Menak Lakat (Jilid 01), Balai Pustaka, 1937, #864


Serie No. 1251

Menak Lakat

Jilid 1

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- 1 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1 : [3] ---

Têtêdhakan saking babon kagunganipun Bandara Radèn Ayu Cakradipura.

1. Wong Agung Dipun Dadosakên Senapati.

1. Sinom

1. maksih sinewa sri nata | angrêmbag kang senapati | matur Sayid Abu Bakar | kadospundi karsa nabi | wontên kang dèn rêmêni | pinilih dening wadya gung | kapalang sangêt gêrah | punika karsaning Widhi | tuwan kinèn ngatos-atos dènnya aprang ||

2. kêdah ngagêm turing kathah | sampun tinêmah Hyang Widhi | yèn wontên andhaping lampah | wiwitan sing senapati | yogi tinantun malih | sakabat lan para ratu | miwah prajurit lêksan | yèn marêngi karsèng gusti | amba lawan Ngumar Ngusman undhang-undhang ||

3. nulya sampun kalêksanan | mundur Abu Bakar Sidik | kalawan Bagendha Ngumar | Ngusman sami angidêri | parentah gunging mukmin | sintên kang dadya panuju | pinasthi tinurutan | prakoswa ugêring jurit | nadyan wontên padudon ugêring kathah ||

4. wus amidêr tri sakabat | angadêg ngarsaning nabi | sarêng aturing pra nata | sakabat bala prajurit | yèn marêngi jêng gusti | aluwung Sang Jayèngsatru | sawab wus tau tatal | kaloka prajurit luwih | patut dadya senapatine wong Islam ||

5. wus dadya ingkang

--- 1 : 4 ---

pirêmbag | têmtu Ambyah ingkang dadi | jêng nabi lumiring karsa | tri sakabat wangsul sami | ngandika kangjêng nabi | lah Bilal sira dèn gupuh | aturana jêng paman | sarta pamintaning dasih | wus umêsat Sang Bilal saking ing ngarsa ||

6. datan kawarna ing marga | wus cundhuk lan Bagendha Mir | purwa madya wusananya | wus ingaturakên sami | gupuh Bagendha Amir | nuju sineba pra ratu | miwah para prawira | wus mangkat sabala ngiring | cêcongklangan tan dangu wus praptèng ngarsa ||

7. têdhak saking ing turôngga | sigra dènira lumaris | jêng nabi asrêp ing driya | miyat ingkang paman prapti | ya ta Bagendha Amir | kèndêl ngandhaping bêbatur | wusing ngacaran minggah | tundhuk ngarsaning jêng nabi | sêsalaman ingajak jajar lênggahnya ||

8. ngandika jêng nabiyullah | paman ywa dados kang galih | nuwun atur ingkang paman | gya nyundhul atur Jêng Amir | punapa wontên kardi | animbali gupuh-gupuh | kangjêng nabi ngandika | jarwa karsaning Hyang Widhi | winiwitan ing purwa madya wusana ||

9. pan ing saniskaranira | pratingkahe Jabarail | umatur Bagendha Ambyah | wangsul karsa tuwan gusti | ngandika kangjêng nabi | paman prakawis kang mungsuh | môngsa boronga paman | sarta pamintaning dasih | jêngandika dadosa ugêring aprang ||

10. senapatining ayuda | paman kang amba pasrahi | ngrekakakên pra sakabat | pra nata punggawa mantri | miwah para prajurit | paman pramugarinipun | punika marmanira

--- 1 : 5 ---

paman kawula aturi | Sayid Ambyah duk myarsa sabdaning nabya ||

11. èsmu sêsêg aturira | salira amulu gêtih | sampun pêcak kinèn aprang | sanadyan tumêkèng pati | malbèng samodra agni | datan lênggana pukulun | tan darbe atur kathah | sakarsa paduka gusti | kang sumewa samya enggar manahira ||

12. sadaya samya mrêdapa | lênggahira kang anangkil | jumênêng jêng nabiyullah | sarwi amingkis kulambi | suka dènira angling | jêng gusti bagendha rasul | yèn maksih paman Ambyah | sapa mungsuh ingsun jurit | tak kilani sajagat môngsa wania ||

13. anaa sayuta ngarsa | tangkêpa sakêthi sisih | ratu kang sudibya ing prang | sok maksiha paman Amir | suka wadya kang nangkil | myarsa sabdane jêng rasul | sadaya ngatas kara | saking panuwune dasih | gya parentah jêng nabi siyaga ing prang ||

14. nulya sampun aluwaran | prasamya pradandan jurit | manahing wadya gambira | kang sawênèh ana angling | besuk kalakon ugi | anganggo kêthu sagênuk | tur bludru sêsongketan | kulambi jubah cuwêni | intên gêdhe sun gawe mênur gamparan ||

15. ana kaum siji ngucap | tan liya kang ingsun pikir | amung têmpuhing prakara | manira arsa nitèni | kang jêrèh lan kang wani | sun nonton ana ing gubug | yèn ana wong ngucira | sun surake saking wuri | lamun tiwas randhane pêsthi sun alap ||

16. kang sawênèh ana ngucap | Sang Raja [Ra...]

--- 1 : 6 ---

[...ja] Lakat asugih | sugih garwa sugih donya | intêne sakêndhi-kêndhi | mirah padha dhas sapi | dinare cilik sasumur | besuk yèn Lakat bêdhah | sun dhèncènge garwa aji | jamah Amat nora susah tingkah kalal ||

17. sawênèh nambungi ngucap | iku ujare kang bêcik | mimise tan sira rêmbag | wong wadon dèn pangarahi | titènana ing benjing | yèn sira tansah takabur | durung tômpa jarahan | sira dèn patah babahi | dening mimis gêdhene sajun padasan ||

18. nulya sampun pradandanan | sagunging kang arsa jurit | pêpak kang para sakabat | pra nata punggawa mantri | wontên ing pôncaniti | samarga-marga supênuh | arênyêp-rênyêp raras | gêbyare lir kilat thathit | balakuswa budhal kang dadya pangarsa ||

19. titihanira jêng nabya | sampun binusanan asri | astha kathahing turôngga | abra kêbak rêtna adi | gumyar citraning manik | blêrêngi lamun dinulu | sunat wong sabilollah | sanega busana adi | lamun sabil minôngka salawatira ||

20. sadaya tan ngetang karam | panganggone wong ajurit | dadya wajibing satriya | busana rêtna mas manik | pêpaèsnya ingudi | jwala luhuring pasêmun | sok aja musabiyat | mirib panganggone kapir | yêkti wênang satutugirèng sumbaga ||

21. kudanira Jêng Muhamad | tur nate ingagêm jurit | gung-agung tandanging raga | pada wadanane ngênting | amawi nama sami | pun mashur ulêse [ulê...]

--- 1 : 7 ---

[...se] dhawuk | tulupan kaduk krêsna | malih kudane jêng nabi | kang satunggal gula gêsêng ran majujah ||

22. kang satunggal ran prêtama | ingaranan kuda jênggi | cêmêng ulêse turôngga | galak purun naut jalmi | satunggalira malih | kuda suku pancal têlu | ulêsira dhawuk bang | pun sakrip raning turanggi | lawan malih titihannya Jêng Muhamad ||

23. kang satunggal mulus pêthak | aran pun simbar kang wajik | bobat mêmêt ngandhan-andhan | tandange anglir wong ngrangin | malih ran pun raruji | nênggih bopong ulêsipun | malih ingkang turôngga | suku panggung wangsi warih | gêng aluhur samadik ing aranira ||

24. tur kuda anyôngga wawrat | tigang dasa èwu kati | langkung santosaning kuda | berawa solahing wajik | satunggalira malih | kudanira gusti rasul | kang saking ardi Karam | angsale kuda ing nguni | pan punika kang kuda netra sakawan ||

25. ijo ulêsing turôngga | siyung panjang angajrihi | wulu mêmak tuwa panjang | tibèng jêngku ponang suri | aran itatulkarbi | warnanên agêming rasul | nênggih paris malela | sinarasah ing mas adi | jêmbarira nênggih saasta sakilan ||

26. malih agêming sanjata | bisa muni ping sakêthi | amung ngisenan sapisan | jêng nabi yèn arsa jurit | lan kudanira sami | sinupit panah sadarum | gandhewa saking swarga | kalamun ingagêm jurit | yèn ginêdhêg sapisan panah lir jawah ||

--- 1 : 8 ---

27. apan akanthi mukjijat | sapangrèhira jêng nabi | istiyar kalamun aprang | nyalangi durunging pasthi | ngagêm kêre rêspati | kang aran alam jabarut | songsong têngêran aprang | sakêmbaran amêrapit | amarkaba sakêmbaran tunggul rêtna ||

28. jêng nabi sampun sanega | ngrasuk sikêping ajurit | wus ngajêngakên turôngga | kuda kang aran samadik | obah prawira jawi | kang pancèn grêbêg ing rasul | asikêp paris pêdhang | sanjata tlêmpak lan biring | lan sagunge sakabat kang bêsar-bêsar ||

2. Kangjêng Nabi Bidhal Mapagakên Mêngsah dhatêng Rêdi Kut.

2. Dhandhanggula

1. sampun miyos jêng murtining manis | myang gumuruh swaraning kang bala | asri tinon gêgamane | surêm baskara mêndhung | gêtêr-patêr galudhug muni | asrang thathit liwêran | gêbyar-gêbyar santun | pracihna kêkasihing Hyang | kangjêng nabi yèn kala umangsah jurit | amawi gara-gara ||

2. pangarsanya wadya kang lumaris | sampun dangu ing antawisira | lawan jêng nabi tindake | ing ngarsa bakda subuh | Kangjêng Nabi Surya tumiling | duk budhal saking pura | de wadya kang pungkur | daute bakdaning ngasar | asri sêlur busana mawarni-warni | kadya puspa ngudyana ||

3. cucuking ngarsa Bagendha Amir | tur kang dadya gununganing [gunung...]

--- 1 : 9 ---

[...aning] lampah | anindhihi para katong | miwah prajuritipun | pêperangan kang para aji | tan kawor tatanira | myang busananipun | sapôntha-pôntha asinang | lumrang tara sunare rêtna mas manik | mangrênyêt rênyêp raras ||

4. pra sakabat kang kinanthi Amir | Mungawiyah Kasim lan Musahat | Hidayat Fakur malihe | Kasah Umiyah Sahut | Kasat samya prawirèng jurit | bêkta sawadyanira | pan sajuru-juru | nulya Sayidina Ambyah | apratistha kinare wadya prajurit | mênggêp anèng turôngga ||

5. kalisahak arane kang wajik | binusanan abra sarya rukma | ginuntang-guntang rêtna byor | ulês dhawuk abagus | animbangi karsaning gusti | sampun kinudang-kudang | têmbe ngakiripun | asarêng sabaya pêjah | kudanira andhungan kang anèng ngarsi | galak aran pun dikbya ||

6. wayahira Jêng Bagendha Amir | ingkang nama Sèh Sahid punika | datan tumut ing palugon | dene ta maksih timur | kantun anèng Madinah nagri | ya ta Jêng Sayid Ambyah | wadyane asantun | prajurite sura-sura | tau tatal tandhinge jitus lan kapir | tur padha tau nyêngka ||

7. sinambungan Ngusman anèng wuri | anindhihi sakuswa pra nata | sarerehanira dhewe | sabusanane santun | datan awor tataning dasih | saperang-perang raras | pan sajuru-juru | gêndera awarna-warna | apratistha Ngusman Amirul Mukminin | mênggêp anèng turôngga ||

--- 1 : 10 ---

8. ginarêbêg ing wadya prajurit | sinambungan Sayidina Ngumar | nindhihi sarerehane | sakabat dulur sêlur | para nata dinulu asri | busana perang-perang | tan kawor ing ênu | abra jwalaning busana | prajurite Ngumar sikêp gada bindi | sawênèh paris pêdhang ||

9. sura-sura sudira ing wèsthi | prajurite pilihan nungsa rat | ngajrihi sabusanane | Bagendha Ngumar mungguh | swandananya turôngga jênggi | gadanira nèng kanan | wrat sadasa èwu | kati sinêrasah ing mas | sinèrèd ing panggritan pangirid wajik | miwah saparisira ||

10. ginarêbêg ing wadya pan asri | nulya tindakira Jêng Muhamad | kinare-kare wadya kèh | miwah kang para ratu | pra sakabat ing kanan kering | prajurit munggèng ngarsa | busana bra murub | kapalane pra sakabat | warna-warna bandera têtunggul asri | aciri ayat Kuran ||

11. apratistha jêng murtining bumi | nitih kuda samadik ranira | kuda andhungan ngarsane | sabat kêkasih rasul | samya mungging ing kanan kering | abra awarna-warna | sri busananipun | jajar kapering ing wuntat | kangjêng nabi sinongsongan mega putih | tuhu kêkasihing Hyang ||

12. Abu Bakar datan kêna têbih | ananduki ing sakarsanira | amisah lawan wadyane | wadya lumakwèng pungkur | datan owah tataning baris | ing sarerehanira | sakabat myang ratu | myang rerehannya Murtala | para nata pra sakabat nunggil baris | lan [la...]

--- 1 : 11 ---

[...n] rerehan Bu Bakar ||

13. wingking pisan lampahing wadya lit | kang pêpikul wah momotan unta | sapi sênuk momot kabèh | ambêkta sangu-sangu | myang dandanan praboting jurit | nèng marga pirang-pirang | lampahe asêlur | kang ngrêrês pakathik dharat | tanpa wilang lir pendah sela blêkithi | ambubul saking kisma ||

14. Ngabas ingkang nindhihi ing wuri | sakathahing rêrepoting lampah | Ngabas langkung prayitnane | ihtiyar budinipun | angawruhi wadya kang alit | dhêdhêl rikating lampah | Ngabas kang tinuduh | Japar Sidik kanthinira | lan Ngadimah dados têtindhih ing wingking | saha bala prayitna ||

15. cinarita tindake jêng nabi | anèng marga dènnya masanggrahan | datan rêkasa wadyane | yèn lêrêp dènnya wêktu | sawusira bakda lumaris | lamun amasanggrahan | jêng bagendha rasul | wayahe surya gumlewang | lamun mangkat bakda wêktu ingkang wanci | sabên-sabên mangkana ||

16. sawancine masanggrahan sami | siyung wênara dinulu wiyat | wadya adan pirantine | miwah panjêran tunggul | lamat-lamat dinulu asri | lamine wus tri côndra | dènnya anèng ênu | samana pan sampun prapta | antarane ing gunung Kut kangjêng nabi | saumat bala Islam ||

17. pambarisan dinulu gêng asri | pasanggrahan sampun rakit kitha | akubêng kang pambètènge | sagunging para ratu | amarapit amagêrsari | sadaya rakit kitha | pasanggrahanipun | sinungsun sanjata lanang | pôntha-pôntha wadya |

--- 1 : 12 ---

gêng alit pan sami | anèng jro pambitingan ||

18. apan sampun manjêr tunggul putih | lan manara langkung dènnya wiyat | pan asri tinon rakite | keblat kilèn nèng gunung | pambarisanira wong mukmin | banjêng-banjêng akapang | kêpara mangidul | pambarisane wong kopar | kidul wetan kalawan keblating ardi | tunggulnya binacingah ||

19. kawarnaa ing Lakat Narpati | siyang dalu tansah akasukan | pan angrangin gamêlane | mriyêm pating jalêgur | sinauran mriyêming mukmin | gumlêgêr angumandhang | kagyat sang aprabu | wus nyana yèn mêngsah prapta | gya andangu mring sagunge para aji | miwah Patih Bardanas ||

20. gya kasaru wong pacalang prapti | utusanira Sang Raja Bandar | nêmbah umatur ing katong | dhapur amba ingutus | mring pun dasih Bandar Narpati | Muhamad sampun prapta | baris kilèn gunung | lampahan sadina ngatag | pambarisanira lan bètèng narpati | dene bètènging Bandar ||

21. têbihira lan bètènging mukmin | mung lampahan gusti sadasa jam | ing mangke sumôngga Rajèng | Bandar punapa magut | lan punapa bêdhah ing biting | sumôngga padukendra | sri narendra muwus | paran Bardanas karsanta | aprêkara si mukmin iku wus prapti | rèhira Raja Bandar ||

22. matur Patih Bardanas ngabêkti | yèn marêngi gusti karsa tuwan | ngamungna pun Bandar dhewe | lawan sakancanipun | para raja kang nunggil biting | kinèn anduga-duga | ing pamapagipun [pamapagi...]

--- 1 : 13 ---

[...pun] | pasrahna mring Raja Bandar | kalihdene dèrèng kantênan wong mukmin | èstu purun ing aprang ||

23. sri narendra langkung angrojongi | punang duta sampun ingangsulan | wus mêsat sing ngarsa rajèng | nulya Sri Kusèn Prabu | tansah gunêm lan Kyana Patih | Bardanas kinèn duga- | duga aturipun | gusti pandugi kawula | pun Muhamad badhe atur bulubêkti | sowan dhumatêng tuwan ||

24. gusti sabab anglangkungi mêskin | pêsthi botên purun mring paduka | pun pêkir alit manahe | gumujêng sang aprabu | sarta latah atutup lathi | ya bênêr aturira | budine wong kaum | trima mangan sapulukan | môngsa uga wania nglabuhi pati | matur nuwun Bardanas ||

25. pan sinambi nginum sri bupati | lan sagunge kang para sumewa | umyang gumuruh swarane | mriyêm pating jalêgur | barung lawan prêdôngga muni | sang nata angandika | Barak putraningsun | lan sira Malikul Kanjar | sira apa wani sun adu lan mukmin | myang sagung para nata ||

26. sarêng matur putra Barak kapir | amba lamun ingabên lan Islam | mundura sajangkah bae | suka amba ingêjur | cinacaha sabiting-biting | linawêda lir kisma | upami ngong lampus | kinaryaa mimis obat | jroning pêjah amba ajrih lan wong mukmin | sarta ambanting dhasar ||

27. pangagênge para raja kapir | sakawan nama Kustur Bardiyar | lan Pristal Bilar kalihe | Mudaskur tiganipun | catur Raja Tarbikus [Tarbiku...]

--- 1 : 14 ---

[...s] Kadir | sadaya majêng ngarsa | matur mingut-mingut | sarwi ngundha-undha gada | sampun susah pukulun aprang pribadi | yèn amba dèrèng pêjah ||

28. yèn ta wontên dhawuhing sang aji | kados sampun bêdhah ing Madinah | èstrine sun boyong kabèh | sun bêkta wonge kakung | gya ngumbulkên kang gada wêsi | muluk tumibèng jaja | wêntisira murub | kadi waja ginurenda | nulya main gada sakawan para ji | wratira nyèwu katya ||

29. sarta barung kang gamêlan muni | bêksa gada catur para raja | gênti mupuh pan arame | lir gajah barêng ngamuk | tandangira sami ngajrihi | ebat sagung tumingal | suka sang aprabu | ya ta sampun lêluwaran | dyan warnanên raja pêcalang ing biting | kang nama Prabu Bandar ||

30. sanjata gêng atansah rinakit | baris aglar ngarsa pabitingan | kumlap kumitir tunggule | catur pra raja kumpul | nunggil biting samya anggusti | kasaru duta prapta | kang sowan sang prabu | putusan dènira jarwa | Sang Sri Bandar kalangkung èmêng ing galih | dènnyarsa gitik Islam ||

31. dene durung wrin uruting baris | durung wikan mring andêling aprang | miwah ing sagêgamane | nulya nimbali gupuh | andêl aran pun Budal Jênggi | lawan Iskul Sujarak | prapta ngarsa prabu | ngandika Sang Raja Bandar | lumakua sira mring barisan mukmin | têmua lan Muhamad ||

32. takonana praptane abaris | apa arsa nungkul mring Sri Lakat | aparsa mapag [ma...]

--- 1 : 15 ---

[...pag] yudane | lan sapa andêlipun | pira kèhe ingkang prajurit | kalamun wani aprang | besuk yèn apupuh | sapa senapatinira | lamun takon ing sira tutura sami | saniskaraning Lakat ||

33. gya manêmbah mêsat duta kalih | dhasar sura andêl tau tatal | asêsandêran lakune | jujug bitinganipun | Amir Ambyah Wiradimurti | kagyat kang jaga lawang | duta kalih rawuh | gya ngêpung prajurit Islam | duta kalih sarambut manah tan gigrig | tansah manggung nèng kuda ||

34. sarya ngucap aja salah kardi | ingsun iki darma wong dinuta | panggêdhe sapa arane | mangsuli kang kinêpung | iya Gusti Bagendha Amir | senapatining yuda | Menak Jayèngsatru | ugêring prajurit Islam | kang jêjuluk Jêng Sultan Jayadimurti | Kêlana Anjayèngprang ||

3. Prajurit Arab Campuh kalihan Prajurit Lakat.

3. Pangkur

1. ing pungkur sapa kang duta | lawan sira sapa ranmu prajurit | kang duta mangsuli wuwus | ingsun utusanira | Raja Bandar pacalange Lakat Prabu | Budal Jênggi aran ingwang | Iskul Sujarak rannèki ||

2. kinèn têmu lan Muhamad | êndi pambitinganira kang baris | wong Islam mangsuli wuwus | têngah sanggrahanira | luwih jêro angèl yèn sira kudu wruh | arsa laju punang duta | mring pakuwonira nabi ||

3. ngadhangi

--- 1 : 16 ---

prajurit Islam | sarwi ngucap lah mandhêga wong kapir | kang duta nabda wor bêndu | nora kinongkon ingwang | mring gustimu yêkti kinongkon mring rasul | sira arsa paripêksa | sayêkti ingsun tan wêdi ||

4. wontên prajurit satunggal | dhasar sura tuhu sêrêt kang kulit | mrêpêki nyandhak kêndhangsul | sira kuda utusan | Budal Jênggi gya tinarik pêdhangipun | kang nyêpêng kuda pinêdhang | saking luhuring turanggi ||

5. tinampanan asta kiwa | dangu sêndhal-sinêndhal samya ngungkih | gya wontên pisêpuhipun | wong Islam jaga lawang | nulya atur uninga Sang Jayèngsatru | praptèng ngarsa atur sêmbah | sasolahira wus ngênting ||

6. ngandika Bagendha Ambyah | lah ta mara iridên ngarsa mami | tanggungên bilainipun | mêngko ingsun kang gawa | ngirid panggih kalawan bagendha rasul | kang sinung sabda wus mentar | cundhuk lan utusan kapir ||

7. dhawuhkên sabdaning Ambyah | punang duta sampun lêga kang ati | tumrun sing turangginipun | marak mring Amir Ambyah | praptèng ngarsa kang duta kalih andhêku | Bagendha Amir ngandika | matur kang duta wotsari ||

8. ing sasaniskaranira | tansah mèsêm wau Bagendha Amir | gya ngrumiyinakên laku | tur wrin mring Jêng Muhamad | yèn kang paman mangke yun sumiwèng ngayun | sarya nganthi duta kopar | caraka umêsat aglis ||

9. prapta pasanggrahanira | kangjêng rasul duta wus praptèng ngarsi | sakaryanira wus katur | jêng nabi gya parentah | pra sakabat [sa...]

--- 1 : 17 ---

[...kabat] kinèn nyiluman sadarum | kang paman sampun ngandikan | lan duta kapir wus prapti ||

10. caraka sujud nèng ngarsa | sirahira sumungkêm anèng siti | wus kinèn ngangkat gya lungguh | matur saha wotsêkar | lampah amba ingutus dhatêng sang prabu | Bandar Sri Narendra Ngrujam | andêling Lakat Narpati ||

11. Dawil Kusèn Mahambara | kang pinuji-puji isining bumi | angratoni jagad punjul | sinêmbah para raja | lampah amba ingutus dhatêng sang prabu | têtakèn dhumatêng tuwan | punapa karane prapti ||

12. punaparsa magut ing prang | punaparsa nungkul tur bulubêkti | yèn tuwan sumêdya purun | nglawani magut ing prang | pintên tuwan prajurit andêling kewuh | lawan sintên namanira | ingkang dados senapati ||

13. mèsêm jêng nabi ngandika | praptaningsun arsa amapag jurit | dene kèhe wadyaningsun | kawêngku ing Pangeran | andêl ingsun ngandêl karsaning Hyang Agung | senapatining ayuda | paman Sayidina Amir ||

14. nambungi Bagendha Ambyah | awasêna ingsun kang aran Amir | pramugarine prang pupuh | lah priye laknat kopar | iya apa nora pangling marang ingsun | besuk têmpuh ngadilaga | umatur pun Budal Jênggi ||

15. gusti pan sampun waspada | botên pangling benjang têmpuhing jurit | jêng gusti rasul lon muwus | pira kèhe wong kopar | Jênggi matur gusti tan kenging ingetung | sun dugi-dugi kewala | wontên rolas yuta kêthi ||

16. sèwu tri atus pra raja | sadayane [sada...]

--- 1 : 18 ---

[...yane] digdaya ing ajurit | amba tan sagêd angetung | prajurite pra nata | gusti amba piyambak gusti sang prabu | prajurite kalih yuta | dhomas andêle kang luwih ||

17. jêng nabiyullah ngandika | sira iku wong apa laknat kapir | pun Budal Jênggi umatur | amba wong jaga duta | pan kawula anênggih lêluwihipun | ngrèhkên wong kang samya kopar | pun Sujak sor-soran mami ||

18. amba umatur ing tuwan | dene tuwan kalangkung dènnya miskin | dene tuwan têka purun | mapag yudane Lakat | awit dene punapa gèn tuwan purun | ngandika jêng nabiyullah | awit parentahing Widhi ||

19. lah uwis sira muliha | punang duta nulya umatur malih | dhumatêng Sang Jayèngsatru | tuwan benjing punapa | amêdali payudan Sang Jayèngsatru | ngandika sakarêpira | si kapir ingsun ladèni ||

20. umatur dutaning kopar | amba tuwan ngong tôndha ing ajurit | singa kang sumêdya magut | ngungêlkên kang sanjata | kang anglela yèn mêngsah nauri purun | yèn mêngsah dhêdhêp kewala | pêsthi tan purun mêdali ||

21. abiluk wêkasan seba | sampun wontên tunbak tambuhing jurit | ngandika Sang Jayèngpupuh | iya sakarêpira | sun timbangi tan niyat cidra ing pupuh | dudu watake wong Islam | prang dhustha cidra ing janji ||

22. punang duta gya umêsat | sêsandêran datan kawarnèng margi | wus cundhuk lan gustinipun | matur sasolahira | ingkang purwa ing madya apan wus katur | suka gumuyu Sri Bandar | ginoyang-goyang kang

--- 1 : 19 ---

wêntis ||

23. gya uluk-uluk sanjata | gumalêgêr kadya ngobahna bumi | ya ta sinauran sampun | sanjatane wong Islam | gumalêgêr kadya ngobahêna gunung | sampun sami prêdandanan | têngara mêdali jurit ||

24. gumuruh swaraning bala | wadya ngrunjap papan ajêngnya baris | ingkang lor notog ing gunung | ingkang kidul balabar | tindhihira samya pêpatihing ratu | tunggul lêlayu bandera | kasrang ing angin kumitir ||

25. gya majêng barise Islam | asri tinon busana warni-warni | tunggul bandera lêlayu | kadya lêngkawèng teja | têtindhihe wong Islam Umiyah Sahut | kalawan Sang Mungawiyah | lan Maktal pêpatih Amir ||

26. wanci sangandhaping asar | ajêngira wong Islam lan wong kapir | wong mukmin panyiptanipun | umangsah api ora | animbangi kewala kapir kang rawuh | wus samya ayun-ayunan | mèh surup pratôngga pati ||

27. dhêdhêp tan ana narajang | balakuswa Islam kalawan kapir | prajurit Ngrujam winuwus | wong loro sami mangsah | kakang adhi luwih bèrkuwanènipun | kalih tan kêna ingampah | nulya angêtap turanggi ||

28. pan sarwi angêmbat watang | amalipir marang barisan mukmin | sêsumbar anguwuh-uwuh | wong Islam narajanga | dene nora ana mapagake pupuh | baya kêbirèn sadaya | endah apa bala santri ||

29. tan kaya prajurit Ngrujam | wani mati wasis olah turanggi | saksana unclang [un...]

--- 1 : 20 ---

[...clang] kang lawung | sarya gumujêng latah | jêr wong mukmin iku padha kumprung pêngung | gya wontên prajurit Islam | sawiji ngêtap turanggi ||

30. pan sarya asikêp pêdhang | nandêr mamprung sarêng cêlak gya angling | payo kêmbarana ingsun | aja kakehan ujar | kapir ingkang sinungan sabda amuwus | nglarihi tinangkis pêdhang | watang tugêl dados kalih ||

31. rinukêt nulya pinêdhang | kapisanan tatas gulune eling | satunggilira anêmpuh | dangu asaliringan | padha ijèn pêdhang amungsuh lan lawung | prajurit kapir gya numbak | tinangkis rêntah kang ngiring ||

32. sinurung pinêdhang sigar | kapir mati nêmpuh prajurit mukmin | dhasar bèrkuwanènipun | bungah ginunggung sura | tinadhahan ing kathah anuli lampus | kang baris anuli nunjang | krutug-kinarutug bêdhil ||

33. kang yuda gagap-gagapan | gya sinungsun sanjata lanang muni | wong kapir Islam amawur | pirang-pirang kang pêjah | saya pêtêng kang yuda kasaput dalu | wus sapih kapir lan Islam | sami lumêbêt ing biting ||

34. Bagendha Ambyah brêmatya | dene wadyanira akèh kang mati | prituwin Sang Ngrujam Prabu | langkung brêmatyanira | wadya alit dene kathah ingkang lampus | sadalu datan kawarna | enjinge têngara jurit ||

35. gya luk-uluk anglir gêlap | sinauran dening sanjata mukmin | wus samya umangsah pupuh | wong kapir lawan Islam | Prabu Ngrujam nindhihi prajuritipun | gêlare sagara bêna | pirang-pirang bala kapir ||

36. grêgut [grêgu...]

--- 1 : 21 ---

[...t] angêbêki papan | kang minôngka parang turôngga èsthi | lumut bandera lêlayu | rata minôngka tambak | para raja sêkawan arsa umagut | Raja Kosar Raja Biyal | kalawan Raja Mursidin ||

37. sêkawane Raja Simbar | tindhih mukmin Amir Wiradimurti | sabalanira pra ratu | miwah sakabat sanga | kangjêng nabi maksih nèng bitinganipun | pinambêngan Amir Ambyah | tan suka miyosi jurit ||

38. mila tansah nèng bitingan | saha bala nanging sami miranti | kawarna kang arsa pupuh | wong Islam majêng rampak | Sayid Amir nênggih gêgununganipun | songsong jênar tunggul naga | pratistha munggèng turanggi ||

39. wong kapir sarêng mangrêmpak | kadya gêrah swarane kang ajurit | bêdhil kadya gunung rubuh | pêtêng kukus sundawa | awor lawan kêpyaking watang kang caruk | gumrah wong kang asêsumbar | tan ana kang ngucap ajrih ||

40. surake mungsuh lan rowang | sindhung awor mimis kadi gurimis | pangriking kuda ambarung | rame campuhing yuda | wadya kapir kèh pêjah kang samya ngamuk | tinadhahan mring wong Islam | pating bacècèr wong kapir ||

41. kèh lumut astrane kopar | wadya Islam kèh kang numbak ngênèni | binendrong ing bêdhil luput | balik prajurit kopar | tanpa lumut singa kang tinumbak lampus | pinetar mriyêm gêlasah | lir pendah babadan pacing ||

42. mawur wadyabala kopar | anglir gêrah swaranira wong kanin | tan môngga pulih apupuh |

--- 1 : 22 ---

lumayu mungkur menda | kang kacandhak tinigasan sirahipun | kadya gabah ingintêran | agolong pamuking mukmin ||

43. ngiwut ngamuk maring kopar | saya gègèr kapir lumayu gêndring | bubar ingkang para ratu | mantri punggawa mlajar | samya ngungsi dhatêng ing bitinganipun | pan saha atangkêp lawang | mariyêm pinasang nginggil ||

44. wong kapir samya mêlabar | mimisira tinumpuk kadi wukir | prajurit Islam bêburu | anglut mring pambitingan | kang kacandhak tiyang kapir kathah lampus | binêdhag lir buru ayam | kadi anumbak cêcindhil ||

45. sarêng cêlak pambitingan | wadya kapir angêdrèl saking nginggil | gumrudug mimis lir jawuh | kêdhik tatu wong Islam | pan anracak wong Islam têguh atimbul | kagutuk ing mimis kontal | tibèng têbih wangsul malih ||

46. mung kuda kang akèh pêjah | ingkang jôngga tugêl kêna ing mimis | wong Islam pambêdhilipun | langkung dènira sayah | maju-maju katulak mimis lir jawuh | mimise awarna-warna | sawat wênèh gutuk api ||

47. wênèh rante aranira | kang sawênèh ingaran bolang-baling | Sayid Amir langkung bêndu | ambanjêlakên wadya | ingkang wadya nanging sangêt sayahipun | campuh enjing ngantya awan | cêlak pambitingan kapir ||

48. Bagendha Ambyah umangsah | sarwi ngêtap Amir ingkang turanggi | sakabat tiga kang tumut | Umiyah Sahut lawan | Mungawiyah kalawan sira Sang Fakur | kanêm lan sawadyanira [sawa...]

--- 1 : 23 ---

[...dyanira] | Lamdahur lan Umarmadi ||

49. tanapi Sang Raja Maktal | samya dhèrèk nèng kuda mlipir biting | wong kapir pambendrongipun | mimis rante tan angsal | pan satunggal wong kapir tan ana mêtu | ebat ningali Jêng Ambyah | asigit sura sinêkti ||

50. Jêng Amir ngasta kang panah | singa mungal kacundhuk kang jêmparing | sangsaya kathah kang lampus | samya aling-alingan | pambitingan jinêmparing dhungkar lêbur | kang bêbètèng dhungkar bongkar | kapir kaplêsat kèh mati ||

51. wong kapir gugur ing manah | kirang kêdhik bêdhah kang punang biting | nulya kasaput ing dalu | kondur Bagendha Ambyah | samya daut wong Islam sadayanipun | sarawuhnya pasanggrahan | lajêng sowan mring jêng nabi ||

52. kalihnya jawaban asta | kangjêng nabi tanya solahing jurit | sadaya pan sampun katur | sasolahbawanira | kangjêng nabi kang paman nulya rinangkul | suka gunge pra sakabat | ningali Bagendha Amir ||

53. jêng nabiyullah ngandika | yèn marêngi paman ing benjing enjing | manira atumut pupuh | tanapi pra sakabat | sabab sampun tuwan mangsah kala wau | mênggah pratikêling lampah | môngsa borong paman Amir ||

54. owêl anganggur kewala | wong Madinah dene dèrèng ajurit | kang paman umatur nuwun | kunêng ganti winarna | Kyana Patih Baktiyar kang nèng kadhatun | sapêngkêrira Sri Lakat | akarya upaya sandi ||

55. sang rêtna putri ing

--- 1 : 24 ---

Madyan | wus ginambar ing pasang sêmu mirip | wus sami ing warnanipun | ingkang kinarya pêthak | tluki jênar binusanan abra murub | tur agêmira sang rêtna | duk kalane sri bupati ||

56. lêrêp anèng ing kadhatyan | nênggih ingkang kinarya busanani | miwah agêng alitipun | dêdêge sang kusuma | datan wangwang wus sami lamun dinulu | pasang jaite kang netra | tanapi manising lathi ||

57. wus tan kalih lan sang rêtna | yêkti kêmbar mukanira bisa ngling | dene asta kananipun | cinêpêngan nuwala | badhe katur dhatêng Lakat Sang Aprabu | kaya murca kinêdhèpna | kapranan sumbaga dhêsthi ||

58. kêmunah Patih Baktiyar | dhasar wêgig sarta panjurung eblis | linênggahakên amungguh | munggèng kursi kumala | linêbêtkên ing joli tansah kinurung | lêlangsène tundha sapta | sinusulkên mring sang aji ||

59. wus lami dènnya nèng marga | cinarita ing mangke sampun prapti | kang bêkta sampun winuruk | dhatêng Patih Baktiyar | atas anèng ngarsanira sang lir santun | pun Juru Taman kang nama | dutane Baktiyar Patih ||

4. Raja Lakat Kasmaran dhatêng Golèk Têtironipun Putri Mêdayin.

4. Asmaradana

1. kasmaran Sri Kusèn nangkil | mring sagunging para raja | Bardanas nèng ngarsa katong | Malikus Kabir lan Barak | samya aprênah kanan | wus sadintên sang aprabu | nèng tarub agung [a...]

--- 1 : 25 ---

[...gung] sineba ||

2. anganti utusan prapti | kang saking Bandar Narendra | sanjata kalangkung rame | dhasare ngêrobi lawan | nênggih wau kang aprang | wit enjing nganti mèh surup | dènira abôndayuda ||

3. kasaru kang duta prapti | kang saking nagari Lakat | utusanira sang sinom | sarya ambêkta jêmpana | sumaos anèng ngarsa | Sri Kusèn ing tyas kumênyut | kathah kagagas ing driya ||

4. Ki Juru matur wotsari | gusti ing lampah kawula | ingutus sang liring sinom | bêktine rayi paduka | gusti katur ing tuwan | lawan kaping kalihipun | sang dyah ngaturi nuwala ||

5. dènira nyêrat pribadi | gusti ing rayi paduka | katura dhatêng sang katong | nanging srat wontên jêmpana | sampun botênwontên kang têngga | sang dyah sêsugun ing kalbu | wus kawrat ing dalêm sêrat ||

6. ngandika sri narapati | gawok ing putri ing Madyan | dhasar nglêngkara karsane | tan kacakra ing wardaya | lumuh yèn binatanga | mas mirah ratuning ayu | pêpundhèning dasih Lakat ||

7. Ki Juru Taman nulya glis | miyak langsening jêmpana | kagyat sang nata duk anon | tri pandurat tan ngandika | ngênglêng cêngêng tumingal | anjog ing dhêdhampar gupuh | nungkêmi gambar kumala ||

8. tan mawi angèsthi tulis | sumaput panoning nata | ing driya tambuh rasane | pangungrume èsmu waspa | sarwi angèstupada | apa karane mas ingsun | anusul mring pabarisan ||

9. sun èsthi siyang myang

--- 1 : 26 ---

latri | gumarit têlênging driya | amung sira naking anggèr | ing mêngko wusana prapta | aparsa mèlu yuda | apa karsane wong ayu | ingsun tan ajrih palastra ||

10. tumêkaa lara pati | pun kakang datan lênggana | tan grantês gusti dasihe | mirah ingsun karsanira | janjine nyarwe sabda | dhuh ratu-ratuning ayu | sun gawe jimat ing yuda ||

11. têka amèndêl tan angling | dangu datan nyarwe sabda | ratune wong ayu kabèh | apa kang dadya dêduka | dasih sumanggèng karsa | tan darbe mangro martêlu | kajaba namung bêndara ||

12. nulya sagung ingkang nangkil | andhêdhêp datan sabawa | ngungun tyas solahe rajèng | anulya jêng sri narendra | nungkêmi pindha warna | kang gambar ingêmban gupuh | kagyat sagung kang tumingal ||

13. pinangku dening sang aji | lênggah ing kursi kancana | datan pêgat panguswane | sang nata kunjana papa | sabarang kang dèn asta | ngaturkên sarwi mangungrum | pinindha-pindha sang rêtna ||

14. ana kang jiwit-jiniwit | kang sawênèh ana ngucap | ika garwane sang katong | sang rêtna putri ing Madyan | kêtara dêdêgira | pasêmone gandhang ruruh | nauri kang sinung sabda ||

15. bênêr sira tur sayêkti | ingsun tan pangling warnanya | ing nguni ingsun waspaos | sarawuhe saka Madyan | pinondhong mring sang nata | kongas-kongas ing pasêmun | luwês kèwêsing tanaga ||

16. lan manis-manising lathi | lan liring-liringing tingal | sabarang-barang kabèhe | yaiku [ya...]

--- 1 : 27 ---

[...iku] putri ing Madyan | sawênèh ana ngucap | iku widadari tumrun | sawênèh ujaring jalma ||

17. yaiku putrining êjim | kang saking nagri Jabalkap | warna-warna ujaring wong | sawênèh jomblong tan ngucap | netra kumêdhèp tismak | kang anèng wurine ngungun | tan wus ucaping kang jalma ||

18. dènnya sewaka sang aji | pan nganti pukul sadasa | nênggih ing dalu wayahe | Ki Juru Taman winarna | umatur ing sang nata | gusti kawula sang ayu | punika ngasta nawala ||

19. kagyat jêng sri narapati | gya nyandhak ingkang nuwala | wusana èngêt sang katong | binuka sinukmèng driya | sawuse nuksmèng surat | sang nata nulya mangrangkul | madyane kang pindha warna ||

20. têmbunge kang punang tulis | punika sêrat kawula | pramèswarine sang katong | kang ngrênggani jroning pura | angsal sih mring sang nata | putri Mêdayin sang ing rum | mêngku saliring kusuma ||

21. saha ingkang mangèstuti | katur ing raka narendra | ngrênggani Lakat kadhaton | ingkang sakti mahambara | kasusrèng rat buwana | pangeraning para ratu | kang baud limpad asmara ||

22. kang mumpuni ing sakalir | tur putus sasmitaning dyah | kang bisa karya wirangrong | wiyose sêrat kawula | sampun alama-lama | mangrusak tuwan mring rasul | yèn dèrèng ngantos punapa ||

23. amba sêlak brôngta kingkin | onêng dhumatêng paduka | gusti tan wêlas dasihe | dene ta sampun alama |

--- 1 : 28 ---

anyèthi dhatêng tuwan | raina wêngi tan ketung | amung sih paduka nata ||

24. yèn tuwan onêng mring mami | punika gambar kawula | karyanên nglipur tyas rajèng | prasasat badan kawula | nyênyèthi mring paduka | sun têtêdha sang aprabu | sampun supe mring kawula ||

25. jalmaa ping pitu gusti | cèthine datan sumêdya | ngawula maring liyane | nanging gusti ginaliha | kang cèthi pamintanya | brastha rasane kang têmbung | sang nata kalangkung suka ||

26. kasaru kang duta prapti | dutane Sang Raja Bandar | Sang Budal Jênggi wastane | lawan Sang IkulIskul Sujarak | miyat gunging kang seba | dhêku ngarsane sang prabu | sigra matur awotsêkar ||

27. pukulun ngutus pun dasih | bandara atur uninga | ing mangke wus pêrang rame | lawan Mahraja Madinah | nanging agung kasoran | abdi tuwan kathah lampus | linud dhatêng pambitingan ||

28. langkung sèwu kang ngêmasi | wong Islam mêtu sakawan | kang pêjah madyèng palugon | punika rane Muhamad | dèrèng lampahi pyambak | ngamungakên pamanipun | kang wasta Bagendha Ambyah ||

29. sêlak surup ingkang wêngi | undure prajurit Islam | apan ta digdaya kabèh | pun Bandar sumôngga tuwan | benjing enjing wong Islam | kinêtog dènira pupuh | Muhamad ngawaki yuda ||

30. katungkul sri narapati | dangu anungkêmi sêrat | poyang-payingan ing tyase | sêrat winangsulkên enggal | mring astane kang gambar | kang gambar tansah sinugun | sinawang kinuswa-kuswa [kinu...]

--- 1 : 29 ---

[...swa-kuswa] ||

31. Patih Bardanas tur bêkti | gusti pun Bandar kasoran | punika gusti dutane | Sri Kusèn tansah anguswa- | nguswa kang pindha warna | Sang Juru Taman umatur | sarwi umatur ing ngarsa ||

32. pukulun atur upêksi | punika dutaning Bandar | tur wrin asor ing jurite | kagyat Sri Narendra Lakat | dangu dutaning Bandar | ing saniskara wus katur | sang nata langkung bramatya ||

5. Kangjêng Nabi Ngêdali Prang.

5. Durma

1. mundur kurdha sang nata miyarsa sabda | jaja brit kadya gêni | andik tingalira | idêp mangada-ada | worsuh sabdanira bêngis | para narendra | majêng ing ngarsa aji ||

2. gya parentah sang nata amagut ing prang | grêgut sagung kang nangkil | nulya lêluwaran | ya ta warnanên enjang | nêmbang têngaraning jurit | saksana budhal | muntap prajurit kapir ||

3. balakuswa dinulu awarna-warna | lir jalanidhi ngalih | panêngran sanjata | jumêgur lir glap sasra | Bandar sanjata nambungi | nulya wong Islam | sanjata gêng nauri ||

4. kawarnaa jêng rasul ingkang sineba | aglar sagunging mukmin | jêng nabi ngandika | dhatêng kang paman Ambyah | kadospundi rèhing jurit | prayoginira | tangkêpe ing ajurit ||

5. atanapi paman panggenan kawula | myang Ngumar Ngusman tuwin | Bu Bakar kang prênah | tanapi paman Ngabas | umatur Bagendha Amir | yèn padukarsa |

--- 1 : 30 ---

amba dhadhani jurit ||

6. Sayid Ngumar dadosa pangawat kanan | Ngusman kang munggèng kering | tuwan dados badan | Bu Bakar sampun pisah | pun Ngabas dhèrèka gusti | sami bêktaa | sarerehannya nênggih ||

7. pra sakabat pra nata sami manuta | kêpalanya pribadi | jêng nabi ngandika | amba datan lênggana | sakarsa tuwan lumiring | matur Jêng Ambyah | lan malihipun gusti ||

8. dene langkung agêng ingkang punang mêngsah | pracihna mriyêm muni | gonira rong pangkat | kang cêlak kapir Ngrujam | kang têbih pun laknat kapir | nanging pun Ngrujam | manahe sampun miris ||

9. kados botên sagêd olèh lêting aprang | sinambi lan lumaris | inggih ugi bangkat | sanadyan ta kathaha | wadya tuwan amung kêdhik | kados yèn têdhas | sinêngkakakên tandhing ||

10. sampun putus dènira apirêmbagan | sigra budhal jêng nabi | sabala sumahap | prajurit ambalabar | busananya warni-warni | lir gunung sêkar | tunggul kakôndha asri ||

11. gindrik rindik gumêbyar asta kumêrap | gusti jêng nabi murti | mênggêp anèng kuda | samadik aranira | sinongsongan mega putih | kinarèng wadya | sakabat pra narpati ||

12. amêrapit panêngran songsong markata | pambitingan kawingking | nèng ra-ara blabar | sagunge balakuswa | lir sagara tanpa têpi | ganti kocapa | Sri Nata Ngrujam kapir ||

13. samya mêmpên anèng sajroning bitingan | ngajênging

--- 1 : 31 ---

biting sami | tinumpukan sela | wênèh tumpukan wrêksa | ngundhung-undhung kadya wukir | bala mêlatar | nèng luhur balowarti ||

14. sampun cêlak pambitingan wadya Islam | wus samya ambêk pati | sêdya sabilollah | wong kapir sigra mentar | mimise anggêgirisi | matumpa-tumpa | swara lir glap sakêthi ||

15. têtumpukan wrêksa lan tumpukan sela | pinetar sumyur ngungsir | nibani wong Islam | gègèr kathah kang pêjah | kang urip mangrangsang wani | tan ngetang pêjah | ing cipta aprang sabil ||

16. dadya sêngkut tan ana kang ngucirèng prang | amungsuh laknat kapir | rame nêmpuh rampak | kang urip apan arsa | amaju ngarsaning biting | maksa angrangsang | katulak dening mimis ||

17. lir ampuhan surake kapir lan Islam | wong kapir ngrutug bêdhil | pêtêng ing paprangan | lêbu blêdug kasimpar | dening wong turôngga èsthi | dhêdhêt limunan | têdhuh tan ana angin ||

18. kawimbuhan pêtêng mukswa na kucika | cumlorot gutuk api | mêsat ing awiyat | kang kinarya bêbalang | kadya awun-awun agni | wong Islam bubar | mundur tataning baris ||

19. pambêdhile wong Islam tan ana angsal | mimis katulak biting | wong kapir gya surak | lir pendah langit rêbah | barung lan têngara muni | gamêlan ngangkang | tan pêgat ambêdhili ||

20. cinarita korine amung sakawan | bitingira wong kapir | kang kinarya tambak | siti kandêl [ka...]

--- 1 : 32 ---

[...ndêl] tur wiyar | luhurnya sawidak kaki | plataranira | kêbak mriyêm ngidêri ||

21. pêpadone lêlampahan kalih êjam | punika apêsagi | kewran wadya Islam | dènira samya ngrangsang | warnanên Bagendha Amir | ngrapkên turôngga | sowan jêng nabi murti ||

22. sarwi matur yèn marêngi karsa tuwan | yogi majêngpat gusti | umat wadya tuwan | ajênge mring bitingan | ngrêbata wong anèng kori | tuwan wontêna | keblat kilèn jêng nabi ||

23. Abu Bakar sampun pisah lawan tuwan | kori kang kidul gusti | têmpuhna mring Ngumar | kang lèr Ngusman lan Ngabas | kawula ingkang ngingêri | kori kang wetan | lan malihipun gusti ||

24. winalika kang lampah ajênging wadya | tuwan tindaka ngarsi | utawi pun Ngumar | Ngusman kalawan Ngabas | amba pan makatên ugi | wadya nèng wuntat | tan pênêd wontên ngarsi ||

25. pinrih sami angsala supangat tuwan | gusti jimating dasih | yèn tuwan raharja | abdi tumut kewala | mangsuli jêng nabi murti | nêdha sumôngga | sapangrèh sun lampahi ||

26. gya sumambung sira Sang Bagendha Ngabas | matur mring rayi Amir | tan suwawi amba | jêng nabi wontên ngarsa | dasih dados tanpa kardi | kang rayi nyêntak | hèh raka dèn lampahi ||

27. sampun dados rêmbagira Amir Ambyah | sampun majêng kang baris | wus samya atata | têtindhih anèng ngarsa | wong kapir tansah bêdhili | Amir kocapa | kori wetan dèn goni ||

28. sarêng mangsah lèr kilèn kidul lan [la...]

--- 1 : 33 ---

[...n] wetan | wong kapir ambêdhili | jêng nabi kawarna | kinrutug ing sanjata | mimis tiba kanan kering | lir pendah jawah | nanging datan ngênèni ||

29. datan kandhêg jêng nabi dènnya umangsah | sarwi sikêp jêmparing | tikswara lumêpas | sarta kanthi mujijat | panah pirang-pirang kêthi | angsal bitingan | bongkar jugrug kang biting ||

30. wadya kapir pinêlak pametarira | mimis rante lan gêni | mimis wêsi abang | mimis long mimis sawat | gêlasah ing kanan kering | miwah ing ngarsa | tan ana kang ngênèni ||

31. sigra musthi malih kangjêng nabiyullah | korining biting kenging | ing tikswara bêncah | gègèr sagunging kopar | mêdal katulak jêmparing | ulêng-ulêngan | wong kapir kèh ngêmasi ||

32. Ngumar mangsah andharat sawadyanira | sikêp dhêndha ngajrihi | kori kang rinêbat | kapir bendrong sanjata | mimisnya awarni-warni | tumibèng jaja | nanging datan nêdhasi ||

33. mimis rante sumampir ana ing pundhak | gubêl jaja mantêsi | dangu tan binuwang | lir sêkar gêgubahan | dinulu langkung ngajrihi | langkung sudira | ebat sagunging kapir ||

34. mimisira gya sinalinan kancana | miwah salaka putih | suwasa kinarya | kumrutug tibèng jaja | gèpèng tumèmplèk ing klambi | agêbyar-gêbyar | sorot lir lintang ngalih ||

35. kang kinanthi prajurite wolung dasa | kalis timbul ing mimis | sikêp bindi gada | wontên malih winarna | wontên prajurit sawiji | wadyaning raja [ra...]

--- 1 : 34 ---

[...ja] | nonoman kaduk wani ||

36. pan kapengin ningali Bagendha Ngumar | saksana anuruti | rowangira ngucap | dene gumênthung sira | kapengin aborèh mimis | lir Sayid Ngumar | manawa tan kuwawi ||

37. gya sumaur dene tan Ngumar priyôngga | prajurit kang kinanthi | kèhe wolung dasa | pinetar tan karasa | atèblèg gèpèng kang mimis | bedane apa | iya kalawan mami ||

38. ingkang mênging angucap sayêkti beda | lawan sira puniki | abdine Sri Ngumar | pan padha wong uligan | tur padha pratamèng ngèlmi | kaslirèng Suksma | tan nyipta yèn jasmani ||

39. wêtêngira kang kanthèng akadya kranjang | kang sinung sabda angling | lah môngsa bedaa | pan padha sipat jalma | kana uwong kene uwing | mêdhun sing kuda | lumayu anututi ||

40. sampun awor lawan prajurite Ngumar | mimis kaya gurimis | panah kêlap-kêlap | tinêtêpkên tan kêna | giris kabrèbèt ing mimis | tansah kumêlap | pan arsa bali isin ||

41. wus untunge kêna kang mimis sêsawat | wêtêng tugêl ngêmasi | kocapa Sri Ngumar | sampun ngrangsang bitingan | ginada bêncah kang kori | gègèr wong kopar | angêbyuk sikêp bindi ||

42. pirang-pirang èwu nadhahi Sri Ngumar | waos rangap apipit | lokira wong kopar | payo krutugên kônca | kumrut samya marsèng bindi | wênèh anumbak | Sayid Ngumar nadhahi ||

43. Sayid Ngumar lan wadyanira sakawan | anusup ganjur [ga...]

--- 1 : 35 ---

[...njur] lungit | ingêbyukan kathah | kadya wong ngrampog macan | Ngumar gya anglut kang bindi | ngidak landhehan | pinidak gya binalik ||

44. sinawatkên gadane Bagendha Ngumar | glasah bangkening kapir | wuri saya kathah | ngêbyuk mêpêti lawang | Ngusman lan Ngabas winarni | sing lor narajang | binendrong dèn bêdhili ||

45. kalihira samya mangrapkên turôngga | Ngusman lir yangyang tulis | kinrutug sanjata | nanging datan tumama | mimis tibèng kanan kering | sawadyanira | tan ana kenging mimis ||

46. siji loro kuda kang kenging sanjata | pêdhot sami ngêmasi | Ngusman saya cêlak | pinêdhang kori bêncah | gègèr wong kapir nadhahi | Ngusman lan Ngabas | nrajang kasangsang biring ||

47. kawarnaa wau Jêng Bagendha Ambyah | rawuh wetaning biting | saksana narajang | sawadya jêjaranan | pinetaran dening kapir | mlèsèd kewala | sabala tan nêdhasi ||

48. kang sawênèh akèh tiba saking kuda | nanging tan miyatani | nunggang malih nrajang | nusul mring gustinira | Bagendha Ambyah wus prapti | ing pambitingan | kori dipun camêthi ||

49. bêncah bubrah wong kapir ulêng-ulêngan | nadhahi sikêp biring | rinunjang kewala | wong kapir têtumpêsan | rêmuk tigas dèn camêthi | Bagendha Ambyah | plaruk sajroning biting ||

50. sawadyanya lan sakabat para raja | wus samya malbèng biting | gègèr bala kopar | lumayu bilunglungan | nulya Sang Bandar Narpati | sigra umangsah |

--- 1 : 36 ---

nitih swandana èsthi ||

51. sikêp kangkam panjang rong dhêpa sabêlah | kadya kuwung tininggil | gêbyare lir kilat | parise waja gilap | gajahnya dèn kulambèni | ing kêre waja | puput ngawe kang èsthi ||

52. tinopongan wêsi pulasani gilap | gêbyar-gêbyar ngajrihi | nglambung saking kiwa | singa katrajang bubar | pangamukira sang aji | kadya rasêksa | singa kaparag mati ||

53. sumbar-sumbar êndi rupane Si Ambyah | lah papagêna mami | padha wong prawira | prajurit Jayèngrana | payo tandhing padha siji | rangkêpa sasra | nora ingsun oncati ||

54. Sang Ankasah nandêr sarwi sikêp pêdhang | patêmpuhira siring | Kasah gya pinêdhang | kontal tibèng buntala | nanging kulitnya tan busik | malês amêdhang | angsal mukaning èsthi ||

55. pan katanggor ing wêsi pêdhangira crah | tinangkis mring sang aji | Sang Kasah malumpat | Fakur nandêr narajang | pamêdhangnya dèn tadhahi | ing paris waja | pêdhang crah dados kalih ||

56. gya sinabêt ing Bandar Fakur malumpat | Mungawiyah nadhahi | ngasta ganjur dharat | Sri Bandar linarihan | tuna dungkap tan dhatêngi | gajah kang kêna | nanging tan miyatani ||

57. waos putung pinêdhang dening sang nata | Mungawiyah sayandik | sigra narik pêdhang | sang nata gya ingancap | tiba katulak tinangkis | sigra cinandhak | mring èsthi gya binanting ||

58. Umarmadi umangsah nitih matêngga | sarya asikêp bindi | parise malela | Bandar anabêt sigra [si...]

--- 1 : 37 ---

[...gra] | tinadhahan mring Marmadi | parisnya sigar | nulya dèn kaping kalih ||

59. Umarmadi kabranan jajanya kêna | gumêbrug tibèng siti | nanging tan tumama | gya rinômpa ing wadya | warnanên Bagendha Amir | sarêng miyarsa | nandêrakên turanggi ||

60. sarêng cêlak Bagendha Ambyah pinêdhang | jajanira kang kêni | kontal saking kuda | Amir bêkti wikrama | ginêtak Bandar Narpati | dipôngga rêbah | sang nata tibèng siti ||

61. Amir jangkah cinamêthi Raja Bandar | atangkis paris wêsi | paris rêmuk nratas | kenging kêpalanya crah | kapisanan anggulinting | surak wong Islam | mawur sagunging kapir ||

62. raja kopar lumayu anunjang-nunjang | sawadyanira gêndring | Raja Simbar misah | anitih kang turôngga | sikêp pêdhang ngêtap wajik | satus wadyanya | kang mèlu labuh pati ||

63. sarêng cêlak ngarsane Bagendha Ambyah | ginêtak wadya kapir | samya anggêlasah | kalêngêr tibèng lêmah | Raja Simbar amucicil | sigra tinigas | ya ta sagunging kapir ||

64. sakèrine kang pêjah anunjang-nunjang | nêmpuh mêdal sing biting | kidul tinadhahan | dening Bagendha Ngumar | ginada glasah kang mati | ewon alêksan | ing wuri nunjang sami ||

65. wadya kapir playune mêrêm kewala | tinadhahan ing biring | nging mêksa anunjang | wong mati anggêlasah | lir pendah babadan pacing | saya kèh pêjah | nulak playuning kapir ||

66. mlajar ngilèn wong sajroning pambitingan | nabiyullah nadhahi | pinapag ing

--- 1 : 38 ---

panah | wong mati pirang-pirang | tumpês ngarsa nunjang wuri | Bu Bakar mangsah | saha bala nadhahi ||

67. sikêp ganjur sawênèh asikêp pêdhang | tan susah mangangkahi | nadhahi kewala | wêtêng maju priyôngga | lir wong ngatur-atur wanti | nulak anunjang | ngalor Ngusman nadhahi ||

68. Sang Bagendha Ngabas lan sabalanira | ngrampog angrutug bêdhil | wong kapir galasah | mati lumayu nunjang | nulak malih ngungsi biting | wus tinangkêban | balane Bagendha Mir ||

69. lêng-ulêngan pating barêngok wong kopar | sêsambat kaki nini | nêdya ngungsi gêsang | lumayu nunjang-nunjang | buwang tumbak pêdhang bêdhil | jrunthul kewala | pan samya dèn tumbaki ||

70. kang sawênèh ngaku arsa manjing Islam | supatane mangênting | nulya liniwatan | kapungkur gya lumajar | apan nulya binalêdig | samya tinumbak | kaya numbak cêcindhil ||

71. wantu wiyar ing sajroning pambitingan | taksih wontên wong kapir | muwêl nèng pondhokan | samya pi-api pêjah | wontên kang tinumbak siji | bubar sadaya | lumayu niba tangi ||

72. binalêdig lumayu pinêdhang tatas | jinojoh akèh mati | pinistul palastra | tininggar kathah pêjah | Raja Bilal mènèk biting | anjog gya pêjah | raja kopar winarni ||

73. mêndhêm ngluwang luhure ngrombong-ombrongan | kawarna tiyang mukmin | samya jêjaranan | angusir mring wong kopar | tan wruh lamun dèn ombrongi | sarêng kapidak | kuda

--- 1 : 39 ---

rubuh ngêjlogi ||

74. jajanira Sri Kosar gya kapidhara | gya dèn idak mring mukmin | maksih kapidhara | dangu-dangu sang nata | nglilir napas kêmpis-kêmpis | nulya lumajar | tinututan mring mukmin ||

75. binrangkolang Raja Kosar nulya rêbah | sinuduk wus ngêmasi | Mursidin kocapa | mènèk anèng wit-witan | kinarya kasukan mukmin | ngisor ngadhêpan | tumbak rangah apipit ||

76. apan sarwi sinurak dening wong kathah | Mursidin saya mêncit | tansah pantiyungan | ana mukmin tan srônta | binêdhil Raja Mursidin | kêpala bêncah | tibèng siti gya lalis ||

77. wus rinayah ing sajroning pambitingan | warnanên Bagendha Mir | lan Bagendha Ngumar | Ngusman lan Sayid Ngabas | wus samya marêk ing gusti | katur solahnya | dènnya ngrabasèng biting ||

6. Raja Lakat Ngêdali Prang.

6. Pangkur

1. ing pungkur angling jêng duta | paman Ambyah ing mangke kadospundi | lajêng lawan babaripun | ature ingkang paman | gusti tanggêl pun Lakat apan mèh rawuh | lêhêng mapag ngadilaga | sampun ngantos dèn lurugi ||

2. kasaru pacalang prapta | tur uninga Raja Lakat mèh prapti | nêmbang têngara gumuruh | budhal mapag ing yuda | datan ngantos têbih tindaknya jêng rasul | lan bitingira wong Islam | barise Lakat kaèksi ||

3. baris gamêng lir samodra | wus rumanti sumêdya ngantêp jurit | wong

--- 1 : 40 ---

kapir ing gêlaripun | ingaran baya mangap | kang minôngka sisihing baris winuwus | kang dados pangiridira | Sang Nata Tarbikul Kabir ||

4. lawan Raja Prastal Bilar | pan angirid sarerehannya sami | ing pangawat kananipun | Raja Kustur Bardiyar | sakathahing satriya myang para ratu | dening pangawating kiwa | Raja Mundakur Narpati ||

5. nindhihi sarerehannya | Prabu Lakat nèng têngah dènnya baris | Patih Bardanas Sang Prabu | ngampingi ngarsa nata | anindhihi prajurit tan kêna ngetung | kadya sagara balabar | wiwit wadyabala kapir ||

6. kadya trunaning udaya | asri rangap busananya ngajrihi | lir gunung pawaka guntur | mriyêm sinêla-sêla | bêdhil sarat gêngira salumbung-lumbung | sinungsun-sungsun nèng ngarsa | tumpukan mimis mênuhi ||

7. ngundhung-undhung kadya arga | pirang-pirang saradan obat mimis | Malikus Barak winuwus | lawan Malikus Kabar | baris pêndhêm amingêr kalangkung samun | prangnya sêdya ngalap-alap | mung bêkta wadya sakêthi ||

8. amingêr ngidul lampahnya | sêdya gêpuk mring Islam saking wuri | kawarna barisan agung | muni têngaranira | surak-surak swaranya lir gunung rubuh | wadya kapir sumbar-sumbar | sarêng ajune ing jurit ||

9. wong kapir sarêng mangrêmpak | wadya Islam panggah dènnya nadhahi | Islam kapir sami purun | long-linong ganti pêjah | rêg-binêrêg swaraning watang ting klêpruk | mêntase watang lan pêdhang | tan ana kang ngeman pati ||

10. pêtêng kukusing [ku...]

--- 1 : 41 ---

[...kusing] sêndawa | ing paprangan pêtêng lir têngah wêngi | mungsuh rowang kathah lampus | riwut kang samya yuda | swaranira wong kapir pating barêkuh | nulya sapih kang ayuda | mundur kasaput ing wêngi ||

11. wus mundur kapir lan Islam | anyêlaki ing pambitingan lami | ya ta malih kang winuwus | Malikus Kabir Barak | anadhahi wong Islam kang sami mundur | sarêng cêlak samya giyak | wong kapir ambendrong bêdhil ||

12. mimise gêni kinarya | ting cêlorot bêburu mring wong mukmin | wadya Islam bubar mawur | tan ana wontên mêngsah | wêwah kathah saking ing kuda kumrutug | gêgaman kècèr ing marga | wong kapir manrot bêdhili ||

13. wong Islam anunjang-nunjang | ngungsi gusti bubrah tataning baris | sênjata sarat pinagut | sinungsun tundha-tundha | swara anglir gêlap sèwu gumaludhug | wong kapir laknat kèh pêjah | kabêbarak angunduri ||

14. samarga amasang borang | kang kinarya pêdhang tumbak lan kêris | gêgaman Islam kang kantun | punika kang pinasang | wadya Islam tan pêgat pametaripun | kang nunjang kasangsang borang | wus sapih dènnya prang latri ||

15. Sri Lakat wus masanggrahan | duk sineba dangu anganti-anti | Barak Kabir kalihipun | nata sumlang ing driya | nganti-anti praptèng bangun durung rawuh | wus pêpak kang para nata | Patih Bardanas nèng ngarsi ||

16. putra kalih nulya prapta | angaturkên solahirèng ajurit |

--- 1 : 42 ---

langkung suka sang aprabu | myarsa aturing putra | kawarnaa enjing têngara prang pupuh | sanjata muni lir gêlap | gumlêgêr mukmin nimbangi ||

17. wong kapir baris sumahab | ambêlabar lir jalanidhi ngalih | Islam kapir purun-purun | sarêng pambendrongira | caruk kêris talêmpak sarta kang tulup | swarane pating garopyak | tan ana sêdya ngunduri ||

18. pêpati datan kaetang | sura-sura tan ana ngeman pati | swarane pating barêkuh | samya lantaran watang | kang sanjata sinulêd sinungsun-sungsun | prajurit mati gêlasah | satus ngarsa jêjêl wuri ||

19. wong Islam kêdhik kang pêjah | apan samya kontal kêna ing mimis | petar-pinetar ting jlêgur | asrang sanjata lanang | dangu dènnya awas-awasan ting jlêgur | aso kang samya ayuda | ambanjêng-banjêng kang baris ||

20. siji loro anêrajang | mati rêmuk tugêl kêna ing mimis | mila andhêdhêp sadarum | pêpetaran kewala | mimis muluk nibani barisan agung | singa katiban gêlasah | mimis pêcah ngamuk jalmi ||

21. jèngkèl manahe wong kopar | wadya mukmin lumayu dènnya jurit | wong kapir barisanipun | kadi sagara bêna | nênggih pitung dina alang ujuripun | kandêle lakon sadina | tur kathah kang kantun biting ||

22. kang ngarsa anèng payudan | ingkang wuri saking kandêling baris | bitingan sapalih tumut | nèng jroning pabarisan | wadya Islam jèjèr wayang barisipun | jinèrèng [ji...]

--- 1 : 43 ---

[...nèrèng] mêksa tan nyandhak | tar-pinetar gênti ngisis ||

23. dènnya aprang wiwit enjang | praptèng lingsir tan anggop bêdhil muni | raja kapir siji magut | bêkta wong tigang dasa | nitih kuda narajang sawadyanipun | sadaya asikêp tinggar | nandêr arsa ngrangsang biting ||

24. pinetar tumpês gêlasah | tatas pêdhot turôngga tugêl mati | wangkening wong ngundhung-undhung | ya ta Malikus Barak | Maskus Kabir narajang saking ing pungkur | gègèr mawut wadya Islam | bubar tambuh kang dèn ungsi ||

25. wong kapir kang baris dhadha | angêrutug mriyêm wong Islam ngisis | prayitna Sang Jayèngsatru | lan Ngumar sarêng nrajang | saha bala wong kapir nadhahi purun | binabit gada gêlasah | tumpês sinabêt cumêthi ||

26. Malikus Barak anunjang | tinadhahan dhatêng Bagendha Amir | kudanira sarêng nêmpuh | rêbah kudane Barak | cinamêthi Barak tangkis pêdhangipun | pêdhang crah Barak malumpat | mangsah Sang Malikus Kabir ||

27. sikêp pêdhang anêrajang | sarêng bêntus pinêdhang Bagendha Mir | tumibèng jaja pan murub | nyumêthi Amir Ambyah | Maskus Kabir sirah pêcah nulya lampus | lumayu Malikus Barak | Bagendha Ngumar nututi ||

28. Malikus Barak kacandhak | gya binanting kantêb luluh ngêmasi | wadyanira sarêng nêmpuh | ginêtak mring Jêng Ambyah | kumarutug tiba kalêngêr sadarum | kumrubut prajurit Islam | wong kapir dipun tigasi ||

29. sumyur sakèrining pêjah | ingkang pêrang dhadhah malih

--- 1 : 44 ---

kawarni | Amir saha bala nêmpuh | myang Ngumar Ngusman Ngabas | pra sakabat kawan dasa sarêng mamprung | sikêp biring gada pêdhang | sumyur barise wong kapir ||

30. agègèr ulêng-ulêngan | sampun sapih kasaput dening latri | wus samya bubar amundur | makuwon sowang-sowang | kawarnaa Nalendra Lakat Sang Prabu | amêpak kang para raja | nèng tarub agung ing latri ||

31. Patih Bardanas ing ngarsa | aglar anèng wijoan palowani | sinambi dhahar lan nginum | dangu angarsa-arsa | dhatêng putranira kalih sang aprabu | kasaru pacalang prapta | tur wrin yèn putra ngêmasi ||

32. sang nata langkung bramatya | gya parentah mangkat padha salatri | budhal wanci lingsir dalu | prajurit têtunjangan | pêtêng dhêdhêt tan kaetung baris laju | gumuruh swaraning bala | pating carêluk kang kèri ||

33. ginêlak ing lampahira | kuthetheran prajurit ingkang kèri | saput lêmah praptanipun | pambitingane Islam | gumruh surak gumuruh bêdhil gumrudug | wong kapir pating tarunjang | sumêdya angrangsang biting ||

34. wong mukmin samana metar | muni pisan wong kapir sèwu mati | tumpês ngarsa wuri ngêbyuk | tan ketang pringgabaya | ngêndêlakên bôndha sura balanya gung | wong kapir sapirang-pirang | kadya gunung ladhu bêdhil ||

35. saya dangu saya kathah | wadya kapir nusul dhatêng ing gusti | Raja Lakat saya liwung | biting dangu tan bêdhah | singa banjêl katulak ing mimis ajur |

--- 1 : 45 ---

enjing nganti tabuh rolas | wong mukmin datan mêdali ||

36. gya mundur Narendra Lakat | baris aglar ngêpung bitinging mukmin | pinrih mêdalana pupuh | miwah ngênêsing manah | wus tinata wadya kapir ingkang ngêpung | upami palwa satunggal | ngambang têngahing jaladri ||

37. palwa bitinging wong Islam | kang samodra upamane wong kapir | sayêkti karoban mungsuh | ing istingarahira | sinurakan kewala sayêkti lampus | dèn byuki bathang sayuta | sayêkti sirna wong mukmin ||

38. wus surup sang hyang raditya | samya totor barisane wong kapir | ngantya têpung gêlang kêmput | sinawang sing mandrawa | lir sagara gêni bra sinang dinulu | ngakasa nglela gumawang | mêndhung mega abra kèksi ||

39. pêtêngan kadya raina | sakalangkung agêng kang punang gêni | kagila-gila dinulu | satêngah mukmin ngucap | kirig-kirig pan sarwi maca têngawud | apan sarwi tata-tata | dahana anggêgilani ||

40. ya ta Sri Narendra Lakat | wontên keblat wetan ingkang dèn goni | lan sagunging para ratu | prajurit lan satriya | pan sadaya samya kalangênan nutug | gamêlan munya angangkang | mariyêm munya mawanti ||

41. ting jalêgur lir glap sasra | pangagênge wau ingkang kinanthi | Tarbikus Kabir Sang Prabu | bandera gula klapa | ingkang baris keblat wetan prênahipun | ing kidul Kustur Bardiyar | tri atus para narpati ||

42. ingkang lèr Sri Prastal Bihar | sakancane tri atus para aji | keblat [ke...]

--- 1 : 46 ---

[...bla kilèn Sri Mundakur | ngirid raja tri kopar | raja siji kêdhik-kêdhike kang wadu | tigang yuta kawan yuta | punika raja kang miskin ||

43. pra ratu sèwu nagara | pakuwonnya gumuruh swaranya sri | kasukan nutug sadalu | balabar aprayitna | ting jalêgur mariyêm lir gunung rubuh | gamêlan munya angraras | tambur kêndhang amêlingi ||

44. Narendra Lakat ngandika | mring Badarnas priye rêmbugmu patih | sajroning bitinganipun | mukmin ingobong pisan | dimèn tumpês ja kongsi ngêkèhi laku | matur Ki Patih Bardanas | gusti pan kirang utami ||

45. kados dede wong prawira | gêlar cidra kaping kalihnya gusti | yèn ngantos kobong sadarum | sajroning pambitingan | bilih mukmin anunjang pamêdalipun | gusti pan awrat sinôngga | wantune wong tangkêp lalis ||

46. tan angetang pringgabaya | ngrisakakên dhatêng pun dasih gusti | kaping tiganipun dalu | manawi salang cahak | wowor sambu têmah cawuk samya batur | punika kang dipun rêbat | lêpat-lêpat nglêlingsêmi ||

47. luhung nadhahi kewala | pan sanadyan mukmin tan purun mijil | môngsa bêtaha sang prabu | anèng jro pambitingan | tamtu ngênês wusana samya anungkul | Narendra Lakat ngandika | bênêr rêmbugira patih ||

48. jêng nabi murti winarna | lagya gusthi lawan kang paman Amir | majêng lan unduring laku | kang paman aturira | yèn marêngi ing karsa paduka rasul | gusti kèndêla sadina | aprang lawan laknat [lakna...]

--- 1 : 47 ---

[...t] kapir ||

49. ping kalihnya wadya Islam | dimèn ngaso rèh mêntas kasok jurit | sêdhêng miranti sadarum | nabiyullah ngandika | ing sakarsa paman manira piturut | umatur Bagendha Ngumar | dhatêng Jêng Bagendha Amir ||

50. amba kasêlak tan bêtah | lami-lami sinurak dening kapir | benjing enjing sami nêmpuh | yèn bangkat dipun pisan | yèn kawratan lah inggih suwawi mundur | sampun ngantos kenging ngrasan | dèn gêguyu mring wong kapir ||

51. umat wadyabala Islam | yèn winastan samya alit kang galih | dene tan nglawani pupuh | sumaur Amir Ambyah | amba isin pêrang nganggo majêng mundur | dene andêdawa wirang | wus nêmpuh mawi ngunduri ||

52. luhung anungkula pisan | sampun tanggêl jênênge wong aurip | Ngumar kèndêl tungtung nêpsu | sumambung Abu Bakar | kalih pisan apan samya lêrêsipun | sumambung Bagendha Ngusman | saecane dèn lampahi ||

53. dene pabênan wong aprang | sayêktine sae kang ngati-ati | Bagendha Ambyah amuwus | rêmbag wau punika | sêsaene lampahan angrêksa wadu | ewa samantên yèn dhasar | dados karsane jêng nabi ||

54. amba kinèn narajanga | sapunika inggih kula lampahi | pan sanadyan têngah dalu | yêkti amba narajang | dhatêng kapir sarambut amba tan takut | lamun ingsun tan kuwasa | angabên kawula alit ||

55. jêng nabiyullah ngandika | iya bêcik [bêci...]

--- 1 : 48 ---

[...k] nganti rong dina malih | dasih sayah sêdhêng tuntum | nanging saosa gaman | bêdhil bètèng pêgat anadhahi mungsuh | wus dadya kang punang rêmbag | cakut tandange wong mukmin ||

7. Prajurit Lakat Têtumpêsan.

7. Durma

1. gya raina tan mundur petar-pinetar | mimise warni-warni | kêdhik kang umangsah | biting sanjata Islam | kêdhik ingkang anglawani | singa kang kêna | kapir Eslam kèh mati ||

2. wiwit enjang ngantya saandhaping asar | tan pêgat mriyêm muni | wong kapir kang mangsah | maju-maju katulak | wus dhêdhêp atata baris | nanging tan pêgat | mriyêmnya anguluki ||

3. kawarnaa wontên sakabat sakawan | mêdal saking jro biting | anulya têtêgar | mlipir barising kopar | sêsumbar latah dènnya ngling | pagene kopar | tan wani nrajang biting ||

4. lah ta êndi bêbêcike laknat kopar | dangu dipun bêdhili | nanging datan kêna | eca têgar kewala | mimis tibèng kanan kering | timbrêg gêlasah | kang bêdhil muring-muring ||

5. nulya wontên wong kapir atur uninga | dhatêng Sri Kustur Aji | wontên tiyang Islam | sakawan anggêgalak | Kustur Bardiyar aruntik | nulya umangsah | dharat tan kanthi dasih ||

6. dhasar gagah prakosa dêdêg musarat | gêro lir yaksa andik | sarya ngikal pêdhang | catur sakabat mapag | sadaya

--- 1 : 49 ---

majêng ing ngarsi | angingêr samya | mring Kustur nganan ngering ||

7. sarwi ngucap lah sapa aranmu kopar | Kustur Bardiyar angling | sun andêling Lakat | tan ana kaya ingwang | sun Kustur Bardiyar Aji | lah sira sapa | sakabat anauri ||

8. iya iki sahbat kang aran Ngubedah | iki kang aran Jêdin | iki Abu Darda | iki kang aran Sangat | angling sri kapir ambêkis | padha mundura | rasul mapaga mami ||

9. Jêdin numbak tinampan sampun karêbat | pinutung dados kalih | Ngubedah gya numbak | tibèng jaja tan pasah | tinangkis dening sang aji | landheyan patah | Abu Darda nglarihi ||

10. gya tinampèl punang landheyan kasingsal | Sangat numbak sing wuri | nanging tan tumama | pining kalih ping tiga | rinêbat landheyan kêni | malês binuntar | malêsat tibèng têbih ||

11. gya lumayu sakabat sakawan pisan | surak sagunging kapir | Sang Kustur gya nyêlak | warnanên Sayid Ngumar | manglong-manglong luhur biting | saksana mulat | kapir bêk sura sêkti ||

12. pinetaran ing mukmin ngiyêr kewala | sangsaya nyêlak biting | mèsêm Sayid Ngumar | saksana inguncalan | mriyêm saking luhur biting | gêngnya saêtal | sinambi lan lumaris ||

13. balang mriyêm sumiyut tibèng jajanya | kantêb Kustur Narpati | andheprok nèng kisma | tangi sangsaya kurdha | mundur kasaput ing wêngi | pra nata kopar | ôndrawina salatri ||

14. sawancine dumadi asewagara | enjingira [enjing...]

--- 1 : 50 ---

[...ira] kawarni | kang baris atata | bêdhil sarat nèng ngarsa | mimis tumpukan lir wukir | sampun rong dina | wong mukmin datan mijil ||

15. wadya Islam nèng jêro nêmbang têngara | sumrêg swarane jalmi | krêbêting kang wastra | lêlayu lan bandera | wor gadêbêging kuswa sri | umyang wurahan | pangriking turanggèsthi ||

16. nulya mijil saking jroning pambitingan | mrêtiga wadya mukmin | dadya tigang pôntha | têtindhih lèr winarna | Ngumar Katap angajrihi | wetan tindhihnya | Ngusman Ngabas kinanthi ||

17. ingkang kidul Senapati Sayid Ambyah | wus mêdal saking biting | sanjata gêng ngarsa | sampun pininta-pinta | mimis pirang-pirang giling | wadya gambira | baris jawining biting ||

18. anadhahi wong kapir nyumêd sanjata | gumludhug gêgirisi | dangu tar-pinetar | wong kapir lawan Islam | katiban mimis kèh mati | turôngga liman | kèh mati kêna mimis ||

19. mriyêm agêng sarat de wus akèh munya | surak lir krêngèng langit | têngara sauran | kocapa Sayid Ngumar | wadya giniring sing wuri | sarêng narajang | wong kapir anadhahi ||

20. bêdhil sarat mati wus padha kaliwat | caruk gumrêk myang kêris | acaruk kang pêdhang | wênèh popor-poporan | gêbag-ginêbag ing tamsir | têtak-tinêtak | jambak-jinambak gênti ||

21. pating brêkuh swarane wong kang kabranan | galasah punang mayit | têmah sagara rah | pêpati tan ingetang | kapir gêng saya kang prapti |

--- 1 : 51 ---

sapirang-pirang | kêthèn yutan ngêbyuki ||

22. mundur-mundur jinêjêl Bagendha Ngumar | Ngusman Ngabas kawarni | kawratan dènnya prang | banjêl-banjêl katulak | mundur-mundur dèn êbyuki | sapa kapêlak | wong Islam kèh ngêmasi ||

23. wadya kapir yèn ngarsa pêjah sayuta | sabara anungkêbi | warnanên Jêng Ambyah | maju-maju katulak | dasihira akèh mati | tumpês wong kopar | ngarsa wuri ngêbyuki ||

24. satêngahe paprangan sagara êrah | migêg-migêg kang jurit | mayit ting kurambang | wong kapir saya kathah | piniyak Bagendha Amir | kewran ing manah | mundur kajêjêl kapir ||

25. Raja Kustur Bardiyar têtindhihing prang | lan sagung para aji | satriya tri kopar | majêng ngawaki yuda | sadaya tan ngeman pati | jêjêlkên wadya | Amir kapèpèt biting ||

26. wadya Islam langkung kathah ingkang pêjah | Risang Wiradimurti | ambêk tiwikrama | wadya kapir ginêtak | kumrutug samya kapilis | gajah gêlasah | kuda pating gulinting ||

27. sapambêdhil wadya kapir anggêlasah | trêngginas wadya mukmin | prasamya anigas | gêmbung kapir galasah | anungkêbi kanan kering | ngarsa myang wuntat | wong kapir gêgilani ||

28. wanti-wanti Jêng Amir panggêtakira | mring wadyabala kapir | samya kapidhara | prituwin wadya Islam | kalêmpêr tumut galinting | Jêng Amir Ambyah | kewran dènira jurit ||

29. Raja Kustur Bardiyar sigra umangsah | nrajang mring Bagendha Mir | dangu sêsiringan | nandêr Bagendha Ambyah | Bardiyar dipun camêthi | gya tinadhahan [ti...]

--- 1 : 52 ---

[...nadhahan] | paris rêmuk dadya tri ||

30. gya ginada Sang Amir nulya malumpat | kudanira gulinting | nanging datan pêjah | Amir sigra narajang | katulak ing gada wêsi | Amir ingancap | nulya surak wong kapir ||

31. sinarêngan ing gada Ambyah katulak | wong kapir surak malih | Jêng Amir sru kewran | nênggih dènnyarsa pêtak | sabab carub ingkang jurit | kapir lan Islam | watir kasrawo malih ||

32. para nata saya kathah ingkang prapta | Kustur Bardiyar Aji | tansah asêsumbar | lah payo Amir Ambyah | kuwalahên mungsuh mami | angur nututa | nora ingsun patèni ||

33. malah ingsun gawea kang ulubalang | masthi yèn sira mukti | jêr wong kudu kompra | ngawula raja nistha | kangelan tur sothal-sathil | môngsa wignyaa | ngingoni anak rabi ||

34. wadya surak anglir ingkang langit rêbah | Amir kadya pinêtik | saksana angancap | Kustur Bardiyar tadhah | gada tinangkis cumêthi | sarêng wêntusnya | murub lir pendah agni ||

35. Amir Ambyah tansah katulak ing gada | kurdhanira tan sipi | malih anêrajang | sang nata dipangganya | kang sirah dipun camêthi | kuncrat polonya | malumpat sri bupati ||

36. pan andharat sira Sri Kustur Bardiyar | ya ta Bagendha Amir | ambêk tiwikrama | sang nata gya ginêtak | kantaka gumuling siti | gya tinututan | kang sirah dèn camêthi ||

37. sirah rêmuk Kustur Bardiyar palastra | surak prajurit mukmin |

--- 1 : 53 ---

ya ta para nata | sawadya gya umangsah | atadhah prajurit mukmin | petar-pinetar | mundur kasaput latri ||

38. wadya kapir arsa ngrangsang pambitingan | anglut marang wong mukmin | ametar sanjata | ya ta Bagendha Ambyah | sawadya wus tangkêp biting | Ngumar myang Ngusman | Ambyah marêk jêng nabi ||

39. kèri mangu nèng jawi biting wong kopar | pinetar saking nginggil | wus mundur wong kopar | kathah longe kang pêjah | ya ta ing Lakat Narpati | dalu sineba | pêpak kang para aji ||

40. wus ngundhangan bubar têpung pambitingan | ngumpul dadya sawiji | baris anèng wetan | ngubêng Sri Natèng Lakat | pêpak kang para narpati | andhèr sumewa | sira Bardanas Patih ||

41. matur nêmbah dhatêng Sri Narendra Lakat | yèn sêmbada sang aji | swawi mundur tuwan | dhatêng ing pambitingan | angasokakên kang dasih | ping kalih wiyar | sarta nglêrêmkên dhiri ||

42. abdi tuwan langkung sangêt sayahira | ngriki sangêt kasupit | sang nata tan arsa | mundur mring pambitingan | lah patih ngisin-isini | angur matia | barêng lawan Si Amir ||

43. lah Bardanas ing mêngko sira mentara | marang bitinging mukmin | sira anggawaa | wadya ing sawatara | Si Amir tonjokên tulis | surat tinampan | matur sandika patih ||

44. Sri Bardanas angucap marang tri raja | mangkat padha saiki | Mundakur myang Prastal | Bilar katiganira | sang nata sampun ngunduri | bitinging lama | ya ta Bardanas Patih ||

45. sigra mangsah sira Ki

--- 1 : 54 ---

Arya Bardanas | miwah narendra katri | kuda cêcongklangan | ya ta wadya uliya | prayitna nèng luhur biting | mriyêm pinasang | sadaya dèn êtêngi ||

46. wadya mukmin ningali luhur bitingan | ebat dulu mring kapir | nulya kagyat mulat | wontên kapir têtêgar | kang surya wus nunggang ardi | cêlak bitingan | warnanira asigit ||

47. kang satunggal patihe Raja Bardanas | prakosa agêng inggil | brêngos kokop sira | tau timbuling braja | pan sarwi asikêp bindi | Raja Bardanas | gandhewa kang tininggil ||

48. sampun cêlak lawang kori pambitingan | gawok prajurit mukmin | mring Patih Bardanas | apan dadya tontonan | wong papat tansah sêsirig | sangsaya cêlak | Bardanas lawan biting ||

49. ya ta nguwuh mring mukmin Raja Bardanas | aywa sikara mami | sun tan nêdya aprang | nadyan sira metara | ingsun tan arsa nglawani | jail wong Islam | dudu tandhingku jurit ||

50. iya ingsun kang aran Raja Bardanas | Patih Lakat linuwih | sêkti mahambara | mukmin mangsuli sabda | Sang Amir nèng ngarsa nabi | Bardanas latah | babo sira wong mukmin ||

51. ladak têmên si waton dènira ngucap | dêksura lawan jalmi | durung tau rasa | tan bisa mawang jalma | kang turôngga cinamêthi | ngêntrag wiraga | sarwi musthi jêmparing ||

52. ingkang nyênyêp wau kinanthilan sêrat | lumêpas kang jêmparing | angling tampanana | ing luhur biting prapta | cinandhak mring wadya mukmin | Patih Bardanas | lan rowangira katri ||

--- 1 : 55 ---

8. Wong Agung Tampi Sêrat Panantang.

8. Pangkur

1. angungkurkên pambitingan | sawadyanya wangsul marang ing biting | wadya mukmin kang winuwus | pan arsa atur wikan | anyaoskên nuwala mring gustinipun | Bagendha Ambyah pan lagya | anèng ngarsane jêng nabi ||

2. lagya anggusthi gêlar prang | wadya ingkang bêkta sêrat wus prapti | sinaoskên saking pungkur | tinampèn mring Jêng Ambyah | kangjêng nabi kagyat aningali dangu | punika sêrat punapa | dene têka nyalawadi ||

3. umatur Bagendha Ambyah | dèrèng tanya dhatêng kang bêkta tulis | kang bêkta dinangu gupuh | nulya matur wotsêkar | wau wontên tiyang kapir ingkang rawuh | mlipir anèng pambitingan | sakawan nitih turanggi ||

4. nanging kang kalih wanodya | abusana kakung asikêp biring | mung kêkalih tlêmpakipun | satunggal sikêp dhêndha | sikêp panah kang dadya pangiridipun | sarwi amusthi gandhewa | atêtêgar turut biting ||

5. tinanya nênggih saurnya | wastanipun Raja Bardanas Patih | ing Lakat pêpatihipun | têtanya dhatêng tuwan | amba pêksa yèn lagya sowan jêng rasul | nuntên amênthang gandhewa | tikswara kinanthèn tulis ||

6. saluhuring bètèng dhawah | suratipun inggih punika gusti | Bardanas anuntên wangsul | lawan sarowangira [sarowang...]

--- 1 : 56 ---

[...ira] | lah punika kang wontên ngasta pukulun | sêrat pinaringkên sigra | Ngabas kinèn maos tulis ||

7. pèngêt iki layang ingwang | iya ingsun Raja Bardanas Patih | kang môngka bêbanthèngipun | sêkti tur sura mrata | dadi patih tur misesa para ratu | pramugarining ayuda | dene iki layang mami ||

8. têkaa mring sira Ambyah | ya Kêlana Sultan Wiradimurti | dadèkna kawruhanamu | marmane ingsun prapta | pan angantêp marang sira Jayèngsatru | lêlanange amung sira | kang dadi ucaping jalmi ||

9. yêktine kalangkung nistha | tan sêmbada lawan êloking jalmi | tanggung gawe maju mundur | kaya pêkathik desa | cincing têlês nora wani aprang labuh | padha dene ingkang karya | senapati mring Si Amir ||

10. apa tan ana manungsa | wong mangkono kinarya senapati | lamun sira wani tangguh | môngsa sira nônggaa | amêthuka ing yudane gustiningsun | anistha tan wruh ing duga | mungsuh pangeraning bumi ||

11. yèn dhasar sira wani prang | aja tanggung gon ingsun anadhahi | wus titi ungêling têmbung | nulya Bagendha Ambyah | sarêng myarsa lir sinêbit karnanipun | tansah ginigit kang waja | sarira angêmu gêtih ||

12. gumêtêr ing astanira | napas sêsêk ngatirah tingal andik | Sayid Abu Bakar gupuh | mrêpêki mring Jêng Ambyah | nulya matur ing gusti bagendha rasul | gusti kang sêrat punika | inggih tan yogi ginalih ||

13. gusti wus limrahing mêngsah | angungaskên [angu...]

--- 1 : 57 ---

[...ngaskên] kuwanèn ambêk luwih | ngapêskên suraning mungsuh | pinrih ganas galihnya | têmah kuwur ing tingkah amburu nêpsu | têmah gampil pinaekan | kaburu panasing galih ||

14. mèsêm sarwi angandika | sira kangjêng nabi murtining bumi | paman lêrês aturipun | nênggih pun Abu Bakar | yèn wong aprang kenging ginasah ing mungsuh | sayêkti ènthèng sinôngga | kaburu panasing galih ||

15. marma kang sarèh kewala | benjing enjing pinagut ing ajurit | duk myarsa Sang Jayèngsatru | datan mangsuli sabda | kang kacipta mung Bardanas Jayèngsatru | nulya samya pêpujian | kang swara gumuruh asri ||

16. gya lajêng taratap pisan | sawusira bakda gya kêmbul bukti | warata sagunging wadu | ingajak sarêng dhahar | sawusira anggusthi trêtibing ngèlmu | sinambi anggusthi aprang | sapangkat-pangkating dasih ||

17. nulya sampun lêluwaran | lingsir dalu samana ingkang wanci | Jêng Ambyah makuwon sampun | prituwin pra sakabat | sampun bubar amasanggrahan sadarum | warnanên Bagendha Ambyah | tan suda panasing galih ||

18. kang salira gêrahuyang | sigra dhawuh ngambili kang turanggi | minta kêkapalan catur | kocapa Sayid Ngabas | sowan marang ing raka Sang Jayèngsatru | sapraptane palataran | wikan wong ngambili wajik ||

19. Bagendha Ngabas têtanya | jaran apa iku dèn kêkapani | lurah pakathik umatur | dhatêng Bagendha Ngabas | titihane raka tuwan Jayèngsatru | ngandika [ngandi...]

--- 1 : 58 ---

[...ka] Bagendha Ngabas | dene têka dèn kambili ||

20. umatur kang sinung sabda | amba tan wrin karsane gusti Amir | warnanên Sang Jayèngsatru | ingkang ngrasuk busana | pra wasiyat sampun ingagêm sadarum | jirih bênting sing Jêng Adam | ikêt pinggang sing Nabi Sis ||

21. kang kaos kalawan mojah | nênggih saking Kangjêng Nabi Ibrahim | ingkang saking Nabi Dawud | kêre wasiyating prang | baju silir Nabi Suleman kang asung | bau kiwa sing Nabi Skak | jimat gheal saking Edris ||

22. sampun rinasuk sadaya | andêl kawat sampun sikêp ing jurit | Bagendha Ngabas duk dulu | kang raka nitih kuda | gya mangrangkul ing suku Sang Jayèngsatru | kangmas dhatêng pundi tuwan | Jêng Ambyah kèndêl tan angling ||

23. dhuh kangmas mugi èngêta | Sayid Ngabas kalangkung ngasih-asih | tansah mangrêpa nèng ngayun | gendholi kudanira | sarya matur sampun kêsêrêng ing bêndu | karsa dhatêng pundi kangmas | kang raka mangsuli angling ||

24. arsa nusul mring Bardanas | laknat kapir dene mêmanas ati | nora lêga atiningsun | yèn tan karasèng tangan | Ngabas matur wau ngandikane rasul | punapa tan ginaliha | ambêkos Sang Jayèngmurti ||

25. dyan nyamêthi kudanira | para raja sakawan atut wuri | Lamdahur Maliyatkustur | Kemar lan Raja Maktal | Malikustur rinêbat turangganipun | dhumatêng Bagendha Ngabas | wus samya nandêr nututi ||

26. praptèng kori pambitingan | wus winêngan nandêr samargi-margi |

--- 1 : 59 ---

Bagendha Ambyah wus rawuh | pasanggrahane kopar | pakuwone wus sami pinanggih suwung | nandêr malih Sayid Ambyah | nglacak saloroge kapir ||

27. marêngi pêtêng gagapan | Ngabas tansah nêbut samargi-margi | umatur turut dêlanggung | suwawi wangsul kangmas | tan prayogi pêtênge anjumput irung | kang raka mangsuli nyêntak | sira balia pribadi ||

28. saya andarung lampahnya | gagap lampahira samargi-margi | tumurun ing jurang trêjung | Raja Lamdahur tiba | nganti dangu pisah lawan kudanipun | sawuse kapanggih nyengklak | malih gya nandêr nututi ||

29. tri wadya kècèr ing marga | amung kari Ngabas kang atut wingking | Bagendha Amir gya dulu | obor pating kalêncar | pan punika wong kapir kang samya tatu | prasamya winot ing unta | sawênèh winot ing sapi ||

30. gya nandêr Bagendha Ambyah | sampun prapta prênahe kang lumaris | Ngabas kinèn tanya gupuh | pan pangrèhe wong kopar | gya têtanya wong apa ingkang lumaku | sumaur kang sinung sabda | amba wong Lakat nagari ||

31. dhèrèkakên kônca brana | myang rêrepot ingkang kantun nèng margi | atanapi sangu-sangu | miwah jisiming raja | ingkang sami kasambut ing prang duk wau | takèn malih Sayid Ngabas | pira kancamu lumaris ||

32. mangsuli kang tinakenan | kintên-kintên rong èwu winitawis | Bagendha Ngabas winuwus | ana ngêndi Bardanas | amangsuli kawula pan botên [botê...]

--- 1 : 60 ---

[...n] wêruh | mantuke Raja Bardanas | sun watara sampun prapti ||

33. nênggih pambitinganira | sabab taksih siyang gènnya lumaris | gèn amba mangkat wus dalu | mila kantun nèng marga | nulya ana mantri satunggal amuwus | sapa iku kang têtanya | mring Raja Bardanas Patih ||

34. ingkang tinakonan ngucap | datan wikan gènnya takèn aniti | mantri kapir nulya muwus | apa iku wong Islam | Sayid Ambyah amangsuli iya ingsun | lurah prajurit Madinah | golèki Bardanas Patih ||

35. sarêng myarsa kapir giyak | bendrong bêdhil sawênèh anglarihi | cinumêthi bubar sumyur | kapir mati gêlasah | wênèh mati padha rowang saling saut | pangamuke Amir Ambyah | tan ana baya kaèsthi ||

36. nyumêthi sapisan tatas | ing wong sèkêt sawidak angêmasi | Amir pangamuknya liwung | bathang kapir gêlasah | obor pêjah gunging wong pating bilunglung | lumayu abêrangkangan | sumyur sasisaning pati ||

37. rêmbatan samya tinilar | myang trabêla miwah kang bêkta kanin | sarêng bubar kathah mawur | gêbras saparan-paran | ingkang nunggang jaran kèh mati galuntung | umpêtan awor bêbathang | pating salêmbur wong kanin ||

38. warnanên wus waktu pajar | Ngabas matur dhatêng kang raka aglis | dhuh kangmas suwawi kondur | manawi kasiyangan | bilih angsal sêsikune kangjêng rasul | gya kondur Bagendha Ambyah | Bagendha Ngabas tut wuri ||

39. Lamdahur Kemar lan Maktal |

--- 1 : 61 ---

wus kapêthuk lajêng andhèrèk gusti | sêsandêran ing dêlanggung | wus prapta pambitingan | wanci surya sumirat anuli wêktu | Amir lan kang rayi Ngabas | sawusing bakda ngabêkti

40. kondur mring pakuwonira | Sayid Ngabas lajêng anata dasih | wadya Madinah sadarum | samya ngambili kuda | byar raina têngara umyang gumuruh | sumrêg kang anata lampah | ngênting kasuraning mukmin ||

9. Wadya Arab Campuh kalihan Wadya Lakat.

9. Durma

1. datan mundur budhal wadya ing Madinah | lampahe golong pipit | gya têngran sanjata | pracihna mangkat yuda | swara lir gêlap sakêthi | prajurit Lakat | jumêgur animbangi ||

2. ênêngêna kang budhal saking bitingan | Raja Lakat winarni | sampun masanggrahan | pambitingannya lama | sapratigan wadya kapir | dhèrèk sang nata | kang kalih numbak baris ||

3. ambalabar anèng sakiduling arga | lir jalanidhi ngalih | senapatining prang | nênggih Raja Bardanas | pangagênging pra narpati | Sang Prastal Bilar | miwah Tarbikus Kabir ||

4. myang Mundakur dene ingkang para raja | kang samya pacak baris | sangang atus miwah | sèkêt gangsal pra raja | satriya punggawa mantri | tanpa wilangan | pirang-pirang wong kapir ||

5. amrêtiga pambajênge kang barisan | saduman wadya kapir | baris keblat wetan | kapir [ka...]

--- 1 : 62 ---

[...pir] kidul saduman | ngalèr ajênging kang baris | ingkang saduman | baris sukuning ardi ||

6. prêwata Kut ngidul barise barisan | supitan kanan kering | nyamar tan katara | têtunggul rinacutan | tampinganira kang baris | sanjata sarat | mimis tumpuk ing wukir ||

7. baris wetan anglela abra asinang | tinon lir sagaragni | têtunggulnya raras | dinulu langkung pelag | kasrang ing angin kumitir | Raja Bardanas | baris wetan dèn goni ||

8. lawan Raja Tarbikus Kabir nèng wetan | kang lèr Mundakur Aji | kidul Prastal Bilar | gumruh kang baris wetan | têngara mawanti-wanti | gamêlan ngangkang | kocapa baris mukmin ||

9. wus katingal kang dadya cucuking lampah | Mungawiyah pangirid | pangawak kang kanan | Bagendha Ngumar Katap | kering Ngusman Ngabas dening | Sayid Bu Bakar | ngampingi kangjêng nabi ||

10. Amir Ambyah sawadya angalap-alap | amisah lawan baris | ngracut panêngêran- | nira kapraboning prang | akanthi wadya pinilih | sèwu jaranan | busananira asri ||

11. tindakira sira jêng nabi mustapa | sinongsong mega putih | thathit lidhah lumrang | gêbyar-gêbyar ing tawang | pratistha nitih turanggi | pun abulkarba | merang pratônggapati ||

12. amarapit panêgran songsong makabat | kinare gunging dasih | miwah pra sakabat | kang dhèrèk jêng panutan | kalih dasa amêrapit | tansah prayitna | sadaya ambêk pati ||

13. cinarita [ci...]

--- 1 : 63 ---

[...narita] sakabate nabiyullah | kawan dasa pan sami | putraning narendra | sadaya darbe praja | darbe rerehan narpati | tur sura-sura | yuwana lamun jurit ||

14. pucuking prang wus samya nêmbang têngara | surak lir karngèng langit | wus campuh kang yuda | arame long-linongan | mimisnya kadi gurimis | kukus sêndawa | pêtêng lir têngah wêngi ||

15. agagapan kang yuda gêbang-ginêbang | kumropyak watang gathik | gya gada-ginada | wênèh pêdhang-pinêdhang | gêbrag-ginêbrag ing tamsir | mukmin lan kopar | tan ana kang gumingsir ||

16. ting barêkuh swarane wadya kabranan | bangke sungsun matindhih | myang bangkening liman | kuda agêgunungan | paprangan sagara gêtih | carub lan kisma | kasrang bêntèring rawi ||

17. têmah dadya sêgarandhut arêrawan | migêg-migêg kang jurit | tan bisa mundura | kang wuri anêrajang | tan ana kang ngeman pati | samya sudira | wong Islam lawan kapir ||

18. sanjata gêng swarane lir gêlap ngampar | kang maju maju mati | kang kuda galasah | katiban mimis sawat | tan ana nêdya gumingsir | kapir lan Islam | prasamya ambêk pati ||

19. tumpês ngarsa ing wuri jêjêl narajang | panggah prajurit mukmin | supit lèr kawarna | Mundakur nêsêg wadya | pêthit kilèn nyabêt aglis | kidul kocapa | Prastal Bilar nungkêbi ||

20. têpung gêlang kêmput pangêpunging kopar | surak sarwi bêdhili | kang prajurit Islam | mirut ngalèr tinunjang [ti...]

--- 1 : 64 ---

[...nunjang] | mundur pinetar sing wuri | tan bisa cêlak | wong Islam kèh kang mati ||

21. Ngumar mangsah katulak ing mimis kathah | kinarutug ing kapir | wuri ngêsuk mangsah | tan ana ngeman pêjah | Ngumar pangamuke ngungkih | mêksa katulak | kajêblos-jêblos jisim ||

22. andêlira wong wolung dasa narajang | tan bisa angundhili | sagung wirèng lawan | kasangsang ganjur rangap | pra sakabat wuru gêtih | kuthah ludira | wong kapir nora osik ||

23. Prastal Bilar sing kidul nulya narajang | tandange gêgirisi | nglela Sayid Ngumar | saksana tinarajang | Sri Bilar anitih èsthi | asikêp dhêndha | Sayid Ngumar nadhahi ||

24. sarêng têmpuh Sri Prastal Bilar ginada | rêmuk gajahnya mati | Sri Bilar malumpat | sarwi angikal dhêndha | Ngumar pinupuh kabanting | tangi narajang | ginada Bilar Aji ||

25. gya malumpat Prastal Bilar datan kêna | gadanya Ngumar Sayid | tumibèng bantala | dhungkar bumi prakêmpa | Sri Bilar ginada malih | kêbat malumpat | dhungkar kang punang bumi ||

26. Prastal Bilar gya mundur anitih kuda | nglêlimpe saking wuri | wastu Sayid Ngumar | bingung kakehan lawan | tinrajang mring Bilar Aji | rinêjah kuda | pinupuh kantêp siti ||

27. tangi sigra tinublês ing gadanira | Ngumar kantêb ing siti | sangsaya brêmatya | Ngumar runtuh gadanya | rinasuk Sang Bilar Aji | kuda cinandhak | ngumbulakên lir pêksi ||

28. têkan ingkang nunggangi

--- 1 : 65 ---

Sri Prastal Bilar | sumiyut kadi mimis | dhawahira pisah | kuda jur tiba lêmah | Prastal Bilar tiba lalis | pinupuh dhêndha | ajur kalawan siti ||

29. nulya wontên raja sakawan narajang | sami anitih èsthi | asikêp nênggala | satunggal sikêp dhêndha | sikêp barga kang sawiji | sawiji pêdhang | Ngumar dipun kêmbuli ||

30. binabit ing gada gajah samya rêmak | kang nunggang tibèng siti | gya tinimblis pisan | samya rêmuk wor lêmah | wong kapir samya ngunduri | tan bisa bênggang | jêjêl prajurit mukmin ||

31. Sri Mundakur narajang nitih turôngga | asikêp gada wêsi | wawrat sèwu katya | sarwi ngêrêkkên bala | angidak sagunging kapir | majêng angrêmpak | wong Islam kocar-kacir ||

32. Ngusman Ngabas nadhahi samya katulak | sanjata sarat mati | prang ngutug kewala | Ngusman jinêjêl kopar | umangsah angêlar baris | nitih turôngga | asikêp ganjur lungit ||

33. wadya kapir tinumbakan anggalasah | binuntar akèh mati | wuri saya kathah | kapir awêndran baran | Mundakur sarêng ningali | mring Sayid Ngusman | nglêlanangi ing jurit ||

34. miyak bala Ngusman nulya tinarajang | têmpuh kuda lan èsthi | Ngusman nulya numbak | sang nata tangkis gada | kasingsal rêntah kang biring | Ngusman tangginas | sinandêrkên kang wajik ||

35. Sri Mundakur amblêdig mring Sayid Ngusman | Ngusman nandêr lir thathit | nèng kuda anglayang | mêndhêt ganjur kang rêntah | mangsah Mundakur nadhahi | Ngusman anumbak | tinampèl paris wêsi ||

36. waos tugêl

--- 1 : 66 ---

nglarihi malih Jêng Ngusman | waosira katampin | Sri Mundakur Raja | sinêndhal sampun kêna | pinutung dados kêkalih | gya narik pêdhang | Ngusman kalangkung runtik ||

37. sêsiringan turôngga kalawan liman | dangu mangangkah sami | wong kapir gya surak | Ngabas gya anarajang | turôngga têmpuh lan èsthi | Ngabas amêdhang | katulak gada aji ||

38. wus dèn ingêr kudane Bagendha Ngabas | nandêr umangsah malih | Mundakur anggada | kêna turôngga rêmak | Ngabas mlumpat tibèng siti | Ngusman narajang | amêdhang saking wuri ||

39. Sri Mundakur kontal tiba sing matêngga | gumêbrug nulya tangi | Ngabas gya ginada | malumpat Ngusman sigra | sang nata pinêdhang malih | kenging jangganya | Ngabas mêdhang sing wuri ||

40. nulya niba sang nata akapidhara | Ngusman amêdhang malih | sang nata wus pêjah | sigar mukane rantas | katgada gumuling siti | surak wong Islam | kapir mangsah ngêbyuki ||

41. krasa sayah Ngusman lan Bagendha Ngabas | tansah binendrong bêdhil | wus ngungsi manêngah | kapir sangsaya ngidak | kapir kang kilèn metari | wong Islam glasah | kaya babadan pacing ||

42. kangjêng nabi arsa anggêdhêg gandhewa | Abu Bakar malangi | gendholi turôngga | matur lir cocak môngsa | mangrêpa ngarsaning gusti | tuwan kèndêla | amba mangsah pribadi ||

43. kangjêng nabi amêksa dènira mangsah | kudanya dèn cumêthi | gya mênthang gandhewa | lumêpas kang tikswara | brubul pirang-pirang kêthi | nibani kopar |

--- 1 : 67 ---

glasah akèh kang mati ||

44. bêdhil sarat katiban panah patah crah | wong kapir ngidak wani | yèn tumpês ing ngarsa | wuri yutan kang prapta | tandangnya saprêti bêlis | wetan kawarna | Mungawiyah kalindhih ||

45. wadya Islam prasamya anunjang rowang | tan ana ajrih gusti | kapir saya ngrêmpak | wong Islam kagegeran | jêng nabi katunjang dasih | wadya lumajar | tan kêna dèn sayuti ||

46. Abu Bakar nadhahi ganjurnya malang | putung katrajang dasih | sambate kang brana | gumrah awor karuna | kalindhih ngilèn wong mukmin | wus katadhahan | wong kapir ngrutug bêdhil ||

47. wangsul malih mangetan prajurit Islam | kapir wetan nadhahi | ametar gurnada | ngêdrèl linggar sunapan | mukmin saya kathah mati | ngungsi panutan | tan ana nolèh wuri ||

10. Wong Agung Madosi Patih ing Lakat.

10. Pangkur

1. ya ta wau Sayid Ambyah | dangu dènnya ngruruh Bardanas Patih | wadyane kinèn nêlusup | ngulari mring Bardanas | Risang Jayèngrana yèn nuju kapranggul | wong kapir dede Bardanas | kathah samya dèn langkungi ||

2. Raja Bardanas kocapa | sadangune ngracut kaprabon jurit | lampahe momor lan wadu | kang dadya senapatya | patihira pun Jobin [Jo...]

--- 1 : 68 ---

[...bin] busana murub | sinungsunan mliyu jênar | kinubêng para narpati ||

3. amangku tunggul baderabandera | wus tan kalih lawan Bardanas Aji | kawarnaa Jayèngsatru | kalimput dènira prang | sangêt supe mung ketang dènira bêndu | ngancam-ancam mring Bardanas | nulya na punggawa mantri ||

4. nandêr saking jro barisan | sigra-sigra andangu Bagendha Mir | ana ngêndi laknat kupur | kang aran Si Bardanas | wadya matur punika panggenanipun | dados senapatining prang | têngran songsong mliyu kuning ||

5. amangku tunggul pratôndha | gih punika tunggul ingkang kaèksi | gya nandêr Sang Jayèngsatru | nrajang mring pabarisan | tinadhahan mring kapir sinaut sumyur | cinumêthi rantas tatas | gègèr sagunging wong kapir ||

6. pun Jobin sampun anglela | gya tinrajang bubar kang anjajari | sawênèh nglarihi lawung | wênèh ana nyênjata | tan rinasa Sang Jayèngsatru wus nêmpuh | lawan pun Jobin saksana | cinumêthi angêmasi ||

7. nêratas sakudanira | Jobin kuda gumuling anèng siti | bubar wong kapir sadarum | Tarbikus Kabir mangsah | sikêp gada nitih liman sang aprabu | wus têmpuh lan Amir Ambyah | Tarbikus Kabir animblis ||

8. tangkis cumêthi Jêng Ambyah | gada mlêsat cumêthi dhawah èsthi | liman rêbah dhasnya rêmuk | anêrus mring sang nata | Sang Tarbikus Kabir samana wus lampus | bubar gusis wadya kopar | Patih Bardanas anggêndring ||

9. abdi malih nandêr prapta | matur gusti dede Bardanas [Bardana...]

--- 1 : 69 ---

[...s] Patih | punika kang sampun lampus | tiyang èstri kewala | gih punika Bardanas pêpatihipun | inggih pun Jobin wastanya | binusanan senapati ||

10. Bagendha Ambyah nabda kras | ana ngêndi Bardanas laknat kapir | punang pragalba umatur | gusti momor kewala | pun Bardanas kalawan prajuritipun | watake Raja Bardanas | sapurug bêkta pawèstri ||

11. kathahipun kalih dasa | sabusananira sakuswa sami | umpêtan momor lan wadu | lan malih nyinanira | pêdhang panjang ingapit sanjata jêpun | nging amba dangu katilap | sêlak kadêngangan kapir ||

12. kewran galihnya Jêng Ambyah | gya ingawur sadaya tiyang kapir | raja satriya alêbur | prajurit têtumpêsan | cinumêthi pirang-pirang dhas galundhung | wênèh niba wor bêbathang | kang mawal tinunjang mati ||

13. kudanira Sayid Ambyah | ran pun diktya singa sinaut mati | tinujah babrak gya lampus | sinepak pêjah sêmpal | nandêr ngalèr baris tinrutus sadarum | singa katrajang gêlasah | Amir saya wuru gêtih ||

14. abdinira wong sanambang | samya kècèr awis nyandhak ing gusti | pan amung Umiyah Saut | kalawan pun Hidayah | tansah untap-untapan dènira nusul | narutus ngilèn Jêng Ambyah | nêratas barising kapir ||

15. singa katrajang gêlasah | kapir mati kaya babadan pacing | nandêr ngidul kapir gêmpur | nulya nrajang mangetan | kapir pêjah kunarpa atumpang sungsun | ciptanira Amir Ambyah [A...]

--- 1 : 70 ---

[...mbyah] | kaya wong dolanan mênir ||

16. tuk panjurunge malekat | sarta ingkang supangat para nabi | Ambyah prajurit pinunjul | lêlananging payudan | marma sagung prajurit sakti dibya nung | tinrajang mring Jayèngrana | atos mijêt wohing ranti ||

17. ya ta prajurit Madinah | sampun numpang sadaya magut jurit | wong kapir sangsaya gêmpur | wimbuh ingkang kapapag | ing sanjatanira jêng bagendha rasul | wong kapir atêtumpêsan | mawur sasisaning mati ||

18. Raja Bardanas kocapa | nunjang-nunjang anandêr lonjong mimis | kalih dasa garwanipun | kathah kècèr ing marga | amung kantun gangsal ingkang maksih tumut | anasak asêsandêran | arsa ngungsi jroning biting ||

19. sampun cêlak pambitingan | kudanira Bardanas lan pra èstri | sami amogok sadarum | pêdhot ambêkanira | nulya rèrèn angasokkên kudanipun | gya wontên garwa satunggal | wau kantun anèng margi ||

20. mangkya nusul sêsandêran | ngliga pêdhang panandêrnya pinati | Bardanas sarêng andulu | nulya galundhung jurang | èstrinira lumayu nusup garumbul | kang nandêr kèri wus prapta | prênahe Bardanas Aji ||

21. nulya wrin wontên turôngga | kuda nênêm cinancang pinggir margi | tan pangling lan kudanipun | Bardanas garwanira | dènnya ngruruh Bardanas dèn uwuh-uwuh | dangu dènnya ngupadosan | Bardanas kapanggih jêngking ||

22. anèng jurang ling-alingan | sela

--- 1 : 71 ---

agêng sarwi angunus kêris | pangrasanira ing wau | duk mulat kuda kêras | pan sinêngguh iku uga Jayèngsatru | milane glundhung kewala | umpêtan nèng sela jêngking ||

23. dangu-dangu amiyarsa | swara wanti-wanti banèning èstri | gya ngungak Bardanas Prabu | saèstu garwanira | palingkuran sinarungkên dhuwungipun | garwa kang nusul angucap | nora nyana sri bupati ||

24. tan kêna binatin pisan | sanggupira ing nguni barêng mati | wusana ninggal lumayu | wêruha lamun cidra | mau ingsun milua Si Jayèngsatru | môngsa ingsun kinaryaa | sawiyah-wiyah ing jalmi ||

25. dènnya ngling sarwi karuna | Sri Bardanas ngimur sarya mrêpêki | yèn anua têka nutuh | wis jamake wong aprang | nuli kalah gênti mênang ariningsun | lan malihe playuningwang | golèki sira wong kuning ||

26. kocapa kang nèng paprangan | pan sakabat ingkang anama Danis | Ôndawiyah sami bujung | garwane Sri Bardanas | siji sowang kinalang saparanipun | wanodya ingkang satunggal | pratistha musthi jêmparing ||

27. lamun arsa cinêlakan | anjêmparing dhawahira lir grimis | Danis ingkang ambêbujung | yèn dèn panah alingan | parisira kêkanthil pating tarucuk | kêkapa anjrah kang panah | tibèng salira tan busik ||

28. amung rasukan kewala | rantas-rantas saya sêngkut pun Danis | nulya kêna kudanipun | pêpathakira sigar | kuda rêbah pun Danis malumpat gupuh | angrasuk buntuting

--- 1 : 72 ---

kuda | pun Danis mèsêm sarya ngling ||

29. payo mas mirah nututa | ingsun gawa mulih mring tanah Ngarbi | sun usukuruk Islam wong amuayu | sang dyah gêbug gandhewa | tinampenan ing asta gandhewanipun | sang dyah anarik curiga | pun Danis ginoco wani ||

30. Sang Danis datansah indha | sarwi ngucap bok aja bangêt runtik | sang dyah bêngis dènnya muwus | ingsun pilaur pêjah | luwih nistha wanodya amilih kakung | gustiku tan duwe ala | sun tau ginawe bêcik ||

31. pun Danis mangsuli sabda | ana ingsun iya tak gawe bêcik | sang dyah mancêrêng bêk lampus | nulya suduk salira | jaja nêrus aniba siti gya lampus | Danis nungkêmi kuwônda | tan wruh waspane amijil ||

32. èngêt ing purwa duksina | Danis nêbut iya ngudubillahi | Ôndawiyah kang winuwus | bujung dyah satunggalnya | sang wanodya sikêp biring ngêmbat lawung | Ôndawiyah gya tinumbak | kontal dhawah saking wajik ||

33. angrasuk malih tinumbak | tinadhahan waos rinêbat kenging | dhawah sing turangganipun | sang dyah dangu kantaka | Ôndawiyah nungkêmi angusapi luh | sang dyah èngêt ing wentehan | gya ngrêbut dhuwungira glis ||

34. jaja sinuduk priyôngga | wus ngêmasi sang dyah gumuling siti | Ôndawiyah kèri mangu | kesah ngusapi waspa | kawarnaa wong agung anjayèngsatru | kang ngamuk anèng payudan | têtumpêsan sagung kapir ||

35. ing payudan sagara rah |

--- 1 : 73 ---

sarah-sirih wangke myang pêdhang biring | lumut bandera lêlayu | gajah jaran lir parang | watês dhêngkul watêse sagara marus | turôngga mancik bêbathang | kèdêk kèlês punang mayit ||

36. tumpêsan sagunging kopar | sasisane pêjah kari rong kêthi | raja kang samya lumayu | pan kantun pitung dasa | nging Bardanas rinuruh datan katêmu | anuli udan prahara | sarya kasaput ing wêngi ||

37. galudhug gêlap angampar | gêtêr-patêr prakêmpa bumi gonjing | Jêng Ambyah ngruruh jêng rasul | wênèh ngruruh kang paman | kang sakabat prasamya ruruh-rinuruh | Jêng Ambyah têdhak sing kuda | mlajêngi mring kangjêng nabi ||

38. nulya nambut kudanira | kagyat mulat gusti murtining bumi | têdhak sing swandana gupuh | majêngi mring kang paman | Bagendha Mir mangrêpa sumiwèng ngayun | pra sakabat ingandikan | wus samya sowan ing gusti ||

39. samya ingaras sadaya | pra sakabat êmbunira mring gusti | wadya sadaya akumpul | sarya pêtêng gagapan | angandika jêng nabi ingkang pinunjul | paman yèn wus trang kang jawah | suwawi kondur mring biting ||

40. ngasokkên kang wadyabala | singa-singa sayah dènira jurit | yèn wus kalih dintên magut | Ambyah nuwun turira | Abu Bakar umatur mring kangjêng rasul | yèn marêngi karsa tuwan | gusti kawula ngantuni ||

41. nyaèni kang sabilullah | lawanipun awrat ènthènging kapir | gusti kados nuntên nusul | benjing enjing mring tuwan [tu...]

--- 1 : 74 ---

[...wan] | angandika jêng nabi ya sakarêpmu | nanging dèn padha prayitna | saksana wus trang kang riris ||

42. jêng nabi sawadyanira | tandya minggah dhatêng sukuning ardi | sadaya wus samya wêktu | mahrib jinamak ngisa | sawusira bakda gya sami lumaku | nêngna kang lagya lumampah | warnanên Bardanas Patih ||

43. kèndêl jawining bitingan | nglêbêt kanin suwurnya kêna mimis | ingkang tatu dhêngkulipun | jatine tatu tiba | kacocog ing curi landhêp ing jro tatu | mila awat tatu gaman | ajrih ingaranan jêrih ||

11. Raja Lakat Dipun Biyantu dhatêng Raja Jênggi.

11. Sinom

1. sasinome ngantya-antya | kancane kang kawon jurit | cinêgat kering bitingan | sarênti kang samya prapti | dangu-dangu anggili | wadya kathah samya tatu | pra raja nandhang brana | samya dharat dèrèng prapti | kang sawênèh raja samya kesah minggat ||

2. mulih mring nagaranira | satriya miwah prajurit | minggat samya sêsingidan | sapratigan wangsul biting | rong duman mantuk sami | dening tan bangkat ing pupuh | yudane wadya Islam | dene ta anggêgirisi | wongsal-wangsul kaburu ajrih kewala ||

3. batine rongèh kewala | sagung wadyaning narpati | tita mungsuh wong Madinah | tan ana unggul ing jurit | sabên aprang kalindhih | ing manah wêkasan [wê...]

--- 1 : 75 ---

[...kasan] kawus | tan kêna sinuwawa | wong Islam dènira jurit | pan sinêngguh padha duwe parewangan ||

4. dene kang sowan mring nata | dêstun kathah pitung iji | mantri dêstun mung sawidak | cacah sirah mung rong biting | samya dipun andhêgi | mring Bardanas nèng dêlanggung | dèn ajak barêng seba | angaturkên pati urip | Sri Bardanas ing driya langkung sungkawa ||

5. garwanira kalih dasa | kantun sakawan kang kèri | katuju kang saking Madyan | nora kadhindhal ing margi | Risang Bardanas Patih | dènira ngadhang wong tatu | surup ngantya sumirat | byar raina surya mijil | pan wus tita kang mulih amung punika ||

6. ya ta kang nèng pabarisan | kang momor tunggal wong mukmin | miwah wong kang kapidhara | sarêng kodanan anglilir | laju kesah prasami | minggat ing sapurug-purug | wênèh mati nèng dalan | pating kacècèr wong kanin | kang sawênèh na lumayu banjur minggat ||

7. Sri Lakat langkung sungkawa | pan sampun miyarsa warti | tansah anganti Bardanas | miwah pawarta kang yêkti | sineba pra narpati | mantri punggawa supênuh | kasaru praptanira | Bardanas ambuntêl kanin | pan rinômpa-rômpa dening tyang akathah ||

8. mukanya konjêm bantala | Bardanas lan pra narpati | kang mêntas kasoran yuda | ing saniskara wus ênting | katur dhumatêng gusti | èmêng ing tyas sang aprabu | langkung ajrih Bardanas | dhumatêng sri narapati | sakalangkung gêgêtun Sang Raja Lakat ||

9. saasorira

--- 1 : 76 ---

Bardanas | lan sagung para narpati | wadyanira têtumpêsan | ingamuk Bagendha Amir | ya ta sri narapati | anggêndhing mring para ratu | kang dadya senapatya | kang pra nata saur pêksi | samya ngaturakên pêjah gêsangira ||

10. binobotan bangkat karya | mapag yudaning wong mukmin | èmêng sri nata ing Lakat | dhasar wus alit kang galih | dene ta wali-wali | mêksa kasoran ing pupuh | wadyanya kathah pêjah | yèn binubarna kang baris | langkung merang angur baya palastraa ||

11. ya ta sampun lêluwaran | sang nata dènnya tinangkil | sumungkêm ing pagulingan | kagagas raosing galih | atêluk datan apti | lolos langkung merangipun | magut yuda tan bangkat | ajrih digdayanya mukmin | maju mundur ing driya saya kèmêngan ||

12. sigra iblis laknat prapta | arupa wong kaki-kaki | busana cara pandhita | lênggah ngarsane sang aji | kagyat sri narapati | dhêku-dhêku dènnya lungguh | umatur angrêrêpa | sintên paduka sang yogi | anuwèni dhatêng kang lagya sungkawa ||

13. kang mindha pandhita ngucap | iya ingsun Sang Sèh Macin | kang tansah nganglang buwana | marmanira ingsun prapti | sira aja prihatin | Dawilkusèn Sang Aprabu | sayêkti sesuk ana | pitulung ingsun narpati | marang sira lah kaki aja sungkawa ||

14. kene ana Ratu Ngabsah | ajêjuluk Raja Jênggi | iku kang bantu mring sira | awit pakon ingsun kaki | nguni ingkang nagari | rinusak Sang Jayèngsatru [Jayèng...]

--- 1 : 77 ---

[...satru] | bapakne Jênggi sirna | pinatèn Bagendha Amir | bala bubar garwanya pating salêbar ||

15. kang kacandhak pinêjahan | kang urip ngungsi wanadri | Jênggi duk kala sêmana | apan ta maksih bêbayi | kèri anèng wanadri | gya pinupu wong lêlaku | nangkoda bèr ing bôndha | sugih donya bèr ing budi | sugih laskar Jênggi rinêngkuh atmaja ||

16. warnanira datan lumrah | susu rèntèng kadya anjing | wulu dhiwut-dhiwut panjang | netra sumurap angriyip | irêngnya lir minangsi | amung abang dhadhanipun | apan ta lama-lama | Jênggi saya gêng sinakti | bisa amblês ing sadhasaring samodra ||

17. bisa ngambah jumantara | ki nangkoda saya asih | Jênggi tansah atêtanya | mring sudarma kang sayogi | nangkoda angakêni | dènira nêmu dêlanggung | lola tan darbe bapa | Sang Jênggi langkung prihatin | dangu-dangu wong Ngabsah lulut sadaya ||

18. wusana jumênêng nata | ana Ngabêsah nagari | amarentah para nata | narendra mônca sumiwi | Jênggi langkung sinêkti | tur jêmbar pagunanipun | asih marang ing bala | bisa ngenaki ing ati | tur wus wêruh putrane Natèng Ngabêsah ||

19. kabèh sadulure sanga | kang têlu mati ngajurit | kang lima angulandara | kang dadi amung Si Jênggi | marmane bantu jurit | sun kang akon malês ukum | marang Si Amir Ambyah | saiki wus praptèng margi | sesuk esuk ing praptane wayah ngasar ||

20. umatur Narendra Lakat |

--- 1 : 78 ---

kalangkung lêga tyas mami | wontên kang nanggulang ing prang | nanging sumêlang ing ati | wantu pun Jênggi mukti | luhur marentah pra ratu | sêkti tur widigdaya | amba wong kang kawlasasih | wusanane angêkul dhatêng kawula ||

21. sang pindha warna angucap | ywa sumêlang sri bupati | Si Jênggi pan kumawula | ing lair têrus ing batin | umatur sri bupati | langkung lêganing tyas ulun | malih sumêlang amba | manawi tan bangkat kardi | wantunira wong Islam sami digdaya ||

22. sang mindha warna angucap | iya pasthèkêna kaki | rusakira wong Madinah | wus kakêpêl mring Si Jênggi | kaya tiwas Si Amir | pasthèkêna kaki prabu | iku marganing pêjah | awit saking Raja Jênggi | sun petangi ing kono tibaning ajal ||

23. lan malih prajurit Islam | yèn wus mati Bagendha Mir | ilang ugêring payudan | tan ana kang bangkat kardi | têmahane wong mukmin | lir sapu wêdhar suhipun | sumyur tan wani nglawan | tan ana boboting jurit | titènana yèn ingsun cidra ubaya ||

24. kang mindha warna wus musna | sang nata enggar ing galih | prituwin Patih Bardanas | sarêng jinarwan sang aji | langkung sukaning ati | kunêng gantya kang winuwus | Jêng Sayid Abu Bakar | tansah angumpulkên jisim | ingkang sami sabilollah nèng paprangan ||

25. Narendra Lakat winarna | miwah Sri Bardanas Patih | kang gusthi pratingkahing prang | myang gusthi Sang Raja Jênggi | matur Bardanas Patih | yèn marêngi karsa [kar...]

--- 1 : 79 ---

[...sa] prabu | amba mêthuk priyôngga | dhumatêng Sang Raja Jênggi | dimèn tumrap ing karsa paduka nata ||

26. mangke yèn prapta ing ngarsa | tuwan mung kantun numpangi | ywa ngantos paduka gêla | sampun ngantos gadhah dhiri | sang nata wus nglilani | Bardanas umêsat gupuh | warnanên lampahira | sira Sang Ngabsah Narpati | ing samarga-marga lir sagara bêna ||

27. rongèwu kang para nata | cacah mantri patang kêthi | prajurit tanpa wilangan | Jênggi nitih rata rukmi | pangirid kuda tèji | rongpuluh rakit nung-anung | songsong laring manyura | tunggulira sêsotya di | sri narendra asri citraning busana ||

28. tuhu sêkti mahambara | bisa ngambah ing wiyati | amblês sajroning pratala | kèringan ing wong sabumi | agêmira yèn jurit | jêmparing ginêdhêg mêtu | naga wêndran abaran | lan bisa ngêdalkên gêni | pan ingaran iku jêmparing bramastra ||

Lajêng nyandhak jilid: 2.

--- 1 : [80] ---

Isinipun

... Kaca:

1. Wong Agung dipun dadosakên senapati. ... 3

2. Kangjêng nabi bidhal mapagagên mêngsah dhatêng rêdi Kut. ... 8

3. Prajurit Arab campuh kalihan prajurit Lakat. ... 15

4. Raja Lakat kasmaran dhatêng golèk têtironipun putri Mêdayin. ... 24

5. Kangjêng nabi ngêdali prang. ... 29

6. Raja Lakat ngêdali prang. ... 39

7. Prajurit Lakat têtumpêsan. ... 48

8. Wong Agung tampi sêrat panantang. ... 55

9. Wadya Arab campuh kalihan wadya Lakat. ... 61

10. Wong Agung madosi patih ing Lakat. ... 67

11. Raja Lakat dipun biyantu dhatêng Raja Jênggi. ... 74