah mulya intên widuri | kusuma di Cêmara | wong ayu anulus | kang amindha Wilotama | mung wadane kusuma awutah ati | angrèh bawaning priya ||

16. sira Dèwi Surèngrana angling | basên têmên sêpdane pangeran | dhuh kaya ngapa wanine | lan malih dèrèng tau | amarentah panduka gusti | eling yèn bêboyongan | mila darbe atur | supados sok adhahara | ya ta mèsêm sang kakung angaras pipi | adoh tumêkèng rema ||

17. kathah dipati pra mănca sami | kucêm sami tandhês ing pratala | kalangkung dene kucême | sang dyah sampun sinambut | glis binêkta ing jinêmwangi | prapta ing pêpajangan | dhuh dewaning ayu | kêrase

--- 90 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 33 dari 53

amung wigêna | amung sira Wilotama ing rat bumi | ayu surèng paprangan ||

18. lir bêrmara anukmèng ing sari | ki tumênggung lan putri Cêmara | sarwi ngartèni layange | ewuh lamun winuwus | kapanane gènira nulis | liyan Dèwi Surèngrana |[108] sêktine sang bagus | punang nuwala wus dadya | ingulêsan kalawan têluki kuning | kadehane ngandikan ||

19. sira Răngga wus prapta ing ngarsi | lan Ki Dêmang Anjayalêksana | Ngabèi Yudapatine | ki tumênggung lon muwus | ingsun utus kadeyan mami | amundhia nuwala | mring nêgara Wangsul | nanging poma kakang Răngga | layang ingsun aja liyan kang nampani | yèn dudua sang nata ||

20. sira Ki Răngga pan awotsari | lawan Ki Dêmang Jayalêksana | Ngabèi Yudapatine | kawarnaa ing ênu | wus abêkta wadya nêm biting | sami wahana kuda | budhal têngah dalu | lumaris ing lampahira | datan kandhêk ing Banonbang wus kawingking | dungkap Sapigumarang ||

21. kawarnaa Ki Gêdhe Tubabi | lawan sira Ki Gêdhe Panendran | atugur ing tampingane | bêkta sikêp nêm èwu | kang tinunggu brahala wêsi | anèng Sapigumarang | wastane kang dhusun | akarya biting mangabar | bêdhil mriyêm kang pinasang balowarti | sairing lor binotan ||

22. alon mujar Ki Gêdhe Tubabi [Tuba...]

[Ilustrasi]

--- 91 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 34 dari 53

[...bi] | kaya ngapa lah yayi Panendran | kang mungsuh mangke praptane | alami akêkuwu | ing Banonbang kang dèn pondhoki | kaya pa sri nalendra | tan arsa amanggut | wartane kang parangmuka | pan lêksana prawira wani tur yoni | atêguh măndraguna ||

23. pakuwone tan amawi biting | awêtara sikêpe salêksa | apunjula nora akèh | sang aprabu ing Wangsul | nganti apa tan mangsah jurit | kala Pabeyan rusak | para gêdhe rêmpu | pêradene[109] sri nalendra | maksih eca têka nora pulih gêtih | paran karsane nata ||

24. sira Gêdhe Panendran nauri | kakang Tubabi ingong wêtara | yèn mungsuh salêksa bae | arsa bêdhah ing Wangsul | ing kasape ingsun wêtawis | balangana ing kopyah | wong salêksa gêmpur | măngsa têkaa nagara | rajèng Bali asugya bala prajurit | lêmbute sak pawikan ||

25. lan maninge nêgara ing Bali | wartanipun kala kina-kina | tan kadi mangke gêmahe | jênênge sang aprabu | langkung gêmah nêgara Bali | murah sandhang lan pangan | tulus kang tinandur | têluk sakèh parangmuka | lan malihe prajurite mêksih urip | dipati ing Liyangan ||

26. alon mujar Ki Gêdhe Tubabi | adhi Panendran ujaring jăngka | manira parentah bae |

[Ilustrasi]

--- 92 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 35 dari 53

benjang nêgara Wangsul | lamun ana nalendra luwih | asêkti măndraguna | angrèh para ratu | lan malihe sugih garwa | nora lami bêdhahe nêgara Bali | malah ratune sirna ||

27. mênèk yayi mangke anauri | sakathahe nêgara dèn bêdhah | ujare ing petangane | Gêdhe Panendran amuwus |[110] wong pênyakit ingkang metangi | dhêdhukun kêna tulah | wong mujum[111] kapaung | layak kinarya jajalan | gustèningsun sang prabu anyakrawati | nalendra tanpa sama ||

28. kawarnaa sira kang lumaris | ingkang mundhi nuwala punika | Ki Răngga banjur lampahe | bêkta sikêp nêm atus | apan sami nitih turanggi | tan ana ingkang dharat | lampahe lêstantun | prapta ing Sapigumarang | wong nêm atus sadaya angrampit biting | Jayalêksana ngarsa ||

29. apan kagèt Ki Gêdhe Tubabi | amiyarsa ature kawula | kadi sinêndhal manahe | asru dènira muwus | wong ing ngêndi sira takoni | apa wong ing Cangcangan | ingkang lagi rawuh | utawa wong Băndayuda | sumawona bature Lumajang prapti | miwah wong Pajarakan ||

30. Dêmang Jayalêksana nauri | apan ingsun dudu wong Lumajang | dudu wong Băndayudane | mênawa sira tanbuh | wong Ngurawan ngaturi tulis | ingsun ingkang ngutusan | maring Prabu Wangsul | ingsun ajaluk dêdalan | dèn akêpbat bêdhahên jagangmu iki | mundur buntoni marga ||

24. Durma gumanti

1. asru mujar sira Ki Gêdhe Panendran | lawan Gêdhe Tubabi | sugal wuwusira | tanpawèh sira liwat | yèn sira ngaturi tulis | mring gustiningwang | ingsun ingkang nampani ||

2. ingsun dhewe kang ngaturakên nuwala | antènana ing ngriki | aran sira mêngsah | mênawi gawe gita | angamuk ing păncaniti | lintang bramantya | Ngabèi Yudapati ||

3. awèh ora apan aku mêksa liwat | tan awèh sun lumaris | awèha sun liwat | apa anganti sira | jagangmu sun obrak-abrik | yèn ingsun kurda | jagangmu mêngko gusis ||

4. kina mila wong Bali kirang dêduga | wantêr tur wani mati | dupi amiyarsa | wuwuse Yudapatya | anuli bendrongi bêdhil | sarta lan surak | wong Ngurawan tan gingsir ||

5. wong Ngurawan apan durung ana mapan | kudane akèh mati | ana ingkang tiba | dene kudane gilap | lapake wêdi ing bêdhil | sukune kuda | akèh atigas pancing ||

6. asru mujar Ki Dêmang Jayalêksana | sakèhe batur mami | aja ngeman kuda | jaran kinarya apa | pirabara yèna iki | sok si bêdhaha | Sapigumarang iki ||

7. wong nêm atus padha nguculakên kuda | sakèhe wong ing Bali | padha ngambil kuda |

--- 93 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 36 dari 53

wênèh arêrêbutan | padha bature pribadi | sawênèh ana | bêdhah bitinge iki ||

8. mingêr ngalor Ki Dêmang Jayalêksana | ngirit wong kalih biting | ngulari kang rata | sarwi asikêp kampak | kotbuta tandange sami | sarêng nêrajang | binendrong lawan bêdhil ||

9. mingêr ngidul Ki Yudapati nrêrajang | ngirit wong kalih biting | mrih marga kang rata | sarwi asikêp kampak | kadi rasêksa ngajrihi | sarêng nêrajang | angrangsang balowarti ||

10. mingêr ngulon Ki Răngga Jayasantika | ngirit wong kalih biting | ngulari kang rata | sarwi anarik pêdhang | kadi saradula wani | sarêng nêrajang | sami angrampit biting ||

11. ramening prang ingkang êlor anêrajang | sarêng angrangsang biting | kang êlor binotan | ingkang kidul nêrajang | wus bubuh kang balowarti | kidul binotan | kulon ora ngabêri ||

12. sampun bêdhah bitinge Sapigumarang | kapanggih padha wani | tumbak nora ketang | bêdhil tan karumatan | arame kêris-kinêris | kadi ampuhan | sambate wong kang kanin ||

13. sampun gêmpur wong Bali pating gulasah | akèh longe kang mati | pan pating sulayah | wangke sungsun atumpang | akèh

[Ilustrasi]

--- 94 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 37 dari 53

mati balowarti | sawênèh ana | tiba jawine biting ||

14. kaya buta Ki Dêmang Jayalêksana | angamuk ngowak-awik | akèh ingkang pêjah | ana ingkang kabranan | Angabèi Yudapati | kadi rasêksa | angamuk ngobrak-abrik ||

15. sumawona Ki Răngga Jayasantika | pangamuke mangukih | Ki Gêdhe Panendran | apan sampun palastra | miwah Ki Gêdhe Tubabi | sarêng palastra | angêrbut balowarti ||

16. bubar larut kang baris Sapigumarang | siji tan ana kari | Ki Gêdhe Panendran | kang matèni punika | Angabèi Yudapati | Jayalêksana | matèni Ki Tubabi ||

17. bubar larut tan ana măngga puliha | waos bêdhil kèh kari | Răngga Jayasantika |[112] amanggut kang nuwala | tan kandhêg dènnya lumaris | agêgancangan | ingiring wong nêm biting ||

18. kawarnaa sira pun Gagak Kêlana | lawan Dhangdhang Minangsi | Kuntul Wilantênan | ingkang sangking Banonbang | prapta ngarsane ki patih | atur uninga | lir dhangdhang mêlasasih ||

25. Pupuh Dhangdhanggula gumanti

1. matur alon pun Dhangdhang Minangsi | lampah kula sangking ing Banonbang | atur uninga wiyose | yêktos yèn mêngsah rawuh | ing Banonbang kang dèn pondhoki | Sudimara kabahak | ing Talsèwu [Ta...]

[Ilustrasi]
Srat katur.

--- 95 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 38 dari 53

[...lsèwu] gêmpur | wêtawis tiyang salêksa | dêdamêle prajurit kang lagi prapti | langkunga datan kathah ||

2. sakêlangkung dènira asêti | Ki Kêlana Anjayakusuma | tan mawi biting pondhoke | anênggih rabinipun | kang binêkta nglurug ing Bali | putri sangking Cêmara | suwarnane ayu | wasta Dèwi Surèngrona | yèn dinulu warnane lir widadari | èsmu kêras widigbya ||

3. anging kawula atur upêksi | Ki Kêlana Anjayakusuma | sampun lumampah dutane | mawi layang pêpucuk | yogya katur ing sri bopati | punggawane têtiga | nênggih kang ingutus | pun Răngga Jayasantika | sumawana Angabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana ||

4. lagi eca atimbalan angling | pan kasaru Kalanadhah prapta | atur uninga wiyose | matur ing Menak Agung | yèn Ki Gêdhe Tubabi mati | lawan Gêdhe Panendran | pan sami kasambut | marmaning sangking palastra | pan angandhêg dutane ingkang prajurit | lêbur Sapigumarang ||

5. kagyat nalane rêkyana patih | byar rahina ki apatih seba | wus prapta pagêlarane | pêpêk punggawa agung | sumawana para dipati | myang abdine pra mănca | panglima ing ngayun | prajurit lan ulubalang | sumawana măncanêgara kang prapti | sadaya sami seba ||

6. Adipati Băndayuda prapti | sumawana Adipati Pajang | kidul kitha pakuwone | ing Pajarakan rawuh | Adipati Cangcangan prapti | mondhok wetane kutha | ing Purwăngga rawuh | Pranggunan lan Sidapêksa | sumawana

[Ilustrasi]

--- 96 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 39 dari 53

Lobawang Sandiwaringin | mondhok saloring kitha ||

7. pêpêk kabèh pra punggawa nangkil | sakathahe kang para dipatya | lir tamansari warnane | datan kawarna ngênu | Patih Jayaasmara nangkil | pêpêk măncanêgara | sadaya supênuh | mujar Dipati Liyangan | kaya ngapa sakèhe para dipati | nora nana prayitna ||

8. nora nana ngaturi upêksi | nêgarane kambah parangmuka | lah padha balika kabèh | ya mupung gêsang ingsun | besuk mêngko ingsun kêmbari | cacak Jayaasmara | mêngko sampun sêpuh | tan ajrih mati ing rana | eman bae wibawa dadi pêpatih | kabèh padha balika ||

9. sakathahe kang para dipati | apan sami konjêm ing pratala | kaya mangkana ature | sadrah pinara sèwu | nora sêdya nora angimpi | lamun amaliha tingal |[113] ing Sang Prabu Wangsul | nora angraos ngawula | aprasasat juwata kang asung urip | Prabu Jayalêngkara ||

10. marmanipun tan atur upêksi | langkung dhêmit ingkang parangmuka | tan katawis ing lampahe | datan angrusak dhusun | tan angambil kêpbo lan sapi | mila tan kauningan | kang mêngsah duk langkung | kawula tan mirsa warta | sarêng mêngsah ngancik jajahane Bali | amakuwon Banonbang ||

11. tansah tadhah dukane nêrpati | kawula prapta tan mawi bala | kasusu ing timbalane | mangke purun ingadu | lamun wontên karsa nêrpati | amanggut wong Ngurawan | mêngsah ingkang rawuh | ingkang makuwon Banonbang [Bano...]

[Ilustrasi]

--- 97 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 40 dari 53

[...nbang] | kang awasta Kêlana Jayadiluwih | baya age panggiha ||

12. Patih Agung prapta matur aris | mring Ki Patih Anjayaasmara | atur kawula wiyose | nuhun duka wong agung | mugi katur dhatêng nêrpati | lamun tamian duta | paran karsanipun | dene amawi nuwala | inggih kèndêl jawine kitha kang prapti | amakuwon Banjaran ||

13. tansah gupita ingkang anangkil | sri nalendra miyos siniwaka | munggèng ing singasanane | wus pinarêk sang prabu | ing dhêdhampar êmas ingukir | lir Yang Asmaraning rat | citrane sang prabu | ingayap dene wanodya | padha putri kang sami ayu rêspati | ambêkta upacara ||

14. èsmu kèmêngan sri narapati | anging sinamur amanah duka | nênggih kang dadi galihe | dene mungsuh kang rawuh | sakêlangkung maras kang galih | Prabu Jayalêngkara | anging dipun samur | marmane maras kang nala | dene mungsuh prawira têguh tur sêti | kuncara măndraguna ||

15. ăngga kanglong[114] lir êmas sinangling | cahya mancur alindri tur nawang | yèn tinon asung wirage | dhasar nalendra bagus | idêpira tumênggèng ngrawit | alis angroning imba | kang tênggêk umanglung | kesya panjang andrawila | sêsinome angrok manise pan nitis | kadi saroting[115] surya ||

16. grana rungih dinulu awingit | lathi samun kengis wajanira | asawang madu manise | netra anunjung biru | yèn dinulu tingal awêning | yèn sang prabu tumingal | lir tètèsing juruh | prihatinira nalendra | pan katawis wêdana wênês alindri | lir

[Ilustrasi]

--- 98 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 41 dari 53

sasi kapanglongan ||

17. jaja wijang yèn tinon awingwing | ingkang bau pan kadya gandhewa | angri tanjang darijine | kênakanira alus | pan asawang maniking warih | lamun amawi têngah | sapêkêg gêngipun | kasongan agringing nala | yèn sinawang kadya pêpêsa kaèksi | lir asmara sungkawa ||

18. angandika alon sri bopati | hèh Sèbêtan sira timbalana | yayi êmas dipun age | lawan Si Bapa Agung | aja kari si paman patih | aran Jayasasmita | lawan paman Cau | wotsêmbah Nyai Sèbêtan | lampahira wus prapta ing păncaniti | kabèh wus tinimbalan ||

19. sampun prapta ngarsane nêrpati | ki apatih pan sakawan pisan | sang prabu pangandikane | kapriye Bapa Agung | sakathahe măncanêgari | apa wus padha prapta | kang têluk maringsun | Bapa Agung rose manah | bokmênawa parangmuka sêlak prapti | prajurite Ngurawan ||

20. alon matur Ki Agung wotsari | pêpêk sagung kang para dipatya | sadaya asohan kabèh | nanging sami kasusu | sami tilar sikêping jurit | dene mawi timbalan | milane kasusu | ature para dipatya | benjing mangke wani tinandhing ajurit | lawan wong Bauwarna ||

21. lampahipun pun Dhangdhang Minangsi | ingkang nêlik sangking ing Banonbang | sampun waskitha lampahe | garwane ki tumênggung | mung satunggil panduka aji | putri sangking Cêmara | warnanipun ayu | aran Dèwi Surèngrana | kinakudang yèn putri ayu prajurit | rêmêne nitih

[Ilustrasi]

--- 99 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 42 dari 53

rata ||

22. gajahipun dewaji satunggil | turanggane kathahe têtiga | amung sawiji agême | inggih gamêlanipun | patang rancak kathahe singgih | dhuwungipun têtiga | nênggih ki tumênggung | cêcothènipun lêlima | sapunika ature Dhadhang[116] Minangsi | langkung dene waspada ||

23. gêgamane dewaji akêdhik | pan salêksa kathahe sadaya | mung gangsal èwu bêdhile | wontêna langkungipun | datan kathah yèn winitawis | Prabu Jayalêngkara | asuka gumuyu | prajurite wong Ngurawan | misih mêskin kang arsa bêdhah ing Bali | pêrabote sapala ||

24. kaya ngapa warnane prajurit | lan sêpuhe pan wayah sapira | kaya ngapa pamulune | matur pun Menak Agung | yèn ature Dhadhang Minangsi | dêdêgipun pidêksa | dinulu angrangkung | wêdana amindha wulan | rema mêmêk pamulu ambêngle keris | bagus lir Yyang Asmara ||

25. aturipun pun Dhadhang Minangsi | sing asêpuh aklayan panduka | kakang adhi wêtawise | asêpuh ki tumênggung | kadya anèm panduka aji | kaota datan kathah | sang prabu gumuyu | prajurite wong Ngurawan | durung ungsum kang arsa bêdhah ing Bali | ki ngantèn nêdya apa ||

26. baya ginanjar arabi putri | ki tumênggung mring Prabu Ngurawan | dene kalintang wanine | anglurug maring Wangsul | apan durung luwas ing gêtih | nêdya mati ing rona | iku èsêm ingsun | prajurite wong Ngurawan | durung ungsum maksih anèm wani mati | besan Jayakusuma ||

27. kala prapta Si Dhadhang Minangsi | kang

[Ilustrasi]

--- 100 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 43 dari 53

prajurit kapanggih punapa | duk anèng ing pakuwone | lan apa kampuhipun | lawan apa ingkang sinandhing | anulya awotsêkar | sira Menak Agung | akampuh sawat rinêngga | ki tumênggung asabuk pathola wilis | anabuh gambang găngsa ||

28. punggawane andhèr anèng ngarsi | sami anggêbêg sênjata lanang | wontên kang karya mimise | nênggih radèn tumênggung | rèrèn dènnya wau anggêndhing | anêgari turăngga | sarwi sikêp lawung | saudhune sangking kuda | ki tumênggung asumping sêkar mêlathi | anabuh gambang găngsa ||

29. ngandika malih wau rajèng Bali |[117] garwanipun putri ing Cêmara | kapanggih apa gawene | lan apa sinjangipun | sumawana sêpuhe singgih | lagya wayah punapa | garwane tumênggung | Ki Agung matur wotsêkar | yèn ature gusti pun Dhangdhang Minangsi | lintang dene waspada ||

30. kusuma di ing Cêmara singgih | pan kapanggih asare ing pangkyan | amaos kidung layange | rêspati têmbang gambuh | syaranira lir madugêndhis | tansah kantu mêmaca | sinasiwo kakung | sêngkang bapang sinamiran | rema pusêk kêpbêg gambir lan mêlathi | sinjang cindhe jêlamprang ||

31. yèn ature pun Dhangdhang Minangsi | tuhu ayu Dèwi Surèngrana | gandêrs luwês sapolahe | sêmbada dêdêgipun | kuningipun lir mas sinangling | yèn ngandika alantas | sada[118] wani kakung | ana dhasare widigbya | èsmu kêras gandhang lantip mêsajani | amupugi ing aguna |[119]|

32. alon mèsêm Sri Bopati Bali | Ki Tumênggung Anjayakusuma | baya agêdhe kayane | ana pratandhanipun | rabinira milu ngêmasi [ngêmas...]

[Ilustrasi]

--- 101 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 44 dari 53

[...i] | dèn wuruk ngèlmu tapa | maring ki tumênggung | wanodya kudu kangtawan[120] | kaparênga ing benjang ingsun têtangis | răndha nome Ngurawan ||

33. Ki Patih Agung matur wotsari | dhuh dewaji anuhun dêduka | atur uninga wiyose | kala ing wingi dalu | apan wontên caraka prapti | mondhok jawine kitha | dutane kang mungsuh | amakuwon ing Banjaran | kang pinundhi nuwala pêpucuk gusti | yugya katur nalendra ||

34. atur uninga malih dewaji | Gêdhe Tubabi Gêdhe Panendran | sarêng palastra kalihe | marmine sami lampus | punang duta dipun adhangi | awêkasan kang duta | asêsaroh[121] amuk | wong nêm atus sarêng mangsah | pêrandene wong nêm atus tan kalindhih | gêmpur Sapigumarang ||

35. angandika sang nata ing Bali | yèn mangkono si paman Panendran | wong tuwa nistha patine | tan ana pakoningsun | punang duta dipun sabili | jamake sinebakna | caraka maringsun | Bapa Agung paran karsa | apa ingsun prayogane amanggihi | maring dutane mêngsah ||

36. alon matur sarwi awotsari | dhuh pukulun sang dewa bathara | atur kawula wiyose | pan salokaning ratu | pan kapanggih tigang prakawis | nistha madya utama | dewaji pukulun | kapanggih ing nitipraja | lamun ratu nisthanipun amatèni | mring dutane nalendra ||

37. utamane nalendra dewaji | nimbalana caraka kang prapta | nênggih gusti utamane | sawuse layang katur | ingkang duta ginanjar gusti | myang pinaringan busana |[122] utama pêpukulun |[123] lamun panduka panggya |[124] pan kuciwa ujare saloka gusti | dewaji awakila ||

38. wakil panduka ing benjing dewaji |[125] sinebaa ing para punggawa | pinarak pagêlarane | akèh gunaning mungsuh | milanipun sae tinangkil | Prabu Jayalêngkara | alon dènnya muwus | iya bênêr ujarira | baya sira Agunge wong jaman dhingin | êndi mongmonganira ||

39. sri bopati angandika aris | yayi Patih Anjayaasmara | sira sadulurku dhewe | mung sira ariningsun | kang prayoga ngong karya wakil | sakèh kaprabon ingwang | grudha marêp mungkur | kêlatbau gêlang kana | sakathahe sira anggea ta yayi | sinebaa ing bala ||

40. ki apatih anulya wotsari | aturira pan èsmu karuna | anuhun duka wiyose | langkung ajrih pukulun | yêkti agêng sêrik nêrpati | kêna ing ila-ila | dewaji tan purun | anuhun duka nalendra | langkung ajrih angangge tilas narpati | mendah dukane dewa ||

41. angandika alon sri bopati | apan sira yayi sun apura | panêdhaningsun wiyose | luputa ariningsun | sakathahe ing tulah sarik | muga ingapuraa | juwata kang luhung | amung sira kadang ingwang | yèn lênggana sira ingsun supatani | tan arsa ngaku kadang ||

42. awotsêkar sira èsmu tangis | Ki Apatih Anjayaasmara | nuhun sandika ature | sira pun Menak Cau | pan marêngut tur mungkur gangsir | alara manahira | dene tan tinantun | amicara ing jro nala | panêdhaku Si Agung gêlisa mati | pinangana ing buta ||

43. aran ingsun kinarya pêpatih | saenggane bau têngên kiwa | jamak tinari [tina...]

--- 102 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 45 dari 53

[...ri] karone | anggung gawe Si Agung | kang tinari dene nêrpati | ingong măngsa wêdia | pangwulane ratu | sun anggurit kakêmbangan | malah mandar sinaruwea nêrpati | kalih pada kewala ||

44. bagus anom jaka wong atali | têka pantês kopyah kanigara | mas kinikir sêsumpinge | tênggêk anglunging gadhung | kampuhira limar giyanti | gumuyu wong angraga | nêmbang jurudêmung | duka Sang Prabu Sètmata | wong atali wus mati kinacêp piring | anyudêl[126] lan bok soka ||

45. kumawawa kudu năngga langit | ujar angkuh pulir kadhuyuhan | sok ngorok-orok gawene | ni răndha wong arumput | sêkar dingan padha anangis | kapapak bok kênonga | têka sungsung guyu | lumayu Jaka Jêlamprang | cinêngkalak cinandhak anèng wandani | anyundêl pacar wutah ||

46. sri bopati angandika aris | ya Ki Cau amung sira uga | ingkang sun kasihi dhewe | lair maring Ki Agung | sira Cau kang ingsun batin | Ki Cau malangkadhak | sarwi lêngguk-lêngguk | angur matia duk jabang | yèn kalaha angawula rêbut jodhi | aku kalawan sira ||

47. pan Ki Cau astane kumitir | darijine kêbêk ing kalpika | pating kurincing syarane | kabèh wakêt rosipun | datan kêna ginêgêm singgih | kêrantêne yèn amangan |[127] tan bisa amuluk | jêmpol sikil karo pisan | pêrandene sami dèn alèn-alèni | intên kalawan mirah ||

48. lan malihe irung dèn karahi |

[Ilustrasi]

--- 103 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 46 dari 53

mas sêlaka ingkang kinarya |[128] pinatik ing mirah akèh | rinênggèng ing karêpu | sapolahe angêmaruki | yèn Ki Cau lumampah | irung ting pêlancur | agawok sakèh tumingal | yèn tumungkul irunge pating parêlik | lir rêtna mulêt ing grana |[129]|

49. adarbe intên mirah kêkalih | angsalira angrenah sudagar | dèrèng dadi êmbanane | pêrandene tan kantun | arsa dipun tilara singgih | prandene tan pracaya | maring rabinipun | dèn kandhut mênawa ilang | kêrantêne dèn êmut rahina wêngi | tansah tutup wêdona ||

50. aluwaran dènira tinangkil | Sri Bopati Anjayalêngkara | wus manjing ing kadhatone | ingiring para arum | ingkang sami ayu rêspati | Patih Jayaasmara | tinambalan[130] sampun | kinanthi manjing ing pura | tênagane kaya sata amèmèti | sarwi anyèrèt konca ||

51. patih katiga pan sampun mijil | pagunêman anèng pagêlaran | lan para dipati kabèh | apan tinata sampun | ingkang baurêksa nêgari | sagung para dipatya | kinon saos sampun | sakapraboning ayuda | sumawana wau ta ingkang tinuding | amondhongi kongkonan ||

52. ênêngêna sang nata ing Bali | kawarnaa kang kinarya duta | kèndêla lawang sakèthèng | mila lampahe kantu | nganti timbalane nêrpati | Dêmang Jayalêksana | angaturi laju | anging Ki Răngga tan arsa | sadêlanggung tan pêgat amêrês budi | kinukur wêntisira ||

26. Pupuh Pangkur ingkang kinarya ganti

[Ilustrasi]

--- 104 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 47 dari 53

1. mujar Ki Jayalêksana | kakang Răngga kaya pa lampah iki | kalane mangkat karuwun | sangking pondhok Banonbang | têngah dalu kakang Răngga gupuh-gupuh | mangke têkèng ing wêsana | atêmahan walanggalih ||

2. nêdha laju kakang Răngga | sêdayane malêbua ing Bali | amondhok ing alun-alun | sampun kèndêl ing marga | pan mênawi inguntap maring wong Wangsul | Ki Răngga Jayasantika | mèsêm sarwi muwus aris ||

3. apakewuh yayi dêmang | ya ratune wong Bali lintang wingit | anganti timbalanipun | aja amurang krama | Yudapati angucap sarwi abêkuh | kang Răngga kakehan solah | besuk wani mêngko wani ||

4. lah payo kakang lumampah | arsa age wêruh kêdhaton Bali | upama kêna sêsiku | têmahan sinikara | aku wani aja na wong milu-milu | sadaya layang katura | marang sang prabu ing Bali ||

5. nisthane wong dadi duta | yayi dêmang nênggih tigang prakawis | kapisan layange katur | kaping kalih tinampan | kaping tiga pinaringan angsul-angsul | andhap asor sumadosa | yayi wong kuciwa bumi ||

6. lah kajêng[131] pangeran iya | Ki Tumênggung Jayakusuma luwih | kasusra prajurit luhung | prawira măndraguna | kêrantêne aja tiwas kang ingutus | lamun pun kakang tiwasa | pêsthi lingsêm ki dipati ||

7. agampang wong papêrangan | nora angèl yayi wong gênti kêris | utamane wong ingutus | yèn têluk parangmuka | aja kongsi awêrana aprang pupuh | amerang Jayalêksana | tumungkul Ki Yudapati ||

8. Ki Tumênggung Karungkala | wus kapêthuk kang arsa amondhongi | asru dènira amuwus | caraka ing Ngurawan | pêkênira tinimbalan ing sang prabu | Ki Răngga matur sandika | sakadehane angiring ||

9. ingkang amanggul nuwala | wau sira Ngabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana sampun |[132] amayungi nuwala | pan Ki Răngga Jayasantika nèng ngayun | angawin punang nuwala | wong nêm atus ajajari ||

10. sami awahana kuda | datan kandhêk lampahe ingkang lumaris |[133] prapta ing jro kitha sampun | orêg wong sanêgara | agêng alit atembak pinggir lêlurung | basane arsa tumingal | duta Ngurawan kang prapti ||

11. sakathahe kang tumingal | apan sami micara ing jro ngati | wong Ngurawan bagus-bagus | sapolahe sêmbada | wong ing Bali tênagane kaku-kaku | nadyan padha abagusa | wong luwês akèh kang asih ||

12. datan kandhêk lampahira | prapta ngarsa lampahe kang lumaris | Jayasantika tumurun | sangking luhur turăngga | Yudapati Jayalêksana tumurun | pan sami atilar kuda | tan kandhêg gènnya lumaris ||

13. Jayasantika nèng ngarsa | tindakira kadi macan angêlih | apantês kampuhe gadhung | rinêngga ing pêrada | sumping mênur apaningsêt tali datuk | ngangge kêris panji sêkar | ukiran cula sinêmi ||

14. rema bontit andhan-andhan | bêrngos lèmèt kadi yayah minangsi | adhangah lamun lumaku | solahe lir mênjangan | tautate kinedanan ing bêbakul | sêmune lamun sinawang | layake awani mati ||

15. Ki Dêmang Jayalêksana | kampuh

--- 105 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 48 dari 53

rojèng pinêrada tulya sri | akêris carita bisu | ukirane kêncana | mas siningi rineka buta kalurung | gênge sak golèk kêncana | asabuk cangak mantêsi ||

16. sariranira nêmbaga | babêrngose kakop tingale andik | yèn lumaku kadung-kadung | sumping dalima wantah | agêng inggil ragok-ragok yèn dinulu | sarêgêp ingadu aprang | tate ngrangsang balowarti ||

17. Ki Yudapati lumampah | yèn tumindak kaya ngobahna bumi | akampuh polèng bintulu | asabuk bêbêgdhogan | agêng inggil salira angula dumung | akêris parung buntala | ukiran êmas sinangling ||

18. rineka buta Balitar | kadi golèk sêmbada lan kang mangking | godhèg wok mata têtuhu | pupu gangsir wang malang | surèngrana prawira tur têguh timbul | tate agupak ludira | tau kuramas jêmparing ||

19. kawarnaa kang sineba | rajèng Bali sang prabu asêsilih | miyos sineba sang prabu | pinarêk pagêlaran | amakutha grudha marêp grudha mungkur | ajamang mas kinatipa | agêlang kana kinêmit ||

20. pêpêk sagunging busana | kilatbau[134] apênding acêlumpring | kêpbo mênggah akêkalung | sumping êmas ginubah | rumbing êmas pinantèk nila jumêrut | sirna kamanungsanira | nêrpati kang dadya wakil ||

21. andhèr ingkang upacara | banyakdhalang kalawan sawunggaling | ardawalika kêkacu | lêlancang kêndhaga mas | sumawana lantaran cêcêp mas luru | songsong jêne munggèng wuntat | abungkul maniking warih ||

22. waos panjang panuwêkan | dhadhap kalêm wêrgu waos pênjalin | sami rinênggèng mas luru | tan adoh lan sang nata | kang abêkta sami wanodya yu-ayu | ingkang rumêksa ing baya | atêbih gènnya jajari ||

23. awêtara kawan dasa | kang asikêp parise pêdhang tamsir | sami rumêksa sang prabu | aran wong wanèngbaya | kanan kèri waos panjang patang puluh | sami asopal kêncana | kang nyêkêl wong surèngpati ||

24. awêtara kawan dasa | kang asikêp tamèng kalawan lêmbing | kantar bungsur lawan tulup | ingkang anèng ing wuntat | kang anyêkêl pan sami wong jayèngkewuh | prajurit para dipatya | sadaya pêrnahe têbih ||

25. pêpêk sagunging punggawa | sumawana kang para senapati | prajurit para tumênggung | para gêdhe panglima | sami pêpêk kang sewaka ing sang prabu | kadi sêgara bêlabar | andhèr sangking ancak[135] suji ||

26. Ki Patih Jayasasmita | akalihan Răngga Wirêksèngbumi | Ki Menak Agung wus lungguh | munggèng ngarsa nalendra | munggèng têngên pêrnahe Ki Menak Agung | Patih Cau munggèng kiwa | tan adoh kalawan kanthil ||

27. Ki Menak Cau busana | akulambi rangkêp tiga mantêsi | kang jêro sangkêlat wungu | rinenda ing mas abang | kancingira kêncana sasêntul-sêntul | kathahe pan kalih dasa | rinenda êmas angrawit ||

28. anênggih ing jaba pisan | apan wulung kêlambine kinardi | pan dipun bêniki sungu | amoh tur têtambalan | Menak Cau prayitna layak tiniru | yèn kang bêcik anèng jaba | aluwas kêna ing angin ||

29. ikêtipun sungsun lima | ing jro sutra kuning kinardi |[136] kaping kalih sutra wungu | ping tiga sutra [su...]

--- 106 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 49 dari 53

[...tra] abang | ping sakawan ikêtipun sutra dadu | kaping limane gabagan | têlakup kopyah ing jawi ||

30. yèn Ki Cau mulih seba | busanane dipun simpên pribadi | rabine tan kêna wêruh | dipun pêndhêm ing lêmah | kêrantêne akêmêl mangkak tur wêlu | sêdyane arsa awèta | amoh lapake pinuntir ||

31. pêpojènira saasta | isinipun amung sagoking[137] konci | saparane nora kantun | ginandhèng lawan konca | yèn aturu dèn ugêr kalawan pupu | arsa tinilar yèn seba | bok rabine nyagok pêthi ||

32. rada cupar sawêtara | rabinipun tinjo sanake mati | marêngut sarwi bathuthut | jinalak sinupatan | tinarêka awawuh baring wong ngrangkung | asring padu lawan garwa | pan arang wulune kocing ||

33. kagèt sang prabu ngandika | aningali maring duta kang prapti | pangurakan sampun rawuh | sang prabu angandika | Bapa Răngga sira dadi wakil ingsun | nuwala lah tampanana | duta kèndêla rumiyin ||

34. Ki Răngga wus awot sêmbah | glis lumayu Răngga Wirêksèngbumi | prapta pangurakan sampun | Ki Răngga aris mujar | hèh sang duta ingsun ingutus sang prabu | amundhut nuwalanira | sira kèndêla ing ngriki ||

35. bramatya Jayalêksana | sarwi ngawêt datan kumêdhèp kalih | asru dènira amuwus | Dêmang Jayalêksana | nora awèh sayêkti nuwalaningsun | singa ingkang nampanana | yèn dudu sang rajèng Bali ||

36. kèmêngan tyase Ki Răngga | gêpah wangsul matur dhatêng nêrpati | punapa karsa sang prabu | punang duta tan suka | kang caraka wus prapta ing alun-alun | Ki Patih Jayasasmita | tinuding dhatêng nêrpati ||

37. hèh Patih Jayasasmita | tampanana layange duta prapti | kandhêga waringin kurung | sigra rêkyana patya | awot sêmbah apan sampun lumêstantun | prapta ngarsane kang duta | angucap rêkyana patih ||

38. ingsun ingutus nalendra | anampani layang kang sira pundhi | Ki Yudapati andulu | malêlêng kaya kaca | tan kumêdhèp angawêt utu[138] ingadu | Ki Patih Jayasasmita | padha sadhela panastis ||

39. Ki Yudapati anyêntak | nora awèh singa wonga nampani | yèn dudua rajèng Wangsul | ingkang anampanana | nuwalane gustiku radèn tumênggung | Kya Patih Jayasasmita | mundur sirahe mungkirik ||

40. umatur punang apatya | kang caraka mêksa marêk nêrpati | umatur pun Menak Agung | dewaji tur kawula | kêrsanipun kang duta marêk ing ngayun | yèn anêdya ala |[139] pun Agung sanggup ngêmbari ||

41. iya patih timbalana | Menak Cau anulya marani |[140] prapta sor waringin kurung | Ki Agung asru mujar | punang duta sira ngandikan sang prabu | kang duta katêlu pisan | dutane prajurit luwih ||

42. sarèhira dadi duta | pêsthi amrih singgihe kang anuding | nora beda lawan ingsun | padha ngêrksa nêgara | pêsthi amrih singgih nalendraningsun |[141] ingkang katiga banjura | aja nganggo walangati ||

--- 107 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 50 dari 53

43. lampahe caraka nistha | aglis prapta ngarsanira nêrpati | maksih anjagèng pakewuh | kadar nêdya punapa | kaya dudu utusan prajurit luhung | mujar Ki Jayasantika | nêdha ngapura kiyai ||

44. sakathahe baturira | wong nêm atus kang padha anjajari | sêdaya wus kinèn mêtu | maring Jayasantika | ya ta mêdal jawi pangurakan sampun | wong nêm atus kêkubêngan | piyak punggawa kang nangkil ||

45. prapta ngarsane nalendra | maksih ngadêg sira Ki Yudapati | ya ta sang prabu ing Wangsul | kang yogya nampanana | nuwalane gustiku radèn tumênggung | kang makuwon ing Banonbang | mèsêm sang prabu sêsilih ||

46. nuwala sigra cinandhak | astanira sang prabu angungkuli | Yudapati datan asung | anulya inginggatan | nora awèh yèn andhapa layang ingsun | yèn nêrpati arsa tămpa | dèn sănggaa asta kalih ||

47. sang nata langkung ruditya | wêdana bang rêngat lir wora-wari | padone lathi kumêdut | idêp mangada-ada | sri bopati dhuwunge tansah sinikut | Ki Menak Agung agêpah | amêngkul umatur aris ||

48. dewaji atur kawula | ingandhapan wêkasane ainggil | sakarsanipun tinurut | sang nata nulya tămpa | asta ngandhap nuwala munggèng ing luhur | caraka wus sami lênggah | anging nora angabêkti ||

49. sang duta wus tinakonan | kêkasihe sami matur sayêkti | amuwus Ki Menak Agung | punang duta mundura | amondhoka anèng Banjaran ing

[Ilustrasi]
Srat katur rajèng Bali.

--- 108 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 51 dari 53

dangu | anging poma antosana | wêwangsule panduka ji ||

50. sampun lèngsèr punang duta | sakathahe mantri punggawa Bali | pan sami gawok andulu | tan ana angartika | aningali kang duta kang lagi rawuh | dene kalintang prawira | dènira amundhi tulis ||

51. Ki Răngga Jayasantika | lampahira tansah anolih-nolih | aningali ing sang prabu | têka kathah kêrasa | pan Ki Răngga lampahira mandhêg mangu | satêkane pangurakan | tanbuh duk waspane mijil ||

27. Pupuh Mijil ingkang gumti[142] ing têmbang

1. alon wêcana lir madugêndhis | sang aprabu tiron | Biyang Sèbêtan aturna age | punang nuwala maring dewaji | ajrih anglangkungi | maring kang sinuhun ||

2. Ni Sèbêtan wus manjing ing puri | kocapa sang katong | kang sineba anèng pura gêdhe | sampun munggèng bangsal pangrawit |[143] sagung para putri | andhèr munggèng ngayun ||

3. kampuh jingga ya sang natèng Bali | rinênggèng pêraos | apaningsêt pathola wilise | tanpa jamang tan amawi sumping | èsmu agring galih | kadya êmas luru ||

4. grona rungih wêdana alindri | kadi sasi panglong | lathi samun arang pamuncange | salira wênês atilar guling | lir Yang Asmaraning | kang sungkawèng angkuh ||

5. mila sungkawa sang rajèng Bali | gring manah sang katong | dene kang mungsuh sêti wartane | ingkang aran Jayakusuma di | tan katarèng lair | sinamur ing guyu ||

6. kêrantêne sagung para putri | tansah agêguyon | padha eca agamêlan bae | yèn asore ya olah wêwangi | padha ting jarêmpling | sami maca kidung ||

7. Nyi Sèbêtan wau sampun prapti | ngarsane sang katong | atur nuwala sarta sêmbahe | sang prabu sigra anampani |[144] kalingane iki | layange tumênggung ||

8. ingkang nuwala wus dèn ungkapbi | anuli winaos | sampun kèsthi nuwala ungêle | têka mèsêm sang prabu ing Bali | èsême awadi | ing nala arêngu ||

9. angandika sang prabu ing Bali | ing wêtaraningong | layang iki wong loro kang gawe | antuking wong jalu lawan èstri | ingkang amiwiti | layak ki tumênggung ||

10. kang anulis iki kang sapalih | layak ingkang wadon | pan katara ing ulu sukune | baya tinulis ing tilamsari | bari akaron sih | layak ki tumênggung ||

11. angandika Sri Bopati Bali | ingsun atêtakon | pira kathahe wau mantrine | sapa arane kang mundhi tulis | anulya wotsari | Ni Sèbêtan matur ||

12. amung tiga kathahe dewaji | caraka kang kinon | Răngga Jayasantika wastane | bêrngos lèmèt lir yayah minangsi | asumping mêlathi | pidêgsa dinulu ||

13. kampuhipun pan gadhung rinukmi | rinênggèng pêraos | lir mênjangan ing wau polahe | rema bontit tumiba ing gigir | sêmune andhêmit | layak wani kewuh ||

14. kang satunggil pan agêng ainggil | abêrngos sêserop | Dêmang Jayalêksana [Jayalê...]

--- 109 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 52 dari 53

[...ksana] wastane | akampuh rojèng sinora-sari | solahe lumaris | têka kadung-kadung ||

15. sarirane anêmbaga abrit | waja blah kadhaton | kadi topèng băngsa wêdanane | asumping dêlima wantah asri | sêmune ngajrihi | layak wani mungsuh ||

16. kang satunggil inggih agêng inggil | godhèg abêbêrngos | lir tuhu yèn tinon netrane |[145] uwang malang tur pupu gangsir |[146] pamulune wani | awak ngula dumung ||

17. kampuh polèng bintulu ngajrihi | sêmune awongwong | Angabèi Yudapati rane | asumping kanigara mantêsi | kawula wêtawis | layak têguh timbul ||

18. Prabu Jayalêngkara ing Bali | ana kang kêraos | kala maksih ing jaman kunane | tatêkone kêrasa ing ati | amicorèng galih | tan kêtarèng tutuk ||

19. dhingin ki putra seba Kêdhiri | maring rama katong | kala ingsun maksih padha rare | wulucumbune loro angiring | kadeyane iki | kathahe têtêlu ||

20. wulucumbune ingkang kêkalih | ngawula maringong | lagi mêngko maksih anèng kene | kang têtêlu wus asalin gusti | sagone angapdi | maring ki tumênggung ||

21. ingkang kuning yèn ingsun wêtawis | duta ingkang rawoh | iya uga iku kadehane | wong jaman kuna kang sampun mati | Ki Pamade bontit | panjang tênggêkipun ||

22. kang nêmbaga awake abrit |[147] ing pangraos ingong | kaya Ki Punta iku warnane | kadehane ingkang sampun mati | abang ingkang warni | Ki Punta karuhun ||

23. ingkang irêng yèn ingsun wêtawis [wêta...]

[Ilustrasi]

--- 110 ---

Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27): Citra 53 dari 53

[...wis] | raose tèningong | iya uga iku kadehane | wong jaman kuna kang sampun lalis | Ki Kêrtala dhingin | awak ngula dumung ||

24. nanging ingsun rasa-rasa malih | raose tèningong | bokmênawa mêmadha warnane | yèn kadehane wong jaman dhingin | kaya nora apti | ngawula tumênggung ||

25. saya karasa sang rajèng Bali | dènira atakon | Radèn Inu kang dados galihe | ingkang sampun jinêmpana ngangin | ingkang tan kêtawis | kinanthi ing guyu ||

 


Roning. (kembali)
winurcita. (kembali)
Kurang satu suku kata: ratu luwih Prabu Anjayalêngkara. (kembali)
Lebih satu suku kata: sangking loba nêrpati. (kembali)
kêthi. (kembali)
Kurang satu suku kata: atur putri apan wus ingakên garwa. (kembali)
lêbak. (kembali)
Karungkala. (kembali)
netra. (kembali)
10 tinaturrêngga. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: ukiran cula sinêmi. (kembali)
12 jaluk. (kembali)
13 nyênyumbang. (kembali)
14 pinundhut. (kembali)
15 panyogok. (kembali)
16 pambungkul. (kembali)
17 Cau. (kembali)
18 carêmêt. (kembali)
19 angêdên. (kembali)
20 panggêdhêk. (kembali)
21 Halaman 59 sampai dengan 62 tidak ada. (kembali)
22 Kurang dua suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali)
23 Kurang empat gatra: ke-6 (8u), ke-7 (7a), ke-8 (8i), dan ke-9 (12a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali)
24 Nomor pupuh ini dan bait-bait seterusnya belum tentu benar, mengingat ada 4 halaman hilang. (kembali)
25 Kurang tiga gatra: ke-1 (8u), ke-2 (11i), dan ke-3 (8u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: angandika Prabu Nglêngkara Bali. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: arane sêgara tinut. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: agung asamar tur inggil. (kembali)
29 untap. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: sêgara gung wontên sanggup jajagi. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: lawan malih waspada wingiting ratu. (kembali)
32 pangauban. (kembali)
33 binêbêt. (kembali)
34 kadya. (kembali)
35 mokal. (kembali)
36 amindhoni. (kembali)
37 Lebih tiga suku kata: anaria punggawa. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: wadya bênêr pan amrih pinrih sisip. (kembali)
39 nawa. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: Kêlana Jayakusuma. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: bokmênawa mêngsah angêrbut pêrau. (kembali)
42 wong. (kembali)
43 sabên (dan di tempat lain). (kembali)
44 Kurang satu suku kata: putri kang sangking Cangcangan. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: pêsaja tan asêngkang. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: sêngkang ganggong rêspati. (kembali)
47 gandhês. (kembali)
48 sacumbana. (kembali)
49 andhèr. (kembali)
50 Cangcangan. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: durung kongsi cinêngkramani nalendra. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: laki raja lara-lara siling apa. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: lir cintaka minta warsa. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: saure abisik-bisik. (kembali)
55 pinriyêmbada. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: sakèhe para padhêkan. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: sami sinungan cêlathu. (kembali)
58 pamburi. (kembali)
59 Lebih satu suku kata: putri têngah tan kaetung. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: maring kang malêbu curi. (kembali)
61 ing (dan di tempat lain). (kembali)
62 binêkta. (kembali)
63 runtik. (kembali)
64 kantaka. (kembali)
65 angusap. (kembali)
66 cinangkramèng. (kembali)
67 Lebih satu suku kata: padha karia. (kembali)
68 Lebih satu suku kata: Dêmang Jalêksana. (kembali)
69 trus. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: yayi karia ngriki. (kembali)
71 kanjêng. (kembali)
72 numpak. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: si ariya warahên tumuli. (kembali)
74 amagut. (kembali)
75 Lebih satu suku kata: sun ingaranan wani ing laki. (kembali)
76 Kurang satu suku kata: Kêlana Jayakusuma angling. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: lir bramara angosya ing sari. (kembali)
78 canggèhe. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: kusuma yu kalintang canggèhe. (kembali)
80 pêponjène (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
81 angorok. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: satru arum kalawan wêwajik. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: sakathahe ingkang para nyai. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: juru pandom prayitna. (kembali)
85 têdhuh. (kembali)
86 buya. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali)
88 nggana. (kembali)
89 rana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
90 Kurang satu suku kata: apan pêndhok mas umancur. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: măngsa ingsun tegakna. (kembali)
92 bobote. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: maring ingkang murwèng kawi. (kembali)
94 bosên (dan di tempat lain). (kembali)
95 Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali)
96 Kurang tiga suku kata: cacahêna parabote para mungsuh. (kembali)
97 Lebih satu suku kata: atur durèn sawiji sisa bajing. (kembali)
98 cèlèng. (kembali)
99 Dhangdhang. (kembali)
100 Minangsi. (kembali)
101 angrêksa. (kembali)
102 ênêngêna. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: ing Banonbang lan ing nêgari. (kembali)
104 Kurang satu suku kata: lêbura kadi pratala. (kembali)
105 Lebih satu suku kata: pinrih mêngsah tanbuh ing jurit. (kembali)
106 Kurang satu suku kata: kakang dêmang dadiya cucuke jurit. (kembali)
107 Yudapati. (kembali)
108 Lebih satu suku kata: lyan Dèwi Surèngrana. (kembali)
109 pêrandene. (kembali)
110 Lebih satu suku kata: Gêdhe Panendran muwus. (kembali)
111 nujum. (kembali)
112 Lebih satu suku kata: Răngga Jasantika. (kembali)
113 Lebih satu suku kata: lamun maliha tingal. (kembali)
114 anglong. (kembali)
115 soroting. (kembali)
116 Dhangdhang (dan di tempat lain). (kembali)
117 Lebih satu suku kata: ngandika malih sang rajèng Bali. (kembali)
118 rada. (kembali)
119 Lebih satu suku kata: mupugi ing aguna. (kembali)
120 katawan. (kembali)
121 asêsoroh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
122 Lebih satu suku kata: myang pinaring busana. (kembali)
123 Lebih satu suku kata: utama pukulun. (kembali)
124 Kurang satu suku kata: lamun panduka kapanggya. (kembali)
125 Lebih satu suku kata: wakil panduka benjing dewaji. (kembali)
126 anyundêl. (kembali)
127 Lebih satu suku kata: krantêne yèn amangan. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: êmas sêlaka ingkang kinarya. (kembali)
129 Lebih satu suku kata: lir rêtna mulêt grana. (kembali)
130 tinimbalan. (kembali)
131 kangjêng. (kembali)
132 Lebih satu suku kata: Dêmang Jalêksana sampun. (kembali)
133 Lebih satu suku kata: datan kandhêk lampahe kang lumaris. (kembali)
134 kêlatbau (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
135 pancak. (kembali)
136 Kurang dua suku kata: ing jro sutra kuning ingkang kinardi. (kembali)
137 sogoking. (kembali)
138 untu. (kembali)
139 Kurang dua suku kata: yèn duta anêdya ala. (kembali)
140 Kurang satu suku kata: Menak Cau anulya amarani. (kembali)
141 Kurang satu suku kata: pêsthi amrih singgihe nalendraningsun. (kembali)
142 gumanti. (kembali)
143 Kurang satu suku kata: sampun amunggèng bangsal pangrawit. (kembali)
144 Kurang satu suku kata: sang aprabu sigra anampani. (kembali)
145 Kurang satu suku kata: lir têtuhu yèn tinon netrane. (kembali)
146 Kurang satu suku kata: uwang malang tur pupu anggangsir. (kembali)
147 Kurang satu suku kata: ingkang nêmbaga awake abrit. (kembali)