Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 01–19)

Judul
Sambungan
1. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 01–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 20–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 40–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 61–82). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 83–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 30-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Menak

Ăngka 4.

Anyariyosakên awit Menak Jayèngrana prang kêlayan Raja Kewusnendar ing nêgari Yujana, dipun cidra dhatêng Dèwi Adaninggar Putri Cina, kabêkta ing salêbêting guwa, saingga dumugi Wong Agung Menak prang kêlayan Raja Maliyat Kustur ratu ing Kubarsi, wontên ing nêgari Kusniya Malebari, mawi kasêkarakên.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan G. C. T. van Dhorêp, En Ko, ing nagari Sêmarang - Surabaya - Bandhung, ing taun 1857.

--- 4: [0] ---

[...]

--- 4: [1] ---

Sêrat Menak

Ăngka 4.

1. Dhandhanggula

1. amba matur ing tuwan sayêkti | milane kesah saking nêgara | kawratan nandhang wirage | amung paduka ketung | ing supêna tan wontên malih | awit duk mila-mila | kawula pukulun | ing timur praptèng diwasa | ginagulang ing rama amangun jurit | kathah paguroning prang ||

2. nuntên diwasa tinari krami | dhatêng rama prabu tyas kawula | tan arsa krama atangèh | ing pangraos pukulun | karêm kaprawiraning jurit | sapa pantês mêngkua | ing sariraningsun | yèn nora nana satriya | prawiraning angungkuli wong sabumi | datan arsa akrama ||

3. nuntên kathah wong Cina kang warti | kang ngêdhaton ing nagri Kuparman | saking lêlana wijile | andon prang saking timur | malah mangke datanpa tandhing | Menak Surayèng Jagad | kathah prawira nung | sagung para raja-raja | ngatasangin ing bawahangin kajodhi | ing prang lajêng suwita ||

4. mèh kaputêr ngisoring wiyati | tan ana ratu kêlar anandhang | ing prang nanggulang bobote | nêrpati punjul-punjul | kang prawira ing nguni-uni | siji pan durung ana | lumawaning tangguh | wus kasub kaonang-onang | kang pêparab Ambyah Sang Surayèng Bumi |

--- 4: 2 ---

Menak Pêpakuningrat ||

5. [...]najaya dimurti | Jayèngsatru prawira digdaya | ing [...] | [...]ra ratu | pitung lêksa lan pitung kêthi | sèwu ratu wêdana | sumbaga nung-anung | ingambil putra panuwa | dene Prabu Nyakrawati ing Mêdayin | ingambil mantu pisan ||

6. satriya lus ambêk martèng dasih | sih wadya gung gung ngula wisuda | tan ana rêngat balane | abagus ambêk sadu | mawa cahya amendha sasi | garwanipun têtiga | putri ayu-ayu | ing Mêdayin ing Karsinah | Parangakik pan sami putri prajurit | awit kula miyarsa ||

7. inggih brangti kandhuhan pawarti | rama prabu asih apêputra | kawula ingatêrake | binêktan palwa sèwu | satus wêndra warni brana di | pèni-pèni ing Cina | lan pêpatihipun | bapa ji tumut kawula | amung bêkta prajurite tigang kêthi | kawula mung binêktan ||

8. prajurit kakung ingkang sakêthi | inggih dhomas prajurit wanodya | dhatêng Kuparman sêdyane | wontên margi pukulun | angsal warti Kuparman sêpi | wontên Kuwari tuwan | marmane anjujul | praptèng Kuwari kawula | panggih suwung dhatêng Yujana mariki | tan lami nuli prapta ||

9. badhe lajêng mring paduka Amir | nuntên wontên peling yèn paduka | inggih yèn lagya prang rame | tan galih ing dyah ayu | amung prang kang dipun sukêmi | dadya kawula têmah | bilênglênglêng bingung | kuwur pikir dadi ngawar | ngawur-awur [ngawur-a...]

--- 4: 3 ---

[...wur] karya bang lambe [...] | [...] samudana ||

10. kêlairan mring Prabu Mêdayin | [...] prang kula pratela | ing tuwan sêrbi batine | duk mila-milanipun | badhe atur surat ing gusti | sagung ingkang pratingkah | punika satuhu | kang mawi gugup punika | gih mênawi kadrawasan ing pawarti | awit saking pamapag ||

11. raja kaputrèng kang luwih adi | wontên cirine putri Karsinah | garwa paduka sang anom | Rêtna Dèwi Rabingu | Sirtupilaèli prajurit | sadaya pan kadadak | atêmah pukulun | mandungi dhatêng paduka | nêdya atur pratela tur pati urip | ngaturkên kêbatinan ||

12. lir carita ature sang putri | sira wong agung alon ngandika | tuturira iku kabèh | tan ana ingkang luput | nanging ingkang wêkasan iki | sisipe lakunira | kagupuhên gugup | dadi wus karsaning Suksma | wus kapêtha garwane Rajèng Mêdayin | sira pan maratuwa ||

13. nora kêna raganingsun iki | aciptaa marang maratuwa | dadi antuk nama sèdhèng | duraka kang tinêmu | duk miyarsa sang rajaputri | anglênggêr saput driya | sumaput arubuh | gumulung tibèng bantala | dangu-dangu anglilir pêpungun aris | ature angrêrêpa ||

14. botên kenging yèn paduka nampik | saking gêngipun brăngta kawula | inggih duk mila-milane | tan wontên ingkang ketung | amung tuwan ingkang kaèksi | cumanthèl [cuma...]

--- 4: 4 ---

[...nthèl] anèng nêtra | [...] | [...]mi Hyang Lata Walujwa | adarbea cipta liya [...] | sampun manggih raharja ||

15. angandika Sang Surayèng Bumi | [...]ing prasêtyanira | iya baya wus pasthine | [...] | rama Prabu Anyakrawati | kula dadi tur sêmbah | andika pun ibu | ibu lah ta kadyaparan | raganingsun makètêna kadipundi | jêr nyata maratuwa ||

16. yèn sampuna kêpalang sirèki | [...] ya putri kang kaya pa | ayu anak ratu gêdhe | prawira ing prang pupuh | sugih brana sugih prajurit | kasub kalok ing jana | amanis sumunu | rêspati sêdhêp sêmbada | sira pantês tinuku samodra gêtih | kuciwa maratuwa ||

17. dadi apa wong aurip iki | yèn kuranga krama kang wus kaprah | linakonan lan wong akèh | angowahana wuwus | cilakane manusa iki | siniksa jro nêraka | tan ana kang tulung | yèn kramaa maratuwa | duduh kêthuh kabubuh ambêbayani | ta[...]tuhing sajagad ||

18. lawan ilang yonine ngajurit | ilang sêbute jalma utama | kèsi-èsi wêkasane | anak putune katut | nora bisa têmu ing wuri | lan sanak wong atuwa | sinatru sinêrtu | tinapis ingkang pangwasa | wêkasane binurak-burak ing jalmi | wong rabi maratuwa ||

19. sang rajaputri jêrit anangis | gawok têmên aku yèn [...]ka | liwating pamaidone | durung imbalan [imba...]

--- 4: 5 ---

[...lan] wuwus | durung sa[...] mami | durung atêpung ulat | durung rèh rinêngkuh | [...] wangan | tur gorohan kaniaya angarani | angaku maratuwa ||

20. gêdrag-gêdrug anjêjêki bumi | jêmpalng-jêmpling dènira karuna | sikara wong agung kiye | wastra pisah tinêpung | bisa jait rasaning ati | buron Arab kang mo[...] | maesa nak-ènuk | prasaja wetaning Mêkah | dipaningrat sêrêng ngayam-ayam pati | mêmacuk maratuwa ||

21. wus mangkana anilar Sang Amir | Sang Rajaputri Cina umêsat | mantuk marang pakuwone | kêlamun dalu wangsul | pan anyilib ing wadyanèki | ngrêrêpa mring wong Menak | datan antuk atur | dadya gung wau sang rêtna | wira-wiri nêngêna sang rajaputri | wuwusên pêsanggrahan ||

22. wadya ingkang saking ing Kuwari | para ratu saha wadyakuswa | kang samya dhèrèk praptane | sang putri kalihipun | lan kang putra wus sami panggih | anglud bantu karuna | mangkana winuwus | sira Raja Kewusnendar | duk miyarsa musnaning Sang Jayèngmurti | atilar pasanggrahan ||

23. sami myarsa Sang Natèng Mêdayin | gunêm lawan Sang Prabu Yujana | Sri Kewusnêndar ature | yèn suwawi pukulun | tinumpêsan bala Nata Mir | gustine sampun minggat | pan ajrih ing lampus | kari wadyane kewala | Kewusnendar enjing anabuh têngari | mangsah jingga nonoman ||

2. Durma

1. atêngara enjing bala

--- 4: 6 ---

ing Yujana | kêndhang gong lawan bèri | gong maguru găngsa | têtêg sèwu sauran | barising Yujana mijil | aglar ing papan | wadya Rab animbangi ||

2. atêngara sagung para raja-raja | bubul wadya para ji | mijil anèng papan | sampun baris kalangan | Kêndhang Iskandar tinitir | mring Arya Maktal | muluk muni wiyati ||

3. wadya Ngarab sêdaya wuwuh tyasira | lir pendah dèn kilèni | surake gumêrah | wurahan swaranira | linilanana mring gusti | anglêbur kutha | tan nganggo dina malih ||

4. Prabu Jaka Jayusman munggèng amparan | kinubêng ing para ji | miwah pra dipatya | punggawa ulubalang | satriya prameya mantri | saos ing karya | munggèng ngarsaning gusti ||

5. sira Prabu Yujana mundhut turăngga | sakêpraboning jurit | sigra nitih kuda | mêdal mring pabaratan | jongwiyat mêdal sêsirig | asumbar-sumbar | payo bala Nata Mir ||

6. mêtonana iki prabu ing Yujana | rêbutên ing ajurit | dadi sukaningwang | payo barênga mara | gustimu minggating wêngi | wêdi maringwang | wau duk amiyarsi ||

7. Raja Kalbudiyan amit ingidenan | sira Natèng Biraji | anitih turăngga | kawot kêpraboning prang | praptèng papan wus apanggih | Prabu Yujana | asru dènira angling ||

8. sapa ranmu ratu utawa satriya | ingsun Rajèng Biraji | aran Kalbudiyan | gumujêng Kewusnendar | ratu apa [a...]

--- 4: 7 ---

[...pa] sira iki | ratu sêsêngkan | dudu ratu awiji ||

9. pêpatuting wisma nèng pinggiring alas | anukang kayu jati | abahan baita | iku pêpantêsira | têka dadak dadi aji | wingi wong Arab | kang wus prang [...] bêcik ||

10. ya ta têmu apa lah Si Kakungingrat | gawe ratu sirèki | liwat saking wadhag | ing titah warnanira | Kalbudiyan Sri Bupati | sumaur sugal | buwah Biraji mami ||

11. ala-ala pan ingsun ratu wêdana | dhomas para nêrpati | kang ka[...] deningwang | karsaning gustiningwang | Wong Agung Surayèng Bumi | [...] | bănda kaya sirèki ||

12. payo Kewusnendar apa anèng sira | tibakna sun tadhahi | mojar Kewusnendar | kudhunga băndabaya | sun gada aja ngoncati | sigra anggada | Kewusnendar Sang Aji ||

13. sarwi sênggak panggadane Kewusnendar | sang prabu ing Biraji | parisane sigar | anrus sirahing kuda | pêcah turăngga ngêmasi | tiba kasingsal | sang prabu [...][1] ||

14. dhêrakalan tangi nulya narik pêdhang | anandêr sri bupati | Kewusnendar sigra | têdhak saking turăngga | [...]mpuh lan tangkis | manjing kinipat | putung pêdhangirèki ||

15. asru mujar Sri Bupati Kewusnendar | ujarku nora sisip | si awak baita | si tukang kayu sira | kèthèr solahmu ngajurit | sigra anyandhak | wangkinganing sang aji ||

16. Kewusnendar ingangkat [ingang...]

--- 4: 8 ---

[...kat] pan nora kangkat | gênti cangking-cinangking | Raja Kalbudiyan | binanting sarwi sênggak | kêbanting Rajèng Biraji | gumuling kisma | sigra dènnya gosongi ||

17. Raja Sarkab amit miyos ing ayuda | ingidèn sigra nitih | turăngga umangsah | prapta ayun-ayunan | Prabu Kewusnendar angling | sapa ranira | abagus agêng inggil ||

18. a[...] ingsun aran Raja Sarkab | nêgaraningsun Turki | ratu andêling prang | sinêmbah ing prawira | ngawulakkên para aji | hèh Kewusnendar | panggahên sun ajurit ||

19. iya Sarkab dèn prayitna ingsun gada | kudhunga paris wêsi | sigra pinêrpêkan | pun jongwiyat kinêtab | amutêr gada sang aji | tiniban gada | kuwat dènira nangkis ||

20. rosanira panggadane Kewusnendar | kuwate kang nadhahi | amêtu dahana | mumbul kumantar-kantar | gumuruh suraking dasih | ingkang ayuda | prasamya [...]sih ||

21. panggadane amindho Sri Kewusnendar | [...]laban gêni | surak wong Yujana | lah mati ratu ika | ajur awor lawan siti | adate uga | yèn gada ratu mami ||

22. [...] sapa mungsuhe măngsa mindhoa | Sarkab tinon pan maksih | amalês anggada | Kewusnendar atadhah | ginada tinitir-titir | Sri Kewusnendar | turangganira anjrit ||

23. mubal gêni parisane Kewusnendar | asru dènira angling | hèh Sarkab prawira | sêdhêng ratu wêdana | mau

--- 4: 9 ---

Sang Raja Biraji | mambu urakan | tandange ing ajurit ||

24. rame gènnya yuda agada-ginada | gênti titir-tinitir | kalihe wêntala | dangu datan tasoran[2] | barêng sèlèh gada kalih | pêdhang-pinêdhang | sami wasise kalih ||

25. awurahan surake mungsuh lan rowang | mangkana kang ajurit | kêsaput ing surya | diwasa tinêtêgan | [...] kalih [...] | mungsuh lan rowang | amêsanggrahan sami ||

26. apan sami bujana ing dalunira | enjing atangkêp malih | wus samya têngara | kêndhang gong asauran | wong Arab wong Yujanèki | arêbut papan | têpung kang punang baris ||

27. Kewusnendar sampun alênggah palangkan | lan prabu ing Mêdayin | sagung pra dipatya | punggawa sinatriya | ngubêngi sang prabu kalih | Wong Agung Arab | nèng papan wus alinggih ||

28. munggèng ing amparan rêtna dirgasana | Arya Maktal angapit | lawan Rajèng Ruslan | Lamdahur tan atêbah | Tamtanus ingkang nindhihi | Iskal Iskalan | satriyèng Rum tan têbih ||

29. Sang Surayèng Bumiputra angandika | hèh paman kadipundi | prakawis kang mêdal | ingkang amapag ing prang | pun paman ingkang prayogi | dèn lêstantuna | kadya ing wingi-wingi ||

30. turira lon kang paman ing Parangteja | botên inggih ing mangkin | asalina gêlar | inggih sagêgolongan | kang darbe dintên puniki | rama paduka | kakang Prabu Sêrandil ||

--- 4: 10 ---

31. angandika Sang Surayèng Bumiputra | nuduh Radèn Pirngadi | sigra amit nêmbah | mêsat anitih kuda | munggèng papan asêsirig | lah kêmbulana | iki putra Sêrandil ||

32. tau nyêkêl satriya ambănda raja | hèh iki Si Pirngadi | payo Kewusnendar | kene padha prawira | Prabu Yujana miyarsi | ngatag prawira | Raja Kandrun Nêrpati ||

33. pan kaipe dening Prabu Kewusnendar | nêgarane Dêrmani | mangsah nitih kuda | sarwi angagêm gada | praptèng rana wus apanggih | ayun-ayunan | angling Radèn Pirngadi ||

34. sapa ranmu kang amapag tandang ingwang | ingsun Natèng Dêrmani | Raja Kandrun ingwang | ipe Rajèng Yujana | lah sira anom apêkik | apa satriya | utawa si nêrpati ||

35. iya iki rajaputrani ing Selan | putrangkat sun ingambil | dene gustiningwang | Risang Surayèng Jagad | ingsun kang aran Pirngadi | apa nèng sira | payo Rajèng Dêrmani ||

36. Raja Kandrun marêpêki ngundha gada | kudhung parise wêsi | Rajaputra Selan | ginada tinadhahan | parisane mubal gêni | surak gumêrah | yayah nêngkêr wiyati ||

37. pining tiga tinitir pênggadanira | panggah Radèn Pirngadi | hèh Kandrun dèn yitna | kudhunga băndabaya | amutêr gadanira glis | putra ing Selan | ngêtab kuda mêrpêki ||

38. Raja Kandrun atangkis parise waja | sigra tiniban bindi | parisane sigar | kampat sirahing kuda | rêmuk [rê...]

--- 4: 11 ---

[...muk] ajur tibèng siti | tiba kaplêsat | sira Rajèng Dêrmani ||

39. ingudhunan Raja Kandrun tangi mêdhang | tinangkis sarwi babit | tikêl pêdhangira | Raja Kandrun cinandhak | wangkinganira binanting | tiba kantaka | tarutul dèn talèni ||

40. Tajiwalar pêpatihe Umarmaya | binayang mundur aglis | Rajaputra Selan | sêsumbar nguwuh lawan | wong Yujana aja gênti | barênga mara | rêbutên ing ajurit ||

41. duk miyarsamangsah Sang Raja Tirantang | sira Sang Raja Kibsil | dharat praptèng rana | sarwi angundha gada | wong anom dèn ngati-ati | sapa ranira | ingsun Radèn Pirngadi ||

42. sira iku wong dhawuk sapa ranira | wus nora patut jurit | ngling Rajèng Tirantang | pan ingsun ratu tumbal | dadi masêlating jurit | măngsa anaa | kang timbang Raja Kibsil ||

43. dèn prayitna Pirngadi sira sun gada | mutêr gadanira glis | sarwi matêk ja[...] | [...]wês prak | rêmuk saking gada mami | sigra tiniban | [...] putra Pirngadi ||

44. tinadhahan parise têmpuh kumêprak | sarya lok mati mati | Raja Kibsil bapang | Pirngadi mutêr gada | dèn prayitna sira kaki | sigra ginada | atadhah Raja Kibsil ||

45. pan ingantêp panggadane putra Selan | sira Sang Raja Kibsil | kajumpalik rêbah | niba kalumah-lumah | Tajiwalar prapta malih | wus ingancikan | jajane Raja Kibsil ||

--- 4: 12 ---

46. gya rinangkus sukunira tanganira | nangis Sang Raja Kibsil | sigra binabayang | Raja Kibsil kêtawan | sang aprabu ing Sêrandil | angatag gantya | sira Rajèng Surati ||

47. sigra mangsah Sang Raja Suratisdaham | sampun wahana èsthi | praptèng rananggana | angling Suratisdaham | hèh radèn mundura aglis | ingkang timbalan | rama paduka aji ||

48. lawan sira Sang Surayèng Bumiputra | kula kinèn gêntosi | mundur nitih kuda | prapta têdhak anêmbah | ing Radèn Jayusman nuli | lajêng mring rama | nêmbah rinangkul aglis ||

49. wau Raja Suratisdaham sêsumbar | sarwi anguwuh tandhing | payo mêtonana | prajurit ing Yujana | sapa kang arsa ngêmasi | lah papagêna | yuda kênaka mami ||

3. Pangkur

1. mangsah Raja Darudirham | Natèng Saldum nitih gajah ngajrihi | sarwi angagêm salukun | prapta ayun-ayunan | angling sugal hèh sapa aranmu ratu | sumaur Suratisdaham | ingsun raja ing Surati ||

2. lah sira sapa ranira | ingsun andêl ing Yujana prajurit | nêgaraningsun ing Saldum | Sang Raja Darudirham | tadhahana wong Arab ingsun salukun | Sang Prabu Suratisdaham | sinalukun anadhahi ||

3. mèntèr parisane waja | dyan ginada mring Sang Rajèng Surati | atangkis Sang Raja Saldum | surak bala gumêrah | rame gênti gada kêlawan salukun | tan ana kasor kalihnya | Raja Saldum lan Surati ||

--- 4: 13 ---

4. sapih kang surya diwasa | tinêtêgan mundur kalih kang jurit | samya amakuwon sampun | dalu samya drawina | pan sêdalu enjinge malih winuwus | munya têngaraning yuda | kêndhang gong gubar lan bèri ||

5. wadya Rab mijil barisnya | wong Yujana wus tata sami mijil | barise sampun atêpung | wong agunge wus samya | nèng ngajêngan Sang Surayèng Jagadsunu | aglar raja pinituwa | kang munggèng ing kanan kering ||

6. Kewusnendar lan Nusirwan | sampun munggèng amparan kang prajurit | aglar kang caos ing pupuh | Sang Raja Darudirham | mêdal malih asêsumbar ing prang pupuh | lah payo Suratisdaham | nutugakên prange wingi ||

7. anglela munggèng dirada | Prabu Iskal ngatag prajuritnèki | ing Têrkiyah Raja Arnus | mangsah nitih blêgdaba | praptèng rana yun-ayunan asru muwus | wong Arab sapa ranira | Raja Arnus aran mami ||

8. nêgaraningsun Têrkiyah | wong Yujana sapa aranirèki | pan ingsun Nêrpati Saldum | aran ngong Darudirham | dèn prayitna wong Arab ingsun salukun | têmpuh salukun lan gada | arame dènira jurit ||

9. putung Raja Darudirham | salukune têmpuh gada binabit | ginada dipangganipun | Sang Raja Darudirham | pêcah sirahing gajah Sang Rajèng Saldum | aniba saking dipăngga | tangi narik pêdhangnèki ||

10. Sang Raja Arnus pinêdhang | blêgdabane Raja Arnus ngudhuni | ngalingi blêgdabanipun [blêgda...]

--- 4: 14 ---

[...banipun] | Raja Arnus anggada | tuna dungkap pênangkise Rajèng Saldum | dhasar sampun sangêt sayah | tibane saking ing èsthi ||

11. bau kêsampar ing gada | Raja Darudirham niba ing siti | wong Arab surak gumuruh | Dyan Tajiwalar prapta | analèni marang sang raja ing Saldum | binêkta mundur tinawan | Radèn Bandarkum gya prapti ||

12. sugal dènira têtanya | hèh wong Arab sapa aranirèki | ya ingsun Sang Raja Arnus | prajaningsun Têrkiyah | sira sapa sumaur ingsun Bandarkum | satriya andêling aprang | arine sri narapati ||

13. ing Yujana Kewusnendar | dèn prayitna sira pan ingsun bindi | akudhung Sang Raja Arnus | parisanira waja | mutêr bindi binindi Sang Raja Arnus | sigar parisane waja | anêmpuh sri narapati ||

14. Raja Arnus kapidhara | surak umyung wadya Yujana anjrit | Raja Iskalan umagut | Arnus wus ginongsongan | mangsah dharat panggih lan Radèn Bandarkum | sapa aranmu kang prapta | Raja Iskalan Rum mami ||

15. sira wong Yujana sapa | ingsun kadangira sri narapati | ingsun kang aran Bandarkum | payo Iskal gadaa | hèh ta tambung laku sirèku Bandarkum | dora yèn nora ngrungua | wong Arab prange ngarèni ||

16. hèh Iskal sira dèn yitna | ingsun gada kudhunga paris wêsi | Sang Raja Iskal pinupuh | tan osik astanira | ngundha gada pinupuh Radèn Bandarkum | tan obah panangkisira | arame bindi-binindi [bindi-bi...]

--- 4: 15 ---

[...nindi] ||

17. surake mungsuh lan rowang | kang ayuda sami prawira kalih | adangu pupuh-pinupuh | tan ana kang kasoran | sèlèh gada arame pêdhang tumêmpuh | ukêl panduk ukêl tindak | kalihe wasis ing jurit ||

18. adangu pêdhang-pinêdhang | pêdhang tikêl kalihe tibèng siti | caruk rok popor agapyuk | sami digdayanira | sarêng uwal cangkingan junjung-jinunjung | sami datan kangkatira | pur pupug kêsaput ratri ||

19. bubar samya masanggrahan | abujana ing dalunipun malih | kunêng wau kang winuwus | rajaputri kalihnya | arsa jêjêp marang pakuwone mungsuh | malah anjêjêp jro kutha | musnane kang raka ratri ||

20. wus samya ngrasuk busana | titihane sampun sumaos kalih | anyilib marang wadya gung | Rêtna Dèwi Sudara- | wêrti nitih garudhayêksa puniku | Sirtupilaèli Sang Dyah | nitih pêksi saomahi ||

21. sang putri kêkalihira | amêlawang marga badhe ing ratri | manjing ing pakuwonipun | lajêng jêjêp jro kitha | pukul sanga sami kèndêl sêdyanipun | wuri pakuwon Yujana | mèh niyup sang rajaputri ||

22. wontên wrêksa gora rupa | langkung agêng ngrêguyung kadya wukir | yèn siyang apan marga gung | palerenan wong liwat | apan ewon wong ngarit kèndêl ing ngriku | ecane kang pangauban | kapungkur ragi kapering ||

23. saking pakuwon Yujana | putri Cina margane [mar...]

--- 4: 16 ---

[...gane] wira-wiri | dhatêng ing guwa yèn dalu | kadhang kèndêl sakêdhap | duk puniku putri Cina nuju langkung | kèndêl ngandhap gora rupa | anganti wêngi sakêdhik ||

24. kagyat Rajaputri Cina | ana swara kapyarsa ing wiyati | payo lèrèn soring kayu | kono lèrèn sadhela | putri Cina miranti panggonanipun | singidan bok kadêngangan | nulya putri Parangakik ||

25. kumabruk praptaning dharat | kumarincing ana kang prapta malih | suwawi kangbok ing ngriku | ngungun sang putri Cina | apa iki jin pêri apa lêlêmbut | nanging swaraning manungsa | dene asaba ing langit ||

26. padha wanodya wêtara | swaranira karo pating carêngkling | wong kang yogapara iku | têgêse pêparêngan | sang suputri arsa mring guwa gènipun | Wong Agung Surayèng Jagad | kang roro arsa ngulati ||

27. mangkana sang putri Cina | kudanira cinancang kiwa têbih | matak lêlimunanipun | kabul ingkang istijrat | datan katon mêrpak ampingan sang ayu | oyod tambi gora rupa | kawuri gène sang putri ||

28. titihanira nèng ngarsa | kèndêl mucang kaecan dènira ngling | yayi Karsinah ing wau | yudane putranira | nora asor iya yayi nora unggul | umatur putri Karsinah | kangbok pan unggul sakêdhik ||

29. kêni siji angsal tiga | bănda ratu wikana ta ing benjing | Si Kewusnendar yèn mêtu | ngawaki [nga...]

--- 4: 17 ---

[...waki] ing ayuda | lagi mangkin kangbok wontên unggulipun | iya sapa kang andhustha | Wong Agung asmarèng jurit ||

4. Asmaradana

1. miyarsa graitèng galih | wau Rajaputri Cina | adhuh lae iya lae | iki para putri Ngarab | dene padha kuwasa | asaba nèng mega biru | agawok ingsun tumingal ||

2. yèn ngatona awak mami | baya ta nuli pinêdhang | pinatènan baya ingong | tunggangane iku apa | siji kaya garudha | padha manuk karo iku | siji kaya manuk mêrak ||

3. yu-ayu têmên wong iki | apa angulati baya | Wong Agung Jayèngpalugon | pantês padha măndraguna | santosane kêtara | tan ana mêmarasipun | pratingkahe ngenak-enak ||

4. mangkana sang rajaputri | Parangakik angandika | mêngko yayi karsaningong | jinujug ing pêsanggrahan | yèn ana pêpungkuran | yèning jro kitha jinujug | iya yayi pakêbonan ||

5. nanging ta panduga mami | Kewusnendar nora bisa | duwe pênggawe mêngkono | lamun duwea dandanan | kang bisa laku dhustha | putri Karsinah umatur | inggih kula tan miyarsa ||

6. Ratu Yujana puniki | lamun duwea dandanan | miwah duwea paguron | ratu mung atingkah wa[...] | Si Raja Kewusnendar | nanging kawula pukulun | darbe graita panarka ||

7. mênawi inggih mênawi | kakang bok Dèwi [Dè...]

--- 4: 18 ---

[...wi] Ismaya | punika ingkang gêguyon | anyolong raka paduka | pinrih ramening aprang | kang jinajal putranipun | pun Jayusman lan pun Ruslan ||

8. kaprawiraning ajurit | Si Sudarawêrti darma | yèn abêra ing pêrange | ya ta iku Ki Jayusman | pan ingsun ingkang kocap | dene ngong kang ngambil sunu | Ki Jayusman lan Si Ruslan ||

9. putri tur tètèh atitih | gêmi mangagêm agama | mila waluya awalèh | tuhu tangguh tur atatag | yèn kalih abêring prang | sayêkti nuli tinimbul | winuwuhan kadigdayan ||

10. gumujêng Sudarawêrti | bênêr panggraitanira | nanging ta simpênên bae | ngupayaa pikir liya | ing tyas ja ngenak-enak | dene pagraitaningsun | marang Rajaputri Cina ||

11. pan iku putri prajurit | wus kasub ing pramuditya | putri abot sêsanggane | mênawa pininta sraya | marang Si Kewusnendar | graitanên lakunipun | yaiku gawene apa ||

12. suraking ampuhan yayi | ngunggahi bangkan Nusirwan | adoh yayi mungguh ingong | dene putri kasub ing rat | gêdhe nêgara Cina | tingkahe kuwur angawur | tanpa budi tanpa nalar ||

13. ngunggahi Rajèng Mêdayin | katêmu pirang prakara | yèn melika ing baguse | yèn melik gunging karatyan | wus gêdhe nagri Cina | wis dhawuk pan ora bagus | yèn melika kadigdayan ||

14. wus ana

--- 4: 19 ---

ingkang ngungkuli | Wong Agung Surayèng Jagad | sêjagad lakiku dhewe | andhèwèki kaprawiran | kadigbyan kanuragan | nadyan tuwa-tuwa bagus | cahyane anuksmèng wulan ||

15. lawan musthikaning bumi | trahing Nabi Brahim mulya | tur utama têdhak Kurès | pantês yèn dèn unggahana | ing para putri kênya | sugih bala para ratu | rong kêthi lan pitung yuta ||

16. balane kadi jêladri | sèwu ratune wêdana | kêkuwunge mèntèr-mèntèr | bonyo daginge alêmbat | lurusing pasariran | kadya anggêpok baludru | apantês dèn êla-êla ||

17. nanging têrkaningsun yayi | lakune sang putri Cina | sêmune iku kaledhon | dhompo tan wruh ing wêwatak | marma yayi ngagêsang | mitra miwah ulah mungsuh | sarat wêruha ing watak ||

18. dèn kêlamarana wêsi | cêlorote wus kêtara | sang putri Cina gawene | payo yayi gagêthokan | luputa tangguh ingwang | Sirtupilaèli matur | gih dhèrèk karsa paduka ||

19. dadi mêsakake yayi | putrine Sang Raja Cina | pêlêm gung galak gandane | kèni-èni anèng Cina | wowohan liwat măngsa | praptane paran wong ayu | sêmune alêlêbaran ||

20. jalma murwèng kayu mati | putrine Sang Rajèng Cina | yèn luputa undhagine | tambang sinambung tan pêgat | pamolahe sarira | adawa yèn mungguh ingsun | lêlakone putri Cina ||

21. Rêtna [Rê...]

--- 4: 20 ---

[...tna] Daninggar miyarsi | gumêtêr karingêt mêdal | kêbês kabèh busanane | sariranira marlupa | lir kêna sinampirna | kenyut ing rêrasanipun | rajaputri kalihira ||

22. lan maras pamêthèknèki | lakone sariranira | tumpang so ing pratikêle | angling Sang Rêtna Sudara | yayi iki wus măngsa | sigra sarêng nitihipun | sumêbut napak gêgana ||

23. kari anggana sang putri | kadi tinêbak mong tuna | nutuh sarirane dhewe | mau ingsun angatona | nêmoni putri ika | kêpriye wus katêrucut | mau angur nêmonana ||

24. iya ta sun pikir-pikir | nêmoni bok nora enak | salah graita têmahe | nuli ingsun pinêdhanga | durung kongsi pratela | apranga kasoran ingsun | kang roro padha prawira ||

25. sang rêtna tyasira brangti | dadya wande lampahira | magihi[3] Jayèngpalugon | wangsul marang pasanggrahan | prapta mujung anendra | tontonên sêkaliripun | sang rajaputri kalihnya ||

26. karsane sang rajaputri | ing benjang dalu kewala | kunêng wau ing lampahe | sang rajaputri kalihnya | jêjêp manjing pondhokan | amasang sêsirêpipun | putri adi ing Karsinah ||

27. anjajah pakuwonnèki | mamring tan ana swaranya | sampuning ngubêngan kabèh | angling Sang Rêtna Sudara | yayi sêpi kewala | nora nana tabêtipun | payo maring ing jro

--- 4: 21 ---

pura ||

28. pukul lima gènnya prapti | manjinge pakuwonira | gêntya malih winiraos | sang rajaputri ing Cina | sawungunira nendra | mulat surya lingsir sêpuh | kaya ta nuli surupa ||

29. tan ana ingkang mangarti | gung alit wadya ing Cina | abdi lanang abdi wadon | kabèh tan ana graita | solahe gustinira | rêkyana patih puniku | lami datan ingandikan ||

30. amung panarkane sami | saking gênge brangtanira | mung pinikir wus bêgjane | kalangan akèh prakara | mila sagunge bala | wuyungan ing batinipun | awêlas ing gustinira ||

31. mangkana sang rajaputri | ing wanci pukul satêngah | pitu ambuka pangkènge | sadintên kunci kewala | turangganira sigra | sinaosakên ing pintu | pintu jawine papêrman ||

32. angrasuk kêprabon sandi | acancut pamêkak madya | tali jaja tambang lèhèr | mawa badhong pênding wêdhar | pêdhang miwah gandhewa | sinandhang sêdayanipun | tanpa kanthi kesahira ||

5. Kinanthi

1. ing wanci pukul sapuluh | kesahe sang rajaputri | wuwusên kang kasangkala | Wong Agung Surayèng Bumi | tyase sokur ing satitah | madhêp tan nêdya gumingsir ||

2. amung pati ciptanipun | datan arsa anuruti | panggodhane putri Cina | ing batin apagêr wêsi | suka yèn praptèng antaka | tan arsa kalok ing bumi ||

3. lamun atindaka saru | mangkana lamun sang putri | towong ing rina

--- 4: 22 ---

tan prapta | amung praptane yèn wêngi | sabên dina pêksi mêrak | praptane anggawa roti ||

4. sabên ing pukul sapuluh | rina prapta gawa roti | apan namung mrak satunggal | kang binêkta roti siji | Wong Agung datan kêrasa | marêm datan kêna ngêlih ||

5. putri Cina sêdyanipun | Wong Agung pan pinisakit | kêrasaa ing sarira | dimèn anuli nyaguhi | brangtane sinatmataa | pasthine nuli nuruti ||

6. wau ta ing lampahipun | sang putri Cina ing margi | amirangrong karungrungan | angarang tan antuk aring | pijêr kèsthi ing wardaya | pocapane putri kalih ||

7. Karsinah Rêtna Rabingu | nênggih Sirtupilaèli | kêlawan Dèwi Sudara- | wêrti putri Parangakik | padha gandrêse sêmbada | luwêse wasis amanis ||

8. karone prawirèng pupuh | apa margane wak mami | atêpunga pênggaweyan | kêkanthèn suwitèng laki | nanging ciptaning Daninggar | ing galih luput kuwalik ||

9. seje ing pêngraosipun | kudu amrih amisakit | brăngta nuli kêlakona | kinira wêdi ngêmasi | wus lakune trahing Arab | maksiyat amilih pati ||

10. samarga-marga mirangu | tan arsa nitih turanggi | kuda tinuntun kewala | mênawa kêpranggul malih | marang putri ing Karsinah | lawan putri Parangakik ||

11. wêtaraningsun sang ayu | wus kaliwat wayah iki | kaya ta nora laledhang | iya ing sawêngi iki | laju

--- 4: 23 ---

lampahe sang rêtna | ngarsane guwa wus prapti ||

12. ngintip saking jawi pintu | Wong Agung pi-api guling | mung jroning tyas paripurna | amung cipta labuh pati | satata jroning panêdha | yayah anggayuh wiyati ||

13. datan ana swaranipun | sang rêtna maras ing galih | tan antara linêbêtan | winungu saking ing wuri | Wong Agung punapa tuwan | inggih maksih wontên urip ||

14. punapa ing tyas pukulun | dèrèng darbe wlasing dasih | kalêbu wong kaningaya | têka nora anuruti | Wong Agung iki basakna | nora nana kang tinolih ||

15. lah kadipundi pukulun | yèn sagah kula luwari | andasihakên kawula | yèn mopo yêkti ngêmasi | dawêg tuwan ngandikaa | mangke kawula tur warti ||

16. ya ta ngandika Wong Agung | apa ingkang dèn saguhi | panjalukmu nora kaprah | kudu akon anuruti | wong angalap maratuwa | murang tatane sabumi ||

17. satus luput sèwu luput | yèn mungguh sarira mami | balênggunên sèwu warsa | nora duwe ujar kalih | lah ta mara patènana | mung iku sukèng tyas mami ||

18. Adaninggar jrit angadhuh | jêmpling sarwi jêjêk siti | ana watu kumalasa | dhinupak ajur wor siti | ngandika Sang Kakungingrat | warnamu anom rêspati ||

19. angrèh sasamaning ratu | tatêkonmu nora bêcik | bakal garwa ratu agung |[4] pinituwa ing Mêdayin | sinêmbah samaning raja | sinêbut ing sang

--- 4: 24 ---

ayogi ||

20. saya sru panjêritipun | gêgulungan anèng siti | tangi ngadêg narik pêdhang | sun balinga wong puniki | yèn nora sun lênyêpêna | saking ing alam dunyèki ||

21. urip nèng donya wèh wuyung | wasisan aja kaèksi | pêdhange sampun lumarap | Wong Agung Surayèng Bumi | mêrêm ing nala wus pasrah | dangu tan ana nibani ||

22. sang putri Cina andulu | manising wadana kèksi | marlupa pêdhange gigal | ngrungkêbi pada anangis | karane aja sikara | wong iki mêmanas ati ||

23. wangkote ngakak anêkuk | dhêngkot tan kêna tinêmpil | kawula nêmpil kewala | nora kudu ambawani | garwa paduka katiga | sêkawan putrining êjin ||

24. kalimanipun pukulun | kawula ingkang bunciti | dadya paminggir kewala | botên sêdya ambawani | kawula bêkta nêgara | ing Cina manjinga koki ||

25. sênadyan ta rama prabu | tuwin kangjêng ibu sori | kawula bêkta suwita | dhomas kang para nêrpati | bupatine tigang lêksa | sakêthi kang para mantri ||

26. manjinga koki pukulun | pitungkase jêng rama ji | nini yèn sira tinampan | iya gonira angabdi | maring Wong Agung Kuparman | Sri Kêlana Jayèngmurti ||

27. umatura mring Wong Agung | ingsun lan ibunirèki | anusul marang ing sira | sadaya manjinga koki | nêgaranira ing Cina | karya ambulubêktèni ||

28. alon ngandika Wong Agung | pan [pa...]

--- 4: 25 ---

[...n] iku luwih patitis | karsane Sang Rajèng Cina | alah si sarira mami | dene Bêthara Nusirwan | ratu bituwahing bumi ||

29. malah ngong nêmbah ing ngriku | manira iki angabdi | kapindhone maratuwa | kuwajiban angabêkti | dadia luwih prayoga | karsane sri narapati ||

30. Adaninggar jêlèh mangu | kaliwat Wong Agung iki | anggêpe tur siya-siya | marang wong atuwa mami | suwita mring kang sarira | têka tan arsa nampani ||

31. sinikang-sikang kêlangkung | rama prabu ibu sori | andadak binuwang-buwang | kinèn mring Rajèng Mêdayin | măngsasi dhêrakalana | suwitèng Raja Mêdayin ||

32. măngsasi nêdya ngrêmpêlu | suwita Prabu Mêdayin | aja kudu lunga-lunga | lamun kang sarira nampik | anèng Cina lara apa | sineba para nêrpati ||

33. kula ngaturakên tutur | putra paduka kang kari | inggih wontên pêsanggrahan | andina amangun jurit | ing mangke Radèn Jayusman | umadêg prabu sêsilih ||

34. ingkang ibu sami ngumpul | ingkang wontên ing Kuwari | tuwin sagung para raja | bodhol baris ing Kuwari | wus angumpul nèng Yujana | rumêksa prabu taruni ||

35. kakang êmbok sabên dalu | putri adi Parangakik | miwah putri ing Karsinah | prasamya kesah mêmaling | angintip ênggène mêngsah | angulati paduka Mir ||

36. kawula dalu kapêthuk | kang êmbok Sudarawêrti | wontên jumantara klawan |

--- 4: 26 ---

kangbok Sirtupilaèli | kalihe putri digdaya | dènira napak wiyati ||

37. ngubrês pakuwoning mungsuh | Ki Umarmaya kawarti | kesahe anasak wana | dene sagung kang para ji | dèrèng kèndêl gèn karuna | prihatin kelangan gusti ||

38. milanipun ta pukulun | nuntên paduka nyagahi | andasihakên kawula | nuntên têtulung ing jurit | mêngsah Prabu Kewusnendar | saêjam kula sagahi ||

39. sirna kabănda dening sun | Wong Agung Surayèng Bumi | kalane wau miyarsa | ing solahipun kang kari | bala nata garwa putra | sadaya sami prihatin ||

40. sèwu rêntênge tyasipun | marêbêl kang waspa mijil | rêmak rêmpu trênyuh ing tyas | gara-gara andhatêngi | gumuruh bajra prahara | busêkan isining bumi ||

41. giri rèh gora gumuntur | rug rêbah girindra gonjing | wrêksasol sêmpal kaprapal | ambêlasah bosah-basih | kang jalanidhi kumucak | prakêmpa krak ongkrak-angkrik ||

42. kang sela pok-pok agapruk | katon rungkade kang ori | gumuruh gora ru-ara | păncawara sru tan aris | maras tyase putri Cina | ngudhêprêk padanira Mir ||

43. Wong Agung paduka wungu | wontên punapa puniki | ardine milu apolah | rag-rêg rigung gonjang-ganjing | manawi paduka anyipta |[5] istijrate andhatêngi ||

44. paran kadya ta puniku | kèngsêr mangonah ing mukmin | kêkayon kang

--- 4: 27 ---

cêlak guwa | ênggène Sang Jayèngmurti | balindhis kêna dahana | rêsik kadya dèn rêsiki ||

45. sirêpe prahara ruruh | rarasingkang maruta ris | wancine sumirat wetan | mangkana sang rajaputri | sêdalu mangrêpanira | tan antuk don angunduri ||

6. Durma

1. Sang Aprabu Kewusnendar ing Yujana | karsa miyos ing jurit | anêmbang têngara | têtêg munya sauran | kêndhang gong gumuruh atri | wus amiyarsa | wadya Rab animbangi ||

2. asauran têngarane para raja | têtêg makêthi-kêthi | kêndhang gong barungan | bèri maguru găngsa | umèb kang baris umijil | arêbut papan | têpung kapang kang baris ||

3. prabu jaka mijil saking pasanggrahan | ginarbêg ing prajurit | praptèng pabaratan | lênggah munggèng amparan | dirgasana mantên wilis | kang para raja | aglar ingkang tan têbih ||

4. ingkang paman Wong Agung ing Parangteja | lawan Prabu Yunani | Lamdahur kêlawan | narendra kawan dasa | sêkadange Umarmadi | Rajèng Rum Kebar | Biraji lan Ngabêsi ||

5. ing Kunawar Tursina Ngindi ing Kangkan | Kaos Katijah Dêmis | Kuwari Kuristam | Maskat lan Kudaendah | Kohkarib ing Kăndhabumi | kadya samodra | wadya Rab angêrobi ||

6. Sri Bupati Kewusnendar wus alênggah | lan Prabu ing Mêdayin | munggèng amparan mas | wau kang saos ing prang | sira Sang Natèng Bêdhari | Raja Ukdiyar | ratu

--- 4: 28 ---

andêling jurit ||

7. ingkang paman dene Raja Kewusnendar | sampun wahana èsthi | Sang Raja Ukdiyar | prapta ing rananggana | sêsumbar anguwuh tandhing | payo wong Arab | mêtonana ngajurit ||

8. amiyarsa Tamtanus sigra angatag | mara prajuritnèki | Natèng Dêmis mangsah | ingidèn sigra mêngsah | nitih dipăngga sang aji | praptèng payudan | sira Raja Dêbruni ||

9. yun-ayunan atanya Raja Ukdiyar | sapa ranmu prajurit | mapag tandang ingwang | lah baya bosên gêsang | sugal dènira nauri | pan ingsun Raja | Dêbruni nêgri Dêmis ||

10. payo Arab apa kang ana ing sira | angling Sang Rajèng Dêmis | dudu caraningwang | yèn dhinginana ing prang | Raja Ukdiyar sru angling | lah tadhahana | ingsun Rajèng Bêdhari ||

11. iki Prabu Ukdiyar andêling yuda | amutêr gada aglis | Rajèng Dêmis sigra | wus kudhung paris waja | pinupuh tangkis tan osik | gada-ginada | rame dènira jurit ||

12. rame surak kang mungsuh kêlawan rowang | yayah nêngkêr wiyati | Sang Raja Ukdiyar | mêrpêki ing panggada | tinula mawanti-wanti | dipangganira | Rajèng Dêmis kababit ||

13. sirah pêcah pêjah dipăngga sang nata | malumpat Rajèng Dêmis | tangi ngundha gada | gajahira Ukdiyar | ginada sirah ngêmasi | têdhak lumumpat | sira Rajèng Bêdhari ||

14. sami dharat kang yuda ayun-ayunan | gada tan migunani | sarêng buwang gada | rame pêdhang-pinêdhang | adangu tangkis-tinangkis | ambuwang

--- 4: 29 ---

pêdhang | rukêt cangking-cinangking ||

15. gantya buwang-binuwang sêndhal-sinêndhal | gapyuk sarêng walnèki | Rajèng Dêmis sigra | binanting tibèng lêmah | jajane wus dèn anciki | wau kang prapta | Sang Prabu Pusanggarim ||

16. Rajèng Dêmis karêbut wurung kabănda | angling Rajèng Bêdhari | sapa aranira | angling Sang Natèng Sarwal | ingsun Prabu Pusanggarim | hèh sira sapa | ingsun Rajèng Bêdhari ||

17. iya Raja Ukdiyar kaprênah paman | ing Prabu Yujanèki | payo akudhunga | parise ingsun gada | mutêr gada marêpêki | Raja Ukdiyar | anggada wanti-wanti ||

18. Pusanggarim prakoswa tangkis lêgawa | gênti bindi-binindi | sami kuwatira | sami prakoswanira | gada dangu tanpa kardi | asèlèh gada | pêdhang-pinêdhang uthik ||

19. samya wasis ing gada amain pêdhang | tanya Rajèng Bêdhari | sapa bèbètira | bisa prang main pêdhang | ing batin Rajèng Bêdhari | tangkêpe padha | lawan ing guru mami ||

20. Raja Pusanggarim anauri sugal | iya pan bapa mami | aran Raja Piltam | arine ing Kistaham | Raja Èbruskara kaki | Raja Rêrustam | pan iku buyut mami ||

21. Raja Dhasthakenas iku canggah ingwang | Sang Prabu Hasanarim | udhêk-udhêk ingwang | durung anapêsing prang | mung uwa Kistaham dhingin | sababe cidra | marang Jêng Gusti Amir ||

22. ingsun uwis kinulawisudèng Ambyah | mulih nêgara mami | kêraton ing Sarwal | pinaringakên ingwang | mulih

--- 4: 30 ---

kaprawiran mami | ing kuna-kuna | angumpul ingsun sêkti ||

23. sagêndhinge pranga lan Si Kewusnendar | aja mungsuh sirèki | Sang Raja Ukdiyar | mangu mangunandika | kaprawiran Yujanèki | warising kuna | pan saking Hasanarim ||

24. ulah pêdhang ulah gada ulah tumbak | ya saking Hasanarim | sang prabu ing Sarwal | muruk Prabu Bukahar | Raja Bukahar muruki | Natèng Yujana | Sang Raja Bujanjani ||

25. Raja Bujanjani muruk ingkang putra | Iskardan Ibnu Jani | lan ari Ukdiyar | Iskardan muruk putra | iya Prabu Yujangnèki[6] | Sri Kewusnendar | prawiraning ajurit ||

26. kadigdayan pratingkah ngadoni ing prang | warising Hasanarim | mangkana Ukdiyar | eling yudane kêmba | trah guru mungsuhe jurit | Nêrpati Sarwal | kang nama Pusanggarim ||

27. dadya ridhu ing prang nêdya kawal-kawal | dangu banting-binanting | rame ngadu yasa | surak umung wurahan | dènira prang bola-bali | gêlar junjungan | dangu dènira jurit ||

28. Pusanggarim binanting kontal kalumah | kalêngêr sri bupati | Sang Raja Ukdiyar | taklim guru kang ketang | dadya nimbangi gumlinting | api kantaka | ing lokpur kang ajurit ||

29. Radèn Ruslan alon umatur kang raka | kangmas kula miyosi | sarwi ngling ing paman | kularsa magut ing prang | Arya Maktal kadipundi | pan maksih kathah | prajurit kang para ji ||

30. Prabu Jaka Jayusman alon ngandika | paman niku ta yayi | durung pati lila | dene [de...]

--- 4: 31 ---

[...ne] tarunanira | tangèh amangun ajurit | Rahadèn Ruslan | amêksa turirèki ||

31. nadyan anom cabar tiwas abêring prang | jêr arsa angrasani | pratingkahing aprang | wajib trahing prawira | sênadyan dhatêng ing pati | sampun kasêdya | ing sabil pati pinrih ||

32. samya èwêd ingkang raka ingkang paman | Maktal têmah nuruti | miwah ingkang raka | sarya atur wuninga | marang ingkang ibu kalih | yèn arinira | kêdah magut ing jurit ||

33. ya ta wau kang samya pur ing ayuda | Ukdiyar Pusanggarim | sampun ginongsongan | Rajèng Sarwal kantaka | sangêt kalêmpêrirèki | Raja Ukdiyar | kapara api-api ||

34. nora kongsi binabayang undurira | amung dipun jagani | mangkana umangsah | arine Kewusnendar | Radèn Bandarkum anitih | turăngga mangsah | mandhi lawung rêspati ||

35. lamun wijil Yujana sêdaya guna | gêgamaning ajurit | gada pêdhang tumbak | apan sami digdaya | tuhu sami ngrêspatèni | waris utama | trahing rewănda putih ||

7. Sinom

1. praptèng rana asêsumbar | Bandarkum aminta tandhing | hèh payo bala Kuparman | sapa kang arsa ngêmasi | papagên tandang mami | yèki satriya Bandarkum | arine Kewusnendar | bagus prawira ngajurit | iya ingsun bobote nêgri Yujana ||

2. Wong Agung ing Parangteja | kang putra ingandhêg dhingin | pamrihe Sang Arya Maktal | apan ingalub-alubi [ingalu...]

--- 4: 32 ---

[...b-alubi] | yèn ingkang putra mijil | amanggiha sampun lêsu | ngatag prajuritira | Sang Prabu Sakirdan Ali | sigra mangsah sri naranata ing Miskat ||

3. sampun anitih turăngga | Sang Raja Sakirdan Ali | kawot kêpraboning aprang | praptèng payudan apanggih | turangganira nyirig | atanya Radèn Bandarkum | sapa ranmu prawira | satriya miwah narpati | angakua mumpung misih duwe nyawa ||

4. sumaur kang tinakonan | sun Prabu Sakirdan Ali | nêgaraningsun ing Miskat | ya ingsun Sakirdan Ali | ingkang angêbayani | sabalane gustiningsun | Wong Agung Parangteja | iki andêling ajurit | Rajèng Miskat kang tate nguwisi karya ||

5. payo apa anèng sira | Radèn Bandarkum nauri | lah iya dipun prayitna | sun tumbak aja gumingsir | kudhunga paris wêsi | Sang Rajèng Miskat akudhung | parise băndabaya | munggèng sirahe turanggi | dyan tinumbak parisane Rajèng Miskat ||

6. sigar nrus sirah turăngga | lajêng nêratas ing wêntis | aniba Sang Raja Miskat | kantaka Sakirdan Ali | pan sampun dèn gongsongi | bala Yujana gumuruh | surak anglir ampuhan | Bandarkum midêr sêsirig | nguwuh-uwuh sêsumbar aminta lawan ||

7. wau ta ingkang utusan | prabu jaka tur upêksi[7] | mring kang ibu kalihira | lamun inggih ingkang rayi | kêdah miyosi jurit | Rahadèn Ruslan puniku | angling Rêtna Sudara | payo

--- 4: 33 ---

adandana yayi | angimbangi ing yudane anakira ||

8. sumaos titihanira | sigra kalih sarêng nitih | ngrasuk kêpraboning aprang | sarêng anapak wiyati | ngimbangi saking têbih | jumantara nyamut-nyamut | wau rahadèn putra | wus nitih kuda sêsirig | tambang manis turăngga wêton Kunawar ||

9. praptèng rana yun-ayunan | lan mêngsah Sang Jayèngsiwi | Radèn Bandarkum têtanya | sapa aranmu prajurit | apêkik tur rêspati | kuciwane maksih timur | durung pantês mangun prang | nauri rahadèn mantri | iki putra Kuparman Rahadèn Ruslan ||

10. patutan putri Karsinah | Rabingu Sirtupilèli | ingkang pinundhut atmaja | mring ibu Ismayawati | payo tandhing kuwanin | lah sapa aranmu mungsuh | satriya ing Yujana | Bandarkum ingsun prajurit | dèn prayitna putra Ngarab ingsun tumbak ||

11. Radèn Ruslan mandhi watang | ganteyong lawung pinêthik | kapanjangên lawungira | abêr ginawe atangkis | tinumbak radèn mantri | tangkis lêgawa tumêmbung | rame gêbang-ginêbang | surak awurahan atri | dèrèng wontên asor kang tumamèng laga ||

12. wong Arab kang baris kuda | Natèng Kebar lan Yunani | Kunawar lawan ing Kangkan | wadya Ngindi Ngalabani | rong yuta winêtawis | prapta munggèng wurinipun | wau kang baris dharat | ana munggèng kanan kering | samya mulat sagung barising Yujana ||

13. wong Arab karane apa | baris kuda anusuli [anusu...]

--- 4: 34 ---

[...li] | Ki Patih Baktak turira | marang Prabu Yujanèki | dèn ragi ngati-ati | mêngsah wontên wadosipun | adatipun wong Arab | yèn aprang mèh amungkasi | pan puniku praptane kang baris kuda ||

14. punika inggih wikana | pandugi kawula gusti | mênawi asalin gêlar | kawula botên andugi | wau ingkang ajurit | arame aliru têmbung | dangu lantaran watang | gêbang-ginêbang authik | radèn putra sayah abêr tangkisira ||

15. lawunge wus katindhihan | rondhe panyuthatirèki | Radèn Ruslan kalorogan | têlompènira kêtlampik | katêratas kang wêntis | wêntise kiwa kacundhuk | niba saking turăngga | sumaput panonirèki | surak umyung gumuruh nêngkêr buwana ||

16. wau kang anèng awiyat | waspada kang putra kanin | nanging sampun ginongsongan | prapta Rahadèn Pirngadi | umagut liru tandhing | kang ngumbara kalihipun | aniyup kadi kilat | putri adi Parangakik | lawan putri Karsinah uminduri prang ||

8. Durma

1. praptèng dharat kagyat kang samya tumingal | hèh mirea Pirngadi | sang putri lingira | têdhak putra ing Selan | wruh lamun sang rajaputri | dharat tumêdhak | Rajaputra Pirngadi ||

2. Radèn Arya Bandarkum sigra pinêdhang | mring Sirtupilaèli | pagas jangganira | sigra wau cinandhak | mring Dèwi Sudarawêrti | sampun binuwang | mring baris Yujanèki [Yu...]

--- 4: 35 ---

[...janèki] ||

3. wau raja siniwi sasampunira | nangisi ingkang rayi | mulat kang ayuda | asru dènnya ngandika | punika paman jêng bibi | raka paduka | lan ibu kang ajurit ||

4. sigra ngadêg Wong Agung ing Parangteja | ngawe sagung nêrpati | saprajuritira | sumahab sarêng mangsah | kadya ladhu banjir wukir | krodha kotbuta | sagung para nêrpati ||

5. para ratu kang nindhihi baris kuda | sêdaya anglancangi | bala ing Yujana | prajurit sarêng mangsah | pra dipati para mantri | pan kadya uyah | sawuku tibèng kali ||

6. pêngamuke Lamdahur sêbalanira | dharat ingkang dhadhani | Prabu Kewusnendar | nèng kuda narik pêdhang | mangsah ginarbêg prajurit | piyak kang kambah | kang wuri anangkêbi ||

7. prabu jaka taruna munggèng dipăngga | ingayap ing para ji | lir kinarirêngga | gajah rong lêksa ngayap | lan turăngga tigang kêthi | kang pra dipatya | satriya tan atêbih ||

8. kadya alun gumulung kambah arêbah | riwut wuru ing jurit | sagung para raja | lan sapunggawanira | tanpa wilis kang ngêmasi | mungsuh lan rowang | yayah sêgara gêtih ||

9. Arya Maktal munggèng wurine kang putra | lawan Prabu Yunani | Marmadi manêngah | Lamdahur wus mangarsa | lawan sawadya para ji | bubrah bêlasah | kuwur kaobrak-abrik ||

10. rindhu awor wurahan bala Yujana | miwah bala Mêdayin | rusak kasêrakat | dhadhal akèh [a...]

--- 4: 36 ---

[...kèh] kang babal | inggada Rajèng Sêrandil | lan Raja Sarkab | Kaos Ngindi Ngabêsi ||

11. mawur-mawur malêdug manjing jro kutha | sang prabu ing Mêdayin | lan Ki Patih Baktak | dhingini manjing kutha | Kewusnendar dèn aturi | mring Jawiarta | suwawi sri bupati ||

12. manjing kitha botên kêni sinuwawa | wadya Rab kang para ji | wuru riwut ing prang | tan kêni tinadhahan | rama paduka Mêdayin | wus manjing kutha | wontên pinggiring margi ||

13. Kewusnendar lorod sapunggawanira | karine kang ngêmasi | wus manjing jro kutha | akèn atutup lawang | sêkèthèng marapat sami | lêlarènira | sampun ingisèn warih ||

14. kêsaput ing ratri mundur kang wadya Rab | sira sang prabu siwi | sampun mêsanggrahan | makuwon para nata | ing dalu prasamya kêmit | ing Radèn Ruslan | tan ana kang jampèni ||

15. sêkathahe kang kanin dèrèng tinamban | sêpine Marmayèki | apan datan ana | wani ngusadanana | kang ibu kalih nangisi | sêdhih sêdaya | wadya Rab kang para ji ||

16. kang tinuduh mring Wong Agung Parangteja | ngrampit kitha mêrpêki | ratu pitung dasa | ingkang ratu wêdana | Natèng Kebar Kăndhabumi | pêngajêngira | Biraji Rajèng Ngindi ||

17. lawan ing Rum Kunawar Rajèng Ngabêsah | wus majêng barisnèki | amêrpêki kutha | gumuruh balakuswa | pakuwon Yujana nênggih | Sang Rajèng Selan | Lamdahur kang ngêbroki ||

18. samya nugêl [nugê...]

--- 4: 37 ---

[...l] wong Arab buntuting kuda | pratăndha yèn prihatin | wau kawarnaa | Sang Prabu Kewusnendar | lawan prabu ing Mêdayin | dalu bujana | lan sagunging prajurit ||

19. langkung ngungun Sang Aprabu Kewusnendar | pêjahe ingkang rayi | Bandarkum katigas | ciptane sri narendra | kalonga sapuluh nênggih | kang para raja | tan sami lan kang rayi ||

20. aprasasat sêmpal baune kang kiwa | kadang andêling jurit | Bandarkum prawira | Sang Prabu Kewusnendar | atanya mring ki apatih | hèh Patih Baktak | sintên wau kang prapti ||

21. saking wiyat Si Bandarkum ingkang nigas | punapa Kuraisin | sutanira Ambyah | Nata Dèwi Ngajêrak | Patih Baktak matur aris | apan punika | garwane Jayèngmurti ||

22. putri Parangakik Sudarawêrtika | dene ingkang satunggil | putri ing Karsinah | punika kang pêparab | Rabingu Sirtupilèli | sami digdaya | Ruslan ibunirèki ||

23. kang satunggil ibune Radèn Jayusman | putri ing Parangakik | mila wau amba | angaturi mundura | wong Arab yèn pisah nênggih | lawan wong Menak | sami galaking jurit ||

24. luwung inggih yèn wontên pun kakunging rat | sami jatmikèng jurit | tuwan kèndêlêna | inggih pinitambuhan | sayêkti sêdhih pribadi | ngênês sêdaya | kang kathah sami agring ||

25. pan sêdalu nginum sami pagunêman | lah iki maring ngêndi | ing wêtaranira [wê...]

--- 4: 38 ---

[...taranira] | lungane Jayèngrana | kula inggih tan andugi | gaibe Ambyah | wontên wados mênawi ||

26. duk rumiyin prang pakaos inggih kesah | nging pinèt sraya ing jin | dhatêng i[8] Jabalkap | malah wolulas warsa | balane kang kari wuri | ngrêksa Muninggar | pan datan kêni pinrih ||

27. tur sêmantên Sang Prabu Kaos nêgara | pangêpunge ngêrobi | prandene tan bisa | mêrpêki bala Arab | wadya paduka puniki | tikêl saijab- | ijab lan bala Amir ||

28. yèn pinêlak tatane bala ing Arab | sêdaya ambêk pati | tan purun nungkula | mantri miwah punggawa | nadyan sarati pakathik | anêdya pêjah | tan wontên bolak-balik ||

29. lawan mangke sampun mèh kaputêr ing rat | mring Sang Surayèng Bumi | lan sugih dandanan | putra tanapi garwa | miwah kang para nêrpati | ing sapunika | prasamya angluwihi ||

30. sampun tangkar-tumangkar abandhu băndha | sutane kang para ji | akathah prawira | asring mungkasi karya | Kewusnendar lingira ris | lamun mangkana | aja na mêtu jurit ||

31. lamun ora wong Arab mêtoni ing prang | enak tinambuh sami | dene kasusahan | gustine nandhang brana | nora ana kang nambani | Marmaya minggat | mulane sêdhih kingkin ||

32. kawuwusa wau ta sang putri Cina | sangsaya sêdhih kingkin | dene barisira | Natèng Yujana dhadhal | samya manjing kitha ngungsi | sang putri Cina |

--- 4: 39 ---

sêmana dèn aturi ||

33. angumpula dhatêng jro kitha Yujana | putri Cina tan apti | anêdya punapa | wontên jawi kewala | pan botên anêdya jurit | dadya Nusirwan | amêksa maksih ajrih ||

34. dene dèrèng tinêkan pundhutanira | mangkana sang suputri | wusana sadina | sabên dalu nèng guwa | nèng pakuwon lamun ari | nèng pangkèngira | pan ora mijil-mijil ||

9. Mijil

1. duk sêmana pukul pitu mijil | dalu sang lir sinom | praptèng guwa alon ing ature | kadipundi tuwan sampun eling | atolih ing dasih | kaswasih kêlangkung ||

2. kadya gonjing kagiwang ing langit | sruning brangtaningong | ngulandara angèstupadane | bok inggiha paduka mirahi | sampun awis-awis | sikara Wong Agung ||

3. sakèh ujar supata sakêthi | yèn ciptaa ingong | saking praja liya sarirane | dene luput kawula sakêdhik | amêmasang sandi | mring Rajèng Mêdayun ||

4. parandene dèrèng kaping kalih | panggih lan sang katong | mung sapisan mapan nora suwe | durung pocapan durung ngaruhi | tan wruh ing wêwadi | sikune wak ingsun ||

5. ngulatana saidêring bumi | iya durung tumon | wêwikine lir Wong Agung kiye | sumangkeyan lêlananging bumi | ambêk tan atolih | tan wêlas maringsun ||

6. tuwasana kadya sihing dasih | kang asawang layon | alah kanin panah rojah-rajèh [rojah-ra...]

--- 4: 40 ---

[...jèh] | kêni jêmparing sêlawe sisih | asangêt wak mami | ajur kumur-kumur ||

7. satmatanên saguhana kêdhik | ngabdèkkên wak ingong | wus alami awèta mangkene | ya ta Wong Agung ngandika aris | tatane wong ngêndi | rabi marasêpuh ||

8. nora kaprah pamundhutirèki | adoh bangêt elok | ngêndi ana ngalap biyangane | apan jêmbar sangisoring langit | dadak angrabèni | maratuwanipun ||

9. apa jagad mung sagodhong êpring | nêrak kang mêngkono | hèh sang putri angiyêng karsane | basakêna kuwolak-kuwalik | alah dadi laki | dene dadi mantu ||

10. sayêktine kawula ngabêkti | sabên awotsinom | putri Cina abêngis anjêlèh | nora kudu sinêmbah wak mami | baya kajumpalik | warasa bêbêndhul ||

11. sinêmbaha surayaning bumi | sayêkti wurung wong | ngênggik-ênggik nêm likur dinane | lamis bae dhuh Wong Agung iki | wak ingsun puniki | gung binawur-bawur ||

12. dosa thithik gung dèn uthik-uthik | lupute pinathok | anggêlathak adoh ngapurane | jamak wong kudu kêpati-pati | sayêkti pinikir | mrih cupêting luput ||

13. jêlèh bosên maratuwa mami | maratuwaningong | nora ilok maratuwa pinèt | jaman kapan ingsun dadi rabi | duk măngsa punapi | nama bok Mêdayun ||

14. sapa anyêbut sapa ngarani | sapa kang anguwoh | nimas Ratu Mêdayin [Mêdayi...]

--- 4: 41 ---

[...n] sun kiye | ilang namaningsun wus alami | Adaninggar mari | amung bok Mêdayun ||

15. namung Nyai Nusirwan kang maksih | kabèh sêbuting wong | putri Cina wus ilang talêre | ingaranan dadi bok Mêdayin | liwat mêjanani | maring ngong Wong Agung ||

16. sintên muwus liyan paduka Mir | wontên ngarsaningong | têka botên kula swèk cangkême | kula tugêl kula juwing-juwing | kula suwir-suwir | kula sapu-sapu ||

17. kula thèthèli pêthèl lan gudhi | kula dhêplok-dhêplok | kula sêmpal-sêmpal kula suwèk | brèk rêkètèk inggih ta suwawi | tuwan kèn mêstani | wontên ngarsa ulun ||

18. miyat Wong Agung nala mranani | sang dyah matur alon | kula atur pawarti yêktine | pêbarisan rame prange wingi | bala paduka Mir | kathah kang kapupu ||

19. putra tuwan satunggil kang kanin | rahadèn kang anom | ingkang putra Karsinah ibune | kaprajaya wêntise kang kering | rajaputri kalih | wingi ngamuk punggung ||

20. amêdhangi maring wong Yujani | kèh murda kapocok | inggih dene sang putri kalihe | Sudarawêrti kang ngobrak-abrik | Sirtupilaèli | pangamuke riwut ||

21. kadi kiyamat ing prangipun wingi |[9] sagung para katong | ngamuk kabèh lan sapunggawane | awit saking radèn putra kanin | Kewusnendar ngisis | risak balanipun ||

22. sabalane balêdug angisis | wus tilar pakuwon |

--- 4: 42 ---

samya ngungsi ing jro kitha kabèh | tutup sakèthèng wadya Rab sami | kang para nêrpati | wontên kang tinuduh ||

23. kitha Yujana wus dèn ubêngi | barise pra katong | ingkang bala Arab sêdayane | kang para ratu samya prihatin | buntuting turanggi | tinugêlan sampun ||

24. kaninipun rahadèn ngranuhi | kinêmit pra katong | gung nangisi kang ibu kalihe | duk miyarsa tyas kadya jinait | umatur sang putri | karane Wong Agung ||

25. wêlasana kang kawêlasasih | kang edan anglamong | tilar praja mung katon dhèwèke | praptèng ing don amêmasang sandi | tinarka ngugêmi | tinampik Wong Agung ||

26. lamun tuwan asiha sêmangkin | lan kariyin seos | mangke kula sampun salin ênggèn | botên awor jro kitha angili | yèn tuwan ugêmi | garwa Ji Mêdayun ||

27. rabining mungsuh kasor ing jurit | sayêkti binoyong | datan ana ing jana êloke | atas pantês wong amangun jurit | sirna ucapnèki | bapa lawan sunu ||

28. singa tiwas akasor ing jurit | pan boyong-binoyong | ing pocapan tan ana awone | amung munggah wênanging prajurit | boyong nini kêni | miwah boyong biyung ||

29. lah punapa kang tuwan lingsêmi | aran wong bêboyong | nadyan mungsuh bapa tuwin kakèk | mungsuh kaki wajib boyong nini | êsahing prajurit | mêkatêna mungguh ||

30. pan [pa...]

--- 4: 43 ---

[...n] Wong Agung tumungkul awingit | datan amiraos | putri Cina nungkêmi padane | angèl têmên karsane wong iki | bok inggih nauri | têka pijêr minggu ||

31. gunung Selan wong iki tan adil | arane kang pulo | saking Nistam pan kidul kilène | sabrangane wong saking Sêrandil | nyata bêbayani | nyênyuwani kayun ||

32. sukêt galêng rinumpaka gusti | wowohan bang ijo | kapapasa raganingsun kiye | sayêktine ingsun rontang-ranting | datan sae mulih | mring Cina wak ingsun ||

33. kunêng Wong Agung Surayèng Bumi | lawan sang lir sinom | Umarmaya winuwus lampahe | dènnya nêkung nèng têngah wanadri | pojok wukir alit | angajap katêmu ||

34. mring kaki tuwa kang masiyati | nênggih kaki kêmpong | ingkang ora jarwa ing parane | asungKêndhang Iskandar rumiyin | Radèn Pulangwêsi | mrih minta pituduh ||

35. duk puniku kaki tuwa prapti | ingkang sarwa ijo | Umarmaya angraup padane | kaki èstu sabda tuwan nguni | nging pun putu kaki | anyuwun pituduh ||

36. ing gènipun wayah tuwan Amir | sang kaki lingnya lon | durung patang puluh ing dinane | nanging sira sun warah saiki | apan nora têbih | ing panggonanipun ||

37. alas Yujana kulone thithik | saking ing pakuwon | ana guwa samar lawangane | kiwa têngêne padha balindhis | apan saking gêni | sukêt kayunipun ||

38. apan lagi

--- 4: 44 ---

salikur dinèki | besuk sawusnyanjog | patang puluh paranana age | wusnya jangkêp ing dinane nuli | juputên dèn aglis | ing tanggal ping pitu ||

39. kaki tuwa musna tan kaèksi | Umarmaya jomblong | pan wus eca antuk ing wangsite | mangkat Marmaya nêdya kuliling | ambănda astèki | singsot klênthung-klênthung ||

40. ngura-ura rèrèn amênyanyi | samarga ambetho | tan kawruhan yèn satriya gêdhe | namur-namur wong babat wanadri | yèn kêdalon nênggih | asare ing gubug ||

41. cinarita sira adipati | Marmaya mêlancong | pan sangalas dina ing lamine | datan olih mung musêng sawiji | kêpanggiha nuli | Menak Jayèngsatru ||

42. sabên dina amiyarsa warti | ingkang aprang popor | tan pinirsa ing aprang lamine | sira Adipati Guritwêsi | asramèng wanadri | tan atolih pungkur ||

10. Pangkur

1. nênggih Rajaputri Cina | pan sêdalu amrih sih tan antuk sih | sirat wetan kunduripun | saking wana jro guwa | sapraptane anèng pasanggrahan mujung | amêtêk wiyoganira | asangêt turida gati ||

2. kambuh wuwuh-wuwuh kambah | gênge susah sigra dènnya nimbali | prapta êmban Siwang Siwung | sang putri angandika | paran budinira biyang Siwang Siwung | lamun awèt mangkenea | lêlakone awak mami ||

3. Wong Agung Surayèng Jagad | angèl têmên tan kêna ginagampil | nora kêna salang surup | prakara [praka...]

--- 4: 45 ---

[...ra] lakuningwang | nganggo Raja Mêdayin sêsikuningsun | margane datan tinampan | ing Kêlana Jayèngmurti ||

4. ban Siwang Siwung turira | têgêsipun Wong Agung luwih apik | tan arsa woworan kayun | bêbarêngana karsa | miwah salang cêngkah lawan marasêpuh | jêtmika ewa loking rat | punika kang dèn kêliri ||

5. biyang bênêr ciptanira | iya iku lupute awak mami | iya apa kang cinatur | kang uwis kaluputan | ing banjure kêpriye pratikêl ingsun | ban Siwang Siwung aturnya | yèn mênggah kawula gusti ||

6. pan eca kèndêl kewala | pinêksaa nglingsêmi tur bayani | dandanan lair wus luput | amung kang dèrèng mangsah | pra dandanan ing batin dèrèng tumanduk | kêmat dhêsthi lawan gêndam | winangun sumbaga dhêsthi ||

7. mara biyang ngupayaa | ujar iku ingsun opah sakêthi | matur êmban Siwang Siwung | anggèr inggih punika | botên susah kawula pribadi gadhuh | lampahipun inggih mêthak | jangkêp kawan dasa ari ||

8. kula duk maksih neneman | duk paduka gumajang kèwèr gusti | samăngsa kawula ayun | inggih makan wong lanang | kula pêsu kula watêk sabên dalu | botên ngantos pitung dina | amung sawêg tigang ratri ||

9. nuntên kawula lêledhang | dhatêng jawi sintên kang kula siri | sadintên angsal sapuluh | yèn inggih sok jalêra | lamun milih anake para tumênggung | saêjam angsal sêkawan |

--- 4: 46 ---

milih ingkang pêkik-pêkik ||

10. mêkatên anuntên angsal | nadyan putra ing para ratu kêni | punikanggèr êmèlipun | Hong Tete sun anyambat | hong tupikkong para jurungana ingsun | ana panahku kêncana | arane Si Kalasêkti ||

11. bumi kapitu sun panah | kêna têrus sun panahakên langit | têrusing langit kapitu | sun panahkên sêgara | dadi asat sun panahakên ing gunung | guntur kabèh gunung donya | punika nuntên mêstani ||

12. wastane kang dipun arah | sun panahkên ing Klana Jayèngmurti | ping têlu badane luput | nyawane ingkang kêna | luput nyawa ingkang kêna rasanipun | rasane luput anulya | elinge sun panah kêni ||

13. jog turu eling maringwang | mêngko thithik eling maring ing mami | têngange eling maringsun | iya sadina pisan | mung elinge ciptane eling maringsun | ya eling mring putri Cina | ya rasane Jayèngmurti ||

14. ya rasane putri Cina | ya elinge Kêlana Jayèngmurti | pan tunggal pinangkanipun | sinimpên jroning manah | sadurunge ana jagad awang-uwung | mung putri Cina kang ana | sajodho lan Jayèngmurti ||

15. elingmu pan wis anèng wang | eling ingsun ana Si Jayèngmurti | nalika tunggal sawujud | ya ingsun iya sira | Jayèngmurti condhonge tan liyan ingsun | kèlingan sasolah ingwang | mung eling pangeling-eling ||

--- 4: 47 ---

16. lali ing purwa duksina | malah lara mung eling marang mami | bingung wuyung maring ingsun | tan ana nambanana | sun tadhahi rasa kang eling maringsun | bali batine maringwang | anunggal sawujud malih ||

17. lah têlas anggèr punika | Siwang Siwung pan ginanjar sakêthi | anampani sarwi matur | puniku yèn tan prapta | patang puluh dina tigang wulanipun | prapta mêkathik tinêmah | anut ing karsa sang putri ||

18. biyang iku wus prayoga | kari iku biyang dandanan batin | iya rewangana ingsun | pan sira kawajiban | ingong iku sira mong sangkaning timur | malah ing mangke diwasa | nêmu papa angluwihi ||

19. pan papa ratune papa | dudu papa brana lan papa sakit | papa cuwa karsaningsun | tan ana nimbangana | gunung sèwu guntura nibani ingsun | maksih kaduga anambak | mung papa sawiji iki ||

20. tan ana ginawe tambak | tinambaka iya rubuh ing langit | pan ora katambak biyung | lah iku antêp ingwang | yèn wurunga angèstupada wak ingsun | mring Wong Agung Jayènglaga | yêkti puwara ngêmasi ||

21. yèn ora matia brăngta | pêsthi mati rêrêmponing ajurit | sun labuhi gêmpur tumpur | nèng asmara dilaga | lah ta êlah êlah biyang Siwang Siwung | lêbura awor lan kisma | putri Cina aja urip ||

22. sasmita surya diwasa | iya pêtis cinandu rasa nênggih | tan gingsir pangucap ingsun | yèn tulus anampika | satutuge marang ingsun [ingsu...]

--- 4: 48 ---

[...n] sida lumuh | Siwang Siwung atur sêmbah | dhuh nah anggèr dipun aris ||

23. pan sampun darbe dandanan | tuwan antos inggih dhêsthi puniki | sapunika saratipun | angalusakên manah | ngayêm-ayêm botên kenging gupuh-gupuh | darapon japa punika | tumanduka saking ririh ||

24. yèn dhêsthi sampun tumama | yêkti ngênês Kêlana Jayèngmurti | yèn botên panggih anêmpuh | gusti dhatêng paduka | poyang-paying angiyêng-iyêng awuyung | amung paduka kang ketang | tan wontên kacipta malih ||

25. andina sangsaya mêtak | sakitipun ngajap agea panggih | marang ingkang gawe wuyung | anggèr benjing agantya | pun Kêlana Jayèngmurti sabên wuyung | anggèr amitambuhana | agênti pangkring-pinangkring ||

26. sampun si ijèn kewala | Jayèngmurti lan anggèr sami siji | kula ing nguni pukulun | ngantos rangkêp sêdasa | prandènipun sarêng brăngta wong sapuluh | anêlusur pagêr bata | yèn kula gusti manggihi ||

27. sêdasa sarêng karuna | anungkêmi suku pan gangsal sisih | kula akeron kêlangkung | sami kula kèn kesah | samya nangis gumarumung wong sapuluh | sami kula dumi sêpah | satunggil kang kula pêrjit ||

28. gih kula para sêdasa | mung kaduman inggih sasuwir-suwir | punika sagêd lumaku | lawan sami karuna | layon ingkang cêpaka sêkar pukulun | inggih pinara sêdasa | yèn lami botên pinanggih ||

29. saking labête gèn kula | botên [bo...]

--- 4: 49 ---

[...tên] kobêr momong paduka gusti | kathah ingkang lajêng lampus | myat ngêntere sêdaya | mung têtiga gêsang pêjah kang pêpitu | kang sinambat ing sêkarat | anamung kawula gusti ||

30. ingkang têtiga punika | katututan inggih kula jampèni | uyuh kawula sabumbung | ingkang pinara tiga | sarêng nguyup pan sêkala sarasipun | gumujêng sang putri Cina | ing tyas agambuh sang putri ||

11. Gambuh

1. ni êmban Siwang Siwung | wanci sore satêngah pitu |[10] kinèn mêdal mantuk pakuwonirèki | tur sêmbah ban Siwang Siwung | mêdal saking ing pakuwon ||

2. wau sang rêtnaningrum | saungkure êmban Siwang Siwung | pan kagagas wardayanira sang putri | linali-lali mêksèmut | Wong Agung Jayèngpalugon ||

3. cumanthèl netranipun | wus palikêt awor ing jêjantung | mêrêm mêlik tan ana ingkang katitik | sagunge pikir kêtawur | pating balêsar mung katon ||

4. ya ingkang binalênggu | sira Wong Agung Surayèng Pupuh | datan bisa ngampah nêpsu busana glis | turăngga sumaos ngayun | sang rêtna anitih cemplo ||

5. wanci pukul sapuluh | sagunge wadya tan ana wêruh | saonjotan ênggone guwa wanadri | wus prapta ing lampahipun | sira kang kênèng wirangrong ||

6. prapta angaras suku | paran ing tyas paduka Wong Agung | têmbe tumon wong cukêng kêpati-pati | tan nganggo mèlèt sarambut | niaya wong bangêt [ba...]

--- 4: 50 ---

[...ngêt] pugoh ||

7. kawula anênuwun | dhatêng paduka inggih Wong Agung | kula aprang yèn antuk pituduh gusti | tuwan idini pukulun | kawula nêdya rêrêmpon ||

8. lawan mêngsah pukulun | kang awani mring tuwan puniku | ingkang nêdya anumpês ing bala Amir | tuwan idini pukulun | sapintên gunging kang mungsoh ||

9. inggih Rajèng Mêdayun | lawan Raja Yujana puniku | kang wadya Rab sampun wontên milu jurit | wong Cina bae prang pupuh | kawula kang malês awon ||

10. măngsa wandea gêmpur | inggih rong êjam kewala rampung | apêpulih putra tuwan nandhang kanin | katur bêbandan sêdarum | Kewusnendar lan sang katong ||

11. Rajèng Mêdayin iku | sêlamine kang agawe mungsuh | yèn lilaha paduka kula wêkasi | punika kang dadi êtuk | wong ala winalês awon ||

12. anauri Wong Agung | iku ta ana karsanirèku | nora akon nora pênging awak mami | sajêg ingsun manggih mungsuh | pira-pira para katong ||

13. durung nyênyambat ingsun | lawan Sang Prabu Mêdayin iku | yèn nêmua siya-siya soring jurit | nora lila raganingsun | sayêkti mungsuh lan ingong ||

14. duk eca imbal wuwus | kunêng wau ta ingkang kawuwus | lampahira Adipati Guritwêsi | sajawine guwa rawuh | nitik sukêt lan kêkayon ||

15. kang lami kobong wau | kêpanggih tan wontên malihipun | ya ta dhodhok Adipati Guritwêsi [Gu...]

--- 4: 51 ---

[...ritwêsi] | ing wancine têngah dalu | sang putri kang anèng ing jro ||

16. guwane pan asumuk | lêmahe mangêt-mangêt puniku | Umarmaya miyarsa ana wong angling | asuwe imbalan wuwus | swarane lanang lan wadon ||

17. mêrpêki jêjêpipun | anêrka wewe lagi sêsunu | dangu-dangu Adipati Guritwêsi | atas pamiyarsanipun | karasa undure alon ||

18. nêdya mingêr mangidul | lawange guwa padhang kadulu | dadi taha mandhêg sira Marmayèki | sang putri Cina winuwus | kêrasa tyase amiyos ||

19. mulat ing pinggiripun | marga ana gumrêmêng kadulu | sigra nilap lampahe sang rajaputri | saingga kilat sumêbut | turanggane wetan adoh ||

20. dhodhok Umarmayèku | dulu polahe ingkang sumêbut | kawistara wong wadon ragane iki | sang rajaputri andulu | anitih turăngga cemplo ||

21. ngungak Marmaya mangu | mulat kang nitih turăngga mamprung | sampun lêpas Marmaya cangkelak bali | ngintip guwa korinipun | katingal kang anèng ing jro ||

22. waspadanira ngungun | manjing sarwi uluk salamipun | sinauran manjing jro Umarmayèki | gupuh dènira angrangkul | akathah ingkang kêraos ||

23. Umarmaya umatur | sintên punika ingkang balênggu | mila tuwan manggih kang kadi puniki | alon ngandika Wong Agung | pan pênggawane wong wadon ||

24. putri [pu...]

--- 4: 52 ---

[...tri] Cina puniku | sanggup karyanya sing prajanipun | kang pinêlêng marang ingsun sanggupnèki | samudana sandenipun | lamis marang sang akatong ||

25. nanging sun datan purun | ing karsane ya sang putri iku | dadya runtik sang putri amrih misakit | panggodhane mrih tinurut | supaya mrih saguh ingong ||

26. nurutana sêkayun | sêdyanira lumaku rinêngkuh | ingsun lumuh dene wus kapêtha rabi | inganggêp Rajèng Mêdayun | marma ingong kakang mopo ||

27. ingsun pêlaur lampus | yèn nuruta wong iku anguthuh | nora suwe ing wau têka ing ngriki | Ki Umarmaya umatur | gih kula wau kapêrgok ||

28. nanging ta wowor sambu | tan waspada mring kula pukulun | kula inggih tuna botên anitèni | mung kêtawis ukêlipun | kêlamun priyayi wadon ||

29. lah suwawi pukulun | sagung ingkang gêgodhi puniku | nuntên kula pagase kêlawan sêking | sampun lami kawiyungyung | ing mangke dimèn gal pêdhot ||

30. angandika Wong Agung | angling Kêlana Anjayèngsatru | mêngko kakang mênênga sira kariyin | Wong Agung amaca Jabur | kang godhi sutra ngêlokro ||

31. astanira wus ucul | malorot godhi sutra ngalumpruk | apan arsa cinandhak Umarmayèki | talikêm tular marucut | sumêbut musna tan katon ||

32. Marmaya eram dulu | sutra talikêm tular umabur |

--- 4: 53 ---

gèdhèg-gèdhèg angling istijrat puniki | wêtawis kawula wangsul | mring kang darbe sang lir sinom ||

33. Ki Umarmaya matur | tuman têmên paduka pukulun | tingkah tuwan duk kadi inggih prang Mêsir | kinunjara lamènipun | rinante tan sagêd mêdhot ||

34. pun Maktal praptanipun | mêdhoting rante sêdayanipun | para ratu pinêdhot kabèh wus ênting | amung paduka pukulun | pribadi ingkang amêdhot ||

35. punika tunggilipun | mila ta ing wau-waunipun | kongsi lami Wong Agung mèsêm dènnya ngling | iya durung wêktonipun | talikêm iku ngalokro ||

36. wêktune uculipun | talikêman dèn praptanirèku | ya ta mèsêm Adipati Guritwêsi | kawula botên angrungu | pratingkahe ing pakuwon ||

37. asor ungguling pupuh | alon ngandika wau Wong Agung | aprang rame putri Cina kang pawarti | yayi dèwi kalihipun | saking Kuwari wus bodhol ||

38. Si Ruslan ingkang tatu | miwah prajurit kang para ratu | akèh tatu wong Yujana akèh mati | Kewusnendar barisipun | ingamuk gusis wus bodhol ||

39. ngungsi jro kutha tutup | Ki Umarmaya lon aturipun | inggih guwa puniki pan botên têbih | kalih onjotan pukulun | têbihe saking pakuwon ||

40. pan kaki kêmpong pikun | kang tuduh gèn paduka pukulun | kang wasiyat Kêndhang Iskandar rumiyin | asidik [asi...]

--- 4: 54 ---

[...dik] si kaki pikun | waspada si kaki kêmpong ||

41. paran karsa pukulun | punapa inggih nuntêna kundur | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | sabar dèn ririh karuwun | iya kakang mêngko-mêngko ||

42. anggèngong maksih lêsu | iya ing mêngko ing pukul têlu | parandene kakang nora pati têbih | tan dangu pangantinipun | pukul tri mangkat sang anom ||

12. Sinom

1. datan kawarna ing marga | lampahe Wong Agung kalih | sira Sang Surayèng Jagad | lan Dipati Guritwêsi | satêngah papat prapti | ing pakuwon pan gumuruh | Rêtna Dèwi Sudara | miwah Sirtupilaèli | anungkêmi ing pada sarwi karuna ||

2. putri kalih atur sêmbah | kumrubut kang para aji | mangaras pada karuna | sira Prabu Umarmadi | natab kêndhang saruni | nimbangi kang para ratu | umung tabah-tabahan | inggar sagung kang wadya lit | wus misuwur praptane Sang Kakungingrat ||

3. awit ing pukul sêkawan | tabuhan dènira muni | praptane ing byar raina | kêndhang gong maksih angrangin | pêkathik lan sêrati | samyènggar umyung gumuruh | suka-suka tan ana | icale gusti wus prapti | kang wadya Rab sukane anutug suka ||

4. Wong Agung enjing sineba | aglar ing ngarsa pra aji | ngandika mring Arya Maktal | yayi sagunging para ji | kang ngêpung kitha sami | ya parentahana mundur | dimèn Si Kewusnendar | yayi

--- 4: 55 ---

amêtoni malih | dyan parentah Wong Agung ing Parangteja ||

5. bubar ratu pitung dasa | samya ngundurakên baris | ngumpul pakuwone lama | Prabu Yujana miyarsi | praptane Jayèngmurti | lawan Ki Umarmayèku | Sang Prabu Kewusnendar | marêk ing Rajèng Mêdayin | putra tuwan puniku kadi yèn prapta ||

6. ing benjang yèn mantuk sayah | pun Kêlana Jayèngmurti | nuntên kawula miyos prang | dhatêng jawi kitha malih | wong Arab ingkang sami | ngêpang kitha sampun mundur | kados pinarentahan | wadya salah toning jurit | aprang rèrèh kadi yèn gustine prapta ||

7. ya ta kunêng sanalika | wong Arab Yujana nênggih | wuwusên sang putri Cina | ing wau kalane prapti | talikêm tular nênggih | ngalumpruk nèng ngulonipun | kagyat sang rêtnaning dyah | angungun sampun andugi | yèn luware Wong Agung Surayèng jagad ||

8. kang tambang talikêm tular | cinandhak marang sang dèwi | kang tabêt sariranira | Wong Agung Surayèng Bumi | sang rêtnanjrit pribadi | gumulung sare amujung | rêsak ingkang wardaya | otote lir dèn lolosi | kinalungkên kang tambang talikêm tular ||

9. sapa kang nguculi baya | Wong Agung Surayèng Bumi | apa kang garwa kalihnya | Rajaputri Parangakik | kangbok Sudarawêrti | lawan kakang bok Rabingu | Sirtupilaèli Dyah | karone putri prajurit | kayapriye dadine sariraningwang [sari...]

--- 4: 56 ---

[...raningwang] ||

10. sang rêtna nimbali êmban | Siwang Siwung praptèng ngarsi | biyang paran budinira | polah ingsun pan kuwalik | dadi wak ingsun mangkin | biyang êmban Siwang Siwung | jaluk apuranira | dene sira sun kilapi | rèh sun lawan Wong Agung Surayèng Jagad ||

11. sira biyang aja swara | Wong Agung Surayèng Bumi | wus sawulan anèng guwa | awit saking sun malingi | sun moting kuda nguni | sun sirêpi nora wungu | tambang talikêm tular | minăngka amrih misakit | kang sun bêbêd sadhuwur sikut mangandhap ||

12. sun pratela datan arsa | mirsakkên prasêtya mami | kudu ngaku maratuwa | pêngkuh tan kêna kinuwik | dumèh wus amiyarsi | surat ingsun ingkang katur | marang Prabu Nusirwan | inganggêp kapati-pati | datan obah dènnya nganggêp maratuwa ||

13. Siwang Siwung duk miyarsa | puh[11] puniku kadipundi | kang pandamêl sampun salah | mundur paduka wuwuhi | lan anggèr botên kêni | sanès lawan para ratu | inggih kang kathah-kathah | lamun trahing Pusêr Bumi | mawi walat tan kenging yèn ginagampang ||

14. lah mangke kadi punapa | Wong Agung Surayèng Bumi | sang rêtna alon ngandika | sutra kêmandèn wus prapti | iku kang ingsun kardi | ambêbêd sariranipun | talikêm tular prapta | baya ana kang nguculi | garwanira kang roro luwih prawira ||

15. Sudarawêrti kang nama | putri adi Parangakik | lawan putri ing Karsinah | Rabingu Sirtupilèli | karo [ka...]

--- 4: 57 ---

[...ro] digdayèng jurit | iku baya kang anjupuk | bisa ngambah gêgana | Siwang Siwung matur aris | sampun ruwêd nah anggèr ing rèh punika ||

16. biyang sapa kang prayoga | anjarumi marang mami | tan etang opah salêksa | tutuge panggawe mami | apa garwane kalih | sun pulute manahipun | sun atur rajabrana | pèni-pèni rajapèni | saisine biyang nêgara ing Cina ||

17. mênawa tyase karênan | ginubêl ing garwa kalih | ban Siwang Siwung tur sêmbah | gusti sampun botên kêni | punika putri kalih | sampun kabêranang nêpsu | katon cidra paduka | sayêktine muring-muring | dene anggèr amisakit kakungira ||

18. malah anggèr dèn prayitna | inggih mênawi dhatêngi | garwa kêkalih miyarsa | nging kula midhangêt warti | wêwatêk Pusêr Bumi | tan ana kang malês ukum | lamun ginawe ala | anarima lair batin | sokur anggèr ing solah botên kasêsa ||

19. sayêkti asalin gêlar | pratingkah punika gusti | kengingipun Kakungingrat | ing gêndam sumbaga dhêsthi | lamun garwa kêkalih | sami rêntêng manahipun | anggèr mangsi tutuga | akrama lan Jayèngmurti | wontên pranti amirapêt ing arêngga ||

20. inggih anggèr apalêna | sabên dina Gara Kasih | antuk kaping kawan dasa | sayêkti maru samya sih | kadi Sudarawêrti | litunggil sayayah ibu | karuna botên bêtah | yèn pisaha tigang ratri | lah punika mèlipun kang japa măntra ||

21. Hong Tete

--- 4: 58 ---

hong taikkong kang | padha jurungana mami | jalaku sêngara sutra | jala sutra tampang rukmi | sun tibakkên jêladri | kêna kabèh iwakipun | sun tibakkên bêngawan | gusis saisine kêni | sun tibakkên ing taman têlaga rêtna ||

22. kêna badhère kêncana | sun tibakkên tyas sang putri | Sudarawêrti Sang Rêtna | putri adi Parangakik | lan Sirtupilaèli | Karsinah Rêtna Rabingu | tyase rantas karantas | tumemplok awor tyas mami | galang-gulung gumulung agêgolongan ||

23. amorasaparipurna | ya tyase Sudarawêrti | ya tyase sang putri Cina | tyase Sirtupilaèli | lan putri Cina siji | rasanira rasaningsun | nunggal jroning panuksma | sirira iya sir mami | wus sanêbu sauyun kêlawan ingwang ||

24. inggih agèr sampun têlas | sampun dika lali-lali | dèn eling sabên Anggara | ping kawan dasa pinuji | putri Cina nuruti | sampun asrêp manahipun | dandanan mring wong priya | pêngasih mring maru bangkit | nanging tyase kalanglangan mêlang-mêlang ||

25. ya ta wau kawuwusa | Wong Agung Surayèng Bumi | animbali para raja | kang tatu tinamban sami | tuwin putranirèki | waluya tinamban sampun | tan ana kaliwatan | mring Dipati Guritwêsi | wus samyeca tyase para raja-raja ||

26. ing sabên dalu kasukan | bojana lawan para ji | adipati myang satriya | mangkana ingkang winarni | Natèng [Na...]

--- 4: 59 ---

[...tèng] Yujana mijil | saking jro kutha gumuruh | arsa umagut yuda | miyarsa Wong Agung prapti | pan wus aglar baris kalangan akapang ||

27. gumuruh suwaranira | wong Arab samya nimbangi | têtêg kêndhang gong sauran | mijil barising para ji | bêlabar tata baris | kadya têdhuh angêndhanu | Wong Agung wus busana | mijil ing papan alinggih | patarana manik wilis dirgasana ||

28. aglar sagung para raja | kang sami saos ing jurit | sira Prabu Kewusnendar | matur ing Raja Mêdayin | kula mêdal ing jurit | dimèk wêkasan pukulun | inggih pun Kakungingrat | samăngsa mêdala kêni | Kewusnendar sigra anitih turăngga ||

29. kawot kêpraboning aprang | praptèng papan nguwuh tandhing | hèh payo Ambyah mêtua | ing ayuda aprang tandhing | sira anglês ing wêngi | balanira prange rusuh | tan ana prang prayoga | mulane sun angalahi | dadya bubar baris ingsun manjing kutha ||

30. wau kalane miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | sêsumbare Kewusnendar | amundhut turăngga aglis | askarduwijan prapti | sigra anitih Wong Agung | kawot kêpraboning prang | praptèng ing papan wus panggih | atêtanya sira Raja Kewusnendar ||

31. prajurit aranmu sapa | kang amapag tandang mami | sumaur Sang Kakungingrat | iya iki Jayèngmurti | gumujêng amiyarsi | agawok ingsun andulu | kabèh boyonganira | para ratu gêng ainggil [ainggi...]

--- 4: 60 ---

[...l] | sira iku nora gêdhe apidêksa ||

32. apa kêmat panêluhan | ngêsorkên para nêrpati | payo apa anèng sira | ngandika Sang Jayèngmurti | pan dudu cara mami | Kewusnendar ngêmbat lawung | lah iya dèn prayitna | ing aprang aja gumingsir | akawala ing parise ingsun tumbak ||

33. ngêtab kuda ngikal watang | Kewusnendar marêpêki | linawung askarduwijan | mubêng anikêl mangering | lumarap lawungnèki | kêbate Sang Jayèngpupuh | waosira cinandhak | kêna satêngahing godhi | sru ngandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

34. hèh Sang Prabu Kewusnendar | nistha lêkasirèng jurit | nêrpati angagêm watang | satriya pantêsirèki | sinêndhal dèn kuwati | Kewusnendar kajêrungup | tiba saking turăngga | lawunge binuwang têbih | dyang Wong Agung nimbangi anulya têdhak ||

35. wus samya dharat kang aprang | amutêr gadanirèki | sira Prabu Kewusnendar | angling sarwi marêpêki | patimu Jayèngmurti | katiban ing gadaningsun | kudhunga băndabaya | sun gada aja gumingsir | kadya guntur surake jingga nonoman ||

13. Durma

1. rosanira panggadane Kewusnendar | kuwate kang anangkis | kang parise waja | mubal mêtu dahana | amindho anitir-nitir | tangkis lêgawa | Kêlana Jayèngmurti ||

2. kadi guntur surake mungsuh lan rowang | kadya nêngkêr wiyati | wau kang ayuda | angling Sri Kewusnendar |

--- 4: 61 ---

hèh Kêlana Jayèngmurti | tuhu prawira | nadhahi gada mami ||

3. nora osik sira sun tibani gada | payo malêsa aglis | iya Kewusnendar | kudhunga băndabaya | mutêr gada marêpêki | usamadiman | agêmira Jêng Amir ||

4. wus ngawruhi prawirane Kewusnendar | lawan wus wruh rasaning | ing prakoswanira | tuhu ratu digdaya | ngêtab turăngga ngayati | ngantêp anggada | Kêlana Jayèngmurti ||

5. Kewusnendar kudhung parise malela | ginada anadhahi | jumêbrèt lir gêlap | Sang Prabu Kewusnendar | obah bêbalungirèki | kang pitung dasa | pinindho anadhahi ||

6. Kewusnendar gumêtêr turangganira | jongwiyat asru anjrit | pining tiga tadhah | kuwat panangkisira | pandêdêle ing panitih | turăngga rêbah | jongwiyat wus ngêmasi ||

7. pan kêplêsat tibanira Kewusnendar | dhêrakalan atangi | Risang Kakungingrat | têdhak saking turăngga | wus dharat kang yuda kalih | gada-ginada | dangu tan migunani ||

8. buwang gada sarêng dènnya narik pêdhang | pêdhang-pinêdhang nguthik | parise kumêmprang | dangu pêdhang-pinêdhang | wus tan ana migunani | sarêng ambuwang | mangsah cangking-cinangking ||

9. Kewusnendar angangkat-angkat tan kangkat | sadina dènnya jurit | nêlasakên gêlar | angling Sang Kewusnendar | angur ambêdhola wukir | anjunjung sira | cilik têka tan osik ||

10. payo gênti Surayèng Bumi junjunga |

--- 4: 62 ---

angling Sang Jayèngmurti | iya dèn prayitna | anulya pinêrpêkan | cinandhak wangkingannèki | nolèh ing wuntat | Marmaya anampani ||

11. wus sumêbut toponge mumbul ing tawang | wadya Rab tutup kuping | kabèh kadi adat | sabên kang kêlampahan | Wong Agung apêtak aglis | kagyat sang nata | jinunjung wus tininggil ||

12. pan ingikal nèng asta kadi likasan | Kewusnendar binanting | gumuling bantala | sigra wau kang prapta | Adipati Guritwêsi | sigra binănda | Raja Yujana aglis ||

13. kacêkêle surya anunggang ancala | tinêtêgan anuli | bêdhol barisira | mungsuh kêlawan rowang | wus kasrah marang Marmadi | Sri Kewusnendar | wau ta kang winarni ||

14. Sri Nusirwan budhale amêsanggrahan | mila kèndêl sang aji | nêdya pirêmbagan | karsa panggih kang putra | Wong Agung Surayèng Bumi | ing karsanira | sidane karya cèthi ||

15. lawan putri Cina nanging para nata | siji tan anuruti | miwah Patih Baktak | ature tan sêmbada | kula wus miyarsa warti | pun Kewusnendar | sampun dipun luwari ||

16. botên dangu sapraptane pêsanggrahan | lajêng dipun luwari | pan sagah nyêpênga | dhatêng paduka nata | kang badhe dipun wêkasi | sang putri Cina | apan kinarya nênggih ||

17. ingganjaran panuwune Kewusnendar | onêng dhatêng sang putri | punika angarang | pun Prabu Kewusnendar | panuwune dèn turuti | ing putra

--- 4: 63 ---

tuwan | Kêlana Jayèngmurti ||

18. inggih wau pun Apatih Jawiarta | undhang salin agami | wadya sayunaja | sarta sami siyaga | mêpak kêpraboning jurit | enjang lumampah | anyêpêng paduka ji ||

19. pan ing ngrika gih wontên ratu digdaya | tuhu prawirèng jurit | kasub pramudita | nênggih ratu punika | tur darbe putri prajurit | datanpa lawan | kajinan sang suputri ||

20. sami kêkês para ratu tanah ngajam | suyud sami tur pêkti | katitih ing aprang | asor ngasmarèng laga | botên prang lawan sang aji | putri kewala | anumpês ing para ji ||

21. sampun wontên sèwu ratu tanah ngajam | kêtawan ing sang putri | kang kantun akathah | nungkul aris kewala | ajrih nanggulang ing jurit | botên anyandhang | dibyane rajaputri ||

22. Kaelani gusti wastane nêgara | praja gêng anglangkungi | asugih punggawa | bisikane narendra | Sang Raja Kelanjêjali | gagah prakoswa | pantês dêdêg rêspati ||

23. kathah balanipun para raja-raja | sami prawirèng jurit | putrine kêtawan | samya dadya parêkan- | ira putrine sang aji | punjul sêjagad | endah putri prajurit ||

24. apêparab sira Dèwi Kelaswara | iya rêtna diwati | kasub prawirèng prang | marmane ingkang rama | sinêmbah samaning aji | saking kang putra | magut amukul jurit ||

25. kula sampun utusan atur uninga | yèn [yè...]

--- 4: 64 ---

[...n] badhe tuwan ungsi | sagunging pratingkah | sasolah-solah tuwan | miwah pamundhute putri | sagah sêdaya | tuluse tuwan panggih ||

26. lawan putri ing Cina Kèn Adaninggar | lan sagah amungkasi | saking alam dunya | dhatêng putra paduka | Wong Agung Surayèng Bumi | samăngsa-măngsa | ewa mêkatên gusti ||

27. yèn paduka ngarsakna nut putra tuwan | Kêlana Jayèngmurti | nanging nanggêl baya | satru munggèng cangklakan | pun Rajèng Yujana gusti | mangke pinacang | lawan sang rajaputri ||

28. Adaninggar pinacang lan Kewusnendar | kang badhe mêlarati | mring sarira tuwan | Nusirwan angandika | ing ngêndi prênahe nênggih | nêgara Kelan | patih matur wotsari ||

29. saking ngriki dharatane ngalor ngetan | nêgari Kaelani | apan têtimbangan | lawan nêgari Selan | kang kidul nêgri Sêrandil | kang lèr ing Kelan | sami gêngipun gusti ||

30. ngalèr ngetan ing Cina jajahan Kelan | lèripun lêrês Ngindi | tumut putra tuwan | Wong Agung Jayèngrana | nama Prabu Kaladini | Sang Kaladaran | punika kang sêsiwi ||

31. Gajahbihêr pêpatihe nêgri Kelan | sampun ngirabkên baris | lampahan sasiyang | ngrêrangu ing paduka | bêkta kuda tigang kêthi | ingkang parentah | Prabu Kelanjêjali ||

32. yèn mangkono payo patih undhangana | ing mêngko pukul kalih | iya budhal ingwang | lolos saking Yujana | kya patih sigra [si...]

--- 4: 65 ---

[...gra] ngundhangi | kang para nata | miwah kang pra dipati ||

33. lawan kongkonana marang putri Cina | sira wèha upêksi | yèn ingsun mring Kelan | amarga pinondhongan | ing Raja Kelanjêjali | Si Kewusnendar | pan wus kasoran jurit ||

34. wus kabala marang Sang Surayèng Jagad | kya patih sigra nuding | punggawa dinuta | marang pakuwon Cina | budhal wanci pukul kalih | saking Yujana | kêbut sami sawêngi ||

35. pan anjujur wana lampahe sang nata | Kya Patih Baktak nuding | marang mantrinira | kinèn atur uninga | mring Gajahbihêr tur pêksi | patih ing Kelan | duta umatur manis ||

14. Dhandhanggula

1. kunêng wau Sang Rajèng Mêdayin | ingkang nêdya ngungsi dhatêng Kelan | lawan sawadyane kabèh | wau ta kang winuwus | pan Wong Agung Surayèng Bumi | Sang Prabu Kewusnendar | linuwaran sampun | tinêtêpakên sêdaya | kêratone nêgri Yujana tan gêmpil | ingakên saudara ||

2. pan Wong Agung sampun dèn aturi | angêdhaton jro Kutha Yujana | sawadya para ratune | kasukan sabên dalu | langkung agêng sihipun Amir | mring Prabu Kewusnendar | sinudara tuhu | pinacak ratu wêdana | para ratu dhomas kathahipun nênggih | Nêrpati Kewusnendar ||

3. langkung sêsugun sri narapati | Kewusnendar agêng manahira | tan sinuda kêratone | winuwuh sinung luhur | palênggahanira sinami | lawan Sang Prabu Yunan | tanapi Lamdahur | ing

--- 4: 66 ---

Rum Marmadi lan Kebar | Rajèng Kaos Sarsaban Ngindi Ngabêksi | sami wêdana ngarsa ||

4. ing Kunawar Biraji Buldani | ing Kuristam Tursina Turkiya | miwah Sang Prabu Gulangge | Kuwari Kangkan Kuljum | Kăndhabumi Ngêsam Yahmani | sêdaya kang pangarsa | mangkana Wong Agung | langkung sukanira mulat | Kewusnendar abantar bisa mèt ati | lan sagung para nata ||

5. Rajèng Selan lan Natèng Kohkarib | Rajèng Yunan ing Ngêrum lan Kebar | samya pinêndhêt manahe | kinawulan sêdarum | liyan saking Wong Agung kalih | Marmaya miwah Maktal | ing panganggêpipun | sami lan Sang Kakungingrat | dhasar wagêd sêmbada dêdêg rêspati | bagus titih wêcana ||

6. andhap ambêke alus prakati | wani asor momot paramarta | putus ing kaprawirane | pulih tyasira dulu | pan Wong Agung Surayèng Bumi | sapêjahira Bahman | malah kapara sru | marang Raja Kewusnendar | agênging sih acipta pinaring kanthi | de Hyang Lata Walujwa ||

7. suka tyasira sagung wadya lit | katutugan nèng nêgri Yujana | tan ana ing sangkalane | akasukan anutug | para ratu sagarwa sami | rêsêp ingkang pasaban | Kewusnendar Prabu | lêlima sinung wanodya | endah-endah sami sêntananirèki | marang Sang Kewusnendar ||

8. ingkang bibi Natèng Yujanèki | ingkang sêpuh pinanggihkên lawan | Natèng Kohkarib arine | sinungakên Lamdahur | kadangipun nak-sanak [nak-sa...]

--- 4: 67 ---

[...nak] sami | kang sêpuh katur marang | Sang Prabu Tamtanus | kang anèm Sang Natèng Kebar | arinipun lan Rajèng Rum wus apanggih | ningkahe jinênêngan ||

9. mring Wong Agung Surayaning Bumi | tuwin sagung para raja-raja | ingestrenan paningkahe | lajêng bujana nginum | kang kêmantu gangsal para ji | kang tiga sami kadang | naking-sanakipun | bibi kêkalih punika | mila kasok trêsnane Sang Jayèngmurti | marang Sri Kewusnendar ||

10. dènnya kêkancan lan para aji | duk sawulan kadya wus kêkancan | sapuluh warsa rapête | yèn ta sampuna ratu | ngilangakên ing tatakrami | saking nêlas kaduga | lair batinipun | bisane Natèng Yujana | mirapêti marang sagung kang para ji | arang basan-binasan ||

11. kunêng kang lagya mangun sih-asih | kawuwusa Rajaputri Cina | kang agung onêng driyane | mêtak putêk tyasipun | duk miyarsa sri narapati | Kewusnendar kêbala | mring Sang Jayèngpupuh | sampun ngêdhaton jro kitha | saha bala dene Sang Prabu Mêdayin | lolos nêdya mring Kelan ||

12. tanbuh polahe sang rajaputri | arsa seba mring Sang Kakungingrat | anênuwun apurane | langkung lingsêm jrihipun | dadya mêpak rajabrana di | pèni-pèni ing Cina | nênggih sèwu pikul | anêmpuh pikir dadakan | arêruba marang rajaputri kalih | Parangakik Karsinah ||

13. gangsal atus gotongane sami | pêpatihe ing Cina dinuta |

--- 4: 68 ---

mring Jayèngmurti jujuge | duk siniwèng wadya gung | aglar ingkang para nêrpati | panangkilan Yujana | caraka jumujug | ing ngarsa wus ingandikan | kyana patih ing Cina eram ningali | gunge kang para raja ||

14. lan cahyane Sang Surayèng Bumi | kadi dede padhaning manungsa | nuksmèng sêsăngka sunare | katur saaturipun | yèn dinuta marang sang putri | marang garwa kalihnya | ngaturi pisungsung | Wong Agung Surayèng Jagad | angurmati kundur ngêdhaton Sang Amir | sapraptanirèng pura ||

15. garwa kalih ingandikan prapti | dutanira Rajaputri Cina | ngandikan manjing purane | angandika Wong Agung | hèh dutane sang rajaputri | kinongkon gustinira | marang garwaningsun | lah mara sira têmbungna | nora kêna yèn ingsun naur nanggapi | yêkti kurang utama ||

16. utamane pan sira pribadi | sun lilani lah payo tandukna | mring garwaningsun karone | kyana patih wotsantun | ila-ila pun patik gusti | nuwun namunga tuwan | kewala pukulun | langkung ajrih yèn matura | garwa tuwan Wong Agung mèsêm amêrdi | ora têka matura ||

17. kyana patih umatur wotsari | dhuh pukulun pan amba dinuta | ing rayi paduka anggèr | Rêtna Sudara nyêndhu | sarwi mèsêm dènira angling | lumut[12] aturmu paman | ika pan si ibu | garwane Prabu Nusirwan | dene têka sira ênomakên mami | tumpangso sira

--- 4: 69 ---

paman ||

18. kyana patih lir konjêm ing siti | putri Karsinah gumuyu latah | kakang êmbok salah gawe | saungêl-ungêlipun | angandika Sudarawêrti | hèh yayi walik sampah[13] | duraka wak ingsun | ngandika mring dutèng Cina | paman patih jêng ibu paring punapi | maring ing jênêng ingwang ||

19. kyana patih umatur wotsari | inggih pèni-pèni saking Cina | gusti akathah warnine | punika pemutipun | sêrat cacah wus dèn tampani | brana sèwu gotongan | wus praptèng kêdhatun | dutèng Cina pinaringan | sapangadêg matura ibu pêparing | bangêt panuwun ingwang ||

20. duta nêmbah mring Sang Jayèngmurti | tuwin marang garwa kalihira | saking jro pura wus lèngsèr | langkung pangungunipun | ing murahe Sang Jayèngmurti | lampahe tan winarna | marga praptanipun | ing pakuwon gustinira | kyana patih lajêng tumamèng jro puri | ngarsane gustinira ||

21. nêmbah matur rêkyana apatih | sampun katur pakintun sêdaya | iya bapa kayapriye | tuturên purwanipun | lakunira katêmu ngêndi | kyana patih tur sêmbah | pukulun Wong Agung | kêpanggih duk siniwaka | păncaniti balane kadi jêladri | kang para raja-raja ||

22. kadya dede ratu manungsèki | pantês ratune sura buwana | sêmbada ing kêkuwunge | cahya nuksmèng sitèngsu | kula prapta matur wotsari | Wong Agung Parangteja | pantês kang umatur | pantêse kang ingaturan | lamun duta

--- 4: 70 ---

saking ing paduka gusti | tur-atur mring kang garwa ||

23. lajêng kundur ngêdhaton Sang Amir | praptèng pura kula tinimbalan | manjing ing kêdhaton anggèr | kapanggih dènnya lungguh | garwa kalih sampun sinandhing | kula kinèn nêmbungna | dhatêng garwanipun | kula jrih mopo pinêksa | kula matur dhatêng putri Parangakik | sawêg angsal rong kêcap ||

24. nuntên anyêndhu Sudarawêrti | sarwi mèsêm luput iku paman | sira basakakên anèm | pan ika kangjêng ibu | ingkang garwa Rajèng Mêdayin | aja gawe cilaka | iya maring ingsun | kang satunggil nuntên latah | kang anama Dèwi Sirtupilaèli | putri adi Karsinah ||

25. sarwi matur kangbok salah kardi | kajêngipun inggih singa-singa | sasênênge basakake | Sudarawêrti muwus | nora ilok ta yayi dèwi | wong tuwa dadi mudha | sungsang sarik saru | ing batin awèh wilalat | ngêndi ana ibu binasakkên adhi | sayêkti walik sumpah ||

26. ingkang raka Sang Surayèng Bumi | botên sêgu pan kèndêl kewala | kang rayi botên tinolèh | duk miyarsa sang ayu | Rajaputri Cina tan angling | baya nora kayaa | numbras têmên iku | apa pakone kang lanang | nanging nora sun wêtara bapa patih | kya patih matur nêmbah ||

27. kadi botên putri Parangakik | pan kêtawis yèn cinêcêkana | èstu yèn karsane dhewe | dhasar putri pinunjul | limpad pasang graita lantip | bêranyak kasêmbadan [kasêmbada...]

--- 4: 71 ---

[...n] | manis ingkang têmbung | angèl gusti angupaya | soring wiyat kadi putri Parangakik | pantêse yèn wicara ||

28. dene Dèwi Sirtupilaèli | gandrês luwês tur raga kêrana | sêdhêpe wikana gone | punika si wong patut | datan wontên cacade sêpi | sang putri angandika | mêtua karuwun | kya patih tur sêmbah mêdal | sang suputri tontonên onênging warti | tyasnya wayang-wuyungan ||

29. êmban èstri Siwang Siwung maksih | angandika Rajaputri Cina | hèh biyang paran ta kiye | numbras têmên Wong Agung | sagarwane mènthèl kêpati | padha macuk maringwang | milu basa ibu | upama ingsun cidraa | ingsun dhustha aprang tandhing ngadu sêkti | upama sun pêdhanga ||

30. kaya rampung putri Parangakik | sun sabêta ing talikêm tular | rontang-ranting sarirane | baya duka Wong Agung | tinêmpuhkên mring awak mami | ngêndi gone ngupaya | kaya kangbok iku | bêngis-bêngis ngur uripa | lothung-lothung kakang bok Sudarawêrti | yèn ingsun kaluputan ||

31. lamun ana kaluputan mami | angladèni mring Sang Kakungingrat | nora ana prayogane | kang ngalingi maringsun | ingkang sasat jêng ibu sori | amung kangbok Sudara | pantês kang mêmuruk | kangbok putri ing Karsinah | mènthèl têmên milu mêmoyok mring mami | upama sun cidraa ||

32. sun panaha tugêl jangganèki | mendahane kang aduwe garwa | sêtaun muring-muringe | nêmpuhakên maring

--- 4: 72 ---

sun | nora antuk ingsun ngulati | kaya kangbok Karsinah | cêndhalane muput | cêndhala angur uripa | katon têmên kangbok Sirtupilaèli | sok tawa dhahar rujak ||

33. kunêng ingkang agung siyang ratri | wayang-wuyung lir edan kagehan | andina tanbuh solahe | gantya wau kawuwus | lampahira Natèng Mêdayin | prapta ampeyanira | ing Kelan karungu | Patih Gajahbihêr sigra | ngirabakên baris kuda tigang kêthi | lampah saparon dina ||

34. pêthuk sungut lan bala Mêdayin | ingaturan Sang Prabu Nusirwan | yèn Gajahbihêr praptane | kèndêl sira sang prabu | samya piyak bala Mêdayin | praptane Patih Kelan | Gajahbihêr tundhuk | ature kula dinuta | putra tuwan Sang Prabu Kelanjêjali | mondhongi ing paduka ||

35. kapiyarsa kasoran ajurit | kabujung saking nêgri Yujana | kang sagah ngukuhi mangke | putra tuwan sang prabu | Sri Bêthara Kelanjêjali | wau Prabu Nusirwan | suka manthuk-manthuk | ki patih liwat tarima | pangukupe anak Prabu Kaelani | wêlas maring pun bapa ||

36. nak Gajahbihêr mlakua dhingin | umatura mring anak narendra | tinggalana mantri bae | kang ngirid lakuningsun | Kyana Patih Kelan wotsari | tilar kuda salêksa | mantrine sapuluh | lampahira sigra-sigra | tan kawarna lampahira anèng margi | prapta anèng nêgara ||

37. katur marang Sri Kelanjêjali | sri bupati angundhangi [a...]

--- 4: 73 ---

[...ngundhangi] bala | têngara mêthuk karsane | sang prabu ing Mêdayun | tigang yuta wadya kang ngiring | kadya giri kusuma | budhale sang prabu | rêspati nitih turăngga | Rajèng Kelan asongsong pitulas sisih | upacara ing ngarsa ||

38. asri busanèng kang pra dipati | pêsanggrahan dohe saking kitha | tiga têngah jam punjule | anênggih kawan mênut | cinarita ing tigang ratri | anèng ing pasanggrahan | pamêthukanipun | kunêng wau kawuwusa | putri Kelan tuhu pinunjul sabumi | sêmbada ing sarira ||

39. sarwa pantês sarira rêspati | datan wontên sarune samêndhang | angundhung-undhung pantêse | tuhu ratuning ayu | parêkane Samas pan putri | putri ingkang kêtawan | prajane pinukul | marang Dèwi Kelaswara | ratunipun kasor prang ngaturkên putri | suwita mring kang rama ||

40. panahira sang raja pinutri | Kelaswara pinanahna arga | satus gunung têmah lèngsèr | pêdhangipun sang ayu | pinêdhangna ing gajah wêsi | satus malêdug sirna | lawunge sang ayu | linawungakên ing arga | sapta lolos tan kêna dèn pariksani | panjunjunge sang rêtna ||

41. liman satus pan kinarya undhi | mêng-amênge kala timur mila | blêgdaba kinarya canthèng | onclang mèmrèng lan sênuk | tanah ajam sami kajodhi | mangkana sang lir rêtna | pamiyarsanipun | kang rama badhe tamiyan | parangmuka bêburone dèn kukuhi | angungsi dhatêng Kelan ||

--- 4: 74 ---

42. parêkane pra cèthi prajurit | kawan atus para putri kênya | lumrah kang jinaramèntèr | kang tinatah malurud | kang tinumbak angujiwati | mungkur ingkang pinêdhang | kumêmprang pan putung | akèh kang winadung mêndat | kang binodhik cinundrik lir dèn lik-ilik | anglirik datan obah ||

43. kang ginada tinampèl ing wêntis | duk sêmana sang rêtna ngandika | têtanya maring êmbane | paran wartane biyung | kang pinapag kangjêng rama ji | dèn ungsi ratu sapa | kang pinapag iku | kang duwe bêburon sapa | nêmbah matur êmban Sumbita mring gusti | risang mangun sri nata ||

15. Sinom

1. anggèr kawula miyarsa | kang pinêthuk ing rama ji | wasta Sang Prabu Nusirwan | Anyakrawati Mêdayin | binujung dèn kukuhi | ing rama paduka prabu | kang darbe bêbujêngan | Wong Agung Surayèng Bumi | pan samangke wontên nêgari Yujana ||

2. mirsaa yèn kinukuhan | burone pêsthi dhatêngi | Wong Agung Surayaningrat | balane kadi jêladri | kasub anglêlanangi | sugih bala para ratu | rong kêthi kawan lêksa | punggawane pitung kêthi | datan wontên ing mangke ingkang tumimbang ||

3. ratu sangisoring wiyat | saidêre jalanidi | kadi Wong Agung Kuparman | pun Kêlana Jayèngmurti | pinèt mantu ratu jin | Rajèng Ngajêrak pukulun | apatutan satunggal | Nata Dèwi Kuraisin | milanipun yèn kula purun matura ||

4. inggih bok sampun minêngsah [mi...]

--- 4: 75 ---

[...nêngsah] | pun Kêlana Jayèngmurti | kawula giris miyarsa | balane kadi jêladri | bok sampun dèn kukuhi | nênggih burone puniku | luhung dèn aturêna | sampun kongsi dados jurit | pun Kêlana Surayèng Jagad prakoswa ||

5. malah kawula miyarsa | panganjure kang nênitik | mring salasahe Nusirwan | kèndêl ing dhusun paminggir | dede pun Jayèngmurti | puniku ingkang anuduh | Wong Agung Parangteja | kang darbe utusan gusti | condakane para ratu pitung dasa ||

6. dene balane sêdaya | wontên tigang atus kêthi | kulanggèr sok ngimpi ala | gusti nêgri Kaelani | katingal banjir gêtih | kêlawan kêkayonipun | dene anggèr paduka | katingal sajroning guling | pan lininting wontên jroning sêkar pudhak ||

7. ingkang anglinting wikana | kentir kalembak anênggih | jroning samodra ludira | abdi paduka pra cèthi | katingal sami angling | dhatêng kawula pukulun | nyai sajroning pudhak | punika gusti sang putri | abdi sami nututi botên kêcandhak ||

8. sami anangis sêdaya | nuntên gègèr saking wuri | loke tiyang kathah-kathah | padha mireya dèn aglis | ana satriya prapti | yaiku gustine mungsuh | Wong Agung Kakungingrat | agupuh kawula tolih | mung satunggal anitih turăngga pelag ||

9. lamun ing mangke wontêna | tiyange kula tan pangling | anggèr dêdêge pidêksa | cahyane

--- 4: 76 ---

amindha sasi | sakêpraboning jurit | wayahe satêngah sêpuh | nanging kadya jêjaka | mrakati sêdhêp tur manis | jro pangimpèn gusti kawula kêsmaran ||

10. sarwi angêtab turăngga | sêkar pudhak dèn tututi | nglangi samodra ludira | cinandhak pudhake kêni | anulya dèn sangkêlit | turanggane nuntên wangsul | lajêng kagèt kawula | gumaregah kula tangi | marma maras anggèr raose kang manah ||

11. ngandika Ni Kelaswara | biyang aku iya ngimpi | taman ingong udan lintang | aku padha anjupuki | tuk têlu sun kandhuti | kumabruk rêmbulan runtuh | tiba ing pangkon ingwang | kagèt ingsun nuli tangi | gêragapan lintang sun kandhut tan ana ||

12. kèlingan lamun supêna | biyang impèn ingsun bêcik | impènira iku ala | tur sêmbah bilih mênawi | praptane mungsuh gusti | wontên awon pênêdipun | layak mangkono biyang | apa wani mungsuh iki | yèn banjura mukul nêgara ing Kelan ||

13. kêlamun iku wania | langar têmên sun arani | jampêng nora kulak warta | yèn Prabu Kelanjêjali | duwe putri prajurit | tate bănda para ratu | agung-agung kêtawan | kêna samadyaning jurit | nora talah prajurite wong Kuparman ||

14. aja kudu kangjêng rama | aku bae kang ngêmbari | mungsuh kang anèng Yujana | arsa mukul Kaelani | dumèh amutêr bumi | tapis para ratu-ratu | jêr durung maring Kelan | lan [la...]

--- 4: 77 ---

[...n] ingsun atandhing sêkti | lah elinga mumpung durung kaprawasa ||

15. wau ingkang kawuwusa | Sang Prabu Kelanjêjali | Sang Ibni Bardinilekan | wus panggih Rajèng Mêdayin | langkung dènnya mor asih | Nusirwan binêkta kundur | marang jro kutha Kelan | wus prapta ing jro nêgari | Sri Nusirwan amakuwon sitibêntar ||

16. kêlangkung sinungga-sungga | sang aprabu ing Mêdayin | anutug sinuba-suba | dene ratu nyakrawati | ngumbara ngungsi-ungsi | katoring-toring binujung | gumyahe kang miyarsa | singa-singa kang dèn ungsi | kinasorkên ing prang mring Sang Kakungingrat ||

17. Sang Ibni Bardinilekan | ya Prabu Kelanjêjali | langkung wlasirèng Bêthara | Nyakrawati ing Mêdayin | wagêde Ki Apatih | Baktak aminta sihipun | bangêt-bangêt ingucap | pun Kêlana Jayèngmurti | bêgjanipun ing têmbe kang ngasorêna ||

18. dene datan wontên adat | wong unggul sajêge urip | mila Sri Bupati Kelan | purune ngêdêd tan sipi | dene kêna mêmanis | Ki Baktak pangunggaripun | mangkana sri narendra | ing Kelan lagya ngaturi | mring kang rama Nusirwan manjing jro pura ||

19. wus samya tata alênggah | lan Prabu Kelanjêjali | ingkang putra tinimbalan | Kelaswara praptèng ngarsi | parêkan para putri | Samas angayap nèng ngayun | lajêng kinèn siyaga | angolah prang ajar jurit | kang pawongan sikêp kêpraboning [kê...]

--- 4: 78 ---

[...praboning] yuda ||

20. pinalih ingkang pawongan | ingabên ajaring jurit | arame panah-pinanah | tumbak-tinumbak akangsi | pêdhang-pinêdhang uthik | arame panduk-pinanduk | eram Prabu Nusirwan | mulat pratingkahing jurit | tanpa karya gêgaman tumamèng ăngga ||

21. nulya sang putri tumêdhak | ngawaki cèthi sêpalih | pinalih malih punika | sinungkên ingkang nisihi | wadya sang rajaputri | kang pinangku namung satus | tigang atus kinarya | lawan pêngajaring jurit | tinêngêran kêndhang gong bèri wurahan ||

22. wontên dipăngga sêdasa | sinaosakên sang putri | cèthi tigang atus mangsah | kang satus pinurwèng jurit | tinêmpuh nganan ngering | panah pasêr ting palêncut | singsal tinampèl ngasta | kang rukêt pating calêrik | êmar-êmar wong Mêdayin kang tumingal ||

23. parêkan satus kasoran | ngungsi wurine sang putri | gêgamane sampun sirna | binêrêg kokih kalindhih | sigra sang rajaputri | têtulung ingkang kêplayu | gajah kalih cinandhak | ing astane kanan kèri | pan ingangkat gajah kalih lir likasan ||

24. binandhêmakên kang mêngsah | pinaliwat pan winangsit | gajah sumyu[14] kalih pisan | kang binandhêm angoncati | gajah sapuluh ênting | rêmak sumyure malêdug | anuli tinêtêgan | luwar ingkang ajar jurit | Kelaswara wus marêk ngarsaning rama ||

25. jêtung prasami tumingal | pra dipati ing Mêdayin | angguguk [anggu...]

--- 4: 79 ---

[...guk] Ki Patih Baktak | Nusirwan angêntrog wêntis | sagung kang para aji | Mêdayin suka kêlangkung | sajêge antuk sraya | tan wontên kadi samangkin | sami suka wong Mêdayin nutug suka ||

26. angrasa yèn kêtandangan | wong Arab ing măngsa iki | saking prayoga srayanya | prajurit jalu lan èstri | têgêse animbangi | lan Arab prajuritipun | wau Prabu Nusirwan | apan adangu ningali | Kelaswara kathah kêraos tyasira ||

27. wangun sanginggiling tênggak | kadi putri Muninggarim | netra miwah pêpilingan | larapan imba ngêblêgi | netra grana lan lathi | sawiji anunggal wangun | amung kacèk bêranyak | antêng Rêtna Muninggarim | Kelaswara lan Sudarawêrti padha ||

28. pidêksanira Muninggar | putri Kelan Parangakik | kang tiga nunggil dêdêgnya | mung sanès lêlewanèki | Muninggar jêtmikani | putri kêkalih puniku | ingkang kêmbar lêlewa | putri Kelan Parangakik | Kelaswara lan Sudarawêrti samya ||

29. sami bêranyak sêmbada | sasolahe ngrêspatèni | sami manising wêcana | pratingkah sêdhêpe sami | parêk atine nunggil | karya kagèt kang andulu | pantêse wong sêjagad | wus ana ing putri kalih | rêrèbète kang dèn êdum wong sêjagad ||

30. kunêng kang mêmangun suka | Nusirwan Kelanjêjali | lawan sawadya punggawa | anèng nêgri Kaelani | gantya malih winarni [winar...]

--- 4: 80 ---

[...ni] | Arya Maktal dutanipun | nêrpati pitung dasa | ingkang samya anênitik | sêlasahe kang dèn ungsi mring Nusirwan ||

31. ing mangke sampun têtela | anèng nêgri Kaelani | dènnya ngungsi kinukuhan | mring Prabu Kelanjêjali | sagah tandhing ajurit | anyirnakakên anggêmpur | mring Sang Surayèng Jagad | mangkana wau kawarni | ing Yujana Wong Agung yuda kênaka ||

16. Pangkur

1. Wong Agung duk siniwaka | aglar sagung punggawa para aji | Arya Maktal nêmbah matur | pukulun rama tuwan | sri narendra panggenane sampun tamtu | lawan sawadya punggawa | wontên nagri Kaelani ||

2. kang dèn ungsi Rajèng Kelan | pan tumanggah Prabu Kelanjêjali | mêngsah paduka pukulun | putrinipun prawira | Kelaswara tate bănda para ratu | milane sagah samăngsa | amêngsah paduka Amir ||

3. Wong Agung mèsêm ngandika | wus karuwan yayi Natèng Mêdayin | iya nora kêrsa kundur | anutugakên karsa | wus pratela iya ing pangungsènipun | Umarmadi ngundhangana | wadya saos ing ajurit ||

4. samêktane lakuningwang | nanging yèn wus samêkta kang para ji | nora wurung sun anglurug | marang nêgara Kelan | dene mêngko pan lagi kêlangên ingsun | suka nèng nagri Yujana | sandika kang para aji ||

5. wau ta Sang Kakungingrat | nèng Yujana kêlangên acangkrami | dènnya kêlangên anutug | ing wana miwah toya | lawan sêngsêm [sêngsê...]

--- 4: 81 ---

[...m] iya marang ratunipun | Kewusnendar ing Yujana | Wong Agung langkung dènnya sih ||

6. mangkana duk abujana | Sang Surayèng Bumi lan para aji | alon ngandika Wong Agung | yayi Prabu Yujana | nêgri Kelan pira ta lêlakonipun | dharate saking Yujana | Kewusnendar awotsari ||

7. pukulun pan kalih wulan | ngalèr ngetan dharate saking ngriki | ing layaran pitung dalu | gusti pan karocokan | nêgri Kelan têngahan ing lêrêsipun | tampingane ingkang wetan | lan ing Cina tunggil wangkid ||

8. kang lèr tampingane tunggal | lan ing Ngindi kang kidul tunggil wangkid | lawan pun kakang Lamdahur | Lamdahur nambung sabda | inggih saking Surati lèr kilènipun | kilèn lêrês saking Kusta | kang lèr kilèn tunggil wangkid ||

9. lan jajahan Rum punika | ing Ngadêli kutha gêng tunggil wangkid | Ngadêli kang tumut ing Rum | kidul kilèn tampingan | tunggil wangkid lawan Yujana pukulun | kang kilèn lêrês punika | lan ing Yahman tunggil wangkid ||

10. pun Kelan ratu prakoswa | widigdaya Prabu Kelanjêjali | punika pan anakipun | Raja Bardinilekan | Ratu Wudhu Bardinilekan pukulun | sawontêne ngalam dunya | inggih dèrèng angsal tandhing ||

11. Wong Agung alon ngandika | mring Lamdahur yayi Rajèng Surati | tuduhên dhingini laku | Rajèng Kusta lan Gêdhah | lan Sêlangur sandika Prabu Lamdahur | parentah ing balanira | ratu kang badhe [ba...]

--- 4: 82 ---

[...dhe] dhingini ||

12. Rajèng Rum kang pinundhutan | lan ing Ngindi Yujana Yahman sami | ratu satus pitung puluh | budhal saking Yujana | panganjure sarta angêlar marga gung | gunggunge kang balakuswa | wontên limang atus kêthi ||

13. kang măngka tuwaning lampah | Sang Suratisdaham Rajèng Surati | lan ing Gêdhah Raja Arnus | Sri Narendra Turkiyah | Raja Alam kang mênganjuri ing laku | lan Kusta Raja Marekan | Ngadêli Raja Bêrdasi ||

14. urunan saking Yujana | Raja Ukdyar lawan Sang Raja Kibsil | lan Raja Bêrdingah Kadrun | urunan Ngindi Raja | Dawud Danu lan Raja Jêrjanibiktur | kadya prabata pawaka | saking Yujana lumaris ||

15. angkên girindra puspita | dêdamêle ratu kang mianjuri | ratu satus pitung puluh | lêpas saking Yujana | ngêlar marga ingkang wana agêng gêmpur | wus têbah ing lampahira | wong dhêmên tan dèn langgati ||

17. Asmaradana

1. kunêng wontên kang winarni | rêksasa papêlajêngan | kabur saking ing dhangkane | ing nguni ditya Jabalkap | nênggih kang darbe suta | punika Sang Raja Jamum | anama Mardu Sindhula ||

2. kinèn ngungsi ingkang bêcik | liyane wukir Jabalkap | besuk ing Jabalkap kiye | tan kêna kambah ing ditya | wil diyu lan dênawa | yèn ta misih mantunipun | iya Sang Prabu Ngajêrak ||

3. Wong Agung Surayèng Bumi | Menak Jayèngsatru Ngarab | kang agêmpur ditya kabèh | iku kang mêrung maringwang | kang gruwung [gru...]

--- 4: 83 ---

[...wung] grananingwang | mila sang rêksasa Mardu | mêrtapa wukir Sindhula ||

4. wontên tigang atus nênggih | kang tumut dhăngka Sindhula | saking Kelan kidul kilèn | sêdaya mêsu mêrtapa | Mardu sampun sêsuta | kalih èstri putranipun | tumut amartapèng bapa ||

5. aran Mardawa Mardawi | kalih sami kinawasa | bisa manjing ajur-ajèr | dhasar pakartining ditya | bisa laku mangkana | nanging puniku pinunjul | sêsama-samaning ditya ||

6. mangkana miyarsa warti | bungas ing wana katrajang | ing bala Jayèngpalugon | ingkang mianjuri lampah | anggègèrakên wana | burone padha kêplayu | andhêpès wukir Sindhula ||

7. buron agêng-agêng sami | gajah banthèng lawan warak | blêgdaba sênuk lan mèmrèng | jilma lajêng asuwita | marang Mardu punika | iya Mardu iya Jamum | Mardu Jamum namanira ||

8. dadya buron kang andasih | maring Jamum pan akathah | saking bangêt sutapane | Jamum miwah sutanira | Ni Mardawi Mardawa | ngawulakkên buron agung | Jamum kabul istijradnya ||

9. dhasar rêksasa wus sêkti | aja kudu nganggo tapa | nyata wus sugih kasêktèn | Raja Mardu Jamum sira | winuwuhan martapa | pinrih ing pinunjulipun | ngasorna isining jagad ||

10. tuwin putra kalih èstri | sami amrih kaprawiran | angajap pinunjul dhewe | mangkana wau kang putra | Jamum samya ngandikan | praptèng ngarsanira Jamum | Rêtna Mardawi Mardawa ||

11. ka[15] rama [ra...]

--- 4: 84 ---

[...ma] ngandika aris | babo nini ana karya | nora wurung gawe gêdhe | iki satru kêbuyutan | nêlasak maring sira | ngulati têdhake Jamum | kaya priye dayanira ||

12. Raja Jamum sarwi nangis | kêraos wau kang rama | pinatèn Jayèngpalugon | kang putra kalih manêmbah | inggih maras punapa | tumpêse sawadyanipun | Wong Agung Surayèng Jagad ||

13. kawula rama kadugi | inggih sêdalu kewala | ingkang kadi samodra rob | balane Sang Kakungingrat | botên dados rong dina | paran karsa rama prabu | Raja Jamum angandika ||

14. rara ewuhe tyas mami | nora kêna ginagampang | Wong Agung Jayèngpalugon | ditya sangingoring[16] wiyat | gêmpur gunung Jabalkap | tan kêna tinulak iku | dibyane Si Kakungingrat ||

15. dene pikir ingsun nini | bêcik lamun pinirowang | rusake kênane kabèh | iki mumpung anèng têba | mêntas bêdhah Yujana | banjur mring Kelan anglurug | sayêkti besuk miyarsa ||

16. yèn ingong maksih nèng ngriki | kêranatan ana marga | pantês kambah gaman gêdhe | kang anjog nêgara Kelan | amung wukir Sindhula | akèh pacangkraman patut | ing wana miwah ing toya ||

17. nora narka awak mami | alas iki yèn kasiya | kambah ing Jayèngpalugon | dene doh kaliwat-liwat | ing mêngko karsaningwang | sira lan arinirèku | padha amriha kagarwa ||

--- 4: 85 ---

18. mring Kêlana Jayèngmurti | lan Wong Agung Parangteja | wruhanira sutaningong | sirnaa Si Kakungingrat | yèn Maktal durung sirna | sayêkti Maktal winangun | kinarya Si Kakungingrat ||

19. mring Dipati Guritwêsi | pêsthi bisa angupaya | kabèh kang nyidra ing têmbe | yèn maksih Si Parangteja | kang padha gawe ala | tumindak amalês ukum | sira pan kaburak-burak ||

20. rêmbug ingsun mau nini | yèn sira kongsi kagarwa | miwah antuka anake | bisa angêbas ambengkas | dene wus kasarira | pinèta sangkaning alus | ludhês pan ora kawruhan ||

21. kang putra kalih wotsari | inggih lêrês karsa tuwan | lamun wontêna margine | paran kinarya jalaran | Raja Jamum ngandika | sira maliha warnèku | arupa putri yu endah ||

22. besuk yèn makuwon lami | ana ing wana dhêdhăngka | iku ta nini patrape | iya ing paekanira | wus matêng kang pirêmbag | kunêng malih kang winuwus | kang wontên nêgri Yujana ||

23. Wong Agung Surayèng Bumi | lan sawadya para nata | patang puluh dina lête | budhale panganjurira | ing wuri wus siyaga | dene kèndêle Wong Agung | ginubêl ing para garwa ||

24. garwa putri Parangakik | lawan putri ing Karsinah | samya ginubêl kalihe | dene Rajaputri Cina | agung tampi rêruba | maria abasa iku[17] | sangêt ing panuwunira ||

25. malah prasapa tan sipi | agung dènnya kintun [ki...]

--- 4: 86 ---

[...ntun] sêrat | nuwun mawi pêpacake | yèn datan kêni sêsambat | ing têmbung maratuwa | kangbok kawula mit lampus | kasêksèna ing paduka ||

26. dadya surate sang putri | kang katur Rêtna Sudara | katur ing Jayèngpalugon | animbali Umarmaya | lan Arya Parangteja | kalih prapta dalêm agung | kinèn amaos kang surat ||

27. Adipati Guritwêsi | maos srate putri Cina | pêpuji marang Hong Tete | katura surat kawula | inggih pun Adaninggar | dhatêng kusumaning arum | Rêtna Sudarawêrtika ||

28. putri adi Parangakik | tuwin sang putri Karsinah | kawula atur isine | pèni-pèni saking Cina | kalih èwu gotongan | pun bapa ji kang kêkintun | sawêg dhatêng kawan dina ||

29. kamipurun kaping kalih | kawula ngaturkên pêjah | aksamanên sang lir sinom | kangbok Sudarawêrtika | paduka mantunana | mring kawula basa ibu | kawula atur prasapa ||

30. yèn paduka tan mantuni | kawula asuduk jiwa | wontên ing ngarsa kakang bok | lamun kawula kenginga | sowan dhatêng paduka | prasasat pêparing umur | nambung kawan dasa warsa ||

31. pitungkase rama aji | kang mungêl jro surat warah | inggih mêkatên wêlinge | babo nini dèn waspada | iya nadyan akèha | putri dadi garwanipun | Wong Agung Surayèng Jagad ||

32. amung putri Parangakik | Rêtna Sudarawêrtika | suwitanana ta anggèr | lair batin anggêpira [anggêpi...]

--- 4: 87 ---

[...ra] | rêngkuhên ibunira | iku putri potang umur | mring Wong Agung Kakungingrat ||

33. lawan dènira akrami | Rêtna Sudarawêrtika | êsah lawan Hong Tetene | iya tan mawi kinarya | padha-padha manungsa | mung Nabi Ibrahim iku | sarta Hyang Lata Walujwa ||

34. kang gawa parentah kawin | marang Sang Rêtna Sudara | marmane ta sira anggèr | suwita Rêtna Sudara- | wêrti putri utama | angukuhi bênêripun | milalu ambuwang kadang ||

35. lawan Sirtupilaèli | putri adi ing Karsinah | padha kulanana anggèr | mêkatên ingkang pitungkas | rama ji ing kawula | dhuh kakang bok raganingsun | atur prasêtya prasapa ||

36. kalamun paduka nampik | andasihakên kawula | badan kawula wiyose | sayêkti sakêthi merang | mantuk dhatêng ing Cina | dhuh kakang êmbok pukulun | rêngkuhên kula mawongan ||

37. Adipati Guritwêsi | angling marang Arya Maktal | yayi mas ingsun wus wêroh | warnane sang putri Cina | dudu pantêse ika | putri sênggrang watêkipun | nora patut laku sopak ||

38. Arya Maktal anambungi | sayêkti puniku kakang | ing pawarti titih tanggon | nanging ta kudu dilalah | dhompone ing pratingkah | putri mêmêlas satuhu | lêlakone putri Cina ||

39. nauri Sudarawêrti | apan sarwi nênggak waspa | iya yayi mas kêpriye | lakuningsun anampika | mitrane putri Cina | aranana [arana...]

--- 4: 88 ---

[...na] awak ingsun | yayi kalêbu wong apa ||

40. miwah kamasa Adipati |[18] Tasikwaja aranana | bêcik êndi awak ingong | anampik lawan atămpa | sêdyane putri Cina | sigra nêmbah sarwi matur | Wong Agung ing Parangteja ||

41. inggih sae anampèni | lamun paduka nampika | niaya kêkandhangane | mungguh Hyang Suksma winêstan | inggih nampik nugraha | wajib ngukup kawlasayun | atêtulung sudra papa ||

42. Wong Agung Surayèng Bumi | wau kalane miyarsa | Arya Maktal ing rêmbage | kalawan Rêtna Sudara | tuwin Ki Umarmaya | mèsêm ngandika Wong Agung | hèh ari mas Parangteja ||

43. paran gonira ngalingi | yayi mring sariraningwang | dêrapon aja kagêpok | nisthane sariraningwang | lupute ing pocapan | Arya Maktal nêmbah matur | gampil pênatasing nyawa ||

18. Mêgatruh

1. inggih tuwan apan botên tumut-tumut | pan amung sang rajaputri | kang darbe karsa puniku | mêmitra sami pawèstri | lan sarate pisah ênggon ||

2. sanalika bucal raosan pukulun | paduka pan anyar krami | putri Kuwari puniku | garwa paduka kêkalih | nêbah apisah kang ênggon ||

3. lawan wontên loking jana sasabipun | sang rajaputra kêkalih | wus diwasa wayahipun | wajib binage para ji | para nata sapratêlon ||

4. kula ingkang anganthi sadumanipun | ingkang kawula êmongi | Radèn Jayusman [Ja...]

--- 4: 89 ---

[...yusman] pukulun | lan ibune anut wuri | sayêkti pisah pakuwon ||

5. kang saduman kang nganthi yayi Tamtanus | dene ingkang dèn êmongi | Rahadèn Ruslan puniku | saibune atut wingking | sayêkti pisah pakuwon ||

6. ingkang kara saduman kang para ratu | inggih kakang adipati | Marmaya nganthia iku | ngariyinana ta gusti | wong kabèh padha parungon ||

7. ingundhangkên sayêkti nuntên misuwur | sintên ingkang amêstani | punika nuntên pinupu | ing Cina sang rajaputri | yèn sampun sami kêlakon ||

8. botên wontên pawong sanak cacadipun | mêmitra samining putri | sayêkti tan wontên niku | graita ing paduka Mir | ujar sami aneje gon ||

9. ya ta mèsêm alon ngandika Wong Agung | iya bênêr iku yayi | pratikêlira puniku | kalising sarira mami | sayêkti nora kagêpok ||

10. pan karsane yayi dèwi karo iku | pawong sanak padha èstri | sapa mangênana iku | Rajaputri Parangakik | gumujêng tyase cumêplong ||

11. dalanane yayi aja na sirèku | rêmbug iki tanpa dadi | si kakang Marmaya iku | wong tuwa sok kidhah-kidhih | sok ngindhani jrih kêtanggor ||

12. Umarmaya tumênga sarwi macucu | mele-mele amundêlik | dhendhang-dhendhong iya dhendhung | inggih lêrês sang suputri | sayêkti ajrih kêtanggor ||

13. tur kawula sayêkti wêlas pukulun | dhatêng ing Cina Sang Putri [Pu...]

--- 4: 90 ---

[...tri] | lan rada maras ing kalbu | mungguh ing batin kaèsthi | pratingkah karya saking wong ||

14. botên sande amalês ing anak putu | kang kari darma nglampahi | sêdaya sami gumuyu | Rêtna Sirtupilaèli | ana pa yèn uwus dados ||

15. mau-mau padha angrasa pakewuh | kang Dipati Guritwêsi | tuwa pijêr mangu-mangu | nora wani angurêbi | anglintêr sok kurang tanggon ||

16. ya ta wau pangandikanira arum | Wong Agung Surayèng Bumi | nuli bagenên dèn gupuh | Umarmadi mèlu mami | pangarêp kang mèlu ingong ||

17. Arya Maktal Umarmaya sarêng mêtu | sapraptanira ing jawi | aparentah para ratu | pinartiga sampun dadi | pandume kang para katong ||

18. Rajaputri Parangakik wus angutus | surat marang Rajaputri | Cina sarta kang pakintun | sinêmayan dèn timbali | iya besuk yèn wus bodhol ||

19. saking kitha Yujana sida anglurug | maring nêgri Kaelani | nèng marga sira ing besuk | sira yayi sun timbali | marang pêsanggrahan ingong ||

20. sêratira Sudarawêrti kang rawuh | ing sang putri Cina nênggih | binuka dawiyahipun | êla-êla nganyut galih | sang putri brêbêl wêtu loh ||

21. bangêt suka kagète amêtu êluh | pan dudu êluh prihatin | sêgêr awak mari lêsu | kacipta Sang Rajaputri | Parangakik nganthi mring ngong ||

19. Kinanthi

1. duk lêjar saking kang wuyung | tyasira sang rajaputri | ing Cina Kèn Adaninggar |

--- 4: 91 ---

nalika ningali tulis | saking Sudarawêrtika | Rajaputri Parangakik ||

2. pan wus salin têmbungipun | mangkya basa yayi dèwi | sasat kadya sinatmata | mring Wong Agung Jayèngmurti | surate Rêtna Sudara | agung dèn iling-ilingi ||

3. têmbunge amanis arum | sêdhêpe amukêt ati | bisa gawe êla-êla | kakang bok Sudarawêrti | gandrês luwêse sêmbada | kaduk manise rêspati ||

4. nyêr-ênyêre têrus sungsum | ting kalêlêr anèng kulit | ting sarênut anèng manah | kakang bok Sudarawêrti | bisa gawe inggaring tyas | putri musthikaning bumi ||

5. angundhangi balanipun | wong Cina kang pra dipati | kinèn anabuh gamêlan | biolah kêndhang saruni | kyana patih dhinawuhan | parentah mring pra dipati ||

6. prasamya suka tyasipun | dene lêjar tyasing gusti | kunêng gantya winurcita | Wong Agung Surayèng Bumi | ngundhangi bala samêkta | sakêpraboning ajurit ||

7. sagung para ratu-ratu | enjing anêmbang têngari | gumuruh swaraning bala | kadya gêrah kang pratiwi | sira Prabu Kewusnendar | tinuduh barêpi baris ||

8. minăngka manggalanipun | panganjur barêpi baris | bêdhol baris ing Yujana | tigang yuta busana sri | kadya parbata puspita | prajurite bêcik-bêcik ||

9. wadyane kang para ratu | kalih atus mianjuri | tigang atus munggèng wuntat | kang garêbêg sri bupati | pra dipati [di...]

--- 4: 92 ---

[...pati] kawan lêksa | busana mawarni-warni ||

10. sumundhul Prabu Lamdahur | sawadya para nêrpati | asrine wadya ing Selan | kadya wana gêng kabêsmi | Rajèng Ngabêsi Kunawar | Kuristam ingkang nambungi ||

11. ratu wêdana kang kantun | tri atus samya nambungi | kang sumundhul ing wurinya | barise Sang Adipati | Guritwêsi sinambungan | patayar jro tigang kêthi ||

12. upacaranya Wong Agung | ginarêbêg pra dipati | Prabu Marmadi ing wuntat | agilir kang mênganjuri | nandhês bala kasêpuhan | sapratêlon kang para ji ||

13. bala kaputran sumundhul | Sang Prabu Sakirdan Ali | mênganjur barêpi lampah | kêlawan Sang Raja Jabid | Kudaedah Mudalipah | ing Kopah lan Betalpêkih ||

14. wadya gung sundhul-sumundhul | asri busanèng prajurit | kadya girindra kusuma | wahana datanpa wilis | Wong Agung ing Parangteja | ingkang andhadhani baris ||

15. nêpungi kang para ratu | kadya bêlah kang pratiwi | prakêmpa pratala molah | kambuh wimbuhing lumaris | ograg-agrig gra gumiwang | rug rigung gora gra pati ||

16. rèh umung sri guntur kêtug | giri gra kagiri-giri | kumêndhung sindhung ngumandhang | gambar sol ori grêng tarik | balane Radèn Jayusman | lir robing samodra malih ||

17. gumiwang kang kuwung-kuwung | daludag dalêdêg wuri | sumêlèt kilat-kumilat | kêthap-kêthap kilat thathit | upacara kadya panjrah |

--- 4: 93 ---

ing puspita udan katri ||

18. asri balane kang ibu | Rajaputri Parangakik | upacara winarnendah | kadya yanghyang taru rukmi | kang sinaput ngima măntra | saingga lintang sêsiring ||

19. dipăngga sakêthi ngayun | blêgdaba sayuta wuri | bihal kuldi adal-adal | angrimong mèmrèng karêndhi | sênuk unta lan andaka | liwêran datanpa wilis ||

20. akêthèn tunggul-tumunggul | lêlayu yutan tulya sri | kasrêg ing maruta kentar | wuryaning kang kumala mrik | kadya sasradara mimba | srining wadya Parangakik ||

21. sapratêlon para ratu | lir awun-awun wanadri | akathah yèn winuwusa | gêgamane kang para ji | balane Radèn Jayusman | tanpa pêgat pitung ari ||

22. pianjur wuri sumundhul | Sang Raja Dabarun Ali | para raja pangkat-pangkat | sawadyakuswa mênuhi | balane Rahadèn Ruslan | lir trunaning jalanidi ||

23. sira Sang Prabu Tamtanus | ingkang andhadhani baris | wadya lir giri kusuma | tan petungan gunging baris | saupacaranira bra | asrine bala Yunani ||

24. sagung para ratu-ratu | kang wadya gung angêbêki | saingga samodra wutah | bêlabar ngalabi bumi | anggarêbêg Radèn Ruslan | tigang lêksa pra dipati ||

25. tuwin balane kang ibu | Rêtna Sirtupilaèli | kadya wukir kêmbang-kêmbang | bala Karsinah tulya sri | angêbêki wana sunya | kambah matêmah tulya sri ||

26. pira-pira para ratu | kang munggèng ing ngarsa wuri |

--- 4: 94 ---

gumuntur kang balakuswa | prakêmpa rèh angêbêki | kadya gora wukir sasra | baskara wimba dipati ||

27. jagad gumlêdhêg gumludhug | kadya ladhu banjir wukir | yayah prahara ru-ara | tanpa sêla limang ari | balane Rahadèn Ruslan | mênuhi ing wanagiri ||

28. wuwusên ratu pênganjur | satus pitung dasa prapti | jajahan nêgari Kelan | bêbahak desa paminggir | busêkan dhusun tampingan | gègèr mantri bêksa rangin ||

 


angêmasi. (kembali)
kasoran. (kembali)
manggihi. (kembali)
Biasanya guru lagu a: ratu agung bakal garwa. (kembali)
Lebih satu suku kata: manawi paduka nyipta. (kembali)
Yujanèki. (kembali)
upèksi. (kembali)
ing. (kembali)
Lebih satu suku kata: kadi kiyamat prangipun wingi. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: wanci sore jam satêngah pitu. (kembali)
11 dhuh. (kembali)
12 luput. (kembali)
13 sumpah. (kembali)
14 sumyur. (kembali)
15 kang. (kembali)
16 sangisoring. (kembali)
17 ibu. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: miwah kamas Adipati. (kembali)