Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40)
1. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- 110 [lanjutan] ---
28. Pupuh Kinanthi kang gumanti
1. mênggah tyasira sang prabu | asambat putra ing Kêling | priyayine wong Jênggala | baya jinêmpana ngangin | pangeraning dhawuh marma | baya sampun angêmasi ||
2. milaningsun madêk ratu | têluk sakèhe nêgari | amung andika pangeran | akèh sun caosi putri | priyayine wong Jênggala | kang musna tilar nêgari ||
3. lami sun atos[1] pukulun | ki putra tan ana prapti | priyayine kasatriyan | baya sampun angêmasi | yèn gêsanga sampun prapta | Ki Rawisrêngga wus mati ||
4. lamun gêsanga pukulun | baya ta nora angimpi | baya ta èstu palastra | Ki Inu ing Kêrtapati | Pangeran Gagak Pralana | nora wêlas maring mami ||
5. putri Băndayuda matur | kadi punapa dewaji | dene panduka sungkawa | punapa kang dados galih | tansah angungun panduka | punapa karaos galih ||
6. ingkang dadi guyon ingsun | aningali kang prajurit | ki tumênggung [tumêng...]
[Ilustrasi]
--- 111 ---
[...gung] tanpa bala | kang arsa bêdhah ing Bali | samăngsa ingsun paguta | prajurit Ngurawan mati ||
7. timbalana ariningsun | ki prabu anom dèn aglis | Ni Sèbêtan awot sêmbah | lumampah anulya prapti | sang prabu anom wus prapta | ngarsane sri narapati ||
8. yayi êmas ariningsun | gawea layang tumuli | lah sira wêwangsulana | punang duta ingkang prapti | Tumênggung Jayakusuma | sira tantanga ing jurit ||
9. lan malih wêwêkas ingsun | sakèhe para dipati | sadaya padha barisa | ing Sapigumarang binjing | amangguta wong Ngurawan | padha gêmpurên ing jurit ||
10. yèn ana ingkang lumayu | para dipati ing benjing | padha trapêna parentah | sun kawênangakên yayi | lah padha sira kêthoka | dèn patut kalawan adil ||
11. yèn sira sampun amanggut | ing yudane kang prajurit | upama nora kuwawa | lah sira mundura yayi | ingsun dhewe kang lumampah | umanggut ingkang prajurit ||
12. têlas wêlinge sang prabu | ingkang rayi awotsari | sapraptane pagêlaran | parentah ing para mantri | datan kawarna sêmona[2] | punang nuwala wus dadi ||
13. wus pinaringakên wau | nuwala ing duta singgih | apan sampun tinanggapan | sarta pêparing nêrpati | kalawan pisalin ika | lumintu sangking jro puri ||
14. laminira tigang dalu | caraka anèng nêgari | amakuwon ing Banjaran | Ki Răngga pan sampun mulih | Ki Dêmang Jayalêksana | bubar lan Ki Yudapati ||
15. lêstari lampahe [lampah...]
[Ilustrasi]
--- 112 ---
[...e] darung | caraka kang lagi mulih | lampahe agêgancangan | datan kawarna ing margi | sadalan tansah bêbahak | kapungkur nêgarèng Bali ||
16. datan kawarna ing ênu | glis prapta Banonbang singgih | sapraptanira Banonbang | apan wayahira lingsir | syarane bala lir gêrah | wus manjing pakuwon aglis ||
17. anênggih radèn tumênggung | akampuh gadhung rinukmi | tanpa sumping apêsaja | paningsêt pathola wilis | baguse lir ngasmara |[3] angrakit saroningrèki ||
18. anênggih kusuma ayu | garwane Jayadiluwih | salamine nglurug sira | sang dyah dhahare tinajin | tan pêgat pulang asmara | lir murca lamun kaèksi ||
19. dhasar kusumaning ayu | arja sinjang cindhe wilis | sêngkang bapang sinamiran | apanunggul intên bumi | asampur seta rinêngga | asare pangkoning laki ||
20. amaos layange kidung | kuda sêrnggara ranèki | sinom pangrawit têmbangnya | jurudêmung lan pamijil | tansah kantu dènnya maca | liniling pinongah-pangih ||
21. wontên dipati kang têluk | limang nêgara kèhnèki | ing Bangil lan Prabalingga | sarênge sami ambalik | ing Jêpan sarênge prapta | ing Gêmbong lan Banjarsari ||
22. sami bêkta bala nyèwu | sakapraboning ajurit | kêrantêne sami bungah | wadya ing Ngurawan singgih | ki tumênggung suka ing tyas | rumaos sugih prajurit ||
23. andhèr kang seba nèng ngayun | supênuh para dipati | kasaru wau kang prapta | kadeyan kang lagi prapti | opyaking kang wadya gumêrah |[4] atata kang asung margi ||
24. mèsêm wêtcanane arum | ki tumênggung ngandika ris | aglis prapta lampahira | apa sira angsal kardi | kakang Răngga ingsun duta | êndi wangsule nêrpati ||
25. anêmbah Ki Răngga matur | ing lampah kawula singgih | inggih kula angsal karya | layang tinampan pribadi | langkung suguhe nalendra | wontên wangsule sang aji ||
26. ingkang nuwala wus katur | radèn tumênggung nampani | pinaringakên ta sira | layang dhatêng ingkang rayi | mas mirah sira waosa | nuwalane Ratu Bali ||
27. maos nuwalaning ratu | yayi sira kang prayogi | wong ayu lantip ing sastra | ingkang sampun pramèng kawi | amung sira gustèningwang | gandhang lantip amatitis ||
28. sampun winaos sang arum | ungêle kang punang tulis | sadaya sampun kadhadha | nuwala maring sang putri | umatur dhatêng kang raka | pangeran awrat sinanggi ||
29. sêmune prabu ing Wangsul | kêtawis nuwalanèki | Sang Prabu Jayalêngkara | kang mêngku nêgarèng Bali | pangraosing manah ingwang | nêdya rêrêmpon sang aji ||
30. angandika ki tumênggung | wong ayu mung sira gusti | nadyan silih tumêkaa | ing pêjahe ingkang abdi | pun kakang datan suminggah | ing rana manggih suwargi ||
31. hèh Răngga têtanya ingsun | apa busanane uni | pira sêpuhe sang nata | wayahe sang rajèng Bali | marêp ngêndi dènnya lênggah | priye pamulune uni ||
32. Ki Răngga alon umatur | kala sineba sang aji | kampuhe sawat rinêngga | amakutha binuka sri | sang rajèng Bali [Ba...]
--- 113 ---
[...li] punika | marêp mêngalèr sang aji ||
33. lêncir dêdêge sang prabu | pipi kalungsur sang aji | dhasar bagus warnanira | pamulune bêngle keris | mèmpêr sampeyan sang nata | kawula kêraos galih ||
34. amicarèng jroning kalbu | Tumênggung Jayadiluwih | iya uga Si Onêngan | yayi dèwi maksih urip | angawula sri nalendra | kinarya wakiling aji ||
35. mèsêm sira ki tumênggung | dudu iku Ratu Bali | kakang Răngga roro sanak | arane ingkang nêgari | pan kaliru lampahira | kacoplongan[5] sira iki ||
36. dudu iku sang aprabu | iku wakile sang aji | iku dudu sri nalendra | sang nata anèng jro puri | katambuhan kakang Răngga | bagus anom rajèng Bali ||
29. Pupuh Sinom ingkang ganti
1. ujare kaki juwata | kala dina Gara Kasih | pangajapaningsun tawang | ingkang jinêmpana ngangin | pêsthi lamun kapanggih | yèn bêdhah nêgarèng Wangsul | layak-layak kewala | prajurite rajèng Bali | bagus anom pantêse sang analendra ||
2. upamane wanodyaa | ratu-ratune wong Bali | layake maksih wêwujang | rara kêncing kumêrincing | tur sunthi kumêlinthi | atimur pêrawan kêncur | Ratu Nungsyakambangan | cêcawu kang tala siti | yèn wadona sundêl lèh maksih wêlanjar ||
3. Kêlana Jayakusuma | nêhêr amaca rêrêpi | obahe lathi kewala | pilih-pilih kang udani | prajurite wong Bali | têka bisa anyalimur | ana kang duta prapta | pêrandene dèn wakili | ratu sêti cacade angêmu duka ||
4. kasusra kajana priya | yèn rajèng Bali prajurit | anging cacade satunggal | dene sang prabu wêwiki | kunthara rajaniti | wingite kêlangkung-langkung | ingsun duga ing nala | bagus anom rajèng Bali | yèn katona pantês dêdêge pidêksa ||
5. pamulune sri nalendra | layake abêngle keris | wêdanane mindha wulan | kang lagi purnama sidi | layak remane wilis | milane wingit kêlangkung | yèn ngucap pait kilang | ratu-ratune wong Bali | yèn mèsêma asor madu pinasthika ||
6. Kêlana Jayakusuma | pitêkur dènira linggih | asta kalih ngrangkul pada | sakêdhap manahe lali | amung Sang Prabu Bali | kawurcita manahipun | rajèng Nungsyakambangan | kuncara prajurit sêti | mendahane ngujiwata anèng rana ||
7. mèsêm Dèwi Surèngrana | asru dènnya gitêl wêntis | pangeran kadya punapa | sineba para dipati | baya andika lali | têka pinarak pitêkur | sarwi agarundêlan | punapa kang dados galih | angandika Tumênggung Jayakusuma ||
8. sarwi mèsêm banjir kilang | syarane arum amanis | ingsun wong arsa apêrang | aji jaya kang sun èsthi | sang dyah anggintêl malih | garohe acilik gunung | matêk jaya punapa | têka sambat rajèng Bali | sugih garoh wong agung sapa puruna ||
9. Kêlana Jayakusuma | anulya ngandika malih | mring Răngga Jayasantika | pira kathahe bopati | miwah punggawa mantri | satriya para
--- 114 ---
tumênggung | lan kêkasihe sapa | ingkang dadi pamugari | pira kèhe mantri ing Nungsyakambangan ||
10. umatur Jayasantika | mantri punggawa ing Bali | datan kinging winicala | akathah tur padha wani | kang dados pamugari | tan liyan Ki Menak Agung | ingkang mêkasi karya | tinari dene nêrpati | kaping kalih Ki Patih Cau wastanya ||
11. ki tumênggung angandika | kaya pa warnanerèki | Ki Menak Agung punika | lawan Ki Cau kang warni | Ki Răngga matur aris | warnine Ki Menak Cau | apan sampun pinanjang | miwah sacirine sami | angandika Kêlana Jayakusuma ||
12. wau sajroning wardaya | Ki Prasănta maksih urip | ngawula Nungsyakambangan | karane sang rajèng Bali | sêti angrèh nêgari | apan ana jimatipun | anging ingsun wêtara | kakang Prasănta wus mati | Menak Agung layake mêmadha rupa ||
13. matur Dèwi Surèngrana | ya pangeran ngatur mami | kawula aturi nglanggar | ambêdhah nêgara Bali | prandene rajèng Bali | pangeran tan arsa têluk | luhung kinaruhunan | pêrandene rêbut jodhi | pawongane karyanên cucuke yuda ||
14. Kêlana Jayakusuma | mèsêm anambut ing rabi | dhuh amung sira kusuma | musthikane ing sabumi | upama sira gusti | kadya kayu dewadaru | salaga intên mirah | pradapa nila widuri | kêrasira amupugi ing aguna ||
15. binêkta maring papêrman | kinusya sang ruming sari | ngularana soring wiyat | măngsa antuka kêkalih | kadya kusuma adi | cacatde wani ing kakung | wanine among cipta | kêrase anjait ati |
[Ilustrasi]
--- 115 ---
amung sira dêrsanalèng mêrcukundha ||
16. gusti pun Jayakusuma | datan angraos akrami | baya ta intên kumala | kang ingukir dadi jalmi | anèng Cêmara gusti | ingkang dadi kusuma yu | gandhang lantip pêsaja | iki wong cèthi cuwiri | anging sira ratune ing marcapada ||
17. sadalu among asmara | ya ta kawarnaa enjing | Kêlana Jayakusuma | ngrasuk busananing jurit | angangge sarya adi | ilang kangmanungsanipun[6] | lir Yang Asmaraning rat | sampun wahana turanggi | kusuma yu sampun awahana rata ||
18. sumêrk kang para dipatya | angrok têngara tinitir | kêndhang gong maguru găngsa | syarane bala ngajrihi | apan tan ana malih | maring pasikêpanipun | daludak munggèng ngarsa | aciri rêtna mas adi | lêlayu kèh gandera gula kêlapa ||
19. Adipati Kêrtasana | Răngga Sidayu lan Tubin | ing Rêmbang lawan Balora | Kêmagêtan lan Garêsik | pangawat kanan kèri | ing Jipang lawan Mêtaun | ing Gêmbong Pasuruan | ing Prabalingga lan Bangil | anyar têluk kinarya cucuking yuda ||
20. Tumênggung Jayakusuma | sampun wahana turanggi | kêkapa kayu cêndhana | sêsănggawêtdhi mas cinawi |[7] rarap sangkêlat acih | apalisir cindhe wungu | apus sangkêlat abang | bêbungkul maniking warih | sêsêkar mas kêndhali sura rinêngga ||
21. kadeyanira têtiga | apan nora kêna têbih | Ki Răngga anèng ing ngarsa | Yudapati munggèng kèri | Jayalêksana singgih | munggèng kanan lampahipun | padha wong sêsêliran | kang ngêrksa ing ki dipati | nora akèh awêtara wong sanambang ||
22. kusuma [kusu...]
[Ilustrasi:] Srat katur rajèng Bali.
--- 116 ---
[...ma] putri Cêmara | awahana rata adi | asri rinêngga busana | agêlang kana kinêmit | sêngkang bapang cinawi | apanunggul intên mancur | kalpika intên nila | sumping mas sinurèngpati | anting-anting akêkalung têbah jaja ||
23. ajamang mas kinatipa | pamêkêk sinilih asih | rema kêbêk dene sêkar | arja sinjang cindhe wilis | udhêt mandhalagiri | arja akampuh pêpêlung | lir Dèwi Dêrsanala | sarwi anyandhing jêmparing | lir Srikandhi amupugi ing aguna ||
24. aran Arya Wijatmaka | iku arine sang putri | abagus tur wicêksana | awantêr wêdi ing isin | nitih turăngga kuning | pan sarwi angikal lawung | tan adoh lan kang raka | sarwi angampil jêmparing | wani mati cacade kirang dêduga ||
25. sakèh wadya ing Cêmara | ingkang sami anjajari | datan kêna kawoworan | awêtara kalih biting | akèh kang kêre wêsi | ana kulambi baludru | ana bapang sangkêlat | acêlana panji-panji | pawongane wong satus wahana kuda ||
26. kang munggèng ngarsane rata | tawok bungsur lawan lêmbing | parise kalawan pêdhang | ingkang munggèng kanan singgih | sadaya waos putih | padha biring dhapuripun | munggèng kèrine rata | padha waos duradasih | munggèng wuri waos binang cêcebolan ||
27. datan kawarna ing marga | lampahe ingkang prajurit | prapta ing Sapigumarang | pan sampun atata baris | datan amawi biting | têngêran bêndhe angungkung | padha angungsi kitha | wong ing desa têpis wiring | loking wadya yèn mungsuh Ngurawan prapta ||
[Ilustrasi]
--- 117 ---
28. Ki Patih Jayaasmara | wus bubar amagut jurit | sakèhe măncanêgara | wau ingkang dèn titihi | dene rêkyana patih | dadya wakile sang prabu | Nêrpati Băndayuda | Nêrpati Cangcangan singgih | Adipati Lumajang cucuking yuda ||
29. kang munggèng pangawak kiwa | Dipati Sandiwaringin | Nêrpati i Pêtjarakan | Bêlambangan datan kari | ing Lobawang pan sami | pangawat têngên winuwus | nêrpati ing Pranggunan | ing Sidapêksa tan kari | sumawona Purwăngga Sandikoripan ||
30. abaris jawine kitha | awêtara sangang kêtthi | kathahe kang wadyabala | lir sêgara tanpa têpi | ingkang dados têtindhih | awasta Ki Patih Cau | anèng têngah gêgaman | anitih turăngga èsthi | Menak Cau sampun rinênggèng busana ||
31. akulambi rangkêp sapta | bêbêt rangkêp pitu malih | paningsête rangkêp sapta | cêlana sap pitu malih | apan angêmaruki | ikêtipun sungsun pitu | prandene kêkopyahan | atêlakup acêcaping | akêkudhung sungsun pitu pêpayungan ||
32. Menak Cau sêsuwêngan | irunge dipun karahi | dèn talèni tampar putra | dèn ugêr kalawan kuping | sikile dèn gongsèngi | dèn ugêr lawan dhêdhêngkul | gêgarês karo pisan | dèn karut lan sănggawêtdhi | wêntisira dèn ugêr lan ambên kuda ||
33. apan lambunge piyambak | Menak Cau dèn talèni | dèn ugêr lawan kêkapa | ewuh iya wong ajurit | mênèk tiba ing margi | prayitnane Menak Cau | awake ting karêncang | tansah pêrangas-puringis | yèn alèrèn [alèrè...]
[Ilustrasi:] Srat katura marang rajèng Bali.
--- 118 ---
[...n] asring dadi têtulungan ||
34. adipati ing Liyangan | akampuh gadhung rinukmi | asabuk pathola jênar | alancingan cindhe wilis | rinenda ing mas adi | rasukan sangkêlat biru | rinênggèng ing mas jingga | akancing êmas ingukir | amantêsi nyuriga dhuwung têtiga ||
35. ajamang mas kinatipa | kilatbau anting-anting | abêbadhong kêbo mênggah | sumping mas sinurèngpati | arumbing mas rinujit | Jayaasmara abagus | pantês tan ana ingwang | anitih turăngga kuning | akêkapa cêndhona rinênggèng êmas ||
36. pancatdan wêsi mêngangkang | ubêng-ubênge mas adi | sêsarung sangkêlat abang | cêcithak maniking warih | rinênggèng ing mas adi | abêbungkul êmas luru | gêgodhège mas jingga | rineka bitulu[8] asri | apus cindhe tinampar kêndhali supa ||
37. apuse gulu sangkêlat | bêbungkul maniking warih | kêkêmbang êmas rineka | ararab sangkêlat acih | cinitrèng ing mas adi | kayu apus cindhe wungu | èbèg pudhak wangkongan | tinatrap êmas angrawit | pan ing têngah sangkêlat rinênggèng kaca ||
38. Kya Patih Jayaasmara | widigbya nitih turanggi | kudane kadi bêdhaya | pinayungan kartas kuning | anênggih kang angiring | wêtara wong tigang èwu | padha wong sêsêliran | tuwuk dadar sinung rabi | tigang èwu wani akuthah ludira ||
39. adipati ing Liyangan | lumampah anèng ing wuri | datan kawarna ing marga | Sapigumarang wus prapti | sakèh para dipati | pan sami suka gumuyu | ningali wong Ngurawan | dene barise akêdhik | upamane lêlarèn mungsuh sêgara ||
40. wong ing Băndayuda mujar | maring wong Lumajang singgih | yèn sun rasa wong Ngurawan | basên mangan wohing dami | tanpa ngrasa kêpati | kang wasta radèn tumênggung | balangana ing kopyah | nora anyăngga wong Bali | samangsane gêpukên măngsa gawêra ||
41. sampun tinata ing yuda | pêcalang acampuh dhingin | arame dènira pêrang | akèh longe ingkang mati | wong Gêmbong campuh dhingin | arame buru-binuru | mundur wong Băndayuda | kasaru sinapih wêngi | amarêngi padhang bulan akêncaran ||
42. Kêlana Jayakusuma | dènnya kasukan sawêngi | pan kasaru praptanira | Ki Astrawijaya singgih | abêkta sikêp jurit | awêtara tigang atus | anjujug ing Banonbang | pakuwon kapanggih sêpi | marmanira lajêng mring Sapigumarang ||
43. sapraptane ing ngajêngan | anungkêmi pada kalih | Kêlana Jayakusuma | apan kadi wong angimpi | radèn marmane nangis | lah apa darunanipun | matur Astrawijaya | mila kawula anangis | pan kêraos sawingking tuwan pangeran ||
44. kala lumampah pangeran | kinèn ngatêrêna mami | batên angraos yèn gêsang | nuntên minggah Ngardi Wilis | inggih ingkang mêrtapi | asung jêjampi pukulun | Wasi Curiganata | wastane ingkang palinggih | sêsêmone mèmpêr Pangeran Prabăngsa ||
45. dupi kalih wêlas dina | kawula apamit mulih | Wasi Curiga tan suka | kalintang dèn pêpalangi | dhatêng priyăngga mami | kawula kinèn anusul [anu...]
--- 119 ---
[...sul] | dhatêng kangjêng pangeran | Ki Wasi Curiga angling | sapunika sanjange dhatêng kawula ||
46. yèn sira arsa panggiha | pangajapanira binjing | radèn sira ngawulaa | prajurit pakune bumi | kang arsa bêdhah ing Bali |[9] kang wasta Radèn Tumênggung | Klana Jayakusuma | iku margane kapanggih | kaki putra lan nini putri ing Daha ||
47. mangke kawula sumêdya | dhatêng pangeran angapdi | angulari pangajapan | kakang êmbok Sêkartaji | ingkang ulun ulati | pangeran ing marmanipun | mênawi kapanggiha | ujare supêna mami | ya ta mèsêm Kêlana Jayakusuma ||
48. salamine nora kilap | maring Radèn Wukirsari | anging Radèn Găndaripa | dahat samare kêpati | sangêt datan udani | dhatêng rahadèn tumênggung | nadyan Jayasantika | Jalêksana Yudapati | nora wikan yèn tumênggung radèn putra ||
49. Ki Dêmang Astrawijaya | matur sarya awotsari | kawula nuhun apura | dhatêng pangeran dipati | ngaturkên pati urip | dene dahat kamipurun | ing têtanggon sampeyan | nanging tan kapadhan kapti | anauri Kêlana Jayakusuma ||
50. lah kula kariyin mila | dahad tan arsa akrami | dhatêng kusuma Ngurawan | mila kawula lampahi | tan bisa amangsuli | sangking sihe sang aprabu | dene pinutra-putra | lawan kinarya bopati | kaping kalih angulati pangajapan ||
51. andika putrane nata | tan layak ngawula mami | manira trahe wong dhayak | wijile wong cukit dulit | yêkti cilaka nênggih | parentah putraning ratu | Dêmang Astrawijaya | matur sarya awotsari | pêjah gêsang sumăngga karsa pangeran ||
52. ki tumênggung angandika | wêcana arum amanis | yèn dika èsmu ngawula | rahadèn ing awak mami | dika anuta ugi | kalawan parentah ingsun | pirabara ing benjang | abisa malêsa ugi | kêpênêtdan ing dika dhatêng kawula ||
53. rahadèn matur sandika | inggih kawula lampahi | ing karsa kangjêng pangeran | datan darbe tingal kalih | sanadyan pati urip | katura dhatêng pukulun | sakèh kadang kadeyan | tanapi para dipati | pan sêdaya wêlas dhatêng Astrawijaya |[10]|
54. eca timbalan wêcana | kasaru kang rayi prapti | Undhakan Astramiruda | amundhi layang nêrpati | sarwi lara anangis | kang nuwala sampun katur | asru dènnya karuna | anungkêmi pada kalih | angandika Kêlana Jayakusuma ||
55. pan sira dutane nata | bagemu têka anangis | anggawa gêgaman pira | sira ambantoni mami | alon matur kang rayi | sangêt dukane sang prabu | kawula ingupatan | yèn gawa bala sawiji | amung kuda lan wulucumbu kewala ||
56. pinijêt punang nuwala | ungêle sampun kaèsthi | mangkana ungêle layang | pèngêt layange nêrpati | Prabu Ngurawan singgih | têkaa anak tumênggung | ingsun asung uninga | sêsaosan tamansari | wus dèn rusak maring Ki Sastramiruda ||
57. ingsun nora nyilih tingal | ingsun dhewe kang udani | kala malêbu ing pura | ping lima ingsun mênangi | dahat amênjanani[11] | kadangira ki tumênggung | lamun malêbèng pura | kaya dalême pribadi | milanipun sun kon nusul maring sira ||
58. aran iku
--- 120 ---
kadangira | langkung karsa ki dipati | yèn sira kalu ing kadang | sakarsanira pribadi | lamun sira uripi | langkung karsa ki tumênggung | arsa sun têlasana | bok runtik ki adipati | ya ta mèsêm Tumênggung Jayakusuma ||
59. alon dènira ngandika | wêcana asêmu runtik | bêcik têmên polahira | ngong tan gênah kari wuri | tansah ngraupi tai | duwe sadulur wong bagus | Sri Nalendra Ngurawan | palamartane kêpati | si mêngkanok mugi dèn kêthok-kêthoka ||
60. Kêlana Jayakusuma | amicarèng jroning ati | kusumane ing Ngurawan | ora lidok ujar mami | dhingin têka ing mangkin | apan ingsun nora ayun | maring putri Ngurawan | dene jalidra kêpati | yèn sidaa sisane si yuyu kangkang ||
61. Undhakan Astramiruda | kaya konjêma ing siti | dinukan maring kang raka | sumungkêm sarya anangis | tan bisa matur malih | wêkasan nulya umatur | pangeran nuhun duka | pêjahana awak mami | langkung sae pukulun anguntapêna ||
62. Kêlana Jayakusuma | aningali ingkang rayi | angraos wêlas ing nala | angandika ki dipati | sira jajara linggih | iya radèn ariningsun | dèn padha angaksama | manjinga sudara wèdi | lah pacuwan aja na rasa-rumăngsa ||
63. Kêlana Jayakusuma | garwane pinandêng liring | kusuma putri Cêmara | ana dhasare wus lantip | mundhut kampuh kêkalih | sarta lan paningsêtipun | tur padha kampuh jingga | paningsêt pathola wilis [wi...]
[Ilustrasi]
--- 121 ---
[...lis] | angandika kusuma putri Cêmara ||
64. Undhakan Astrawijaya | lan Astramiruda yayi | iki kampuh patêlêsan | siji sowang sun paringi | sarêng atămpa kalih | sami warnane abagus | wus sami bêbasahan | anuli sarêng alinggih | ki tumênggung amaringi gambang găngsa ||
65. Undhakan Astramiruda | anuli lêkasan gêndhing | anyêlendro gambang găngsa | piniyarsa awèh brăngti | mung tigang babak singgih | angandika ki tumênggung | yayi Astramiruda | sira rèrèna anggêndhing | wènèhêna Undhakan Astrawijaya ||
66. lah yayi dika gambanga | awotsêkar ingkang rayi | kawula dèrèng tiyasa | ki tumênggung ngandika ris | sanadyan durung bangkit | manira arsa angrungu | ya ta Astrawijaya | sigra lumêksana singgih | wus anyandhak têtabuhe gambang găngsa ||
67. Sastrawijaya anggambang | mongkok wastane kang gêndhing | amlasasih piniyarsa | akèh padhêkan anangis | nadyan ki adipati | miyarsa nalane kanyut | alon dènnya ngandika | punapa wastane gêndhing | sapa sintên ingkang muruk ing kina |[12]|
68. Astrawijaya anêmbah | ingkang jinêmpana ngangin | kang murca ing pagulingan | kang mulang kawula singgih | yèn kala dèn dukani | dhatêng rama sang aprabu | wontên sor nagapuspa | wi gambang mongkok uni |[13] ya ta mèsêm Kêlana Jayakusuma ||
69. rama dika tanpa ngrasa | wong nganggur dipun dukani | măngsa kuranga punapa | wong nganggur dipun dukani | amicara ing ati | mendahane kang amuruk | kang murca pagulingan | ingkang jinêmpana ngangin | anèng ngêndi ratu [ra...]
[Ilustrasi:] Srat katur ki tumênggung ing Bali.
--- 122 ---
[...tu] ayu ing Mêmênang ||
70. lagi angsal kawan babak | anuli asalin gêndhing | radèn agambang sungkawa | pinirsa anjait ati | mujar ki adipati | sapa sintên kang amuruk | radèn matur anêmbah | ingkang jinêmpana ngangin | kakang êmbok kang muruk gambang sungkawa ||
71. lagi angsal tigang babak | anulya asalin gêndhing | ambonang pangawe songa | pinirsa amêlasasih | sanadyan ki dipati | miyarsa nalane kanyut | radèn gêndhing punapa | pinirsa anjait ati | lawan sapa kang amuruk dhatêng dika ||
72. matur radèn awotsêkar | kang êmbok kang muruk mami | yèn wontên ing pêpajangan | abonang pêngawe sari | mèsêm ki adipati | mendahane kang amuruk | kang cinandhi ngawiyat | ingkang jinêmpana ngangin | ngêndi gone intên adi ing Mêmênang ||
73. sadalu nora anendra | Kêlana Jayadiluwih | sadalu dènnya kasukan | anèng ing pakuwon adi | kawarnaa wus injing | angrok sênjata gumuruh | apan wong Pasuruan | kang sampun campuh ing jurit | ramening prang acampuh ing pawingkingan ||
30. Pupuh Pangkur ingkang gumanti
1. Adipati Kartasana | alon matur dhatêng sang adipati | atur kawula pukulun | rêsak wong Pasêdhahan | tiyang Gêmbong wadya Prabalingga larut | dhadhal wong pangawak kiwa | pangawak têngên kalindhih ||
2. Kêlana Jayakusuma | angandika wau dhatêng kang rayi | lah karia ariningsun | tunggua pamondhokan | ewuh kaya[14] mênawi gusti kaburu | tunggua pakuwonira | akèh dunyanira kari ||
3. matur Dèwi Surèngrana | pan lênggana pangeran lumuh kari | pêjah gêsang kula tumut | dhatêng kangjêng pangeran | luhung pêjah sampun kabayong ing mungsuh | aran kawula wanodya | pan pêjah gêsang anyèthi ||
4. lah Biyang Inya Supadma | ingsun utus sira miyosa jawi | timbalana ariningsun | Si Arya Wijatmaka | asaosa ingsun arsa magut pupuh | dèn kêbat sira saosna | rataku Si Sănggarunggi ||
5. sagung bopati bang wetan | saosna siji aja na kari |[15] jêmparing kalawan bungsur | padha wêsi mêngangkang | tawok agêm lan lêmbing malela pusuh | talêmpak sira saosna | kang adhapur duradasih ||
6. kusuma putri Cêmara | wus pinêngkul wau dhatêng ing laki | srinata pating prakênuk | padha rêbut panggenan | amung iki wong ayu ayu anulus | kang amindha Wilotama | cacade wani ing laki ||
7. mujar Dèwi Surèngrana | duk punapa kawula wani laki | timur mila awak ingsun | nyata wong panasbarat[16] | botên bisa pangeran micara mungkur | sang kakung amriyêmbada | tansah ngaras pipi kalih ||
8. gusti sampun salah tămpa | kêrasira amupugi ing awingit |[17] wêcanane awèh ing rum | gawe raga kêrana | amung sira wong ayu ayu anulus | pun Kêlana Jayakusuma |[18] ping sapta jalma andasih ||
--- 123 ---
9. tan kawarna polahira | ki tumênggung sampun miyos ing jurit | awahana kuda sampun | ingiring balakosya | kusuma yu sampun tumut dhatêng kakung | sigra awahana rata | sarwi amangku jêmparing ||
10. wus prapta madyaning rana | Ki Tumênggung Jayakusuma luwih | ingkang wadya padha purun | sumêrg campuh ing yuda | ramening prang agênti amuk-ingamuk | syarane sênjata lanang | kadya karêngèng ing langit ||
11. puyêngan kang punang yuda | ramening prang gênti ukih-ingukih | agênti buru-binuru | surak lir gunung rêbah | ramening prang tanbuh rowang lawan mungsuh | kang mati pating gulimpang | wangkene sungsun atindhih ||
12. Adipati Pasuruan | pan kalindhih prajurite kèh mati | wong Băndayuda kaburu | lumayu rêbut toya | adipati ing Prabalingga kaburu | kasêrêk wong ing Lumajang | mantrine pan kathah mati ||
13. sakêdhap banjir ludira | sarah watang sangking ramening jurit | tanpa wilangan kang lampus | panjrite wong kabranan | kapiyarsa pan kadi gêrah kapitu | tandang Dipati Pranggunan | saha bala anungkêbi ||
14. kalindhih Dipati Japan | Adipati Gêmbong balane kèh mati |[19] wadya ing Bangil wus larut | mantrine sirna gêpang[20] | rêpbat paran akèh angungsi wana gung | ana kang ampungan toya | wong Gêmbong tan kêna pulih ||
15. ki adipati ing Tuban | adipati ing Nglasêm lawan Garêsik |[21] ing Rêmbang lawan Sêdayu | ing Pace Kêrtasana | adipati ing Jipang lawan Siguruh | ing Pathi lawan Bêlora | saha balane apulih ||
16. sumahap bala ing Tuban | munggèng ngarsa kang sami kêre wêsi | ana kulambi bêludru | wênèh bapang sangkêlat | gurewalan sabalanira tumêmpuh | wong Tuban kadi prit nêpba | satandange galong pipis ||
17. arame campuhing yuda | wong Pranggunan ingkang nadhahi jurit | kapirsa lir gunung rubuh | syarane mungsuh rowang | bêdhil muni angrok lan surak gumuruh | tanbuh mungsuh lawan rowang | kunarpa sungsun atindhih ||
18. panjriting wong kang kabranan | kadi gêrah adhuh kalawan mati | syarane kantar kang rêmpu | awor caruke watang | lir prahara anèng satêngah wana gung | kasêrêk bala Pranggunan | wong Sidapêksa nulungi ||
19. tinambuh dènira yuda | pramilane wong Tuban akèh mati | sêntanane akèh rêmpu | lapak kawratan lawan | adipati ing Tuban wus kapêlayu | ki adipati ing Rêmbang | ing Nglasêm samya apulih ||
20. sakarine ingkang pêjah | pan lumayu padha arêbut urip | manahe kêlangkung kawus | datan kêna puliha | sigra tandang Dipati Jipang Mataun | sumahap sabalanira | samya tumêmpuh ajurit ||
21. nêrpati ing Băndayuda | sura panggah kang tinêmpuh ngajurit | arame amuk-ingamuk | apuyêngan kang yuda | akèh mati agênti ukih ingamuk | pinirsa kadi ampuhan | sambate kang nandhang kanin ||
22. kalindhih Dipati Jipang |
--- 124 ---
wong Madiun kaburu akèh mati | Dipati Sidayu têtulung |[22] Pathi lawan Bêlora | saha bala kumrap sarêng saroh amuk | Adipati Pamagêtan | ing Jagaraga apulih ||
23. saya rame ingkang yuda | padha wani angrok asilih ukih | kadi kêlapa ginêpuk | syarane wong kabranan | tilar watang agênti suduk-sinuduk | kang sami prawirèng rana | arame syarane kang prajurit |[23]|
24. kang kalindhih Dipati Jipang |[24] prajurite akathah ingkang mati | bala ing Mêntaun rêmpu | kadi sêsapu wêdhar | wong Balora ing Pathi sami kalunglun | Adipati Kartasona | pulih mêksa kalindhih |[25]|
25. sakèhe para dipatya | bubar larut tan ana wani pulih | amagut-magut kang buru | apanggah mêksa kalah | wong bang kulon sayêkti karoban duduh | sakèhe măncanêgara | tan ana panggah sawiji ||
26. sagunge măncanêgara | padha ngungsi maring ki adipati | barise sadaya larut | datan kêna tinata | ki tumênggung sampun kinêpung ing mungsuh | mung kari wong tigang nambang | punjula wong limang biting ||
27. ki tumênggung angandika | kakang sapa kang dadi senapati | Ki Răngga alon umatur | dene sang analendra | têtindhihe awasta Ki Patih Cau | adipati ing Liyangan | pangeran kinarya wakil ||
28. ki tumênggung angandika | kakang Răngga payo ngawaki jurit | kakang bèi aja kantun [ka...]
[Ilustrasi]
--- 125 ---
[...ntun] | miwah si kakang dêmang | ki tumênggung maju ngrona sikêp lawung | kadeyanira têtiga | sarêng mangsah ing ajurit ||
29. arame campuhing yuda | ki tumênggung kinêmbulan ing jurit | binendrong sangking ing pungkur | sangking ing kèri kanan | nora kandhêg pangamuke ki tumênggung | wong Pranggunan akèh pêjah | wong Băndayuda kèh mati ||
30. rêmpu wong ing Bêlambangan | prajurite akathah kang ngêmasi | Ki Yudapati angiwut | wong Pajarakan buyar | dipun amuk mring Jayalêksana larut | wong Lumajang akèh pêjah | Ki Răngga ingkang ngamuki ||
31. Undhakan Astrawijaya | lan Undhakan Astramiruda kalih | anuli sarêng angamuk | lir singa sakêmbaran | sing katrajang akèh mati bubar rarut[26] | gêgamane Sambipura | kang tinêmpuh akèh mati ||
32. Nêrpati Sandikaripan[27] | sigra tandang sabala pulih gêtih | sumahap padha anggêrgut | sigra campuh ing yuda | maksih panggah Astramiruda tan kondur | Undhakan Astrawijaya | pangamuke maksih ngukih ||
33. Sastramiruda sêsumbar | lamun ingsun dulu mimis jêmparing | kaya èsême dyah ayu | kusuma ing Ngurawan | tumbak kêris lir gêgintêle dyah ayu | kusumane wong Ngurawan | kang kari anèng nêgari ||
34. lah payo barênga mara | iya ingsun bakal mantu nêrpati | Astramiruda ran ingsun | lêlancure Ngurawan | sigra nandêr Astramiruda angamuk | sinasogi ganjur rangap | binendrong bungsur jêmparing ||
35. Undhakan Astramiruda | pangamuke bari maca rêrêpi | lampês [la...]
[Ilustrasi]
--- 126 ---
[...mpês] irêng awak ingsun | bêdhil alit wêrăngka | linggar sihe wong ayu sun tilar nglurug | kusumane Bauwarna | sun tohi lara lan pati ||
36. Undhakan Astrawijaya | pangamuke sarwi atawan tangis | kang sinambat tangisipun | pangajapaning tawang | kakang êmbok ing pundi gone katêmu | lir banthèng atawan brana | kang kêparak akèh mati ||
37. mangsah Nêrpati Lobawang | Sandipura lawan Sandiwaringin | kumrab kang bala tumêmpuh | bêndhe surak lir gêrah | bêdhil muni apan kadi gunung rubuh | wong Ngurawan katambuhan | tinangkêban sangking wuri ||
38. tandang Dipati Lumajang | ing Cangcangan Băndayuda apulih | sabalanira tumêmpuh | nangkêbi sangking kanan | kapiyarsa apan kadi gunung rubuh | surake kadi ampuhan | awor gong bèri tinitir ||
39. sangking ramene kang yuda | pêtêng dhêdhêt pan kadi têngah wêngi | tanbuh rowang lawan mungsuh | dene kukus sundawa | ênal muluk dinulu kadi pêpêdhut | mimis muluk anèng wiyat | dinulu lir udan api ||
40. wraksa gêng pan kathah ragas | katêrajang wau kalawan mimis | kayu alit kathah rampung | alas rêngkêt apadhang | wong Ngurawan angrasa sayah angamuk | sangking kathahe kang mêngsah | mungsuhe mundur kèh mati ||
31. Durma gumanti
[Ilustrasi]
--- 127 ---
1. ramening prang loke bala kang lumajar | ki tumênggung ngêmasi | anèng têngah rona | Klana Jayakusuma | sampun kawarta ngêmasi | wong Băndayuda | Sinjang kang amatèni ||
2. kawarnaa kusuma di ing Cêmara | anggêgêr ingkang baris | awahana rata | sakèhe wong Cêmara | limang atus angidêri | mèsêm kewala | aningali wong ajurit |[28]|
3. angandika sira Dèwi Surèngrana | pangeran anèng ngêndi | dene wong apêrang | tanbuh mungsuh lan rowang | ni inya umatur aris | kangjêng pangeran | kawarti angêmasi ||
4. raka dika kinêpung ing mêngsah kathah | binendrong lawan bêdhil | loke kang lumajar | raka dika wus pêjah | wong Băndayuda kang matèni |[29] lamun sêmbada | dawêk lumajar gusti ||
5. kusuma yu ngandika sarwi karuna | ingsun amagut jurit | angêrbut pangeran | ingkang kinarya lesan | lamun èstu angêmasi | kangjêng pangeran | pan ingsun milu mati ||
6. lah ulungna biyang panahku lan pêdhang | lawungku doradasih | age ulungêna | sun magut ing ayuda | rataku sun gawa mati | mèlu pangeran | gustiku sun belani ||
7. maju ngrana sampun nandêrakên rata | sabalanya apulih | putri ing Cêmara | lintang sudirèng rana | sarwi asikêp jêmparing | murub ing asta | kêbat kadi Srikandhi ||
8. pangamuke sang putri
[Ilustrasi:] Lan para dipati. Astrawijaya yuda.
--- 128 ---
sarwi karuna | limpat sikêp jêmparing | wong ing Băndayuda | katrajang kathah pêjah | ingkang panggah angêmasi | mundur kabranan | wong Lumajang kèh mati ||
9. limang atus kathahe wadya Cêmara | angamuk golong pipis | kadi saradula | agalak măngsa sarpa | kadya buta andon daging | wong ing Cangcangan | kang panggah akèh mati ||
10. kadi singa Ki Ariya Wijatmaka | pangamuke ngajrihi | kang panggah kèh pêjah | ingkang mundur kabranan | wong Purwăngga kathah mati | wong Sidapêksa | apulih akèh mati ||
11. angajrihi kusuma putri Cêmara | ngamuk karo jêmparing | widigdya mêmanah | singa katrajang pêjah | kang lumayu nandhang kanin | sakèh kang mulat | ajrih tan wani pulih ||
12. langkung galak kuda pangiride rata | anujah anyepaki | ambrakot amengkal | tan pasah ing sênjata | wong Pajarakan kèh mati | kèdêg ing rata | katunjang kapêlipis ||
13. wong Cêmara limang atus padha sura | angamuk silih ukih | wastra kadi sara | ludira kadi rawa | kunarpa sungsun atindhih | rame kang yuda | putung watang akêris ||
14. kawarnaa sakèhe kang wong lumajar | ing Prabalingga Bangil | Gêmbong Pasuruan | lawan Dipati Japan | ing Kartasana lan Tubin | Sidayu Rêmbang | Nglasêm lawan Garêsik ||
15. adipati ing Pathi lawan Bêlora | Juwana datan kari | Mêntaun lan Jipang | Dipati Pamagêtan | ing Pace Barêbês wani | ingkang lumajar | padha anginum warih ||
16. katingalan wadyabala ing Cêmara | lamun angukih jurit | anulya atandang | sagung para dipatya | ingkang wêdi dadi wani | nêmbang têngara | magut apulih gêtih ||
17. apuyêngan saya rame ingkang yuda | rame ukih-ingukih | kadi gunung rêbah | sangking ramening pêrang | malih asêgara gêtih | awêwukiran | kang mati tumpang atindhih |[30]|
18. edhe[31] watang kumbala pan kadi sarah | awor kalawan gêtih | lir ganggêng nèng rawa | bêndhe lan bèri ika | kang anèng siti wor gêtih | asawang kura | anèng têngahe warih ||
19. Yudapati lan Dêmang Jayalêksana | sarêng angamuk kalih | lan Jayasantika | katiga sarêng mara | pangamuke ngowak-awik | sirna apadhang | gusis kathah kang mati ||
20. lir ampuhan sambate bala kabranan | kaya ngrubuhna wukir | bêdhil lawan surak | mungsuh kalawan rowang | pangawat kiwa wus gusis | pangawat kanan | rêmpu akathah mati ||
21. kawarnaa Undhakan Astrawijaya | Astramiruda wani | Arya Wijatmaka | sarêng pangamukira | kaya buta andon bukti | wong ing Pranggunan | tumpês tan ana kari ||
22. adipati ing Băndayuda wus pêjah | Yudapati kang matèni |[32] Bopati Purwăngga | apan sampun palastra | lan ipene karo mati | katawan pêdhang | Yudapati kang matèni |[33]|
23. adipati ing Sandipura palastra | Yudapati kang matèni |[34] nata ing Pranggunan | Adipati Lobawang | apan sarêng angêmasi | Jayalêksana | wau ingkang mêjahi ||
24. Adipati Sandikoripan palastra | lawan Sandiwaringin | sarêng binadhusan[35] [binadhusa...]
--- 129 ---
[...n] | anèng têngahing rana | Jayasantika kang matèni |[36] sêntananira | rêmpu kathah kang mati ||
25. Adipati Pajarakan wus palastra | mantrinira kèh mati | kang matèni iya | Radèn Astramiruda | Nêrpati Lumajang mati | atatu jaja | ki tumênggung kang matèni |[37]|
26. Adipati Bêlambangan wus palastra | kacundhuk ing jêmparing | putri ing Cêmara | ingkang matèni iya | prajurite akèh mati | pating sulayah | padha kêna jêmparing ||
27. bubar kabèh sakèhe para dipatya | anging rêkyana patih | Dipati Liyangan | Patih Jayaasmara | kang dèrèng amagut jurit | kabèh suh sirna | sakèh kang dèn titihi ||
28. Ki Tumênggung Kêlana Jayakusuma | kudane asêsirik | anyongklang andheyan | katingal garwanira | angamuk atawan tangis | wahana rata | nuli dèn parêpêki ||
29. ki tumênggung têdhak sangking kudanira | garwa dèn pêlayoni | dupi sampun prapta | wau ngarsane rata | kadi wong abêksa rangin | amêmêndhapan | kusuma yu ningali ||
30. èsmu kagèt Rêtna Dèwi Surèngrana | sigra buwang jêmparing | têdhak sangking rata | mêlajêngi kang raka | sang dyah arsa anungkêmi | kawratan trisna | pinondhong maring laki ||
31. têngahira pinêngkul kadya pêpêsa | srinatane kang kèri [kè...]
[Ilustrasi:] Adipati Pêjarakan, palastra. Astramiruda nyuduk.
--- 130 ---
[...ri] | kinosya ing priya | saya awèh wigêna | atap dinulu rêspati | rêbut panggonan | karingêt dèn usapi ||
32. dipun liling wêdona[38] amindha wulan | mèsêm sang adipati | alon angandika | sapa ingkang akona | kusuma milu ajurit | lamun matia | paran polah kang abdi ||
33. alon matur sira Dèwi Surèngrana | dalane tega kari | dasihe pangeran | wau kawarta pêjah | rèh kawula dados cèthi | arsa uninga | măngsa kandêla mami ||
34. ya ta mèsêm Tumênggung Jayakusuma | angaras pipi kalih | dhuh sang atma jiwa | intên rêtna kumala | wong ayu sêtya ing laki | amung kusuma | wilotamaning bumi ||
35. pangraose Kêlana Jayakusuma | amanggih intên manik | ingkang mindha jalma | anèng cangkême naga | amung sira kusuma di | gèn sun ngawula | cacade wani nglaki ||
36. kusuma yu èsmu runtik gitêl jăngga | pangeran bêbosêni | pan katon punapa | ingaran wani priya | cabar tiwas anglampahi | lamun sagêda | milu sabaya pati ||
37. angandika Kêlana Jayakusuma | tan lidok ujar mami | sampun gintêl jăngga | dadi apa gondhoka | măngsa bêdhaha ing Bali | dadi punapa | dèn tampika ing putri ||
38. baya sira kang amindha Dêrsanala | musthikane sabumi | sampun salah tămpa |
[Ilustrasi]
--- 131 ---
kêrasira kusuma | margane wibawa mukti | wani ing priya | amupugi awingit ||
39. midêr ing rat kawula jajah nêgara | dèrèng amanggih kalih | kang kadya kusuma | ayu tur wicêksana | wong măndraguna asêti | ping sapta jalma | kawulane andasih ||
40. kawarnaa Dyan Patih Jayaasmara | sabalanya apulih | kadya prit anêbda[39] | angamuk barêng mara | pangamukira mangungkih | wong tigang nambang | tan ana sambat ajrih ||
41. ramening prang wong tigang èwu umangsah | lir buta olih daging | kadi saradula | sêdhênge măngsa jalma | wadya Ngurawan kalindhih | Jayèngasmara | wong anom wani mati ||
32. Pupuh Sinom ingkang gumanti
1. Kêlana Jayakusuma | angadêg dipun payungi | anèng sore kêndhayakan | akalihan ingkang rayi | wahanane tan têbih | apan sampun dèn kêkarung | miwah ratane sang dyah | apan pêrnahe tan têbih | kadehane sêdaya sami apêrang ||
2. matur Dèwi Surèngrana | pangeran sang adipati | sampun andika pêpeka | prajurit kari sawiji | kawarta yèn asêti | mangkana radèn tumênggung | alon dènnya ngandika | dimone prapta ing ngriki | sun cêkêle Si Patih Jayaasmara ||
3. putri adi ing Cêmara | jêmparinge dipun sandhing | arsa anitiha [a...]
[Ilustrasi]
--- 132 ---
[...nitiha] rata | karsane amagut jurit | tan sinungan ing laki | kadeyan kabèh kaburu | maring Jayaasmara | padha lumayu awêdi | padha ngungsi ing ngarsane ki dipatya ||
4. Undhakan Astramiruda | lan Astrawijaya malih | ningali Jayaasmara | padha lumayu awêdi | malah arêbut dhingin | angungsi radèn tumênggung | Răngga Jayasantika | Jalêksana Yudapati | padha ajrih sangking karsaning juwata ||
5. Undhakan Astramiruda | umatur sarwi wotsari | pangeran dawêk lumajar | Jayaasmara asêti | sami tan darbe galih | kadang kadeyan pukulun | nadyan salira kula | pangeran kêlangkung ajrih | aningali dhatêng Dipati Liyangan ||
6. ki tumênggung angandika | sakèhe kadeyan mami | agawea gêgêlaran | yèn Jayaasmara sêti | tangkêpbana tumuli | dimok[40] pisah balanipun | Si Dipati Liyangan | dimon prapta ngarsa mami | sabalane padha sira sêsiwoa ||
7. Ki Răngga Jayasantika | Jalêksana Yudapati | sadaya matur sandika | apan sami amiranti | sagung para dipati | padha matur dipun amuk | maring Jayaasmara | wong ing Gêmbong akèh mati | akèh tatu wong ing Jêpan Pasuruan ||
8. Ki Patih Jayaasmara | nantang lawan numbak siti | Kêlana Jayakusuma | lah majua sun kêmbari | payo padha wong bêcik | lah majua ki tumênggung | aja agênti mara | barênga mara yèn wani | iya aku prajurit Nungsyakambangan ||
9. sakèhe mantri Ngurawan | padha lumayu
[Ilustrasi]
--- 133 ---
angisis | Kêlana Jayakusuma | akalihan ingkang rayi | anglela dèn payungi | Jayaasmara andulu | langkung bramêntyanira | kudane dipun camêthi | ki apatih anandêr atilar bala ||
10. Kêlana Jayakusuma | karsane dipun larihi | Ki Răngga Jayasantika | Jalêksana Yudapati | sigra sami nangkêbi | wong tigang èwu pinanggut | arame punang yuda | watang putung gênti kêris | marmanipun ki patih pisah lan bala ||
11. Ki Menak Cau kapisah | kalawan rêkyana patih | lumayu atilar kuda | babak bunyak niba tangi | pênganggo dèn guwangi | mung kari saruwalipun | gêgundhulan kiwala | umpêtan ing sore têrngguli |[41] ting kulawèr kêpbêg tali awakira ||
12. Ki Patih Jayaasmara | angikal lawung kumitir | prajurite wong Ngurawan | papagêna tandang mami | payo agênti biring | ya ta mèsêm ki tumênggung | asru dènnya ngandika | prajurite wong ing Bali | dudu lanang lamun nora tilar kuda ||
13. Ki Patih Jayaasmara | sampun atilar turanggi | awêtara sapêmbalang | dohe lawan ki dipati | alon ki dipati |[42] ngandika wêcana arum | payo dèn marèng ngarsa | prajurite wong ing Bali | anumbaka ênyah[43] dhadha pilihana ||
14. balikan sira mundura | eman warnamu apêkik | mênawa mati ing rana | balik lumayua aglis | matura rajèng Bali | konên têluk marang ingsun | Patih Jayaasmara | bramantya dènira angling | ki tumênggung bobap têmên wuwusira ||
15. aja nantang sri nalendra | yèn Jayaasmara urib | sanadyan rupaa buta | dèn kongsi sundhul ing langit | pan ingsun [ingsu...]
[Ilustrasi]
--- 134 ---
[...n] nora wêdi | amungsuh radèn tumênggung | payo-payo majua | sun kêmbari padha siji | ayonana Dipati Jayaasmara ||
16. runtik Dèwi Surèngrana | gupuh anyandhak jêmparing | gêndhewa sampun ingangkat | arsa nglêpasi jêmparing | kagèt ki adipati | garwane rinangkul gapyuk | sarwi kinusya-kosya | Dèwi Surèngrana angling | uculêna sun panahe mungsuh sura ||
17. kang garwa tansah kinusya | sampun-sampun sangking pati | dadi punapa matia | dukane sang rajèng Bali | lan kapirare gusti | matèni wakile ratu | dimok prapta ing ngarsa | sun cêkêle padha siji | malak mandar Sang Prabu Bali têluka ||
18. Ki Patih Jayaasmara | wau wus prapta ing ngarti[44] | waose asru ingêmbat | ki patih arsa nglarihi | dhatêng ki adipati | dumadak lawunge runtuh | sigra narik curiga | arsa goco ki dipati | asta cape dhuwunge ki patih gigal ||
19. Ki Patih Jayaasmara | cinandhak astane siji | astanira ingkang kanan | cinandhak ing asta kèri | ki patih niba tangi | prandene tan kêna ucul | sang putri ing Cêmara | analèni sutra kuning | ki apatya binêkta minggah ing rata ||
20. Ki Răngga Jayasantika | olih prajurit sawiji | sirahe nuli dèn pagas | malah dipun karya undhi | larut sakèh wong Bali | Ki Menak Cau lumayu | surake wong Ngurawan | Jayaasmara wus mati | wus katawan murdane kinarya oclang[45] ||
21. kang anèng luhure rata | saya waspada ningali | tan pangling maring kang raka | cirine sampun kaèksi | ing pêpilingan kèri | pilih wruh kasaban rambut | ingaran êtoh sêpah | Wuragil Kuning jrih nangis | anungkêmi si kakang mêksih agêsang ||
22. pangajapanisun[46] tawang | nora nyana yèn kapanggih | apan kadi wong sumpêna | sasat mati urip maning | tan ketang baya pati | si kakang lami sun ruruh | ki tumênggung ngandika | iya iki kusuma di | arinira Wuragil kang ingsun sanjang ||
23. mèsêm Dèwi Surèngrana | bok ipe kêlangkung sêti | wong Cêmara akèh pêjah | măncanêgara kèh mati | kêrantêne asêti | jêr krandhahe ki tumênggung | ni ipe asinjanga | dêlapon aja kêtawis | yèn lananga alah Ki Astramiruda ||
24. ki tumênggung angandika | sira sun wèhi kêkasih | aran Dèwi Ekawarna | kalangkung prayoga yayi | anging wawêkas mami | dèn bisa anamur sêmu | mung sira ariningwang | ingkang dadi wode ati | wadon-wadon sira sêti măndraguna ||
25. yayi pira lawasira | angawula rajèng Bali | lawan apa jimatira | asêti bêdhah nêgari | lan sapa angidini | dene sira arupa kakung |[47] matur Ni Ekawarna | kakang radèn atur mami | duk kawula angulari karsa dika ||
26. pirang dina anèng wana | atilar têdha lan guling | raga asawang kunarpa | pan sampun angèsthi pati | wontên juwata nuruni |[48] awasta Bêthara Bayu | ingkang asung karosan | kaki dewa langkung asih | marmanipun kawula dadi wong priya ||
--- 135 ---
27. kawula kinèn ngawula | dhatêng sang prabu ing Bali | ujare kaki juwata | rumiyin ing awak mami | pêsthi lamun kapanggih | nini ingkang sira ruruh | ingkang cinandhi awiyat |[49] ingkang jinêmpana ngangin | pan kapanggih anèng satêngahing rana ||
28. apan mangke kalampahan | pangeran kapanggih ngriki | kala kawula ngawula | dhatêng sang prabu ing Bali | mila dados pêpatih | angsal kawula karuwun | malêbêt mantri kaneman |[50] rajèng Bali acangkrami | anênupu[51] banthèng kalawan mênjangan ||
29. pan wontên têksaka lanang | agêng panjang gêgilani | anandêr dhatêng sang nata | sagunge mantri gumingsir | kawula kang nanggoni | wau kang têksaka jalu | sirahe kula candhak | kula untir tigas pancing | padha gawok sakèh wong Nungsyakambangan ||
30. dupi sampun acangkrama | kawula jinunjung linggih | pinaring nêgri Liyangan | ingangkah sudara wèdi | tumêka sih nêrpati | jinunjung sangking aluhur | malah sinung wêwênang | kawula dadya pêpatih | sinung aran Dipati Jayaasmara ||
31. kawula saya alama | kinèn abêdhah nêgari | ing Cangcangan Băndayuda | Lobawang Sandiwaringin | ing Lumajang tan kari | ing Bêlambangan pan gêmpur | Pranggunan Sidapêksa | kawula kalintang sêti | sakathahe nêgara kawula bêdhah ||
32. milanipun sri nalendra | akathah garwane putri | pan gunakaya kawula | têluk sakèhing nêgari | dhatêng sang rajèng Bali | alon mèsêm ki tumênggung | rinangkul arinira | gêlunge dipun usapi | wadon-wadon sira bisa angawula ||
33. sampun lèngsèr sangking rata | manjing ing pakuwon sami | kadang kadeyan sadaya | mêksih anindhihi baris | akèh para dipati | balik maring ki tumênggung | Radèn Astramiruda | tan wruh yèn kadange prapti | loke bala Jayaasmara palastra ||
34. kang anèng ing pamondhokan | tan kêna dèn têtakoni | kadhêmêne kampuh apa | ratu-ratune wong Bali | alon matur kang rayi | karêmêne sang aprabu | tan liyan kampuh sawat | asabuk pathola wilis | anauri padha lan rêmên manira ||
35. lah yayi sira tutura | têtêkone rajèng Bali | kang rayi matur anêmbah | gêtthingane sri bopati | wong ambêlêr ing kardi | dede karsane sang prabu | karêmêne sang nata | yèn karyane dèn lampahi | nadyan ala wong sêtya dipun apura ||
36. lah yayi ta kaya ngapa | padane sang rajèng Bali | lan darijine pira |[52] mênawi amawi ciri | alon matur kang rayi | darijinipun sêpuluh | sada alus anawang | asupit ingkang dariji | anauri sokur atakèn kewala ||
37. lan astane kaya ngapa | yayi sang prabu ing Bali | ingkang rayi atur sêmbah | astane Sang Prabu Bali | alus angêrspatèni | lir pendah gandhewa putung | lênggut liman yèn lumampah |[53] èsmu kèndêl sang nêrpati | winor mèsêm sang nata lamun ngandika ||
38. yayi sadulure pira | ratu-ratune wong Bali | ingkang tunggal ibu rama | alon matur ingkang rayi | inggih sang rajèng Bali | nora adarbe sêdulur | ontang-anting piyambak | ki tumênggung ngandika [nga...]
--- 136 ---
[...ndika] ris | bagus anom cacade tan mawi kadang ||
39. yayi dene sira wikan | lamun sang prabu ing Bali | nora darbe wăngsa kadang | sapa ingkang anuturi | kang rayi matur aris | dhumatêng radèn tumênggung | rajèng Bali piyambak | kang apajar dhatêng mami | tanpa kadang Prabu Anjayalêngkara ||
40. Kêlana Jayakusuma | mèsêm sarwi muwus aris | ratu ing Nungsyakambangan | ontang-anting kumalinting | tunggake warèng iki | nisthane tanpa sêdulur | yèn têluka maringwang | ingsun punagi aringgit | pêsthi bêcik lêlakone rêruwatan ||
41. alah yayi kayaparan | yèn angrungrum para rabi | dene garwane akathah | ping pira dèn cêngkarmani[54] | alon matur kang rayi | sang nata kêlangkung baut | sakèhe para garwa | winisik asmara jati | yèn karêsmèn sang prabu tanpa cumbana ||
42. ki tumênggung angandika | apik têmên rajèng Bali | kang rayi matur anêmbah | sang prabu langkung wêwiki | pan kawula kariyin | sinandhing sare sang prabu | wayahe sirêb jalma | sang prabu kula grayangi | dipun sampe kang asta kaya putunga ||
43. malah kongsi pitung dina | kawula dipun dukani | ki tumênggung angandika | apane sira grayangi | alon matur kang rayi | dhuh pangeran wêntisipun | ki tumênggung ngandika | cabar têmên sira yayi | kakahona dakare sira bêthota ||
44. Prabu Anjayalêngkara |
[Ilustrasi]
--- 137 ---
wijile wong têkong ngêndi | jalèntrèhe duk ing kuna | kang rayi umatur aris | kawula mirsa warti | rajèng Bali duk karuwun | datan adarbe putra | mangkana mujya sêmèdi | tinarima inggih pinaringan syara ||
45. mangkana ujare syara | lah iya sang rajèng Bali | yèn arsa adarbe putra | cangkramaa maring wukir | anuntên rajèng Bali | acangkrama dhatêng gunung | ya ta wontên wong tapa | warnane anom apêkik | pan ingambil atmaja dhatêng nalendra ||
46. wus lami sang prabu seda | anuntên putra gumanti | jumênêng Nungsyakambangan | jêjêg adile nêrpati | gêmah nêgarèng Bali | tulus kang sarya tinandur | Prabu Anjayalêngkara |[55] dede saèstune Bali | kala mujar sang prabu pilih miyarsa ||
47. nadyan kathaha nalendra | kang jumênêng rajèng Bali | anging ta măngsa padhaa | kalawan sri narapati | Prabu Jayadiluwih | tulus kang sarya tinandur | sakèhe parangmuka | têluk datan ana wani | tanpa sama Prabu Anjayalêngkara ||
48. anging apike kalintang | kakang sang prabu ing Bali | kalanipun acangkrama | mudhun sangking luhur èsthi | wontên wangan sadhidhik | mung saasta wiyaripun | prandene sri nalendra | datan purun anglumpati | adoh elok sang prabu mundhut jêmpana ||
49. Kêlana Jayakusuma | mèsêm sarwi muwus aris | yèn mangkono sri nalendra | prajurite wong ing Bali | abagus tur asêti | cacade kawratan [kawrata...]
[Ilustrasi]
--- 138 ---
[...n] kampuh | benjang têkèng ing rana | sun cêkêle padha siji | dèrèng panggih sasat wus kagêm ing asta ||
50. adhêm raose kang manah | yayi sun miyarsa warti | ratu ing Nungsyakambangan | kawarta prajurit sêti | kunthara rajaniti | tur abala padha ratu | anging ana sun wada | ratu-ratune wong Bali | bagus anom cacade wêdi ing wangan ||
51. Undhakan Astramiruda | wau sampun dèn timbali | sapraptanira ing ngarsa | ki tumênggung ngandika ris | yayi kadangmu prapti | Ni Ekawarna andulu | maring Astramiruda | anuli dèn pêlayoni | sarêng nangis tan pangling ing kadangira ||
52. Ki Menak Cau kocapa | kang lumayu niba tangi | karo saruwal kiwala | sakèh busanane kari | tinon pating kulacir | tampar kang munggèng dhêdhêngkul | lumayu kurencalan | tampar kabulêt ing sikil | saparane lumayu tutup wêdana ||
53. karah ingkang munggèng grana | dipun pacot[56] datan kêni | milanipun ora kêna | wantu Ki Cau wong mukti | awake lêmu iki | mindhak agêng irungipun | wantune wong lumajar | irunge mêkar ing margi | èsmu lara Ki Cau tansah karuna ||
54. datan kawarna sêmona | busêkan nêgara Bali | padha miyarsa warta |[57] lanang wadon gêdhe cilik | pramona ingkang warti | lamun ki patih kasambut | anèng Sapigumarang | sirahe kinarya undhi | malah gègèr nêgara Nungsyakambangan ||
55. sawênèh miyarsa warta | alara dènira nangis | niba siti gêgulungan | asambat rêkyana patih | eman têmên ngêmasi | gustiningsun wonge bagus | Radèn Jayaasmara | agawe rasaning ati | sapa baya dadi kondhanging wanodya ||
56. sawênèh ana karuna | gêgulungan anèng siti | Ki Patih Jayaasmara | ingkang sinambat ing tangis | gustiku kyana patih | anom emane kasambut | Adipati Liyangan | eman têmên gêlis mati | yêkti ilang kêmbange Nungsyakambangan ||
57. sawênèh ona angucap | ki apatih angêmasi | yêkti kêkathote[58] ilang | nêgara ing Bali iki | lamun mênggaha pêksi | sampun pathol[59] cucukipun | rahadèn ora nana | ilang jimate nêgari | sapa baya kang tinonton lamun seba ||
58. sakèhe wong kapatihan | padhêkan lan para nyai | badhe sêlir jêjamahan | kang dèrèng dèn cêngkramani | sadaya mirsa warti | yèn radèn sampun kasambut | anèng Sapigumarang | murdane kinarya undhi | kadi gêrah sadaya sarêng karuna ||
59. sawênèh ana karuna | tênagane kontrang-kantring | ona nangis gêgulungan | sarwi ngrontok-rontok wèni | ana niba ing siti | sarwi lulur-lulur suku | ana amala jaja | ki apatih angêmasi | sapa baya sun ladèni dina-dina ||
60. apan rabine sêkawan | padha wong ayu rêspati | durung ana cinangkraman | lagi sinêmbramèng liring | sami lara anangis | pan sami asambat kakung | katuwane wak ingwang | tinilar pangeran [pange...]
--- 139 ---
[...ran] mami | sapa baya ingsun ladèni ing wuntat ||
61. sanadyan pêjah gêsanga | rabine tan bisa kari | priyayine wong Liyangan | agawe rasaning ati | katuwane wak mami | durung kaparingan lulut | sêlak nuli palastra | cuwa rasane kang ati | milu pêjah Pangeran Jayaasmara ||
62. dèn silih palastraa |[60] lêga rasane kang ati | Ki Adipati Liyangan | lamun layone kapanggih | gusti kawarta mati | layone datan kadulu | kang mas Jayaasmara | kang asih aduwe rapbi | bagus anom pangeran têka palastra ||
63. nêngêna ingkang karuna | warnanên sang rajèng Bali | Sang Prabu Jayalêngkara | kang lagya miyos tinangkil | pêpêg punggawa mantri | pinarêk ing sitiluhur | andhèr mantri panglima | sang nata èsmu prihatin | praptandhane[61] miyos tanpa upacara ||
64. Ki Menak Agung ngandikan | munggèng ngarsane nêrpati | Ki Patih Jayasasmita | lan Răngga Wirêksèngbumi | Nyai Sèbêtan tan wingking |[62] Nyai Wayahan ing ngayun | sri bopati angandika |[63] Bapa Agung takèn warti | kayaparan wartane kang magut yuda ||
65. lagya tinimbalan wêtcona |[64] kasaru Ki Cau prapti | sakèhe mantri panglima | kang sami dipun alani | sadaya angamini | pan sami suka gumuyu | yèn Ki Cau matia | akèh ngluwari punagi | wus ngandikan prapta ngarsane nalendra ||
66. Ki Cau matur anêmbah | atur tiwas panduka ji | kawula kinarya duta | nitihi wadya ajurit | gusti wong sangang kêthi | sami pêjah sirna larut | Kêlana Jayakusuma |[65] kêlangkung dene asêti | aprasasat mungsuh dewa Suralaya ||
67. gawok kawula tumingal | pukulun panduka aji | salami kawula gêsang | dewaji dèrèng ningali | putri Cêmara gusti | garwane radèn tumênggung | awasta Surèngrana | solahe kadya Srikandhi | tumut aprang inggih awahana rata ||
68. kadya Dèwi Wilotama | pangamuke gêgilani | sarwi awahana rata | pan sarwi sikêp jêmparing | langkung dene patitis | singa kang dèn arah rampung | binendrong ing sênjata | binot tawok jêmparing |[66] datan kandhêg pangamuke gandhang-gandhang ||
69. nêrpati ing Băndayuda | sampun kasambut dewaji | sawadyane kathah pêjah | kantun anake abalik | natèng Lumajang gusti | pukulun sampun kasambut | wadyane kathah pêjah | kantun adhine ambalik | wong Cangcangan sami ambalik sadaya ||
70. nêrpati ing Pajarakan | dewaji sampun ngêmasi | nêrpati ing Bêlambangan | inggih dewaji ngêmasi | kantun adhine kalih | gusti atêluk ing mungsuh | sagung wong têtêlukan | sadaya sami ambalik | lintang sêti Kêlana Jayakusuma ||
71. Ki Adipati Liyangan | rayi dalêm panduka ji | kasambut ing adilaga | sirahe kinarya undhi | kagèt sang rajèng Bali | miyarsa kêlangkung ngungun | yayi Jayaasmara | nora sun kon angêmasi | wus pinasthi baya karsane juwata ||
72. rajèng Bali angandika | Bapa Agung binjing enjing | amêpêka balakosya | sakapraboting ajurit | iya ingsun pribadi | ingkang magut ki tumênggung | gajah
--- 140 ---
padha caosna | wahana tandhu lan joli | garwaningsun ngong gawa magut sadaya ||
73. sampun jêngkar angadhatyan | mangkana sang rajèng Bali | sakathahe para garwa | sami mapak lawang kori | ya ta sang rajèng Bali | alon dènira amuwus | sakèhe garwaningwang | kang mêksih sêtya ing laki | ingsun gawa apêrang Sapigumarang ||
74. tingalana tingkah ingwang | benjang yèn mangsah ing jurit | Kêlana Jayakusuma | sun ujane padha siji | ingsun dhewe ngêmbari | aja na wong milu-milu | prajurite Ngurawan | sun cêkêle padha siji | anèng rona ingsun tuwêke dhewenan ||
75. lah kabèh padha dadana[67] | arsa sun gawa ajurit | Kêlana Jayakusuma | ing benjang ingsun têlasi | sadaya atur pêksi | putri Băndayuda matur | nadyan pêjah gêsanga | kawula alumuh kari | yèn mênanga kawula kang awibawa ||
76. ya ta putri Băndayuda | pinêngkul dhatêng nêrpati | iki wong ayu anawang | mirahe sang rajèng Bali | pangraose kang ati | lir minggah intên jumêrut | ingkang padha kusuma | èsême agawe brangti | aksamanên gusti pun Jayalêngkara ||
77. sapraptane ing papêrman | putri Băndayuda alinggih |[68] anênggih putri Lumajang | lara atine apurik | sang prabu amarani | amêngkul sangking ing pungkur | iki wong awibawa | anging wadane sawiji | barikêkan nanging ta gêlis lêtjar |[69]|
78. sapraptane pagulingan | putri têtiga
[Ilustrasi]
--- 141 ---
alinggih | sang nata eca pinarak | andhèr ingkang para manis | putri têtiga linggih | pan sami cuki sang ayu | padha toh kêncana reyal |[70] nora kêna kasêliring | angandika Prabu Anjayalêngkara ||
79. lah mara sun kêmbulana | ingsun cuki butên kalih | lamun kalah papan ingwang | ingsun bayar êmas picis | yèn mênang kêntèl mami | bayar reyal datan ayun | jaluk ambung kiwala | yèn mênang sa irêng yayi | ngaras pipi yèn sa putih payudara ||
80. mujar putri Băndayuda | awon sirnane dewaji | inggih yèn kawula mênang | lingsène tămpa pêparing | yèn kawula kajodhi | yêkti awon sirnanipun | mujar putri Lumajang | nadyan sampuna acuki | yèn akarsa wong agung sintên lênggana ||
81. ya ta putri Băndayuda | ingkang acuki rumiyin | ijèn kalawan sang nata | putri kêkalih amarahi |[71] apan sang dyah kalindhih | mêksih wignya sang aprabu | putri ing Băndayuda | kalahira tigang putih | wus kinusya sadaya pinriyêmbada ||
82. mujar sang putri Lumajang | mas ayu kula gêntèni | elingna sangking ing wuntat | karane dika kajodhi | pan ora olih picis | pijêr têlon kang dèn rêbut | putri ing Băndayuda | gumujêng pan sêmu andik | inggih dawêk salah satunggal wignyaa ||
83. nulya sang putri Lumajang | acuki lawan sang aji | apan ta ijèn kiwala | sang dyah kalih mêmarahi | putri Lumajang singgih | kasêliring papanipun |
[Ilustrasi]
--- 142 ---
kasor putri Lumajang | kawon gangsal wêlas putih | irêngira winilang kurang nêmbêlas ||
84. nêhêr sami kalampahan | garwane kinusya sami | adangu pinriyêmbada | putri ing Cangcangan angling | kawula anggêntèni | acuki kalih sang prabu | dalane yèn mênanga | wong acuki pijêr nyênyulik |[72] lan picise pijêr anganti sêrnggara ||
33. Pupuh Kênanthi[73] gumanti
1. putri ing Cangcangan sampun | masang cuki lintang ngalih | acuki lawan sang nata | dêrijine ting jakêthik | apan sang putri Cangcangan | sêdyane matèni picis ||
2. amangan liman bang wau | nuli lakune kalindhih | pan mati sapapan pisan | Nyai Sèpbêtan ningali | lan Nyai Wayahan ika | padha suka wong kêkalih ||
3. umatur dhatêng sang ayu | lah măngsa mênanga gusti | amêngsah dhatêng nalendra | angur dhasara anyèthi | sun badhe măngsa puliha | malah wuwuh dadi timbil ||
4. inya Băndayuda muwus | ni inya Lumajang angling | radèn ayu gustiningwang | pilih tandhing yèn acuki | inya Lumajang angucap | nora beda gusti mami ||
5. timur mila gustiningsun | pilih tandhing yèn acuki | mendahane wanodyaa | sri bopati rajèng Bali | sanadyan dadi nalendra | sang prabu wasis acuki ||
6. bangun rahina kang dalu | mangkana sang rajèng Bali | kang garwa pinriyêmbada | katiga ginanti-ganti | kêdhasih munya ing tawang | têtuhu agalik-galik ||
7. maring sakèh para arum | kang tan antuk sihing laki | sira putri ing Purwăngga | tumurun waspane mijil | èsmu merang ingkang nala | awat ngêdomi kulambi ||
8. asru dènira amuwus | pae ingkang wong kinanthi | awak ingsun sêsaingan | wong ika gêlisa mati | ingsun badhe sugih guna | karane kanggoa laki ||
9. lawan ana inyanipun | lawan rowange sawiji | rasane kaya punapa | wong antuk êsihing laki | ingkang sawiji angucap | mêngko sira sun tuturi ||
10. kala duraka wak ingsun | anyandhang maru sawiji | dudu padu tobat jêrat | aja nyandhang maru malih | bêras ingsun tigang pitrah | sun êdang sadaya ênting ||
11. singa wonge kang amuluk | pêrandene lila mami | laki manira mring desa | saulihe dipun palih | manira nora uninga | kala maruku dèn wèhi ||
12. akèh lara ing têmuwuh | sadaya ingsun lampahi | anging silèh nora padha | lawan wong dimaru kalih | yèn andulu maruningwang | nandhês balung sêngit mati ||
13. sangking jro sumpênaningsun | andulu maru tan sudi | witing pati witing lara | wong angêrbut sihing laki | nora nana dharatan ketang |[74] wong kasmaran maring laki ||
34. Sêmaradona gumanti
1. sakathahe para manis | kang arsa ginawa aprang | sadaya sami acaos | lir gêrah para padhêkan | kang anèng jro kadhatyan | sadaya adandan sangu | ing pura padha wurahan ||
2. kadi grah ing jro puri |[75] padhêkan padha lah-olah | padha nyaosi gustine | ana kang anjênang kacang | ana anêmbung baya | ana mêmula nyêngkaruk | amajik madu kasirat ||
3. ana ngapêm lan angrati | puthu kêring la[...]
--- 143[76] ---
[...] |[77] [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[78]
--- 147 ---
35. Kinanthi[79]
1. [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] tinitir |[80]|[81]
2. munggèng têngah tunggul ganjur | lêlayu daludag ngapit | waos binang munggèng ngarsa | lan ponthang kumbala wêkgik | juru pamuk lan pêncalang | sadaya sampun miranti ||
3. anênggih Ki Menak Cau | kang tan gênah anèng wuri | apan kinèn baurêksa | maring sakèh para rabi | lawan ajagani mêngsah | mênawa bakong[82] sing wuri ||
4. wong Ngurawan syamya[83] purun | wus atata punang baris | sakèhe para dipatya | sadaya wus padha balik | ngaturakên bongkokan |[84] mring Klana Jayadiluwih ||
5. kocapa radèn tumênggung | kang anèng pakuwon singgih | sagunge kadang kadeyan | sadaya dipun timbali | wus pêpêk munggèng ngarsa |[85] Dèwi Surèngrana mijil ||
36. Mijil
1. ki tumênggung pan lagya siniwi | anèng ing pakuwon | akalihan kêlawan garwane | padhêkane andhèr anèng siti | ingkang rayi èstri | munggèng ngarsanipun ||
2. kinèn nabuh gambang găngsa adi | ngandika sang anom | Ekawarna ariningsun dhewe | mara sira agambanga yayi | ngong pirsane ugi | gènira anggambuh ||
3. ingkang rayi nuli nabuh gêndhing | gambang găngsa alon | gandêrs luwês tinon tênagane | ki tumênggung mèsêm aningali | rinangkul kang rayi | alon wuwusipun ||
4. pangucape wau abêbisik | yayi ingong takon | sapa muruk anggambang dhingine | ingkang rayi matur awotsari | sang prabu ing Bali | kakang ingkang muruk ||
5. ki tumênggung amicarèng ati | raose tiningong | rajèng Bali yèn kalah yudane | nora sêdya ingsun amatèni | kapotangan mami | kadangku winuruk ||
6. mendahane ratune wong Bali | yèn kala anyaron | gandêrs luwês asengo polahe | wèh wigêna pantêse yèn angling | yèn dadia èstri | pantês angrayung-rayung |[86]|
7. upamane ratune wong Bali | yèn yudane kasor | sun janjine benjing padha dhewe | lamun gêlêm binjing nabuh kangsi | nora sun patèni | yèn astane ngrayung ||
8. ya ta Dèwi Surèngrana angling | dhuh pangeran ingong | bok dèn sêru kapirsa cèthine | baya akèh sisipe wak mami | tan bisa ningali | lir wong tunggu tênung ||
9. ki tumênggung mèsêm jroning ati | wêcanane alon | kusuma yu rinangkul janggane | iki wong ayu pakuning bumi | timur mila gusti | bela tămpa langkung ||
10. kang kasăngga sasoring pratiwi | Dyah Surèngpalugon | kang kasongan ing akasa kabèh | datan ana kadi kusuma di | mung wancine siji | tan sêtya ing kakung ||
11. mila kula tansah abêbisik | kalawan riningong | rajèng Bali sun wêtara bae | kaya bêdhah nêgarane benjing | prajurit nerpati | sampun padha têluk ||
12. Băndayuda lan Sandiwaringin | Pranggunan Lumaos | ing Cangcangan Sidapêksa kabèh | sadaya sampun têluk ing mami | ecane kang ati | dene wadya agung ||
13. kusuma yu ing Cêmara jiwit | langguk ujaring wong | bilih dika dipun apêsake | inggih maring juwata kang luwih | apan rajèng Bali |
--- 148 ---
sêkti tur atêguh ||
14. Radèn Arya Wukirsari singgih | aseba ngêlasot[87] | Radèn Astramiruda jajare | munggèng ngarsa pan rada kapering | sêdhêng têbihnèki | lawan ki tumênggung ||
15. Răngga Jayasantika anangkil | anging rada adoh | Dêmang Jayalêksana jajare | lan ngabèi wau Yudapati | parise sinandhing | jagani pakewuh ||
16. anging wau Radèn Wukirsari | sêmune acêlor | tigang dina kasmaran lawase | aningali Dyah Ekawarni |[88] tan antuka guling | dhahar nora kalu ||
17. kaping tiga gènira ningali | Radèn Wukirsinom | lir jinait wau ta galihe | anging radèn tan wikan kêpati | siyang dalu nangkil | marang ki tumênggung ||
18. Sastrawijaya amicarèng ati |[89] iki si wong wadon | ayu kuning tur lêmês remane | mung pipine kalungsur sadhidhik | têka marêk ati | si bungkêr bokayu ||
19. ing pangimpèn durung aningali | saumur tan tumon | awilêtan wong ayu sêmune | rema lêmês bathuke abêrsih | mendahane ugi | iya kananipun ||
20. wingi bokayu kapapag ing margi |[90] sumimpang malerok | saya wuwuh alindri ayune | layak cugêtan ing tilamsari | kupinge adhamis | mendah dhamisipun ||
21. rabiningsun putri sangking Tubin | pêrandene asor | amadhani ênthik-ênthikane | nimas ayu ingkang nabuh kangsi | punapane ugi | mring pangran tumênggung ||
22. yèn sêlira maring ki dipati | katarèng pasêmon [pasêmo...]
[Ilustrasi:] Yudapati, Jayalêksana, Jayasantika, Astrawijaya ningali Ekawarna: ngênglêng brăngta ngarang, Astramiruda nangkil.
--- 149 ---
[...n] | pan nonora mangkene wanine | wêtarane mêksih prawan sunthi | maksih kênya kêncing | sêmune wong ayu ||
23. yèn kadange mring ki dipati |[91] lawas nora katon | kaping kalih tan ana wartane | yèn adarbe wau kadang èstri | lamun anyar prapti | kapan kala rawuh ||
24. kapanggiha anèng[92] ing Kadhiri | wus banjaran papon | sun tukoni dèn ènthèng larane | adol ibu pan ingsun lampahi | patra wisa gusti | adhuh biyang lampus ||
25. wirasane duk anabuh kangsi | mèmpêr kakang êmbok | sapa baya kang muruk dhimine | ayu kuning dêdêge rêspati | kakang Sêkartaji | anukma bokayu ||
26. yèn manuka wong ayu akuning | awèh laraning wong | atêtulak ing sabrang angsale | yêkti pilih ingkang adarbèni | nora ingwang gusti | dèn tohana lampus ||
27. yèn mênggaha sêkar kusuma di | pêpantêse kang wong | sabuk intên têrngguli tangguhe | pêsthi nora kadarbe wong cilik | pêpantêse ugi | kang duwe wong agung ||
28. yèn mênggaha sêsotya kang adi | raose tiningong | apan intên kang akèh rêgane | wong arêga ringkês dèn simpêni | murup kangge jênthik | pilih kang agadhuh ||
29. yèn mênggaha nyênyamikan iki | amupuni[93] raos | gula kêlaka[94] iku pamane | sêmunipun alêgi agurih | layake marêgi | yèn ngombe saêjun ||
30. Astrawijaya tansah angling ati |[95] raose tiningong | bayêm gatêl awak ingsun dhewe | widhêng kuning [ku...]
[Ilustrasi:] Ekawarna kèndêl gambang găngsa, Dèwi Surèngrana, ki tumênggung lagya siniwi.
--- 150 ---
[...ning] kang asaba sabin | ayune rêspati | antênge amuput ||
31. mendahane raose kang ati | kêlakona ingong | arabia mangkana warnane | ewuh têmên raose kang ati | punapane ugi | dhatêng ki tumênggung ||
32. Astrawijaya umatur aris | wêcanane alon | kakang radèn kawula atakèn | pawèstri ingkang anabuh kangsi | punapane ugi | kalih ki tumênggung ||
33. Astramiruda alon anauri |[96] wêcanane alon | gih puniku wuragile dhewe | sundhulaningsun puniku yayi | kang sêpuh pribadi | pangeran tumênggung ||
34. kêkasihe Dèwi Ekawarni | wuragile wadon | ala rupane pan sungkan gawene |[97] ya ta Arya Radèn Wukirsari | amicarèng ati | dewa sokur sèwu ||
35. aja kapalang gèn ingsun angapdi |[98] mring dipati anom | sadulure tur ayu warnane | nora ingwang ingsun kalesodi | mendahane benjing | pinaringna ingsun ||
36. kasarêngan sang dyah aningali | murca ing pandulon | sang dyah ayu micarèng nalane | baya mêndêm gênjea si baring | si bêlis ningali | kaya wong kêmaruk ||
37. nulya matur Dèwi Ekawarni | mring kang raka alon | wong punika sintên kêkasihe | akampuh gadhung sarwi asumping | priyayi ing pundi | kakang dika tundhung ||
38. pan lathine kajuwêt-kajuwit | ningali maringong | awèh ulat kakang sadangune | pan akadi ingkang maca iki | nora babêtciki | lir wong wuru gadhung ||
39. ki tumênggung angandika aris | yayi ariningong | iku putra Kadhiri wiyose | kang akasih Radèn Wukirsari | sasat sri bopati | milu bêdhah Wangsul ||
40. aja sira ladèni mas yayi | wus jamake wadon | dipun jawat ing priya wiyahe | anging yayi aja angladèni | aja sira runtik | dadi kanthiningsun ||
41. lamun sira yayi dèn jaluki | jambe sêdhah rakok[99] | poma sira aturana age | nanging aja sira kêrakêti | iku dadi kanthi | ya anake ratu ||
42. Ekawarna amicarèng ati | wong edan anglamong | dèn ugungi si kakang polahe | Ekawarna kesah sêmu runtik | Radèn Wukirsari | mundur saya wuyung ||
37. Pupuh Durma ingkang gumanti
1. kawarnaa kang abaris anèng rana | campuh-campuh kang jurit | wantune wong kathah | tan kêna sinayutan | pamuk pêncalanging Bali | pan kina mila | wong Bali wani mati ||
2. wong Lumajang Pranggunan lan Sidapêksa | ingkang campuh kariyin | arame kang yuda | akèh longe kang pêjah | wong têtêlukan angisis | wong ing Purwăngga | kang panggah akèh mati ||
3. kawarnaa Adipati Kartasana | ingkang atur upêksi | sampun prapta ngarsa | matur mring ki dipatya | têlukan măncanêgari | inggih wus aprang | sampun kathah kang mati ||
4. rajèng Bali mangsah ing rana priyăngga | saha bala apulih | lir pendah rasêksa [rasêk...]
--- 151 ---
[...sa] | tandange ingkang wadya | datan kawawa nadhahi | wong têtêlukan | tumpês kathah kang mati ||
5. yèn sêmbada pangeran atur kawula | sampeyan amiyosi | amanguna yuda | yèn gusti tan miyosa | pêsthi rusak bala mantri | wong têtêlukan | manahe sampun kanji ||
6. rajèng Bali balane kalintang kathah | lir tasik tanpa têpi | kadya prit anêpba | kala campuh ngayuda | sang nata wahana èsthi | awor lan bala | milane galong pipis ||
7. ya ta mèsêm Kêlana Jayakusuma | alon dènira angling | payo kakang Răngga | sira anitihana | sakèh wong nunggang turanggi | dipun prayitna | anèng pangawat kèri ||
8. lan si kakang Ki Dêmang Jayalêksana | nitihana sapalih | wong kang nunggang kuda | anèng pangawat kanan | dèn adoh kalawan mami | lan prihên wudhar | tatane rajèng Bali ||
9. sira kakang Angabèi Yudapatya | kang prayoga nindhihi | wong dharat sadaya | sira dadia dhadha | dèn adoh kalawan mami | poma dèn panggah | amrih kukuhing jurit ||
10. sira adhi Undhakan Astramiruda | lan Astrawijayèki | aja doh lan ingwang | nitihi wong Ngurawan | dadi kêmudhi ngajurit | singa kawratan | ingsun ingkang nulungi ||
11. yayi gusti kang amindha Dêrsanala | mung sira jimat mami | sira nitihana | wadyabala saduman | abarisa anèng wuri | yèn ingsun sayah | ana ingkang sun ungsi ||
12. ya ta angling sira Dèwi Surèngrana | biyang inya dèn aglis | padha timbalana | wadyabala Cêmara | aja na nunggang turanggi | padha dharata | ingong barise wuri ||
13. kawarnaa ki tumênggung lumêksana | sabusanane jurit | dèn iring ing bala | kusuma di Cêmara | sabalanira miranti | wahana rata | abaris anèng wuri ||
14. kawarnaa wus prapta madyaning rana | Klana Jayadiluwih | pangraose wadya | kadya mina kasatan | têmah kasrambahan warih | wong ing Ngurawan | kang ajrih dadi wani ||
15. kadi singa Ki Răngga Jayasantika | anèng pangawat kèri | ingkang tinitihan | amung wong kawan nambang | sami wahana turanggi | wong sêsêliran | angamuk galong pipis ||
16. munggèng kanan Ki Dêmang Jayalêksana | nênggih kang dèn titihi | wadya kawan nambang | sami wong gêgangsingan | padha wahana turanggi | mangsah ing rana | lir buta anon daging ||
17. gangsal nambang kathahe wadya kang dharat | Ngabèi Yudapati | tandange kotbuta | dadi têtindhihira | padha trahe wani mati | sarêng umangsah | sura panggah mangungkih ||
18. Ki Tumênggung Kêlana Jayakusuma | yudane wira-wiri | anêngên angiwa | nênggih kang dinombanan | pêrnahe sang rajèng Bali | dèrèng katingal | mêksih akèh ngalingi ||
19. sêdyanira Kêlana Jayakusuma | yèn katon rajèng Bali | arsa pinanggihan | padha siji kiwala | kêrana sang adipati | lampah ngapinjal | yudane wira-wiri ||
20. ramening prang sarêng mangsah mungsuh rowang | sumahap bala wani | sami bilulungan | sumahap apuyêngan | agênti ukih-ingukih | syarane surak | lir udan sinêmèni ||
21. sarêng mangsah muning[100] têngarane aprang | angrok bêndhe tinitir | gong maguru găngsa | têtêk kaya butula | awor lan [la...]
--- 152 ---
[...n] syarane bèri | umyang wurahan | anglir ngrubuhna langit ||
22. ramening prang sêkala lindhu kang jagat | prahara udan angin | prabawane yuda | sangsaya apuyêngan | surup uladara gêni | pisah kang yuda | enjing acampuh malih ||
23. campuhing prang sarêng wiyose raditya | amagut silih ukih | ramening ayuda | lir ombake samodra | awor lan syarane bêdhil | kukuse ngobat | pêtêng lir têngah wêngi ||
24. pan kalindhih yudane wong Bauwarna | rêmpu kathah kang mati | padha ting sulayah | ingkang anandhang brana | pangawat kiwa kalindhih | Jayalêksana | mantrine akèh mati ||
25. sigra tandang Ki Răngga Jayasantika | saha bala apulih | ramene ngayuda | watang tan karawatan | arame agênti kêris | pating sulayah | wangke sungsun atindhih ||
26. wus kasêsêr Ki Răngga Jayasantika | tandang Ki Yudapati | saha balanira | sumahap padha sura | kadi buta angsal daging | atêtumpêsan | ludira kadi banjir ||
27. sigra mangsah Kêlana Jayakusuma | sakadehane ngiring | kadya Yang Asmara | tandangira ing rana | rêspati anitih wajik | asikêp watang | ingkang katrajang gusis ||
28. Yudapati pêngamuke karo kantar | waja ingkang kinardi | panjange sadhêpa | panjangipun sêmbada | yèn dinulu apêsagi | singa katrajang | dèn amuk sirna gusis ||
29. lir rasêksa Ki Dêmang Jayalêksana [Jayalêk...]
[Ilustrasi:] Menak Agung ngikal pêdhang. Rajèng Bali yuda nitih dipăngga manah.
--- 153 ---
[...sana] | pangamuke ngajrihi | parisène waja | wiyaripun sadhêpa | pangamuke silih ukih | sing katêrajang | larut kathah kang mati ||
30. atanapi Ki Răngga Jayasantika | pangamuke mangukih | pêdhange malela | parisène têmbaga | kadi saradula ngukih | pangamukira | ingkang panggah ngêmasi ||
31. sigra tandang Undhakan Astramiruda | lan Radèn Wukirsari | kadi singa kêmbar | sarêng pangamukira | anêmpuh pangawat kèri | padha prawira | akèh prajurit mati ||
32. kathah pêjah prajurit Nungsyakambangan | pangawat kiwa gusis | padha ting sulayah | kathah longe kang pêjah | kunarpa sungsun atindhih | lir pendah sela | wangke turăngga èsthi ||
33. kèhing wangke dinulu kadi wukiran | ludira kadi rawi | bêndhe ingkang tiba | bèri awor ludira | lir bulus anèng ing warih | watang lir sarah | endhe-endhe angrawit ||
34. akèh mati prajurit Nungsyakambangan | pangawat kiwa gusis | kathah mantri pêjah | tinon pating sulayah | kadange padha nangisi | sami lumajar | pan sami kuthah gêtih ||
35. watang putung parise lan pêdhang |[101] awor kalawan gêtih | lir lumut nèng toya | anèng têngahing ara-ara |[102] prajurit Bali kalindhih | kathah lumajar | ingkang ajrih ngêmasi ||
36. Yudapati angamuk lir gajah mêta | tandange ngobrak-abrik | ingkang katêrajang | ana baune sêmpal | murdanira tigas pancing | jajane bêngkah | usus manguwir-uwir ||
37. bubar larut prajurit Nungsyakambangan | tan ana măngga pulih | ana kang lumajar |
[Ilustrasi:] Tumênggung Jayakusuma yuda nitih kuda.
--- 154 ---
malik kulambènira | singitdan pi-api mati | ingkang satêngah | lumayu nandhang kanin ||
38. kawarnaa Undhakan Astrawijaya | sayah dènira jurit | mudhun sangking kuda | lawung jinêjêr ika | pan sarwi dèn lêlèndhèhi | ingkang kêrasa | dènira lara brangti ||
39. rasaning tyas amicarèng jroning nala | ingsun yèn mênang jurit | muga dèn ganjara | maring pangeran ingwang | aja ginanjar mas picis | maring dipatya | ngantèn kang nabuh kangsi ||
40. ingsun sanggup iya nyêkêla piyambak | marang sang rajèng Bali | yèn dèn opahana | maring kangjêng pangeran | adhine wadon sawiji | dipun paringna | kang bisa nyaron wingi ||
41. tingalana wong ayu polah manira | rèhning kawula ngabdi | dhatêng raka dika | pati sun karya dana | pêrandene sun lampahi | têrsna kawula | dhatêng andika gusti ||
42. rajèng Bali Prabu Anjayalêngkara | duka yayah sinipi | dene balakusya | akèh ingkang palastra | kang lumayu nandhang kanin | sang analendra | tansah nolih ing wuri ||
38. Pupuh Pangkur ingkang gumanti
1. mung kari wadya sanambang | ingkang munggèng ngarsa sri narapati | tan adoh lawan sang prabu | Dêmang Gagak Kêlana | lawan Dhangdhang Minangsi kang munggèng ngayun | lan Kuntul Winêlantênan | Ki Răngga Wirêksèngbumi ||
2. Menak Agung aturira | ya dewaku pukulun panduka ji | yèn sêmbada dawêk kundur | gusti sang analendra | lir juwata pangamuke ki tumênggung | wong Nungsyakambangan têlas | sintên kang ingabên malih ||
3. pun Tumênggung Kartabăngsa | inggih wau gusti sampun ngêmasi | Angabèi Pulangmarus | lan Arya Nglanglangyuda | wau sarêng angamuk sami kasambut | Ki Dêmang Karocuriga | lawan Răngga Jayènglatri ||
4. Ki Tumênggung Wanèngbaya | sumawana Ki Dêmang Wêdingisin | Ki Ngabèi Agrabau | wau sarêng palastra | duk acampuh kalaloh sarêng angamuk | Ki Tumênggung Karungkala | pêjah ing pangawat kèri ||
5. Ki Arya Jayalêlana | lawan sira Dêmang Panatasjurit | pukulun sarêng kasambut | munggèng pangawat kanan | Ki Tumênggung Amonggita wus kapupu | sarêng kalih Jagalaya | Ki Gêtdhuktimbul ngêmasi ||
6. nadyan kawula mèh pêjah | yèn pasaha kawula dene wêksi[103] | inggale sampun kasambut | rajèng Bali ngandika | dadi apa palastraa Bapa Agung | agunge wong jaman kuna | amung sira ingong tari ||
7. nadyan akèha punggawa | Bapa Agung mung sira ingong tari | jêr sira kêkasih ingsun | agunge jaman kuna | amung sira amadhangi manah ingsun | awèta dadi punggawa | angladènana ing mami ||
8. kaya ngapa renanira | bala ênting prajurit akèh mati | sêti têmên Ki Tumênggung | Klana Jayakusuma | agawea gêgêlaran Bapa Agung | priyêm[104] pisah lawan bala | Klana Jayadiluwih |[105]|
9. Prabu Anjayalêngkara | sigra mangsah nêrêgakên kang èsthi | sawadyanira tumêmpuh |
--- 155[106] ---
[...] | [...] | [...] | [...] ||[107]
--- 157 ---
10. [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] sikêp jêmparing |[108]|[109]
11. tandange bala Cêmara | pêngamuke lir buta angsal daging | sumahap sarêng anêmpuh | gêlare prit anêba | campuhing prang kapirsa lir gunung rubuh | kunarpa pating sulayah | yèn tinon sungsun atindhih ||
12. Kya Patih Jayasasmita | lintang asor lan Ki Cau kalindhih | dene balane kèh rêmpu | tur padha gawa gêlanggang |[110] kang panggah sirna larut kathah lampus |[111] Jayasasmita lumajar | Patih Cau niba tangi ||
13. sakathahe para garwa | para putri kang sami adi luwih | rêrêksane Menak Cau | kabèh sami kabandhang | pan sadaya kabandhang tan ana kantun | sarta wahanane pisan | kabandhang ing kusuma di ||
14. kusuma yu ing Cêmara | duk acampuh kang raka tan udani | pijêr angingêri mungsuh | amrih kiwule kang yuda |[112] karantêne kakung kêntaka tan wêruh | tanbuh mungsuh lawan rowang | sami ramene ngajurit ||
15. sakèhe putri katawan | apan mêksih wahananira sami | lir gêrah padha amuhun | wênèh tan bisa ngucap | kang sawênèh amujung anèng carumpung | ana ingkang ngarah pêjah | ana sambat rama kalih ||
16. sira Dèwi Surèngrana | ya ta wau amicara ing ati | mungsuh iki kabèh larut | pangeran ora nana | anèng ngêndi gustiku radèn tumênggung | upama yèn makuwona | dene nora animbali ||
17. kasaru Ki Răngga prapta | alon matur wau sarwi nangisi | dhuh gustiku radèn ayu | kula atur uninga | raka dika kangjêng pangeran tan emut | marmane nandhang kantaka | yuda kalih rajèng Bali ||
18. kusuma yu angandika | kakang Răngga apa pangeran kanin | Ki Răngga alon umatur | batên anadhang[113] brana | raka dika sarirane mêksih alus | angling Dèwi Surèngrana | bok kêna ing antu bumi ||
19. yèn mêngkono kakang Răngga | iringêna bandhangan para putri | ingsun makuwon karuwun | poma kakang pacuwan | yèn ilanga sawiji tugêl gulumu | yaiku jaga caosan | mring kangjêng pangran dipati ||
20. sira Dèwi Surèngrana | ratanira sinandêrakên aglis | datan kawarna ing ênu | prapta ing pamondhokan | ingkang raka kapanggih kadi mas luru | sangêt gènira kêntaka | pramona kalingan brangti ||
21. kusuma yu ngrangkul pada | awungua dewa pangeran mami | baya punapa dèn angluh | gusti angandikaa | pawongane eca adamêl jêjamu | baya ta sakit punapa | sarirane maksih bêcik ||
22. Undhakan Astrawijaya | anungkêmi pada sarwi anangis | pada têngên kang pinêngkul | tansah sambat pangeran | mangu ngadhuh Ni Ekawarna andulu | sira Dèwi Ekawarna | lara-lara anangisi ||
23. sang dyah amicarèng nala | langar têmên wong iki sun arani | anangisi kang tumênggung | bari ningali mringwang | sok ngujiwat yèn ningali maring ingsun | iku atine wong ala | sing pinangan buta putih ||
24. wong iku bisa alingan | sajatine kasmaran maring mami | anangisi sadulurku | sarwi amêngkul pada | jêr malêlêng sapolahe ingsun dulu | mau si ludhês karuna | têka niba
--- 158 ---
pangkon mami ||
25. sok si kakang waloyaa | sêjatine sun aturakên benjing | ala polahe wong iku | si dhongkah larah-larah | panangise angiwat sarwi angguyu | lamun ningali maringwang | ludhês kèlês nyalawadi ||
26. Sastrawijaya ris mujar | lah bokayu pinarêka ing ngriki | andika mêtêki suku | padane raka dika | ingkang kiwa padane adhêm ajêlu | sang dyah amicarèng nala | gêlêma sandhing wong baring ||
27. mujar Dèwi Surèngrana | awungua pangeran gusti mami | yèn darbea sakit êsur | dene nora papoyan | apa baya jêjampine gustiningsun | kusuma di ing Cêmara | pênangise ngusap wèni ||
39. Pupuh Sinom ingkang gumanti
1. lamun awurura[114] braja | tan ana tilas jêmparing | nora babak nora bunyak | nora ngêlêng nora titis | dene têka tan eling | dhuh gusti pangran tumênggung | baya sakit punapa | pangeran ki adipati | awungua pawongane lara brăngta ||
2. lah pangeran tingalana | cèthine kawêlasasih | tiwas têmên amawongan | tan bisa rumêksa gusti | yèn pangeran ngêmasi | ingsun bandhutên[115] karuwun | ya sangking ing dêlahan | pangeran dadosa gusti | alaningsun akêras wani wong lanang ||
3. pangeran lamun sun sawang | sêmune saya awingit | kasaru Ki Răngga prapta | lan sagunge para putri | sadaya sami manjing | maring jro pakuwon sampun | andhèr ing pêlataran | sadaya sami prihatin | ki tumênggung mêksih tan emut ing purwa ||
4. mujar Dèwi Surèngrana | awungua ki dipati | agung gunakayaningwang | tur padha putri utami | cangkramanana gusti | ya pangeran ki tumênggung | sagunge putri tawan | sadaya andika sihi | awungua pangeran suka wiryaa ||
5. sira Dèwi Surèngrana | asung gantèn maring laki | dinulangakên pyambak |[116] nora supe angingkêmi | Klana Jayadiluwih | pêrandene mêksih kantu | sakèhe putri tawan | sadaya gawok ningali | pan sêdaya amicarèng jrone nala ||
6. prajurite wong Ngurawan | mênanga prang nandhang agring | lamuna kapanggiha lênggah |[117] layak warnane apêkik | gawok ingsun ningali | andulu mring garwanipun | aprang anitih rata | pangamuke angajrihi | ngularana wanodya măngsa oliha ||
7. lah iku putri utama | ayu tur prawirèng jurit | layake wani ing priya | garwane ki adipati | pamulune kêtawis | layake dêrman ing kakung | wêtarane kiwala | akung musthikane èstri | têtêkone èsmu kêras tur prasaja ||
8. mujar putri ing Lumajang | nadyan wania ing laki | layak dèn ugung ing priya | angulari apa malih | têmbe mangke ningali | wanodya wani prang pupuh | prandene mangko ana | wanodya dadi prajurit | wantarane bok tumênggung panasbaran ||
9. wênèh putri arêrasan | pêpantêse awak mami | ing benjang ingangkah garwa | Jaya Kêlanadiluwih | nora wande wak mami | mêmaru lawan wong iku | wu[...]
--- 159[118] ---
[...] |[119] [...] | [...] ||[120]
--- 177 ---
40. Mijil[121]
1. [...] | [...] | [...] | siniwakèng anèng ing nêgari | raka sakèh putri | jumênênga ratu ||[122]
2. Klana Jayakusuma nauri | adhuh jiwaningong | sapta jalma kulèna ta anggèr | ing dêlahan ing kêpatèn benjing | dèn piyandêl gusti | tan nyidrani wuwus ||
3. sun rewangi sapati saurip | awèta karongron | nadyan sangking pralaya parane | atatua karo bêlah sisih | tan ajrih ing pati | dewa pun tumênggung ||
4. ingsun mirah lir bramara sari | ing gêgona andon | awor riris lan mêndhung praptane | tansah ngisêp madune kang sari | mêngkono kang ati | dhuh ratuning ayu ||
5. kadya tunjung nèng têngah jêladri | pan baya kang among | têksaka naga têngga karine | ewamangkana ingsun langèni | amung ingkang kèsthi | sihe radèn ayu ||
6. datan bêtah ngong anêhêng brangti | tan sande kalungron[123] | saya nglayung kawula mas anggèr | yèn satmatanên dadi pati |[124] lir matia urip | mulat sang dewa yu ||
7. lir bramara amunga ri-sari | midêr ing kêlangon | eman lamun luntura sarine | mangkana wau ingkang turun êsih |[125] pangemane ngênting | yèn mêdhara kayun ||
8. andêrs madu kusumaning sari | dewataning turon | rêtna kumala lan widurine | baya jumantên mirah ingukir | kang dadya dyah ari | gèn kawula nyatu ||
9. putri ngêndi kang mênanga tandhing | lan sang anèng panon | anunggua ing rat ingsun radèn | dèn tumêka patya sang punang panji |[126] măngsa tuka tandhing | miris sang dewa yu ||
10. rinarêngih sarwi dèn sungkêmi | adhuh jiwaningong | punang panji
[Ilustrasi]
--- 178 ---
gagahan rahadèn | tan wikan lamun putri pêpuji | patènana gusti | apdine wulangun ||
11. dosane ngapdi dènnya angalap sih |[127] tan wruh yèn kalamon | yèn kawula wong papa arane | kumandama[128] ing putri kang singgih | tan ana dugèng ragi |[129] anukmèng dewa rum ||
12. mugi awèta dadya gusti |[130] sang murtining sinom | andasihna dhatêng kawulane | sakarsa angrèh sang kadi Ratih | asrah pati urip | tan lênggana kayun ||
13. lininggihkên maring pangkon aglis | sira sang lir kaot | sarwi nata-nata sêsinome | juwitaning rat sang mindha Ratih | wancine pêpuji | nora trisnèng kakung ||
14. ingkang sawang pan mênur rinujit | kang asung wirangrong | awèh edan sapangandikane | gawe gêla-gêlane kang ati | satuwuk ngong urip | pan durung anêmu ||
15. suka corên mring gantenan gusti | mênawa apapon | sihing apdi datan liyan anggèr | nadyan kramaa putri ing linuwih |[131] katura dyah ari | êrèhên lan ingsun ||
16. yèn sun gugu êninge jro ati | lir muksa ing ngênggon | sarya mênggah kusumèng nalane | nora liyan mung sang kadi Ratih | kadya wor ing ati | sira pujya ngadhuh ||
17. surating gêgana tutung randi | lir pasotyaning wong | pan sadalu katrangan sarine | dènnya ngungkih ing sari tanpolih | têtuhu kang muni | kadya nutuh kayun ||
18. wus sinambut wau sang lir Ratih | ingêmban tan alon | mênggah ingaras mawang citrane | pangarase pan awanti-wanti | sangking byating brangti | srinatane umyung ||
1 | antos. (kembali) |
2 | sêmana (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: baguse lir Yyang Asmara. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: opyaking kang wadya gumrah. (kembali) |
5 | kacolongan. (kembali) |
6 | kamanungsanipun. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: sănggawêtdhi mas cinawi. (kembali) |
8 | bintulu. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: kang arsa bêdhah Bali. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: pan sêdaya wlas dhatêng Astrawijaya. (kembali) |
11 | amêjanani. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: sapa sintên ingkang amuruk ing kina. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: sarwi gambang mongkok uni. (kembali) |
14 | aya. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: saosêna siji aja na kari. (kembali) |
16 | panasbaran. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: kêrasira amupugi ing wingit. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: pun Klana Jayakusuma. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: Dipati Gêmbong balane kèh mati. (kembali) |
20 | gêmpang. (kembali) |
21 | Lebih satu suku kata: Adipati ing Nglasêm lan Garêsik. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: Dipati Sidayu tulung. (kembali) |
23 | Lebih dua suku kata: rame syarane kang jurit. (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata: kalindhih Dipati Jipang. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: pêpulih mêksa kalindhih. (kembali) |
26 | larut. (kembali) |
27 | Sandikoripan (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: ningali wong ajurit. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata.: Băndayuda kang matèni. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: kang mati tumpang tindhih. (kembali) |
31 | endhe. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata : Yudapati matèni. (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata : Yudapati matèni. (kembali) |
34 | Lebih satu suku kata : Yudapati matèni. (kembali) |
35 | binandhusan. (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata: Jasantika kang matèni. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata: Tumênggung kang matèni. (kembali) |
38 | wadana. (kembali) |
39 | anêba. (kembali) |
40 | dimon (dan di tempat lain). (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata: umpêtan ing sor têrngguli. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: alon ki adipati. (kembali) |
43 | ênya. (kembali) |
44 | ngarsi. (kembali) |
45 | onclang. (kembali) |
46 | pangajapaningsun. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: dene sira rupa kakung. (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata: wontên jwata nuruni. (kembali) |
49 | Lebih satu suku kata: kang cinandhi awiyat. (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata: Lebih satu suku kata: mlêbêt mantri kaneman. (kembali) |
51 | anênumpu. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: lawan darijine pira. (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata: lênggut liman yèn mlampah. (kembali) |
54 | cêngkramani. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: Prabu Jayalêngkara. (kembali) |
56 | pocot (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: padha miyarsa pawarta. (kembali) |
58 | kêkothote. (kembali) |
59 | pothol. (kembali) |
60 | Kurang satu suku kata: dèn asilih palastraa. (kembali) |
61 | pratandhane. (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata: Nyai Sèbêtan wingking. (kembali) |
63 | Lebih satu suku kata: sri bopati ngandika. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: lagya timbalan wêtcona. (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: binotan tawok jêmparing. (kembali) |
67 | dandana. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: Putri Băndayuda linggih. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: barikêkan ananging ta gêlis lêtjar. (kembali) |
70 | Lebih satu suku kata: dha toh kêncana reyal. (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: putri kêkalih marahi. (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: wong acuki pijêr nyulik. (kembali) |
73 | Kinanthi. (kembali) |
74 | Lebih satu suku kata: norana dharatan ketang. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: kadi gêrah ing jro puri. (kembali) |
76 | Halaman 143 sampai dengan 146 tidak ada. (kembali) |
77 | Kurang tiga suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
78 | Kurang lima gatra: ke-3 (8e(o)), ke-4 (8a), ke-5 (7a), ke-6 (8u), dan ke-7 (8a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
79 | Nomor pupuh ini dan bait-bait seterusnya belum tentu benar, mengingat ada 4 halaman hilang. (kembali) |
80 | Kurang lima suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
81 | Kurang lima gatra: ke-1 (8u), ke-2 (8i), ke-3 (8a), ke-4 (8i), dan ke-5 (8a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
82 | bokong. (kembali) |
83 | samya. (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata: angaturakên bongkokan. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata: wus apêpêk munggèng ngarsa. (kembali) |
86 | Lebih satu suku kata: pantês ngrayung-rayung. (kembali) |
87 | ngêlesot. (kembali) |
88 | Kurang satu suku kata: aningali Sang Dyah Ekawarni. (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: Sastrawijaya micarèng ati. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: wingi bokyu kapapag ing margi. (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: yèn kadange mring ki adipati. (kembali) |
92 | ana. (kembali) |
93 | amumpuni. (kembali) |
94 | kêlapa. (kembali) |
95 | Lebih satu suku kata: Astrawijaya tansah ngling ati. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: Astramiruda alon nauri. (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata: ala rupane pan sungkan gawe. (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: aja kapalang gèn ingsun ngabdi. (kembali) |
99 | rokok. (kembali) |
100 | muni. (kembali) |
101 | Kurang dua suku kata:watang putung parise kalawan pêdhang. (kembali) |
102 | Lebih dua suku kata: nèng têngah ara-ara. (kembali) |
103 | wêsi (dan di tempat lain). (kembali) |
104 | prihên. (kembali) |
105 | Kurang satu suku kata: Kêlana Jayadiluwih. (kembali) |
106 | Halaman 155 sampai dengan 156 tidak ada. (kembali) |
107 | Kurang empat gatra: ke-4 (7a), ke-5 (12u), ke-6 (8a), dan ke-7 (8i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
108 | Kurang tiga suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
109 | Kurang enam gatra: ke-1 (8a), ke-2 (11i), ke-3 (8u), ke-4 (7a), ke-5 (12u), dan ke-6 (8a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. Nomor urut bait ini dan seterusnya mestinya salah, karena pupuh ini ada yang hilang 2 halaman. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: tur padha gawa glanggang. (kembali) |
111 | Kurang satu suku kata: ingkang panggah sirna larut kathah lampus. (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: mrih kiwule kang yuda. (kembali) |
113 | anandhang. (kembali) |
114 | awurua. (kembali) |
115 | banjutên. (kembali) |
116 | Kurang satu suku kata: dinulangakên piyambak. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: lamun kapanggiha lênggah. (kembali) |
118 | Halaman 159 sampai dengan 176 tidak ada. (kembali) |
119 | Kurang enam suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
120 | Kurang dua gatra: ke-8 (8i) dan ke-9 (12a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
121 | Nomor pupuh ini dan bait-bait seterusnya belum tentu benar, mengingat ada 18 halaman hilang. (kembali) |
122 | Kurang tiga gatra: ke-1 (10i), ke-2 (6o), dan ke-3 (10e). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
123 | kaluron. (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata: yèn ta satmatanên dadi pati. (kembali) |
125 | Lebih satu suku kata: mangkana wau ingkang turun sih. (kembali) |
126 | Lebih satu suku kata: dèn tumêka patya punang panji. (kembali) |
127 | Lebih satu suku kata: dosane ngapdi dènnya ngalap sih. (kembali) |
128 | kumadama. (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata: tanna dugèng ragi. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata: mugi awèta dadiya gusti. (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: nadyan kramaa putri linuwih. (kembali) |