Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 40–60)

Judul
Sambungan
1. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 01–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 20–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 40–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 61–82). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 83–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

40. Durma

1. langku[1] saking bramatya riwuting duka | Rêtna Sudarawêrti | kèn nêmbang têngara | têtêgira sauran | gong bèri kêndhang saruni | muntab bêlabar | prajurit Parangakik ||

2. pra dipati dhomas bala tigang lêksa | prajurit Parangakik | mantri pitung lêksa | tur sami pêpilihan | kalih yuta winitawis | gunge gêgaman | mantêp sêlawe kêthi ||

3. prajurite kang sami sikêp gêgaman | apan ta tigang kêthi | kagèt radèn putra | ingkang ibu têngara | Rêtna Sirtupilaèli | matur tur sêmbah | kangbok [kangbo...]

--- 4: 192 ---

[...k] paran puniki ||

4. inggih sintên kangbok kang paduka langgar | angling Sudarawêrti | arsa ngukum ingwang | marang Si Kelaswara | putrine wong Kaelani | yayi dosanya | matèni kadang mami ||

5. tambung laku mamakdir Si Kelaswara | arêp ingsun patèni | alon aturira | Rajaputri Karsinah | kangbok bilih dèn kukuhi | marang kang lanang | angling Sudarawêrti ||

6. nadyan silih mêngkonoa ingsun langgar | sira yayi sun tandhing | lan Si Kelaswara | bojone yèn tumandang | ingsun ingkang nyêmbadani | gumuyu latah | Dyah Sirtupilaèli ||

7. cawêt gilig punika karsa paduka | kula miyarsa warti | apan maksih têbah | kangbok măngsa kiyamat | ngandika Sudarawêrti | yayi sun karya | ing kiyamat pribadi ||

8. yèn suwawi kangbok sampun bêkta bala | kula sampeyan tandhing | lan pun Kelaswara | sampun mawi tinoya | ing dharat miwah jêladri | pêrang gêgana | sagêndhinge ngajurit ||

9. yayi aja gêgampang Si Kelaswara | sugih bala prajurit | sang putri Karsinah | wruh sêmune kang raka | ing sakêdhap anuruti | dyan pêparentah | marang punggawanèki ||

10. wolung kêthi prajuritira Karsinah | kathah kang pra dipati | mantri tigang lêksa | patang lêksa punggawa | anggênggêng baris mênuhi | wau kang prapta | prajurit Cina prapti ||

11. kyana patih ing Cina lan pra dipatya | sakêpraboning jurit | pitung kêthi ana | prajurit saking [sa...]

--- 4: 193 ---

[...king] Cina | kyana patih dèn timbali | praptèng ngayunan | angling Sudarawêrti ||

12. sira patih balanira angêpunga | pakuwon ing Mêdayin | ingsun maring taman | Patih Cina tur sêmbah | mêsat sawadya prajurit | sagamanira | ngêpung kuwon Mêdayin ||

13. sang dyah kalih sami napak jumantara | barise putra kalih | anurut kewala | barise ibunira | milane kadya jêladri | nurut kalihnya | arsa mopo pan ajrih ||

14. Arya Maktal lawan sang prabu ing Yunan | prasamya andhingini | prapta jroning taman | panggih lan Umarmaya | kakang paran solah iki | Rêtna Sudara | riwut dènira runtik ||

15. datan kêna ingaturan krodhanira | sampun ngirabkên baris | anggêcak ing taman | angukum Kelaswara | wong Cina dèn parentahi | angêpung samya | pakuwon ing Mêdayin ||

16. Umarmaya macucu sarwi tumênga | kêthip-kêthip ngucêmil | asru wuwusira | adhuh ujarku apa | Umarmaya kontrang-kantring | lumayu gènnya | made kêncana prapti ||

17. duk sêmana Wong Agung maksih pinarak | kêlawan ingkang rayi | Dèwi Kelaswara | Ki Umarmaya prapta | gupuh-gupuh solahnèki | jaba na apa | Umarmaya turnèki ||

18. inggih rayi paduka kêkalih prapta | Ngalabani Yunani | tur uningèng tuwan | lamun mangke sang rêtna | Sudarawêrti dhatêngi | bramantyanira | sampun ngirabkên baris ||

19. prajurite [prajuri...]

--- 4: 194 ---

[...te] ing Cina kinèn gêcêka | pakuwon ing Mêdayin | pan sampun kinêpang | dene ta rayi tuwan | badhe anggêcêk mariki | angukum wênang | mring putri Kaelani ||

20. dipun rapu-rapu nanging datan kêna | krodha yayah ambêsmi | ing jadag[2] sêdaya | Wong Agung duk miyarsa | sakarsane yayi dèwi | aja na ngampah | mundhak gêng nêpsunèki ||

21. dèn kèndêlna dhasare putri wêlasan | warahên yayi kalih | aja na kang ngampah | Kelaswara miyarsa | kumêpyur ing tyas wotsari | kula angatas | ing karsa tuwan nênggih ||

22. gih punapa saajang-ajanging ajang | wong arêp dèn patèni | Wong Agung ngandika | abot sira tan kêlar | lawan andêdawa runtik | pan ingsun iya | nutut ngêsrahkên pati ||

23. ing pamuke yayi Prangakik Karsinah | têka bubara sami | tuwin bala Kelan | Umarmaya turira | rama ji Kelanjêjali | yèn ingkang putra | sang putri Parangakik ||

24. krodhanira sapatine Adaninggar | saiki anêkani | duk imbal wêcana | gègèr baris kang prapta | wong Karsinah Parangakik | angêpung taman | kêmput ing tamansari ||

25. kawarnaa wau prajurit ing Cina | pakuwon ing Mêdayin | kang arsa ginêcak | kinêpung kering kanan | pan kathah uwong Mêdayin | lawan wong Cina | prandene kêkês wingwrin ||

26. apan arsa tinumpês mring Patih Cina | wadya gung ing Mêdayin | angantos parentah [pa...]

--- 4: 195 ---

[...rentah] | nênggih kang linampahan | Rajaputri Parangakik | ngêpung kewala | wau ta kang winarni ||

27. rajaputri balane angêpung taman | bubar wong Kaelani | putri kalih prapta | niyup saking gêgana | wadya Rab amire têbih | kang para nata | tan wontên marêpêki ||

28. Rêtna Dèwi Sudarawêrti parentah | bubrahên bata iki | padha jugrugana | dimèn kang duwe taman | mêngko mêtoni ngajurit | dimèn kiyamat | dhêku kang para mantri ||

29. ri sêksana sang putri amênthang langkap | punggawa Parangakik | padha rasakêna | padha amopo sira | pra dipati aningali | lamun sang rêtna | duka mênthang jêmparing ||

30. dyan tumandang amung kang ngajêng tumandang | gumuruh kang prajurit | arame kang surak | Umarmaya umpêtan | myang prajurit para mantri | mire sêdaya | wau sang putri kalih ||

31. sampun manjing ing kori ingkang sapisan | ingayap para putri | prajurit pawongan | wau kang anèng taman | Wong Agung Surayèng Bumi | lawan kang garwa | putri ing Kaelani ||

32. Kelaswara sampun ngagêm sarwa pêthak | badhe ngêsrahkên pati | mring Rêtna Sudara | Wong Agung nulya mêdal | Kelaswara bondhèt wuri | prajurit wuntat | mulat prasami nangis ||

33. Joharmanik Maniklungit Ambarsirat | ngiring wurine gusti | apan anèng marga | pating salênggruk samya | korine binuka aglis | prapta [pra...]

--- 4: 196 ---

[...pta] ing jaba | Dyah Sirtupilaèli ||

34. duk tumingal kangbok punika ki lurah | mêdal nungkul mênawi | dhatêng ing paduka | bêkta pun Kelaswara | ingkang ngangge sarwa putih | wingking punika | putri ing Kaelani ||

35. duk tumingal kumêjot tyase sang rêtna | mèsêm sajroning galih | guna Kelaswara | kasap lêmbut wus bisa | wus parêk Sang Jayèngmurti | sang putri Kelan | lumayu angrungkêbi ||

36. ing padane sambat angaturkên pêjah | sang putri Parangakik | anjêtung kewala | dangu-dangu sang rêtna | alon angandika aris | wis ta tangia | payo padha alinggih ||

37. putri Parangakik ngabêkti kang raka | lan Sirtupilaèli | ilang runtikira | Rêtna Dèwi Sudara | Umarmaya sigra prapti | lan Arya Maktal | lan prabu ing Yunani ||

38. ingaturan marang Dèwi Kelaswara | manjing jro tamansari | sami manjing taman | praptane tata lênggah | anèng babut prangwêdani | sari puspita | aglar inuman prapti ||

39. Umarmaya Arya Maktal Rajèng Yunan | Lamdahur Umarmadi | lawan Kewusnendar | wus samya ingandikan | wus anèng ngarsanira Mir | suka sêdaya | sang sinom mari runtik ||

41. Sinom

1. matur putri ing Karsinah | mring raka Sudarawêrti | kakang bok pun Kelaswara | kêmbar lan paduka mirib | pidêksanipun sami | tuwin sami pantêsipun | amung kaot sarira | ngrompèk putri Kaelani | jêng paduka kuning anuksmèng [a...]

--- 4: 197 ---

[...nuksmèng] sêsăngka ||

2. lamun maibên paduka | nolih Sirtupilaèli | mring cèthine Kelaswara | nênggih ingkang para putri | bok dora awak mami | pan sira padha andulu | tur sêmbah Ambarsirat | lawan Dèwi Joharmanik | inggih èstu gusti pamêca paduka ||

3. tan wontên gethang salingsa | woh anèng sinigar palih | ngling malih putri Karsinah | lamun tan pêrcaya mami | angling Sudarawêrti | sapa maido sirèku | dadak susah nyênyambat | gonira ngupaya sêkti | ya ta mèsêm Kêlana Surayèng Jagad ||

4. gumêrah parêkan inya | gumujêng para nêrpati | nênêm kang munggèng ngayunan | ngandika Sudarawêrti | yayi ing Kaelani | milaningsun sangêt nêpsu | yèku Si Adaninggar | wus anut agama mami | yèn luputa wajib sira angapura ||

5. tur sêmbah Ni Kelaswara | sumăngga ing asta kalih | sayêkti lêpat kawula | botên nyana botên ngimpi | tigang jam dènnya jurit | tan wontên sêsambatipun | sampun têkèng sêkarat | sambate kadya gulamit | jro sêkarat kang sinambat mung paduka ||

6. mila gêgêtun kawula | jêtung sarwi angadhêpi | sêsambate putri Cina | sambat bu rama ping kalih | nuntên sêsambat malih | amung paduka pukulun | mila ngungun kawula | wontêna sagêd nguripi | botên ketang epah-epah pitung yuta ||

7. yèn kawula kadugia | ing aprang anyêpêng urip | pêsthi kula cêpêng gêsang | inggih [ing...]

--- 4: 198 ---

[...gih] saking tan kadugi | awrat linawan jurit | sayêktinipun pukulun | kawula mèh kasoran | sumaput ing panon nênggih | apan nuntên nyolong kang panah wasiyat ||

8. kagungane raka tuwan | kang piturun saking nabi | Jêng Nabi Bagendha Iskhak | botên ketang dèn dukani | anggèn kularsa urip | inggih botên ketang-ketung | yèn botên mêkatêna | kawula kados ngêmasi | dipun banting dhatêng rayi tuwan Cina ||

9. gumujêng Rêtna Sudara | satêmêne iku yayi | yèn mungguha têtandhingan | kalah gagah sira yayi | binobot kang sayêkti | nyata abot sangganipun | bênêr sira pêsaja | mungguh satêngahing putri | nora sae angucapkên apêsing prang ||

10. matur nêmbah Kêlaswara | tuwan jur panjingkên gêni | botên gêrantês samêndhang | lamun paduka kang kardi | nadya[3] jêng ibu sori | awrat paduka pukulun | nadyan ibu pan ora | anjangkung raina wêngi | solah tingkah lupute suwitèng priya ||

11. sukane ingkang miyarsa | binobot Sudarawêrti | prawirane Kelaswara | guna bisa ananduki | sêkala tyase kêni | rapêt tan bênggang sêrambut | liwat saking pêsaja | tyase putri Parangakik | angandika ingsun iki Kelaswara ||

12. sokur padha kinasihan | aja nêmu sănggarunggi | padha asugiha putra | nuli branahana yayi | sugih kadang nak mami | Ki Jayusman untungipun |

--- 4: 199 ---

kêsaru praptanira | radèn putra lan kang rayi | manjing Radèn Jayusman lan Radèn Ruslan ||

13. Sudarawêrti ngandika | kulup lagi sun rasani | sira lawan arinira | padha ngabêktia aglis | marang ibunirèki | ibu paringe Hyang Agung | putri adi ing Kelan | gêgêdhug putri prajurit | bêgjanira duwe ibu pamèr ing prang ||

14. bisa lêmbut bisa kasap | măndraguna mêsajani | wirutamèng pramudita | widigdaya ing ajurit | mangsah kang putra kalih | tur sêmbah anguswa suku | kagèt Ni Kelaswara | ing cahyane radèn kalih | kadya lintang katrangan ing udan kapat ||

15. mundhut pisalin kaputran | pinaringkên radèn kalih | Sudarawêrti ngandika | ingkang ngarêp iku yayi | Ki Jayusman namèki | sutanira saking ingsun | ingkang wuri Ki Ruslan | ibu Sirtupilaèli | karo pisan yayi kasraha ing sira ||

16. ingsun iki padha darma | măngsa bodhoa ta yayi | dèn akèh dêdukanira | marang putranira kalih | Kelaswara wotsari | dhêku barêbêl wêtu luh | nuwun kalinggamurda | pracaya tuwan ing batin | dêmi Allah ya Ibrahim khalilullah ||

17. yèn inggih kêmba-kêmbaa | sampuna manggih basuki | prasamya eram miyarsa | ukêle sang rajaputri | kêsaru ingkang prapti | punggawa Cina têtêlu | lèngsèr Sang Arya Maktal | sakêdhap dènnya manggihi | carakane Ki Patih Cina kang prapta ||

18. Wong Agung ing Parangteja | prapta ing ngajêngan malih [ma...]

--- 4: 200 ---

[...lih] | marêk ing Rêtna Sudara | majêng sarwi awotsari | pukulun pun apatih | ing Cina carakanipun | angaturi wuninga | sarèhning paduka tuding | angrabasèng pakuwon Prabu Nusirwan ||

19. paduka dhawuh angêrbat | layone sang rajaputri | pan inggih sampun karêbat | akathah ingkang pêpati | ingamuk pra dipati | bilulungan kawur-kawur | gila mungsuh wong Cina | tinilar sang rajaputri | sampun munggèng jroning tabêla kêncana ||

20. ing mangke nuwun parentah | ngandika Sudarawêrti | yayi mas sira dhawuhna | marang si rêkyana patih | layone yayi dèwi | dèn pêrnahêna karuwun | marang Mariyobara | ing kono pakuwon mami | dinokokna jêrambah sarean ingwang ||

21. lawan yayi balaningwang | prajurit ing Parangakik | bubarêna ngiringêna | ing layone yayi dèwi | tlung kêthi bae kari | kang barêng kêlawan ingsun | kang slikur kêthi padha | ngiringêna layon dhingin | dèn prayitna baris atugur wong Cina ||

22. yayi Maktal wruhanira | ingkang ingsun têkiyari | polahe Si Patih Baktak | layone Daninggar nuli | tabêla dèn wadhahi | krêndha mas bobot rongèwu | ginawa adol ujar | wêwadul mring Cina benjing | măngsa wurung mangkono Si Patih Baktak ||

23. nadyan silih mangkonoa | yèn layon wus anèng mami | sayêkti dadi wong ngawar | măngsa nêmua bêsuki | Kelaswara wotsari | Sang Putri [Pu...]

--- 4: 201 ---

[...tri] Cina rumuhun | sêsambate sêkarat | gawanên mring Parangakik | pan kawula kangbok kalangkung pratela ||

24. Wong Agung ing Parangteja | tur sêmbah anulya mijil | carakane Patih Cina | mapan sampun dèn dhawuhi | tuwin kang pra dipati | ing Parangakik sêdarum | binubarkên ngiringna | marang layone sang putri | atêngara wong salikur kêthi budhal ||

25. arame samya dhaharan | para putri para cèthi | linorod inuman prapta | sumusul salin-sumalin | Prabu Kelanjêjali | prapta prasamya tumurun | sri narendra wus lênggah | nulya sami wangsul malih | amangsuli panggenane sowang-sowang ||

26. alon dènira ngandika | Sang Prabu Kelanjêjali | anggèr suwawi mêdala | saking jroning taman ngriki | ngêbrokana jro puri | kula anèng sitiluhur | andhêku aturira | Wong Agung Surayèng Bumi | inggih nuwun wontên ing taman kewala ||

27. punika sampun santosa | polatan ing kanan kering | lèpènipun agêng kathah | papane sêdhêng tan têbih | wadya kang pra dipati | sami kasukan anutug | kathah kang pacangkraman | kanan kering botên têbih | sukêt mirah buron mirah toya mirah ||

28. ngabêkti Rêtna Sudara | mring Raja Kelanjêjali | gantya sang putri Karsinah | ngandika Kelanjêjali | sun titip rinirèki | Kelaswara maksih punggung | anggèr apuranira | lupute suwitèng [suwi...]

--- 4: 202 ---

[...tèng] laki | matur nêmbah sampun tuwan walangdriya ||

29. Patih Kelan angandikan | Gajahbihêr praptèng ngarsi | alon dènira ngandika | Sang Prabu Kelanjêjali | gustimu datan apti | ngêbroki jroning kêdhatun | sukèng taman kewala | bata ingkang rêbah sami | pulihêna kali kabèh rêsikana ||

30. alas padha rêsikana | lan wukir Sudamamanik | inggal sira rêsikana | bêrsihana gêdhongnèki | toya wêning ngubêngi | ing wukir Sudama nêmbur | saking tutuking liman | sela itêm kang dèn ukir | kang rinakit gajah rinênggèng kêncana ||

31. punika anggèr kang yasa | eyang paduka suwargi | Sang Prabu Bardini Kelan | beyane rong yuta luwih | rong yuta pitung kêthi | manjing beya rêganipun | êlèr kilèn punika | katingal saking ing ngriki | kêkayone wêwanan sami katingal ||

32. pan rumiyin eyang tuwan | yèn manggihi kang para ji | pan botên anèng ing praja | inggih pinanggihan ngriki | surat Sudamamanik | akathah ingkang kadulu | rêrênggan prajèng Kelan | wus liwat ing surat manik | Kelaswara lakinira aturana ||

33. kundur marang ing nêgara | Sang Prabu Kelanjêjali | Wong Agung Surayèng Jagad | parentah mring para rabi | sang putri Parangakik | mingsêra pakuwonipun | saking Mariyobara | maring Tatar Maledari | ing Mariyo yayi Karsinah kewala ||

34. yèn wis mulih wadya Cina | yayi [ya...]

--- 4: 203 ---

[...yi] dèwi ing Kuwari | ngêbrokana tarulaya | yèn durung nunggala dhingin | nèng Tatar Maledari | samya sandika turipun | bubar kang pagunêman | Rajaputri Parangakik | kundur marang pakuwon andhandhanggula ||

42. Dhandhanggula

1. sarawuhe sang raja pinutri | animbali pêpatih ing Cina | kêlawan sapunggawane | ngandika sang dyah ayu | paman patih wak ingsun iki | kaliwat lara brăngta | marang ariningsun | sapolahe yèn tutura | cabar tiwas pêsthi barêng lawan mami | măngsa gêntia dina ||

2. jêr lanase nora dimarèni | wus karsane Hyang Lata Walujwa | kudu palastra nèng kene | bature prang puniku | sun ukuma iya ngêmasi | nanging ta dudu lampah | yayi dèwi iku | andhustha ngarah palastra | Kelaswara kang diarah dipatèni | kaya pa yèn khukuma ||

3. Patih Cina matur awotsari | langkung lêrês ing karsa paduka | sêrambut botên anyêngklèng | nglangkungi lêpatipun | rayi dalêm mila ngêmasi | nadyan rama paduka | ing Cina pukulun | singa-singa lampah cidra | inggih botên kenging yèn dipun belani | rajaputri ngandika ||

4. yèn mêngkono hèh ta paman patih | khukumane paman aji Cina | padha lawan ingsun kene | wus lêga atiningsun | bok anutuh jêng paman aji | marang sariraningwang | kya patih wotsantun | kadi botên rama tuwan | yêkti dangu ing kula lan pra dipati | kang matura pratela ||

5. nadyan silih [si...]

--- 4: 204 ---

[...lih] putrane kêkasih | lamun lêpat salah ing pratingkah | tan sinung antuk adile | yèn wontên abdinipun | nêdya bela tan dèn lilani | malah angsal dêduka | sang rêtna lingnya rum | yayi dèwi duk sêkarat | sêsambate gawanên mring Parangakik | sayêkti ingsun gawa ||

6. sacarane pêsthi cara mami | nora kaya carane wong Cina | jêr mêngkono sêsambate | kya patih nêmbah matur | inggih lêrês gusti sang putri | mapan rama paduka | ing Cina pukulun | rêmên wong mantêp kêkadang | mendah dene sukane pamujinèki | inggih dhatêng paduka ||

7. nanging badan kawula puniki | lawan kănca sagung pra dipatya | kenginga andhèrèkake | ngandika sang dyah ayu | lah ta iku paman pan pêsthi | mapan sira wêruha | iya makamipun | sun wor lawan eyang-eyang | besuk esuk paman sira sun gawani | rongatus pra dipatya ||

8. mantri salêksa dene wadya lit | wolung kêthi kang sikêp gêgaman | ingkang gotong bandhusane | giliran mantri iku | pan rongatus kang gilir sami | aja nganti rinêmbat | sikêp lawan jagul | ngêmungna mantri kewala | kunêng dalu wuwusên enjing winarni | uparêngganing lampah ||

9. bandhusa mas pinasangan sami | tunggul daludag payung agung ngarsa |[4] miwah ing kanan keringe | sêdaya wolung puluh | langkung asri rêngganing mayid | gumuruh balakuswa | ing ngarsa ing pungkur | ing ngarsa gajah

--- 4: 205 ---

salêksa | pan ing wuri kêpraboning prang sakêthi | kadya giri kusuma ||

10. pan wong wadon kang nangis mênyanyi | pan agilir wong sèwu sadina | ingkang nguncal kumbalane | gilir sadinanipun | patang atus ing ngarsa wuri | kang nawurakên dinar | sadina rongatus | rongatus kampil sadina | mênyan kutug patang kêbo sadinèki | kang manjing anèng dupa ||

11. nênggih lêlampahan kalih sasi | Parangakil[5] lawan nêgri Kelan | ya ta winarna lampahe | kunêng ingkang winuwus | wau sira Rajèng Mêdayin | anutugakên karsa | mring Cina wêwadul | sampun adandan rêmbatan | pitung lêksa anyilib kesah ing ratri | saking nagri Kelan |[6]|

12. datan bêkta kang mantri satunggil | amung jagul bêkta tigang lêksa | tuhu tan ana nalare | bingung kêtawur-tawur | nora gêpok pikir kang bêcik | Sang Rêtna Adaninggar | binêktan wadya gung | pêpatih miwah punggawa | lawan mantri praptaa ing Cina benjing | iku măngsa kandêla ||

13. yèn tan bêkta wong Cina sawiji | wus dilalah laku kudu salah | blasar bingung pratikêle | mangkana kang winuwus | pan Wong Agung Surayèng Bumi | lênggah lan ingkang garwa | anèng taman lulut | Wong Agung alon ngandika | animbali Rajaputri Parangakik | lan putri ing Karsinah ||

14. kang makuwon Tatar Maledari | lawan kang anèng Mariyobara | kêkalih sarêng praptane | Kelaswara amêthuk | mring kang raka sang rajaputri | binêktèng mring

--- 4: 206 ---

made mas | mring raka wotsantun | wus sami tata alênggah | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | hèh yayi Kelaswara ||

15. abdinira lêlurah prajurit | ingsun pundhut putri ingkang papat | bakal ingsun ganjarake | Kelaswara umatur | pan sumăngga ing asta kalih | Wong Agung angandika | mring garwa kang sêpuh | yayi Parangakik sira | tampanana măngsa bodhoa sirèki | matah kang ingsun ganjar ||

16. nêmbah matur putri Parangakik | Ambarsirat putri Sulăndara | lan putra tuwan pantêse | pun Pirngadi pukulun | Joharmanik putri Kirmani | lan Kaos Ibnu Raja | ing prayoginipun | pun Tasikwulan kêlawan | Umar Jaman rajaputra ing Kohkarib | pun Maniklungit lawan ||

17. putra Kangkan pun Kênahan nênggih | sigra Wong Agung ing Parangteja | ingandikan pan sarênge | sira Prabu Lamdahur | lawan sira Prabu Marmadi | lawan Sang Rajèng Kangkan | Ukman praptèng ngayun | Sudarawêrti ngandika | yayi Maktal saosa putranirèki | Si Kaos Ibnu Jarah ||

18. pinaringan putri ing Kirmani | Joharmanik dene sira kakang | Marmadi saosa age | Si Umar Jaman iku | pinaringan putri Janarsi | yayi prabu ing Selan | saosa sirèku | Si Pirngadi pinaringan | Ambarsirat putri Sulăndara adi | hèh sira Rajèng Kangkan ||

19. asaosa pan arinirèki | Si Kênahan apan [apa...]

--- 4: 207 ---

[...n] pinaringan | Maniklungid paringane | sandika aturipun | angling malih Sudarawêrti | hèh yayi Kelaswara | ingkang para ratu | bapakane putri padha | konên caos ingkang badhe amalèni | marang putrane samya ||

20. ingundhangan sagunging para ji | apan Wong Agung Surayèng Jagad | mangun wiwaha badhene | binarêng kapatipun | pan pinangku Sang Jayèngmurti | bojana sanêgara | para ratu-ratu | gumêrah dandan caosan | palakarti busanane nambutkardi | langêne kang nêgara ||

21. Rajèng Kelan Sri Kelanjêjali | kêrigan sagung punggawanira | anyaosi dandanane | wong Arab kang pra ratu | kadya gêrah swaraning janmi | kang samya nambutkarya | miwah wong Mêdayun | Urmus Sêmangun lan Irman | kang sumiwi ing raka Sang Jayèngmurti | tumut ngladosi karya ||

22. Kelaswara andina pêparing | winutahkên bêrana mring bala | dunya upêkti sakèhe | kabèh ingawur-awur | parênggane nêgri rêspati | ing ara-ara samya | pinasangan tarub | sangkêlat bang maleyo bang | gênis wungu gênis pita pinalisir | ing sutra kapurănta ||

23. sagung saka-saka dèn ulêsi | cindhe puspita bang kang kinarya | ulêse sêsaka kabèh | ngrangin bujana nginum | pan sadina-dina para ji | anèng kungu wangunan | srining taman lulut | para garwane narendra | kabèh ngiring ing Dèwi Sudarawêrti | miwah putri Karsinah ||

24. juru masak ingkang [ing...]

--- 4: 208 ---

[...kang] para rabi | pan sêdaya pinaringan mêntah | Ni Kelaswara karsane | ngambêngi dhewe iku | sêdayane gustinirèki | padha anutugana | aja wowor sambu | padhaa rasane sabab | wusnya rata juru masake para ji | sami pinaring mêntah ||

25. juru masak putri Parangakik | sinaosan ingkang olah-olah | sang putri juru dhahare | ingkang kinarya kayu | mori kasa lawan cawêni | ingurab lan mêrtega | pirang-pirang tumpuk | mêrtega sèwu jêmbangan | kadi gunung mori kasa lan cawêni | anggili saking pura ||

26. mung dhaharan putri Parangakik | kang kayu lawon cawêni kasa | mêrtega urab-urabe | langkung suwitanipun | Kelaswara lawan sang putri | maring Rêtna Sudara | ngabdi anggêpipun | Kelaswara wus ambiyang | sungkêmipun lair sasat ibu sori | ing batin ambêndara ||

27. para putri kasukan jro puri | para ratu kasukan ing jaba | lêt bata sakêlir bae | sajroning taman lulut | jaba jêro gumuruh atri | suka anutug suka | sagung para ratu | lir suwak nêgara Kelan | ngêmprak-êmprak kadya suwak kêbêk dening | wadya amawi karya ||

28. taman lulut sêkala pan dadi | nêgara arja praja ing Kelan | sapraja kadi angalèh | supênuh taman lulut | wana gêmpur kanggenan janmi | wong desa pagunungan | sami prapta dulu | kang lêlakon patang dina | pitung [pi...]

--- 4: 209 ---

[...tung] dina praptane saanak rabi | akarya pamondhokan ||

29. tuwuk ulam kang samya ningali | sabên pakuwon kang para raja | sèwu sadina nyêmbêlèh | kêbo sapi myang wêdhus | banthèng sangsam kidang myang kancil | mung daging wêntis papat | wau kang pinundhut | kabèh samya binuwangan | mila sagung wadya kang dêdulu sami | kêkucah iwak mêntah ||

30. kadya ampak-ampak kang ngratêngi | têmah bêlabur sêkul lan ulam | wadya anutug sukane | tuwin kang para ratu | kang pinundhut putrine sami | têlas suka anyêbar | dunya dèn wut-awut | anyipta gênge nugraha | dene putra pinangku Sang Jayèngmurti | marmèng tyas lir supêna ||

31. wus mangkana praptèng antara ri | nalikane ing sawiji dina | ya ta binarêng ningkahe | langkung dènnya gumuruh | angurmati rêngganing kawin | kadya pratiwi kontrag | wadya lir sêsulung | kèhing wong ramening ningkah | para ratu kang sami atampi putri | tutug busanèng bala ||

32. para ibu ingkang mêthuk sami | munggèng wurine pra mantu mêdal | nêlas sami siyagane | isining dunya pênuh | mêng-amêngan samya mêrpêki | siji tan ana ilang | ing măngsa puniku | ngobahakên suralaya | isèn-isèn tumpêk blêg ing Kaelani | sêmana nêgri Kelan ||

33. sabên ari jagul tigang kêthi | Kelaswara kang sinangkul samya | anjaguli barang gawe | wadyane para ratu | kapat ingkang atampi putri | tan [ta...]

--- 4: 210 ---

[...n] sinung rêrêmbatan | mung gêgamanipun | kabèh pakarya rêmbatan | wus sinangkul dening wadya Kaelani | gagah Ni Kelaswara ||

34. kabèh pakarya dipun sagahi | tumpês burone nêgara Kelan | wau pêngantèn wêdale | Kusuma Jarahbanun | anampèni putri Kirmani | Joharmanik binêkta | mring Sêjarahbanun | bêbêktane Kelaswara | nyatus rêmbat pèni-pèni rajapèni | sinami putri kapat ||

35. Pramèswari Sêrandil nampèni | Ambarsirat putri Sulăndara | Tasikwulan wus tinampèn | pramèswari sang prabu | Umarmadi Natèng Kohkarib | putri Janarsi Sang Dyah | Maniklungid sampun | tinampèn sori ing Kangkan | bubar samya kang para ratu tulya sri | lampahe balakuswa ||

36. praptèng kuwon sowang-sowang sami | ratu mas anutug sukanira | kang sami among pêngantèn | sirêp ubêkanipun | tigang wulan ing Kaelani | wadya gung alit samya | kantun lêsunipun | kuwayon sangêting karya | duk sêmana wau kang winuwus malih | lampahe Sri Nusirwan ||

37. ingkang mindha nakoda Dulbasir | tata rêrêmbatan tigang lêksa | buwang kêprabon lampahe | nganggo bajo jalêbut | surban lungsêt inganggo sami | myang bature tan ana | ingkang tabêtipun | tilas abdining narendra | rinacutan sinami lawan wong grami | saking nêgri Karsinah ||

38. titihane

--- 4: 211 ---

pan kuda kêbiri | lênthuk-lênthuk busananing kuda | sami luwas-luwas kabèh | lawan mantri rong puluh | kang kinarya amasesani | rumêksa ing dagangan | busana jêluwus | lungsêt jalêbut sêdaya | ngilangakên pan tilase wong nêgari | samya rupa wong desa ||

39. ngaku nakoda Karsinah nênggih | lunga dagang marang nêgri Cina | mila Karsinah awade | jêr kono nakoda gung | yêkti têbih paranirèki | nakoda ing Karsinah | ing praja wus kasub | yèn adagang nagri liya | ewon-ewon ing praja liyan alami | nata malih winarna ||

40. wus anama Juragan Dulbasir | gêgêdhuge Juragan Karsinah | ingkang dèn akên namane | miwah sarowangipun | sami ngalih namanirèki | ya Juragan Karsinah | kang sami tiniru | kapungkur nêgari Kelan | ngambah wana sami dènira lumaris | asmara anèng marga ||

43. Asmaradana

1. ing dalu lêrêb wanadri | kadhang sipêng ing padesan | misuwur turut dalane | yèn ana nakoda dagang | pêpikul tigang lêksa | cacahing wong sadayèku | nênggih langkung tigang lêksa ||

2. kang ngiring unta myang kuldi | sami momot ing dagangan | mring nêgri Cina sêdyane | tan arsa mêdal lautan | dharatane tan ana | nanging sangêt wêritipun | awis ingkang wani ngambah ||

3. wana gêrotan alami | arang amanggih padesan | lan nuju praja ratune | pakaryane ambêbegal | mila tan ana ngambah | tan ana dharatanipun | ingkang

--- 4: 212 ---

dhatêng nêgri Cina ||

4. yèn ora wong sêdya jurit | gêgaman kêpraboning prang | kang wani mêtu ing kono | Nusirwan iku dilalah | nêrak marga arungan | baya pêsthi kudu untung | praptane bilainira ||

5. sawulan dènnya lumaris | ingkang amindha nakoda | Dulbasir prapta lampahe | jajahan Mukub nêgara | kutha tan mawi lawang | mung panggung mêrapat luhur | ratu karêm ambêbegal ||

6. mèlu Ratu Kăndhabumi | kadhang-kadhing tanpatyarsa | ngamungkên bulubêktine | gustine salin agama | manut nêgri Kuparman | dèrèng kaparingan wêruh | kasêlak akèh prakara ||

7. anglurug marang Kuwari | Sang Prabu Kăndhabuwana | wau ta kang madêg katong | ing Mukub jêjulukira | Sang Raja Binti Bahram | yèn ana nakoda langkung | akathah daganganira ||

8. mangkana atur upêksi | wadya kang anèng panggungan | margi kang lèr kilèn katon | wontên nakoda lêlampah | mèh parêk rêmbatan |[7] kuthane binêdhah sampun | mijil saprajuritira ||

9. sèwu ingkang nitih èsthi | salêksa kang nitih kuda | sèwu ingkang nitih ngrimong | sèwu malih nitih bihal | sèwu nitih blêgdaba | kêprabon sêdaya uwus | kawot ing wahananira ||

10. sumêngkud samya ngadhangi | prajurit turăngga ngarsa | kang èsthi ngindhil[8] wurine | angrimonge kering kanan | miwah blêgdaba bihal | anggêgila solahipun | alok [a...]

--- 4: 213 ---

[...lok] cara umagut prang ||

11. giris Juragan Dulbasir | dhêrodhog akon mandhêga | sakathahe pikulane | kang begal samya kotbuta | manjing jroning wong kathah | ratune jênêngi pungkur | amanggung munggèng dipăngga ||

12. udrêg gègèr rêbut urip | prasamya tilar pikulan | wus kinêpung nakodane | ngaku Dulbasir Karsinah | kêcandhak wus binănda | bature kabèh malêdug | rêbut urip ngungsi wana ||

13. ana ingkang angêmasi | duk ingamuk cinakuthak | kawur kapêngkok patine | kang kari antuk dêdalan | iya mawur sasaran | mangkana Sang Raja Mukub | undhang nyapih wadyanira ||

14. aja na nêdya matèni | pandunyane wus tinilar | wus kabănda nakodane | ngumpul prajurit sêdaya | anacahakên arta | pikulan sami tinumpuk | munggèng ngarsane sang nata ||

15. akathah awarni-warni | guru dadi guru bakal | Rajèng Mukub suka tyase | nakoda kinèn anggawa | mung satunggil kacandhak | Juragan Dulbasir sampun | tinuntun marang ngajêngan ||

16. sumaput Natèng Mêdayin | sêlamine anèng dunya | apan ta durung kêlakon | binănda tur binabayang | mung mangke kêlampahan | mila tingale sumaput | adhêngglêng sami sêkala ||

17. kêmlurusên sri bupati | tanpa ngucap tanpa ulat | tan bisa tumindak lempoh | binayang dipun rêrompa | prapta ing ngarsanira | sira sang prabu ing Mukub [Muku...]

--- 4: 214 ---

[...b] | kagyat sang nata kumêsar ||

18. dudu sêmune wong iki | lamun nyataa nakoda | wong iki ana wadine | dhêdhêsên têtakonana | punggawa matur nêmbah | dhêngglêng punika pukulun | jêtung datan bisa ngucap ||

19. sêdangune dèn takoni | pijêr dongong tanpa ngucap | wau duk dèrèng tinalèn | ngakên Juragan Karsinah | sang nata angandika | marang ing punggawanipun | lah titikên jinis apa ||

20. yèn kêna sira takoni | yèn dhêngglêng măngsa daganga | bok saking durung taune | iku anyandhang pusara | jajalên uculana | măngsa sêdyaa lumayu | sigra sami inguculan ||

21. jinawil dipun takoni | pan maksih jampêng kewala | mingak-minguk gèdhèg-gèdhèg | anêmbah pan ora bisa | punggawa aturira | tan linyok pêngakênipun | duk maksih sagêd angucap ||

22. ngakên Karsinah nêgari | dede jinising Karsinah | jinise Mêsir pan dede | jinising Rum apan têbah | kulitê botên pêthak | yèn jinising Arab tangguh | ulat botên julalatan ||

23. angèl jinise wong iki | pukulun jinising Makwah | niki jinis asor dhewe | gumujêng Sri Binti Bahram | têdhak saking dipăngga | saseban sawadyanipun | munggèng sangandhaping kamal ||

44. Sinom

1. Sang Aprabu Binti Bahram | amundhut inuman prapti | dangu dènira saseban | sarwi nacahkên brana di | lan arsa anakoni | juragan ingkang [ing...]

--- 4: 215 ---

[...kang] kapikut | dèrèng bisa angucap | mundhut jênèwêr sang aji | pinaringkên dèrèng arsa ki juragan ||

2. dene tan mawi tadhahan | kaduga sri narapati | dene wênêse kang cahya | dede cahyane wong sugih | pantês cahyaning aji | mangkana Sang Prabu Mukub | pradondi lan punggawa | sêdaya sami mêstani | kêlanglangan dhêngglêng calone wong edan ||

3. nanging Raja Binti Bahram | aganthêng têrkaning batin | lamun dudu wong urakan | sayêkti nate nampani | sêmbahe wong sabumi | ananging datan kawêtu | Sang Nata Binti Bahram | lair manut pra dipati | kabèh rêmpêg mêsthi lamun uwong jawal ||

4. gêlas sinung tadhahan mas | ki juragan anampani | sêkala asila tumpang | cipta kêratone maksih | supe yèn wus balindhis | sagung kang mulat gumuyu | matur mring ratunira | èstu lamun tiyang baring | nanging Raja Mukub kacipta wardaya ||

5. beda tangguhing punggawa | lawan tangguhe sang aji | măngsa ta kênaalilap[9] | mangkana sri narapati | tiniti-titi angling | mung sakêcap sauripun | lali yèn mêndhêm kula | yèngsun Sang Rajèng Mêdayin | sami ewa mantri Mukub kang miyarsa ||

6. pukulun èstu yèn jawal | ngakên Sang Rajèn Mêdayin | punika têtiyang Makwah | apan jinise puniki | lampahan pitung sasi | Makwah lan nêgri Mêdayun | rajanipun têtiga | samya karèh ing Mêdayin | pan ing

--- 4: 216 ---

Makwah yèku nêgri pagunungan ||

7. ratune kang gêdhe pisan | kang dèn akên si pênyakit | ngakua ratu ing Makwah | kewala nora prayogi | ratu apa tabêri | kaya mêngkono tingkahmu | apa ta juru dagang | măngsa kongkona wong baring | mung pantêsmu mulane gawa wong edan ||

8. ginawe guyon nèng marga | tămba lêsu wong lumaris | luwung nuntên tinundhunga | si jawal datanpa kardi | Raja Mukub nauri | nuruti punggawanipun | tinundhung kinèn kesah | nutugna kajatirèki | sinangonan nênggih ênêm èwu dinar ||

9. kesah nut margi mring Cina | sira Juragan Dulbasir | Raja Mukub pêparentah | bêrana kinèn ngusungi | kundur sri narapati | prapta jroning kitha sampun | dunya manjing jro kutha | sapratigan kang binagi | banon bêdhah pinulih malih tinata ||

10. dunya kang manjing jro pura | tan ana kang dèn owahi | saking mula-mulanira | wêwadhah lawan têtali | tyasira sănggarunggi | sira ta Sang Rajèng Mukub | kadya na kang nusula | besuk Juragan Dulbasir | pan sêmono dudu pantêsing juragan ||

11. salênthing mambu jong pêcah | mêlang-mêlang sri bupati | wau kang lajêng lampahnya | sira Juragan Dulbasir | tanpa rewang pribadi | kasangsaya lampahipun | ngrempong samarga-marga | laku kang sadina margi | sayêktine antuk lakon rong onjotan ||

12. nêngna kang amanggih papa | lampahe samargi-margi |

--- 4: 217 ---

kang wontên nêgari Kelan | katiga putra Mêdayin | Patih Baktak ngaturi | kinèn pamitana mantuk | mring Mêdayin nêgara | sampun dènnya mangun kardi | wus kalilan pamite marang kang raka ||

13. Urmus Sêmangun lan Irman | budhal sawadyanirèki | saking nêgari ing Kelan | ing marga datan winarni | prapta nêgri Mêdayin | wus panggih lawan kang ibu | matur sasolahira | yèn kang rama sri bupati | kesah namur dhatêng nêgari ing Cina ||

14. amindha nakoda dagang | kesahipun têngah wêngi | saking nêgari ing Kelan | tigang lêksa ingkang ngiring | bêkta brana mawarni | kang măngka daganganipun | kula kang kinèn seba | mring pun kakang Jayèngmurti | yèn andangu mring rama kinèn matura ||

15. mring kakang kinèn matura | kundur mring nêgri Mêdayin | kang ibu duk amiyarsa | kêlangkung dènnya prihatin | patih wus dèn timbali | Baktak prapta jro kêdhatun | pramèswari ngandika | sira apa tan gendholi | mring karsane gustimu kang siya-siya ||

16. wong Cina maning bangkata | aprang lan Si Jayèngmurti | mêngko wus sugih dandanan | garwane padha prajurit | putri ing Parangakik | putri Karsinah dibya nung | ing mêngko saya wêwah | putri moncol ing sabumi | măndraguna putri Kelan Kelaswara ||

17. ing jagad kaonang-onang | ampuh prawira ngajurit | Kyana Patih Baktak nêmbah | botên kenging dèn aturi | raka paduka aji | tyasipun kadya anglalu | prawèswari [pra...]

--- 4: 218 ---

[...wèswari] ngandika | ngrungua Si Jayèngmurti | jinujula pêsthi manggih karusakan ||

18. maksih eca pagunêman | ki patih lan putra katri | munggèng ngarsaning bunira | kêsaru gègèring jawi | wong Mêdayin kang ngiring | ratune lunga anamur | risak praptane padha | nèng Mukub duk pinèt kardi | duk kacandhak sang nata sampun kabănda ||

19. pêjah gêsange wikana | wadyane kathah ngêmasi | wus katur duk kasêngkala | orêg nêgari Mêdayin | gumrah tangis jro puri | pramèswari tyase rêmpu | kang putra sami mêdal | lawan sang rêkyana patih | nimbali wong Mêdayin kang lagya prapta ||

20. ingkang sami karisakan | dinangu ature sami | katur ing sasolahira | miwiti malah mêkasi | sang rajaputra katri | anglês tyasira suh rêmpu | puyêngan asungkawa | jaba jro nêgri Mêdayin | kuwur kawur kowar-kawir ngawur-ngawar ||

21. bingung anggung bilulungan | sêntana miwah bupati | tan ana ingkang manggiha | ing pikir ingkang matitis | otêr pijêr kuwatir | ngrungu wartane sang prabu | anèng Mukub kabănda | alami tan antuk pikir | saya pothar-pathir rêntêng sanêgara ||

22. amung Kyana Patih Baktak | agung mêmuja ing bèji | antut[10] pikir kang santosa | umarêk ing radèn katri | ingaturan mring puri | umarêk dhatêng kang ibu | patih matur manêmbah | pukulun jêng pramèswari | kula manggih pikir gêgambèn katura ||

23. tan liyan saking paduka | gusti kang taksih lumaris | nindaki pikir punika [pu...]

--- 4: 219 ---

[...nika] | botên wontên malih-malih | paduka kintun tulis | dhatêng ing Kelan pukulun | katura putra tuwan | Wong Agung Surayèng Bumi | pan mêkatên têmbunge sêrat kênaka ||

45. Pangkur

1. pemut iki surat ingwang | ibunira pramèswari Mêdayin | katura ing putraningsun | Wong Agung Kakungingrat | kang minăngka ing têlênge netraningsun | wiyose pun ibu nyawa | wèh wêruh marang sirèki ||

2. prakara wong tuwanira | sapraptane saking Kelan rumiyin | duk antuk pitulas dalu | nuli ana susulan | surat saking Si Irman arinirèku | tur uninga ramanira | yèn sira amangun kardi ||

3. narimani wayah ingwang | ya Si Kaos Ibnu Jarah lan malih | Pirngadi Marjaman iku | Kênahan putra Kangkan | sira êntas gêdhèn sira amêmantu | dadya kulup ramanira | karsane malang tumolih ||

4. kudu bali marang Kelan | sun aturi kongkonan bae dhingin | nanging wong tuwamu kulup | kudu-kudu wêruha | polahira nyawa gonira mêmantu | ingsun kinèn angumpulna | busana di pèni-pèni ||

5. gênêp têlung lêksa rêmbat | sêsumbange ramanira lumaris | kang ngiring padha wong dhusun | lan kang para dipatya | kari Kelan padha angiringarimu | kinarya sumiwi sira | ngladèni karyanirèki ||

6. lakune wong tuwanira | pan kasasar lali margane dhingin | wantu kang ngiring wong dhusun | tan ana wruh ing pêrnah |

--- 4: 220 ---

pêrnahane saking ing Kelan kêlaut | lêlakon satêngah căndra | lor wetaning Kaelani ||

7. kêlanture ramanira | pan kêpatèn marga mring Kaelani | kêsasar marang ing Mukub | ramanira binegal | malah kongsi kabănda mring Rajèng Mukub | badhe pasumbang mring sira | linapgang tan ana kari ||

8. amung ta wong tuwanira | karuhane urip utawa mati | kasangsaya anèng Mukub | măngsa bodhoa sira | sakèh-kèhe luwih ta karsanirèku | tamat tiningkêm kang surat | surasane rèh kaèsthi ||

9. suka pra putra katrinya | pramèswari pan sampun anuruti | sigra dènira angutus | mantri kalih mring Kelan | bêkta sêrat ngêla-êla saking ibu | ing marga tan kawurcita | wus prapta Kelan nêgari ||

10. Wong Agung Surayèng Jagat | duk siniwi sagung ingkang para ji | ing pakuwon taman lulut | munggèng tarub wangunan | sabên enjing siniwi ing para ratu | andhèr narendra pangarsa | prasamya munggèng ing kursi ||

11. Wong Agung ing Parangteja | lawan sira Dipati Guritwêsi | kang samya munggèng ing ngayun | pan lagya pagunêman | duk sêmana caraka Mêdayin rawuh | katur surat tinampanan | saking ibu pramèswari ||

12. winaca sampun kadriya | surasane saking kang ibu sori | pramèswari ing Mêdayun | Wong Agung duk miyarsa | pan anglênggêr anangis sajroning kalbu | kang surat kinèn nupiksa | mring

--- 4: 221 ---

sagung kang para aji ||

13. Wong Agung ing Parangteja | lawan Sang Adipati Guritwêsi | kang sami miyat rumuhun | ginantya para raja | samya ngungun sakathahe kang angrungu | Wong Agung ciptambêk suka | sumusul ing rama aji ||

14. Wong Agung sêmu sungkawa | ingkang surat sigra pinundhut aglis | ing asta binêkta kundur | prapta pura wangunan | Kelaswara mêthuk wus tata alungguh | nimas iki tingalana | surat kang saking Mêdayin ||

15. sang rêtna nêmbah atămpa | lajêng dènnya anumpiksani kang tulis |[11] Kelaswara ngungun matur | sangêt inggih punika | kasrakate rama paduka sang prabu | wong nêdya wangsul mring Kelan | têka dadak anglangkungi ||

16. lêlakon satêngah wulan | ngalèr ngilèn saking ing Kaelani | wartine nêgari Mukub | margi kang dhatêng Cina | dharatane tan wontên liyane Mukub | Wong Agung nimbali garwa | ing Karsinah Parangakik ||

17. ing jawi kang para raja | dèrèng obah maksih sami ngantosi | mênawa parentah dhawuh | wau kang ingandikan | garwa kalih prapta swarane gumuruh | duk manjing kori sapisan | têdhak sagunging para ji ||

18. langkunge Rêtna Sudara | Umarmaya lan Maktal dèn kêjèpi | kêkalih sarêng tut pungkur | kèndêl jawining lawang | rajaputri ngadêg kang rayi nèng pungkur | rajaputri ing Karsinah | ngandika Sudarawêrti ||

19. hèh kakang mas hèh yayi mas | ingsun tinimbalan mring tamansari | Marmaya

--- 4: 222 ---

matur macucu | malêmbung pundêlikan | jêlèh bosên salênthing amambu tablum | ratu mas surat kang prapta | saking nêgari Mêdayin ||

20. Nurjawal sampun kabănda | anèng Mukub andina dèn jêjêki | tinapukan sabên esuk | mring Raja Binti Bahram | kagungan dalêm cocot gih ngantos ngapluk | Nuredan abiyang-biyang | linêmbur ing sabên enjing ||

21. mèsêm Kusuma Sudara | yayi Maktal pan nyata warta iki | iya Maktal nêmbah matur | inggih wau praptanya | sêrat saking Mêdayin ngaturi wêruh | yèn rama tuwan kabănda | wontên ing Mukub nêgari ||

22. duk paduka darbe karya | amêmantu sêdya nyumbang mariki | kêsasar dhatêng ing Mukub | mangkya têmah kabănda | Sang Rêtna Sudarawêrti gumuyu |[12] sinirêp wus karsaning Hyang | lêlakon mangkono iki ||

23. ngêndi ana wong anêdya | marang Kelan kêsasar mèh sêsasi | yayi mas lakune iku | kondangan marang Cina | Raja Cina kang arsa sinumbang wadul | nêmu pamêlèh nèng marga | awad anyumbang mariki ||

24. akale Si Patih Baktak | besuk apa si edan mêmarèni | Umarmaya mèsêm matur | ratu mas dipun kêkah | yèn tinantun sampun paduka jumurung | panusule mring Nusirwan | gumujêng Sudarawêrti ||

25. ingsun wêdi matur kakang | sakarsane padha pasrah Hyang Widi | mênawa ginawe laku | bêkti mring maratuwa | laku ngajak laku kêlakuan lutung | mèh sok atêtombok nyawa | dhingin duk anèng [a...]

--- 4: 223 ---

[...nèng] Ngabêsi ||

26. ngandika Rêtna Sudara | sun wêtara lungaa tanpa kanthi | anggawa sira tan purun | yayi mas Parangteja | ingong suwun iku arsa ingsun utus | anglamar putri utama | ing Kusniya Malebari ||

27. lajêng manjing jro wangunan | praptèng ing jro Kelaswara ngudhuni | dhêrakalan dènnya mêthuk | tundhuk sigra tur sêmbah | ngacarani kang raka ngaturan lungguh | katiga nèng ngarsanira | Wong Agung Surayèng Bumi ||

28. Sang Rêtna Sudara sigra | inguncalan sêrat saking Mêdayin | tinampan sarwi wotsantun | tinupiksa kadriya | nêmbah matur ing rèh punika pukulun | langkung wawrat jêng paduka | tan wontên angunthêt manis ||

46. Dhandhanggula

1. măngsa wontên sagêda ngaturi | angundurna inggih anglajêngna | kurang gawe golèk gawe | kang raka mèsêm muwus | sira iku sun tari yêkti | têka matur sêmbrana | kang rayi umatur | pan tau atur kawula | botên wontên kang sami sagêd ngudhoni | langkung wawrat paduka ||

2. tinaria sagung pra nêrpati | gawe bêcik mring Prabu Nusirwan | sayêkti lumuh karêpe | ajrih lamun umatur | wong ngawula bok antuk runtik | sukane tinaria | sagung para ratu | mungkasi Prabu Nusirwan | lair batin sayêkti sami punagi | agung karya kangelan ||

3. Kelaswara Sirtupilaèli | kalih gujênge kadya sinêntak | myarsa kang raka ature | Rêtna Sudara matur | jêr

--- 4: 224 ---

sagunge uwong puniki | tan tumut mring Nusirwan | darbe marasêpuh | kang darbe amung paduka | yèn ènthènga bobote cacad ing bumi | botên alabuh pêjah ||

4. suka nêtêr-nêtêr mring kang rayi | satêmêne bêcik êndi ingwang | nusul lawan mênêng bae | ature pênêd nusul | lamun tuwan jisim pribadi | nanging mungguh wong jaba | nadyan marasêpuh | sok juwêt agawe cidra | winêkasan sayêkti tan durakani | yèn ta mênggah paduka ||

5. pênêd ngapura antuk utami | agung cinidra lamun têtêga | pan wuwuh kaluhurane | suka angling Wong Agung | iku pikirira kang sun prih | lêgawa paramarta | kang rayi gumuyu | nanging yèn mungguh wong jaba | lagi wontên pangkalan paduka kêdhik | yayi dèwi ing Kelan ||

6. wawratane pan sampun nêm sasi | yayi Kuwari wingi tur priksa | ing kula wus tri sasine | botên anggarapsantun | pan punika pakèwêd kêdhik | lamun mênggah wong jaba | wikana Wong Agung | wêtawis mangsi bedaa | suka kabèh parêkan inya lan cèthi | kang sami munggèng ngarsa ||

7. ing purune putri Parangakik | yèn tinari pan galêthak songar | mantêp pantês patitise | sumêbrak nora nubruk | pan arêngat nora mrih runtik | alandhêp nora kasap | kasap nora gangsur | lêmbut datan linawêdan | gancang rêncang nanging nora anglancangi | pantês nora was-uwas ||

8. ladak lair iya ladak batin | nanging nora

--- 4: 225 ---

sêdya ngidak-idak | gandrês luwês nora lèwèr | abakuh nora pungguh | wutah ati datan mutahi | prayoga awiraga | atitih tur matuh | tan ana bisa nelada | ing sajagad amung putri Parangakik | sêmbada kasêmbadan ||

9. nora mosik bisa ngosak-asik | têtêp mantêp amrih kautaman | rêspati barang polahe | èbêk tyase Wong Agung | Kelaswara matur wotsari | kangbok sanès babagan | kawula pukulun | misih wontên ing nêgara | Sri Bupati Mêdayin sanès nêgari | ênggène kabêndana ||

10. wajib ngêrbat ingkang nandhang sakit | yayi bênêr iku Karsanira | Wong Agung luwih karsane | êndi kang pinilaur | angandika Sang Jayèngmurti | lèrèha yayi sakala |[13] lumakua ingsun | sayêkti datanpa rewang | ing sadina rong dina iki pinikir | angayêmakên nalar ||

11. rayi paduka ing Ngalabani | inggih lamun botên tuwan bêkta | kawula utus badhene | amanggihi sang prabu | ing Kusniya ing Malebari | Sang Raja Bawadiman | pinandhita punjul | putrane èstri satunggal | kasub ing rat nama Dèwi Kunmaryati | yèn ta pinarêng uga ||

12. inggih lawan putra paduka Mir | pun Jayusman inggih ingkang tuwa | pan pun Ruslam[14] têlungane | salah siji puniku | antuk jodho karsaning Widi | marmanipun kawula | inggih parikudu | dene Raja Bawadiman | botên etang alit kêratonirèki |

--- 4: 226 ---

dene ratu ngibadah ||

13. olah mêrtapa wani nêtêpi | malah putrine asring binêkta | ratu awadi khajate | ing kapandhitan punjul | widigdaya amati ragi | agung nèng pulo barjah | tilar puranipun | anom karêm kapandhitan | sri bupati ing Kusniya Malebari | pulone pulo Barjah ||

14. putri siji Dèwi Kunmaryati | salin warna ping tiga sadina | putri mijil mangunahe | Wong Agung mèsêm muwus | bênêr têmên ta iku yayi | sapa matur ing sira | mêngko ingsun tutur | ing kono pan purwa janma | murwèng praja ing Kusniya Malebari | kuthane Nabi Adam ||

15. duk têdhake saking suwarga di | madêg nata nèng bumi Kusniya | Malebari kêdhatone | ngratoni anak putu | ibu Khawa Siyêm tibèki | nênêdha ing Hyang Suksma | panggih garwanipun | ana ing bumi Kusniya | Malebari tangkar-tumangkar putrèki | ratu mangku sarengat ||

16. ingsun iki ana khajat mami | arsa munkin ing bumi Kusniya | ya saking sêtaun bae | ing bumi winih iku | Malebari baboning bumi | pulone pulo Barjah | iku têgêsipun | pan iya pulo longkangan | antarane lawan tanah ngajam yayi | êlêt pulo kewala ||

17. kulon pulo bumi Ngarab yayi | wetan pulo bumi tanah ngajam | yêkti ana paedahe | sira mèt besan iku | yèn pinarêng karsaning Widi | Sang Ratu Bawadiman | ratu sugih [su...]

--- 4: 227 ---

[...gih] ngèlmu | ratu tapa tur agama | ati salèh ing Kusniya Malebari | tan ana kang parentah ||

18. pinardikèng Hyang Kang Maha Suci | Amir Mukminin Sri Bawadiman | minulya sakêratone | Kelaswara umatur | kangbok cêlak saking ing ngriki | mung kawan dasa dina | lêlampahanipun | layarane wolung dina | ngidul lêrês ing Kusniya Malebari | karim-karim muntaha ||

19. pêpundhène nagri kanan kering | kangjêng rama tumut ngêla-êla | kêramate kuwalène | mèh kajiman pukulun | ratu ampuh sasmitèng Widi | Sang Prabu Bawadiman | datan wontên purun | para ratu cacah-cucah | wêdi asih mring Kusniya Malebari | nguni mèh manggih karya ||

20. putrinipun Dèwi Kunmaryati | pan linamar dening sang yaksendra | kula ing ngriki badhene | inggih sami têtulung | nuntên manggih karya pribadi | praptane Sri Nusirwan | lajêng rawuhipun | ki lurah raka paduka | ing samangke kilap dadosipun ugi | kalingan gunging karya ||

21. matur nêmbah putri Parangakik | yèn mêkatên tuwan sampun rêmbag | sayêkti nuntên lampahe | rayi dalêm pukulun | yayi êmas ing Ngalabani | dene lampah paduka | inggih karsa nusul | dhatêng jêng rama paduka | nêgri Mukub sayêkti punika inggih | karèh Kăndhabuwana ||

22. nanging dèrèng asalin agami | saking dene tan kobêr punika | Si Samsir kathah damêle | maksih agaminipun [a...]

--- 4: 228 ---

[...gaminipun] | Nabi Musa ing Mukub nênggih | Wong Agung angandika | timbalana gupuh | yayi mas ing Parangteja | cèthi nêmbah mêsat praptèng jawi aglis | kerid praptèng ngayunan ||

23. angandika Menak Jayèngmurti | yayi lumakua benjang enjang | sira panggihana dhewe | kalawan sang aprabu | nêgri Kusniya Malebari | Sang Nata Bawadiman | pinandhita luhung | putranira Ki Jayusman | ngèngèrêna lawan Dèwi Kunmaryati | Malebari Kusniya ||

24. yèn wus tamtu mangkata ing benjing | yayi putranira Ki Jayusman | sira budhalêna kabèh | sagunging para ratu | mring Kusniya ing Malebari | yayi Sudara sira | utusana gupuh | marang nêgara Kuparman | wèha wêruh ing sasolah tingkah mami | marang bok ayunira ||

25. lawan iya aturana nuli | yayi Marpinjun lawan Si Rustam | sêparo bupati dene | Kuparman kang atunggu | kang sêparo milua ngiring | marang nêgri Kusniya | Malebari tugur | yèn ingsun sêlamêt iya | lunganingsun nusul marang ing rama ji | banjur marang Kusniya ||

26. samya sandika aturnya sami | Dèwi Sudara lan Arya Maktal | ingkang pinasrahan gawe | bubaran kang rinêmbug | sampun mêdal prapta ing jawi | Wong Agung Parangteja | angundhangi gupuh | sagunge kang para raja | ing badhene ungkur-ungkuran lumaris | budhal marang Kusniya ||

27. amung Rajaputri Kaelani | Kelaswara têtêp anèng [a...]

--- 4: 229 ---

[...nèng] Kelan | dhasar sêpuh wawratane | yèn wus babar rahayu | kinèn nusul mring Malebari | kang wontên ing Kuparman | Sang Rêtna Marpinjun | saputrane kinèn prapta | angumpulan nèng Kusniya Malebari | yèn èstu sida karya ||

28. tan winuwus sagunging prakawis | pan ing dalu anyilib lampahnya | Wong Agung lan turanggane | sêdya mring nêgri Mukub | pan nyêpalih praboning jurit | kawrat askarduwijan | kang kari angungun | lampahe Sang Kakungingrat | turanggane kadya palwa angsal angin | ngawal askarduwijan ||

29. lamun dalu arêrêb wanadri | ambujung kidang lajêng binakar | dhinahar lan turanggane | wus lêpas lampahipun | manggih tilas tiyang lumaris | yèn mondhok yèn mêmangan | maksih tilasipun | tinurut marga tilasnya | dawa kandhêg anjujug Mukub nêgari | anggambuh jawi kitha ||

47. Gambuh

1. katon kitha ing Mukub | rawuh jawining kitha Wong Agung | ingubêngan sakèthèng datan kêpanggih | ngalor ngulon ngetan ngidul | lawange tan ana katon ||

2. kèndêl kêlangkung ngungun | mulat rakite kitha ing Mukub | tanpa lawang apa pikir ratu eblis | kuthane têka binuntu | beda lawan para katong ||

3. graitèng tyas Wong Agung | sun pêtakane raja ing Mukub | kayaparan tingkahe apa mêtoni | mapaga ing yudanipun | apa datan arsa miyos ||

--- 4: 230 ---

4. têdhak saking kuda wus | cinancang kuda pun askardiyu | sigra pêtak Wong Agung Surayèng Bumi | ing awiyat gumaludhug | lir gêlap sakêthi anjog ||

5. kadya rèh gumuntur |[15] kagèt anjumbul Sang Rajèng Mukub | duk siniwi wadyane ing păncaniti | kontal saking dhamparipun | sru kajungkelang sang katong ||

6. wadya kèh ana rubuh | cipta wukir sakêthi gumuntur | dangu pungun-pungun ingkang para mantri | wus emut sêdaya ngrungu | swara sru kang ingupados ||

7. jro kitha tan kêpangguh | sigra kinèn ambêdhah bata gung | ingkang ngalèr mijil sing jro kitha gili | para prawira ing Mukub | sami angrakit kêprabon ||

8. ing aprang praptanipun | jênêngi wuri Sang Raja Mukub | tiningalan ana janma tanpa kanthi | mung siji nèng kuda manggung | bagus kang cahya mêncorong ||

9. pinarêpêkan sampun | têtanya para prawira Mukub | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | sun jujul wong tuwaningsun | lunga dagang nêmu ewoh ||

10. dibegal ana Mukub | pan têlung lêksa pikulanipun | anauri punggawèng Mukub satunggil | ana ing kene wong langkung | juragan angaku katong ||

11. pan iya ratuningsun | kang begal angling Sang Jayèngsatru | iya iku sayêkti wong tuwa mami | payo sisakêna ingsun | yèn ora wani maring ngong ||

12. anungkula maringsun | alok arame

--- 4: 231 ---

prawirèng Mukub | angudani cacap suligi lan lêmbing | jêmparing tulup lan busur | Wong Agung Jayèngpalugon ||

13. anarik pêdhangipun | tinêrak sami prajurit Mukub | kang kaparag kadya ambabad bung pacing | saingga anacah timun | kadya amêdhangi waloh ||

14. wau sang nata dulu | langkung bramatya Sang Raja Mukub | ngangsahakên bala sakarine mati | sumêngkud samya umagut | jinênêngan sang akatong ||

15. picondhang singa magut | kuthetheran prajurit ing Mukub | tangkêping prang tan ana ingkang prayogi | katutuh prange rumuhun | tan ana kang prang tanggon |[16]|

16. umangsah wong kang satus | saturăngga pra mantri ing Mukub | giniwarkên askardiyu mingêr ngering | anikêl anganan wangsul | amutêr mara anjojog ||

17. wong satus ting palinguk | sinabêt pêdhang kang kumpul rampung | katri kapat sarêng pagas tigas pancing | tan ana kang bisa kiwul | mung aprang sênggrang tan sagoh ||

18. krodha sang Rajèng Mukub | munggèng turăngga mangsah anguwuh | payo iki aja angrampêt wong cilik | Raja Binti Bahram ingsun | mêrpêki Jayèngpalugon ||

19. mupuh Sang Rajèng Mukub | pan tinangkis parisanya murub | wanti-wanti panggadanya sri bupati | tinangkis paris kawangsul | pinêrpêkan sang akatong ||

20. ginada tangkisipun | kontal pênangkise Sang Rajèng Mukub |[17] kêdandapan tumurun saking turanggi | cinandhak sinêrêg sampun |

--- 4: 232 ---

ikêt pinggange sang katong ||

21. cinandhak Rajèng Mukub | tininggil-tinggil ing astanipun | ingubêngkên lir kitiran mèh binanting | paran karêpmu sang prabu | apa urip apa layon ||

22. yèn sira sêdya lampus | sun banting pasthi sira malêdug | pêsthi lamun balungmu ajur samênir | mèh anjog pambantingipun | Sang Raja Mukub anggêro ||

23. asêsambat sang prabu | aminta urip Sang Rajèng Mukub | inguculkên anungkul srah pati urip | winuruk sahadat sampun | sarengat Ibrahim kaot ||

24. sampun Eslam sang prabu | sêdaya pra prawira ing Mukub | ingaturan Wong Agung Surayèng Bumi | maring jroning kutha Mukub | samya kêsmaran ponang wong ||

48. Asmaradana

1. binêkta manjing jro puri | Wong Agung Surayèng Jagad | sapraptanirèng kêdhaton | munggèng singangsana rêtna | prapta ingkang sugata | inuman kang prapta sampun | lajêng bujana drawina ||

2. ngandika Sang Jayèngmurti | hèh Rajèng Mukub maria | dudu pakartining katong | nganggoa caraning raja | anyurêmakên jagad | ratu khalifatullahu | lamun ambêbawur tingkah ||

3. lan ora kaprah ing bumi | kutha tan amawi lawang | kang lumrah nganggo sakèthèng | padha racutên sêdaya | sakèhing parakitan | yèn cara-caraning ratu | ing alam dunya sêdaya ||

4. kasusu dènnya tinangkil | wong tampingan tur uninga | yèn wontên gêgaman gêdhe | angrimong blêgdaba bihal |

--- 4: 233 ---

èsthi ingkang salêksa | salêksa malih bêrancuh | angrimong turăngga bihal ||

5. sang prabu ing Kăndhabumi | katur ingkang badhe prapta | Raja Mukub têdhak age | amêthuk dhatêng tamunya | punika ingkang prapta | gustinipun tiyang Mukub | apan kang têdhak-tumêdhak ||

6. kawularsa mêthuk jawi | paduka tuwan kantuna | ngandika Jayèngpalugon | lah iya sira mapaga | maring bêndaranira | aja kuwatir maringsun | kêrigên punggawanira ||

7. tur sêmbah sigra lumaris | kya patih ngriyini sêgah | Sri Mukub budhal wurine | bêkta turăngga salêksa | sèwu dipangganira | nèng jawi kitha kapêthuk | Raja Mukub sigra nêmbah ||

8. angraup padanirèki | raja ing Kăndhabuwana | Raja Mukub maras tyase | lajêng gumuruh sawadya | Raja Mukub tur sêmbah | Raja Samsir ngandika rum | iya sira kêdhayohan ||

9. Raja Mukub awotsari | inggih kawula tamian | anake nakoda sugèh | kang dagang bêkta rêmbatan | sêdaya tigang lêksa | Raja Samsir sru gumuyu | iya iku gustiningwang ||

10. Wong Agung Surayèng Bumi | kang ngêdhaton ing Kuparman | anamur nusul lakune | kang rama Prabu Nusirwan | Mêdayin sira begal | Juragan Dulbasir iku | iya Bêthara Nusirwan ||

11. duk miyarsa sri bupati | ing Mukub alon turira | gusti duk mila-milane | kêni dunyane karampas | juragane kabănda | pangraos kula pukulun | dede pedak pêndarakan [pê...]

--- 4: 234 ---

[...ndarakan] ||

12. mila dunya brana mêksih | amung kang rèmèh kewala | ingkang agèng dèrèng kalong | têtaline dèrèng owah | inggih kêraos ing tyas | lamun dede wadosipun | wau lampahira prapta ||

13. jro kitha Mukub nêgari | wadya gung ingantun jaba | lajêng maring panggonane | Wong Agung Surayèng Jagad | pan dèrèng kesah-kesah | angantos Sang Rajèng Mukub | wong Mukub ngungun sêdaya ||

14. Wong Agung ngandika aris | kapan gonira lêlampah | Raja Samsir awotsinom | tuwanku dalu lumampah | enjingipun kawula | dhinawuhan dandan nusul | inggih ing rayi paduka ||

15. Wong Agung ing Ngalabani | acaos ing karsa tuwan | mung bêkta sakêcandhake | inggih sakêthi dipăngga | turăngga kang salêksa | salêksa malih pukulun | kang wahana măncawarna ||

16. angrimong mèmrèng karêndhi | blêgdaba lan adal-adal | kang dharat têbih kantune | Rajèng Mukub jawil sigra | mring Sri Kăndhadhabuwana |[18] angaturkên tobatipun | Rajèng Mukub tinimbalan ||

17. sagunge lêpate nguni | saking botêne pêpeka | purêt ing budi kasompok | tan wruh ing nisthaning tingkah | nêkani cacah-cucah | alon ngandika Wong Agung | aja susah wus sun sêdya ||

18. iya pangapura mami | kêrana wus ingsun jarag | miwah bêthara lakune | sayêkti kabèh jinarag | apa tan ngapuraa | anging Sri Natèng Mêdayun [Mêdayu...]

--- 4: 235 ---

[...n] | ing Mukub wus datan ana ||

19. Rajèng Mukub awotsari | sayêkti lajêng mring Cina | rama tuwan sang akatong | kawula ingkang jujula | dene gusti paduka | kasukanaanèng Mukub | Wong Agung alon ngandika ||

20. tarima prasêtyanèki | nanging ingsun ora kêna | kudu angawaki dhewe | mati urip ingsun sêdya | dadia bêktiningwang | iya wajib bêktiningsun | nêrpati kalih tur sêmbah ||

21. ngandika Sang Jayèngmurti | mring Prabu Kăndhabuwana | sira iku maksih anom | durung pantês nglakonana | panggawe nêdya papa | dene ta Sang Rajèng Mukub | apan pantês rada tuwa ||

22. yèn eklas praptaning batin | kudu laku lara lapa | lan sêdyane milu ingong | lan pêrlune wruhing marga | kang marang nagri Cina | sumujud Sang Rajèng Mukub | dènira nut wuri lampah ||

23. sang prabu ing Kăndhabumi | kinèn rumêksa turăngga | kari nèng Mukub sang katong | wadya sangsaya gung prapta | kang dharat kang wahana | tugur nèng nêgari Mukub | wau kang sêdya maskentar ||

49. Maskumambang

1. wus mangkana Rajèng Mukub aturnèki | maturkên yèn wêtah | donya jarahaning nguni | saking Sang Prabu Nusirwan ||

2. ingkang mindha iya Juragan Dulbasir | nakoda Karsinah | ingaku namanirèki | dunyane sampun tinampan ||

3. pan rinêksa marang Prabu Kăndhabumi | wau lampahira | Wong Agung ing têngah ratri | saking ing Mukub nêgara ||

--- 4: 236 ---

4. lawan Raja Binti Bahram ingkang ngiring | sadalu nèng wana | lampahe Wong Agung kalih | enjing mêdal saking wana ||

5. lamun dalu saênggène dèn sipêngi | amindha wong kumpra | lêstari dènnya lumaris | kunêng malih kawuwusa ||

6. ingkang mindha iya Juragan Dulbasir | Sang Prabu Nusirwan | duk lampahira ing nguni | saking ing Mukub nêgara ||

7. ngambah wana sadina lawan sawêngi | arindhik tan bisa | lumaku kêbatan malih | sadina tan kambon upa ||

8. amung toya duk anèng têngah wanadri | tan amanggih janma | tan ana kang dèn takoni | sêga miwah jêjalukan ||

9. dadi boyor lampah kuwarêgên warih | angsal kalih dina | mubêng-mubêng nèng wanadri | tan wruh kang anjok padesan ||

10. yèn anaa wong Mêdayin atut wuri | angajak wangsula | sayêkti anurut bali | saking tan kuwawèng lampah ||

11. pan sadina katèmpêr banjur sawêngi | ngisingakên toya | nangis Juragan Dulbasir | angalêsêd nora bisa ||

12. pan sêdalu gêrêng-gêrêng angêrintih | tinêrajang warak | kongsêb ing êndhut kèh kêni | wêntis bau ula-ula ||

13. sirah rêmpu pêcah abuh ambêngêpi | netrane kalingan | dene abuh ngêmu gêtih | numpêk napase Nusirwan ||

14. wayahira nuju sapratêlon wêngi | wau sri narendra | kêna ing êbun gubrasi | rêrêb asrês[19] kang sarira ||

15. pungun-pungun anglilir sri narapati |

--- 4: 237 ---

ngègèl-ègèl lênggah | cèlèng sêjodho lumaris | lawan gênjike nêm bêlas ||

16. pêlayune sima arsa anubruki | nêrajang sang nata | rêbah kèlês dening gênjik | sakit malih lumah-lumah ||

17. byar raina ana wong alasan prapti | wong roro pan arsa | mèt madune tawon kêmit | mulat wong angathang-athang ||

18. pinarpêkan anangis sarwi ngêrintih | langkung kawlasarsa | sambat kalirên wus lami | tan mangan pitulas dina ||

19. lajêng sakit tinunjang ing warak laki | mèh waras katiban | ing êbun kambuh we malih | tinunjang gênjik nêm bêlas ||

20. mole-mole kanthonge dinar kaèksi | muwus mêgap-mêgap | gawanên mulih sun iki | yèn sira amulasara ||

21. dinar iki ênêm èwu darbèk mami | paronên dènira | melik wong kalih miyarsi | kalawan wêlas tumingal ||

22. wong wis tuwa kalirên kêna ing sakit | binêbayang nulya | binapong ginawa mulih | sapraptanira ing wisma ||

23. langkung suka wong loro dinar pinalih | sami mulasara | wong puniku kakang adhi | biyung taksih nanging răndha ||

24. pamanane satunggil anake kalih | wus samya mah-omah | tan pisah sadhukuh nunggil | dadya wong nênêm wismanya ||

25. sêsanake dinar padha dèn warisi | sami mulasara | amboboki anjampèni | rumbu-rumbu pitung dina ||

26. sabên esuk sarwi inguyupan tajin | sangsaya abagas | sang nata wus bisa linggih |

--- 4: 238 ---

malah bisa mangan sêga ||

27. mapan maksih ngaku Juragan Dulbasir | mundhak dina mundhak | warase bisa lumaris | règèng-regang marang latar ||

28. wong adhukuh puniku sami kuwawi | mulur sandhang pangan | upajiwanira laris | dinar minăngka witira ||

29. arinira Abu Dangkèh namanèki | dhukuhe punika | arane Bukit Tahèri | pan lami ana ing kana ||

30. Abu Dangkèh anggêcêl ing sabên ari | Dulbasir têtanya | iki dhukuh mèlu ngêndi | puniki bumi watêsan ||

31. kêrajane inggih tumut Kalibêri | kang êlèr punika | dhusun agêng pinggir margi | pan rongatus wismanira ||

32. ingkang kilèn bumi ing Mukub puniki | kang kidul sêdaya | tumut bumi Kaelani | kang wetan tumut Yujana ||

33. ingkang êlèr laut agêng kang jêladri | sabranganing Cina | angling Juragan Dulbasir | ing Cina pan maksih têbah ||

34. Abu Dangkèh umatur gih taksih têbih | dharatan sawulan | layarane pitung ari | ngalor ngetan dhatêng Cina ||

35. margi agêng datan pêgat wong lumaris | kang dhatêng ing Cina | têlasan maring ing ngriki | mung Mukub kang sangêt samar ||

36. yèn wus langkung ing ngriku woworan margi | wong saking Yujana | ing Kuwari Kăndhabumi | wong Kelan dagang mring Cina ||

37. dhasar mangke saya kathah wong agrami | kêlangkung alêksan | slamine ing Kaelani | kanggenan kang para raja ||

38. Kangjêng Gusti Kuparman bêdhah Kelani | barang kang dinagang [dina...]

--- 4: 239 ---

[...gang] | kathah bathine tur laris | sêluran sêngkud wong dagang ||

39. pan kumêpyur tyase Juragan Dulbasir | Abu Dangkèh sira | ngrungu warta saking ngêndi | lamun Wong Agung Kuparman ||

40. ya pagene têka bêdhah Kaelani | Pak Dangkèh saurnya | ngêlut Sang Prabu Mêdayin | lumayu ngungsi mring Kelan ||

41. wingi sontên lurah kula Kalibêri | kadhawuhan surat | saking ing Mukub nêgari | undhang-undhang pêparentah ||

42. pan salêksa dinar ganjaranirèki | punika parentah- | ipun Raja Kăndhabumi | wit saking Sultan Kuparman ||

43. pan ing mangke wontên ing Mukub nêgari | anjujul Nusirwan | abêbala patang kêthi | Sang Raja Kăndhabuwana ||

44. ratu wantêr ing aprang sugih pêpati | wau duk miyarsa | Dulbasir rumab pan atis | lêgèyèh luh dêrodosan ||

45. hèh Pak Dangkèh kêkêpên rumab sun iki | sarwi pêtêkana | atiku kari samênir | awak ingsun bangêt lungkrah ||

46. têrataban pagene tyas ingsun iki | Pak Dangkèh asigra | jae sawakul pinipis | pinêrês nginumkên sigra ||

47. dimèn lêjar malah mutah durung mari | maksih têrataban | Pak Dangkèh kaku lingnya ris | punika sakit punapa ||

48. inguyupan jae sarinjing tan mari | têka botên lêjar | punapa jae sarinjing | punika sagêde lêjar ||

49. prêmbèh-prêmbèh Kyai Dulbasir nauri | êsung iki nyawa | iya laraningsun lami | sabên ana warta kumat ||

--- 4: 240 ---

50. hèh Pak Dangkèh gandhèk Mukub apa maksih | ingkang gawa layang | parentah ngundhang-undhangi | Pak Dangkèh alon saurnya ||

51. dhinawuhan sêrat ibêr-ibêr sami | tunggule parentah | lawan kang dhawuh mariki | wau kesahe kengkenan ||

52. sampun têbih angsal lêlakon salingsir | kidul pêkarangan | patinggi ing Kalibêri | tumut angatêr utusan ||

53. dhusun agêng-agêng kang pinggir pasisir | ing ngriki pan wana | botên nate pinarduli | dene priyayi utusan ||

54. lêga tyase sira Juragan Dulbasir | Pak Dangkèh atêrna | nyawa sun adus mring kali | amucung sariranira ||

50. Pocung

1. sigra wau Pak Dangkèh lumampah ngayun | Dulbasir tut wuntat | sapraptanira ing kali | kagyat mulat ana priyayi lêlampah ||

2. kathahipun ana kuda tigang atus | punika wong langlang | prajurit ing Kăndhabumi | pan akanthi wong Mukub kang juru marga ||

3. yitnanipun Si Kăndhabuwana Prabu | gustine lêlampah | anamur amung wong kalih | mila sagung wana-wana pinatrolan ||

4. lèpènipun tan têbih saking marga gung | duk malêbèng toya | kagyat Juragan Dulbasir | kêdandapan turăngga prapta akathah ||

5. lakunipun kadi wontên kang jinujul | ingkang munggèng ngarsa | sikêp cacap duduk lêmbing | rikat tangkêp prajurit Kăndhabuwana ||

6. langkung gugup asalah ing tampinipun | aniba [ani...]

--- 4: 241 ---

[...ba] ing sela | sira Juragan Dulbasir | nora etung sirahe anubruk sela ||

7. sirahipun ing wuri tarung lan watu | githok gobrah-gobrah | padhas miring dèn sungkêmi | padhas oyag anlorong ula bandhotan ||

8. sangêt jumbul gêmronjal dhêdhêngkulipun | tarung lawan sela | kalêngêr Kyai Dulbasir | anulungi Pak Dangkèh kêrangkang-rangkang ||

9. pan jinunjung moyog-moyog mèh kajunjung | anggawa tan kêlar | pinêksa tiba kabanting | sangêt rêmpu awakipun tibèng sela ||

10. langkung ewuh Pak Dangkèh sêdyane mantuk | angundang mring rowang | ambêbayang gawa mulih | sinandhingan watu gêng kiwa têngênnya ||

11. pamrihipun aja kèli dening banyu | anuli dèn tilar | sirah lawan dhêngkulnèki | godhag-gadhig amanggung tarung lan sela ||

12. sampun kesah Pak Dangkèh ambêkta batur | ginotong ngêntasan | wêdana ngiling-ilingi | pan sêparo abuhe ingkang wêdana ||

13. lambenipun ing ngandhap ana kadulu | sak êrining pandhan | untune ula kang kari | mila abuh agosong mawaning upas ||

14. ingkang langkung priyayi sami andulu | tanya kêna apa | wong tuwa iki mèh mati | sami pangling prajurit Kăndhabuwana ||

15. lamun iku sayêkti Rajèng Mêdayun | dinalih ta măngsa | anèng kene tanpa kanthi | lawan iya warnane wus sugih lara ||

16. Abu Dangkèh angrarêpa mring kang langkung | inggih bokmênawa [bo...]

--- 4: 242 ---

[...kmênawa] | sagunge para priyayi | sagêd nyêmbur ulan-ulan anênawa ||

17. ana siji prajurit wêlas andulu | bisa ulan-ulan | mudhun jog saking turanggi | sarwi jêjêk sirahe Prabu Nusirwan ||

18. nuli wungu sakiting upas wus mantun | lara saking sela | ing sirah kang miyatani | ngènggèl-ènggèl tumungkul ajrih tumênga ||

19. wong kang langkung jêjaranan têlas sampun | Nusirwan ginawa | mring bumi Bukit Tahèri | sapraptane binobokan tinambanan ||

20. ragi abuh asangêt kadi rumuhun | langkung kawlasarsa | praptane bilai nênggih | tibane ing măngsa tan kêni tinulak ||

21. rumbu-rumbu sinêmbêlèhakên wêdhus | binuburkên surba | bagas abuh durung mari | kamisasat agêmbil-gêmbil abantat ||

22. bisa lungguh nanging godhêg sirahipun | sêkalore prapta | amuring-muring dalêming | pangucape Nusirwan tan nganggo niyat ||

23. pangucape sabên dalu ngawud-awud | punggawane samya | ala têmên wong Mêdayin | nora ana kang belani lara lapa ||

24. kamuktènku wong akèh kang padha andum | anêmoni papa | ingsun dhewe kang nglakoni | nora ana sêdya nusul ngulatana ||

25. sabên dalu mangkono pangucapipun | kang sami miyarsa | Pak Dangkèh lan Nyai Rubil | pênyanane apan duwe lara jawal ||

26. bisa lungguh lajêng wus bisa lumaku | bisa mangan sêga | eling kêratone [kêra...]

--- 4: 243 ---

[...tone] nênggih | dhal-êdhalan sêkala lali yèn papa ||

27. ngadhêp sêkul ing layah saulamipun | anulya dèn urab | iwake dèn cuwil-cuwil | ting talêning pinindha-pindha rampadan ||

28. nora muluk asila tumpang rumuhun | alon tinakonan | pagene mêngkono kaki | cara apa polahmu pan ora kaprah ||

29. lon sumaur iya iki cara ratu | eling murwat ingwang | kêraton ingsun Mêdayin | yèn amangan iwak sawadhah tan kêna ||

30. yèn amuwus sok ngaku Rajèng Mêdayun | Pak Dangkèh rêmbugan | lan saanak putunèki | nora enak yèn iku nora lungaa ||

31. nora wurung gêgawa bilai iku | kang dèn aku iya | satrune narendra mami | Rajèng Mukub lan Rajèng Kăndhabuwana ||

32. puluh-puluh tan kêna rinêksa iku | tan kêna winlasan | sok angaku narapati | nadyan jawal nora nganggo parah-parah ||

33. ngaku ratu satrune Sang Rajèng Mukub | payo ginagila | padha nyêlanga turanggi | loro bae munia jabaning dhadhah ||

34. sami nurut anyêlang turăngga sampun | wayah sirêp bocah | anuju padhanging sasi | riyêm-riyêm mêndhunge angêmu toya ||

35. nuju nguyuh sakiduling pawon mêtu | lagi dhodhokana | jaran muni anèng jawi | Abu Dangkèh alok ana dhayoh têka ||

36. saking Mukub ana kuda tigang atus | Pak Dangkèh lokira [lo...]

--- 4: 244 ---

[...kira] | arsa nyêkêl dhayoh mami | ingkang ngaku iya Sang Raja Nusirwan ||

37. dupi ngrungu kajungkengkangan lumayu | parandene gancang | dènnya kabêlêt ing wêdi | mijil saking jro dhadhah wus manjing wana ||

38. tinut pungkur Pak Dangkèh pi-api nusul | kiyai mandhêga | priyayine sampun têbih | ing bukite sami binahak jinarah ||

39. ya ta ngrungu Abu Dangkèh swaranipun | Pak Dangkèh mrenea | kongkonan mau mring êndi | anèng dhukuh kang arsa nyêkêl maringwang ||

40. kula anut ngatêrkên tuduh dêlanggung | kang dhatêng ing Cina | iya payo dipun aglis | dharodhogan saking wana sampun mêdal ||

51. Mijil

1. jêtung-jêtung dènira lumaris | kang tilar kêprabon | sampun anjog ing dêdalan gêdhe | angling Pak Dangkèh kawula amit | aja nyimpang kaki | dalan bênêr iku ||

2. ênya dinar lima sun sangoni | uwis mulih ingong | ungkur-ungkuran kalih Pak Dangkèh | nangis lêlampah sarwi ngêngintih | Juragan Dulbasir | lampahira laju ||

3. pan sêdalu dènira ngêrintih | anggung dènnya ngrempong | pan kêrasa kabèh sarirane | mèh raina sayah luwih arip | manggih lincak guying | payone wong warung ||

4. karainan maksih tan anglilir | anglêgorong ngorok | praptanira bango kang aduwe | nyai tuwa adol roti kêring | ginugah tan osik | ginobyag ing sapu ||

5. ginobyag-gobyag [ginobyag-gobya...]

--- 4: 245 ---

[...g] pan ora osik | maksih anglêgorong | jinojohkên ilang sêsapune | nini tuwa liwat saking bêngis | sigra nyandhak sikil | sinèrèd gêlundhung ||

6. banjur angrawus ngujar-ujari | rupamu mêngkono | têka dimêr mangkono watêke | baya wong ngêndi rupamu bêcik | tabêt digitiki | apa ta awakmu ||

7. padha tatu dhowak bocah-bacih | êndhasmu mêlopor | kêna apa ta iku tabête | nora poyan sarwi anudingi | tanpa ngrasa yêkti | dene kuwis dhawuk ||

8. nora duwe pangrasa si baring | nganggo bandhaning wong | sapa agawe lêlincak kuwe | apa kowe mèlu mêmêthèli | prandene sumligring | dadak nganggo turu ||

9. enak-enuk si disambêr bindi | aturu nglêgorong | pijêr jêtung tan ana saure | marêpêki si nini marani | ngantêbi kuwali | tiba antakamu ||

10. nora etung isi pindhang gênjik | jajane kumêprok | pindhang duduhe padha darèwès | girap-girap anjumbul sang aji | ni tuwa marani | malih nyandhak suku ||

11. cinandhak tiba gumabrug miring | lambunge mêlocot | têtanggane dodol padha napèh | rame udrêg akèh anggujêngi | setanên si nini | dudu pratingkahmu ||

12. nini tuwa adol roti bêngis | uculêna ingong | sun mamahe wong mêngkono kiye | nora suda rasane kang ati | yèn ta nora kari [ka...]

--- 4: 246 ---

[...ri] | samênir sun gilut ||

13. dhuh si gêrang nora nganggo pikir | manusa sidhaplok | salin babah lawan têtanggane | angukuhi marang Ki Dulbasir | wong tuwa kaya blis | nora nganggo urus ||

14. apa uruse dosane iki | agawe mêngkono | jêr wong tuwa akèh lêlarane | sayah lêlaku sayêkti arip | tan kêna ginênti | wus gawanên mantuk ||

15. aja nginêpkên lincak nèng margi | tan kêna inganggo | mring wong liwat pan uwis kaprahe | apa sira dadak anglarangi | wong turu nèng margi | apan ta sang prabu ||

16. nora nglarangi wong turu margi | apa sukaning wong | pan wus adat ing nêgara gêdhe | akèh polahe wong kang lumaris | ana kang lumaris | ana ingkang turu ||

17. kang sarêngên akèh kang ngiloni | sami wêlas tumon | mring wong tuwa tur akèh larane | parandene dèn prih angêmasi | Juragan Dulbasir | ana ingkang ngukup ||

18. dadi rubungan kinèn abukti | pijêr lêgok-lêgok | durung tahan iya ing batine | amangana anèng pinggir margi | mênawa mèh mati | kolu mangan warung ||

19. pinêksa-pêksa mangana kaki | sauripun alon | ya tarima pawèwèhmu kabèh | durung arsa mangan awak mami | sun gawa sathithik | iki pawèwèhmu ||

20. iya kaki sakarêpirèki | anulya ginembol | ya mangkata wong tuwa sêlote | nulya mangkat kêpapag wong ngarit | winèwèhkên [winèwèh...]

--- 4: 247 ---

[...kên] aglis | wau sêkulipun ||

21. lampahing marga datan winarni | andungkap wus anjog | nêgara agung saking arjane | tigang sasi ing saurut margi | tanpa sêla pipit | têpung wismanipun ||

22. basa Cina Nusirwan wus bangkit | pan duwe têtukon | pan salêksa wong Cina kathahe | upacarane Rajèng Mêdayin | salêksa Ngabêsi | salêksa wong Ngêrum ||

23. kang tinelad pacara Sang Amir | kang rama sang katong | pan nyalêksa Cina padha duwe | wong Rum Ngabêsi pamrihe sami | irêng wong Ngabêsi | putri wadya ing Rum ||

24. ginawe warna wong Cina kuning | abintit sayêktos | pan wus anggon-anggon ratu gêdhe | upacarane amăncawarni | anyalêksa sami | Sang Raja Mêdayun ||

25. basa Cina Nusirwan rêspati | marmane tan kajog | kuning bangêt Nusirwan ulêse | matakapèn pan sampun agêmbil | tan ana ngarani | liya jinisipun ||

26. lawan wong Cina tumêrcêb jinis | ulêse sang katong | ya ta wau sayah ing lakune | lèrèn wisma pan arsa abukti | pan wus patang bêngi | sang nata ngalumpruk ||

27. bayar dinar lêlima sang aji | anjujug ing pawon | kinèn linggih linggiha ing kene | dèn kapenak kaki sira linggih | aja walangati | saparanirèku ||

28. mêksih nama Ki Êncik Dulbasir | lêgèyèh têturon | sangêt sayah nulya manggih bale | kang duwe pawon têka [tê...]

--- 4: 248 ---

[...ka] ngawruhi | satangine guling | wus sinajèn sêkul ||

29. sêga sapiring iwak sapiring | jangane sêmangkok | tur kaliwat wau pangêlihe | parandene nora aglis bukti | pijêr miling-miling | nyawang sêkulipun ||

30. tan antara iwak dèn talêning | dadi sapuluh gon | sila tumpang kang kiwa sikute | siduwèng wêntis ki omah nglirik | dangu êlêtnèki | pamuluke sêkul ||

31. pijêr dulu dumuk iwaknèki | ingkang sapuluh gon | nuli malangkêrik pamuluke | apan kêrasa kêratonnèki | marêm tanpa bukti | pijêt-mijêt[20] puluk ||

32. tan pinuluk pan ginlintir-glintir | sarwi andêngongok | ngungak-ungak atêbih ngarsane | ki omahan prapta anakoni | cara apa kaki | pamanganmu iku ||

33. têka gampang dènira nauri | iku cara katong | ingsun iki dhingin ratu gêdhe | ing Mêdayin Prabu Nyakrawati | supe ing wêwadi | mung pêsajanipun ||

34. duk miyarsa ki omahan runtik | wuwus kang mêngkono | graitane nora edan bae | apa ngrusak nêgara wong iki | mambu antu warih | pawuwuse dudu ||

35. yêkti simpên pênggawe wong iki | dene anyalêmong | manjing wisma siyaga polahe | tan antara mêtu nabuh bèri | kakênthung tinitir | tanggane gumrudug ||

36. alok salad-salad ambênturi | kang ana ing pawon | garobyagan gancang pêlayune [pê...]

--- 4: 249 ---

[...layune] | payo rampogên iku wong drêngki | angaku nêrpati | sêjatine têluh ||

37. arêp agawe susahing bumi | angrusak Tapèkkong | yèn ngrungokna iku pangucape | sêparane binênturan sami | nyalimpêt sang aji | amor ing wêwarung ||

38. ana warung agêng pinggir margi | wong akèh bale wor | wong angrangin punika jujuge | kêrên loro kang sawiji roti | ngurubakên gêni | andhodhok ing ngriku ||

39. ingkang bujung lok kelangan lari | wau kang adodol | rangin roti têka lêga tyase | ana ngrewangi ngurubkên gêni | pênyananirèki | wong sêdya bêburuh ||

40. ngarah opahan roti sawiji | tan wruh yèn bêburon | pan wus suwe dènnya ngurubake | sêdhêng tampia roti sawiji | alon dènira ngling | sabarna karuwun ||

41. lagi laris dodolan sun iki | arubung ponang wong | mêngko kaki agawea dhewe | sêdhêng adhèng wong kang tuku iki | sakarêpmu ugi | kang gêdhe sakêthuk ||

42. wus mangkana Juragan Dulbasir | asuwe nèng kono | kang têtuku apan uwus adhèng | wus sinungan rotine sawiji | rangine kêkalih | warung wus kapungkur ||

52. Pangkur

1. sadina dènnya lêlampah | yèn amangan manjing omahan nuli | linggih ing bale asaguh | nyilih wadhah kinarya | amadhahi roti lawan ranginipun | dinadèkkên tigang wadhah | nora binukti tumuli [tumu...]

--- 4: 250 ---

[...li] ||

2. yèn durung duwe tumingal | ngolod-olod yèn wus andumuk warih | yèn eling kêratonipun | pan ora mangan pisan | mung sacuwil ginlintir-glintir adangu | cat eling ing kaluhuran | minggu tan arsa abukti ||

3. cat kadhang pangananira | dèn cèh-êcèh sinungkên lare cilik | ingkang mulat ana muwus | rika iku wong apa | roti siji rangin loro wadhahipun | iya kongsi têlung wadhah | siji bae kurang isi ||

4. mung pijêr sinawang-sawang | apa jawal ginlintir kongsi aking | apan ora age muluk | tinêtêr tinakonan | tan sumaur dêrodosan êluhipun | nyata wong iki yèn jawal | polahe anèh si baring ||

5. sayêkti Prabu Nusirwan | lamun waras sarira nora sakit | pan awis panêdhanipun | limang dina sapisan | sabên mangan anganggo tingkahing ratu | mulane kaburak-burak | anggung dèn arani baring ||

6. wus lami ing paranira | kasêrakat kasurang pan katoring | lêburan ing murwatipun | mung panggawe satunggal | pan rinêksa mangan ing saênggonipun | drêmba dêlap nora pisan | iku mêksih dèn singgahi ||

7. mila gêlis nandhang lara | sok kalingsir tuwa pisah rêjêki | yèn tan ana wong kang mujub | pan durung gap-êgapan | durung sêdya pêpariman anjêjaluk | sênadyan dèn wèwèhana | maksih apik dènnya bukti ||

8. iku yêktine carita | dene [de...]

--- 4: 251 ---

[...ne] nistha kabèh wus dèn lampahi | nadyan bêburuhapatut | nanging pariman ora | yèn tan parah ambanyolkên para ratu | iku bujăngga kêparat | durung wruh pratikêl batin ||

9. urakan kêna musibat | wong pancakan si lêntring kêna pidhir | patut dèn lolohi watu | rolas samaja-maja | dipun kongsi gobrah-gobrah cocotipun | bêbanyolkên sok munia | gawe-gawe amuwuhi ||

10. yèn ana ratu kêsrakat | pêpariman sayêkti banjur mati | ngugungi luamahipun | ing pangane sadina | mênawa duk satriyane durung ratu | kasêrakat mangkonoa | yèn ing ratu nora kêni ||

11. dêlap pangane sadina | pêpariman sadina pangan nuli | mati nora nganti esuk | wêngi-wêngi kewala | yèn uripa sêsakane langit rubuh | lan bumine binojodan | kêjaba lawan kinardi ||

12. têgêse ginawe ika | nora nyandhang dêdukaning Hyang Widi | kaya Sang Raja Mêdayun | misih pênggawe raja | dhasar namur pêriman ginawe laku | angrêrubakkên kangelan | kêlawan têtêpe mukti ||

13. iku kang duduh ganjaran | kaluhuran tingal sangsaya yakin | Sang Prabu Nusirwan iku | duraka mring kang rama | wawêkase kinèn manut Betaljêmur | wêkasan anurut Baktak | mila gung kêna bilai ||

14. mêngkana Prabu Nusirwan | sampun lami prapta anjog nêgari | wuwuh malih risakipun | pan mèh nora [no...]

--- 4: 252 ---

[...ra] kêsandhang | iya saking durung măngsa ajalipun | lagi bangêting dêduka | saking Hyang Kang Murbèng Urip ||

15. nèng praja kacandhak gêrah | têmah ngèngèr wong răndha adol roti | punika kang sudi ngukup | lara pinulasara | kunêng malih ing kăndha gênti cinatur | kang nilap anamur lampah | Wong Agung Surayèng Bumi ||

16. adharat cara wong desa | tanpa kanthi mung kalih lan kang ngiring | apan mung Sang Rajèng Mukub | Narendra Binti Bahram | salêbête kang rama Rajèng Mêdayun | tinitik samarga-marga | ing lacak maksih kêtawis ||

17. dêstun kapatenan lacak | mung sadina rong dinanipun malih | nuli ana wartanipun | yèn ana wong lêlampah | dharat dhewe tuwa akèh laranipun | ngaku pêdhotan Juragan | Karsinah Kyai Dulbasir ||

18. Wong Agung tansah lêlampah | mêndhêm kula wus antuk kalih sasi | tan kantun Sang Rajèng Mukub | samarga tan kapirsan | lamun iku isine dunya gêgêdhug | sinung kamulyan dening Hyang | kinacèk sagung para ji ||

19. wus ginanjar kasudibyan | kaprawiran kasudiraning bumi | ing pratingkah salin lagu | datan ana bêbasan | cara sikêp sira sang prabu ing Mukub | wong Menak cara bêkêlnya | milane datan kêtawis ||

20. wus lami manjing nêgari |[21] anggung nurut Nusirwan lacaknèki | mangkana wau angrungu | yèn ana wong nênêka | ngèngèr nyai adol roti ingkang mupu | ingungsêd mring wismanira | nini tuwa [tu...]

--- 4: 253 ---

[...wa] adol roti ||

21. wong roro mindha wong dagang | dagang menyak campur ulêse lain | nora amor jinisipun | nanging kèh jro nêgara | madha warna wancine nêgara agung | tan ana kang anggraita | anduduk samargi-margi ||

53. Dudukwuluh

1. ya ta kunêng kang prapta praja anamur | Wong Agung Surayèng Bumi | kalawan Sang Rajèng Mukub | kang mindha dhêdhukun nênggih | mêntas saking Măndaliyo ||

2. nama Ki Sèh Binti sang raja ing Mukub | ngalih nama Sayid Sami | nênggih Sang Pramudèngsatru | dene kang wasta Sèh Binti | Mukub nagrine sang katong ||

3. katarima dènira laku dhêdhukun | sok anêmbur rare alit | wingit dènira anamur | ngupaya ênggènirèki | ing Mêdayin sang akatong ||

4. kunêng ingkang prayoga laku dhêdhukun | wuwusên sri narapati | ing Cina ingkang amêngku | Hong Tete ratu linuwih | sinêmbah samaning katong ||

5. lagya èrêm prajanira sang aprabu | duk amiyarsa pawarti | kêlamun putrinirèku | tiwas anèng Kaelani | ananging maksih pawartos ||

6. ingkang sami dhèrèkakên putranipun | punggawa lan kyana patih | siji dèrèng wontên mantuk | nanging dêrêsing pawarti | mati aprang padha wadon ||

7. putri Kelan Kelaswara mungsuhipun | marma gung putêk prihatin | ing Cina awayang-wuyung | mung nyantêr brahala gêni | kinon [kino...]

--- 4: 254 ---

[...n] ênggoning Twapèkkong ||

8. kilèn dalêm pêrnahe panggenanipun | kang pinangeran sang aji | patang puluh ulukipun | papan ajêmbar pêsagi | pinêsagi ingkang banon ||

9. ingkang êlèr kang wetan kulon myang kidul | sapuluh pêmanah sami | majupat sinungan panggung | lawang mangu têlu sami | binuntu amung kang kulon ||

10. lawang iku ênggone manjingkên kayu | yèn gênine sampun dadi | bantune kayu sing panggung | kinèrèk binêsat sami | tan kêndhat kayu kang anjog ||

11. gêntha papat pra dipati kang atunggu | nyèwu bala kang jagani | jaga manjingakên kayu | lan mênyan sadina nênggih | lan sawêngi pitung kêbo ||

12. wuwuh ladèn saking adat-adatipun | ladèn saking pra dipati | dadya bêlănja sang prabu | ngundhangan wong sanêgari | yèn atêr kayu marono ||

13. pan wong siji sadina atêr sapikul | yèn jangkêp sawulan nuli | atămpa bayaranipun | pat bêlas kêton wong siji | kumrubut sarupaning wong ||

14. lawan sami nêdya nyumbang ratunipun | nêmêne pamujanèki | saking wit prihatinipun | kesahe sang rajaputri | iku kang gawe wirangrong ||

15. pan salêksa sadina reyal kang mêtu | muwuhi urubing gêni | saingga yèn sampun tamtu | wartane sang rajaputri | sayêkti mari mêngkono ||

16. kawuwusa wau Sang Raja Mêdayun | ngèngèr răndha adol roti | slamine kanggonan [kanggo...]

--- 4: 255 ---

[...nan] iku | iya Kiyai Dulbasir | ni răndha dunyane wuwoh ||

17. marakakên bêgja dènira amupu | Nyai Jungkoh mangke sugih | kêlar nguluri nak putu | kadange prasamya sugih | rinêngkuh mring Nyai Jungkoh ||

18. kalênthènge kidul wetan pêrnahipun | ênggone Tuwan Dulbasir | pan mung siwi amotipun | rina wêngi dèn kutugi | dènnya linggih amêrgogok ||

19. lamun dalu kinutugan pan kumêlun | damar lilin kanan kering | gambar munggèng luhuripun | Twapèkkong rinênggèng sungging | gambare Dulbasir ngisor ||

20. wuri sarwi nyêkêli ing sukunipun | Twapèkkong kang dèn bondhèti | pinindha gujêg jêjaluk | anjaluk wuwuhe sugih | akêthèna Nyai Jungkoh ||

21. sabên-sabên Dulbasir ing wanci surup | sinumpingan wong atali | akalung buntal tinêkuk | ingubêngkên lambungnèki | mêrgogok lir lara bonyo ||

22. duk puniku Dulbasir sakite murus | dêlinding wus pitung bêngi | jinaganan kang atunggu | wong loro siji buwangi | tenjane lan pèpèr cewok ||

23. kang siji ngurubakên gêni murub |[22] Nusirwan turu anggêmbil | anggung atunggu Ki Puklung | wau ta ingkang winani[23] | Wong Agung Jayèngpalugon ||

24. ingkang nitik ing warta mangke wus tutug | ênggone kang mara mangkin | kang tinakèn sauripun | ing wetan ngriku wismèki | răndhasmara Nyai Jungkoh ||

--- 4: 256 ---

54. Asmaradana

1. mupu tiyang kawlasasih | nênêka saking kadohan | kinukup ing Nyai Jungkoh | juragan anguladara | sêmune dèrèng ilang | labête wibawa luhung | têkanipun sangêt risak ||

2. mung kari mata sathithik | ana labête kawiryan | saking awase Nyi Jungkoh | gyakinukup rinawatan | mêngko gêgawa bêgja | dunyane awuwuh-wuwuh | pênggawane kaki tuwa ||

3. ginêdhong wismane mangkin | Ni Jungkoh sampun kuwawa | nak putu rinayat kabèh | wontên tiyang pitung dasa | kang somahan kewala | agêng alit cacahipun | wontên tiyang karo bêlah ||

4. wus sasat mantri sawiji | rosane sugihe reyal | kang winêngku sêdayane | dene ta pêngakunira | ki tuwa pêpêdhotan | juragan sugih kêlangkung | Dulbasir nagri Karsinah ||

5. Dèwi Sirtupilaèli | iya kang duwe padagang | Ki Dulbasir pangakune | rusak lakune binegal | pikulan têlung lêksa | wontên nêgari ing Mukub | milane kasurang-surang ||

6. mantuk mring Karsinah ajrih | mring gustine jêng ratu mas | măngsa wandea binêlok | niwasakên kang kagungan | mila lajêng angilang | miyarsa wau Wong Agung | tumungkul arawat waspa ||

7. lumampah tiyang kêkalih | Sèh Binti ginawe ngarsa | Sayid Sami nèng wurine | praptane ing lawangira | lajêng manjing ing wisma | anuju Ki Babah Puklung [Pu...]

--- 4: 257 ---

[...klung] | alênggah anèng pêndhapa ||

8. kagèt praptane wong kalih | sinapa têtamunira | ing wuri ana wadine | prabawa munggèng wêdana | rinusak datan kêna | cahyane maksih kumutug | lir kartika karainan ||

9. Babah Puklung mudhun aglis | ngacarani tamunira | wong kêkalih sampun lunggoh | Puklung mêndhêk atêtanya | pun patik nilakrama | jêng tuwan kêkalihipun | dhapur satriya punapa ||

10. pundi pinăngka ing wingking | ing ngarsa pundi sinêdya | Sang Rajèng Mukub saure | manira wong angumbara | iya lan ariningwang | Sèh Binti kêkasih ingsun | Sayid Sami ariningwang ||

11. kêcil memang tanpa nêgri | ngumbara kalunta-lunta | mangke ngong sumêdya ngèngèr | marang kang duwe wisma |[24] nêdya lami nèng Cina | gumêtêr Ki Babah Puklung | dêrajate tamunira ||

12. owah dènira alinggih | mudhun alênggah nèng ngandhap | lêmari pawon jumêprèt | brahala tunggu dandanan | lêlima sami rêbah | rêcaTwapèkkong kang rubuh | prasamya rêmuk sêdaya ||

13. wus nyana yèn Sayid Sami | matak jabur donganira | sarwi ningali kalênthèng | ngidul ngetan katingalan | kang rama Sri Nusirwan | andrês mijil ponang êluh | wêlas ningali kang rama ||

14. jumêthèt nginggilirèki | gambare kalênthèng rujat | sêdaya sirna sungginge | bawur dêlancag kewala | sungging rêrênggan sirna | graitèng tyas Babah Puklung | langkung

--- 4: 258 ---

jrih mring tamunira ||

15. mantuk marang wisma aglis | Puklung tutur bêbisikan | mring kakange Nyai Jungkoh | dene têtamu punika | andhatêngkên prahara | lêmari ing pawon rubuh | gambare kalênthèng rujat ||

16. kadi bawane ngungkuli | isine jagad sêdaya | gustine para Hong Tete | nanging sêdyane punika | ngèngèr dhatêng paduka | Nyai Jungkoh wau emut | pitutur nujum ing Cina ||

17. nagri Cina angungkuli | sêsamane para raja | sugih miwah prakosane | praptane apês ing benjang | iya gampang kewala | yèn ana satriya ngunthul | praptane tan mawi bala ||

18. iku ngapêsakên benjing | pangwasane Raja Cina | Hong Tete aris nungkule | adhi lamun mangkonoa | pikir iki kewuhan | yèn tundhungên dhayoh iku | bok nyata ingkang wirayat ||

19. angur binêcikan nuli | lawan pinriha ing ala | yèn iku kajate ngèngèr | lah iya kajurungana | gusti ya kêbatinan | dimèn eca kaki tamu | matêng pikire mangkana ||

20. Puklung mêdal angaturi | anggèr jêng paduka siram | saosan toya ing êlèr | wong kêkalih sarêng siram | Puklung atata-tata | ngrakit pasareanipun | gêdhong kilèn linangsenan ||

21. tundha tri mandhala giri | wusnya siram ingaturan | lajênga mring gêdhong kilèn | duk lênggah dhaharan prapta | tingting [ting...]

--- 4: 259 ---

[...ting] tangkuwèh aglar | arsa sarean Wong Agung | sarwi nglirik gon kang rama ||

22. Nyai Jungkoh lan kang rayi | Puklung prasari[25] mariksa | mring pawon maring kalênthèng | kang sami risak tulisnya | miwah brahala rêca | rêbah rêmuk angêlumpruk | duk praptane tamunira ||

23. ngungun sira aningali | bawur sirna sungging gambar | ni omah maras atine | lungguh lawan kaki tuwa | Dulbasir wuwusira | lah punapa karanipun | gambar racut sungging sirna ||

24. Nyai Jungkoh anauri | hèh ki bapa tanpa krana | rêmuke rêca ing pawon | lawan bawure kang gambar | praptane tamu bapa | punika prabawanipun | bok Hong Tete namur lampah ||

25. kumêpyur tyase Dulbasir | ana kêrasa ing nala | mèmpêr iki pratikêle | si pothèt Marmaya baya | nanging măngsa mrenea | tyasira akêpyur-kêpyur | graitanira sri nata ||

55. Sinom

1. nanging ta măngsa anaa | dêrajat mangkono iki | kang liya saking wong Arab | sudibya kunthara sêkti | mangunahe si mukmin | mangkono pangolahipun | sêngit marang brahala | kinêdhèpna bae mati | sun wêtara doh elok măngsa praptaa ||

2. nanging bok anak dèn bisa | angenaki tyase tami | kawula milu suwita | Nyai Jungkoh duk miyarsi | wuwuse Ki Dulbasir | kacondhongan ing tyasipun | suwita tamunira | ana wadine sêjati |

--- 4: 260 ---

rêmpêg samya mèt manahe tamunira ||

3. Ni Jungkoh lan arinira | katiga tuwa Dulbasir | umarêk ing tamunira | nanging ki tuwa Dulbasir | sêlaminipun sakit | sugih lara netranipun | prapta gon dhayohira | katiga dhodhok nèng siti | Sayid Sami dyan tumêdhak sing gènira ||

4. sarya ngling bibi linggiha | ing kene padha lan mami | Ni Jungkoh matur anêmbah | ila-ila patik gusti | Wong Agung angêjènpi[26] | marang sira Raja Mukub | narik Prabu Nusirwan | binêkta minggah mring nginggil | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

5. bibi ywa dadi tyasira | pan wong tuwanira iki | mirib lan wong tuwaningwang | milu ngaku bapa mami | Wong Agung angabêkti | mangraup angaras suku | Dulbasir kipa-kipa | lali tan èngêt samênir | mring kang putra Wong Agung Surayèng Jagad ||

6. inane dene lamurnya | ing swara iya tan eling | wus dilalah karsaning Hyang | tinutupan sinung lali | dadya lêga kang ati | Nyai Jungkoh duk andulu | Dukbasir[27] kinasihan | marang têtamunirèki | pan ingaku bapa marma suka ing tyas ||

7. Sèh Binti alon lingira | bibi aja angajèni | pan ingsun sêdya mêrjaka | angèngèr marang sirèki | sagawenira bibi | tuduhêna ingsun nambut | ywa taha anak-anak | ingsun sêdya mati ragi | anglabuhi bibi ing sakaryanira ||

8. Nyai Jungkoh aturira | ingkang punika pan inggih |

--- 4: 261 ---

saking sawab jêng paduka | inggih pun bibi sêmangkin | pan kuwawi amanci | sadhahar-dhaharanipun | sampun susahing driya | tuwin pun bapa Dulbasir | pan kuwawi langkunga saking têtiga ||

9. nêngna ingkang sami eca | ya ta Jungkoh nalikenjing | ana wong gunung kang prapta | anggotong rante sarinjing | kabotan wong kêkalih | moyog-moyog dènnya mikul | rante iku kêncana | wus awor kêlawan siti | apan didol ingajèn rante kuningan ||

10. tinumbas sêlawe reyal | wong gunung suka nampèni | kang adol wus mulih suka | kang kari kinumbah nuli | rante sampun barêsih | sirna labêt kuthah lumpur | mulya rante kêncana | satus dhêpa winêtawis | ingaturkên Hong Tete ingkang atumbas ||

11. pinaringan kalih lêksa | Nyi Jungkoh ciptane pêsthi | lamun dhêdhayoh kang anyar | muwuhi gawa rêjêki | Sèh Binti Sayid Sami | kang padha angaku biyung | sugihe dhingin nyata | saking Ki Tuwa Dulbasir | saya mantêp marang dhayohira tiga ||

12. enjing malih wontên prapta | wong ngèbèr saking ing wukir | ngaturkên cèh gêng sêdandang | tinumbas satus atampi | kang adol bungah mulih | tan wruh isi sêsotya gung | nyana sawiyah-wiyah | kang adol sapungkurnèki | cèh binuka isi intên lan sêsotya ||

13. jinual ing ratunira | pinaringan sangang kêthi | Nyai Jungkoh praptanira | ngundhangi nak putunèki | akarya wisma

--- 4: 262 ---

malih | kadya wismaning tumênggung | akèh wong kang mêlarat | ngawula dipun ikuti | dadak wontên tigang atus rayatira ||

14. wau ta ing sakitira | murus Ki Tuwa Dulbasir | akuthah ginulawênthah | iya dene Sayid Sami | ginendhong maring kali | ing pêndhak pukul sapuluh | dinus pinulasara | ing pukul sawêlas mulih | pan ginendhong prapta kalênthèng wus lênggah ||

15. Dulbasir nuli amangan | kuwarêgên gule kambing | kapesing taine kadya | pupuan sate kumriwik | pan ana kang jagani | kinèn doh kang garap wau | sumêdya dhinewekan | Sayid Sami gawe bêcik | kêsrakate sira prabu maratuwa ||

16. langkung wau kêpotangan | sira Ki Tuwa Dulbasir | angêrintih dènnya ngucap | apa sun walêsna benjing | anggèr maring sirèki | pun bapa wong kawlasayun | sudi akuthah tenja | anak ingsun Sayid Sami | Rajèng Mukub miyarsa gumujêng suka ||

17. bapa inggih sok elinga | binêcikan malês bêcik | tatane wong ngalam dunya | kula miyarsa pawarti | sing gumrahing wong grami | yèn ratune wong Mêdayun | ingkang aran Nusirwan | binêcikan angalani | mring mantune Wong Agung Surayèng Jagad ||

18. sabên papa linabuhan | yèn wus waras angalani | puniku punapa beda | ratu kêlawan wong cilik | ratune wong Mêdayin | anggung angalani mantu | punapa jajal lanat | deda[28] ratu kang sayêkti | binêcikan [binêci...]

--- 4: 263 ---

[...kan] Nusirwan sok malês ala ||

19. bapa kula dongakêna | wong tuwa sayêkti mandi | muga-muga uningaa | mring ratune wong Mêdayin | sun sênadyan wong cilik | kaya punagi kêkaul | apa rupa manungsa | dene kêlakuan eblis | kêparênga wêruha Prabu Nusirwan ||

20. nadyan wong ngumbara ingwang | wani anacah ing abir | êndhase Raja Nusirwan | pan sarwi anyêkêl abir | mêngkene bapa benjing | yèn ingsun bisa katêmu | abir ingundha-undha | sarwi mêrang-mêrang siti | asru ngucap ingsun ora mêrang lêmah ||

21. amêrang dhase Nusirwan | ingsun pêrang kaya gobi | măngsa ta amalatana | nêrpatine wong Mêdayin | ratu angrusak adil | măngsa ta wurunga kokum | ing dunya ing akherat | tumungkul Kyai Dulbasir | barêbêl luh pi-api wêtênge kumat ||

22. alon wau saurira | sira Ki Tuwa Dulbasir | mangkene pangrunguningwang | seje kêlawan sirèki | sang prabu ing Mêdayin | langkung sih ing putra mantu | dhasar ingangkat putra | sadurunge dèn trimani | nanging wadya Mêdayin kari sêdaya ||

23. lawan patihe sang nata | ingkang bangêt nora sudi | dene dudu trahing raja | kang pinèt mantu sang aji | saking sihing nêrpati | milane tan nganggo rêmbug | ing nayaka punggawa | miwah kang para nêrpati | kabèh nyawa mangkono pangrunguningwang ||

24. sang nata sihe kalintang | kang putra jalu katrining | awrat maring mantu uga | ing

--- 4: 264 ---

lair têrusing batin | mila ingangkat siwi | kinarya putra pêmbayun | nanging kang para nata | balane Rajèng Mêdayin | pra dipati para ratu kang santosa ||

25. kabèh ngaturi ngupaya | tandhinge mantunirèki | para ratu ngêbyuk samya | ratune pêsthi nuruti | ratu yèn tan nuruti | ala maring balanipun | padha ratu santosa | yêkti padha dituruti | apan wajib ratu asiha mring bala ||

26. Sèh Binti aris wuwusnya | kang jamak ratu nitèni | sanadyan aturing bala | pindho ping têlu niwasi | ping pat ping lima maksih | kaping wolu ping sapuluh | ping sawidak pan ora | sapisan anêmu bêcik | nêmu papa mêmirang kasurang-surang ||

27. kalunta kabuya-buya | êndi-êndi kang dèn ungsi | kalah dhèwèke kasrakat | têka ora nganggo mari | ratu apa bêbayi | tan nganggo animbang atur | têka anut kewala | tan duwe budi pribadi | ratu apa jalêbud ajajal lanat ||

28. bênêr dhingin kang abegal | ing Mukub sri narapati | wêruha lamun Nusirwan | baya banjur dèn gêbiri | konthole dèn salini | linironan konthol asu | bapa kula miyarsa | wartine tyang Mukub sami | lamun ingkang binegal Prabu Nusirwan ||

29. praptane Sang Kakungingrat | amung kêlawan turanggi | anusul kang maratuwa | nora nganggo bala siji | parandene nêgari | ya ing Mukub bêdhahipun | mêrtuwane wus ilang | saking ing Mukub [Muku...]

--- 4: 265 ---

[...b] nêgari | pan Wong Agung nèng Mukub langkung sungkawa ||

30. mung wartine para raja | sami utusan anitik | ngupaya Prabu Nusirwan | prajuriting Kăndhabumi | kang turăngga sakêthi | salêksa dipangganipun | padha anasak wana | ngubrês jurang wukir-wukir | katêmua Nusirwan dipun sasêmpal ||

31. ngulèt mijêt kang padharan | puringisan Ki Dulbasir | dêrodosan waspanira | pi-api kabêlêt ngising | wêtêng sakit mulilit | batine ajrih andulu | ulate kadi macan | Rajèng Mukub dènira ngling | ratu kêras dhasar labêting prawira ||

32. Nusirwan pi-api mêdal | bobotan dènnya sêngadi | jatine ngiwa kewala | nèng pojok jamban anangis | dènnya miyarsa warti | kang putra panusulipun | Wong Agung Kakungingrat | tan mawi bala sawiji | saking trêsna Si Ambyah ika maringwang ||

33. balik para ratuningwang | miwah putra pra dipati | tan ana nêdya nusula | anglabuhi lara mêskin | amung Si Jayèngmurti | katon têmên trisna mring sun | abintit ingkang netra | lamure awuwuh malih | sigra wangsul tilas luh pamucungira ||

56. Pocung

1. sira Radèn Sayid Sami alon muwus | Sèh Binti mênawa | kawêdhar polah puniki | dene sangêt sêmune gurdakanira ||

2. alon matur sri naranata ing Mukub | pukulun kawula | anuwun dukaning gusti | mulat marang Nusirwan kêdah amamah ||

3. kêdah gilut balunge dèn kongsi [kong...]

--- 4: 266 ---

[...si] ajur | apan rama tuwan | budine manut wong cilik | ratu kuwur pan manut atining setan ||

4. ya ta wau Nusirwan prapta duk lungguh | praptane ni omah | Nyai Jungkoh tutur warti | yèn undhange Hong Tete ratu ing Cina ||

5. wong praja gung prasami kinèn anjurung | ing pamujanira | panjurunge mring sang aji | Adaninggar muga kandhêga ing warta ||

6. milanipun amuja ing gêni murub | mèh sundhul ngawiyat | tikêl pat lawan ing nguni | sadèrènge sang nata prihatin dahat ||

7. pênêndipun[29] wajib milua anjurung | wus rêmbag sêdaya | jurung kayu ing sang aji | parandene nora wurung tămpa bayar ||

8. nêgrinipun kang êlèr kang pinggir laut | ing nguni linarang | wanane sinêngkêr lami | mung kang ngilèn ngidul ngetan tigang wulan ||

9. wismanipun adu cocor pan asungsun | dadya wong kêrandhan | Ni Jungkoh nak putunèki | wus kinêrig belani susahing raja ||

10. Raja Mukub Sèh Binti pangiridipun | Dulbasir tut wuntat | miwah Radèn Sayid Sami | anindhihi wong kêrandhan karo bêlah ||

11. sabên esuk alêksan kang ngambil kayu | wong sapraja sêdya | jurung susahe sang aji | panthan-panthan nèng wana nora woworan ||

12. wong kêrandhan nèng papan katundhung-tundhung | wonge pra dipatya | mênang papan ing wanadri | gone kayu gêdhe gampang kinakahan ||

13. tan patyantuk wong kêrandhan lèrèn ngumpul | samya ngatas paran [para...]

--- 4: 267 ---

[...n] | karsanira Ki Sèh Binti | dene gone wong apês kaponthal-ponthal ||

14. pan katundhung bature para tumênggung | baturing satriya | kang kêdah kudu dhèwèki | Rajèng Mukub sêsmita mring gustinira ||

15. ya ta wau Sayid Sami alon muwus | batur aja susah | payo alas kulon iki | kang ngêrgêmêng rinampasan wong kêrandhan ||

16. pêthèl wadung karo bêlah padha ngumpul | abir lan bêdhama | angling alon Sayid Sami | sanak-sanak padha mênênga kewala ||

17. yèn wis rubuh kayu kang agêdhe iku | pange rampasana | pan kayu tos bêcik-bêcik | pan kêsambi walikukun lawan sana ||

18. dyan Wong Agung amingkis lancinganipun | amingkis rasukan | marani gone kêsambi | kang sagajah dhinupak pokah wus rêbah ||

19. walikukun sakêbo jinêjêk rubuh | miwah saturăngga | cinandhak dipun bêdholi | samya suka wong kêrandhan tan kangelan ||

20. sêdaya mung angrampasi êpangipun | tinata pikulan | kayune tos bêcik-bêcik | Ki Dulbasir gawok angungun tumingal ||

21. sami numpuk wong kêrandhan suka guguk | tan ana kangelan | mung kari ngrampas nalèni | wus tinata samêkta anèng pikulan ||

22. samya dulu bature para tumênggung | anggêmbul sêdaya | jêjiyad sami ngakahi | kayu kang wus rêbah rinêngkuh ingalap ||

23. arinipun Nyai Jungkoh Singkèk Puklung | langkung gusarira [gusar...]

--- 4: 268 ---

[...ira] | briga-brigi cêrak-cêrik | êdir têmên dumèh batur pra dipatya ||

24. Babah Puklung sabature ngagar wadung | nanging tan rinawat | ingêbyuk dipun kakahi | Babah Puklung ariwut pangamukira ||

25. sangêt nêpsu lincal-lincak[30] mêncak wadung | rinêbut ing kathah | Babah Puklung dèn gêbugi | tulung-tulung asambat abiyang-biyang ||

26. Rajèng Mukub sigra dènira têtulung | nêngah mangsah nyandhak | gulu bau kanan kering | pira-pira mungsuhe ingadu kumba ||

27. Babah Puklung bêksa mêncak ngikal wadung | saya gung kang prapta | wong kêrandhan wus dèn robi | melik kayu atos kang rêbah bêlasah ||

28. krura riwut tangkêpe Sang Raja Mukub | kèh prapta cinandhak | binuwangan tiba têbih | kêsayahan Dulbasir adhêrodhogan ||

29. dyan Wong Agung duk umiyat Babah Puklung | rinobaning kathah | Babah Puklung dèn gêbugi | karoncalan Babah Puklung wus binănda ||

30. Rajèng Mukub rinoban tan kobêr tulung | Wong Agung anyandhak | kayu sambi gêng saèsthi | pan ingundha nèng asta kadya likasan ||

31. kang adulu eram lumayu malêdug | ajrih bok tiniban | măngsa wurunga wor siti | Babah Puklung ucul amêgati ngarsa ||

32. apan antuk mêgati wong têlung puluh | anutut dèn arad | mèlu mikul kayunèki | wong kêrandhan karo bêlah tigang dasa ||

33. suka ngungun wong kêrandhan sugih kayu | rumiyin ulihnya | singa mulat kêkês [kê...]

--- 4: 269 ---

[...kês] wingwrin | aja wani wong krandhan ngingu panglima ||

34. ya ta laju marang pamujan prapta wus | tutur wong kêrandhan | cacahe wus dèn tulisi | juru tulis suka dènira tumingal ||

35. padha kayu wong kêrandhan punjul-punjul | wau eram mulat | Wong Agung Surayèng Bumi | pamujane kadya wukir kawêlagar ||

36. kadi sundhul ngakasa kang gêni murub | Sayid Sami sigra | ngubêngi arsa udani | sawêngkone gêni kang pindha nêraka ||

37. ya ta wau Sayid Sami matak Jabur | kang donga wasiyat | pusaka ing nguni-uni | para nabi sapungkure tilar donga ||

57. Pangkur

1. kang wetan sirêp urubnya | sigra dulu Wong Agung Jayèngmurti | sarta matak ayat Jabur | kidul sirêp urubnya | amung kari kukus kumutug kumêlun | kang têngga punggawèng Cina | marêpêki Sayid Sami ||

2. wong ngêndi sapa ranira | têka bisa iya matèni gêni | Sayid Sami wuwusipun | pan ingsun wong ing donya | kang matèni gêni ya Pangeran ingsun | pagene ta sira sêmbah | tan bisa urip pribadi ||

3. dene gêdhe nêgri Cina | padha cubluk tan ana duwe budi | anêmbah ing gêni murub | bêcik sato idhêpnya | umatura marang ing ratunirèku | si cubluk datanpa ngrasa | pijêr anêmbah ing gêni ||

4. Sayid Sami ngilèn nulya | bupati kang atunggu gêni nginthil | Wong Agung amatak Jabur | gêni kang kilèn pêjah | amung kari kukuse bae [ba...]

--- 4: 270 ---

[...e] kumêlun | punggawa Cina angucap | sira iki ulik-ulik ||

5. bisa matèni dahana | iki baya sikir wong Bani Srail | Sayid Sami mèsêm muwus | dene ta sira sêmbah | ora bisa urip dhewe gêni iku | apa gawene sinêmbah | tan bisa urip pribadi ||

6. punggawa Cina sêkawan | sira iki ngajarakên bilai | anacad ing ratuningsun | apa sira wani prang | ratuningsun prakoswa prajurit punjul | pagene wani anacad | pêsthi sira ulik-ulik ||

7. Sayid Sami saurira | yèn ratumu tan nêdya mêmarèni | kudu nêmbah gêni murub | konên mêtu dèn inggal | marenea punggawa Cina umangsuk | iya sira antènana | ngong matur ing ratu mami ||

8. iya mara ge matura | mring ratumu si cubluk kurang budi | sapraptanirèng kêdhatun | ing ngabyantarèng nata | pan umatur punggawa sarwi wotsantun | pan wontên têtiyang prapta | sagêd amêjahi gêni ||

9. pinandêng dahana pêjah | ingkang ngiring amung janma kêkalih | ing wau ngatêrkên kayu | sarêng tiyang kêrandhan | ing wusana amêjahi gêni murub | kumêpyur tyase sang nata | dukane awor lan pikir ||

10. yèn ora sun panggihana | yêkti dadra upama sun panggihi | agawe kanisthaningsun | sang prabu sru ngandika | ulik-ulik apa iku gawa tênung | wong siji wani ajarwa | lah payo warahên aglis ||

11. si ulik-ulik [ulik-u...]

--- 4: 271 ---

[...lik] yèn nyata | besuk esuk iya têkaa maning | dèn patènana ta iku | gêni nèng ngarsaningwang | pukul wolu praptaa gon gêni murub | punggawa kalih tur sêmbah | prapta gone Sayid Sami ||

12. hèh ulik dhawuhing nata | besuk esuk balia dèn têmoni | gon gêni kang mubal murub | besuk dèn patènana | iya padha anèng ngarsane sang prabu | Sayid Sami aris mojar | iya ingsun bali benjing ||

13. wus mundur dhatêng kêrandhan | Singkèk Puklung Sèh Binti lan Dulbasir | ingkang ngiring duk arawuh | kêrandhan sinaosan | Ki Dulbasir ngajak ngiwa Rajèng Mukub | anak satêmêne sapa | wijile wong têka êndi ||

14. Sayid Sami kadangira | dene sêkti dibya kunthara luwih | kayaparan besuk esuk | anantang Ratu Cina | yèn kasora Rajèng Cina ingsun nunut | iya ana mantuningwang | Si Kêlana Jayèngmurti ||

15. yèn matia ingsun ganjar | rabi putri marentah kang para ji | duk miyarsa Rajèng Mukub | sirèku ngucap apa | sira dudu Dulbasir Karsinah tuhu | dudu pêdhotan nakoda | angakua kang sayêkti ||

16. aran padha wong ngumbara | nêdya apa iya dudu wong bumi | Dulbasir têka barênjul | anak têmêne ingwang | aja tambuh pan ingsun Rajèng Mêdayun | arsa warah Rajèng Cina | yèn putrane dipatèni ||

17. Rajèng Mukub panasbaran | wiwit angot si edan ratu iki | payo rêmbugan [rêmbu...]

--- 4: 272 ---

[...gan] mrih tutug | ing kono kang akiwa | wetan pawon sangisoring witing jambu | sapraptanira cinandhak | wangkingane sri bupati ||

18. sinêndhal sampun dèn ikal | bêlis lanat aja tambuh ing mami | ya ingsun Sang Rajèng Mukub | kang begal marang sira | lakuningsun anusul marang sirèku | parentahe gustiningwang | Sri Bupati Kăndhabumi ||

19. aja kongsi urip sira | ingsun kinèn matèni ing sirèki | payo budia dèn tutug | angadu kaprawiran | ingsun anti sira Sang Raja Mêdayun | mêtokêna kasudiran | kasudibyan sura sêkti ||

20. ingikal kadya likasan | apan agung mangrêpa angêrintih | adhuh anak Prabu Mukub | pun bapa langkung tobat | uripana sêkathahing dosaningsun | sun angèngèr marang sira | sakarsanta ngong tut wuri ||

21. sinèlèhakên binănda | paningsête sang prabu ing Mêdayin | ingugêr lawan wit jambu | Rajèng Mukub umarak | ing ngarsane Sayid Sami lon turipun | Dulbasir edane kumat | sampun kawula talèni ||

22. nèng wetan pawon punika | Sayid Sami kumêpyur duk miyarsi | matur malih Rajèng Mukub | purwa madya wêsana | langkung wêlas alon ngandika Wong Agung | bênêr yèn iku warasa | yêkti ngregoni prakawis ||

23. sun arsa abăndayuda | lan Hong Tete ing dina benjing enjing | iku babo durung usum | ngrusak wingiting

--- 4: 273 ---

lampah | kayaparan karsanira Rajèng Mukub | apa ta babare pisan | Rajèng Mukub matur aris ||

24. pênêd maksiha ampingan | dèrèng tamtu sor ungguling ajurit | asuka mèsêm Wong Agung | iya bênêr karsanta | panêmbahan tobatêna aja ngaku | payo padha pinaranan | dèn agambuh ing wêwadi ||

58. Gambuh

1. prapta sor witing jambu | Sri Nusirwan angulèt mêrkungkung | Rajèng Mukub dènira ngucap awêngis | hèh sira Rajèng Mêdayun | apa urip apa layon ||

2. dene liwat alamu | arêp tan sun patèni sirèku | alanira dene ta kêpati-pati | padha lan alaning jagul | têka dadak cipta awon ||

3. lan tan emut yèn dhawuk | lah apa ta alane mantumu | gawe bêcik sok arêp malês ngalani | nguni ana kaul ingsun | sun cacah dèn kadi waloh ||

4. sapa kuwasa iku | kang malangi matèni sirèku | lamun ora angungkuli lurah mami | Arya Maktal Marmayèku | kang ngungkuli lurah ingong ||

5. Dulbasir angrêruntuh | aja mêngkono nak Prabu Mukub | piduwunge Wong Agung Surayèng Bumi | yèn matia raganingsun | sira tan wande binêndon ||

6. angling Sang Rajèng Mukub | wêruh saking êndi ya Wong Agung | parentahe sang prabu ing Kăndhabumi | darma nglakoni wak ingsun | kon matèni sanggon-ênggon ||

7. yèn sira arsa ucul |

--- 4: 274 ---

lawan arsa uripa sirèku | anjaluka parentahing Ngalabani | utawi Umarmayèku | kang ngungkuli gustiningong ||

8. sru narik pêdhangipun | mêrgagah cancut Sang Rajèng Mukub | hèh patimu iki Sang Rajèng Mêdayin | Nusirwan angadhuh-adhuh | Rajèng Mukub ingsun kapok ||

9. ngong karyanên lêskarmu | nanging ta sok uripana ingsun | yèn kongsia katêmu lan wayah mami | Si Rustam sutèng Marpinjun | besuk akèh opah ingong ||

10. gumuyu Rajèng Mukub | ratu panasbarane kêlangkung | gêlis lêjar wêlasan kêpati-pati | ulate andik lir tuhu | nanging batine sang katong ||

11. pan wêlase kêlangkung | angling lah ta Sang Rajèng Mêdayun | ngong tan bisa yèn sira anjaluk urip | pan atimu dhewe iku | kang gawe lampah padudon ||

12. apa alane mantumu |[31] pan wong liya padha mrih rahayu | amung sira iku mrih pati sayêkti | marma dukane Hyang Agung | mring sira tan pilih ênggon ||

13. nora ana pra ratu | kaya sira wus rinatu-ratu | iya saking wêwilangan wong sabumi | cilakamu kaya jagul | liwat saking nama bojod ||

14. lamun ratu satuhu | kalêthêk ala tobat ping sèwu | sira iku manut panuntuning eblis | tan duwe eling sêrambut | Nusirwan abêkah-bêboh[32] ||

15. kêkêprukên wak ingsun | wêwasuhên dèn kaya wastrèku | ingsun ora [o...]

--- 4: 275 ---

[...ra] bisa obah ing sêmangkin | pêsthi kêlakon sirèku | angêpruka lawan dhêplok ||

16. pindho mung badan satu | gumuyu ngucap Sang Rajèng Mukub | nadyan sira warasa măngsa ngong wêdi | dèn têkan balamu ratu | măngsa ingsun ngarah mlothot ||

17. emane ta sirèku | lamun aja andulua ingsun | kadang ingsun iki Radèn Sayid Sami | măngsa mênangi ya esuk | Nusirwan kêrasèng batos ||

18. apa karane iku | Sayid Sami malangi maringsun | nadyan ala mêrtuwane dèn iloni | Sayid Sami aris muwus | sun jaluk iku sang katong ||

19. iya lilanirèku | lawan apuranira dèn agung | Rajèng Mukub gumujêng aturira ris | lamun paduka kang nanggung | kula luwari sang katong ||

20. sigra nguculan sampun | anguswa suku Sang Jayèngpupuh | Rajèng Mukub anggêtak lah sapa iki | Nusirwan wus sinung emut | ngrangkul sarwi gêro-gêro ||

21. dhuh kulup tobat ingsun | pira ta gunge kêraton ingsun | anêmahi sêmene ta awak mami | sakèhing nastapaningsun | kaduwe sira nak ingong ||

22. matur Sang Rajèng Mukub | sampun amuwus ta sang aprabu | jêjodhèri ing lampah maksih piningit | dèn dhêmit wadining laku | cêp mênêng wau sang katong ||

23. nging mêksih sênggruk-sêngruk | saking trêsna sagunging piduwung | binêtahkên cinupêt lawan pakarti | mantuk [ma...]

--- 4: 276 ---

[...ntuk] mring kalênthèng sampun | Wong Agung katri wus lunggoh ||

24. kunêng malih winuwus | Hong Tete Cina nimbali nujum | prapta satus kang tate mungkasi kardi | anambung rêruwêdipun | nyampurnakkên karsèng katong ||

25. asru ngandika sang prabu |[33] sarupane para nujum ingsun | kayaparan praptane kang ulik-ulik | kang matèni gêni murub | aturing nujum tumamboh ||

26. sira padha dèn emut | payo padha nêmoni lan ingsun | pan si ulik-ulik sanggup prapta enjing | ngadu kasêktèn lan ingsun | padha ngadhêpa maring ngong ||

27. datan kawarnèng dalu | Hong Tete Cina apan sêdalu | tan asare anungku muja sêmèdi | sênag-sênig ing tyasipun | byar rina mijil sang katong ||

28. ngrasuk busana sampun | sagung pusaka Cina rinasuk | gung aluhur Rajèng Cina angajrihi | tigang asta jenggotipun | netra kadya netraning mong ||

29. sêrawungan gumêbyur | sotya kang munggèng jêjenggotipun | pira-pira hèr laut lawan hèr bumi | inganggit mirah jumêrut | sêsotya kang munggèng jenggot ||

30. praptèng gon gêni murub | busana kabèh sampun rinasuk | ya ta wau Radèn Sayid Sami |[34] kêlawan Sang Rajèng Mukub | kang namur mindha wong awon ||

31. wong loro kang tut pungkur | prapta gon gêni kang mubal murub | pra dipati kang tunggu matur sang aji | punika pun ulik rawuh | tumêdhak durmaning

--- 4: 277 ---

katong ||

59. Durma

1. timbalana si ulik mring ngarsaningwang | Wong Agung sigra prapti | angling Rajèng Cina | nyata sira angucap | cubluk kumprung tanpa budi | ratu ing Cina | têka anêmbah gêni ||

2. anauri Wong Agung Surayèng Jagad | ratu tan duwe budi | kumprung sanêgara | gêni sira pangeran | Rajèng Cina ngucap bêngis | lah patènana | gêni nèng ngarsa mami ||

3. nujum satus kinêjepan ing sang nata | samya mêrpêki gêni | ngobar kutugira | mênyan madu saarga | murub lir ngayuh wiyati | ngandika sugal | Hong Tete mara nuli ||

4. patènana Wong Agung alon ngandika | marêpêki gon gêni | gumlêgêr swaranya | urube kang dahana | nujum satus ting jalêrit | sarwi abêksa | amukul kênthong bèri ||

5. Twapèkkonge ingkang amindha gupala | satus dèn busanani | kinalungan buntal | binorèh kinutugan | Wong Agung Surayèng Bumi | sigra amatak | ayat Jabur ping kalih ||

6. rumêkatak sirêp urubing dahana | mung kukuse kang maksih | matak malih nulya | ayat Jabur sapisan | Twapèkkong satus prasami | rêbah bêlasah | rêmuk awor lan siti ||

7. ting palinguk nujum satus tanpa ngucap | merang sri narapati | Wong Agung ngandika | lah mara sun anyambat | ya marang Pangeran mami | anyirnakêna | bathang Twapèkkong iki ||

8. lan awune kabèh iki kang dahana | kèndêl Sang Jayèngmurti |

--- 4: 278 ---

nênêdhèng Hyang Suksma | lesus prahara prapta | Jabur winatak ping kalih | malêduk sirna | dening lesus gumêrit ||

9. Rajèng Cina macucu lajêng cinandhak | maring Sang Jayèngmurti | wangkingan dèn ikal | mutêng[35] kadi likasan | Rajèng Mukub anyandhaki | nujum sêdaya | sami ingadu bijig ||

10. sakathahe srah tobat wau sang nata | nungkul mring Jayèngmurti | anut ing agama | nanging badan sêpata | wong cilik datan ngawruhi | wus tinarima | sinèlèhakên aris ||

11. ingaturan manjing jroning puranira | wus agama pribadi | praptanirèng pura | sinugata kasukan | sêksana Wong Agung pamit | mantuk kêrandhan | sri nata anuruti ||

12. kang tinuduh bupati sêkawan pisan | kang rumêksa ngêmiti | nyaosi sugata | lan bêkta pasarean | saking jro pura sang aji | praptèng kêrandhan | Nyai Jungkoh ningali ||

13. langkung ngungun pra dipati ngiring samya | marang tamunirèki | lawan Rajèng Cina | manut ing tamunira | ingkang nama Sayid Sami | mangkana dadya | pasamuan wismèki ||

14. patang èwu wong Cina ingkang ajaga | ing sadina sawêngi | kèringan ni răndha | sineba pra dipatya | sugata andina mijil | matêng lan mêntah | wong kêrandhan nampani ||

15. Ki Dulbasir anunggal lênggah sineba | mring sagung pra dipati | ana kang uninga | Dulbasir mlaratira | liwat papa kawlasasih | apane ika | si kaki lara mêskin [mês...]

--- 4: 279 ---

[...kin] ||

16. mring Wong Agung Sayid Sami dene ika | tunggal lênggah sumligring | wau polahira | kang ngewakakên raga | kunêng kawuwusa malih | wau kang prapta | nèng ampeyan nêgari ||

17. kyana patih ing Cina lan pra dipatya | praptane Parangakik | lajêng maring Kelan | marêk Rêtna Sudara | kya patih dèn parentahi | mulih mring Cina | lawan binêktan tulis ||

18. lawan gambar sasolahe Adaninggar | cinatur gambarnèki | karobêlah papan | sapapan ngalih dhêpa | duk prapta Yujana nêgri | ingkang ginambar | duk sami amanggihi ||

19. ginambaran miwah prang ditya Sindhula | putri ditya kêtail | miwah prang nèng taman | pabine ginambaran | gambar binêkta rumiyin | mring dutanira | Cina Rêkyana Patih ||

20. warni kalih gêng alit dhapuring gambar | kang alit gambarnèki | binêka[36] utusan | gambar agêng punika | kang sarêng rêkyana patih | ing kèndêlira | lêlakon patang bêngi ||

21. sapraptane utusane Patih Cina | gègèr sajroning puri | tangis awurahan | langkung sungkawèng nata | miwah kangjêng pramèswari | anggung kantaka | tangis gumrah jro puri ||

22. tigang dina wêtara tangis jro pura | sabên kang pra dipati | kori galedhegan | sami pinasang damar | nadyan lawang para mantri | lawang sudagar | tinunggu damar lilin ||

23. sanêgara mêngkono pratingkahira | labuh susahing gusti | yèn wêngi mangkana | ya sabên-sabên lawang | ingkang [ing...]

--- 4: 280 ---

[...kang] nangis siji-siji | lawang punggawa | papat nangis mênyanyi ||

24. miwah urmat gumêrah kang kêmbang-kêmbang | dene kang sami nangis | samya kinudhungan | luncup kadi kukusan | linuruban sinjang putih | sadina-dina | gumuruh sanêgari ||

25. jroning pura pramèswari gung kantaka | rinapu ing raka ji | uwis babo aja | sira rasakkên ing tyas | wus pêsthi sutanirèki | marakkên pêjah | luput wêdharing gêndhis ||

60. Dhandhanggula

1. nora nganggo ature si patih | kudu mungsuh Dèwi Kelaswara | putri abot sêsanggane | dhingin ingsun wus pemut | kala putri ing Kaelani | ambêdhah Sulăndara | pan arsa pinagut | saking lanase kalintang | duk sêmana sun bangêt nora nglilani | dene Si Kelaswara ||

2. nora ngambah ing jajahan mami | têka arêp piguting aprang |[37] mung buru panas atine | ing mêngko ta katêmu | anèng praja ing Kaelani | dadi atmajanira | ingkang tambung laku | nini putri kang sikara | Kelaswara arsa pinatèn ing wêngi | rame prang anèng taman ||

3. mung ciptane sutanta ni putri | mêntas mocot loro putri ditya | aja manusane manèh | nora wisa dèn ingsun | Kelaswara nguni mèh mati | nuli anyolong panah | kagungan Wong Agung | wasiyate ingkang raka | panah iku pangruwat ditya rasêksi | yutan anèng gunung Kap ||

4. putranira jatine tan kèksi | ya manusa mring Si Kelaswara | mung katon dênawa bae | iya [i...]

--- 4: 281 ---

[...ya] kalingan nêpsu | mila kongsi makan jêmparing | tan ana winêdenan | cinara lir diyu | pramèswari aja susah | mung nêpsune putranira ingkang mati | yitma mulih mring Cina ||

5. sira iku ngandhêg têlung sasi | ya patine kapat têngah căndra | bênêr tibane marene | nêpsune rupa diyu | kang dèn ruwat putri Kelani | pramèswari wus lêjar | mring raka mituhu | iki yayi tingalana | ing gambare si patih ingkang gambari | sasolahe nakira ||

6. prang nèng taman iki bae yayi | tingalana patine nakira | ingadhêp lawan mungsuhe | Kelaswara anjêtung | pênanjake putranirèki | gêgêtun jrih kalintang | marang lakinipun | Wong Agung Surayèng Jagad | ingkang nyundhang pênanjake nini putri | pan têntrêm sabarisan ||

7. lawan iki layange si patih | ana muni yèn Sang Kakungingrat | musna atinggal barisan |[38] susah kang para ratu | alah susahira ing ngriki | dene têtungguling prang | musnane ing dalu | kang ngimpuni pêmbarisan | mung garwane putri adi Parangakik | iku kang amèk kadang ||

8. langkung asih marang nini putri | iki gambare lah tingalana | duk arsa mungsuh kakunge | Dèwi Sudara ngamuk | pan ginêmpur ing tamansari | miwah putri Karsinah | padha soroh amuk | arsa ngukum Kelaswara | suwe-suwe pinêrdata ing para ji | putranira kang lêpat ||

9. Kelaswara tan nêdya matèni | putranta dhewe kang arsa [ar...]

--- 4: 282 ---

[...sa] cidra | wong bêcik arsa pinatèn | Kelaswara duk turu | nèng dalême rêp dèn patèni | putranira patinya | têtêp dadi pandung | tanpa gawe prihatina | lawan iki Kusuma Sudarawêrti | layange tingalana ||

10. akèh prasadune mêminta sih | ing lupute Nini Adaninggar | si patih lan punggawane | wus anêrimèng luput | kêna adiling para aji | kana-kene pan ora | ana bedanipun | ukum lara ukum pêjah | ing samêngko èrême wong Pusêr Bumi | kelangan senapatya ||

11. malah layange si patih muni | ya lungane Sri Surayèng Jagad | kinira lunga mêrene | gambar iki sun dulu | kaya dhayoh si ulik-ulik | kang dadi gustiningwang | kang kuwasa iku | matèni gêni pamujan | nèng kêrandhan ênggone si gusti ulik | pêsthi nyata yèn ika ||

12. nyalawadi mantuningsun iki | nora salah lan warnaning gambar | amêndhêm kula lakune | nitih rata sang prabu | lan garwane sang pramèswari | gumuruh jroning pura | angiring sang prabu | têdhak marang ing kêrandhan | munggèng rata rinêngga sotya mas adi | sapraptaning kêrandhan ||

13. Nyai Jungkoh ngungun kontrang-kantring | gupuh ngladèni tamuan raja | wus wêruh lamun tamune | Sayid Sami puniku | kang pinarak dening sang aji | gugup awor lan suka | miwah Babah Puklung | ubêkan wong ing kêrandhan | Sayid Sami têdhak sajawining kori | ngurmati ingkang [ing...]

--- 4: 283 ---

[...kang] prapta ||

14. datan wangwang ngabêkti Sang Amir | dene adil sang ratu ing Cina | pan Wong Agung panganggêpe | ya ta wau sang prabu | têdhak saking rata lan sori | pinêthukakên nulya | Wong Agung tumundhuk | pan arsa angèstupada | kipa-kipa Rajèng Cina nyandhak aglis | lan pramèswarinira ||

15. anangisi babo suta mami | dèn agung apuranta mring bapa | dene sangêt kilape |[39] mring gusti sutaningsun | dene namur datanpa kanthi | katujune sutèngwang | kirim layang pemut | palimarma mring sun bapa | anak ingsun Rajaputri Parangakik | asung sêrat pratăndha ||

16. pramèswari asru anangisi | dhuh sutèngwang Sang Surayèng Jagad | wêlasa mring wong tuwane | têkakna putraningsun | rajaputri ing Parangakik | lirune Adaninggar | mulyakna pukulun | nêgaranira ing Cina | gusti kêlêm sapêjahe rinirèki | Adaninggar nèng Kelan ||

17. têka runtuh waspane Sang Amir | angrês mulat kang kelangan putra | rêntênge driya kalihe | sampun tata alungguh | Nyai Jungkoh anglêladèni | sang nata ganjar marang | Ni Jungkoh wus sinung | wong Cina sèwu kang wisma | pinaringkên ni răndha angêpalani | suka wadya kêrandhan ||

18. gambar saking putri Parangakik | muni garwa paduka kang tuwa | pun apatih ingkang kinèn | anggambar tingkahipun | sasolahe arinirèki | cinêtha anèng gambar | wus pakaryanipun | wong Cina wignya anggambar |

--- 4: 284 ---

tiningalan Wong Agung ngungun ningali | yêktine ingkang pêtha ||

19. Rajèng Cina aturira aris | rayi tuwan Sang Rêtna Sudara | êmbane ingkang kinèngkèn | Tumênggung Parangbatu | tan ambêkta bala mung kêdhik | kêkirim mring pun bapa | ing saisinipun | ing Parangakik nêgara | ing lampahe sarêng lawan pun apatih | kèndêl jawining kitha ||

20. dina niki gèn kula nimbali | kadi ing patang dina praptanya | si patih lan sabalane | miwah Ki Parangbatu | dutanipun sang rajaputri | pênêdê ngêdhatona | gusti putraningsun | nêgaranira ing Cina | alon matur Wong Agung Surayèng Bumi | nuwun ngriki kewala ||

21. tan winarna sêdangunirèki | Rajèng Cina ngandikèng punggawa | amangun ngêlar wismane | sinungan tarub agung | pan jinaga para dipati | ing nguni wus sêkawan | kêrandhan kang tugur | mangkya kinèn kawan dasa | pra dipati samêkta sri narapati | anênggih patang dina ||

22. nèng kêrandhan siniwèng para ji | kêlawan para dipati samas | mantri sakêthi gilire | langkung sinugun-sugun | anèng Cina Sang Jayèngmurti | Rajèng Cina jinarwan | mring Sang Jayèngpupuh | punika raka paduka | ing Mêdayin Sri Bathara Nyakrawati | nut wingking ing kawula ||

23. Rajèng Cina gupuh amêpêki | dhuh pukulun andika apura | kang ari kalêpatane | kaguntur wukir madu | pan karoban samodra manis | jêladri juruh kilang | bêlabur rum-arum | kawula datan supêna | kadhawuhan nugrahan kaping sakêthi [sa...]

--- 4: 285 ---

[...kêthi] | Nusirwan saurira ||

24. yayi prabu sun aran Dulbasir | apan kongsi mamindha nèng marga | nusul marang salasahe | lakune putraningsun | gêtêr ajrih bok sira runtik | mulane kadhêmpalan | mring Cina srah lampus | ing mangke yayi narendra | wus amupus ing tingkah sampun pinêsthi | sokur lêgawèng manah ||

25. Rajèng Cina anauri aris | botên pisan lamun mêkatêna | wus sami wruh ing papêsthèn | sang prabu ing Mêdayun | doranira anêmbadani | cidranira kalingan | api-api nusul | sumaguh kaya sêktia | Raja Mukub ngêsês andamoni bithi | wong iki ngamadaka ||

26. kunêng dalu kawuwusa enjing | cinarita tangise wong Cina | pitung dina antarane | sêdaya urut lurung | nadyan siyang tumêkèng ratri | damar lilin sapucang | pinasangan murub | sêdalu tan kêna pêjah | praptanira wau sang rêkyana patih | angiringakên gambar ||

27. kyana patih lawan pra dipati | sami ngangge sinjang sarwa pêthak | lir gunung kapuk wadyane | dene kang munggèng ngayun | wadyabala ing Parangakik | prajurit sêsêliran | rong lêksa nêmèwu | sami wahana turăngga | kalih èwu kang sami anitih èsthi | prasamya têtopong mas ||

28. kang bêlêgèn mas ngudhuping turi | asri tinon nrawung diwangkara | cingak kang umiyat kabèh | Tumênggung Parangbatu | anitih mong songsong bangunjring | tunggul laring manyura | pantês rakitipun | munggèng [mung...]

--- 4: 286 ---

[...gèng] sangarsaning gambar | Kyana Patih Cina madhukul nèng wuri | lan praptane punggawa ||

29. orêg nêgri Cina gêbèl pipit | marga agêng kang bela karuna | kadya ampuhan swarane | prahara wukir guntur | ing kêrandhan dèn busanani | ingêlar ênggènira | anganti sang prabu | lawan pramèswarinira | tri gumuruh tangise wong sanêgari | kadya ngakasa kontrag ||

30. sêlur bubul lir bêlah kang bumi | kang pêngayun wus praptèng kêrandhan | têdhak saking wahanane | Tumênggung Parangbatu | kerid prapta ngarsa nêrpati | Rajèng Cina anyandhak | tumênggung wotsantun | kinèn nèng ngarsa narendra | ki tumênggung kagyat duk ningali gusti | Risang Surayèng Jagad ||

31. dhêrakalan nungkêmi pada Mir | ki tumênggung êmbane kang garwa | kadya pawèstri tangise | tyas amba tan ngrêmpêlu | yèn panggiha kêlawan gusti | gambar munggèng jêmpana | ing kêrandhan rawuh | rêkyana patih ing Cina | marêk ngarsa mukanira tan kaèksi | sêdaya kinudhungan ||

32. bupati samas salêksa mantri | ingkang sami kêkudhung sêdaya | mêdhukul prapta ngarsandhèr | ing ngarsanira prabu | Rajèng Cina Hong Tete angling | kabèh wus sun apura | angracuta kudhung | kya patih nêmbah angrucat | sakancane anangis sarwi angabêkti |[40] padane ratunira ||

33. lara-lara dènira anangis | dangu mulat keringe sang nata | Wong Agung sigra angawe | Patih Cina tumanduk | gupuh ngraup padanira Mir | kumrubut [kumru...]

--- 4: 287 ---

[...but] pra dipatya | mring Sang Jayèngpupuh | Hong Tete alon ngandika | wus pupusên prakara gustimu pêsthi | de Hyang Lata Walujwa ||

34. wusnya aris kang samya prihatin | kyana patih wus samya ginanjar | wêrata ing sakancane | Tumênggung Parangbatu | pinisalin sakancanèki | pakuwon pan tinunggal | lan gusti Wong Agung | sawusira tigang dina | nèng kêrandhan ngêdhaton sri narapati | mangkana nêgri Cina ||

35. sabên dalu punggawa para ji | mêrcon êlong ing dalu tan pêgat | tigang dina antarane | sirêp sampun sinuwuk | kang prihatin kinèn ngluwari | malah sami kasukan | gong pating carêngkung | mêratani sanêgara | wus mangkana Hong Tete lêt tigang ari | têdhak marang kêrandhan ||

36. datan kantun ingkang pramèswari | pagunêman anutug kasukan | Nyi Jungkoh mangkono manèh | nama nyai tumênggung | pinaring wong rongèwu malih | dadya rerehanira | jangkêp tigang èwu | Babah Puklung nama dêmang | Dêmang Ampir arine Tumênggung Nyai | Puklung Ampataruna ||

 


langkung. (kembali)
jagad. (kembali)
nadyan. (kembali)
Lebih satu suku kata: tunggul daludag payung gung ngarsa. (kembali)
Parangakik. (kembali)
Kurang satu suku kata: saking nagari Kelan. (kembali)
Kurang satu suku kata: mèh parêk rêrêmbatan. (kembali)
nginthil. (kembali)
kilap. (kembali)
10 antuk. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: lajêng dènnya numpiksani kang tulis. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: Sang Rêtna Yu Sudarawêrti gumuyu. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: lèrèh yayi sakala. (kembali)
14 Ruslan. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: kadya rèhing gumuntur. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: tan ana kang aprang tanggon. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: kontal pênangkise Rajèng Mukub. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: mring Sri Kăndhabuwana. (kembali)
19 asrêp. (kembali)
20 mijêt-mijêt. (kembali)
21 Biasanya guru lagu a: nêgara. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: ingkang siji ngurubakên gêni murub. (kembali)
23 winarni. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: marang kang aduwe wisma. (kembali)
25 prasami. (kembali)
26 angêjèpi. (kembali)
27 Dulbasir. (kembali)
28 beda. (kembali)
29 pênêdipun. (kembali)
30 linca-lincak. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: pa alane mantumu. (kembali)
32 abêkah-bêkoh. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: sru ngandika sang prabu. (kembali)
34 Kurang dua suku kata: ya ta wau pan Rahadèn Sayid Sami. (kembali)
35 mubêng. (kembali)
36 binêkta. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: têka arêp apagut ing aprang. (kembali)
38 Biasanya guru lagu e: musna atinggal barise. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: dene asangêt kilape. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: sakancane anangis sarwi ngabêkti. (kembali)