Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 61–82)

Judul
Sambungan
1. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 01–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 20–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 40–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 61–82). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 83–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

61. Sinom

1. Hong Tete alon turira | ing Kêlana Jayèngmurti | anggèr garwa jêng paduka | suta ngong Sudarawêrti | sêdya têdhak pribadi | mring Cina kalangan ewuh | inggih wayah kawula | pun Jayusman kawrat tulis | apan arsa ingêntas amangun krama ||

2. putrine Sri Bawadiman | ing Kusniya Malebari | punika arsa

--- 4: 288 ---

dèn lamar | nama Dèwi Kunmaryati | Wong Agung lon nauri | inggih mêkatên saèstu | yèn sampun mêkatêna | sayêkti marêk pribadi | mring paduka jêr botên adarbe bapa ||

3. rama kadang seda ing prang | marmane kêpati-pati | amèk kadang trusing manah | linabuhan lara pati | yayi dèwi rumiyin | lêrês sapratikêlipun | yêkti tan gêlah-gêlah | ngakên bapa paduka ji | tatêkone wêlasan kaduk pêsaja ||

4. Rajèng Cina duk miyarsa | sarta ingkang pramèswari | brêbêl waspa lon ngandika | bangêt kapotangan mami | bênêr aturing patih | putri mantêp trusing kalbu | upama cinêgaha | pênggawane jisim nguni | linabuhan lara pati magut ing prang ||

5. duk dinangu Patih Cina | satingkahe mring nêrpati | pitung dina dèrèng têlas | miwah maring pramèswari | kayungyun ing pawarti | Sudarawêrti pinunjul | pinola ing golèk mas | warnane Sudarawêrti | wus kacithak anèng pratima kêncana ||

6. tan pisah ing sanalika | nèng pangkone pramèswari | gambare Rêtna Sudara | ngusadani gêring kingkin | marionêng ing siwi | panulaking brăngta wuyung | mring Rêtna Adaninggar | liru putri Parangakik | nulya printah Hong Tete marang apatya ||

7. hèh patih sira balia | marang nêgri Kaelani | punggawa bae gilira | sira dhewe aja gilir | kang wis bisa ngladèni | iya marang putraningsun | saciptane wus wikan |

--- 4: 289 ---

mring sutèngong Parangakik | usungana dunya jro pura ing Cina ||

8. gawenên ngrata bêngawan | ing Kusniya Malebari | pakramane putuningwang | Ki Jayusman sun labuhi | bêngawan Malebari | kang lakon rong dina iku | ratanên rajabrana | sasotya busana rukmi | dunya Cina bae aja kawoworan ||

9. alami nèng nêgri Cina | Wong Agung Surayèng Bumi | ngusadani bumi rêngka | tan arsa kundur tumuli | kang wontên Kaelani | Rêtna Sudara winuwus | sawusira miyarsa | kang maring Cina bêsuki | dadosakên pirêmbag dhatêng Kusniya ||

10. satriya ing Parangteja | kang dinuta lampah sandi | binêktan punggawa Kelan | kêkalih kang têdah margi | bêkta palwa mung kalih | amung upacaranipun | ingkang putra binêkta | Radèn Jayusman tan mawi | wadya kathah amung upacara samas ||

11. tan angagêm cara Ngarab | ngagêm cara Malebari | sampun mancal saking Kelan | nêm dalu wontên jêladri | ing pulo Barjah prapti | wus ngranjing baitanipun | sukune pulo Barjah | Sri Bawadiman marêngi | nuju maksih nênêpi nèng pulo Barjah ||

12. bêkta sabat sêlawe prah | pawèstrine mung kêkalih | êmbanipun sang lir rêtna | kusuma di Kunmaryati | satriya Ngalabani | nalika saking pêrau | mung bêkta tiyang gangsal | kanêm kang srira pribadi | kapitune kang putra Radèn Jayusman ||

13. kèndêl nèng sêngkan andaka | amrih ayêm sarirèki | ing pukul satêngah [sa...]

--- 4: 290 ---

[...têngah] gangsal | wuwusên sri narapati | ingkang sawêg nênêpi | pinarak lan putranipun | rama kula supêna | wau dalu pukul kalih | wontên lintang dhawuh saking antariksa ||

14. dhawuh nèng pinggir samodra | katingal sajroning ngimpi | sudama punika minggah | mêrambat dhatêng ing wukir | nuntên paduka ambil | agêng alit lintangipun | ingkang alit punika | tuwan paringakên mami | kula damêl cêcanthèng lawan pun biyang ||

15. mèsêm Prabu Bawadiman | tan tutug ngandikèng siwi | wontên sakabat tur priksa | ing jawi wontên têtami | kados santri anênggih | sêdaya amung pêpitu | sajêg kula tumingal | tan wontên kadi puniki | kang kêkalih cahyane nuksmèng sêsăngka ||

16. kèndêl jawining gapura | sami amêtêki wêntis | nata pandhita ngandika | matura Wong Agung ngêndi | sêkabat prapta jawi | alon dènira umatur | kawula nilakrama | mênawi dinangu gusti | jêng paduka jêjêr satriya punapa ||

17. Wong Agung alon ngandika | sun satriya Ngalabani | aran Maktal Ibnu Masban | sun arsa marêk sang aji | sabat malêbêt aglis | praptèng ngarsa nêmbah matur | gusti tamu punika | satriya ing Ngalabani | akêkasih Radèn Maktal Ibnu Masban ||

18. sigra Prabu Bawadiman | kumênyut ngandika aris | hèh sêkabat dèn ainggal | gêlarana prangwêdani | ingsun dhayohan gusti | pan iku satriya agung | surayèng dining jagad | sinêmbah sagung para ji | ambêk [a...]

--- 4: 291 ---

[...mbêk] alus paramartèng parikrama ||

19. tur tate mong ing alaga | sigra têdhak sri bupati | amêthuk wau kang prapta | sapraptanira ing jawi | apan wus apêpanggih | turun-tinurunan wau | Maktal arsa anêmbah | dene ratu pandhita di | Prabu Bawadiman dhêku arsa nêmbah ||

20. dene trah ratu minulya | mêndhak sarêng mêndhaknèki | dhêku sarêng dhêkunira | tan ana ingkang ngawoni | ing sasmita ngurmati | atêmahan dadi êpur | sêsalaman kewala | Radèn Jayusman tur bêkti | wus kinanthi sami pinarak ing langgar ||

21. wus sami tata alênggah | munggèng ing musigid alit | kinêmbang botrawinira | kang kinarya akik wilis | batur nila cêndhani | pagêr bata atêlajug | akik ijo kinarya | ginêlaran prangwêdani | angrarêpa matur Prabu Bawadiman ||

22. pan kawula botên nyana | lamun atamian gusti | karoban samodra kilang | kagunturan wukir manik | Hyang Suksma nugrahani | pukulun paran pinundhut | cangkrama ngarga sonya | Wong Agung ing Ngalabani | saurnya rum yayi Prabu pan pêsajan ||

23. lampah kawula dinuta | mring gusti Sang Jayèngmurti | matêdhakakên kang putra | sumăngga ing yayi aji | sakarsa angrèh siwi | eklas pangandikanipun | punika Ki Jayusman | ibu putri Parangakik | kagèt mulat sira Prabu Bawadiman ||

24. ing cahyane radèn putra | lir trênggana ngikis ratri | radèn astane cinandhak |

--- 4: 292 ---

tinarik lênggah ing nginggil | ingkang paman nganthuki | wotsari sampun alungguh | sinugata wowohan | mêpêki isining wukir | sami dhahar wowohan Wong Agung tiga ||

25. kaduga wêrdayanira | Bawadiman matur inggih | pukulun pun Bawadiman | sumăngga ing asta kalih | ing karsanipun gusti | raka paduka Wong Agung | Gusti Surayèng Jagad | sumăngga ing siyang ratri | ngarsakakên abdi wukir kirang tata ||

26. satriya ing Parangteja | pangandikanipun manis | yèn sampun parêng ing karsa | ing dhangane yayi aji | kula kinèn mondhongi | dhatêng para garwanipun | kang wontên nagri Kelan | myang sagung para nêrpati | binudhalkên dhatêng nêgri ing Kusniya ||

27. yèn rawuh saking ing Cina | raka paduka Sang Amir | lajêng mring nêgri Kusniya | sabab niyat sampun lami | jêng gusti arsa munkin | inggih wontêna sêtaun | wontên nagri andika | ing Kusniya Malebari | asru dhêku sira Prabu Bawadiman ||

28. kêbat animbali putra | Rêtna Dèwi Kunmaryati | mopo jrih asru pinêksa | prapta ngarsane rama ji | kang rama ngandika ris | aturna ali-alimu | jumrut sotya ludira | kang munggèng jariji manis | pan dèn unus sinaosakên kang rama ||

29. alon dènira ngandika | jêng sultan ing Malebari | mring radèn putra Jayusman | anggèr li-ali puniki | kagêma ing jajênthik | Jayusman tampi wotsantun | gya ingagêm sêksana [sê...]

--- 4: 293 ---

[...ksana] | kalpika munggèng jajênthik | Bawadiman matur lon mring Arya Maktal ||

30. kangmas tuwan rumiyina | kundur maring Malebari | yèn tuwan praptèng Kusniya | nuntên paduka aturi | kang wontên Kaelani | sakarsane budhalipun | arsa mundur salaman | têdhak sami anêdhaki | Bawadiman ngatêr jawi gapura |[1]|

31. kalih lajêng numpak palwa | Bawadiman wangsul aglis | sarwi ngandika mring putra | iku putra Pusêr Bumi | ibu putri Prangakik | jêtmika tuhu binagus | kabèh pra putra Ngarab | cahyane amindha sasi | satriyèku nini bakal jodhonira ||

32. baya pitulunging Suksma | katrima panuwun mami | alon umatur kang putra | sintên ingkang asêsiwi | têrahing Pusêr Bumi | kang rama ngandika arum | Sultan Agung Kuparman | Wong Agung Surayèng Bumi | kang sinêmbah sagung para raja-raja ||

33. mèsêm tumungkul kang putra | Rêtna Dèwi Kunmaryati | ya ta sabat sêlawe prah | sêdaya wus kinèn mulih | tuwin bok êmban kalih | sang nata pandhita ngantun | kalihan ingkang putra | satêngah pitu ing wêngi | sang pandhita mangkat lawan ingkang putra ||

34. layarane kalih dina | dharatane pitung bêngi | pulo Barjah mring Kusniya | wau lampahe sang aji | satêngah pitu bêngi | praptane pukul sapuluh | sampun malêbèng pura | nimbali rêkyana patih | Abunandir prapta ngabyantarèng nata ||

35. patih sun arsa tamuan | Wong Agung Surayèng Bumi |

--- 4: 294 ---

patutên ingkang prayoga | wadyane kadya jêladri | arsa têdhak mariki | Wong Agung sabalanipun | mundhut mring putraningwang | nini dèwi Kunmaryati | apan arsa dhinaupkên lan kang putra ||

36. nama Rahadèn Jayusman | ibu putri Parangakik | dèn inggal sira karyakna | pan arsa têdhak pribadi | yèn sanggrahan wus dadi | nora lawas nuli rawuh | sagung para putrambyah | sêdaya tan ana kari | kyana patih sandika ing aturira ||

37. rêkyana patih gya mêdal | marang jawi kitha nuli | parentah ing wadyabala | kinèn sami nambutkardi | pasanggrahan para ji | miwah sagung para ratu | punggawa lan satriya | dipati lan para mantri | ya ta kunêng wus dadya kang pasanggrahan ||

38. langkung suka amiyarsa | miyat pêsanggrahan adi | kang kilèn wetan arata | tur sami kinêmbang têmbing | tinanêman sêkar sri | nênggih sajawining tarub | miwah gèning punggawa | pêsanggrahan langkung asri | Bawadiman miyarsa langkung kêsmaran ||

62. Asmaradana

1. kunêng prapta ing jêladri | satriya ing Parangteja | akarya surat nulya ge | katur mring Sang Rajèng Kelan | yèn lampah wus katampan | putra paduka pukulun | miwah sagung para raja ||

2. Jêng Ratu Mas Parangakik | myang Jêng Ratu Mas Karsinah | nuntên tuwan purih bodhol | sigra mangkat mantri Kelan | ing marga tan winarna | nêgari Kelan wus rawuh | mantri kang amundhi surat ||

--- 4: 295 ---

3. saking Arya Ngalabani | katur ing Sang Rajèng Kelan | surat tinampan winaos | kadriya Sang Rajèng Kelan | ngaturi ingkang putra | Sudarawêrti wus rawuh | lawan putri ing Karsinah ||

4. ngandika Kelanjêjali | puniki rayi andika | ing Parangteja sêrate | tur priksa sampun kêtampan | mring Prabu Bawadiman | benjing napa bidhalipun | mêdal laut napa dharat ||

5. umatur sang putri kalih | kawula dharat kewala | sampun andamêl susahe | abdi paduka ing Kelan | lan para ratu kathah | botên kamot ing pêrau | mung kula nyuwun punggawa ||

6. satunggal atêdah margi | kawula ing benjang enjang | budhalakên para katong | Sang Rajèng Kelan parentah | mring Gajahbihêr Patya | kinèn matah punggawa gung | ingkang badhe juru marga ||

7. Rajaputri Kaelani | sêdalu onêng-onêngan | kêlawan para marune | Rêtna Dèwi Kelaswara | wus sêpuh dènnya wawrat | putri Parangakik sampun | ngundhangi kang para raja ||

8. datan kawarna ing ratri | enjing anêmbang têngara | sagung ingkang para katong | budhal saking nêgri Kelan | kadya samodra bêna | Ki Umarmaya pêngayun | kêlawan punggawèng Kelan ||

9. ingkang mêdal ing jêladri | Wong Agung ing Parangteja | praptèng nêgari lampahe | ing Malebari Kusniya | wau kang lampah dharat | kawan dasa dina rawuh | Marmaya manjing nêgara ||

10. ing wuri [wu...]

--- 4: 296 ---

[...ri] bala kèh prapti | Marmaya wus sinung pêrnah | lawan sagung sabalane | kang prapta adina-dina | sagung kang para raja | tinata pakuwonipun | sagung ingkang para nata ||

11. adina-dina kang prapti | para raja myang satriya | kang lumampah ing ngarsane | baris Parangakik samya | miwah baris Karsinah | atêbah antaranipun | longkange satêngah căndra ||

12. mèt papan kang prapta dhingin | wus sami sinungan pêrnah | ingkang nata pakuwone | Marmaya lan Arya Maktal | binage kulon wetan | miwah lor kêlawan kidul | adat kang wus kêlampahan ||

13. mangkana dina sawiji | prapta pênganjuring lampah | wong Parangakik barise | tigang kêthi upacara | sami wong sasêliran | binusanan abra murub | bajo mas têtopong êmas ||

14. Adipati Guritwêsi | lan satriya Parangteja | sami manggihi kalihe | mring Sang Prabu Bawadiman | arsa amêthuk urmat | ing mangke sarawuhipun | Kusuma Rêtna Sudara ||

15. Sri Pandhita Malebari | tumut mêthuk karsanira | ing rèh Wong Agung kalihe | amêthuk Rêtna Sudara | radèn putra Jayusman | andhèrèk mêthuk kang ibu | jawining sêkèthèng kitha ||

16. baris kadya wukir prapti | pindha wana kêmbang-kêmbang | orêg gumuruh ponang wong | agêng alit arsa wikan | marang Rêtna Sudara | tembak têpining marga gung | jalu èstri abusêkan ||

17. Rajaputri Parangakik [Parang...]

--- 4: 297 ---

[...akik] | sampun ingaturan priksa | mring putrane yèn sang katong | Malebari tumut mapag | mring paman Parangteja | miwah Umarmaya tumut | amêthuk dhatêng paduka ||

18. kagyat putri Parangakik | amundhut rata lêlawak | sampun pinêcat rodhane | sinèrèt tan mawi kuda | tinarik wong kewala | urmat besanira mêthuk | sira Prabu Bawadiman ||

19. jêmpana kinèn rumiyin | lawan payunge ampilan | patang puluh dhingin kabèh | putri Karsinah nyatunggal | nitih rata lêlawak | tinarik uwong rongatus | kangsrah ing siti kewala ||

20. mirsa Nata Malebari | wau Sang Rêtna Sudara | urmat ngêsorkên lampahe | sang nata mêcat makutha | ngagêm surban kewala | wus parêk sigra andhêku | mêrpêki têpining marga ||

21. anguwuh Sudarawêrti | yayi Prabu Bawadiman | dèn angkata mustakane | manira bangêt tarima | taklime yayi nata | tumênga sarwi wotsantun | dhêku tumênga ping tiga ||

22. Sudarawêrti nimbangi | pandhêkune Bawadiman | anitihi turanggane | anulya Radèn Jayusman | dadya jajar têtiga | Ki Umarmaya karuhun | awor lawan wong arêmbat ||

23. mènthèk-mènthèk bola-bali | mele-mele lincak-lincak | gumêr orêg wong nênonton | wong kang mikul sami sayah | gumuyu dadi kuwat | mulat Marmaya macucu | dadi sayahira ilang ||

--- 4: 298 ---

24. Rajaputra Parangakik | wus tilar rata lêlawak | anitihi jêmpanane | gumrêdêg praptèng jro pura | gawok jêngêr kang mulat | lajêng ingaturan sampun | malêbèng sajroning pura ||

25. ing wuri kadya jêladri | wadyane kang para nata | lir bêlah kambah bumine | kambah gunge balakuswa | sagung kang para nata | binage wismèng tumênggung | maksih anggili ing wuntat ||

63. Pangkur

1. sadina-dina kang prapta | kalih wulan wadyane kang para ji | punika ing têlasipun | kang ngambah wukir samya | saprandene maksih kathah kang lumaku | wong lara tinandhu samya | maksih kathah kang lumaris ||

2. ana kang tinandhu kajang | dipun bandhul ana winot pêdhati | samya ririh lampahipun | tiyang sakit praptanya | angantuni jabaning rong wulanipun | ting kêlicir ingkang prapta | wau ta ingkang ngêbroki ||

3. jro pura Rêtna Sudara | lan kang rayi Dyah Sirtupilaèli | putri Parangakik sampun | utusan mring Kuparman | angaturi ing raka Rêtna Marpinjun | lan kang putra Radèn Rustam | praptaa ing Malebari ||

4. kunêng gantya kang winarna | kang nèng Cina Wong Agung Jayèngmurti | kalawan Sang Rajèng Mukub | katrinya Sri Nusirwan | sakathahe la-êla sinuba nutug | boga gung sinukèng driya | putus sakèhing arja sih ||

5. budhal saking nêgri Cina | Patih Cina budhal mêdal jêladri | bêkta palwa pitung atus | isi brana [bra...]

--- 4: 299 ---

[...na] di mulya | pèni-pèni rajapèni sêsotya gung | ajine tanpa wilangan | yutan wêndran tanpa wilis ||

6. kinêruk donya ing Cina | ngaturakên mring putri Parangakik | kinarya pakramanipun | Rajaputra Jayusman | angsal angin Patih Cina palwanipun | ing muara Kelan prapta | miyarsa lamun wus sêpi ||

7. gancange ponang carita | lajêng marang Kusniya Malebari | rakiting palwa tan kantun | praptèng nêgri Kusniya | pan angranjing gêbèl ing muaranipun | opyake nêgri Kusniya | Patih Cina praptanèki ||

8. mêntas Kyana Patih Cina | lajêng marêk satriya Ngalabani | lawan Ki Umarmayèku | tinanggap aturira | apan lajêng binêkta manjing kêdhatun | praptèng pura ngarsanira | Kusuma Sudarawêrti ||

9. wus sami lênggah atata | Arya Maktak[2] Dipati Guritwêsi | Sudarawêrti alungguh | lan putri ing Karsinah | Patih Cina nèng ngarsa ngaturkên sampun | srat pemut cacahing brana | kintun ingkang rama aji ||

10. cinatur sakêthi yuta | ingkang kêna winilang malah luwih | dhêlêg-dhêlêg sang dyah ayu | mirsa ungêling sêrat | wus tinanggap ing solah myang bawanipun | kang raka miwah Nusirwan | ingaturkên mring ki patih ||

11. orêg èrêm nagri Cina | waluyane praptane kyana patih | lan prastane[3] suratipun | Gusti Rêtna Sudara | botên pêjah Rajèng Cina ciptanipun | ingkang putra Adaninggar | liru Putri Parangakik [Parangaki...]

--- 4: 300 ---

[...k] ||

12. duk kala Prabu Nusirwan | ngakên nami Juragan Ki Dulbasir | putri Karsinah gumuyu | ngaku juragan ingwang | Patih Cina umatur saèstunipun | ngakên Juragan Karsinah | ngandika Sudarawêrti ||

13. samêngko panduganira | apan uwis iya têka ing ngêndi | Patih Cina nêmbah matur | gusti wêtawis amba | dèrèng wagêd ngêlangkungi nêgri Mukub | sawab rêmbên margi wana | awis dipun ambah janmi ||

14. wondening ingkang rumêksa | raka dalêm abdi paduka gusti | pun Tumênggung Parangbatu | pan dèrèng rêrêm lama | maksih wontên sakêdhik ing sayahipun | punika kang mawi randhat | prajuriting Parangakik ||

15. sadangune lêlênggahan | ngraosakên solahe nguni-uni | kang raka Sang Jayèngsatru | lan kang rama Nusirwan | kunêng wau lampahe Rêtna Marpinjun | lan kang putra Radèn Rustam | praptèng tlatah Malebari ||

16. kinăntha-kăntha pan abra | sri binata kinêbon bilik-bilik | kang kilèn Rêtna Marpinjun | têngah Rêtna Sudara | ingkang wetan kang rayi Rêtna Rabingu | dene ingkang wetan pisan | rajaputri ing Kuwari ||

17. kunêng kang wus sami tata | eca ing tyas neng nêgri Malebari | wontên malih kang cinatur | sutanira yaksendra | pan ing nguni sutane Raja Pardiyu | punika ingkang sêsuta | Sri Yaksa Sang Raja Imprit ||

18. kang ngrusuhi nèng Ngajêrak | kang wus sirna dening Sang Jayèngmurti | punika malih [ma...]

--- 4: 301 ---

[...lih] winuwus | Pardiyu kang atmaja | patutane lan putri manusa iku | nênggih putri Sidhangdhayang | putrane Kiswa Tênggini ||

19. ing nguni kuthane bêdhah | Sidhangdhayang binoyong putrinèki | marang Sang Raja Pardiyu | lagya ngidham kaworan | sedanira kang rama lan eyangipun | aprang lan Sang Kakungingrat | patine Pardiyu Imprit ||

20. anake Pardiyu ditya | putranipun nênggih Kiswa Tênggini | Sidhangdhayang kuthanipun | kapir kawak kumawak | agamane Jêng Nabi Nuh kang dèn ênut | Dèwi Kiswati punika | mijil jalu putranèki ||

21. tiru ibune manusa | pawakane mawi siyung ananging | tiru bapa Sang Pardiyu | lami sampun diwasa | kaki pêjah putu kang jumênêng ratu | bala sapalih manusa | ingkang sêpalih rasêksi ||

22. Kiswa Pangindrus ranira | awak janma solah bawa rasêksi | Sang Raja Kiswa Pangindrus | awak wong muka ditya | langkung saking gêng luhur prawirèng pupuh | punika kang nyêngkêr lama | mring Sang Dèwi Kunmaryati ||

23. putrine Sri Bawadiman | kang jumênêng Kusniya Malebari | tinulak pênglamaripun | nanging arsa masesa | ginendholan sangêt marang ibunipun | aja sira mêmungsuhan | lan Kusniya Malebari ||

24. mangke ibune wus pêjah | Sri Pangindrus tan ana dèn kèringi | nimbali pêpatihipun | Bardas patih ngrèh ditya | dene patih kang ngrèh manusa ranipun | nênggih Patih Dhayangunar | punika patih kinanthi ||

--- 4: 302 ---

64. Kinanthi

1. pan kêkalih patihipun | manusa lawan rasêksi | paningalira sang nata | pan kadi netraning kucing | dudu wong dudu dênawa | mangkana sri narapati ||

2. pinarak munggèng kêdhatun | patih kalih anèng ngarsi | alon dènira ngandika | Kiswa Pangindrus Sang Aji | ingsun sida arsa krama | mundhut putri Malebari ||

3. ingsun wasesa sun pundhut | putri adi Malebari | ing nguni ibu kang nyêgah | kêncêng gendholi ing mami | patih kalih matur nêmbah | lêrês ibu paduka ji ||

4. ing Kusniya ratu punjul | inggih mênawi malati | măngsa ta kiranga raja | kang darbe putra linuwih | walat mono kaya apa | sira karo wus udani ||

5. Patih Dhayangunar matur | inggih walat nyilakani | cilaka punika kathah | wontên gêring botên mati | sawênèh malih cilaka | karya pêjah tanpa sakit ||

6. tuwin apêsing prang pupuh | kasangsaya ing ajurit | ratu mati siya-siya | gih punika walat gusti | gumujêng suka sang nata | ènthèng nora mêmêdèni ||

7. iku mungguh jênêng ingsun | bêlatèr cinêtha luwih | wit ibuningsun manusa | lah iya bapa rasêksi | pan luput ing saritulah | ujare kang nyêtha nguni ||

8. siyagaa ing prang pupuh | undhangana pra dipati | manusa miwah rêksasa | pasisir măncanêgari | arsa angêlurugana | ingsun marang Malebari ||

9. patih kalih nêmbah matur | kawula miyarsa warti |

--- 4: 303 ---

rajaputri ing Kusniya | sêmangke sampun akrami | angsal putra ing Kuparman | malah ta sêmangke maksih ||

10. tinuguran para ratu | ing Kusniya Malebari | sagung ingkang para raja | sakucumbènira maksih | wau kalane miyarsa | Pangindrus kêlangkung runtik ||

11. sarwi sru pamuwusipun | iku mamak sun arani | apa nora ngrungu warta | yèn iku sêngkêran mami | lah ta iku bêbesanan | liwat bangêt mêjanani ||

12. iki Si Kiswa Pangindrus | tanpa gawe tanpa budi | dêstun nora katon raja | kutha Sidhangdhayang iki | katon desa padhukuhan | tan ana janma kang bêcik ||

13. amung bocah angon wêdhus | tan ana mantri bupati | tan ana manusa lanang | isine amung pawèstri | praja kang isi wong lanang | mung Kusniya Malebari ||

14. Patih Dhayangunar matur | kawula gusti tur peling | dèrèng kenging dipun mêngsah | Wong Agung Surayèng Bumi | sirnane diyu rêksasa | ing Jabalkap tumpês tapis ||

15. eyang paduka pukulun | lan rama paduka aji | sirna dening Jayèngrana | Kya Patih Bardas nambungi | lêrês ature punika | pun kakang Dhayangunari ||

16. anakipun Raja Jamum | wontên ing Sindhula wukir | ngadhang mring Sang Kakungingrat | duk budhal mring Kaelani | saking nagri ing Yujana | pinêthuk cinidrèng jurit ||

17. sêdyanipun malês ukum | têmah kukuming ajurit | nak putune Jamum sirna | inggih ing taun puniki | sêdyane [sê...]

--- 4: 304 ---

[...dyane] amalês pêjah | têmah nusul angêmasi ||

18. alon ngandika sang prabu | dadi tan ana ngrêmbugi | ya sun turut sira padha | ingsun budidaya dhingin | wuwuha digdayaningwang | kaprawiraning ajurit ||

19. ingsun arsa malês ukum | sedane rama lan kaki | durung lêga ing tyas ingwang | yèn durung bela sakêthi | anak putune Si Ambyah | alon matur patih kalih ||

20. sampun gumampil sang prabu | mring Wong Agung Jayèngmurti | măngsa paduka bangkata | anadhahi ing ajurit | sri nata dèwi putrambyah | ing Ngajêrak Kuraisin ||

21. apan minăngka gêgêdhug | wong Kuparman yèn ajurit | kasora kang para nata | Nata Dèwi Kuraisin | kakiwul unggul ing yuda | mila awrating ajurit ||

22. lan ingkang krama puniku | patutan putri prajurit | ing Parangakik kuthanya | Kusuma Sudarawêrti | putri adi kalokèngrat | undhagi pratamèng jurit ||

23. Sang Prabu Kiswa Pangindrus | dhêlêg-dhêlêg duk miyarsi | ature patih kalihnya | Bardas lan Dhayangunari | adangu datanpa ngucap | kewraning tyas wuwuh runtik ||

24. ngandika Kiswa Pangindrus | lah êndi patut dèn ungsi | ingkang tate ginuronan | ratu manusa rasêksi | nadyan wus sugih prawira | bêcik ingkang dèn wuwuhi ||

25. ing kene ingsun angrungu | nêgri ing Dhayak Sêngari | nama Prabu Yablulawal | mitrane jêng rama aji | iku dhêmit kamanusan |

--- 4: 305 ---

manusa arabi pêri ||

26. nyiluman prajanirèku | yèn ana prangmuka prapti | kuthane katon samodra | yèn mungsuhe bubar mulih | katon kutha gunung timah | nêgara Dhayak Sêngari ||

27. karo kariya sirèku | padha tunggua nêgari | durung pêsthi praptaningwang | yèn durung punjul sabumi | yèn wus punjul ingsun prapta | sandika kya patih kalih ||

28. Sang Raja Kiswa Pangindrus | mêsat andêdêl pratiwi | pan wus pakartining ditya | bisa angambah wiyati | sira Rajèng Sidhangdhayang | silêm dharat tan kaèksi ||

29. miling-miling kadya jangkung | lêpas lampahing nêrpati | alêpas kadya pawana | mangkana praptane nênggih | ing nêgari kutha perak | kumêthap-kêthap kaèksi ||

30. anjog jro pura aniyup | Sang Prabu Dhayang Sêngari | nuju pinarak nèng taman | saupacaranira sri | kalane amangun rêtna | kagèt jog Pardiyusiwi ||

31. sumungkêm ing padanipun | Rajèng Sidhangdhayang nangis | Sri Yablulawal ngandika | tangia sapa sirèki | wungu umatur kawula | rama Pardiyu kang siwi ||

32. jêng rama Raja Pardiyu | jêng eyang Sang Raja Imprit | wau kalane miyarsa | Sang Raja Dhayak Sêngari | Maha Raja Yablulawal | Pangindrus rinangkul aglis ||

33. kalingane sira kulup | putrane jêng kakang swargi | pagene sira karuna | apa ta sira prihatin | matura sapa kang karya | kasusahan ing sirèki ||

34. matur Sri Kiswa Pangindrus | Sang Prabu [Pra...]

--- 4: 306 ---

[...bu] ing Malebari | anakipun kula lamar | nama Dèwi Kunmaryati | nampik pinanggihkên lawan | Rajaputra Kuparmani ||

35. Sudarawêrti kang ibu | patutan Sang Jayèngmurti | kang ngadêg Sultan Kuparman | punika ingkang ngalangi | paman prabu sêngkran kula | Jayusman ingkang ngrabèni ||

36. angling Yablulawal Prabu | Pangindrus tapaadhingin | lêbonana guwaningwang | sakuwate sira kaki | besuk Hyang Lata Walujwa | sung nugraha mring sirèki ||

37. pêsthi kêlar sira besuk | nyirnakkên Si Jayèngmurti | payo marang wukir perak | guwa pungkuran gonnèki | praptèng guwa ing pamujan | pinanjingakên tumuli ||

38. kunêng malih kang winuwus | Wong Agung Surayèng Bumi | lawan rama sri bathara | saking ing Cina nêgari | nênggih kang sinung parentah | sang prabu ing Kăndhabumi ||

39. kinèn dhèrèk kunduripun | kang rama dhatêng Mêdayin | Wong Agung sampun utusan | tur surat mring ibu sori | atur priksa yèn kang raka | ing mangke sampun pinanggih ||

40. sarta lajêng kunduripun | ing mangke sampun nèng margi | duta kawan atus kuda | angriyini mring Mêdayin | ing marga tan winurcita | praptèng Mêdayin lir gêndhis ||

65. Dhandhanggula

1. sampun prapta nêgari Mêdayin | dutanira Sang Sri Kakungingrat | sêrat katur mring ibune | saking Sang Jayèngpupuh | putra katri samya manggihi | miwah Ki Patih Baktak | sigra manjing gupuh | sêmana lajêng parentah | ingkang badhe mêthuk [mê...]

--- 4: 307 ---

[...thuk] cêlak mêthuk têbih | rêmbage para putra ||

2. kawarnaa wau kang lumaris | praptèng simpangan kang marang Kelan | sampun amisah lakune | dene kang kinèn banjur | dhèrèkakên Prabu Mêdayin | Rajèng Kăndhabuwana | lan Sang Rajèng Mukub | pitung kêthi winêtara | gunging baris wadya Mukub Kăndhabumi | kang dhèrèk mring kang rama ||

3. kang dhèrèkkên mring Sang Jayèngmurti | wong Prangakik binêkta mring Kelan | sakêthi prajurit kabèh | iku sêliranipun | Rêtna Dèwi Sudarawêrti | ginajih pitung reyal | iku pêndhak santun | jangkêp pitung atus dinar | sêtaune busana saking sang putri | miwah titihanira ||

4. duk pisahe Nusirwan anangis | sarwi ngrangkul dhatêng ingkang putra | sarwi ngaras bun-bunane | wus lêpas pisahipun | sampun prapta desa paminggir | katur mring Rajèng Kelan | yèn kang putra rawuh | kang rama mêthuk mring putra | wus kapêthuk nèng marga Si Kelanjali | binêktèng manjing pura ||

5. lajêng maring ing taman pinanggih | lan sang putri Wong Agung duk mulat | awêlas marang garwane | sêpuh wawratanipun | angêdhaton ing tamansari | kang rama wangsul marang | pura Jayèngsatru | ngêla-êla garwanira | Kelaswara solahe amêrtandhani | yèn cupêt yuswanira ||

6. ri sawusnya wau Jayèngmurti | mundhut palwa badhe tinitihan | mring Kusniya panusule | pêcalang kèci sêlup | wangkang lêmbu pragota [pra...]

--- 4: 308 ---

[...gota] konthing | pitung puluh sêdaya | pamitan Wong Agung | garwa sarta mring kang rama | trênyuh ing tyas kang lunga miwah kang kari | mêhêng asmara cipta ||

7. karsanira yèn sawusing kardi | badhe wangsul mring Kelan kang raka | sigra umêsat palwane | datan kawarnèng laut | praptanira Sang Jayèngmurti | muara ing Kusniya | kapêrwasèng tutur | sira Prabu Bawadiman | Arya Maktal Adipati Guritwêsi | myang para ratu samya ||

8. mêthuk Wong Agung ing rawuhnèki | mring dharatan Prabu Bawadiman | sru nêmbah ngraup padane | rinangkul mring Wong Agung | yayi prabu padha basuki | matur saha tur sêmbah | sapangat pukulun | jêng paduka khabibullah | sasat dhawuh letul kadri ping sakêthi | dhawuh sèwu nugraha ||

9. angrahmati ing dasih kaswasih | jêng twan tulusa paring sapangat | ing dunya ing akerate | lajêng wau lampah wus | angêdhaton wau Sang Amir | sarawuhirèng pura | katri kinèn laju | Bawadiman Arya Maktal | katigane Adipati Guritwêsi | wus praptèng ngabyantara ||

10. panggih lan sang putri Parangakik | miwah kang rayi putri Karsinah | miwah Rêtna Kisbandine | tuwin Rêtna Marpinjun | sarta para putranya sami | Rêtna Sudara lênggah | jajar lan Marpinjun | lênggahira ing tyas taha | sangêt ering mring Dèwi Sudarawêrti | maleyot lungguhira ||

11. alon muwus Sang Sudarawêrti | jêr kakang bok iku lurah apa | têka maleyot lungguhe [lung...]

--- 4: 309 ---

[...guhe] | angling Rêtna Marpinjun | wurèkêna bae sun yayi | sira lungguha ngarsa | mênawa na rêmbug | ingsun tan bisa rêmbugan | ya ta mèsêm Kusuma Sudarawêrti | sarwi nyablèk wêntisnya ||

12. têka wigih pargagah-pargigih | mêlang-mêlang tyase kurang rêncang | taha marang panêkare | angling Rêtna Marpinjun | nora kene bae sun yayi | tanpa ngrasa wak ingwang | mênawa kabêkuk | sun tan bisa rêrêmbugan | sira tukang pikir anèng ngarsa mami | pantês kèdêr ing papan ||

13. rame gumujêng kang miyarsa ngling | Rêtna Marpinjun malih ngandika | ingsun puji sayêktine | patitis ing rèh putus | pikir dadak bisa nanduki | datan logro ing wiyar | tan sêsak ing ciyut | kakênan tyase karantan | pambiyunge ing lair têrusing batin | kèdhêp pratamènglaga ||

14. hèh kakang Dipati Guritwêsi | satêmêne sun iki wus ngrasa | kungkulan barang tingkahe | sun tan arsa nèng ngayun | ngêmpèk bae ing yayi dèwi | lah iku amèk kadang | liya jinisipun | lah iya Sang Rajèng Cina | lagi wêruh surate amung sasuwir | sasat bêdhah nêgara ||

15. pan wong Cina lawan Parangakik | ratu bintit liwat jinis liya | prandene kêna atine | dunya Cina tinawu | sinrahakên ing yayi dèwi | bêdhaha satus praja | măngsa kaya iku | ingsun tan mèlu kangelan | ing arimu dèn pandumi satus kêthi | liya busana mulya ||

16. ingkang pèni-pèni rajapèni | isèn-isèn [isèn-i...]

--- 4: 310 ---

[...sèn] nêgara ing Cina | saubênge salêkêre | sun iki mangkruk-mangkruk | mèlu nucuk ing yayi dèwi | saya ambata rêbah | wau gujêngipun | sêdaya suka miyarsa | angling malih rajaputri ing Mêdayin | kabèh iki kawratan ||

17. pan kawratan sagunging para ji | bajo salêmbute sutra Cina | pan akèh nganggo kayane | sagung kang para ratu | yayi Dèwi Sudarawêrti | balithuk Ratu Cina | wêkasing prang pupuh | pan ora nganggo gêgaman | gêgamane amung karêtas sasuwir | gêrus donya ing Cina ||

18. ngandika lon Sirtupilaèli | hèh ta yayi mas ing Parangteja | mêngko sun idhêp jêbule | karsane kangbok iku | amèk kadang mring putri bintit | mèh padha lawan ingwang | sihe kangbok ayu | mirsa yèn bakal palastra | lamun mati kang rama sayêkti manjing | sihe pêsthi maringwang ||

19. saisine nêgri Cina benjing | tinitipkên dunya nêgri Cina | lêkêre jro pura kabèh | sayêkti darbèk ingsun | Rajèng Cina layange muni | pangimure kang garwa | yêktine tan lampus | putranira Adaninggar | lêlirune Rajaputri Parangakik | kang duwe nêgri Cina ||

20. saya sangêt gujêngira sami | Sudarawêrti aris ngandika | nora mêngkono yêktine | sun amèk kadang tuhu | wêlas mulat wong nandhang brangti | anrus ing kêbatinan | yayi ingsun labuh | talang dunya talang karya | tan kumêdhèp dhèhèm Sirtupilaèli | gumyah sagung kang myarsa ||

21. Prabu Bawadiman [Bawadi...]

--- 4: 311 ---

[...man] anambungi | nênggih sawêg angsal tigang kêcap | Wong Agung lon timbalane | mênênga kabèh iku | yayi besan arsa jêksani | tan ana kang sun gêga | amung yayi prabu | jêr iku ujaring ayat | saking dalil sigra Prabu Malebari | alon ing aturira ||

22. kangjêng ratu mas ing Parangakik | karsanipun karya kabêcikan | anêrus lair batine | nglabuhi lara lampus | yèn mêngsaha wong liya pêsthi | rinêbut ing ayuda | mèh abela kufu | saking ngriki kula myarsa | praptèng lena pinêtak ing Parangakik | linabuhan bêbeya ||

23. mèsêm ngandika Sudarawêrti | satêmêne yayi prabu ingwang | tèk têlung kêthi beyane | kêjaba ingonipun | kang ngatêrna mring Parangakik | wong Cina sun kon ngrayat | tan kêna ingetung | sèwu kêbo sabên dina | matur malih Sri Kusniya Malebari | punika jêng ratu mas ||

24. pan paduka motangkên Hyang Widi | sabab inggih dhawuhing timbalan | kang mungêl ing jro dalile | yèn panjênêngan ratu | damêl bêcik têrusing batin | pêmalêsing Hyang Suksma | apan tikêl satus | wong cilik tikêl sêdasa | ya ta mèsêm Wong Agung Surayèng Bumi | sarwi nolèh mring garwa ||

25. imanêna iku yayi dèwi | olèh kojah saking arinira | yayi prabu pituture | ingkang garwa wotsantun | samya suka ingkang miyarsi | mangkana cinarita | solah tingkahipun | sira Prabu Bawadiman | sumawita

--- 4: 312 ---

maring Sang Surayèng Bumi | agung pasowanira ||

26. nunggil lan Dipati Guritwêsi | lawan satriya ing Parangteja | mangkana sagung panggawe | gunêm sêdaya rampung | badhe ningkahipun sang putri | ngantosi praptanira | kang wayah Wong Agung | Raja Sayid Ibni Ngumar | saking Kelan kundur mring Kaos nêgari | karsa amangun makam ||

27. badhe nusun[4] dhatêng Malebari | pan ciptane ingkang eyang lama | datan tumuntên kundure | nèng Kaos sampunipun | mangun makam lagya tri sasi | sigra ngundhangi budhal | pan arsa anuju | paningkahe ingkang paman | budhal saking Kaos maring Malebari | Sri Sayid Ibni Ngumar ||

28. sangang yuta lawan sangang kêthi | kalanira anèng marga myarsa | yèn ingkang eyang rawuhe | saking nêgari Mukub | dadya lampah raina wêngi | ajrih kantun ing karya | mangkana winuwus | kêsasar mring Sidhangdhayang | gègèr otêr pangrasane mungsuh prapti | nêrajang saking wuntat ||

66. Pangkur

1. Raja Sayid Ibni Ngumar | nora nyana dene anjujur margi | yèn kêsasar mring praja gung | manusa lawan ditya | Sidhangdhayang kuthane Raja Pangindrus | sira Kyana Patih Bardas | lan Patih Dhayangunari ||

2. prasamya salah graita | nyana mungsuh praptane saking wuri | Rajèng Kaos duk kêkuwu | anèng imbanging arga | Patih Bardas têtela miyarsanipun | yèn Rajèng Kaos punika | kang wayah Sang Jayèngmurti ||

3. Patih Bardas micorèng tyas | sun colonge ratune [ratu...]

--- 4: 313 ---

[...ne] baris iki | supaya anyuda mungsuh | ing dalu Patih Bardas | mindha sarpa majêng pasangrahanipun | Prabu Sayid Ibni Ngumar | nuju kêpati aguling ||

4. jinêjêp pakuwonira | wus sinunggi Rajèng Kaos mring patih | mêdal sing pakuwonipun | lajêng minggah mring arga | wontên kajêng têmbalo langkung gêngipun | ingugêr wit bulu nulya | Sang Rajèng Kaos nêgari ||

5. tinilar sukuning arga | Patih Bardas mantuk marang nêgari | Dhayangunar sinung wêruh | yèn baris ingkang prapta | wus cinolong ilang senapatinipun | enjang wong Kaos prasamya | puyêngan kelangan gusti ||

6. ngagung para raja-raja | sami nangis dening gustinirèki | tigang dina tigang dalu | ingubrês wana pringga | jroning pèrèng jurang sungil siluk-siluk | mangkana kang para raja | rêmbagan lajêng lumaris ||

7. dhumatêng nagri Kusniya | atur priksa mring eyang Jayèngmurti | katur pêjah gêsangipun | tiwas rumêksèng wayah | musnèng ratri mangkana baris lumaku | datan kawarna ing marga | praptèng nêgri Malebari ||

8. katur mring Sang Kakungingrat | duk angrungu Wong Agung Jayèngmurti | otêr sagung para ratu | pra dipati satriya | pan Wong Agung nimbali Umarmayèku | lan satriya Parangteja | ngandika Sang Jayèngmurti ||

9. hèh yayi mas Parangteja | miwah kakang Dipati Guritwêsi | kapriye mungguh budimu | ilange putunira | kaki Prabu Sayid Ibni Ngumar iku | apa ta nora rondhea [ro...]

--- 4: 314 ---

[...ndhea] | sagunging panggawe iki ||

10. umatur KiUmarmaya | yèn suwawi sampunasalah siji | sampun ambêbancang laku | puniku yèn kawula | dèrèng dadya wau ta ingkang rinêmbug | kêsaru ing praptanira | Kusuma Sudarawêrti ||

11. lawan sang putri Karsinah | lon ngandika Wong Agung Jayèngmurti | sokur yayi sira rawuh | lagya arsa sun undang | ribêd têmên iki yayi atiningsun | Sudarawêrti aturnya | ribêd punapa pinikir ||

12. wong dawêg wontên sandhungan | yêkti pantês punika dadi pikir | kakang Umarmaya wau | inggih pikir punapa | suka-suka sajroning prihatin iku | angangge sêdaya daya | supe pasêmon Hyang Widi ||

13. pae yèn wus tamtu pêjah | yêkti kenging pinupus lawan pêsthi | punika ta dèrèng tamtu | pêjah utawi gêsang | yèn gêsanga sawêg amanggih papa gung | yèn wontên lila paduka | kula lumampah ngulati ||

14. yayi prabu ing Kusniya | Bawadiman nuntên tuwan timbali | kèn ngèndêkên[5] karyanipun | sampun sami miyarsa | nuntên inggal ngulati kang musnèng dalu | kaki Sayid Ibni Ngumar | agawe rasaning ati ||

15. wus dadya ingkang rinêmbag | kaluhuran sabdane rajaputri | Prabu Bawadiman sampun | ngandikan praptèng ngarsa | atur sêmbah jinarwan kêlangkung ngungun | sigra Prabu Bawadiman | nimbali Patih Bunandir ||

16. tan adangu praptèng ngarsa | nêmbah matur Sri Bawadiman swawi | nuntêna karsa pukulun | ngupados [ngupa...]

--- 4: 315 ---

[...dos] wayah tuwan | kula dugi punika pêndamêlipun | sang prabu ing Sidhangdhayang | prajane kang dèn langkungi ||

17. lampahe wayah paduka | inggih Gusti Natèng Kaos nêgari | kasasar kutha Pangindrus | ratu ing Sidhangdhayang | mila abdi dalêm pun Bunandir pukulun |[6] ingkang waskithèng jajahan | singa ingkang tuwan tuding ||

18. ngupados wayah paduka | akanthia pun Patih Abunandir | alon ngandika Wong Agung | yayi prabu kantuna | tunggu praja kanthia kakangirèku | yayi mas ing Parangteja | lan sagung para nêrpati ||

19. anadene kang ngupaya | putunira yayi ingsun pribadi | lawan kakang Marmayèku | padha arêbut paran | Si Apatih Bunandir milua mring sun | kang tanpa kanthi si kakang | Adipati Guritwêsi ||

20. sagunge kang para raja | dènapajêg baris angati-ati | Prabu Bawadiman matur | pun kakang Tasikwaja | yèn aparêng inggih karsa jêng pukulun | kula kanthèni punggawa | kang wagêd lumampah kêsit ||

21. pun Tumênggung Sèh Purekan | lêlampahan sawulan dèn lampahi | kalih dintên praptanipun | pan darbe ngèlmi lêmbat | ngèlmining jin nadyan ta abdi pukulun | Patih Bunandir punika | sami ngagêm ngèlmining jin ||

22. inggih samya mawong sanak | lan kang abdi Nata Dyah Kuraisin | putra tuwan jêng pukulun | Nata Dèwi Ngajêrak | kang kinarya wêdananing para ratu | tanah pasisir sêdaya | kang nama Raja Jaswadi ||

--- 4: 316 ---

23. prajanipun ing Suwăngsa | pun Jaswadi kang ngratoni jin abrit | dene ratune jin biru | anama Raja Miswan | Jonggiraji nêgarinipun jin biru | kang sami pinawong sanak | Sèh Purekan Abunandir ||

24. mangkana ingkang winarna | suka-suka kang sami antuk kanthi | wêspada jajahanipun | kunêng kang sampun dandan | sampun rampung sêkathahe kang rinêmbug | ing dalu duk angkatira | Wong Agung lampahnya nilib ||

25. ing wuri èrêm kalintang | kang tinilar Kusniya Malebari | wau kang lagya lêlaku | Wong Agung nitih kuda | askardwijan Patih Abunandir sampun | tansah buntut anèng wuntat | nitihi kudanirèki ||

26. Marmaya dharat kewala | Sèh Purekan ingkang kinarya kanthi | wus ngancik ing gunung-gunung | trus desa padhukuhan | lamun dalu arêrêb ing wana agung | bêbujung kidang mênjangan | lawan Patih Bunandir |[7]|

27. miwah ta Ki Sèh Purekan | kang dhèrèk Sang Dipati Guritwêsi | lampahe agung anamur | amomor mring padesan | tan kawruhan yèn iku satriya agung | pan sampun angsal sawulan | angkate saking nêgari ||

28. angancik jajahan liyan | nitik ingkang kambah wong Kaos nagri | nguni gêpok pinggiripun | jajahan Sidhangdhayang | kuthanira Sang Raja Kiswa Pangindrus | amomor nyamur anamar | Wong Agung lan Abunandir ||

29. kunêng ingkang kawarnaa | nagri Kelan Prabu Kelanjêjali | dènnya têngga [têng...]

--- 4: 317 ---

[...ga] putranipun | mèh babar kang wawratan | Kelaswara dènnyarsa panggih lan kakung | Wong Agung Surayèng Jagad | sang sinom tansah ngantosi ||

67. Sinom

1. ciptane sakêdhap netra | kewala arsa pêpanggih | lan raka Sang Kakungingrat | sampun karaos ing galih | Kelaswara ngaturi | mring kang rama sang aprabu | ingaturan utusan | mring Kusniya Malebari | ingaturan mring Kelan sakêdhap netra ||

2. kang rama alon ngandika | ingsun iki ora wani | ngaturana lakinira | dene lagi mangun kardi | katon têmên wak mami | wong tuwa anyaru wuwus | tan darbe kira-kira | Kelaswara matur aris | jêr punika ingkang ngukir ing wawratlan[8] ||

3. sampun kawan wêlas căndra | bêbayi tan arsa mijil | kawula kêlangkung sayah | mênawi ngantos kang ngukir | ingkang rama nuruti | mantri kêkalih ingutus | palwa pêcalang tiga | mring Kusniya Malebari | patang dina angin kêras praptanira ||

4. lampahe tan antuk karya | Wong Agung datan pinanggih | musna saking dalêm pura | ing Kusniya Malebari | mung para maru sami | pinanggih samya kêkintun | tutur lamun kang raka | Wong Agung Surayèng Bumi | durung tamtu yèn pêjaha lan gêsanga ||

5. durung kongsi mangun suka | nèng Kusniya Malebari | kacêgah mangun sungkawa | mayêng mring wana mring wukir | matura yayi dèwi | duta ing Kelan sirèku | sigra duta ing Kelan | wangsul mring baita malih | daut [dau...]

--- 4: 318 ---

[...t] jangkar sigra dènnya babar layar ||

6. ing laut datan winarna | praptèng nêgri Kaelani | umatur ing rèh dinuta | miwiti malah mêkasi | ngandika sri bupati | tiwas lakinira gêndhuk | baya kêna ing cidra | mring Sidhangdhayang Nêrpati | Kelaswara duk miyarsa lajêng kantaka |[9]|

7. punika kantakanira | Kelaswara duk miyarsi | pangandikaning kang rama | sumaput sang rajaputri | kang jabang bayi mijil | seda kunduran kang ibu | para êmban karuna | pawongan pating jalêrit | Rajèng Kelan kambah wimbuh kawimbuhan ||

8. mulat kang putra palastra | sumaput awêtu runtik | angiwung anarik pêdhang | jabang bayi ki marai | patine nini putri | mèh tumiba pêdhangipun | malaekat anyandhak | ping tiga dènnya ngayati | arsa mêdhang mring bêbayi gêlasaran ||

9. cinandhak-candhak kang asta | Patih Gajahbihêr prapti | nyandhak asta angrêrêpa | mila mêkatên sang aji | ingkang putra ngêmasi | kang wayah arsa linampus | angling Sang Rajèng Kelan | jabang bayi awitnèki | ing sedane nini putri Kelaswara ||

10. Gajahbihêr atur sêmbah | langkung lêpat paduka ji | bêbayi tumut punapa | botên uningèng pawarti | sedane kangjêng gusti | apan punika pukulun | sampun praptaning măngsa | karsaning Hyang Maha Suci | wus pinêsthi sêmantên panjanging yuswa ||

11. kang tangis kadya ru-ara | kunarpanira sang putri | apan sampun sinucenan [sinuce...]

--- 4: 319 ---

[...nan] | pinêtak ing siratmanik | èrêm nagri Kelani | wau jabang bayinipun | pan wus karsaning Suksma | linabuh anèng jêladri | winadhahan anèng kêndhaga kêncana ||

12. cinarita tinadhahan | maring Jêng Bagendha Khilir | pan inguncalakên nulya | mring muara Jonggiraji | pan nêgaraning êjin | ingkang ngratoni jin biru | ratune Raja Miswan | asisih lawan jin abrit | sira Prabu Jaswadi Rajèng Suwăngsa ||

13. kang minăngka mêng-amêngan | dhatêng siti Kuraisin | ratu kêkalih punika | ratu wêdana pasisir | sira Raja Jaswadi | ing Suwăngsa prajanipun | asisih Raja Miswan | Sri Bupati Jonggiraji | kalih pisan andêl-andêling Ngajêrak ||

14. jin ijo kuning lan pêthak | irêng panêkare sami | tur sami prawirèng yuda | yèn aprang lawan jin kapir | muaranira nênggih | dadya pacangkramanipun | Nata Dèwi Ngajêrak | mangkana ingkang winarni | jabang bayi kang munggèng kêndhaga êmas ||

15. lembak-lembak datan kesah | nèng muara Jonggiraji | mubêng kombak kumbul kontal | cat ilang êcat kaèksi | alun agêng lumêmpit | marmane datan kadulu | saking ing alun kontal | milane katingal malih | ya ta kunêng wau ingkang kawuwusa ||

16. ingkang wontên nagri Kelan | sawulan maksih prihatin | kathah solahing karuna | pawèstri sajroning puri | èrêm wong sak nêgari | kadi wong tinuju tênung | tontonên [tonto...]

--- 4: 320 ---

[...nên] gustinira | katingal sasolahnèki | sanêgara lênglêng bilêng kalênglêngan ||

17. malih ingkang kawuwusa | ing Ngajêrak nata dèwi | kang ngêdhaton nawa rêtna | Kusuma Ismayawati | lan putra Kuraisin | nalika cangkrama wau | nèng muara Suwăngsa | lan muara Jonggiraji | nutug suka-suka lan sawadyanira ||

18. kêrig sagung para raja | miwah mantri myang bupati | lan para putri sêdaya | makuwon pinggir pasisir | siniwèng pra nêrpati | munggèng pasanggrahan agung | ing muara Suwăngsa | prajane Raja Jaswadi | pan atusan palwa kang rinênggèng sotya ||

19. enjang sang putri kalihnya | siniwèng pinggir pasisir | wus tigang dalu sang rêtna | Ismayawati Kurèsin | lan sagung pra nêrpati | anitih baitanipun | apan arsa lêlumban | ngandika Ismayawati | mring kang putra sawêngi mau manira ||

20. tyas ingsun amêlang-mêlang | malah ing samêngko maksih | iya ing pangrasaningwang | sênig-sênig kêtir-kêtir | nanging kêtiring ati | kaya kêtir suka iku | dudu kêtiring susah | sun durung bisa ngarani | apa sira nini tan ana kêrasa ||

21. iya babo driyanira | kaya rasane tyas mami | kang putra alon turira | tan wontên kêraos galih | tan darbe kêtir-kêtir | kadya paduka jêng ibu | Rêtna Dèwi [...] | [...]li Raja Jaswadi | kang adarbe muara nêgri Suwăngsa ||

22. [...] praptèng ngarsa sang rêtna | ngandika Ismayawati | hèh [...]

--- 4: 321 ---

apa | ing sajroning têlung bêngi | muaranira mangkin | Jaswadi nêmbah umatur | gusti tan wontên paran | kang kapirsa kang kapyarsi | ing kagungan dalêm muara Suwăngsa ||

23. amêng kawula supêna | sawulan lamine gusti | katingal lêbêt supêna | kawula katiban sasi | kawula atur pèksi | ing gusti yèn kula antuk | wulan katur ing tuwan | nuntên paduka tampèni | inggih sampun kacêtha kagungan tuwan ||

24. nanging timbalan paduka | wulan kagadhuhkên malih | dèn bêcik Jaswadi sira | nuntên kawula tampèni | amung punika gusti | supêna amba pukulun | wau duk amiyarsa | Nata Dèwi Smayawati | mring ature Jaswadi Rajèng Suwăngsa ||

25. ana kêdhik lêjarira | tyasira Ismayawati | sigra numpak ing baita | lan kang putra Kuraisin | myang sagung putrining jin | malipir pinggiring laut | têdhuh riris limêngan | awor lan maruta midid | mudhik milir anggambuh alune prapta ||

68. Gambuh

1. kagèt wau duk dulu | ingkang gêndhaga mas kumbak kumbul | kêndhagane kinon mundhut mring sang putri | kêndhaga êmas katur |[10] ngarsane sang dèwi karo ||

2. gya kinèn buka gupuh | isi jabang yayi cah mancur |[11] nata dèwi angungun duk a[...][12] | ngandika mring putranipun | hèh Kuraisin ya mêngko ||

3. tinêmune tyasingpun[13] | baya iki kênyataanipun | [...] sênig-sênig sarta kêtir-kêtir | sang rêtna eram andulu [a...]

--- 4: 322 ---

[...ndulu] | kang jabang bayi kinaot ||

4. kang dulu kabèh ngungun | sapa baya kang darbe sunu |[14] pêkik têmên dene linabuh jêladri | mendah diwasane besuk | bagus tan ana winaot ||

5. cahyane mindha santun | iki baya pan putraning ratu | wingit têmên pasêmone bocah iki | ya ta na maruta niyup | manjing kêndhaga sumorot ||

6. prabawa gumaludhug | nulya ana suwara karungu | iya iki pinaringakên sirèki | lah gawenên putra kakung | apan têrahing kinaot ||

7. dene kang darbe sunu | lakinira pêpatutanipun | Kelaswara Rajaputri Kaelani | binuwang mring eyangipun | Sri Kelan Jêjali Katong ||

8. seda kunduran kang ibu |[15] putrane iku kang linabuh |[16] langkung suka Sang Dèwi Ismayawati | kang jabang bayi ingambung | dhuh ragane putraningong ||

9. mojor mring putranipun | Kuraisin iki pan kadangmu | sigra mingsir Sang Rêtna Ismayawati | kundur pasangrahanipun | siniwi ing para katong ||

10. pinarak rêtna prabu | sineba ing sagung kang pra ratu | samya mangu mulat ing pêkikirèki | cahya lir Jêng Nabi Yusup | duk memba saking kêdhaton ||

11. pinundhutkên inya wus | pinarêng ana garwaning ratu | kang nusoni Raja Miswan Jonggiraji | kang tinuduh êmbanipun | apan iya sami katong ||

12. Sri Jaswadi ranipun | ing Suwăngsa pan nêgaranipun | manjing êmban sinung nama jabang bayi | Radèn Iman namanipun [namani...]

--- 4: 323 ---

[...pun] | Raja Jaswadi kang among ||

13. lan malih parabipun | Sang Bakdingujaman aranipun | kêlawan Radèn Iman Banjaransari | lan Amiratmaja iku | Radèn Umi Kelan kaot ||

14. pêparab Abu Laut | lawan Iman Jonggiraji nêngguh | lawan Radèn Kusmara Akik Kusêrin | lan Radèn Ismayasunu | Krêndhakênaka kinaot ||

15. kunêng kang sampun tulus | nèng Ngajêrak gêntya kang winuwus | kang ngupaya ing musnane wayahnèki | nèng pagunungan anamur | amrih warta kang sayêktos ||

16. gone ing wayahipun | Rajèng Kaos pan dèrèng kêpangguh | dèrèng angsal pawarta ingkang sayêkti | dadya lamine Wong Agung | dènira ngruruh amomor ||

17. kunêng ganti winuwus | lampahira Sri Nusirwan Prabu | ingkang mêthuk busêkan têpining margi | suka praptane sang prabu | lajêng manjing jro kêdhaton ||

18. jroning pura gumuruh | sami nangisi dhatêng sang prabu | pramèswari suka ngluwari punagi | nyêbar udhik-udhikipun | dinar limang atus kanthong ||

19. putra katri lumêbu | lan ki patih wus praptèng kêdhatun | nutug dènnya onêng-onêngan prasami | pramèswari ngandika rum | hèh Baktak sira dèn kapok ||

20. sakèhe pênggawemu | sapisan durung nêmu rahayu | malah-malah mèh sok tombok lara pati | wirang isin ngundhung-undhung | patih tumungkul wotsinom ||

21. Nusirwan suka [su...]

--- 4: 324 ---

[...ka] tutur | duk amanggih papa kawlasayun | apadene antêpe dhokohe nguni | gulawênthah tai uyuh | kang putra Jayèngpalugon ||

22. lawan Sang Rajèng Mukub | kaliwat musakate wak ingsun | iya iku Sri Mukub mèlu mariki | lan Kăndhabuwana Prabu | kinèn ngatêrkên maring ngong ||

23. gya mêdal putra têlu | lawan Kyana Patih Baktak tumut | amanggihi têtami nèng păncaniti | putra katiga lon muwus | timbalane rama katong ||

24. padha walêsên iku | ing sèwu kamulyan dèn atuhu | lah pasrahna isine nêgri Mêdayin | singa-singa kang jinaluk | pasrahna aja na wangkot ||

25. mring kalih kakang prabu | Kăndhabumi kalawan ing Mukub | kula pasrah isine nagri Mêdayin | sumăngga karsa sang prabu | sampun sami walangatos ||

26. undhangna kakang prabu | Kăndhabumi kêlawan ing Mukub | undhangêna satriya mantri bupati | madhêp rêmbèk kulinipun | punapa sasukaning wong ||

27. brana kèh wanodya yu | lamun sênêng nuntêna pinundhut | samya dhêku nauri sang prabu kalih | inggih sakalangkung nuwun | dhawuh sihipun sang katong ||

28. tan kirang bêrkatipun | kangjêng raka paduka Wong Agung | amung mugi klilana budhal tumuli | yèn wus jangkêp pitung dalu | mugi kalilana bodhol ||

29. kula badhe anusul | inggih raka paduka Wong Agung | dhatêng nêgri ing Kusniya Malebari | radèn nuntên dika matur | mring rama

--- 4: 325 ---

dika sang katong ||

30. cinatur pitung dalu | kêlangkung dènnya asugun-sugun | tan cinatur kathahe ingkang pêparing | mangkat kêkalih sang prabu | saking Mêdayin wus bodhol ||

31. nglèr ngetan lampahipun | wong Kăndhabumi lawan wong Mukub | kang sinêdya mring Kusniya Malebari | gumuruh kang wadya agung | lir kocaking samodra rob ||

32. pangarsa Rajèng Mukub | angiras mênggalani ing laku | ya ta kunêng kang taksih sami lumaris | Wong Agung ingkang winuwus | solahe asmarèng ing don ||

69. Asmaradana

1. ngambah lêbak wukir-wukir | anasak ing wanapringga | kang kiwa kang têbih uwong | punika ingkang dèn ambah | Abunandir amisah | mindha Wong Agung bêburu | kapisah lan balanira ||

2. Kyana Patih Abunandir | anuntun turangganira | amarani rare angon | sênuk blêgêdaba bihal | ki patih tinakonan | bocah angon rubung-rubung | wontên rare tigang dasa ||

3. kyai dika wong ing pundi | dhatêng pundi kang sinêdya | Kyai Bunandir saure | sun iki uwong nêgara | ambêburu kêsasar | kapisah lan lurah ingsun | kang nama Ki Patih Bardas ||

4. rare angon anauri | dene ta Ki Patih Bardas | ing sabên dina parane | maring sukune ing arga | kayu trêmbalo ngrika | ki patih lêlaranipun | sabên dina pinilara ||

5. Abunandir muwus aris | apa gawene ki lurah | anyilibakên kancane |

--- 4: 326 ---

dene tan nganggo bêkala | rare angon angucap | kyai punapa tumênggung | punapa mantri kewala ||

6. ya ingsun mantrine patih | rare angon malih ngucap | ngriku ki patih sabêne | aniaya doracara | ratu liwat cinidra | yêkti kèh bandhanganipun | sapêngadêge nêrpatya ||

7. ratune mangkya ginodhi | nèng kayu trêmbalo ngrika | kawula wingi anonton | sawurine Patih Bardas | langkung kawêlas arsa | warnane anom abagus | ratu ing Kaos nêgara ||

8. dèn pêpati mring ki patih | tan sinung inum lan pangan | nanging yèn wanci têngange | pêksi bango buthak prapta | ambêkta pêpanganan | kadi ta botên alêsu | wau kalane miyarsa ||

9. Kyana Patih Abunandir | langkung gugup manahira | gêgancangan ing lampahe | wus prapta sukuning arga | Abunandir tumingal | kang dèn ugêr witing bulu | sigra mêrpêki tur sêmbah ||

10. kagèt duk wau ningali | Prabu Sayid Ibni Ngumar | alon wau pêndangune | lah sirèku wong punapa | apa dutaning mêngsah | kinèn matèni maringsun | age mara patènana ||

11. matur Patih Abunandir | gusti sampun salah cipta | pan kawula pêpatihe | eyang tuwan Maharaja | Malebari Kusniya | suwawi anggèr pukulun | abdine angluwarana ||

12. sigra Patih Abunandir | anarik pêdhang tinatas | sêkathahe têtaline | wus luwar ingkang

--- 4: 327 ---

sarira | sokur sang prabu jaka | Abunandir ngraup suku | mring Sang Prabu Ibni Ngumar ||

13. marêka ing eyang gusti | sinuhun Sultan Kuparman | punika kang kula dhèrèk | wontên lèr kilèn punika | nganti ngandhaping gurda | kumêpyur wau tyasipun | Prabu Sayid Ibni Ngumar ||

14. cumêplong raosing galih | ngaturan nitih turăngga | tan dangu prapta ênggone | kang eyang gupuh amapag | wayah têdhak sing kuda | ngabêkti ing eyangipun | kinêmpit mustakanira ||

15. Wong Agung ngandika aris | apa kang sun walêsêna | Bunandir antêpira kèh | muga olèha nugraha | wong karya kabêcikan | winalês tikêl sapuluh | sawarganira minulya ||

16. matur Patih Abunandir | pukulun kalinggamurda | ing sapangat kang kinaot | datan angraos kawula | amung ingkang sapangat | nglampahi ayahanipun | Sayidina Khabibullah ||

17. paduka Amir Mukminin | Amir Karbu Khabibullah | ngandika Jayèngpalugon | kayaparan budinira | turăngga iki kurang | Abunandir nêmbah matur | kawula dharat kewala ||

18. nanging kawula miyarsi | wêtawis pun Patih Bardas | prapta yèn wanci têngange | iya bêcik ingantènan | aja cidra ing lampah | nimbangi cidraning mungsuh | pan iku kurang utama ||

19. ya ta kasaput ing ratri | kang wau wus antuk kidang | sigra karya api age | wus dadya ambakar ulam | matêng lajêng dhinahar |

--- 4: 328 ---

munggèng sangandhaping kayu | sapojoke ing jêjurang ||

20. mangkana warnanên enjing | Kyana Patih Bardas prapta | cara manusa praptane | anitih turăngga pelag | wau sarêng tumingal | kayu trêmbalo wus suwung | kang dèn ugêr nora nana ||

21. kumêpyur tyasira patih | mulat ngidul ngulon ngetan | tan ana manusa katon | dene Wong Agung katiga | kalingan kayu gurda | uninga sasolahipun | ki patih tumurun sigra ||

22. sarwi angiling-ilingi | rantase godhi kêtara | tinatas pêdhang tilase | Patih Bardas julalatan | ingkang anèng sor gurda | Abunandir nêmbah matur | kawula ingkang maguta ||

23. Wong Agung ngandika aris | apa ta sira kuwawa | iku ditya mênawa bot | Bunandir nuwun amêksa | ngidèn gya nitih kuda | sikêp kêprabon prang pupuh | kamot wus munggèng turăngga ||

24. mêdal ing wuri kapering | kagèt Ki Apatih Bardas | gya nitih turăngga cemplo | mingêr sarwi atêtanya | wong ngêndi sira baya | nyolong mring lêlaraningsun | ya ingsun kang ngluwarana ||

25. ingsun Patih Abunandir | sira rêksasa sikara | apan iku gustiningong | Prabu Sayid Ibni Ngumar | Rajèng Kaos nêgara | pan wis ucul dening ingsun | payo prang măngsa mundura ||

70. Durma

1. Patih Bardas mara sarwi narik pêdhang | sirèku janma ngêndi | Abunandir ingwang | pêpatihe sang nata | ing Kusniya Malebari | Ki Patih Bardas |

--- 4: 329 ---

pamêdhange anitir ||

2. tinadhahan ing parise băndabaya | astane datan osik | murub katar-katar | ngantêp pamêdhangira | angling Patih Abunandir | sira wus utang | ingsun gênti anagih ||

3. ramening prang sami prawira digdaya | dangu ukih-ingukih | Abunandir sigra | ngayati narik pêdhang | ya ta sarêng aningali | Bardas aniba | jungkir malih rasêksi ||

4. rupa ditya anggêro arsa anyandhak | indha Patih Bunandir | anulya pinanah | marang Sang Kakungingrat | kêna jaja trusing gigir | pindhonên ingwang | ja tanggung dimèn mati ||

5. dyan Wong Agung rawuh sarwi angandika | nora kunu[17] mindhoni | sapisan kewala | pêsthi sira palastra | Patih Bardas amiyarsi | ujar mangkana | niba-niba pribadi ||

6. êndhasira binanting-banting ing sela | rêmuk polone mijil | Patih Bardas pêjah | kudanira prayoga | binandhang mring kyana patih | turangganira | sigra Patih Bunandir ||

7. kudanira Bunandir wus katur marang | Sang Prabu Ibni Sahid | saksana lumampah | anjujur wanapringga | lampahe Wong Agung sami | lami nèng marga | dalu rêrêp wanadri ||

8. sampun ngancik paminggiring Sidhangdhayang | praja tampingannèki | dene têbihira | sawulan saking praja | nama nêgri Sidhangcuri | gègèr puyêngan | kang ngili ngungsi wukir ||

9. salang-tunjang wong ngili akèh kêcandhak | wong ngili dèn patèni | wong wadon jinarah | ana ngungsi jro

--- 4: 330 ---

kutha | tinanya wong sami ngili | ingkang kapapag | marang Sang Jayèngmurti ||

10. Abunandir mêgati asru têtanya | apa marga sirèki | dene gugup padha | lumayu salang-tunjang | wong sawiji anauri | nagri manira | mangke kanggenan baris ||

11. sangêt rusuh amatèni anjêjarah | Sang Raja Kăndhabumi | wadyane sayuta | pitung kêthi prawira | ngêbroki ing Sidhangcuri | pan arsa marang | Kusniya Malebari ||

12. nanging lajêng ngêrayah sêngit miyarsa | jajahan liya nagri | Nabi Nuh agama | ingkang arsa rinusak | ngajak agama Ibrahim | langkung rêsahnya | prajurit Kăndhabumi ||

13. Raja Mukub pêngancur rêmên bêbahak | lajêng Wong Agung sami | praptèng nagri Sidhang | sampun pêpanggih samya | Rajèng Mukub Kăndhabumi | wus panggih samya | ngungun sinungan warti ||

14. baris agung saking Sidhangcuri budhal | gumuruh swaranèki | patih ing Kusniya | Bunandir munggèng kuda | wus angancik ing paminggir | tampinganira | Kusniya Malebari ||

15. kawarnaa Marmaya lan Sèh Purekan | sampun miyarsa warti | wontên baris prapta | Mukub Kăndhabuwana | saking nêgri ing Mêdayin | pan arsa marang | Kusniya Malebari ||

16. ambêbahak jajahan ingkang kaambah | wong Mukub Kăndhabumi | gusis praja ingkang | kaambah binoyongan | Umarmaya sampun manjing | lan Sèh Purekan | kêpanggih Jayèngmurti ||

17. miwah prabu jaka Sayid Ibni Ngumar | ngungun [ngu...]

--- 4: 331 ---

[...ngun] sokur ing Widi | budhal saha bala | Sèh Purekan umêsat | dhingini mring Malebari | lampahe prapta | lajêng matur ing gusti ||

18. maring Sang Sri Maharaja Bawadiman | yèn Wong Agung mèh prapti | ingkang ingulatan | wus kêpanggih kang wayah | nênggih Prabu Ibni Sahid | lan Arya Maktal | winartan langkung manis ||

71. Dhandhanggula

1. nagri Kusniya ing Malebari | abusêkan ingkang arsa mapag | mring Wong Agung ing rawuhe | mring jawi kitha sampun | sagung ingkang para nêrpati | kerid ing Arya Maktal | lampahnya wus pangguh | muji sokur ing Pangeran | sampun budhal praptèng pura Malebari | gumêr ing pasanggrahan ||

2. cinarita antaranirèki | wolung dina busananing praja | rinêngga ing lêlurunge | pagêlaran lun-alun | binusanan kêlangkung asri | heran kang sami mulat | lênglêng mangu-mangu | tan sampun yèn winuwusa | duk sêmana anuju dina sawiji | kêrik sagung pandhita ||

3. para ngulama suhada mukmin | dhatut[18] êsèh jurungi sêdaya | rajaputri paningkahe | tuwin kang para ratu | myang satriya mantri bupati | angèstrèning sêdaya | ing paningkahipun | rahadèn putra Jayusman | wus apanggih lawan Dèwi Kunmaryati | langkung gêng kang bawahan ||

4. tan cinatur rêroncèning kardi | ingkang para ibu sêdayanya | kang sami among pêngantèn | lulus dènira runtut | datan wontên sawiji-wiji | kunêng kang among

--- 4: 332 ---

suka | kasukan anutug | para raja sami suka | nèng Kusniya Malebari suka sami | sawadya garwa putra ||

5. kunêng ingkang kawuwusa malih | nênggih sira Raja Yablulawal | Dhayak Sêngari kuthane | enjing siniwèng wadu | aglar ingkang para dipati | tuwin ratu wêdana | manusa lêlêmbut | balane Sang Yablulawal | kagyat dening Patih Sidhangdhayang prapti | Kya Patih Dhayangunar ||

6. tinimbalan prapta atur bêkti | yèn nêgari Sidhangdhayang kontrag | putra paduka suwênge | pun Patih Bardas lampus | dening parangmuka kang prapti | jumrojog saking wuntat | praptane anambuh | Sang Raja Kaos nêgara | Ibni Ngumar wayahipun Jayèngmurti | pun Bardas mêthuk pêjah ||

7. lajêng dhatêng nêgri Malebari | wontên malih cundakaning mêngsah | pan sayuta prajurite | ing Kăndhabumi Prabu | praptanipun ambêbahaki | wong cilik tinumpêsan | dening Rajèng Mukub | pênganjur Kăndhabuwana | mangkya risak nêgri Sidhangdhayang Gusti | dening mêngsah kang liwat ||

8. duk miyarsa Sri Dhayak Sêngari | Yablulawal sangêt dukanira | têdhak jog marani age | gon Sri Kiswa Pangindrus | tigang wulan nèng guwanèki | prapta lajêng ambuka | ing wiwaranipun | kagèt sang minta nugraha | wungu marêk dening kang rama kaèksi | Sang Raja Yablulawal ||

9. ngadêg têngah pintu ngandika ris | ingkang putra anungkêmi pada | Sri Yablulawal wuwuse | wis luwara sutèngsun | pêsthi

--- 4: 333 ---

kêna kang sira suprih | dene sru brangtanira | kang katon dening sun | yêkti sirna Jayèngrana | sakathahe kasêktèn ngalam dunyèki | wus kawêngku ing sira ||

10. nadyan kutha nawarêtna benjing | ing Ngajêrak kêna dening sira | ujare iladunine | nêmbah Kiswa Pangindrus | kados-kados mêkatên ugi | ngling malih Yablulawal | ing saiki kulup | mungsuhmu wus ambêbahak | Sidhangdhayang rusak prajanira kaki | pêpatihira pêjah ||

11. ingkang siji Si Bardas wus mati | aprang lawan wong Kaos nêgara | wong Kăndhabumi praptane | lawan Sang Rajèng Mukub | praptanira ambêbahaki | kang kari patihira | wèh wêruh maringsun | sira Patih Dhayangunar | payo mulih pagunêman jroning puri | raja kalih asigra ||

12. Kiswa Pangindrus kêlangkung runtik | kadya kumukus mijil dahana | nênggih kang netra kalihe | sapraptaning kêdhatun | pan wus tata dhaharan sami | Sang Raja Yablulawal | lan Kiswa Pangindrus | nimbali pêpatihira | Dhayangunar Sri Yablulawal nimbali | Dabatil patihira ||

13. Dhayangunar lan Patih Dabatil | praptèng pura ngarsane gustinya | nênggih sang prabu kalihe | Dhayangunar umatur | tiwasipun têngga nêgari | Pangindrus lon ngandika | ja susah atimu | ingsun ingkang malês benjang | sun gêcêke ing Kusniya Malebari | yaiku tuking ala ||

14. Yablulawal ngandika mring patih | hèh Dabatil sira undhangana | kancanira sarupane | samêkta ing prang

--- 4: 334 ---

pupuh | ingsun arsa anggitik nagri | Malebari Kusniya | Bawadiman Prabu | minta sraya wong Kuparman | malah mangko nèng Kusniya Malebari | Sultan Agung Kuparman ||

15. ngandêlakên yèn rijaling bumi | măngsa ana ingkang ngalahêna | wong Kuparman ing pêrange | sugih bala pra ratu | prajurite kadi jêladri | jêr durung mêmungsuhan | iya lawan ingsun | Yablulawal Natèng Dhayak | ratu moncol nèng bumi datanpa tandhing | iki Si Yablulawal ||

16. sira dhewe lumakua patih | nonjo[19] layang marang ing Kusniya | ngandêlakên ing besane | Si Bawadiman Prabu | bangêt mêjanani ngilani | nêgara Sidhangdhayang | nora katon ratu | sênadyan nêgara Dhayak | nora ana ratune mung bocah cilik | amung nagri Kusniya ||

17. goning ratu kang ngêrèh para ji | adoh-adoh ingkang pinèt besan | putrine dèn sorohake | iya nora dèn ingus | ingkang duwe sêngkêran lami | ratu ing Sidhangdhayang | Si Kiswa Pangindrus | têgêse ingkang atuwa | dèn lilani măngsa mêcahêna ranti | wong Dhayak bêrkasakan ||

18. ngandêlakên sugih lamyakunil | sugih kulhu panulak prang Dhayak | wong Sidhangdhayang tulake | sapa wêdi ing kulhu | sapa wêdi ing lamyakunil | wong Dhayak sêki[20] kawak | prawirane turun | măngsa dadak kasorana | tandhing aprang lawan Si Surayèng Bumi | srayane wong Kusniya ||

--- 4: 335 ---

19. atur sêmbah Kya Patih Dabatil | wus pinaringan srat sigra mêsat | napag gêgana lampahe | wuri otêr gumuruh | pra dipati anata baris | pêpatih Sidhangdhayang | Dhayangunar mantuk | kinon siyaga ngayuda | ratunira maksih nèng Dhayak Sêngari | tut wuri Rajèng Dhayak ||

72. Pangkur

1. kunêng malih kawuwusa | ingkang wontên Kusniya Malebari | lan sawadya para ratu | Risang Surayèng Jagad | apan lagya kasukan amung sadumuk | dèrèng tutug sukanira | kalangan wontên prihatin ||

2. langkung saking gênge susah | mêdhotakên driya katiban wukir | baya sampun janjinipun | sakèhing khabibullah | ing têgêse para kêkasih Hyang Agung | kalane maksih nèng dunya | sinungan pangkat kêkalih ||

3. sawiji pangkat kawiryan | kawibawan siji pangkat prihatin | yaiku nugraha tuhu | saking Hyang Maha Mulya | yèn amunga wibawa bae panglulu | yèn amung luhur kewala | nora sor nora prihatin ||

4. têgêse ingkang mangkana | tan kinarsakakên mulya sayêkti | kang kinarya mulya tuhu | sinung mulya lan susah | sinandhangkên kawiryan prihatinipun | liring pêpancèn rinêksa | kamulyan sajroning pati ||

5. lawan êmpaning sasmita | kang linabêtakên ing wuri-wuri | lamun tan mêngkono iku | yêkti tan linabêtan | pan cinurês iku ing sapungkuripun | wus [wu...]

--- 4: 336 ---

[...s] pinêsthi ing dalêm nas | tan kêna pinikir malih ||

6. wontên abdi atur priksa | saking Kelan dhatêng ing Malebari | yèn kang garwa sedanipun | Kelaswara kunduran | jabang bayi linabuh mring eyangipun | winadhahan kêndhaga mas | binucal têlêng jêladri ||

7. mangke kang rama ing Kelan | èstu murtad Raja Kelanjêjali | winalik imane tuhu | pêcat sami sêkala | pan tinutup marang kabêcikan iku | wau kalane miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi ||

8. sakêthi rêntênging driya | wus kawarta wau sajroning puri | sêdaya kang para maru | Sudarawêrti lawan | Sirtupilaèli anangisi asru | Kisbandi mêntas pêputra | ririh dènnya ngampêt tangis ||

9. atmajane mijil priya | sinung parab Radèn Hasim Kuwari | ya Ambyah Kuwari bagus | mèh sami lawan kang raka |[21] cinarita nênggih kala babaripun | Rahadèn Bakdi Ngujaman | Radèn Iman Karnaèni ||

10. yêkti sarêng ukêlira | kang carita lampah kinarya gênti | wau kang tangis gumrumung | jroning pura Kusniya | wus misuwur garwane kang para ratu | myang garwane para putra | sêdaya manjing jro puri ||

11. Tasikwulan Ambarsirat | Manilungid[22] lan Dèwi Joharmanik | praptèng pura anglud muwun | akathah kang kêrasa | kadya guntur ingkang tangis bantu-bantu | Wong Agung rêbah kantaka | kantaka pitulas wêngi ||

12. sarira kaku sêdaya | tobat mring Hyang wau kalane eling | kêlantur

--- 4: 337 ---

atêmah junun | seda sajroning gêsang | kadya pêjah sajroning pitulas dalu | wuyungan wong sanêgara | ing Kusniya Malebari ||

13. sira Prabu Bawadiman | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | katri nèng jroning kêdhatun | sirêp ing pitung dina | ingkang tangis kèndêl kacandhak ing rêmbug | wondene ingkang rinêmbag | murtade Kelanjêjali ||

14. gya kêsaru praptanira | Radèn Wahas saking nêgri Mêdayin | cara druwis praptanipun | bêkta sabat sêkawan | pan ingutus mring kang rama Betaljêmur | kinèn mangsit Arya Maktal | lan Dipati Guritwêsi ||

15. lajêng tumamèng jro pura | wus apanggih lawan satriya kalih | katri Bawadiman Prabu | samya arêrangkulan | salamipun kyai bapa Betaljêmur | lan maringakên wirayat | pinêca ing nguni-uni ||

16. yèn nêgari ing Kusniya | Malebari cinêtha nguni-uni | kanggenan prajurit luhung | ing mangke kêlampahan | nanging iya ing kono sarwi tinêmu | kasukan lan kasusahan | pêpanggile janma luwih ||

17. aja na kurang mujadah | dèn narima ing têkdir nora gingsir | prakara akèh ing pungkur | tur ta awrat ing wuntat | aja nganti kang kantu pitulas dalu | gonira angubêngêna | pratingkah ingkang prayogi ||

18. Marmaya atur uninga | angaturi sang putri Parangakik | para garwa kalih rawuh | katri Marpinjun prapta | amung putri Kuwari têngga Wong Agung | munggèng ing panti mutyara | wau

--- 4: 338 ---

ta sang putri katri ||

19. jinarwan ingkang pitungkas | saking Ki Sèh Betaljêmur wêwadi | putri Parangakik muwus | hèh ta kakang dipatya | yayi êmas Parangteja pikir iku | êndi patut linampahan | supaya dadia gampil ||

20. yèn mungguh pikir manira | ingkang katon ingsun lakoni dhingin | kakang sapa wêruh besuk | dene kang wus têtela | Raja Kelan murtad pantês dadi laku | yèn iku anaa karya | nora wurung ngrêregoni ||

21. iya nêgara ing Kelan | yêkti dadi pakewuh angewuhi | Bawadiman nêmbah matur | lêrês kangjêng ratu mas | Rajèng Dhayak lan Sidhangdhayang pukulun | kawarti sampun siyaga | badhe anggêcak mariki ||

22. ya yayi mungguh manira | nêkiyari nging aja sêpi wuri | patut iku kang lumaku | yayi mas Parangteja | kuciwane ing wuri cotho ing rêmbug | yayi mas kakang dipatya | yèn pinuju sira kalih ||

23. yayi prabu ing Yujana | Kewusnendar kang bakal ingsun tuding | ngêriga sabalanipun | lan sun kanthèni putra | putraningsun Banarungsid ingsun tuduh | sêparo kang dèn gawaa | para ratu ing Sêrandil ||

24. lan Si Kaladini Raja | Rajèng Indi sugih bala prajurit | dene têtindhihing laku | Si Raja Darundiya | momongane ngiras dadia têtunggul | Rustamaji putraningwang | minăngka gugating pati ||

25. ing sirnane kadangira | jabang bayi kang linabuh jêladri [jêla...]

--- 4: 339 ---

[...dri] | yèn ora olèha saur | sirnane kadangira | Kewusnendar kang mocoka murdanipun | Ratu Kelan ingkang murtad | yêkti nora durakani ||

26. kêlawan Si Darundiya | sun ajani nyêngkalak ratu mungkir | anigasa murdanipun | Kelanjêjali ika | nadyan ratu pinisêpuh marasêpuh | wong murtad pantês dadia | pangewan-ewaning pati ||

27. sirêp kabèh tanpa ngucap | pasamuan tan ana kang cêmuwit | kaluhuran sêbdanipun | Rêtna Dèwi Sudara | mung ewuhe tyasira Rêtna Marpinjun | dene timure kang putra | tinuduh amangun jurit ||

28. nanging ajrih naurana | pangrèhira Dèwi Sudarawêrti | dadya pasrah ing Hyang Agung | iya măngsa bodhoa | jêr ibune kang nuduh prajurit punjul | dadya jumurung sêdaya | satriya ing Ngalabani ||

29. parentah mring Umarmadya | kinèn inggal ngundhangi kang para ji | ingkang tinuduh anglurug | mukul nagri ing Kelan | Kewusnendar Senapati ing prang pupuh | lawan Raja Darundiya | kang măngka rêtnaning baris ||

30. nênggih Radèn putra Rustam | wus saningga prajurit amiranti | datan kawarna ing dalu | enjing nêmbang têngara | tri gumuruh budhal kang bala pênganjur | Sang Raja Suratisdaham | wuri Radèn Banarungsit ||

31. Radèn Rustam pinaringan | mring kang ibu sang putri Parangakik | turăngga pun paras arum | lan prajurit pêngayap | kawan kêthi kalih [ka...]

--- 4: 340 ---

[...lih] lêksa tri gumuruh | sumêdya mati ing papan | prajuriting Parangakik ||

32. wêtara têlulas yuta | baris ingkang mukul ing Kaelani | ing marga datan winuwus | prapta nêgari Kelan | Kewusnendar parentah ing wadya agung | tumpêsên aja angetang | wong nagri Kelan puniki ||

33. wajib tinatrap siasat | ratu murtad angluwihi wong kapir | dyan tumandang kang wadya gung | gègèr desa tampingan | Patih Kelan Gajahbihêr asung wêruh | yèn dêdamêl agêng prapta | arsa mukul paduka ji ||

34. senapati kang lumampah | Kewusnendar lawan Sang Rajèng Bangid | kang minăngka jimat tunggul | rahadèn putra Rustam | putra Ambyah patutanira Marpinjun | Kewusnendar ingkang sagah | anyêpêng ing paduka ji ||

35. duk miyarsa Rajèng Kelan | angandika paran pikirirèki | pan ingsun kaburu nêpsu | mêngko paran rèhira | Kyana Patih Gajahbihêr nêmbah matur | kawula jrih nanggulanga | Kewusnendar ing ajurit ||

36. miwah Raja Darundiya | kawula jrih ratu galak ing jurit | trah Ngalabani prang ampuh | sintên purun nanggulang | Rajaputra Rustamaji praptanipun | anggugat sedaning kadang | kang tuwan labuh jêladri ||

37. dèrèng tutug gunêmira | pan kêsaru gumrah gègèring jawi | praptane baris pênganjur | lajêng anggêpuk kutha | sira Raja Suratisdaham pênganjur | miwah Rajaputra Selan | Banarungsid nêpsu ngukih ||

38. sampun madung

--- 4: 341 ---

lawang kutha | lawang kidul wetan kang dèn bêdhahi | Raja Kelanjali gupuh | lolos saking ing pura | mêdal ngilèn angungsi ing siratmadu | makamira ingkang putra | wadyanipun kocar-kacir ||

39. bubar mawur mawurahan | pra dipati sami nusul mring wukir | ing sudama siratmadu | gusis punggawèng Kelan | kuthanira wus bêdhah sakèthèng rubuh | wadya gung manjing sêdaya | anulya sami abaris ||

40. yèn lolos Sang Rajèng Kelan | Prabu Kewusnendar ngirid prajurit | angêpung ing siratmadu | miwah Sri Darundiya | wadya Bangid Yujana umangsah ambyuk | sami ngrangsang munggah ngarga | gumulung kang pra dipati ||

41. dharat ngunggahi aldaka | Kewusnendar têdhak saking turanggi | ngawaki angrangsang gunung | sirat madu kinggahan | Rajèng Kelan kamirurusên angungun | polahe kang kaluputan | marêngi praptaning têkdir ||

42. pan ingulu napasira | Rajèng Kelan duk sêmana ngêmasi | Patih Gajahbihêr sampun | mêdhun asrah bongkokan | atur priksa yèn wus seda ratunipun | Kewusnendar wus parentah | ratune kinèn mangsuli ||

43. tabêlanên ratunira | sun gawane Kusniya Malebari | Patih Gajahbihêr sampun | ratune tinabêla | wus binêkta mudhun maring kutha gupuh | Kewusnendar wus utusan | tur priksa mring Malebari ||

44. yèn kêcandhak Rajèng Kelan | duta mêsat ing wuri marentahi | mring patih jarahi sampun | rajabrana [ra...]

--- 4: 342 ---

[...jabrana] ngaturan | Radèn Rustam makuwon nèng sitiluhur | rumat kang rakit jarahan | sigra budhal gunging baris ||

45. kêmba datan manggih aprang | Rajèng Kelan praptane wus ngêmasi | binêkta bandhusanipun | Gajahbihêr sakeca | kang ngayumi wadya ing Kelan sêdarum | pra dipati wus binêkta | gambuh maring Malebari ||

73. Gambuh

1. anèng marga kapêthuk | ing wangsulira utusanipun | lan ambêkta parentah milane aglis | Rajèng Kelan layonipun | tabêlane kinèn nglaboh ||

2. buwangên samodra gung | Sudarawêrti parentahipun | wus linabuh layone Kelanjêjali | wus lajêng kang baris agung | wong pura kabèh binoyong ||

3. datan kawarnèng ênu | lampahe Radèn Rustam sinêru | Kewusnendar lawan Sang Aprabu Bangid | tuwin sagung para ratu | ingkang sami saking andon ||

4. enjing ing praptanipun | sêdaya wadyane kang pra ratu | manjing kitha ing Kusniya Malebari | wadya kang kari kèh mêthuk | lajêng tumamèng kêdhaton ||

5. wus panggih lan kang ibu | Sudarawêrti lawan Marpinjun | mèsêm angling Kusuma Sudarawêrti | ingsun jajal sira kulun[23] | pinarêng nora kapêrgok ||

6. mungsuh kang wani magut | têka anuju apês kang mungsuh | besuk maning yèn ana bêgjane buri | mèsêm Sang Rêtna Marpinjun | andêlêna yèn mêngkono ||

7. mendah yayi sirèku | dadya lanang bumi ki kinêlun [kinê...]

--- 4: 343 ---

[...lun] | soring langit kabèh iki dèn dhèwèki | yayi Sudara sirèku | eman têmên dadi wadon ||

8. anake isih kuncup | ya tinuduh anggitik praja gung | katujune mungsuhe apêsing jurit | ingsun liwat kêpyur-kêpyur | tyas ingsun tan ana ing jro ||

9. Sudarawêrti matur | kangbok sagung prakawis puniku | kang parentah sayêkti kang duwe tanting | măngsa kênia puniku | angluwihi saking bobot ||

10. Rajèng Kelan puniku | murtan[24] duraka maring Hyang Agung | pêpêdhotan măngsa ngobahêna têki | binocahan bae cukup | wong dosa maring Hyang Manon ||

11. putune kang linabuh | Si Rustam iku pantês kang ngukum | wong wus utang singa-singa kang anagih | tinagiha bocah kuncung | măngsa ta wurunga asok ||

12. kêsaru lêbêtipun | wong Parangteja sarwi umatur | ngaturakên Kewusnendar antuknèki | boyongane patang èwu | ingkang awarni wong wadon ||

13. lawan panungkulipun | bala ing Kelan kangpara ratu | pra dipati pêpatihe kang ngayumi | salêksa punggawanipun | patang atus para katong ||

14. sakêthi mantrinipun | wong patang yuta cacah rinipun | angandika Rajaputri Parangakik | wong wadon kang têlung èwu | yayi lêbokna kêdhaton ||

15. paringna ingkang sèwu | Si Kewusnendar konên andundum | pra dipati para Ratu Kaelani | gantungên ana [a...]

--- 4: 344 ---

[...na] sirèku | patihe maksiha among ||

16. dene rajabranèku | saduman bae manjing kêdhatun | kang rong duman Kewusnendar konên bagi | Arya Maktal awotsantun | mijil saking jro kêdhaton ||

17. pinarentahan sampun | lêstari kabèh pangêdumipun | wadya Kelan nunggal bala Ngalabani | tan owah ing tatanipun | dènira sami makuwon ||

18. kunêng ta kang winuwus | wus jangkêp mangkya pitulas dalu | kantakane Wong Agung Surayèng Bumi | wungu pungun-pungun ngungun | tingkahe kang wus kêlakon ||

19. kabèh pra garwanipun | samya ngadhêp anèng ngarsanipun | katur kabèh lakone nagri Kelani | mèsêm sukane kêlangkung | Wong Agung Jayèngpalugon ||

20. ing titah wus pinupus | jabang bayi linabuh yangipun | wus mangkana Wong Agung Surayèng Bumi | arsa tinangkil wadya gung | ing pratingkah nêmbang sinom ||

74. Sinom

1. wus kadya kêdhatonira | nèng Kusniya Malebari | Wong Agung Surayèng Jagad | ing dina Soma tinangkil | aglar kang pra nêrpati | para dipati supênuh | punggawa ulubalang | satriya mantri bupati | ambêlabar kadya wutahing samodra ||

2. Wong Agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi | katiga Sri Bawadiman | kang munggèng ngarsa tan têbih | para putra nambungi | Radèn Jayusman sumambung | nulya Rahadèn Ruslan | lawan Radèn Rustamaji | Radèn Hasim [Ha...]

--- 4: 345 ---

[...sim] Kuwari kang timur pisan ||

3. para ratu kang pangarsa | Natèng Kohkarib nambungi | lan sri bupati ing Selan | Lamdahur ingkang nambungi | lawan Rajèng Yunani | Rajèng Kebar lawan ing Rum | Kênahan Rajèng Kangkan | Ngindi Raja Kaladini | ing Ngabêsi Raja Sadat Kadarisman ||

4. Rajèng Bangid Darundiya | Suratisdaham Surati | Raja Sampir Ibni Buldan | narendra ing Kăndhabumi | Rajèng Kemar Kuwari | ing Yujana kang sumambung | Nêrpati Kewusnendar | ing Miskat Sakirdan Ali | Raja Mikrat sira sang raja ing Miskat ||

5. Pirkori Raja Sarsaban | kang umur nêm atus warsi | Pundriyan Raja Sapardan | Sarwal Raja Pusanggarim | Raja Dêbruni Dêmis | Raja Kunawar lan Kuljum | Nêrpati Ngambarsirat | Kirmani Kedah Biraji | kang ambanjêng ratu kêmbar kawandasa ||

6. banjêng para rajaputra | Nêrpati Kaos Pangirid | sira Sayid Ibni Ngumar | Ibni Jarah Maktalsiwi | Marsandi lan Mardani | Marmaya ingkang sêsunu | Rajaputra Marjaman | Raja Kohkarib kang siwi | Radèn Sirat Mardanus putra ing Yunan ||

7. Banarungsid putra Kelan | lan ari Radèn Pirngadi | Suptandar putra ing Kebar | Radèn Kiswarin Diswarin | Rajaputra Ngrum kalih | Radèn Kodrat Samadikun | lawan Samardikaran | Rajaputra Sarkab Turki | Kaharkusmèn atmajane Kewusnendar ||

8. kathah lamun cinatura | ingkang para rajasiwi | sêdaya sampun prawira [pra...]

--- 4: 346 ---

[...wira] | tate amungkasi kardi | kadya puspita giri | ingkang para rajasunu | tuwin kang para nata | wus datan kêna winilis | kadya laut ing măngsa kapat rèh pasang ||

9. eca dènnya siniwaka | Wong Agung Surayèng Bumi | samudanèng para raja | dhaharan ing păncaniti | larih mayêng para ji | hèr mawar ngungsir nguswa rum | wuwusên dutèng Dhayak | sira Ki Patih Dabatil | niyup saking gêgana tanpa larapan ||

10. mangsah nunggil para raja | wurine rada kapering | ngadêg sarwi alendheyan | wijoan Rajèng Yunani | cingak sagung ningali | wau Sang Prabu Tamtanus | astanira kang kanan | mêntas anampani larih | ingkang kiwa anêpak êndhasing duta ||

11. tinêpak-têpak garonjal | ratu kang samya udani | tan ana wruh wong kadohan | nyana abdine Yunani | tan ana graitani | mêngkono pratingkahipun | dènira ngêmpit surat | gêmluwèh tan pati taklim | dene têka jujuge Sang Rajèng Yunan ||

12. tan pantês dutaning raja | nora tajêm ulat liring | pinêtêk-pêtêk garonjal | duka Sang Rajèng Yunani | pinidih jangganèki | tinapuk ing gêlas sumyur | ngadêg Sang Rajèng Kebar | rinêbut saking ing wuri | surat kêna Patih Dhayak arsa mêdal ||

13. cinandhak astane kêna | rinangkus tan bisa osik | binêkta marang ngayunan | ngungun kang para nêrpati | Prabu Tamtanus angling | wong

--- 4: 347 ---

ing ngêndi tambung laku | mamak ing parikrama | umatur Patih Dabatil | pan kawula dutane Sang Rajèng Dhayak ||

14. Sang Aprabu Yablulawal | kula pun Patih Dabatil | inguculakên sêksana | pagene amurang niti | apa ratuning anjing | tan ana tatakramamu | sigra sumambung raja | ing Kusniya Malebari | kakang prabu yèn punika Patih Dhayak ||

15. sampun tatane punika | tanpa krama rèh tan yukti | tur nagri agêng kalintang | jajahan nêgari wukir | manusa kang sêpalih | wadya sêpalih lêlêmbut | balane kang manusa | warnane sami jênggigis | kinèn linggih Patih Dabatil wus lênggah ||

16. nèng wurine Umarmaya | kang sêrat katur ing gusti | Wong Agung Surayèng Jagad | mèsêm dènira nampani | sêrat sinungkên aglis | kinèn maos Marmayèku | ngadêg ambuka sêrat | têmbaga rinaja wêrdi | duk winaos amucung ukaranira ||

75. Pocung

1. layang ingsun ing Dhayak Sêngari Prabu | Raja Yablulawal | ratu prawira ngajurit | kang sinêmbah para ratu ulubalang ||

2. dhumawuha marang Bawadiman Prabu | pagene ta sira | mêjanani angilani | Yablulawal pan ora katon manusa ||

3. sutaningsun Ki Prabu Kiswa Pangindrus | nyêngkêr anakira | iya Dèwi Kunmaryati | dadak sira lakèkakên lan wong liya ||

4. sira iku amèk sraya ratu agung | soroh anakira | wong Kuparman iku prapti | ngandêlakên balane

--- 4: 348 ---

kadi samodra ||

5. kaya alun sugih bala para ratu | iku Bawadiman | putrimu aturna aglis | sun têmokne lan Ki Prabu Sidhangdhayang ||

6. Si Pangindrus lawase pacanganipun | lan Si Kakungingrat | ajakên nungkul mring mami | lamun nora mangkono hèh Bawadiman ||

7. ingsun pemut wuwuhana sêrayamu | patang mono êngkas | ing Kusniya Malebari | tugurana kabèh ratu ngalam dunya ||

8. nora wurung iya sun dadèkkên awu | dadi karang jingga | ing Kusniya Malebari | pan wus pasthi rusak saking astaningwang ||

9. sira iku Bawadiman pêsthi ngrungu | kasêntikaningwang | ratu wudhu tanpa tandhing | ratu moncol ing jagad Si Yablulawal ||

10. lêlarènmu jêrokna jêmbarna iku | lawan agawea | iya kapurancang wêsi | balowartinira sundhula ing mega ||

11. nora wurung kuthanira ingsun gêmpur | surat titi tamat | mèsêm kang sami miyarsi | dyan Wong Agung akèn mring kang raka Ngabas ||

12. kinarya wus dadya kang sêrat sul-angsul | pinaringkên sigra | nampani Patih Dabatil | mêdal saking tarub praptèng jawi mêsat ||

13. sigra mabur napak wiyat nyamut-nyamut | ebat kang tumingal | wong dhapure kaya anjing | Patih Dhayak bisa napak jumantara ||

14. tan winuwus apatih ing lampahipun | praptèng nagri Dhayak | surate katur ing gusti | angsul-angsul saking nêgari Kusniya ||

15. binuka wus marang Yablulawal Prabu | pèngêt [pè...]

--- 4: 349 ---

[...ngêt] surat ingwang | Wong Agung Surayèng Bumi | kang nglêlana saking Kuparman nêgara ||

16. ingkang mêngku pira-pira para ratu | dhawuha mring sira | Sang Prabu Dhayak Sêngari | wruhanira sira iki kirim layang ||

17. pan kaliru sira marang yayi prabu | dêduka mring sira | ing Kusniya Malebari | apan ingsun kang mundhut putrining raja ||

18. têgêsipun anjarag karya nêpsumu | payo kapan sira | pragola angadu sêkti | apa têka apa lumaku tinêkan ||

19. dèrèng tutug kang sêrat pêmaosipun | Raja Yablulawal | kang sêrat sinêbit-sêbit | langkung duka akèn anêmbang têngara ||

20. para ratu kang amăncaprajanipun | kinêrigan samya | wus lami praptanirèki | samêktèng prang balanira Yablulawal ||

21. patihipun Dabatil alon umatur | gusti sampun inggal | luhung paduka nyuruhi | minta sraya kang prayoga sugih bala ||

22. yèn ngamungna gusti sawadya pukulun | langkung saking nistha | kali anêmpuh jêladri | tanpa ngrasa amungsuh Sultan Kuparman ||

23. Rajèng Kulub Raja Kalbujèr pukulun | tuwan suruhana | sugih bala tur prajurit | sami kopar sayêkti dhangan kewala ||

24. pan ginugu kyana patih aturipun | sira lumakua | angaturi para aji | ingkang padha prakoswa asugih bala ||

25. tan kawuwus Patih Dabatil wus laju | gênti winurcita | ing Kusniya Malebari | pan Wong Agung pakumpulan parêmbagan [parêmba...]

--- 4: 350 ---

[...gan] ||

26. aturipun Bawadiman Sang Aprabu | gusti yèn sêmbada | mêngsah ingantos dhatêngi | sampun tuwan nglurugi nêgari Dhayak ||

27. papanipun angèl awis bêras pantun | ratune gêmblungan | jajal lanat ambêk eblis | arang aprang agung akarya kiyanat ||

28. kêmatipun panêluhan andêlipun | kêjawi punika | mintasraya ratu malih | yêkti wontên linadenan aprang papak ||

29. malihipun rayi paduka kajangkung | pun kakang pijajar | Radèn Wahas uni prapti | mangsit dhatêng pun kakang ing Parangteja ||

30. mangkenipun wontên pulo Barjah nêkung | nêpi mung sêdasa | sabat sami caradruwis | kadya ngical angkate saking nêgara ||

31. kang sinamun tingkahe Rajèng Mêdayun | kagèt duk miyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | tanya marang Arya Maktal atur sêmbah ||

32. kabèh katur Radèn Wahas wangsitipun | ngandika mring raja | ing Kusniya Malebari | yayi prabu êndi papan kang prayoga ||

33. ingkang patut kinarya amêthuk mungsuh | yudane wong Dhayak | jabane kutha kang radin | nêmbah matur sira Prabu Bawadiman ||

34. Ngambarsimun jawi kitha lèpèn agung | ara-ara jêmbar | aradin sitine wêdhi | wiyaripun wontên lampahan sasiyang ||

35. ngandika rum Wong Agung mring para ratu | padha akaryaa | pakuwon ingkang prayogi | bêcikana badhe papaning ayuda ||

36. apan ingsun yayi prabu arsa ngujung [ngu...]

--- 4: 351 ---

[...jung] | marang pulo Barjah | wus alami kajat mami | angurmati ing astana Nabi Adam ||

37. lawan ingsun amanggihi ariningsun | yayi Wahas ika | kang lunga namur anêpi | kang manêkung anèng wukir pulo Barjah ||

38. apan sampun sampurna kabèh kang rêmbug | sagung para nata | mring Ngambarsimun angrakit | pan Wong Agung anamur ing pulo Barjah ||

39. wus atêmu lan atmaja Betaljêmur | sira Radèn Wahas | apan sarwi abêbisik | angêlayu pratingkah kang winangsitan ||

40. wêlingipun ingkang paman Betaljêmur | Wong Agung santosa | narima titahing Widi | kacathêtan rèhing guru tan kawuntat ||

76. Pangkur

1. kunêng malih kawurcita | Rajèng Dhayak srayane akèh prapti | ing Kaliyah Raja Kulkul | bala tanpa wilangan | lan Narendra Kalbujèr Sang Rajèng Kulub | asugih bala narendra | Ratu Wudhu ing ajurit ||

2. dêdêg satus kalih dasa | êgas prapta nagri Dhayak Sêngari | budhal kang wadya pênganjur | Sang Prabu Sidhangdhayang | murwèng karya kudu ginawe pênganjur | anglir prahara ru-ara | budhale sagunging baris ||

3. wahana awarna-warna | tri gumuruh kadya gunung ngêbêki | wana kang tinêrak gêmpur | atêmah ara-ara | tan winarna laminira nèng dêlangkung[25] | sampun angambah jajahan | ing Kusniya Malebari ||

4. gègèr sami ngungsi kutha | kang dèn bahak dèn jarah dèn boyongi [bo...]

--- 4: 352 ---

[...yongi] | mantri tampingan kasusu | atur uningèng kitha | Patih Abunandir ingaturan sampun | praptane kang mungsuh Dhayak | wus anèng desa paminggir ||

5. katur Prabu Bawadiman | lajêng katur Wong Agung Ngalabani | parentah ing para ratu | angirabakên bala | mijil saking kitha tata Ngambarsimun | mêngsah prapta mêrpêk kitha | wadya ing Dhayak Sêngari ||

6. makuwon ing trigusurat | pojokipun wetan dèn pakuwoni | ngara-ara Ngambarsimun | sami ngidak pinggiran | kidul wetan barise mêngsah anglajur | lèr kilèn baris Kusniya | wadya Kuparman ngêbêkli[26] ||

7. kang ngujung nèng pulo Barjah | ingaturan uninga mêngsah prapti | Wong Agung anulya kundur | praptèng kitha saningga | saha bala mijil maring Ngambarsimun | tan kari Sri Bawadiman | radèn putra têngga puri ||

8. lan para ibu sêdaya | sih-sinihan lan Dèwi Kummaryati[27] | wau ta ingkang winuwus | mêngsahe pan tumingal | dene gunge pakuwon Ngarab ngêndhanu | wadya jro eram tumingal | gunge mêngsah angêbêki ||

9. dèn anti sarumatira | pakuwone wusnya kawan dasa ri | Wong Agung kêkirab sampun | miyosi ing ayuda | têngara tri kadya rèh guntur-gumuntur | wadya mêngsah amiyarsa | nimbangi têngara nitir ||

10. wus mijil mungsuh lan rewang | baris kubêng kapang kalangan asri | nèng wijoan palowanu | Risang Surayèng Jagad | glaring ngarsa prajurit kang para ratu |

--- 4: 353 ---

Wong Agung ing Parangteja | lan Dipati Guritwêsi ||

11. katri Raja Bawadiman | datan têbih Sri Yablulawal mijil | lawan Sang Aprabu Kulkul | narendra ing Kaliyah | Sri Narendra Kalbujèr Sang Rajèng Kulub | lan prajurit para nata | sêdaya mijil ngajurit ||

12. sira Raja Yablulawal | titihane bakarlès angajrihi | sirah macan awak lêmbu | ngiglag munggèng matêngga | sira Raja Kalbujèr Sang Rajèng Kulub | praptèng ing papan tumingal | kang mêngsah kadya jêladri ||

13. amanggung munggèng wahana | Rajèng Kulub angatag kang prajurit | nama Raja Jabarkamus | Kosar kêdhatonira | lah cacakên yudane Si Arab iku | ingong arsa ngawruhana | Raja Kosar awotsari ||

14. mangsah anitih turăngga | sira Raja Jabarkamus ngajrihi | amandhi gadanira gung | praptèng papan sêsumbar | mêtonana wong Arab saparsa lampus | iki ratu kinuwasa | aja na sêdya ngunduri ||

77. Durma

1. kadya guntur surak Dhayak Sidhangdhayang | Kulkul Kaliyah atri | wau duk miyarsa | Kyana Patih Kusniya | nêmbah Kya Patih Bunandir | ingidèn mangsah | nitih turăngga jênggi ||

2. kadya nêngkêr triloka surak wadya Rab | kang yuda wus apanggih | pan ayun-ayunan | Jabarkamus têtanya | sapa aranmu prajurit | nauri sugal | ingsun Patih Bunandir ||

3. pêpatihe Mahaprabu Bawadiman | Kusniya Malebari | iya

--- 4: 354 ---

balik sira | lanat sapa ranira | ingsun ing Kosar nêgari | ratu digdaya | Jabarkamus ran mami ||

4. anggadaa Bunandir payo dèn inggal | sun arsa angrasani | ing panggadanira | Abunandir wuwusnya | dudu caraningsun jurit | andhinginana | jêr wus kawêngku mangkin ||

5. ing balane Jêng Gusti Sultan Kuparman | Jabarkamus nauri | apik si dubilah | ya payo tadhahana | Jabarkamus mutêr bindi | tangkis lêgawa | Kya Patih Abunandir ||

6. dyan binindi jumêbrèt parise waja | Kya Patih Abunandir | angayati gada | sun walês dèn prayitna | ginada wus pasang tangkis | parise waja | jumêbrèt tibèng tangkis ||

7. kadya guntur surake mungsuh lan rowang | rame asilih-ukih | pan gada-ginada | dangu datanpa karya | sarêng sèlèh gada kalih | pêdhang-pinêdhang | rame ukêling tangkis ||

8. gantya kitêr-kinitêr turangganira | samya sagêde kalih | Bunandir anganan | ngering Sang Raja Kosar | sarêng panggih gapyuk kalih | turăngga kêrah | saut pating balêrik ||

9. dangu dènnya prang pêdhang udrêg-udrêgan | pêdhang tan migunani | sarêng sèlèh pêdhang | gantya sêndhal-sinêndhal | samya ing nginggil turanggi | Sang Raja Kosar | sinêndhal wus kêtarik ||

10. êsah saking turăngga binanting sigra | gumêbrug tibèng siti | Sri Kosar kantaka | sigra rinêbut bala | pan wus ginongsongan aglis | wadya ing Arab | surak gumuruh atri ||

--- 4: 355 ---

11. Kyana Patih Bunandir mubêng nèng papan | sêsumbar nguwuh tandhing | payo gênti aprang | amrih kiwuling yuda | rêbutên ingsun ing jurit | wau miyarsa | sira Raja Dukyanis ||

12. Rajèng Ngungsur mangsah anitih turăngga | kawot kêprabon jurit | punika sêntana | dene Raja Kaliyah | nak-sanakira Dukyadis | Kulub kang tuwa | ratu tate ajurit ||

13. Abunandir têtanya sapa ranira | kang mêtu ing ajurit | Rajèng Ngungsur ingwang | sêntanane Kaliyah | ya ingsun Raja Dukyadis | lah sira sapa | ingsun Patih Bunandir ||

14. dèn prayitna Abunandir ingsun gada | kudhunga paris wêsi | pêsthi ajur sira | katiban gadaningwang | măngsa gagapa bêsuki | kudhung sêksana | ginada Abunandir ||

15. kuwatingkang panggada rosaning tadhah | parisnya mêtu gêni | Bunandir karasa | gumêtêr kudanira | kinuwatakên ing tangkis | kuda kinêtap | têtali dèn kêndhoni ||

16. kuda miwal kinawil mingêr anganan | angling Raja Dukyadis | wêntala si setan | nadhahi gadaningwang | amutêr gada Bunandir | payo kudhunga | băndabaya Dukyadis ||

17. dyan ginada Sang Raja Ngungsur atadhah | jumêbrèt tibèng tangkis | parise malela | mubal mêtu dahana | surake awanti-wanti | gada-ginada | rame ingkang ajurit ||

18. yèn ginada Patih Bunandir kasingsal | sira Raja Dukyadis | tan osik ing tadhah | dangu dènnya prang gada | tan ana kasoran [kasora...]

--- 4: 356 ---

[...n] kalih | salin gêgaman | nanging kasaput wêngi ||

19. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | amasanggrahan sami | lajêng abujana | lan sagung para nata | Wong Agung Surayèng Bumi | angganjar marang | Kyana Patih Bunandir ||

20. tinimbalan mring ngarsa sinungsung sabda | hèh kaya pa Bunandir | tandange rong[28] Dhayak | Bunandir atur sêmbah | gusti dèrèng wontên mijil | prajurit Dhayak | suruhaning kang mijil ||

21. Rajèng Kosar Jabarkamus ingkang dibya | nanging sangêt kang kari | prawiraning aprang | Rajèng Ngungsur prakoswa | inggih pun Raja Dukyadis | mênawi bênjang | ngandika Jayèngmurti ||

22. iya besuk Abunandir agêntia | sira lèrèna dhingin | pawong sanakira | dimèn padha tumandang | tur sêmbah Patih Bunandir | nuhun sandika | kunêng wau winarni ||

23. Rajèng Dhayak ing Kulub lawan Kaliyah | dalu bujana sami | sagung para nata | tanya solahing yuda | catur sasa ing ajurit | tingkahing yuda | kang sami dèn raosi ||

24. Rajèng Kulub Kalbujèr asru ngandika | iya ing benjing enjing | padha gêdhugana | prajurit kang gêgala | kang papak kaya Dukyadis | dimèkne mêdal | ratune kang bêbêcik ||

25. pan sêdalu dènira sami drawina | ya ta wuwusên enjing | muni kang têngara | gong bèri asauran | kêndhang gong puksur thongthonggrit | têtêg barungan | kêkirab baris mijil ||

26. mungsuh rewang tinata barise kapang | Wong Agung [A...]

--- 4: 357 ---

[...gung] Jayèngmurti | munggèng dirgasana | palowanu rinêngga | andhèr prajurit para ji | Sri Bawadiman | tan têbih munggèng kursi ||

27. lan satriya Parangteja jajarira | Dipati Guritwêsi | supênuh mêlatar | prajurit para putra | tanpa watês gunging baris | wau sang nata | munggèng paprangan prapti ||

28. sami têdhak saking ing wahananira | ing tingkah animbangi | mring Sang Kakungingrat | lênggah amparan rêtna | anjênêngi ing ajurit | samya tumêdhak | munggèng palăngka manik ||

29. amêlatar barise kapang kalangan | prajurit kang para ji | kang badhe caos prang | miwah dènira lênggah | kang sampun tate ngêntasi | mangun ngalaga | karya asmara kingkin ||

78. Asmaradana

1. amit Sang Raja Dukyadis | mindhoni mêtu ngayuda | saking dene bèrkuwanèn | sampun anitih turăngga | kawot kêpraboning prang | praptèng rana nguwuh-uwuh | payo saparsa pralaya ||

2. papagêna tandang mami | iki narendra digdaya | ing Ngungsur kêdhatoningong | Prabu Dukyadis ya ingwang | prawira măndraguna | wau tan bêtah angrungu | Kewusnendar ing Yujana ||

3. amit anêmbah ing gusti | ingidèn sigra umangsah | anitih kuda binarong | kawot kêpraboning aprang | wajik pun layarmega | kuda tèji wêton ing Rum | agêng inggil janjan pita ||

4. binusanan murub asri | mangsah angatepang wêdhar | tuhu prayoga tandange | pan sarwi amandhi

--- 4: 358 ---

gada | sêbat-sêbut binuwang | onclang gadanira muluk | yèn kala nadhahi gada ||

5. mêrkèkèh mêndhak kudèki | yèn sampun nampani gada | sumêbut milar kudane | lajêng angatepang wêdhar | eram kang samya mulat | prabaning makutha murub | bagus dêdêge parusa ||

6. wusnya ngatepang anyirig | tangkêpipun layarmega | angêpyak tajêm sirige | dhasar narendra sêmbada | bêsus anèng turăngga | wong Arab surak gumuruh | ratu gêgambèn kang mangsah ||

7. praptèng papan wus apanggih | Raja Dukyadis têtanya | hèh sapa aranmu katong | baya ta Sultan Kuparman | ya Si Surayèng Jagad | dene prayoga tingkahmu | pantês rijaling alaga ||

8. mèsêm dènira nauri | ingsun Nêrpati Yujana | Kewusnendar namaningong | kang ingakên saudara | dene Sultan Kuparman | balik sira sapa ranmu | sumaur Dukyadis ingwang ||

9. ing Ngungsur kêdhaton mami | dèn prayitna Kewusnendar | tadhahana gadaningong | Dukyadis amutêr gada | ginada Kewusnendar | tinangkis parise murub | gumuruh suraking bala ||

10. kang ayuda antuk sisih | sami narendra digdaya | Kewusnendar muwus alon | ingsun walês dèn prayitna | kudhunga băndabaya | Raja Dukyadis akudhung | parisanira malela ||

11. kinêtab turangganèki | mubêng sarwi mutêr gada | sarwi sênggak pênggadane | Dukyadis pênangkisira | kawratan paris [pari...]

--- 4: 359 ---

[...s] kontal | katêlanjur sirahipun | Dukyadis kudane pêjah ||

12. Natèng Ngungsur kajumpalik | tibanira saking kuda | Natèng Yujana nulya ge | têdhak saking ing turăngga | Dukyadis wus cinandhak | wangkingane ngikal muluk | nèng asta kadya likasan ||

13. sigra binanting ing siti | Raja Dukyadis kantaka | têrutul wau praptane | Patih Bunandir ambănda | binêkta mundur sigra | Dukyadis tinawan sampun | surake bala gumêrah ||

14. midêring papan sêsirig | sira Prabu Kewusnendar | sêsumbar nguwuh mungsuhe | payo êndi mêtonana | pêpulih ing ayuda | belanana ta kancamu | ingkang sun banting kantaka ||

15. payo mêtua ngajurit | Ratu Dhayak Yablulawal | tandhing prawira lan ingong | Yujana ratu digdaya | prawira măndraguna | rêbutên ing prang ya ingsun | andêle Sultan Kuparman ||

16. wau tan bêtah miyarsi | Raja Dirkuadahana | arine Raja Kalbujèr | kuthane ing Rukmadama | mangsah nitih dipăngga | rêspati mandhi salukun | dêdêg pitung dasa êgas ||

17. anjênggarang munggèng èsthi | Kewusnendar ngawe bala | prapta wau dipanggane | palăngka busana rêtna | sigra wus tinitihan | rêspati mandhi salukun | sri bupati ing Yujana ||

18. wus ayun-ayunan jurit | ngling Sang Prabu Rukmadama | hèh sapa aranmu katong | iya ingsun Kewusnendar | nêrpati ing Yujana | sira ta sapa aranmu | apa sira Ratu Dhayak [Dha...]

--- 4: 360 ---

[...yak] ||

19. sugal dènira nauri | ingong Dirkuadahana | arine Raja Kalbujèr | kuthaningsun Rukmadama | dèn yitna Kewusnendar | atangkisa parisamu | salukun sigra ingangkat ||

20. Kewusnendar pasang tangkis | tumêmpuh salukunira | tumibèng tangkis jumêbrèt | surake bala gumêrah | Sang Raja Kewusnendar | ingayat salukunipun | tangkis Natèng Rukmadama ||

21. sinalukun sri bupati | kantêp parise kaplêsat | Dirkuadahana kagèt | paris ilang saking asta | nyana mungsuhe nistha | Kewusnendar asru muwus | jupukêp[29] parisanira ||

22. sun gadaa sira mati | pan ingsun dadi wong nistha | katuju mati mungsuhe | datanpa paris ginada | mêngkono loking jana | iya dèn ayêm tingkahmu | ngong datan amurang krama ||

23. angambil parise malih | Raja Dirkuadahana | sigra anyalukun age | tangkis Prabu Kewusnendar | salukun tan wigata | winalês parise rêmuk | nêratas kumbaning liman ||

24. pêcah sirahe kang èsthi | Prabu Rukmadama kontal | sangêt kantêp ing tibane | tangi sigra narik pêdhang | gajahe Kewusnendar | mèh pinêdhang sukunipun | kêbat prabu ing Yujana ||

25. sinawat salukun aglis | Dirkuadahana kêna | katênggêl gulu iringe | niba Prabu Rukmadama | têrutul praptanira | Abunandir wus amikut | maring Dirkuadahana ||

26. wus binêkta

--- 4: 361 ---

mundur aris | surake kadya ampuhan | katawan kalih ratune | dene Raja Kewusnendar | kasaput dalu nulya | wong Arab nêtêgi gupuh | mêngsah nimbangi têtêgnya ||

27. mundur kalih kang ajurit | gumuruh swaraning bala | awor kang baris makuwon | ratu kalih kang kêtawan | sampun munggèng warăngka | mêngsah barisira rindhu | kang kakênan guladrawa ||

79. Dhandhanggula

1. sami susah kang mêngsah prihatin | arsa nglampahkên cidra tan rêmbag | Raja Kulkul lan Kalbujèr | dede caraning ratu | dèrèng katog ngulati budi | dadya kèndêl kewala | wadya Rab winuwus | kasukan-sukan bujana | winangsitan aja na mêtu ing jurit | yèn mêngsah datan mêdal ||

2. kunêng ingkang yun-ayunan jurit | kawuwusa nêgari Ngajêrak | pira ta mangke lamine | radèn kêlawun-lawun | têtimbule kalis ing sakit | lir dinus gege toya | yuswane sang bagus | sampun kawan wêlas warsa | wus ginulang-gulang pratingkahing jurit | radèn sampun kajinan ||

3. sasolahe pratingkahing êjin | tan kemutan tingkahing manusa | duk lagi ing parêcête | binucal samodra gung | mung sadina lawan sawêngi | wêngine nèng kêndhaga | apa marganipun | wêruha tata manusa | mung sakesuk ana jaman manusèki | sadina nèng samodra ||

4. nuli tinampan jamaning êjin | piniara ing ibu Ismaya | punapa malih inyane | garwane êjin ratu [ra...]

--- 4: 362 ---

[...tu] | Raja Miswan ing Jonggiraji | wus kasok trisnanira | marang rajasunu | palihane Radèn Minsar | datan beda trisnanira sri bupati | jin wungu Raja Miswan ||

5. miwah êmbane trisna kêpati | Prabu Jaswadi Natèng Suwăngsa | wus kadya putrane dhewe | milane ajêjuluk | iya Radèn Iman Karnèni | dene parênganira[30] | êmban kalih iku | Jonggiraji lan Suwăngsa | kalihipun kadi kang bapa sayêkti | êmban lan bapa inya ||

6. Radèn Minsar tan pisah sanyari | kala timure anèng jro pura | lir kinêmbar palihane | duk umur tigang taun | kawan taun anèng jro puri | tan sinung mêdal-mêdal | dene ingkang ibu | Ismayawati kêlawan | ingkang raka Nata Dèwi Kuraisin | mila anèng jro pura ||

7. Radèn Minsar palihanirèki | tuwin inya lawan êmbanira | radèn putra saparane | andungkap pitung taun | panuwune dipun lilani | binêkta mring nagrinya | inya êmbanipun | tigang wulan nèng Suwăngsa | tigang wulan malih anèng Jonggiraji | lamine pan mangkana ||

8. yèn kang ibu kangên dèn timbali | iya saking nêgari Suwăngsa | tuwin sing Jonggirajine | tan kongsi tigang tèngsu | yèn pinarêng mèh limang sasi | kang ibu lan kang raka | nora ana mundhut | yitnane Jaswadi Miswan | rajaputra binêkta seba pribadi | marang kitha Ngajêrak ||

9. radèn putra tan ana martani | iya lamun putra tanah Ngarab [Nga...]

--- 4: 363 ---

[...rab] | amung Jonggiraji wruhe | lawan ing Suwăngsèku | ngrasa putranira Jaswadi | pinundhat[31] ing Ngajêrak | iku kawruhipun | lawan malih ingawêran | aja ana tutur marang anak mami | yèn iku putra Ngarab ||

10. suwarnane nglangkungi saking jin | pêri prayangan ênggoning rupa | tan ana mirib prandene | kadya musna dinulu | ngilangakên langêning bumi | pasir wukir wulusan | sirna langênipun | miwah sajroning samodra | apadene langên sangisor wiyati | sirna mor ingkang rupa ||

11. lapgang dene Iman Karnaèni | bêskup marang Radèn Umi Kelan | Radèn ing Jonggirajine | radèn ing Suwăngsèku | Radèn Amiratmaja nênggih | Radèn Bakdingujaman | Radèn Ibnu Laut | Radèn Karêndhakênaka | Radèn Dawin nawarêtna Radèn Dawin | jinan lawan wal insan ||

12. Radèn Dawin Nur Kuskarnaèni | Radèn Dawin Karbu Mulku Jinan | Radèn Ibnu Jaswadine | Radèn Ismayasunu | Radèn Akik Kusmara Kusrin | prawira măndraguna | ing aprang wus putus | winuwus Surayèngpraja | têbihing dyah karêm prawiraning jurit | la-êla ing alaga ||

13. cinarita pratingkahing jurit | ingkang ibu lawan ingkang raka | têlas tumplêk ing rahadèn | sêdaya datan kantun | mila Dèwi Ismayawati | datan arsa marêka | marêm yèn andulu | tan susah mring tanah Ngarab | mulat maring Radèn Dawin Karnaèni | sasat Sang Kakungingrat [Kakunging...]

--- 4: 364 ---

[...rat] ||

14. tuwin Nata Dèwi Kuraisin | mulat kang rayi sasat kang rama | amarêmakên langêne | Radèn Ismayasunu | Radèn AbuLautan pêkik | sring dinuta kang raka | lawan ingkang ibu | anggitik praja jin Kopar | ing Jolkiyah bêdhah dening radèn mantri | ratunipun kabănda ||

15. ing Kèlmuluk malih Kismonsêrit | bêdhah ratune sami katawan | katri jin kapir pan gêdhe | marma agêng sihipun | prawirane sampun kaèksi | timur sampun kêkaya | ing raka lan ibu | yèn kinèn gitik nêgara | prabu kalih Suwăngsa lan Jonggiraji | tan pisah lan kang putra ||

16. miwah Radèn Minsar datan kari | saparane kang rayi tut wuntat | mangkana pamiyarsane | yèn ana aprang agung | mêngsah rewang kadya jêladri | purwa Jaswadi mitra | lan patih sang prabu | punika angsale warta | yèn prang gêdhe ing Kusniya Malebari | amungsuh Rajèng Dhayak ||

17. duk miyarsa yèn ana wong jurit | sira Radèn Badidawin Kelan | umarêk maring ibune | tuwin mring kadangipun | lamun arsa anapung jurit | kang ibu angandika | êndi bapakamu | Raja Jaswadi ngandikan | ing Suwăngsa Raja Miswan Jonggiraji | kalih praptèng ngajêngan ||

18. angandika Ismaya sirèki | tutur-tutur marang sutanira | ngêndi ana pêrang gêdhe | Jaswadi nêmbah matur | ing Kusniya mangke ginitik | maring Sang Rajèng Dhayak | putrine pinundhut | tan suka aminta sraya [sra...]

--- 4: 365 ---

[...ya] | dhatêngakên Wong Agung Surayèng Bumi | Sultan Agung Kuparman ||

19. putranipun Risang Jayèngmurti | pinanggihkên lan putri Kusniya | milane dadya prang gêdhe | kang nyêngkêr laminipun | Sidhangdhayang Pardiyusiwi | Kusniya jinis Islam | mila datan ayun | mêmitra lan Sidhangdhayang | ingaturkên putri adi Malebari | mring Sang Surayèng Jagad ||

20. ingkang putra tinimbalan prapti | Nata Dèwi Kurèsin wotsêkar | sigra ngandika ibune | nini arinirèku | kudu arsa napunging jurit | Malebari Kusniya | ing mangkya prang agung | arinira Ki Jayusman | pinanggihkên Bawadiman ingkang siwi | Malebari Kusniya ||

21. arinira atêrna pribadi | amêndhêma laku arinira | jajalên lan wong tuwane | ngayoni dibyanipun | anapunga mèlu wong kapir | dimèn rame kang aprang | kang putra wotsantun | angakua wong lêlana | duk miyarsa Radèn Umi Kaelani | Radèn Bakdingujaman ||

22. ngandikane kang ibu kadyèki | ragi kacathêt wardayanira | yèn ing Arab wijilane | angling sajroning kalbu | andikane ibu kadyèki | apa jinis manusa | iya raganingsun | nata dèwi aturira | kula datan ambêkta bala gung inggih | sawêtawis kewala ||

23. dyan saningga sira nata dèwi | wus samêkta badhe angsal-angsal | wowohan Ngajêrak kabèh | datan mawi wadya gung | mung sayuta wadyanirèki | ratu êmban lan inya | ingkang datan kantun | Raja Jaswadi [Ja...]

--- 4: 366 ---

[...swadi] Suwăngsa | Raja Miswan ratu inya Jonggiraji | lawan ingkang palihan ||

24. Radèn Minsar tan pisah lan ari | wus mangkana budhal sang kusuma | anapak wiyati kabèh | kêprabon ing prang pupuh | amêpêki rahadèn mantri | saking ibu sêdaya | nêmbah nguswa suku | ingaras sirahing putra | dyan umêsat saking ngarsane bunèki | nusul marang kang raka ||

25. pan ginendhong mring Raja Jaswadi | lamat-lamat ingantosan wiyat | sampun amor panggonane | kang raka rêtna prabu | ngandhap ingkang amparan rukmi | radèn anèng ing ngandhap | amparan jumêrut | binayang ing pêri dhomas | titihane Nata Dèwi Kuraisin | pan sarwi pagunêman ||

26. besuk sira yayi yèn ajurit | sêsumbar Radyan Abu Lautan | Umi Kelan pêparabe | kang rayi awotsantun | kudanira si jonggiraji | manut araning praja | iku wus panuju | ulês biru tutul pita | sira ngatona cara manusa yayi | kakangira Si Minsar ||

27. iya maksiha caraning êjin | bapakira karo iku padha | iya cara êjin bae | padha rumêksa rèku | nora katon prayoga yayi | nadyan sira babara | ing lakunirèku | bapakira karo padha | iya măngsa bêtahapisah sirèki | sêlamine rumêksa ||

28. nanging lamun nêmoni wong kapir | kakangira Si Minsar ngatona | yèn prang nyilumana bae | dene ta ingsun jangkung | nora [no...]

--- 4: 367 ---

[...ra] adoh anèng wiyati | wus têlas gunêmira | lêpas lampahipun | prabèngrat ingkang kungkulan | pan mèh prapta ing Kusniya Malebari | katon kang pulo Barjah ||

29. katon gênggêng amindha jêladri | baris agêng sajawining kitha | Kusniya Malebarine | ya ta kèndêl sang ayu | asingidan akèh jin kapir | mênawa na uninga | ambêbancang laku | amasang asmarèng netra | sêkathahe jin kapir aja udani | sawadya rêtnaning dyah ||

30. sigra kinèn tumurun kang rayi | nuju sami miyos ing ayuda | mungsuh lan rewang kalihe | wus kapang barisipun | têdhakira rahadèn mantri | bapa kalih tut wuntat | nanging tan kadulu | mung palihan Radèn Minsar | milu ngaton anjujug sira sang pêkik | Yablulawal Sri Nata ||

80. Sinom

1. dumrojog ing ngarsanira | Sang Prabu Dhayak Sêngari | angadêg sarwi ngandika | hèh sang prabu ingsun iki | arsa anapung jurit | milu ing sira sang prabu | amungsuh lan wong Arab | Rajèng Dhayak anauri | bage sira anak mas têtulung ing prang ||

2. ebat kang samya tumingal | ing pêkike radèn mantri | Yablulawal atêtanya | sirèku satriya ngêndi | ubêngan ingsun iki | nglêlana mèlu prang pupuh | mêngko yèn wus karuan | gêgitik ingsun ing jurit | yêkti panggih lan sira malih sang nata ||

3. suka Raja Yablulawal | rahadèn sigra miyosi | anitih turăngga pelag | wêtoning jin Jonggiraji [Jong...]

--- 4: 368 ---

[...giraji] | akêkapa rinukmi | cara jin busananipun | miwah busananira | kabèh busananing êjin | gêbyar-gêbyar kadya daru umagut prang ||

4. praptèng rana sumbar-sumbar | payo rêbutên ing jurit | satriya Dawil Lautan | Radèn Umi Kaelani | prawira sura sêkti | nadyan ingsun maksih timur | tate nalèni raja | wong Arab payo dèn aglis | mêtonana ing kene Sultan Kuparman ||

5. wau tan bêtah miyarsa | Rajèng Yujana nulya mit | ing Gusti Sang Kakungingrat | ingidèn mangsah wotsari | nitih turăngga aglis | layarmega abra murub | mangsah ngatepang wêdhar | surake gumuruh atri | mungsuh rewang lir guntur wukir sayuta ||

6. wus panggih ayun-ayunan | Rajèng Yujana ningali | dene baguse satriya | anjêngêr sri narapati | baya ratune pêri | sêrayane ratu mungsuh | kinitêr Kewusnendar | sapa arinira aji | ing Yujana iki Raja Kewusnendar ||

7. balik sira iku sapa | durung sêdhêng mangun jurit | cahyamu nuksmèng sêsăngka | apa ta ratuning pêri | rajaputra nauri | Radèn Umi Kelan ingsun | iya Abu Lautan | Sri Dhayak mèt sraya mami | asru mojar sira Prabu Kewusnendar ||

8. kasungsang kaliru sira | têka gêlêm dèn aturi | maring ratu laknatullah | mungsuh lawan gusti mami | lan sira iku bêcik | suwitaa gustiningsun | winor lan para putra | pêsthi sira dèn kasihi [ka...]

--- 4: 369 ---

[...sihi] | ngêndi ana ngupaya wong kaya sira ||

9. amung para putra Arab | sairib lawan sirèki | nanging maksih luwih sira | ngilangkên langên sabumi | payo sun gawa aglis | eman aja prang lan ingsun | angling Bakdingujaman | dudu satriya sayêkti | ngoncatana ing wuwus kang wus kawêdal ||

10. apan ingsun wus ubaya | lan Ratu Dhayak Sêngari | bănda para Ratu Ngarab | sênadyan Si Jayèngmurti | mêtua sun talèni | Kewusnendar rêngu muwus | aja lancang pangucap | eman warnanira pêkik | wani lonyo angucap Sultan Kuparman ||

11. mênèk antuk borok sira | gustiku khabibullahi | hèh ta payo Kewusnendar | apa kang ana sirèki | aran sun nêdya jurit | pagene anampik mungsuh | angling Sri Kewusnendar | kapirare têmên mami | nurutana bocah jèdhèng ngajak prang |[32]|

12. sênadyan bocah jèdhènga | jêr rupane mungsuh iki | Kewusnendar wuwusira | apa sakarêpirèki | radèn asru dènnya ngling | aprang gada sukaningsun | kudhunga paris waja | radèn mutêr gada aglis | sarwi ngitêr ginada Rajèng Yujana ||

13. sumyur parisane waja | sirahing turăngga kêni | pêcah rêbah kuda pêjah | tiba ngadêg sri bupati | gumêtêr sri bupati | angrês kêrasèng bêbalung | sajêg ingsun ayuda | durung mênangi gêgitik | lir katiban kang prabata satus waja ||

14. obah ingkang pitung dasa | bêbalunge sri bupati | Radèn Umi

--- 4: 370 ---

Kelan têdhak | marani ngarsanirèki | ngadêg sarwi sru angling | lah payo junjungên ingsun | radèn putra cinandhak | wangkinganira tumuli | pan ingangkat nanging mêksa datan kangkat ||

15. kinuwatakên pinêksa | sukunira sri bupati | sadêkung manjing ing lêmah | netranira mijil gêtih | Kewusnendar sru angling | angur ambêdhola gunung | payo rare malêsa | Bakdingujaman nulya glis | nyandhak wangkingane Raja Kewusnendar ||

16. jinunjung ingikal-ikat[33] | sri naranata binanting | kantêp kantaka ing lêmah | gumuruh suraking kapir | sang nata dèn gongsongi | mring wadya binêkta mundur | Raja Kemar gya prapta | anggada marang sang pêkik | pan tinangkis sumyur gadanira Kemar ||

17. sigra dènnya narik pêdhang | amêdhang Rajèng Kuwari | tinangkis camêthi mlêsat | anyandhak ing radèn mantri | tinarik tan kêtarik | sigra winalês jinunjung | binuwang Raja Kemar | tiba sajabaning baris | surak umyung Raja Kăndhabumi prapta ||

18. cinandhak wangkinganira | ingangkat-angkat tan osik | tinapuk ing Radèn Minsar | tiba kongsêb sri bupati | cinandhak pinggangnya glis | binuwang muluk mandhuwur | Rajèng Kăndhabuwana | tiba sajabaning baris | sigra prapta Raja Gari Andarmuka ||

19. punika nak-sanakira | mring Sadat Kadarismani | ing Ngabêsi prabu jaka | amandhi gada ngajrihi | sarwi anggitik lathi | ginada radèn akudhung | tinangkis nawarêtna | sumyur sirna dening tangkis |

--- 4: 371 ---

parisane Raja Gari Andarmuka ||

20. cinandhak sigra binuwang | tiba sajabaning baris | surak umyung mawurahan | kadya rêbah kang wiyati | ya ta kasaput ratri | samya mundur kalihipun | Sang Raja Yablulawan[34] | amêthuk ing radèn mantri | pan rinangkul makuwon sinungga-sungga ||

21. munggèng amparan kêncana | siniwi ing para aji | lajêng prasamya bujana | amayêng kang ponang larih | Sang Rajèng Dhayak angling | pira mau kang kêsambut | para Nêrpati Ngarab | umatur Patih Dabatil | pan sêkawan kalêbêt pun Kewusnendar ||

22. Kalbujèr nambungi sabda | hèh kakang Patih Dabatil | gêmpal tyase wong Kuparman | Kewusnendar nandhang kanin | ika wong angluwihi | sêmbada ulêse bagus | nglêlanangi yèn aprang | Raja Kulkul anambungi | wus tinêmu apêse Si Kewusnendar ||

23. ika macane wong Arab | banthènge barisan iki | wus lêga rasaning manah | ilang gawate ajurit | sèngklèh baune kering | Si Kêlana Jayèngsatru | sayêkti ngênês ing tyas | suka sagung kang para ji | ya ta kunêng wuwusên baris Kusniya ||

24. Wong Agung Surayèng Jagad | bujana lawan para ji | catur sasa ing ayuda | Kewusnendar dèn timbali | binayang munggèng kathil | dene ratu kang katêlu | sangêt tan bisa obah | sêdaya jinampèn sami | mring Marmaya duk sami ènthèng kewala ||

25. Wong Agung alon ngandika | dangu tingkahing ajurit [aju...]

--- 4: 372 ---

[...rit] | Kewusnendar matur nêmbah | pukulun mêngsah puniki | dede wadose gusti | prajurit pan maksih timur | cahya nuksmèng sêsăngka | bobote datan kêkalih | lan paduka kêmbar tangkêping ayuda ||

26. yèn paduka anuduha | prajurit para nêrpati | sayêkti măngsa bangkata | dhatêng prajurit kang pêkik | malah têlasa gusti | prajurit kang para ratu | lamun dede paduka | tundha bema ing ajurit | angathahkên risake abdi paduka ||

27. kumêpyur duk amiyarsa | Wong Agung Surayèng Bumi | ing ature Kewusnendar | ingandêl mungguhing tanting | Natèng Yujana yakti | ing wêwekanira putus | singa dèn aranana | abot pan abot sayêkti | kang ingaran enthang[35] mring Sri Kewusnenya[36] ||

28. yêktine kêlamun inggal | Natèng Yujana wotsari | pukulun ingkang satriya | pamulu cahyane mirib | lan paduka tan kalih | kaot anèm lawan sêpuh | rompèke kang sarira | ing jăngga miwah ing lathi | yèn sampuna èstri kadi putri Kelan ||

29. kumênyut tyase kêrantan | Wong Agung Surayèng Bumi | barêbêl mijil kang waspa | ciptane kacathêt wingit | sedane ingkang rayi | jabang bayine linabuh | apa na kang mupua | sutaningsun jabang bayi | baya-baya dèn sarah mring Rajèng Dhayak ||

30. mendah si măngsa suwea | umure kang jabang bayi | yèn tiba anèng samodra | sigra dènnya dangu mali[37] |

--- 4: 373 ---

Kewusnendar wotsari | pukulun sêsumbaripun | Radèn Abu Lautan | pêparab Umi Kelani | ya pagene mêngkono dènnya sêsumbar ||

31. Rahadèn Bakdingujaman | Radèn Dawin Karnaèni | Rahadèn Iman Suwăngsa | Radèn Iman Jonggiraji | Akik Kusmara Kusrin | Rahadèn Ismayasunu | Radèn Amiratmaja | kang sawang gêbyaring sasi | eman têmên wong bagus kêna lurugan ||

32. Raja Gari Andarmuka | wus ènthèng kinèn nimbali | tan adangu praptèng ngarsa | alon ngandika Sang Amir | ratu kadang Ngabêsi | ing payudanira dangu | kongsi awasing lawan | satriya kang mênang jurit | nêmbah matur Raja Gari Andarmuka ||

33. inggih langkung saking awas | satriya kang mênang jurit | têrampile sikêp pêdhang | kadi anggèr Maryunani | pamulunipun mirib | nginggil tênggak wangunipun | anggèr Kobat Sareas | pidêksa dêdêge mirib | kadi putra paduka Radèn Jayusman ||

34. yèn sampuna tiyang Dhayak | amba tan purun lawani | mênawi kalintu ing prang | inggih darah Pusêr Bumi | panggiha dhasar bumi | satêlênge samodra gung | sapucuking aldaka | yèn darahing Pusêr Bumi | amora wong sakêthi netrane beda ||

35. datan kenging pinapadha | têdhak Kurès Banukasim | kocak-kocaking paningal | muncar-muncaring pangaksi | adoh têdhak Ibrahim | nora kêna wowor sambu | nanging punika Dhayak |

--- 4: 374 ---

balane lêmbut sêpalih | mung punika mêsgule manah kawula ||

36. yèn ta sampun mêkatêna | anggadaa ping saptèki | kawula êmban kewala | ingakên trah gusti pêsthi | wong Dhayak bokmênawi | pakartine anyêlimur | Ratu Dhayak durjana | yèn bangkata gih sayêkti | kawula prih pêjahe ingkang satriya ||

37. gumyak sagunge miyarsa | Kewusnendar anambungi | aja na maido padha | sudibyane mungsuh iki | padha rasakna dhingin | mêtua ing besuk esuk | wêruha boboting prang | abot ènthènging ajurit | ing pêpukul ing pênangkis goning nyata ||

38. kalawan ayêming ulat | pratăndha prajurit luwih | Lamdahur nambungi sabda | sarwi gumuyu dènnya ngling | lah iya benjing enjing | sun pithêse rare iku | dhasar padhaasabar | mungsuh prang lan bocah cilik | amêdhanga sun sambi mungkur kewala ||

81. Pangkur

1. ngakak Prabu Kewusnendar | aja sira Lamdahur mêtu jurit | măngsa wurunga kapupu | mundhak ngrowani ajang | basa kowe ing prang patitis anakmu | tandangmu ing prang angawag | durung gêguru ing jurit ||

2. ngandêlakên ămba dawa | gêdhe dhuwur anake ratu luwih | alah iya bapakamu | kowe măngsa tirua | jêr kêtara tandangmu durung gêguru | patitis cêblungmu uga | Si Pirngadi Banarungsit ||

3. lamun dadia wong Dhayak | wani tandhing sun mèlu Si Pirngadi | sangsaya rame kang guyu | para nata [na...]

--- 4: 375 ---

[...ta] miyarsa | pan Wong Agung wagugên mangu mangun kung | sayêkti Natèng Yujana | ingandêl mungguhing tanting ||

4. kunêng ing dalu raina | tri gumuruh têngara mêtu jurit | gong bèri kêndhang gong umyung | mêngsah rewang têngara | têtêg ewon kêndhang thongthonggrit lan puksur | mijil kalih kang ayuda | kang baris kalang ngubêngi ||

5. samya munggèng palênggahan | wong agunge jênêngi ing ajurit | baris lir wanarga têdhuh | gênggêng tanpa watêsan | kang saos prang prajurit kang para ratu | amisah panggenanira | mungsuh rewang wus miranti ||

6. munggèng patarana êmas | Radèn Iman Karnèni amit ing sri | Kalbujèr Sang Rajèng Kulub | Kaliyah Yablulawal | nitih kuda kawot kêprabon prang pupuh | surake wadya gumêrah | angsahe sang tarunèsthi ||

7. praptèng rana Radèn Minsar | samya ngapit êmban Raja Jaswadi | ing Suwăngsa tan kadulu | ngampingi ingkang putra | tuwin Raja Miswan Jonggiraji mungguh | ing wurine radèn putra | jin têtiga tan kaèksi ||

8. turanggane gêbyar-gêbyar | amaripit mubêng dènnya sêsirig | mêrpêki barise mungsuh | asru dènnya sêsumbar | mêtonana Sultan Kuparman dèn gupuh | apragola ngadu yasa | rukêt băndawala pati ||

9. iki prajuriting Dhayak | andêling prang Radèn Iman Karnèni | ya Radèn Ismayasunu | Radèn Abu Lautan | Radèn Umi Kelan prakoswa dibya nung | hèh payo Surayèng Jagad |

--- 4: 376 ---

mêtua tandhing ajurit ||

10. hèh êndi Sultan Kuparman | aja ngadu prajurit kang para ji | yêkti eman karyaningsun | linadenan sok wonga | duk miyarsa bramatya Prabu Lamdahur | amit ingidèn umangsah | sri narendra nitih èsthi ||

11. surake bala gumêrah | kadya nêngkêr buwana ngawiyati | ratu andêl kang umagut | jênggarang munggèng gajah | samya ebat kang tumingal ratu mungsuh | prapta sang prabu ing Selan | nèng paprangan wus apanggih ||

12. gung luhur munggèng dipăngga | anjênggarang alit munggèng turanggi | radèn putra têtanya sru | sapa aranmu raja | anauri ya ingsun Prabu Lamdahur | andêle Sultan Kuparman | pawitan wêwinih mami ||

13. awit sadurunge krama | amung ratu patang puluh lan mami | duk anom ing mêngko sêpuh | ratune patang lêksa | ingsun dhewe dhomas para ratuningsun | rong lêksa punggawaningwang | kang padha cangkok nêgari ||

14. sira ta iki wong apa | maksih jèdhèng pêksa ngungkul-ungkuli | ambantingi para ratu | payo rare nututa | nora mati sayêkti sira dèn ingu | iya maring gustiningwang | Wong Agung Surayèng Bumi ||

15. radèn putra saurira | Rajèng Dhayak mèt putra ingsun iki | Iman Karnaèni ingsun | pêparab Umi Kelan | Radèn AbuLautan jêjuluk ingsun | ya Radèn Bakdingujaman | Radèn Iman Jonggiraji ||

16. radèn Iman ing Suwăngsa | iya Radèn Ibnu Sri Miswan nênggih | Rahadèn Ismayasunu [I...]

--- 4: 377 ---

[...smayasunu] | parab Amiratmaja | Radèn Akik Kusmara Kusêrin ingsun | ya Radèn Jaswadiputra | payo Sang Rajèng Sêrandil ||

17. apa kang ana ing sira | Si Jaswadiputra anêdya jurit | aja kakehan pamuwus | sarupa-rupaneya | ingsun iki nora main karyaningsun | gathak-gathuk payo aprang | tanpa gawe kèh sêtori ||

18. Lamdahur ngandika sugal | rare iki tan wruh ginawe bêcik | iya apa sakarêpmu | pan dudu caraningwang | dhinginana Iman Karnaèni ingsun | dèn prayitna Rajèng Selan | radèn angêtab turanggi ||

19. ngitêr sarwi narik pêdhang | pan tumênga angling ing bapa kalih | hèh bapa udhunna iku | Lamdahur saking gajah | bapa kalih sarêng dènira tumanduk | Raja Jaswadi lan Miswan | anyêndhal saking ing èsthi ||

20. sarwi dhupak boyokira | palihane Radèn Minsar ambithi | ing jajanira Lamdahur | niba saking dipăngga | Prabu Selan kinarubut jin têtêlu | kantaka angathang-athang | prapta risang durma kalih ||

82. Durma

1. sami nandêr kalihnya putra ing Selan | Banarungsid Pirngadi | prapta rananggana | tinampan cinandhakan | mring Raja Miswan Jaswadi | samya binuwang | tiba jabaning baris ||

2. duk tumingal Sang Prabu Suratisdaham | Rajèng Prasman Pêrancis | Minangkabo gêdhah | liwung umangsah dharat | miyat Sang Prabu Sêrandil | angathang-athang | tan kêna dèn gongsongi ||

3. singa prapta [pra...]

--- 4: 378 ---

[...pta] cinandhakan binuwangan | dene Raja Jaswadi | lawan Raja Miswan | katiga Radèn Minsar | Prabu Tamtanus udani | nêmbah umêsat | nyapih ingkang para ji ||

4. dèn apikir kabèh para Ratu Selan | apa mêngkene iki | sêlawasmu sira | mati urip tan pisah | lawan Sang Surayèng Bumi | sapisan-pisan | sira durunga kardi ||

5. gawe nama busuk angrêgêdi jagad | pan sarwi angadhangi | lawungira malang | dêlêngên gustinira | Si Banarungsid Pirngadi | kapindho papa | mêngko yèn tulus mati ||

6. gustinira lan sutane karo pisan | Wong Agung sawadyèki | kabèh para nata | măngsa na nêdya gêsang | kang wus pinanci ing bumi | nglabuhi para | ratu sajroning jurit ||

7. dyan Wong Agung anitih sêkarduwijan | kawot kêprabon jurit | Lamdahur anulya | ginongsongan wus prapta | dene Sang Prabu Yunani | surak gumêrah | tata wong Pusêr Bumi ||

8. wus apanggih Wong Agung riwut ing duka | wit Sang Prabu Sêrandil | ya ta yun-ayunan | lawan Bakdingujaman | surake mungsuh mangsiti | yèn ingkang mangsah | Wong Agung Rayèngmurti[38] ||

9. mawurahan kadya rêbah kang akasa | kang aprang wus apanggih | samya munggèng kuda | angling Bakdingujaman | sapa aranmu juprarit[39] | sumaur sugal | ya ingsun Jayèngmurti ||

10. iya ingkang tinitah Surayèng Jagad | kêlana andon jurit | ingkang akêkutha | tanah adi Kuparman |

--- 4: 379 ---

ingkang siniwi para ji | kang wus sumbaga | ing bumi jayèng jurit ||

11. Nata Dèwi Kuraisin duk tumingal | angsahe kang rama glis | niyup saha wadya | ing tyas atêrataban | watire marang kang rayi | jinangkung datan | têbah radi kapering ||

12. asru mojar Rahadèn Abu Lautan | Radèn Iman Karnèni | payo dèn prayitna | kudhunga băndabaya | sun gada aja gumingsir | kudhung sêksana | parisanira wêsi ||

13. dyan angitêr kuda sarwi mutêr gada | Radèn Iman Karnèni | Wong Agung ginada | kuwat pamukulira | jumêbrèt anêmpuh paris | tangkis lêgawa | kadya gêlap sakêthi ||

14. osiking tyas Wong Agung nyata prawira | durung sun angrasani | panggadaning raja | iya yèn mangkenea | pinindho Sang Jayèngmurti | parisanira | mubal asru mêtyagni ||

15. pan gumêtêr anjrit pun askarduwijan | suku manjing ing siti | sacêngkang kinêtab | milar pun askarditya | Wong Agung ngandikèng galih | tuhu digdaya | bênêr ingkang ngarani ||

16. pambobote yayi Prabu Kewusnendar | payo kudhunga aglis | parise malela | ingsun gantya anggada | sigra radèn kudhung aglis | parise waja | pan waja wajaning jin ||

17. kadya sotya hèr gêni ya ta kinêtab | kuda pun askardèwi | sarwi mutêr ingkang | gada Husamadiman | turăngga amingêr ngering | sigra anggada | Wong Agung Jayèngmurti ||

18. kadya gêlap sakêthi [sakê...]

--- 4: 380 ---

[...thi] mubal dahana | gada gêng tibèng tangkis | anjrit kudanira | Radèn Bakdingujaman | tan osik astanirèki | surak gumêrah | mungsuh rewang barêngi ||

19. kang ayuda antuk sisihing prawira | rame dènira jurit | anggada-ginada | surak anglir ampuhan | gada wus tan migunani | sarêng ambuwang | ing gadanira kalih ||

20. sarêng narik pêdhang sarêng ngêtab kuda | mingêr nganan angering | gapyuk main pêdhang | rame pêdhang-pinêdhang | adangu pating carêngkling | pating kalêprak | kumêmprang tibèng tangkis ||

21. sami kuwatira sami awasira | sami wasising jurit | sami wagêdira | ing tali tan kuciwa | yèn anyirig sami nyirig | jojog adheyan | ngatepang wêdhar sami ||

22. langkung rame kang aprang sami prawira | pêdhang tan migunani | sarêng buwang pêdhang | sarêng angambil cacap | saking turangganirèki | cacap-cinacap | dangu datan ngênèni ||

23. sarêng buwang cacap sarêng ngambil rajang | rajang-rinajang gênti | rajang sarêng rantas | dangu ramening yuda | tan ana kasoran kalih | sarêng tumêdhak | saking turăngga kalih ||

24. jin têtiga Raja Miswan Radèn Minsar | lawan Raja Jaswadi | tan kêna parêka | lawan Sang Kakungingrat | awak kadya dèn obori | dadya anêbah | sami abisik-bisik ||

25. lah puniku Wong Agung Surayèng Jagad | tan owah wayahnèki | duk anèng Ngajêrak | nganti wolulas warsa | awèt nom Wong Agung iki | kaya jêjaka | dhingin lan mêngko sami ||

--- 4: 381 ---

26. ya ta wau sarêng dènnya nilar kuda | sarêng sami mêrpêki | gya candhak-cinandhak | wangkingan ikêt pinggang | agênti tarik-tinarik | sêndhal-sinêndhal | rame rok silih-ukih ||

27. dyan Wong Agung jinunjung-junjung tan kangkat | suku rapêt ing siti | malih pan ingangkat | kinuwatkên pangangkat | anggêtêm si radyan mantri | marêntul kang rah | saking pucuk dariji ||

28. sukunira saking kuwating pangangkat | sacêngkang mancing[40] siti | sêkala kabrengkal | anjunjung tan kuwawa | Wong Agung pasrah ing batin | lah iki baya | kang matèni ing mami ||

29. durung ana para ratu soring wiyat | barengkal adêg mami | pasrah ing Hyang Suksma | mênêng ing sanalika | Wong Agung Surayèng Bumi | dangu mungsuhnya | tan ana junjung malih ||

30. tiningalan maksih ngadêg ngarsanira | sigra cinandhak aglis | ikêt pinggangira | sarwi anolèh wuntat | Marmaya nampani wangsit | topong binuwang | kabèh atutup kuping ||

31. sigra narik Wong Agung sarwi apêtak | kêtarik wus tininggil | ingikal nèng tawang | mubêng kadya likasan | ingayat mèh tibèng siti | wau kang prapta | Ni Dèwi Kuraisin ||

32. nyandhak ingkang rayi sarwi jrit karuna | kagyat Sang Jayèngmurti | ucul saking asta | lir tinêbak mong tuna | mulat putra nata dèwi | asru ngandika | hèh sira nata dèwi ||

33. saking ngêndi lawan rare iku sapa | kang putra maksih nangis | adhuh [a...]

--- 4: 382 ---

[...dhuh] ariningwang | katuwon têmên sira | bayi linabuh jêladri | wus dadi bocah | arsa mati binanting ||

34. duk miyarsa wau tangise kang putra | kumêpyur ngandika ris | rara ajarwaa | rare iki ta sapa | ingkang putra matur aris | rayi paduka | jêng ibu dèn wangsiti ||

35. kangjêng eyang Bagendha Khilir sung warah | Nini Ismayawati | sira cangkramaa | marang laut Suwăngsa | prajane Raja Jaswadi | anyandhangana | kêndhaga mas kang kèli ||

36. kombak kumbul iku sira tadhahana | ing jro isi bêbayi | ya sira pupua | iku kang duwe putra | lakimu Si Jayèngmurti | patute lawan | putri ing Kaelani ||

37. Kelaswara babare mati kunduran | sedane rajaputri | Kelan Kelaswara | rarene winadhahan | ana ing kêndhaga rukmi | linabuh marang | laut Suwăngsa nini ||

38. nuntên ibu inggih anglampahi têdah | ing Jêng Bagendha Khilir | mring laut Suwăngsa | cangkrama lan kawula | tan dangu kêndhaga prapti | ibu anyandhak | binuka isi bayi ||

39. mawa cahya Ibrahim jroning kêndhaga | nugrahaning Hyang Widi | cirine kêndhaga | putrane Kelaswara | putri adi Kaelani | ibu karuna | tan sagêd aningali ||

40. nuntên manggih pramèswari Raja Miswan | jin wungu Jonggiraji | kang kinarya êmban | sang prabu ing Suwăngsa | kang nama Raja Jaswadi | manggih palihan | Radèn Minsar

--- 4: 383 ---

lir gêndhis ||

 


Kurang satu suku kata: Bawadiman ngatêr jawining gapura. (kembali)
Maktal. (kembali)
praptane. (kembali)
nusul. (kembali)
ngèndêlkên. (kembali)
Lebih satu suku kata: mila abdi dalêm Bunandir pukulun. (kembali)
Kurang satu suku kata: lawan Patih Abunandir. (kembali)
wawratan. (kembali)
Lebih satu suku kata: Kelaswara duk myarsa lajêng kantaka. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: kêndhaga êmas wus katur. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: isi jabang yayi cahya mancur. (kembali)
12 angling. (kembali)
13 tyas ingsun. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: sapa baya ingkang darbe sunu. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: seda kunduran ibu. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: putrane iku ingkang linabuh. (kembali)
17 kudu. (kembali)
18 dhatuk. (kembali)
19 nonjok. (kembali)
20 sêkti. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: mèh sami lan kang raka. (kembali)
22 Maniklungid. (kembali)
23 kulup. (kembali)
24 murtad. (kembali)
25 dêlanggung. (kembali)
26 ngêbêki. (kembali)
27 Kunmaryati. (kembali)
28 wong. (kembali)
29 jupukên. (kembali)
30 parêkanira. (kembali)
31 pinundhut. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: nurutana bocah jèdhèng ngajak aprang. (kembali)
33 ingikal-ikal. (kembali)
34 Yablulawal. (kembali)
35 ènthèng. (kembali)
36 Sri Kewusnendar. (kembali)
37 malih. (kembali)
38 Jayèngmurti. (kembali)
39 prajurit. (kembali)
40 manjing. (kembali)