Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 83–107)

Judul
Sambungan
1. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 01–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 20–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 40–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 61–82). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 83–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

83. Dhandhanggula

1. ingkang rama waspanyandrês mijil | nata dèwi ngandikèng rinira | kulup ngabêktia age | yaiku wong tuwamu | sigra radèn mangsah ngabêkti | rinangkul mring kang rama | kinêmpit sirahipun |[1] Marmaya Maktal gya prapta | Bawadiman lawan prabu ing Yunani | winartan langkung suka ||

2. tinêtêgan mundur kang ajurit | Ratu Dhayak Kulkul lan Kaliyah | nyana kapupu srayane | samya lit manahipun | dene ingkang badhe ngêntasi | kêsambut ing ayuda | Radèn Abu Laut | gêtêr ing tyas ratu mêngsah | pan Wong Agung makuwon putra kinanthi | praptane pêsanggrahan ||

3. ngupa boga sagunging para ji | pan Wong Agung utusan tur priksa | mring sagung para garwane | lamun kang putra pangguh | kang linabuh anèng jêladri | Rahadèn Umi Kelan | lawan para sunu | lan ibune tinimbalan | ngurmatana putrane kang anyar prapti | Radèn Abu Lautan ||

4. ngandika mring putra Kuraisin | nini têtêpe ingaran sapa | iya marang ing ibune | kang putra awotsantun | nênggih Radèn Iman Karnèni | Iman puniku lima | ing pangandêlipun | dènnya anglampahi têdah | Karnaèni darbe parêkan kêkalih | bapa babu lan êmban ||

5. samya ratu pan nagri pribadi | ratu êmban nagrine Suwăngsa | Raja Jaswadi namane | bapa lan inyanipun | Raja Miswan ing Jonggiraji | palihan Radèn Minsar | putri kat duk [du...]

--- 4: 384 ---

[...k] timur | tigang wulan nèng Suwăngsa | tigang wulan malih anèng Jonggiraji | marmanipun pêparab ||

6. nênggih Radèn Iman Jonggiraji | lawan Radèn Iman ing Suwăngsa | Jaswadiputra parabe | dene wasiyatipun | kangjêng eyang Prabu Sapari | wayah ngong sun wasiyat | ing pêparabipun | Rahadèn Bakdingujaman | Abu Laut kawula ingkang marabi | Rahadèn Umi Kelan ||

7. wasiyate Jêng Bagendha Khilir | inggih dene ibu saking Kelan | Amiratmaja wastane | Radèn Ismayasunu | kang marabi kaki Sanasir | nama Krêndhakênaka | lan Banjaran Santun | lan Radèn Akik Kusmara | kang marabi inggih paman Sadatsatir | gumujêng duk miyarsa ||

8. putraningsun nugraha sayêkti | wong tuwane Ngajêrak sêdaya | dhawuhkên samya gêng sihe | Bawadiman umatur | putra tuwan kêkasih Widi | pratăndha ibu seda | kala babaripun | kalihe sinung utama | ingkang ibu misesa ing suwarga di | putra lêlananging rat ||

9. lan sinungan ing cahya Ibrahim | mila kalih pisan khabibullah | Wong Agung langkung sukane | kunêng gantya winuwus | ingkang kari sajroning puri | sagung kang para garwa | miwah para sunu | Marpinjun têtakèn warta | samya ngumpul gène putri Parangakik | para garwa lan putra ||

10. Rêtna Marpinjun atakèn warti | kayaparan wartaning payudan | Sudarawêrti nulya ge | ngandika kang dinangu | sira Radèn [Radè...]

--- 4: 385 ---

[...n] Hasim Kuwari | kulup sira duk prapta | têtinjo wakamu | Raja Kemar kapracondhang | matur nêmbah Rahadèn Hasim Kuwari | pun uwa Rajèng Kemar ||

11. sawêg wontên sakecane kêdhik | Raja Kăndhabuwana mèh pêjah | mêngsahipun maksih rare | langkung dene abagus | lan kawula bu undha-undhi | botên kaot sawarsa | amung kaot bagus | mêngsah punika kalintang | pêkikipun nyirnakkên langêning bumi | la-êla pramudita ||

12. ratu agêng-agêng dèn bantingi | wus binanting lajêng dipun bucal | puniku sami erame | singa magut kapikut | singa mangsah susah pinanggih | paman Prabu Yujana | prandene kapupu | lan ature Kewusnendar | kangjêng rama yèn manggung ngabên para ji | pêsthi risak sêdaya ||

13. angandika putri Parangakik | yayi Dèwi Karsinah dandana | mungsuh iki abot gêdhe | payo age têtulung | wruhanira Hasim Kuwari | wangsite ramanira | ing nguni maringsun | wong têtêlu iku padha | sudibyane lan wong atuwamu ugi | amung kacèk papêtak ||

14. pamanira Parangteja ugi | lan Tamtanus katri Kewusnendar | binobota nora mèlèd | sêkalir bawanipun | amung kacèk pêtak lan pêsthi | tinitah ngrata jagad | parentah Hyang Agung | dèrèng wus dènnya ngandika | pan kêsaru wontên caraka kang prapti | saking ing pêbarisan ||

15. praptanira aparing udani | lamun mêngsah kang awrat [a...]

--- 4: 386 ---

[...wrat] sinăngga | mikut ratu gêdhe-gêdhe | ambanting buwang sêbrung | inggih mangke sampun kajodhi | dhatêng raka paduka | nanging jêbulipun | putranipun Kelaswara | kang linabuh anèng têngahing jêladri | kêpanggih dipun sarah ||

16. inggih dhatêng Dyah Ismayawati | rare agênge wontên Ngajêrak | Ismayawati ibune | sinungan êmban ratu | ing Suwăngsa Raja Jaswadi | mila Jaswadiputra | ing pêparabipun | paduka sami ngandikan | ngurmatana dhatêng putra ingkang prapti | lan kang raka Ngajêrak ||

17. duk miyarsa putri Parangakik | putri Karsinah sarêng karuna | kagagas katon warnane | Kelaswara kang lampus | nora ana kongsi nungkuli | mêmaru dadi kadang | lair batinipun | gumrêdêg rata jêmpana | awurahan budhal saking ing nêgari | sagunge garwa putra ||

18. gumêr ing Kusniya Malebari | sami nusul marang pêbarisan | sanêgara obah kabèh | yèn putra kang linabuh | nèng samodra dadi prajurit | nama Jaswadiputra | wau lampahipun | para garwa para putra | pêbarisan Ngambarsimun sarêng prapti | lajêng dhatêng ngayunan ||

19. putri Parangakik amlayoni | kang sandhing Kuraisin cinandhak | lajêng kinêmpit sirahe | Kurèsin ngrangkul suku | mring kang ibu Sudarawêrti | karuna sambat-sambat | ingkang sampun lampus | Kelaswara ariningwang | patinira nora ana kang nungkuli | katuwon têmên sira ||

--- 4: 387 ---

20. sutanira linabuh jêladri | ariningsun babo tingalana | sutanta pêkik warnane | cahya nuksmèng sitèngsu | ngilangakên langêning bumi | prawira widigdaya | ing aprang pinunjul | ariningsun Kelaswara | mendahane mênangi ya kaya mami | padha amomong putra ||

21. marunira kabèh momong siwi | têka sira dhewe kang palastra | ariku wong pantês dhewe | wong guna kasap lêmbut | prawirane angrêspatèni | kulup ngaliha sira | sêktine ibumu | kabèh tininggal ing sira | eyangira linabuh anèng jêladri | manjing ing ukumira ||

22. prabawane eyangira gusti | dêrajate ngumpula ing sira | dadia prajurit gêdhe | ing pramudita punjul | duk miyarsa Sang Jayèngmurti | tumungkul rawat waspa | karaos ing kalbu | kang para garwa sêdaya | pijêr ngrubung anangisi radèn mantri | gumuruh sapawongan ||

23. wus dangu luwar ingkang anangis | wus tinata dènnya lêlênggahan | kang rama lon timbalane | kabèh iku ibumu | kakangira kang têlu iki | kang siji arinira | Hasim Kuwariku | sigra mangsah radèn putra | ingkang ibu sêdayanya dèn bêktèni | tuwin kang raka-raka ||

24. angandika putri Parangakik | nini Kuraisin tan kayaa | gaib-gaibing panggawe | sapa kang nyana iku | karsaning Hyang kang murbèng urip | tinampan ing Ngajêrak | pinêsthi ibumu | sayêkti sagung pratingkah | kanisthane apêse wong Pusêr Bumi |

--- 4: 388 ---

mulya saking bunira ||

25. mendah wruha ibunira nini | marang tangkêpe Ni Kelaswara | sêmbadane pratingkahe | pantêse kasap lêmbut | rêspatine ngadoni jurit | mantêp ambêk pêsaja | wantêr ora nguthuh | apik ora ngèl tinampan | kêbat cukat rikat têrampil patitis | wruh nistha lan utama ||

26. lan kang rama pan agung pradondi | rama nistha kang putra utama | Kelaswara pênganggone | tinrima mring Hyang Agung | ing sucine sucine kapir | angungkuli utama | nulya na pitulung | mring Suksma pinaring iman | dupi nyandhang iman sêkala ambalik | kolu amungsuh bapa ||

27. kaya iku sedane ri mami | pisah ingsun lawan ibunira | ing murtade wong tuwane | lingsêm maring Hyang Agung | kudu ngungsi maring Hyang Widi | lawan takdire uga | iku purwanipun | duk urip duk têtunggalan | arinira sun pasrahakên kalih |[2] Ki Jayusman Ki Ruslan ||

28. saking nini êntèk tangguh mami | Kelaswara putri soring wiyat | datan ana têtondhene | suka kang sami ngrungu | radèn mantri waspanya mijil | purwane ibunira | sêkathahing wuwus | pirapêt pisêdhêpira | tur rumasuk ing tyasira radèn mantri | ilang asmaranira ||

84. Asmaradana

1. ya ta wau radèn mantri | pinaringan nagri Kelan | pulang kandhang kang aduwe | wong Kelan suka sêdaya | sagunge pra sêntana | punggawa satriya ratu | mantri wus pulih tyasira [tya...]

--- 4: 389 ---

[...sira] ||

2. kawan atus kang para ji | ratu kang dede sêntana | têtêp kawula têgêse | wontên pra ratu sêntana | sami cangkok nêgara | liya saking kawan atus | satus wêwolu gungira ||

3. mantêp limang atus nênggih | para mantri nagri Kelan | kang nak-sanak lan ibune | ratu patang puluh sanga | ratu kang sanak misan | sawidak pra ratu agung | punggawane patang lêksa ||

4. sakêthi kang para mantri | mantri ing Kelan sêdaya | liya kang para mantrine | sagunging kang para raja | kathahe cinatura | wadya Kelan wuwuhipun | mantêp ingkang pitung yuta ||

5. mulane kocap ing nguni | Rajèng Kelan bandhu băndha | dene bala sêntanane | ing mangke prajurit Kelan | samya agêng tyasira | Gajahbihêr sutanipun | ingkang kinarya pêpatya ||

6. sêdhêng taruna prayogi | Ki Patih Gajahsawêrdan | Gajahbihêr tuwa kinon | atêngga nêgari Kelan | wau radèn putra |[3] kang sinung ngawruhi iku | Wong Agung ing Parangteja ||

7. ingkang among angawruhi | apan dudu bapa êmban | bapa sêsilih têgêse | dene êmban têtêp lama | ratuning jin Suwăngsa | Raja Jaswadi puniku | iya êmban bapa angkat ||

8. tuwin Prabu Jonggiraji | Raja Miswan datan owah | Radèn Minsar palihane | tan pisah pamomongira | dadya jin kalih praja | babêktane ingkang ibu | cinatur Radèn Suwăngsa ||

9. yèn arsa panggih bunèki | Ismayawati Ngajêrak [Ngajê...]

--- 4: 390 ---

[...rak] | Raja Jaswadi kang gendhong | yêkti manusa kajinan | Radèn Bakdingujaman | mangkana malih winuwus | Rajèng Dhayak Yablulawal ||

10. enjing miyosing ajurit | kêlangkung bramatyanira | dene kapupu rahadèn | amung iku kawruhira | mila sangêt gurdaka | gumêrdêg barise mêtu | sampun akapang kalangan ||

11. Kalbujèr sêdya ngawaki | sampun anitih dipăngga | wadya Rab wus mijil kabèh | miranti têpung akapang | tan owah rakitira | wau sang prabu ing Kulub | Kalbujèr nêngah ing papan ||

12. praptèng rana nguwuh tandhing | mêtua Sultan Kuparman | iki ta Raja Kalbujèr | payo aprang têtunggulan | pragola ngadu yasa | surake bala gumuruh | kadya kang akasa rêbah ||

13. Sang Raja Sarkab ing Turki | amit ingidèn umangsah | nitih dipăngga sang katong | kawot sakêpraboning prang | surak bala gumêrah | prapta ing papan wus pangguh | kang ayuda yun-ayunan ||

14. Sang Raja Kulub sru angling | sapa aranmu narendra | mapagakên yudaningong | nauri kang tinakonan | ya ingsun Raja Sarkab | ing Turki nêgaraningsun | ratu andêling ayuda ||

15. Raja Kalbujèr sru angling | mundura Sang Raja Sarkab | tan patut tandhing lan ingong | êndi ta Sultan Kuparman | angling Sang Raja Sarkab | ingsun wus tate nalikung | ratu ingkang kaya sira ||

16. apa gêndhingmu ngajurit | sun wêtara nora cuwa | bramatya Raja Kalbujèr [Kalbu...]

--- 4: 391 ---

[...jèr] | iya ingsun ora sotah | apranga lawan sira | Raja Sarkab Turki muwus | măngsa ta ingsun mundura ||

85. Durma

1. nora kêna sira ngucap gustiningwang | yèn maksih urip mami | payo ratu laknat | apa kang anèng sira | sabudimu sun tadhahi | asru ngandika | sira mêksa ajurit ||

2. lawan ingsun payo kudhunga sun gada | kudhung Sang Raja Turki | parise malela | ginada sarwi sênggak | murub parise mêtyagni | Sang Raja Sarkab | malês anggada aglis ||

3. dadya rame prangira gada-ginada | sami kuwate kalih | rosaning panggada | kadya gêlap barungan | wau Patih Abunandir | nusul manglaga | amatak ngèlmuning jin ||

4. pan sêkala Bunandir datan katingal | ngimbangi ing ajurit | wau Raja Sarkab | rame gada-ginada | Raja Kalbujèr angambil | pêputhon êmas | samaja gêngirèki ||

5. saking kanthong saruwal kêmating aprang | ginutuk sarkab kêni | gumadhug kang jaja | tan wruh sangkaning balang | aniba Sang Rajèng Turki | saking dipăngga | kantaka sri bupati ||

6. ginongsongan Bunandir milwa bêbayang | sêsumbar nguwuh tandhing | Kalbujèr angakak | payo prajurit Ngarab | barênga aja na gênti | kang para raja | rêbutên ing ajurit ||

7. Raja Kulub Kalbujèr wudhu ing aprang | wau duk amiyarsi | amit mring kang rama | tuwin mring maratuwa | ingidèn miyos ing jurit | Radèn Jayusman |

--- 4: 392 ---

mangsah wahana èsthi ||

8. imankabir dipăngga idhêping janma | itikan Malebari | saking ingkang rama | Sang Prabu Bawadiman | pancal panggung ponang èsthi | suku sêkawan | rong cêngkang ingkang putih ||

9. duk balêdug pun imankabir binêkta | mratapa anèng wukir | mangkya kang dipăngga | pinaringkên kang putra | Radèn Jayusman miyosi | kapraboning prang | kawot luhuring èsthi ||

10. ingkang ibu mêmanuki lan kang raka | Ngajêrak Nata Dèwi | saking katêbihan | Abunandir tut wuntat | nanging ta datan kaèksi | rêkyana patya | bêkta pêpukul wêsi ||

11. ya ta wau radèn wus praptèng payudan | surak gumuruh atri | kadya nêngkêr wiyat | angsahe rajaputra | prajurite Parangakik | kang sasêliran | turăngga kalih kêthi ||

12. kang acaos yèn kasore gustinira | angamuk bela pati | kajawi punggawa | miwah kang para nata | sawahana wus miranti | muntab mêlatar | munggèng wurining baris ||

13. yun-ayunan Kalburèr[4] asru têtanya | sapa ranmu prajurit | abagus taruna | durung sêdhêng mangun prang | radèn putra anauri | hèh wruhanira | Radèn Jayusman mami ||

14. ing samêngko putra lanang kang atuwa | Kêlana Jayèngmurti | Jêng Sultan Kuparman | iya ingkang patutan | putri saking Parangakik | putri dandanan | prajurit sura sêkti ||

15. nadyan silih tirua ibu digdaya | tate bănda para ji | undhagi ing driya |

--- 4: 393 ---

wêweka măndraguna | payo ta sri narapati | sapa ranira | sumaur iya mami ||

16. Rajèng Kulub Kalbujèr ratu digdaya | iya dèn ngati-ati | Jayusman sun gada | èsthine radèn putra | kinapinjalakên ngering | kumbaning liman | kêna pun imankabir ||

17. paris kontal anglumba mêta ambêdhat | mêta pun imankabir | anubruk ing mêngsah | gundam dipangganira | Kalbujèr kukuh bakuhi | gada ping tiga | winalês sri bupati ||

18. pulêt uwal Kalbujèr tangkis lêgawa | ngadêg radèn ambindi | kuwating panggada | sigar parisanira | Kalbujèr sigra angambil | pêputhon êmas | sira Patih Bunandir ||

19. lagya ngangkat astane arsa ambalang | rikat Patih Bunandir | astane sang nata | ginitik saking wuntat | ing rotan wêsi kinardi | puthon mas gigal | jimpe astanira ji ||

20. ngênthêl tyase dene kêmate kawruhan | nulya ginada malih | sirahing dipăngga | pêcah tiba kaplêsat | kantêp kantaka gumuling | gya tinunggangan | dene Patih Bunandir ||

21. tinalenan binabayang mundur sigra | dene Patih Bunandir | sang nata kêtawan | surak kadya ampuhan | nanging kasaput ing wêngi | wus tinêtêgan | mundur kalih kang jurit ||

22. awurahan baris kuwur kang kelangan | gusti kasor ing jurit | Rajèng Kulub samya | gustine kang kêtawan | sêntana prasami nangis |

--- 4: 394 ---

pakuwonira | wadya Kulub patitis ||

23. Rajèng Dhayak Kaliyah lajêng bujana | ing pakuwonira ji | Prabu Yablulawal | lan Prabu Sidhangdhayang | gunêm masalahing jurit | Kulkul atanya | kakang Patih Dabatil ||

24. sapa ingkang mangsah ngasorkên ambănda | kakang Kalbujèr nênggih | Dabatil turira | inggih Radèn Jayusman | putra putri Parangakik | sêkti prakoswa | sampun amucung jurit ||

86. Pocung

1. asru muwus ing Kaliyah Raja Kulkul | paran benjang enjang | punapa gêlaring jurit | yèn ngamungna prang tandhing botên kuwawa ||

2. alon matur sira Sang Kiswa Pangindrus | yèn mênggah kawula | sae garubuh ing jurit | yèn wus kuwur antuk ngêmpakakên kêmat ||

3. sêlamine rêmbagan Sang Raja Kulub | manjingakên kêmat | pangripih prahara tarik | angin gora păncawara păncaruba ||

4. siwêr têluh bala kawula tumanduk | yèn riwuting aprang | pêtêng dhêdhêt awor riris | yêkti mangsah sagung bala bêrkasakan ||

5. ilu-ilu kalunthung padha jêrmunuh | lan puniki bala | ratune katawan sami | sêntanane angajak sami angêrbat ||

6. sami rêmbug sira Yablulawal Prabu | lan Rajèng Kaliyah | wuwusên Patih Bunandir | ingkang nuksma marang pakuwoning mêngsah ||

7. wus angrungu kabèh sarêmbuging mungsuh | mring pakuwonira | Wong Agung ing Ngalabani | Kyana Patih Bunandir katur turira [turi...]

--- 4: 395 ---

[...ra] ||

8. lajêng katur Bunandir saaturipun | mring Sang Kakungingrat | sigra dènnya angundhangi | yèn bêsuk prang prajurit ingkang wahana ||

9. sumêktesuk Wong Agung parentahipun | sagung para nata | kang dharat ing benjing enjing | iya padha rumêksaa upacara ||

10. padha tunggu pêlangkane gustinipun | dene kang ajaga | prang cidrane nata dèwi | lan kang rayi Pangeran Bakdingujaman ||

11. lamun mungsuh ngangsahkên bala lêlêmbut | wus têpung sêdaya | sakathahe kang pinikir | para putra anindhihi wadya dharat ||

12. dene sagung atmajane para ratu | samya angirida | pamuke wadya turanggi | ingkang liya turăngga pinangku ngrama ||

13. blêgêdaba mèmrèng kuldi miwah sênuk | dalu tan kawarna | ya ta kawuwusa enjing | atêngara mijil barise mêlatar ||

14. pan Wong Agung nèng wijoan paluwanu | sagung para nata | wadyane ingkang turanggi | andalêdêg mijil baris kering kanan ||

15. ratu mungsuh kadhinginan wêdalipun | bangun wêdalira | prajurit ingkang turanggi | kadya alun gumulung pan amèt papan ||

16. barisipun beda lawan wau-wau | kêndhih dene kuda | prajurit Dhayak Sêngari | samya ngungun wong Kuparman salin gêlar ||

17. wus angumpul nata dèwi lan kang ibu | mungsuh tan miyarsa | Rêtna Prabu Kuraisin | ingkang badhe nampani cidraning mêngsah ||

18. sampun mêtu kang para nêrpati mungsuh | barise mêlatar | panjinge gêlar

--- 4: 396 ---

wus kèsthi | samya madhêp nganti dhawuhing parentah ||

19. sira prabu Yablulawal Raja Kulkul | wus munggèng wahana | bakarlès sungu bang gadhing | munya barung titihane Raja Dhayak ||

20. sirah lêmbu awak macan gung aluhur | Raja Sidhangdhayang | Pangindrus nitih jênggiri | awak naga sirahe mênjangan ranggah ||

21. mawi apun kêkapa kasuran pitu | têtali mêrapat | bakuh binayut bêlandhit | yèn pinancad mandhêlong undure milar ||

87. Durma

1. ngawe bala sasmita Sang Rajèng Dhayak | sarênga angsahnèki | Sang Prabu Kaliyah | Nêrpati Sidhangdhayang | sarêng tanduk sawadyèki | wêndran ayutan | tan ana kang turanggi ||

2. bala Ngarab anon kang mungsuh umangsah | sarêng mangsah nadhahi | Sri Bupati Kebar | prajurite turăngga | rong kêthi kang nitih èsthi | pan kalih lêksa | ngirid bala ngawaki ||

3. Raja Kăndhabumi wadyane turăngga | pan kalih têngah kêthi | kalih têngah lêksa | prajurit munggèng gajah | mangsah Raja Kăndhabumi | ngangsahkên bala | ngawaki nêmpuh wani ||

4. prajurite Sang Aprabu Kewusnendar | turăngga tigang kêthi | gajah tigang lêksa | sênuk blêgdaba bihal | sakêthi kang măncawarni | Natèng Yujana | ngirid bala ngawaki ||

5. ing kanine wus lami samya waluya | sang prabu ing Ngabêsi | wadyane turăngga | patang kêthi gambira | patang lêksa nitih èsthi | angirid bala | Sadat Kadarismani ||

6. Sang Aprabu [A...]

--- 4: 397 ---

[...prabu] Tamtanus prajurit Yunan | turăngga kalih kêthi | gajah kalih lêksa | blêgdaba sênuk bihal | Măncawarna kang sakêthi | angirid bala | mangsah nêngah ngawaki ||

7. datan kêna winilis prajurit Ngarab | amung ingkang pangirid | sagung para nata | kuda yutap[5] awêndran | abaran kirnan prajurit | gajahe wurdan | pagute kang ajurit ||

8. kadya bumi atangkêb lawan akasa | wadya Rab ingkang wuri | sangsaya gung prapta | kadya samodra pasang | lir wangan nêmpuh bênawi | kang wadya Dhayak | ingurugan pêpati ||

9. prapta riwut palagan aliru lawan | istijrad andhatêngi | gumludhug ngawiyat | sindhung anggara bajra | têdhuh riris andhatêngi | wadya lêlêmbat | kang mangsah ing ajurit ||

10. nata dèwi lan ari Bakdingujaman | ing rèh sampun miranti | bapa kalih samya | tan têbih lan kang putra | mungsuh prahara kabalik | bingung kang aprang | rame awowor titih ||

11. ingkang gada-ginada pêdhang-pinêdhang | ana cangking-cinangking | kang sêndhal-sinêndhal | miwah rajang-rinajang | acaruk cacap calimprit | paworing aprang | mungsuh rewang kèh mati ||

12. kadya guptur[6] sakêthi yuta ru-ara | dhêdhêt madyaning jurit | Raja Yablulawal | nyawat-nyawat bêdhama | eca nèng titihannèki | salukun gada | bar-bêr akèh katapis ||

13. sira Raja Jaswadi lan Raja Miswan | miwah Patih Bunandir | awor jin wus bisa | nêmpuh nanggulang mêngsah | lêlêmbut kang dèn tadhahi |

--- 4: 398 ---

rame puyêngan | wau sang nata dèwi ||

14. Yablulawal jinêmparing ing trisula | winuwung saking nginggil | sang prabu ing Dhayak | kacundhuk sirahira | tancêbing trisula manjing | têlak mêngandhap | pan kadya dèn sunduki ||

15. pundhak kalih kêna kipinging trisula | tumancêp anyunduki | aniba sang nata | bakarlèse pinêdhang | mati ing Raja Jaswadi | Sang Yablulawal | krodha malih rasêksi ||

16. nanging ingkang trisula nancêb ing sirah | lawan pundhake kalih | malih gêng angganya | trisula milu mêlar | tan bisa umangsah jurit | abiyang-biyang | astane kalih mati ||

17. dene cawanging trisula manjing pundhak | mila astane mati | ebat kang tumingal | sêparan garobyagan | tan ana bisa nguculi | lêlêmbut giras | mulat gustine kanin ||

18. Natèng Sidhangdhayang sampun cinandhak |[7] dene Raja Jaswadi | binanting ing sela | pêjah dadya rêksasa | pinanah mring Abunandir | jajanya pêcah | niba akon mindhoni ||

19. Abunandir wus antuk wawulangira | Wong Agung Jayèngmurti | sapisan kewala | sira pêsthi palastra | Pardiyusuta ambanting | ing badanira | ajur ing sela miring ||

20. Raja Kulkul mati pinancas ing pêdhang | dene rahadèn mantri | pangeran ing Kelan | gusis mungsuh sasaran | Sang Raja Dhayak Sêngari | pêjah tan pêjah | têtêp dadi mamêdi ||

21. lamun ana mamêdi cundhuke panah | tuwin pundhake kalih | iku Rajèng Dhayak |

--- 4: 399 ---

sagone rêmbyang-rêmbyang | tan ana bisa nguculi | ingkang angruwat | yèn tan gambuh ing jurit ||

88. Gambuh

1. kabèh bêbandan ratu | miwah bêbandaning punggawa gung | kang wus nungkul kabèh samya dèn uculi | nata dèwi sigra niyup | manggihi sang prabu karo ||

2. gih sirnane kang mungsuh | pra wadyane punggawa kang kantun | kula pasrah dhatêng paman prabu kalih | yèn suwawi kalihipun | jêjaraha mring pakuwon ||

3. lawan punggawanipun | nagri ingkang sêkawan pêngayun | Sidhangdhayang lawan ing Dhayak Sêngari | nagri Kaliyah lan Kulub | kula mantuk amakuwon ||

4. mangke lamun dinangu | ing rama inggih kula umatur | lamun paman Yujana lawan Yunani | sami ngantosi kang kantun | sandika kalih sang katong ||

5. wau sang rêtna prabu | lawan kang rayi ngiring ing pungkur | prapta ngarsanira ingkang rama sami | putra kalih awotsantun | sumungkêm ing pada karo ||

6. matur sirnaning mungsuh | kathah bêbandan kang para ratu | paman kalih ingkang sami angantosi | Kewusnendar lan Tamtanus | têtilare para katong ||

7. tan antara prapta wus | Kewusnendar lan Prabu Tamtanus | lawan sagung para ratu kang pangirid | anadhahi ing prang pamuk | samyangsal bêbandan katong ||

8. katur ing Jayèngsatru | nagri sêkawan pêngajêngipun | kang têtiga ratune ingkang ngêmasi | mung satunggal Rajèng Kulub | ingkang kabănda binoyong ||

9. pêpatih [pê...]

--- 4: 400 ---

[...patih] kalih nungkul | patihipun Sang Prabu Pangindrus | Sidhangdhayang pun Patih Dhayangunari | lawan Patih Dhayak nungkul | Patih Dabatil srah bongkok ||

10. lan pra dipatinipun | mêngkana wau Sang Jayèngsatru | kinèn mêdalakên para ratu katri | saking jro kunjaran sampun | katiga binêkta miyos ||

11. praptaning ngarsanipun | angandika Risang Jayèngsatru | hèh sang prabu ingkang kêtawan ing jurit | apa ta sêdyanirèku | apa urip apa layon ||

12. lamun ta nêdya lampus | nuli ingsun patèni sirèku | lamun nêdya urip salina agami | Jêng Nabi Ibrahim iku | sarengat mèlua ingong ||

13. matur Sang Rajèng Kulub | lawan ta sira Sang Raja Ngungsur | katigane Sang Raja Rukmadamèki | nuwun urip aturipun | datan lênggana ing pakon ||

14. sinadatakên sampun | Nabi Ibrahim agamanipun | wusnya ngucap sigra dènira nguculi | samya nêmbah nguswa suku | dhinandhanggula kang ênggon ||

89. Dhandhanggula

1. pinaringan palênggahan sami | ingantukkên pan nêgarinira | ing Kulub Raja Kalbujèr | Dirkudahanèku |[8] Rukmadama kêratonnèki | Rajèng Ngungsur kinarya | anggêntosi Kulkul | jumênêng Rajèng Kaliyah | Ratu Agung Kaliyah Prabu Dukyadis | dene Ngungsur nêgara ||

2. wontên arine Raja Dukyadis | wus pinundhut ing Sang Kakungingrat | Radèn Dukyanus namane | kinarya Ratu Ngungsur |

--- 4: 401 ---

wus pêparab Raja Dukyadis | langkung marwata suta | kalih ciptanipun | utang pati uhung wirya | nugrahan gêng ing urip pan dèn wuwuhi | karaton kaluhuran ||

3. Patih Dhayak Ki Patih Dabatil | wus kinarya ratu nagri Dhayak | Raja Dabatil namane | ing Sidhangdhayang iku | pêpatihe kinarya aji | Dhayangunari nama | nanging kalihipun | kinèn sami angidhêpa | kalih pisan mring Patih Bunandir tuwin | winuwuhan pêparab ||

4. Patih Ngaenan Kamibunandir | Ratu Dhayak Ratu Sidhangdhayang | samya pratăndha kalihe | nyaosi gamêlipun | Rajèng Dhayak mring Abunandir | Sang Rajèng Sidhangdhayang | tăndha ngidhêpipun | pra nyai pênandhonira | mring Ki Patih Ngaenan Kamibunandir | ngèstrèni pasamuan ||

5. wus mangkana jarahan binagi | dene sagung para raja-raja | dunyane lan wong wadone | apangkat pandumipun | ratu ngarsa miwah paminggir | Sang Prabu Bawadiman | wau kang winuwus | kang putra Radèn Jayusman | jumênênga ing Kusniya Malebari | dènnya ngluwari nadar ||

6. arsa mangun kapandhitanèki | munkin dhêdhêkah nèng pulo Barjah | pan sampun lami kajate | mring kang raka wus katur | mumpung Ki Sèh Wahas Mêdayin | maksih nèng pulo Barjah | pinintan pangèstu | Wong Agung ngandikèng putra | Kuraisin sira utusana mulih | marang nagri Ngajêrak ||

7. tura priksa mring ibunirèki | tuwin iya marang eyangira | kêlamun iki wayahe [wayah...]

--- 4: 402 ---

[...e] | sun adêgakên ratu | Ki Jayusman pasrahe ugi | wong tuwane mêgawan | mandhita dhêdhukuh | sira nuwuna pêparab | kêratone ing Kusniya Malebari | kang putra tur sandika ||

8. lan ibumu aturana nini | jênêngana adêge rinira | kang putra sandika ture | umêsat duta mabur | dyan Wong Agung sigra ngundhangi | bêburu buron wana | miwah samodra gung | kali-kali lan bêngawan | kinêrakad wau Kya Patih Bunandir | parentah pra dipatya ||

9. busanani sajroning nêgari | sagunging rèh sampurna sêdaya | wuwusên wau dutane | nagri Ngajêrak rawuh | katur marang sang prabu kaki | tuwin ibu Ismaya | wau badhenipun | nora ngamungkên utusan | anindaki mring Kusniya Malebari | wau Dèwi Ismaya ||

10. marêk ing rama matur wotsari | wayah tuwan pun Bakdingujaman | nêgari Kelan sêmangke | eyange sampun kukum | pan linabuh anèng jêladri | tilare nagri Kelan | ninaringkên[9] sampun | dhatêng ing wayah paduka | nanging botên jinênêngakên nêrpati | satriya gêng kewala ||

11. amung wayah tuwan Parangakik | Bawadiman angluwari nadar | pasrah dhatêng ing mantune | ngandika prabu sêpuh | putuningsun ingong wuwuhi | parabe ing kêrajan | iya Sultan Agung | Jayusman Samsumirijal | kang ngêdhaton nèng Kusniya Malebari | sira nuli mangkata ||

12. pinaringan makutha buka sri | suka kakang saking nagri

--- 4: 403 ---

Ngajrak | kalpika sarta badhonge | sasotyane pinunjul | pitung atus kêmbaran nênggih | lamun dèn ajènana | ing manusa iku | aji sangang atus yuta | mawa khitmat kasêktèn pusakaning jin | budhal Dèwi Ismaya ||

13. ingkang dhèrèk akathah para ji | ambêkta bala nêmlikur yuta | napak ing gêgana kabèh | prahara gora riwut | gumaludhug prahara tarik | pratăndha jin lêlampah | sindhung siwat-siwut | musus bayu bajra gora | alimêngan dhêdhêt têdhuh ngawiyati | gègèr dhêmit alasan ||

14. liniwatan ing dhêmit priyayi | marma ngili akèh pinèt tundhan | anggendhong ngatêr lakune | milane kawur-kawur | jin alasan padha malêncing | mangkana lampahira | wadya jin pênganjur | kathah ingkang sampun prapta | jin pangarsa ing Kusniya Malebari | kacatur pitung dina ||

15. prahara angin gora wor riris | dupi sampun prapta pitung dina | Ismayawati praptane | amrik ingkang rum-arum | samya eram ingkang para ji | kang anyar durung mulat | ing pratingkahipun | kang wus lami para raja | sami tamuan pêrsanakane para jin |[10] pinanggihan jro gobah ||

16. ya ta Wong Agung anèng jro puri | para garwa ngandikan sêdaya | miwah para putra kabèh | wruh kang rayi mèh rawuh | gănda pêdhês kang awèh peling | ing ngarsa adêdupa | ing wuri gănda rum | arume kang kêmbang-kêmbang | awor pêdhês pratăndha cêlak [cê...]

--- 4: 404 ---

[...lak] sang putri | tan antara sang rêtwa ||

17. prapta aniyup manjing ing puri | mingkis ulêsing netra katingal | ngabêkti anèng padane | para garwa kumrubut | angabêkti maring kang prapti | gantya kang para putra | kumrubut angujung | ing ibu Rêtna Ismaya | wusnya wau tata ing panggonan linggih | matur Rêtna Ismaya ||

18. salamipun bapa jêng kiyaki[11] | sigra andhêku Sang Kakungingrat | lan punika pêparinge | dhatêng ing wayahipun | pusakane madêg nêrpati | badhong lawan makutha | lan kalpikanipun | punika kang sotya mapan | anakane kang singsim malukat aib[12] | kagungan Jêng Suleman ||

19. andikane ramanta kiyai | mawi sawab inggih sawêtara | miwah makutha badhene | lan malih wêlingipun | ingkang wayah dèn jêjuluki | pêparab ing kêrajan | inggih Sultan Agung | Jayusman Samsumirijal | angêdhaton ing Kusniya Malebari | dhêku Sang Kakungingrat ||

20. kurmat nuhun saha waspamijil | dangu-dangu mèsêm angandika | hèh yayi Sudara kiye | nugrahan gêng kang rawuh | ingkang eyang amusakani | kêprabon ing kêrajan | besuk Soma ngayun | ênggokna ing putranira | nêmbah tampi Rajaputri Parangakik | wau ta dhêdhaharan ||

21. wus sampurna sêkathahing pikir | nuju praptane ing dina Soma | ing ngriku pan bawahane | badhe ngadêge ratu | Radèn Wahas wau wus prapti | lawan ngêrig pandhita | saking gunung-gunung [gunung-...]

--- 4: 405 ---

[...gunung] | ngulama para suhada | andalêdêg saking wukir-wukir prapti | aglar ing panangkilan ||

22. para ratu satriya dipati | ulubalang kang mantri tampingan | wong Kusniya prapta kabèh | nênggih ing măngsa iku | sipat mantrining kang para ji | tan ana kang kantuna | ing nakuwonipun[13] | supênuh kang para raja | punggawane sêdaya kang sipat mantri | paseban lir samodra ||

23. pra pandhita ewon ingkang prapti | sampun mijil Sang Surayèng Jagad | sarwi anganthi putrane | wusnya tata alungguh | Ki Sèh Wahas sampun sinandhing | kering para pandhita | kanan para ratu | ing ngarsa Sri Bawadiman | Arya Maktal lan Dipati Guritwêsi | banjêng kang para putra ||

24. para ratu wêdana nambungi | sawurine ingkang para putra | para putra sawurine | Wong Agung kang têtêlu | ingkang cêlak Sang Jayèngmurti | Marmaya Arya Maktal | Bawadiman Prabu | Wong Agung Surayèng Jagad | angandika mring sagunging para aji | lawan para pandhita ||

25. ngèstrènana sakathahe sami | putraningsun iya Si Jayusman | ing mangke sun adêgake | jumênêng ratu agung | nèng Kusniya ing Malebari | jêjuluking narendra | iya Sultan Agung | Jayusman Samsumirijal | angêdhaton nèng Kusniya Malebari | wit pasrahe kang rama ||

26. Patih Ngaenan Kamibunandir | dene isèn-isèning wijoan | ing Kulub Raja Kalbujèr | kalawan malihipun | ing Kaliyah Raja Dukyadis | lawan [la...]

--- 4: 406 ---

[...wan] Dukyanus Raja | sang prabu ing Ngungsur | iku isèning wijoan | senapati prajurit pênata baris | katri mênggalaning prang ||

27. ngèstokakên sagunging para ji | pra pandhita ngèstrèni sêdaya | jumurung andongakake | luhura adêgipun | anèng Kusniya Malebari | mijil wastra tigasan | saking pura bubul | tinumpuk ing pênangkilan | pira-pira ênggone pan kadi wukir | maksih gili kang prapta ||

28. lawan nampan saking ing jro puri | dhinawuhkên marang para nata | talan[14] kêncana sakèhe | kang maring punggawa gung | sagung talam suwasa sami | marang mantri sêlaka | mangkana winuwus | larih midêr abujana | pira-pira kamulyaning kang binagi | lêksan ingkang talam mas ||

29. kêthèn talam suwasa binagi | sagung tadhahan bebas sêdaya | kang wastra mring wadya kabèh | datan kêna winuwus | bawahane kang madêg aji | wutah dunya awêndran | wus tan kêna ngetung | yutane abaran kirnan | wus samêkta pandhita samyantuk kardi | sampurnane bawahan ||

30. lajêng kasukan sagung para ji | pênangkilan Wong Agung ngêdhatyan | lan kang putra prabu anom | sapraptaning kêdhatun | ingkang putra kinèn ngabêkti | mring kang ibu Ngajêrak | kang putra angujung | ingaras ingkang mustaka | wusnya nêmbah ing ibu Ismayawati | nulya ibu sêdaya ||

31. ingkang ibu Ismaya nêdhaki | marang puranira ingkang putra | kang umadêg Sultan Anom | sagung kang para ibu |

--- 4: 407 ---

ngiring Dèwi Ismayawati | prapta gupuh atêdhak | rawuhe kang ibu | apan wawrat sêpuh lagya | pramèswari Ratu Anom Kunmaryati | sigra mangsah sumêmbah ||

32. ibu sêdayanya dèn bêktèni | wusnya sami alênggah sêdaya | Ismaya lon pêndangune | pira ta ni mbok mantu | wawratanmu sigra nambungi | Sudarawêrti nêmbah | sampun sangang tèngsu | gumujêng sarwi ngandika | mring wawratan Rajaputri Parangakik | hèh sira iku jabang ||

33. mêtu saking guwa garba aglis | sumiwia marang eyangira | mumpung ta têdhak marene | kongsia kundur iku | beyanana nêmèwu kêthi | măngsa ta kêlakona | têdhake eyangmu | gumujêng kang sami myarsa | wus atata pêpundhutanira mijil | kang sarwa rum sêdaya ||

34. olah-olahane kang cara jin | rame dhêdhaharan kang pra garwa | winarna wau ramene | sanêgara gumuruh | wong Kuparman lawan wong bumi | wêtara pitung dina | sukan-sukan nutug | wau pramèswarinira | sultan anom ing Kusniya Malebari | babar amiyos priya ||

35. tinêdhakan eyang Jayèngmurti | lakunira lan Dèwi Ismaya | miwah kang eyang Sultan Sèh | Sêmangun Pandhita gung | Radèn Wahas tumut nêdhaki | kang jabang bayi sigra | pinundhut pinangku | yayi sira parabana | putunira iki nganti ing sirèki | matur Rêtna Ismaya ||

36. Radèn Sayid Dimapta puniki | Radèn Makmu Nur Karbi Kusniya | Ibni Jayusman parabe [para...]

--- 4: 408 ---

[...be] | ngèstokkên sêdaya wus | pinaringan pusaka nuli | mring kang eyang Ngajêrak | kathah warnanipun | sampurna sagung pratingkah | nata dèwi kalihan lan ibu pamit | kondur maring Ngajêrak ||

37. Rajèng Suwăngsa Prabu Jaswadi | Raja Jonggiraji Prabu Miswan | lan Radèn Minsar putrane | kantun sami atunggu | lan kang putra sawadyanèki | wau nata pandhita | pamit adhêdhukuh | dhumatêng ing pulo Barjah | lawan Radèn Sèh Wahas arsa jênêngi | mangun mênêdi papan ||

38. padhepokanira Ngargapuri | pulo Barjah pinêtha kêdhatyan | wukir kang radin sukune | pêrnah pêpolokipun | tapak Adam ingkang dèn goni | kang kiwa Bawadiman | kang têngên winangun | dene Ki Sèh Radèn Wahas | kang kinarya padhepokanira sami | wukir rinata pura ||

39. pan tigang jam lêlongkangirèki | gone Sang Pandhita Bawadiman | lan Sèh Wahas panggonane | sami rakitanipun | sri parênggan kang sarwa sari | botrawinya angalang | angubêngi dhukuh | kunêng kang têtêp mêrtapa | kawuwusa ing Kusniya Malebari | mucung Sang Kakungingrat ||

90. Pocung

1. badhe kundur marang Kuparman Wong Agung | angundhangi bala | Rêtna Sirtupilaèli | saputrane tumut kundur mring Kuparman ||

2. lawan putri Kuwari lawan Marpinjun | lan saputranira | Rustamaji Simkuwari | ingkang putra Pangeran Bakdingujaman ||

3. kinèn mantuk dhatêng ing Kelan rumuhun [rumu...]

--- 4: 409 ---

[...hun] | yèn wus tigang warsa | nusula mring Kuparmani | asarênga lan ibu Rêtna Sudara ||

4. lan Sang Prabu Kusniya sarênganusul | dadya kang pirêmbag | wusnya mêngkana para ji | apan sarêng budhale ungkur-ungkuran ||

5. tan winuwus ing lampah mung praptanipun | nêgari Kuparman | angêdhaton sagarwèki | para ratu angêdhaton sowang-sowang ||

6. lagya rawuh para ratu ingkang kantun | kang dhatêng Kuparman | pan samya dèn parentahi | pan akarya rakit dalêm pura gangsal ||

7. kilèn pura kêkalih kang para sunu | ingkang sinaosan | Sultan Anom Malebari | lawan ingkang rayi Radèn Putra Ruslan ||

8. wetan pura tinata saosanipun | nênggih Radèn Rustam | lan Pangeran Kaelani | Radèn Hasim Kuwari tumutne[15] wetan ||

9. wontên wuwus kadi sarêng lampahipun | tinata ing kăndha | sayêkti kinarya gênti | wontên ratu agêng prawira digdaya ||

10. ratu wudhu tanpa tandhing ing prang pupuh | prajurite kathah | ing Polan prajanirèki | ajêjuluk Sang Prabu Kuwari Usman ||

11. anglêlana nêgari Mêkah jinujug | sêdya ambêbahak | tigang yuta balanèki | kulit pêthak jinise Kuwari Usman ||

12. pan angrungu sirnane Sang Jayèngsatru | prang lan Yablulawal | mungsuh sagunging dhêdhêmit | Rajèng Dhayak kang numpês Sang Kakungingrat ||

13. milanipun wanine karya pangridhu | sanadyan uripa [uri...]

--- 4: 410 ---

[...pa] | Wong Agung Surayèng Bumi | dhasar nêdya ngayoni tandhing prawira ||

14. dêdêgipun pitung dasa gas sang prabu | lajêng ngêpung Mêkah | anjêrajah[16] bêboyongi | abusêkan gègère angungsi kitha ||

15. sami tutup wong Mêkah sakèthèngipun | katuju pra kadang | katiga duk lagya prapti | ingkang sami andhèrèk wismèng Kuparman ||

16. pan ingutus kang rayi Sang Jayèngsatru | angirim jajahan | mring sagunge pêkir mêskin | ingkang sami wontên ing nêgari Mêkah ||

17. kang rêmbatan tigang lêksa kathahipun | binagi mêrtiga | saduman mring pêkir mêskin | kang saduman marang ingkang tunggu kitha ||

18. ingkang kantun saduman sêntananipun | putra Mêkah ingkang | tiga ingkang lagya prapti | prajurite patayare anyalêksa ||

19. dadi cukup anadhahi mungsuh rawuh | nênggih ingkang prapta | tuwa Radèn Abuntalib | ingkang rayi Rahadèn Aris Bulahab ||

20. arinipun nama Radèn Abdul Samsu | sêdaya kang raka | mring Wong Agung Jayèngmurti | sami dawêg yèn aprang wontên ing Mêkah ||

21. yèn anglurug tan wontên kang dipun tuduh | kadhang magut ing prang | sangêt ajrih mring kang rayi | bok tan arsa Wong Agung Surayèng Jagad ||

22. pan punika măngsa tiwasa prang pupuh | darahing prawira | kang putra Nabi Ismangil | Menak Kendar lêluhure prawirèng prang ||

23. duk puniku wong Mêkah tan ana mêtu | saking pêlataran | panggung dènira nadhahi | rame prange Sri Raja Kuwari Usman ||

--- 4: 411 ---

24. wontên sunu ing Mêkah laire kantun | wêragile kadya | ran Radèn Amir Anjilin | apan lagya umur kawan wêlas warsa ||

25. pan puniku Dyan Amir Anjilin kudu | miyosi prang jaba | nanging tan ana nuruti | samya aprang saking salêbêting kutha ||

26. wontên nênggih satriya agêng lêlaku | sakêthi kang wadya | nama Radèn Banuarli | pan puniku Marmadi ingkang pêputra ||

27. patutipun randhane Jobin rumuhun | lan Radèn Marjaman | sanès ibu Mukabumi | tunggil ibu kalawan Dèwi Luljohar ||

28. ramanipun Jobin Luljohar rumuhun | Luljohar kagarwa | nguni Radèn Maryunani | Banuarli lan Umarmadi patutnya ||

29. praptanipun saking Kaos nêgarèku | têtuwi mring kadang | sanès bapa tunggil bibi | marginira malipir pinggiring Mêkah ||

30. lampahipun katanggor pakuwon agung | pangarsaning lampah | umatur yèn wontên baris | ngêpung Mêkah Sri Polad Kuwari Usman ||

31. êmbanipun sundhulane ingkang ibu | ing nguni boyongan | yèku putra Mukabumi | êmban paman Radèn Wajah ingkang nama ||

32. duk angrungu pênganjure kinèn mundur | aja kêjaruhan | mênawa mungsuh udani | Raja Polad cidrane Kuwari Usman ||

33. wus angumpul rajaputra barisipun | prajurite samya | ngumpul sêdaya tinari | paman Wajahjami parab budinira ||

34. mungsuh iku sêdyane aprang anambuh | Mêkah ana apa | yèn nêdyaa

--- 4: 412 ---

prang sayêkti | pêsthi nusul marang nêgari Kuparman ||

35. alon matur kang paman pênêde iku | wong mênangi boja | pagene dipun singgahi | gih binukti ing sakêlar-kêlarira ||

36. jêr puniku nyidrani ing gustiningsun | payo cinidranan | ginitik ingamuk wêngi | Wajahjami angling iku dudu lampah ||

37. rina bae pinaguta amrih bingung | sinawur dahana | pakuwon sinawat gêni | botên nistha animbangi mungsuh cidra ||

38. sampun putus pakewuh ingkang rinêmbug | mung ngamuk kewala | wadya jro Mêkah sayêkti | nuntên pirsa tulung mêngakkên kang lawang ||

39. lamun uwus ing jaba lan ing jro kumpul | sayêkti prang tata | sami ngabên aprang tandhing | nadyan silih sumêngka măngsa mundura ||

91. Durma

1. wus samêkta pinêthèt prajuritira | Rahadèn Banuarli | wadya nitih kuda | kawan lêksa sêdaya | nèng wana atata baris | pangirid mangsah | Rahadèn Wajahjami ||

2. kalih èwu prajurit tan sinung aprang | kang jaga angobongi | pakuwoning mêngsah | sawusnya rakit dadya | têngara umyung thongthonggrit | mangsah anunjang | gumuruh suraknya tri ||

3. mungsuh lagya jêng-ajêngan lan jro kutha | kagyat prapta ing wuri | kang mungsuh anunjang | ngamuk saking ing wuntat | lawan ana kang ngobongi | gêninya mubal | prajurit angamuki ||

4. Radèn Wajahjami lawan ingkang putra | Rahadèn Banuarli | rampak ngamuk nêngah | marani goning raja |

--- 4: 413 ---

kotbuta ngamuk angukih | ênggoning raja | tinunjang anadhahi ||

5. rame ulêng-ulêngan pamoring aprang | prajurit ing Kohkarib | samya antuk papan | ngiwut angidak nunjang | wus kathah antuk pêpati | bala jro kutha | kang munggèng panggung sami ||

6. Radèn Aris Bulahab waspadèng tingkah | Abdul Samsu ningali | yèn ana nêrajang | ngamuk saking ngiringan | wadya Mêkah buka kori | prajurit mêdal | samya anêmpuh wani ||

7. Radèn Wajahjami gung antuk prawira | kang mati pamuknèki | tuwin radèn putra | Kohkarib pamukira | kèh kairas pra dipati | rêbah bêlasah | risak abosah-basih ||

8. Wajahjami mangsiti prajuritira | yèn wadya Mêkah mijil | midêr amor sigra | wus kadya sinaringan | mungsuh rewang amiranti | pamore uwal | wus golong bagi-bagi ||

9. wus abaris pajêb[17] mungsuh sowang-sowang | kapang-kapang kang baris | tinata kalangan | Senapati tan ana | ing rèh ingkang misesani | Dipati Mêkah | ngamungkên para siwi ||

10. datan ana ingkang lênggah ing wijoan | sêdaya sami kursi | apapak kewala | tan ana luhur andhap | amung kang sêpuh sakêdhik | Radèn Bulahab | kêlawan Abuntalib ||

11. Ngabdul Samsu kalawan Amidamiya | lan Dyan Amir Anjilin | Kohkarib Narpatma | kêlawan ingkang paman | sira Radèn Wajahjami | apan sêdaya | mung sami munggèng kursi ||

--- 4: 414 ---

12. baris Polad wus sami lênggah atata | munggèng amparan rukmi | kang darbèni lampah | Raja Kuwari Usman | têmbunge surat sun iki | apa wong Mêkah | siji tan ana janmi ||

13. apa amung anjing ingkang padha ana | dene cidra kang jurit | iya eling sira | sun gawe karang abang | tan wurung prajanirèki | wus ingangsulan | surate sri bupati ||

14. Ratu Polad Sang Raja Kuwari Usman | duta tan dangu prapti | angsal angsul surat | binuka têmbungira | hèh Raja Polad sirèki | yèn bala Mêkah | anut cidranirèki ||

15. dene sira ratu gêdhe tambung lampah | mamak tan darbe kuping | yèn nêgara Mêkah | senapati tan ana | mung wong wadon bocah cilik | iku kang ana | yèn sira arsa jurit ||

16. pêsthi nusul marang nêgara Kuparman | wong sêpi dèn parani | mêngko balanira | kèh rusak dening bocah | iki putra ing Kohkarib | mêtu prawira | iya Si Banuarli ||

17. iya sira kang gawe tuwa maringwang | saking cidranirèki | dadya raganingwang | mêtu têka ing bocah | manjing ing wong tuwa mangkin | kabèh wong Mêkah | wus mari rare cilik ||

18. mêtu saking pasamuan ingkang tiwas | mêngko padha manjingi | iya pasamuan | ingkang luwih utama | wit saking praptanirèki | Sang Raja Polad | asmara duk miyarsi ||

92. Asmaradana

1. Sang Natèng Polad anangis | sarwi anungkêmi layang | ngumpulakên [ngumpula...]

--- 4: 415 ---

[...kên] punggawane | ingkang para ulubalang | prajurit para raja | wontên ta wau kang sêpuh | andêle Kuwari Usman ||

2. andêling prang andêl pikir | mangkana Raja Duwèldas | kêlawan Raja Jêrkuwès | Raja Dêrnidêr kêlawan | sira Sang Raja Padlan | Raja Dêrlandrèk puniku | lawan Raja Mênir Jungkat ||

3. Raja Sanrang lan Sampiling | Burêntan Raja Gêndriyan | anyêlak bêkta kursine | sêrat gantya anumpiksa | ana kang nuli mojar | puniki pikir satuhu | carane ratu mangun prang ||

4. jêr paduka sangêt sisip | kutha sêpi kang kinêpang | mangke anêmu mêngkene | nusula marang Kuparman | măngsa dèn ladènana | mêmungsuhan lan wong bingung | angur suwawi tinêmah ||

5. lawan bala paduka ji | puniki wus kathah risak | paranta sampun kêlakon | inggih ta sêdaya-daya | untung ilanging lampah | nanging wong jro kitha sinung | pênantang mêtu tandhingan ||

6. tămba kawêlèh sakêdhik | wus dadya sêrat lumampah | têmbunge kang sêrat tonjok | prapta gène baris mêngsah | pênantange kaduga | mufakat prang tandhing saguh | saanane bêbocahan ||

7. sigra miyos ing ajurit | Rahadèn Aris Bulahab | nitih turăngga wus kawot | sakêpraboning ayuda | prapta nèng rana sumbar | lah payo mêtua gupuh | ing kene tandhing prawira ||

8. wong Mêkah surake asri | wong Kohkarib awurahan | wong

--- 4: 416 ---

Polad Raja Dêrlandrèk | umangsah nitih turăngga | nandêr prapta payudan | ayun-ayunan sru muwus | wong Mêkah sapa ranira ||

9. alon dènira nauri | ngong Radèn Aris Bulahab | hèh sira sapa arane | ya ingsun andêling Polad | Dêrlandrèk namaningwang | payo apa nèng sirèku | ngling Radèn Aris Bulahab ||

10. dudu watak andhingini | ing ayuda caraningwang | angling Sang Raja Dêrlandrèk | dèn prayitna ingsun gada | kudhunga băndabaya | sigra Ris Bulahab kudhung | ginada tangkis lêgawa ||

11. rame dènira ajurit | Dêrlandrèk gada ping tiga | winalês nêmpuh parise | jumêbrèt panggadanira | Radèn Aris Bulahab | pinindho asru pamupuh | Dêrlandrèk aris anggada ||

12. arame bindi-binindi | dangu dènnya main gada | sarêng sèlèh gada karo | ganti apêdhang-pinêdhang | dangu prang main pêdhang | rukêt pêdhang samya putung | sami mudhun saking kuda ||

13. sarêng dènnya marêpêki | Aris Bulahab cinandhak | junjung Sang Raja Dêrlandrèk | awanti-wanti tan kangkat | dyan winalês cinandhak | Raja Dêrlandrèk kajunjung | binanting tiba kantaka ||

14. sigra dènira gongsongi | Aris Bulahab sêsumbar | êndi prajurite manèh | iki ta Aris Bulahab | kadange lêt têtiga | lan Kêlana Jayèngsatru | Wong Agung Surayèng Jagad ||

15. lêt têtêlu tuwa mami | atmajèng Dipati Mêkah | Banukasim têdhak Kurès |

--- 4: 417 ---

turăngga midêr ing papan | sigra prajurit Polad | Raja Dêrnidêr umagut | praptèng papan wus apanggya ||

16. Raja Dêrnidêr sru angling | hèh sira Aris Bulahab | dene muncêr sêsumbare | sira sadulure tuwa | marang Si Kakungingrat | dene nora dadi ratu | dêdêgmu iku prayoga ||

17. suwitaa ratu mami | tinggalên sadulurira | pêsthi sira dadi katong | asugal pangucapira | Radèn Aris Bulahab | tan sudi nêmbah ratumu | nora kudu dadi raja ||

18. balikta ingsun nalèni | mring ratunira kaduga | payo ta laknat dèn age | apa kang ana ing sira | Dêrnidêr narik pêdhang | Aris Bulahab winuwung | ing pêdhang malah ping tiga ||

19. winalês pinêdhang aglis | arame pêdhang-pinêdhang | adangu tan wontên kasor | kêsaru suruping arka | mundur kalih kang yuda | wong Mêkah makuwon sampun | lajêng marêk sang dipatya ||

20. rajaputri ing Kohkarib | katur dhatêng sang dipatya | ngandikan prapta ngarsane | nêmbah nguswa dêlamakan | ingaras lungayanya | sinungga tinamu-tamu | akathah prajuritira ||

21. Dipati Mêkah nglingnya ris | marang kang putra sêkawan | paranta iki bêcike | apa ora tur uninga | iya mring arinira | mungsuh iki ratu agung | prawira asugih bala ||

22. kang putra umatur sami | tuwin ture rajaputra | Kohkarib dhuh sampun age | têmahan nyuwani manah | mênawi binantonan | botên [botê...]

--- 4: 418 ---

[...n] angsal sêsinau | Mir Anjilin nambung sabda ||

23. bênêr ki putra Kohkarib | lamun atura uninga | inggih tan wande binanton | pinrih puniki tutuga | mèsêm sang adipatya | mring Apatih Abunagur | Bunagur Damildamiya ||

24. arine Umarmayèki | Ngabdamiya Jumirilsuta |[18] sasedane wong tuwane | pêkanjun ingkang kinarya | angrèh bala ing Mêkah | Kyana Patih Abunagur | gagah prakoswa tur kêras ||

25. saosa têratag jawi | dèn ajêmbar tarubana | kya patih nêmbah nulyage | lawan bala tigang lêksa | karya têratag dadya | datan kawarna ing dalu | kapungkur wus praptèng siyang ||

93. Pangkur

1. enjing muni kang têngara | wong jro kutha prajurit amiyosi | gumulung suka tyasipun | tan ana ingkang maras | para kadang katut saking nêdhêngipun | Banuarli Rajaputra | lan Radèn Amir Anjilin ||

2. alênggah kursi sêdaya | Radèn Aris Bulahab Abuntalib | lawan Radèn Abdul Samsu | Dyan Amir Ngabdamiya | Rajaputra Kohkarib bajênge lungguh | Radèn Banuarli lawan | ingkang paman Wajahjami ||

3. Kya Patih Bunagur lawan | mudha putra Radèn Amir Anjilin | putra Mukabumi magut | sampun nitih turăngga | Radèn Wajahjami prapta nguwuh mungsuh | papagêna tandang ingwang | iki putra Mukabumi ||

4. Si Wajahjami prakoswa | widigdaya rêbutên ing ajurit |

--- 4: 419 ---

sapa ingkang arsa lampus | payo Kuwari Usman | mêtonana yèn sira prajurit punjul | payo angadu pragola | rukêt băndawala pati ||

5. ratu anguthuh ing tingkah | murang krama kuwur angawur titi | payo mêtua dèn gupuh | lamun tuhu prawira | gêtun têmên ingsun alirua wuwus | wong mamak angawak-awak | tanpa krama ing ajurit ||

6. wau tan bêtah miyarsa | Mênir Jungkat mêtoni ing ajurit | anitih turăngga sampun | kawot kêpraboning prang | praptèng rana Mênir Jungkat têtanya sru | sapa aranmu satriya | nauri sun Wajahjami ||

7. Mukabumi wijil ingwang | pan kaipe dening Prabu Kohkarib | hèh sira sapa aranmu | sumaur Mênir Jungkat | lajêng gada Radèn Wajahjami kudhung | parisanira malela | ginada mawanti-wanti ||

8. wus tita panggadanira | dyan winalê[19] Mênir Jungkat binindi | akudhung parisanipun | pining kalih panggada | pining tiga parisanira malêdug | sumyur katêmpuh ing gada | ajur lan kudane mati ||

9. Raja Padlan sigra prapta | sru anggada mring Radèn Wajahjami | tangkise gada tumêmpuh | Padlan winalês tiba | singsal saking turăngga ing tibanipun | turanggane katanggulang | ing gada ajur wor siti ||

10. têdhak saking kudanira | Wajahjami mêrpêki mungsuhnèki | cinandhak binanting lampus | liwung wuru ing aprang | singa mara ginada akèh têtulung | Jangkuwès lawan Duwèldas | ngrapakên turăngga [turăng...]

--- 4: 420 ---

[...ga] sami ||

11. riwut ingkang băndayuda | Banuarli Radèn Amir Anjilin | kalih sarêng atêtulung | nandêr turangganira | praptèng rana Wajahjami kinèn mundur | sarêng panggih kang ayuda | Jangkuwès lan Banuarli ||

12. Duwèldas wus panggih lawan | wau sira Radèn Amir Anjilin | Duwèldas sigra amupuh | ing gada kêtadhahan | paris waja kumatar-katar kumukus | winalês Prabu Duwèldas | ginada sumyuring tangkis ||

13. buwang gada narik pêdhang | turanggane putêran angrok sami | angayat pêdhang amuwung | lumarap mèh tumiba | binarêngan cinandhak paglanganipun | tinarik sampun kasêndhal | nèng asta tininggil-tinggil ||

14. tinon ing wadya sêdaya | ngeramakên Radèn Amir Anjilin | Duwèldas binanting rêmuk | ăngga ajur lan kisma | Raja Jawès rame prang sampun kapikut | kasor ing prawiranira | kêtawan kêsaput wêngi ||

15. samya mundur kang ayuda | Sri Kuwari Usman langkung prihatin | prajurite kèh kapupu | amung kantun têtiga | wadya Mêkah mundur kasukan ing dalu | enjang anêmbang têngara | gumuruh miyos tinangkil ||

16. Sang Raja Kuwari Usman | têngarane bale wor kang gong bèri | wus angênês batinipun | ing lair linamisan | prajurite ingkang kari kusut-kusut | angungun Kuwari Usman | lupute kasor kang jurit ||

17. wus satata baris kapang | akalangan sagung mantri prajurit | Dyan Amir Anjilin sampun [sa...]

--- 4: 421 ---

[...mpun] | nitih turăngga mangsah | sumbar-sumbar sarwi umbul gadanipun | turanggane gêbyar-gêbyar | eram kang mungsuh ningali ||

18. wong Mêkah surak gumêrah | wong Kohkarib lir udan sinêmèni | sêsumbar sang arya sunu | rêbutên ing ayuda | payo laknat aja na gênti umagut | mangsah sêkarine pêjah | Sang Raja Sampaltinaim ||

19. wus panggih ayun-ayunan | asru tanya Raja Sampaltinaim | wong anom sapa aranmu | solah sawênang-wênang | wingi sira ambandani para ratu | samêngko mati deningwang | iki Si Sampaltinaim ||

20. nauri rahadèn putra | iya ingsun Amir Anjilin mami | payo apa nèng sirèku | sigra anarik pêdhang | sigra Raja Sampaltinaim amuwung | dupi lumarap kang pêdhang | cinandhak astanirèki ||

21. sinêndhal saking turăngga | wus dèn ikal sira Gampaltinaim[20] | binanting ing siti kantu | prapta Raja Andriyan | arsa mêdhang binarêngan astanipun | sinêndhal saking turăngga | Sang Raja Sampaltinaim ||

22. lan Andriyan kalih samya | kêlangsaran tan ana kang gongsongi | cinandhakan kalihipun | sinawatkên ing mêngsah | langkung bêndu Kuwari Usman umagut | anitih kuda papêrang | binusanan murub asri ||

23. mangsah jojog kudanira | praptèng rana bramatya lingira ris | si bocah pêksa kumingsun | dudu wong anom sira | kêlakuwanira bănda para ratu | ambanting matèni raja | bantingên wong

--- 4: 422 ---

anom mami ||

94. Sinom

1. surake bala gumêrah | kadi udan sinêmèni | Sang Raja Kuwari Usman | sira Si Amir Anjilin | payo Amir Anjilin | yèn nyata sira pinunjul | mara gadanên ingwang | nauri Amir Anjilin | payo aprang dhingina Kuwari Usman ||

2. sapa kasoran binănda | banjur pinatenan bêcik | ngling Raja Kuwari Usman | sayêkti sira ngêmasi | nadhahi gada mami | măngsa wurunga malêdug | balungmu maksih rênyah | kêlawan dêdêgmu cilik | ngangkat gada Sang Raja Kuwari Usman ||

3. radèn tangkis băndabaya | ginada Amir Anjilin | pan kadya balêdhèg sasra | jumêbrèt tibaning tangkis | kuwat dènnya nadhahi | datan osik astanipun | surak bala wurahan | parisane mubal gêni | angandika Sri Polad Kuwari Usman ||

4. têrkaningsun amor lêmah | hèh sira Amir Anjilin | yèn ingsun anggada arga | sumyur dening gada mami | sirèku maksih urip | wêntala tan ajur mumur | pinindho pining tiga | pênangkise datan osik | ingsun walês dèn yitna Kuwari Usman ||

5. sigra kudhung paris waja | gya Radèn Amir Anjilin | ngêtab kuda ngikal gada | ginada sri narapati | kadya gêlap sakêthi | tumêmpuh ing paris sumyur | tugêl gigiring kuda | sang nata tiba kuwalik | tangi ngadêg gumêtêr sariranira ||

6. obah balunge sang nata | kang pitung puluh kêkalih | Dyan Amir Anjilin [Anji...]

--- 4: 423 ---

[...lin] têdhak | marani sri narapati | prang pêdhang angrubêdi | lah payo junjung-jinunjung | Polad Kuwari Usman | sigra nyandhak sang apêkik | pan ingangkat-angkat mêksa datan kangkat ||

7. kinuwatkên pêngangkatnya | malah tumètès kang gêtih | dariji lawan jêmpolan | miwah netranira kalih | sami awaspa gêtih | panjunjunge tan kajunjung | angling payo malêsa | sigra jinunjung sang aji | sarwi pêtak kajunjung Kuwari Usman ||

8. ingikal-ikal ing tawang | ebat kang sami ningali | binanting Kuwari Usman | kalêngêr gumuling siti | têrutul Wajahjami | prapta nalèni sang prabu | ginodhi suku asta | surake bala mêlingi | wusnya tangi Sri Polad Kuwari Usman ||

9. tinari paraning karsa | apa urip apa mati | kang satuhu antêpira | umatur sri narapati | aririh angêrintih | ngucap sangêt sakitipun | adhuh anggèr kawula | ngaturkên tobat sayêkti | pan sumăngga sakarsa tuwan ngabdèkna ||

10. Amir Anjilin ngandika | inggih yayi Wajahjami | konên angucap kalimah | sarengat Nabi Ibrahim | Wajahjami muruki | sawusnya sadat sang prabu | anulya inguculan | ngabêkti sri narapati | tinêtêpkên kêratone nagri Polad ||

11. balane prapta sêdaya | satriya para dipati | wus kinèn salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | binêkta sri bupati | manjing pura kunduripun | bala kantun ing jaba | mung binêkta sawêtawis [sawê...]

--- 4: 424 ---

[...tawis] | tinêtêgan wus kundur kang băndayuda ||

12. binêkta marêk ing rama | nèng wurine Banuarli | Sang Raja Kuwari Usman | sapraptanira ing puri | sinêmbahakên aglis | Sang Raja Polad angraup | ing pada sang dipatya | pangandikanira aris | anak prabu ing Polad Kuwari Usman ||

13. dèn agêng ing panarima | nugrahan gêng ing Hyang Widi | andika pinaring iman | amargi saking ajurit | singa kang dadi margi | sok si sampun katêlanjur | nuhun sri naranata | wus kandêl agamanèki | anèng Mêkah Sang Raja Kuwari Usman ||

14. sami amangun bujana | lan Radèn Amir Anjilin | ingkang kantun bêboyongan | Kuwari Usman Sang Aji | manjing sudarawèdi | ing batin gusti satuhu | eca tyase nèng paran | wadyane kathah kang prapti | pra dipati kang nusul ing gustinira ||

15. kunêng wontên kawurcita | panjênêngan ratu luwih | Wrahad Gaji Abu Ngadngah | nêgarinipun Kubarsi | agung angrèh para ji | tanpa tandhing ing prang wudhu | darbe putra têtiga | pawèstri ingkang satunggil | kalih priya sêndhang kapit ing pancuran ||

16. kang sêpuh jalu pêparab | Maliyat Kustur satunggil | panênggakipun wanodya | Rêtna Mari Kadarwati | kang rayi jalu malih | anama Waringat Kustur | kêkalih dêdêgira | nyawidak êgas prasami | prawirane kalih tanpa tandhing ing prang ||

17. kang rama anyar palastra | putra kalih madêg aji | Maliyat Kustur kang tuwa [tu...]

--- 4: 425 ---

[...wa] | Waringat Kustur kang rayi | panêngah rajaputri | pan sami amawi guru | luhurira nêgara | gurune kang rama nguni | putri ditya pêlayon saking Ngajêrak ||

18. ngili saking ing Jabalkap | anake ratu rasêksi | nama Raja Samaduna | sèwu kang sirah ngajrihi | asta rongèwu nguni | pêjah aprang lan Wong Agung | Kakungingrat nalika | timurnya Dyah Kuraisin | putri ngili maring Kubarsi nêgara ||

19. tan wruh lamun pêlajêngan | Sang Pabu Wrahad Kubarsi | anyana praptane dhasar | ngunggahi Prabu Kubarsi | anèng Pêtaniburni | pinggir kitha sandhing gunung | pêparabe sang rêtna | nênggih Dèwi Samadrini | pan ginarwa Wrahad Gaji Abu Ngadngah ||

20. saking têbihe jajahan | Jabalkap lawan Kubarsi | milane datan miyarsa | yèn kêkalahaning êjin | miwah keyokannèki | mring Kêlana Jayèngsatru | nyana lêlêmbut tigas | branti mring Natèng Kubarsi | dadya luhur loke nagri liya-liya ||

21. balane tanpa wilangan | Waringat Kustur kang rayi | kang madêg ratu taruna | têgêse ngiras pêpatih | Kubarsi ngrèh para ji | pra dipatinira agung | bala tanpa wilangan | punggawa satriya mantri | kalih kêthi liya ingkang măncapraja ||

22. mêngkana wau miyarsa | Sri Naranata Kubarsi | yèn langkung rame prang Dhayak | lan Kusniya Malebari | prang agêng ngêrbat putri | wong Dhayak kasor prangipun | nêdya napung ing yuda | mring Kusniya Malebari [Ma...]

--- 4: 426 ---

[...lebari] | ingkang arsa tinumpês dening jin Islam ||

23. sampun angundhangi bala | samêkta kêprabon jurit | anglurug sri naranata | mring Kusniya Malebari | kadangipun pawèstri | tan kêna tinilar kudu | anut lampahing raka | kêlawan wau kang rayi | Kadarwati putri sêkti măndraguna ||

24. mila sang rêtna digdaya | adarbe cêcupu manik | astagina pinaringan | mring kang ibu Samadrini | bisa napak wiyati | Kadarwati putri punjul | kalih atus sêdaya | pawongan putri prajurit | wadyabala Kubarsi amucung ing prang ||

95. Pocung

1. para ratu wus angumpul gamanipun | miwah pra dipatya | tanpa wilangan kang baris | abra kadya prabata sakêthi kobar ||

2. wus amukul têngara kêndhang gong umyung | wus atilar praja | budhal saking ing Kubarsi | kadya praja angalih gênge kang bala ||

3. cucukipun ing baris Raja Pêlangkus | Nêrpati Panardan | ratu digdaya ngajurit | pilih tandhing Raja Pêlangkus Panardan ||

4. kanthinipun sira Raja Kodrabanu | nagrine Gênita | kalihe ratu prajurit | kang dèn irid para ratu nyatus sewang ||

5. pitung dalu longkange ratu pênganjur | tan winarnèng lampah | laminira anèng margi | mung cêndhake laku cinatur ing kăndha ||

6. Sang Dyah Ayu Kadarwati lampahipun | miyos ing gêgana | nindhihi wadya dhêdhêmit | ya ta wau ratu pênganjur wus prapta ||

--- 4: 427 ---

7. watêsipun kancikan tampinganipun | paminggir jajahan | ing Kusniya Malebari | kagegeran wong desa kèh ngungsi arga ||

8. akêkuwu Kodrabanu lan Pêlangkus | anganti parentah | dene sampun angidêki | tampingane kang tumut bumi Kusniya ||

9. sampun sinung parentah saking ing pungkur | kinèn andhêsêka | saking kitha aywa têbih | akaryaa caosane pêsanggrahan ||

10. budhal maju Pêlangkus lan Kodrabanu | marga tan winarna | prapta ing dhusun Gêmiri | saking kitha kari lakon patang dina ||

11. gègèr kuwur kang kancikan baris agung | samya ngungsi kitha | mantri tampingan tur pèksi | mring nêgara yèn wontên mêngsah gêng prapta ||

12. sampun katur marang sang prabu ing Kulub | lan Prabu Kaliyah | senapati kang nambungi | sakathahe wicara pakewuhing prang ||

13. sampun katur praptane kang mêngsah agung | balane awêndran | saking nêgari Kubarsi | kalih atus pênganjure ratu prapta ||

14. wus misuwur lamun ana mungsuh rawuh | sigra kesah nuksma | Ngaenan Kamibunandir | prapta namur manjing pabarisan mêngsah ||

15. pratela wus Bunandir panêlikipun | awas dènnya mulat | praptèng praja turirèki | mring Jêng Sultan Jayusman Samsumirijal ||

16. kinèn ngutus animbali arinipun | pangeran ing Kelan | carakanira lumaris | praptèng Kelan kang rayi sampun katuran ||

17. langkung gugup budhal saking prajanipun |

--- 4: 428 ---

sakêpraboning prang | Jêng Pangeran Kaelani | tan alami praptane nagri Kusniya ||

18. balanipun nèng jawi kitha kêkuwu | kadya hèrnawendah | srining bala Kaelani | pangerane sampun gunêm jroning pura ||

19. panggih ibu lan kang raka sultan agung | ubêkan siyaga | wong Kusniya Malebari | senapati balane sampun kêkirab ||

20. Rajèng Kulub Kalbujèr miwah Dukyanus | ing Ngungsur nêgara | Kaliyah Raja Dukyadis | baris tugur kumrutug punggawanira ||

21. kang winuwus Sang Prabu Maliyat Kustur | saha bala prapta | ing Gêmiri angêbêki | pakumpulan prajurit sinung parentah ||

22. dhêsêk ngêpung amrih kêmput papanipun | girisa wong kutha | binagi kanan lan kering | karya surat kang têmbung tunggul panantang ||

23. kang dèn utus andêl Sang Raja Pêlangkus | amundhi pênantang | mring Kusniya Malebari | nuju dina Soma miyos siniwaka ||

24. pan supênuh kang pangarsa para ratu | miwah pra dipatya | punggawa satriya mantri | awor bala ing Parangakik lan Kelan ||

25. kadya alun gumulung ing alun-alun | gunge balakuswa | kang sumiwèng narapati | ingkang cêlak Pangeran Bakdingujaman ||

26. dutanipun kerid ing Raja Dukyanus | kang baris ing jaba | Kalbujèr lawan Dukyadis | ingkang siji ngirid lêbuning caraka ||

27. praptanipun raja duta kinèn lungguh | lan Dukyanus nunggal | sêrat pinundhut ing patih | Abunandir

--- 4: 429 ---

ingkang ngaturakên surat ||

28. wus pinundhut sêrat pinaringkên sampun | mring kang rayi Kelan | ingkang kinèn maos tulis | duk winaca pèngêt bêbukaning sêrat ||

29. layang ingsun Sang Prabu Maliyat Kustur | ingkang angêdhatyan | tanah agêng ing Kubarsi | kang sinêmbah dene para ratu dhomas ||

30. praptaningsun amundhut Sang Raja Kulub | Kalbujèr aturna | bêbandan mring ngarsa mami | yèku arsa sun gawe pangewan-ewan ||

31. Ratu Ngungsur iya Si Raja Dukyanus | lan Raja Kaliyah | iya Si Raja Dukyadis | padha turna talikungan mring manira ||

32. dosa agung maringsun padha jalêbud | nungkul marang sira | dêstun ora duwe budi | padha nungkul marang ratu kang nanêka ||

33. katon dhukuh Kubarsi nêgaraningsun | marmane aturna | si mamak amêjanani | ngorakakên tan arsa nyambat maringwang ||

34. lan sirèku nungkula mring jênêng ingsun | awèha patobat | ngêsrahêna anak rabi | lamun ora mangkono sun tunpês[21] pisan ||

35. têlas têmbung mèsêm dènira angrungu | Sang Raja Kusniya | parentah kinèn mangsuli | sira Prabu Jayusman Samsumirijal ||

36. wus tinundhung Sang Raja Duta Pêlangkus | anggawa wangsulan | kang surat Pêlangkus mulih | lèngsèr saking ngarsane Prabu Kusniya ||

37. kesahipun caraka sang nata kundur | kang rayi binêkta | Jêng Pangeran Kaelani | manjing pura prapta ngarsane bunira ||

38. putra matur punika panonjokipun [pano...]

--- 4: 430 ---

[...njokipun] | mêngsah ingkang prapta | Sri Naranata Kubarsi | pun Maliyat Kustur tuhu pêksa lancang ||

39. ingkang ibu ananggapi suratipun | sinuksmèng ing driya | mèsêm angandika aris | kaki prabu layang iki banjurêna ||

40. mring praja gung ing Kuparman dimèn katur | mring wong tuwanira | Wong Agung Surayèng Bumi | anuduha kang lumaku rêrikatan ||

41. ya ta emut ngandika hèh sira kulup | ya Bakdingujaman | bapakmu Raja Jaswadi | timbalana arsa sun pundhut karyanya ||

42. awotsantun kang putra nolih ing pungkur | sarwi nguwuh bapa | sira marenea aglis | kangjêng ibu ingkang animbali sira ||

43. buka ulês ingkang munggèng netranipun | Sang Raja Suwăngsa | munggèng wurine putrèki | ya ta mèsêm Sudarawêrti ngandika ||

44. yayi prabu aywa doh gonira lungguh | ing kene jajara | lan putranira kêkalih | angsun[22] tari ana pakewuhing praja ||

45. ingsun mundhut jin roro bae sun utus | mring nagri Kuparman | ngaturakên layang iki | panonjoke yayi mungsuh ingkang prapta ||

46. nêmbah matur pêrlu punika pukulun | yèn jin ala datan | sayêkti botên dumugi | pêsthi ajrih marêk ing raka paduka ||

47. sru gumuyu sang rêtna asru amuwus | yayi prabu apa | êjin mono nganggo wêdi | nganggo taha gêdhe cilik nganggo beda ||

48. nêmbah matur inggih inggih sang pukulun | sanèse punapa | agêng aliting dumadi |

--- 4: 431 ---

lan punika lampah agêng sawêtara ||

49. yèn anuduh sok jina inggih pukulun | gênggênging wicara | tan liyan bicara jurit | ingkang nistha Jêng Gusti Rajèng Kusniya ||

50. nisthanipun kirang taklim mring wong sêpuh | utusan sok jina | milane punika inggih | pantês kula piyambak ingkang lumampah ||

51. sru gumuyu sira iku yayi prabu | bangêt palimarma | mring Ki Prabu Malebari | beda apa aran padha putranira ||

52. ya Ki Prabu Kusniya Malebariku | iya sutanira | Ki Radèn Iman Karnèni | Si Jayusman iya Si Bakdingujaman ||

53. yayi prabu bangêt ing tarimaningsun | kêlawan prayoga | yèn sira seba pribadi | mring Wong Agung Surayèng Jagad sumbaga ||

54. yayi prabu lah puniki suratipun | tur sêmbah tinampan | pamit mijil saking puri | praptèng jawi mêsat napak jumantara ||

55. dêdêl ngayuh jumantara nyamut-nyamut | muksèng antariksa | lampahe Raja Jaswadi | ing Kusniya Malebari wus kawuntat ||

96. Pangkur

1. kunêng wau lampahira | kang dinuta sira Raja Jaswadi | wuwusên nagri Mêdayun | Sri Bathara Nusirwan | miyarsakkên yèn kang putra amêmantu | lawan Prabu Bawadiman | ing Kusniya Malebari ||

2. lawan akathah arungan | ingkang wayah Rajèng Kaos nêgari | ical nêt kalaning dalu | lan akèh mungsuh prapta | pangrungune saking nêgara Mêdayun | putra katiga ngandikan | sêkawan rêkyana patih ||

--- 4: 432 ---

3. prapta byantara narendra | angandika Sri Batharèng Mêdayin | Baktak paran wartanipun | kang anèng ing Kusniya | sutaningsun Patih Baktak nêmbah matur | inggih agung kasusahan | putra tuwan Bagendha Mir ||

4. kadi botên utusana | amêmantu wontên sajroning jurit | mêngsahipun sangsaya agung |[23] nanging warti samangkya | wayah tuwan Jayusman umadêg ratu | ngratoni nagri Kusniya | malah ta sampun sêsiwi ||

5. nging mêngsah dèrèng sampurna | sru ngandika Sang Prabu Nyakrawati | ingkang roro putraningsun | Si Sêmangun lan Irman | lumakua sira patih aja kantun | tinjo kakangane padha | mring Kusniya Malebari ||

6. gawaa kêkirim ingwang | lan ibumu kang padha akêkirim | ana pitung lêksa pikul | kèh warni dah-endah |[24] kidang lawan mênjangane pitung èwu | wêdhuse gèmbèl salêksa | salêksa maning kang sapi ||

7. samêkta sagung kiriman | mring kang wayah kang madêg narapati | budhal saking ing Mêdayun | kêkalih rajaputra | Patih Baktak para ratu patang puluh | kalih atus pra dipatya | wontên sayuta nêm kêthi ||

8. lampahe tan winurcita | pan ginêlak lampahe siyang ratri | nênggih barise Mêdayun | marga tan winuwusa | ambênêri katêlanjur marginipun | kang datan anjog Kuparman | cinêndhak lampahe prapti ||

9. têlatah bumi watêsan | ingkang tumut Kusniya Malebari | Patih

--- 4: 433 ---

Baktak pan angrungu | yèn nagri ing Kusniya | pan kinêpung dene Sri Maliyat Kustur | ratu agung prawirèng prang | nêgarane ing Kubarsi ||

10. balane tanpa wilangan | pan kajinan sêktine ing ajurit | dadya Patih Baktak matur | mring Rajaputra Irman | kadipundi lampah punika pukulun | tan sagêd manjing jro kutha | barise mêngsah ngubêngi ||

11. mêngsah punika kalintang | sugih bala prakoswa ing ajurit | Sang Raja Maliyat Kustur | arine malih dibya | kang pêparab Sang Raja Waringat Kustur | arine èstri kajinan | Rêtna Mari Kadarwati ||

12. dene ta raka paduka | sampun lami kundur saking ing ngriki | mantuk Kuparman pukulun | mêngsah punika benjang | inggih lajêng dhabêng[25] Kuparman pukulun | kadi ta botên anyandhang | Wong Agung mêngsah sang aji ||

13. yèn suwawi sami seba | inggih dhatêng sang prabu ing Kubarsi | ngakêna yèn dipun utus | dhatêng rama paduka | yêkti suka Sang Prabu Maliyat Kustur | Baktak tinurut aturnya | anulya kinèn rumiyin ||

14. sarêgêp Ki Patih Baktak | lan pakintun binêkta andhingini | wus prapta sor lampahipun | gêmiri pasanggrahan | sigra katur mring Prabu Maliyat Kustur | ki patih ngandikan prapta | ngarsane Rajèng Kubarsi ||

15. iya ta wau anulya | Patih Baktak wagêde ujar sisip | angrapêtakên wêwadul | amis bacin ginarap | maring Baktak pêsthi dadi manis arum | putra Mêdayin kalihnya | ingandikan [ingandi...]

--- 4: 434 ---

[...kan] tunggil baris ||

16. wus arapêt rêrêsêpan | Radèn Irman lan prabu ing Kubarsi | angundhangi balanipun | pianjur andhêsêka | amêrpêki kitha ratune pênganjur | bodholakên barisira | prapta dhusun Banukawit ||

17. wus arakit akêkuthan | akêkojor papane jêmbar radin | ambanjêng pakuwon agung | kadya hèr nawa wutah | rajaputra ing pungkur pakuwonipun | wau ta kang kawuwusa | lampahe Patih Bunandir ||

18. anêlik ing baris mêngsah | wus amatêk ki patih ngèlmuning jin | sêkala datan kadulu | winatêk kang pamungkas | nadyan samining jin datan bisa dulu | wus kajajah kang sanggrahan | dènnya momor makantuki ||

19. datan wontên kalonglongan | kasap lêmbut kinawruhan ki patih | saosik sasêdyanipun | mungsuhe wus kawruhan | gêlar ingkang sinimpên bisa angunus | ing ajur ajèr wus bisa | gambuh Ki Patih Bunandir ||

97. Gambuh

1. ki patih sampun mundur | dènnya jêjêp pakuwoning mungsuh | Kyana Patih Ngaenan Kamibunandir | lajêng tumamèng kêdhatun | ngarpane[26] sang narendra nom ||

2. sang nata duk alungguh | lan kang rayi Kelan ngarsèng ibu | Kyana Patih Ngaenan Kamibunandir | tur sêmbah mêngsah pukulun | sayêkti kêlamun abot ||

3. dhuh gusti sang aprabu | yèn lêpata ing lampah pukulun | bêbayani gêlare kang dèn rawati | punika pingitanipun | anênggih kadange wadon ||

--- 4: 435 ---

4. punika ingkang ampuh | inggih amawi bala lêlêmbut | botên ngèdhèng Rêtna Mari Kadarwati | punika pan awratipun | dene animpên wêwados ||

5. pan sanès tangkêpipun | lawan ing Dhayak inggih pukulun | miwah Sidhangdhayang tiningalkên sami | kinarya kluhuranipun | milane sami angaton ||

6. dene sanès jinisipun |[27] pêjahe wontên ing wana Mêdayun |[28] aprang lawan ibu paduka rumiyin | kalane angundhuh mantu | ing raka Jayèngpalugon ||

7. sang putri lon sumaur | iya ingsun binegal ing diyu | bênêr pamanira si adhi Bunandir | duk durung ana ki prabu | sayêkti eling samêngko ||

8. pira ta laminèku | adhi Bunandir apane iku | matur nêmbah Kyana Patih Abunandir | punika wuragilipun | akrama angsal sang katong ||

9. durung tutug rinêmbug | kêsaru wontên caraka rawuh | saking ratu katri mênggalaning jurit | tur uninga praptanipun | yèn mêngsah dhêsêk amêngkok ||

10. baris kêmput angasut | nuwun parentah katiga prabu | umaguta yudane Natèng Kubarsi | Pangeran Kelan umatur | paduka eca ngêdhaton ||

11. kula pribadi magut | alon ngandika wau sang prabu | ora yayi pan ingsun arsa ngawaki | mapag Si Maliyat Kustur | ana arine kang anom ||

12. nama Waringat Kustur | iku sun tandhing lawan sirèku | ingkang nama iya Mari Kadarwati [Kadarwa...]

--- 4: 436 ---

[...ti] | tandhinga lawan ibumu | akèn têngara kêndhang gong ||

13. thongthonggrit gubar puksur | têtêg maguru găngsa gumuruh | akêkirab wadyane kang pra dipati | budhal barise pênganjur | ambubul lir samodra rob ||

14. tuwin kang para ratu | kadi ta giri gora gumuntur | satêlase wong Kusniya Malebari | wadya Kelan kang sumambung | pra dipati para katong ||

15. wau ta Sultan Agung | Jayusman Samsumirijal sampun | abusana sakêpraboning ajurit | gêgamaning jro wus mêtu | pêngayap abra ponang wong ||

16. miwah kang rayi sampun | Jêng Pangeran Kelan sampun ngrasuk | kêpraboning prang sarêng ngabêkti kalih | maring wau ingkang ibu | mijil saking jro kêdhaton ||

17. prapta ing Ngambarsimun | kèndêl makuwon kang baris agung | masanggrahan kang raka lawan kang rayi | kawot anèng Ngambarsimun | rinakit kutha kêkojor ||

18. Raja Maliyat Kustur | pituwin Mari Wêrahat Kustur | wus miyarsa yèn barise mêngsah mijil | ngara-ara Ngambarsimun | anganti praptaning mungsoh ||

19. bêdholkên barisipun | sira Sang Prabu Maliyat Kustur | dhêsêkakên dènnya baris mungsuh mijil | prapta cêlak gèning mungsuh | arakit papan pakuwon ||

20. kunêng ta kang winuwus | Sèh Bawadiman pandhita ratu | lawan Ki Sèh Wahas dalu samya prapti | ing barisan Ngambarsimun | panggih lan putra sang katong ||

21. amangsit kèhing mungsuh | pratikêlira ingkang sinamur | atur

--- 4: 437 ---

sêmbah kang putra sri narapati | raka paduka jêng ibu | paduka sungi pawartos ||

22. Sèh Bawadiman Prabu | marêk kêdhaton sampun apangguh | lan kang putra matêng gunêming ajurit | wus lajêng saking kêdhatun | mantuk sang pandhita karo ||

23. mring pulo Barjah nêkung | andonga mêsu maring Hyang Agung | karêksane ing Kusniya Malebari | kunêng malih lampahipun | Pêlangkus ingkang kinongkon ||

24. praptane ratunipun | wus katur ponang sêrat wêwangsul | angandika Pêlangkus mungsuhmu nginthil | umatur Raja Pêlangkus | pan sarêng sadintên bodhol ||

25. langkung galak pukulun | ing Kusniya Malebari Prabu | kadangipun pangeran ing Kaelani | bagus lir muksa dinulu | kang surat lajêng winaos ||

26. surat ngong Sultan Agung | Jayusman Samsumirijal Samsu | kang ngêdhaton ing Kusniya Malebari | wiyose Maliyat Kustur | sira wèh surat maring ngong ||

27. ya sakèhing têmbungmu | panjalukira Maliyat Kustur | nora dadi amung kang kêdadyan iki | Si Kalbujèr Rajèng Kulub | yèn uwis dhasmu dipocok ||

28. lawan dhase adhimu | iya Si Mari Wêrahat Kustur | lawan dhase adhimu Si Kadarwati | kang angrèh bala lêlêmbut | dhas têlu dadi saênggon ||

29. apa mamaksirèku | nora tuku warta gêgobobmu[29] | yèn ratune ing Kusniya Malebari | anom prakoswa dibya nung | trahing jangêt kinatêlon ||

30. nadyan [nadya...]

--- 4: 438 ---

[...n] tirua ibu | Sudarawêrti tau nalikung | para ratu ambanting srajurit[30] sêkti | malêdug pan dadi awu | kasub ing jagad kinaot ||

31. pamaosnya tan tutug | sinêbit-sêbit suratnya ajur | sakêlangkung runtik kèn têngara aglis | krodha miyos ing prang pupuh | prajurit lir bêrêg kêbo ||

98. Durma

1. budhal saking Gêmiri sawadyanira | prapta ing suratsari | Ngambarsimun datan | arsa labête ala | wus tata pakuwonnèki | saosanira | enjing miyos ngajurit ||

2. Sultan Anom Jayusman Samsumirijal | mingêr pakuwonnèki | Ngambarsimun bungas | kang kilèn ingênggenan | apaguting suratsari | ayun-ayunan | bêlabar ponang baris ||

3. wus apajêg barise mungsuh lan rowang | Sang Prabu Malebari | lênggah ing wijoan | palowanu rinêngga | Jêng Pangeran Kaelani | lan para nata | aglar kang caos jurit ||

4. sigra Prabu Kubarsi manggung dipăngga | tajêm lawan kang rayi | anjênêngi ing prang | prajurit para nata | Pangeran Kelan miyosi | amit ing raka | ingidèn sigra nitih ||

5. turăngga jonggiraji mangsah mêndhapan | kêpraboning ajurit | kawot ing turăngga | praptèng rana sêsumbar | rêbutên iki prajurit | kadange nata | Kusniya Malebari ||

6. Sang Aprabu Jayusman Samsumirijal | ingsun ingkang taruni | iya kang patutan | Ratu Mas Kelaswara [Ke...]

--- 4: 439 ---

[...laswara] | putri adi Kaelani | sumbagèng jagad | măndraguna ing jurit ||

7. tate gitik nêgara ambănda raja | boyong samaning putri | Karbu Makmunur Rijal |[31] iya ingkang pêparab | Pangeran Umi Kelani | amêtonana | sapa arsa ngêmasi ||

8. duk miyarsa sira Raja Banukodra | amit arsa miyosi | Sang Rajèng Gênita | mangsah nitih andaka | abra linawak ing rukmi | angagêm gada | surak gumuruh atri ||

9. wadya Kelan wong Parangakik Kusniya | miwah wadya Kubarsi | panggih kang ayuda | tanya Rajèng Gênita | iya sirèku putra Mir | kang ibu Kelan | sumaur iya mami ||

10. sira sapa sumaur Rajèng Gênita | ingsun andêl Kubarsi | Raja Banukodra | payo Bakdingujaman | apa kang ana sirèki | nauri sugal | pan dudu cara mami ||

11. balik sira laknat payo dhinginana | iya dèn ngati-ati | sigra mutêr gada | kinêtab kang turăngga | Kodrabanu marêpêki | asru anggada | tinangkis ing cêmêthi ||

12. lawan palihane sira Radèn Minsar | gada wau ginitik | tugêl mêsat tiba | Kodrabanu cinandhak | tinarik saking turanggi | dèn ikal-ikal | anèng asta tininggil ||

13. mubêng kadya likasan eram tumingal | dangu sigra binanting | kantaka ing lêmah | Patih Bunandir prapta | rinangkus astane kalih | radèn tumêdhak | mangke paman Bunandir ||

14. kula [ku...]

--- 4: 440 ---

[...la] sawatêne mring gustine ngrika | cinandhak sukunèki | sumêbut ingarah | kumbane kang dipăngga | Radèn Minsar ambarêngi | banthèng cinandhak | sinawatakên sami ||

15. banthèng antuk gajahe ratu kang tuwa | sirah katênggêl sami | ratune pan angsal | gajahing ratu mudha | samya pêcah sirahnèki | tiba kasingsal | karo Rajèng Kubarsi ||

16. samya kantêp kadadak tiba ing lêmah | eram kang aningali | surak lir ampuhan | wong Kelan wong Kusniya | tuwin bala Parangakik | pangeram-eram | ngungun sang prabu kalih ||

17. sawungune ngunggut-unggut janggilêngan | Kya Patih Baktak prapti | aturnya ngrêrêpa | punika kêlakuhan | para putranira Amir | tuwan tinarka | tanpa krama ngajurit ||

18. dene botên nimbangi Rajèng Kusniya | sultan ing Malebari | lênggah ing wijoan | tuwan manggung dipăngga | mila kinarya kadyèki | rêngu sang nata | lingsême lir sinipi ||

19. mukanira Maliyat Kustur dadya rah | Wrahat Kustur lir gêni | Baktak aturira | sampun paduka duka | mêngsah lan trah Pusêr Bumi | lamun ganasa | sirna dintên puniki ||

20. tingalana mêndhung ngêndhanu lèr wetan | putri ing Parangakik | ibune Jayusman | ambêkta panah barat | balane sêlawe kêthi | angawang-awang | ambêkta panah gêni ||

21. gih sakêthi kang sami pating galêbyar | kadya laban kaèksi | miris sanalika | sang prabu kalihira [kalih...]

--- 4: 441 ---

[...ira] | Baktak ture minggrang-minggring | bok nora kêna | binalithuk sang aji ||

22. kang ingawadakên sênjata dahana | nênggih laban sayêkti | nanging gung-gung samya | sigra mundhut amparan | nata kalih sami linggih | nèng amparan mas | Baktak lêga tyasnèki ||

23. sarwi mulat jisime Ratu Gênita | sumyur pating saluwir | banthènge mangkana | malêdug ting palêsat | prajurit para nêrpati | ing kêbatinan | prasami kêkês wingwrin ||

24. sira Prabu Maliyat Kustur ngandika | sarwi anggigit lathi | yèn ingsun karyaa | pitung mêngkene bisa | Patih Baktak matur aris | mila kawula | sangêt anggêgendholi ||

25. kapirare lamun tuwan nimbangana | inggih mêngsah puniki | tan wontên kang tuwa | yêkti sêpuh paduka | kang bocah kudu prang rêsik | tuwan rusuha | tanpa ngrasa sayêkti ||

26. ijab-ijab nisthane nama paduka | gumujêng sri bupati | Baktak bênêr sira | eling-eling wong tuwa | pêpatih ratu gêng nguni | tur pinituwa | gone tata lan titi ||

27. ya ta ngatag Maliyat Kustur lan bala | prajurit kang para ji | mijil ing ranangga | ingkang dinuk ing tingal | lêlembatan maring wuri | wontên narendra | Raja Mênuh ing Mêntris ||

28. amit nêmbah anitih blêgdaba pethak | lêlapakan rinukmi | ngagêm alugora | mangsah prapta ing rana | aningali radèn mantri | ulaping cahya | ulate minggrang-minggring ||

29. Jêng Pangeran Kelan anitih turăngga [tu...]

--- 4: 442 ---

[...răngga] | mêndhapan Jonggiraji | hèh sapa ranira | mungsuh kang mêtu ing prang | ratu utawa bupati | sumaur nêmbah | kula raja ing Mêntris ||

30. dhuh paduka gusti sintên kang pêparab | cahyane nuksmèng sitèngsi |[32] punapa paduka | ratune pêrayangan | ngicalkên langên sabumi | punapa tuwan | inggih ratuning pêri ||

31. kang kayangan ing ngrika pinggiring wulan | sun kadange nêrpati | prabu anom iya | kang ngêdhaton Kusniya | Pangeran Umi Kelani | Bakdingujaman | ya Iman Karnaèni ||

32. pijêr dongong cinandhak ing Radèn Minsar | sinêndhal tibèng siti | blêgdaba dhinupak | rêmuk sirahe pêcah | prapta Abunandir Patih | wus tinalenan | Raja Mênuh ing Mêntris ||

33. wus katawan surake bala gumêrah | Sang Rajèng Ngungsur prapti | kudane adheyan | sarwi amandhi gada | praptèng rana awotsari | gusti mundura | inggih kang animbali ||

34. raka tuwan sang aprabu ing Kusniya | gusti tan antuk tandhing | ing dintên punika | mila amba dinuta | mundur wau radèn mantri | Dukyanus mangsah | sêsumbar nguwuh tandhing ||

35. mêtonana papagêna tandang ingwang | prajurit ing Kubarsi | sapa asar[33] pêjah | iki andêl Kusniya | ing Ngungsur kêdhaton mami | Dukyanus ingwang | prawira sura sêkti ||

36. duk miyarsa sira raja ing Kudalba | Raja Barikbarjahi | mangsah nitih kuda | sarwi amandhi gada | praptèng rana wus apanggih | ayun-ayunan | angling Barikbarjahi ||

--- 4: 443 ---

37. sapa ranmu sira prajurit Kusniya | ratu apa dipati | iya ingsun raja | Ngungsur kêdhaton ingwang | Dukyanus Ratu prajurit | andêling nata | Kusniya Malebari ||

38. iya iki ratu isining wijoan | sapa ranmu prajurit | sumaur sun raja | Kudalba prajaningwang | sun Raja Barikbarjahi | payo ta apa | kang ana ing sirèki ||

39. sira Raja Dukyanus sumaur sugal | dudu carèngwang jurit | yèn andhinginana | angling Rajèng Kudalba | dèn prayitna sri bupati | lah tadhahana | pinutêr gadanya glis ||

40. dyan ginada Dukyanus tangkis lêgawa | jumêbrèt anadhahi | kuwat tan wigata | sigra malês anggada | rame dènira ajurit | gada-ginada | surat[34] gumuruh atri ||

41. kang ayuda antuk sisihing prawira | rame bindi-binindi | tan ana kuciwa | sarêng asèlèh gada | pêdhang-pinêdhang makangsi | dangu prangira | pêdhang tan migunani ||

42. sarêng sèlèh pêdhang sarêng udhunira | saking luhur turanggi | pan candhak-cinandhak | udrêg sêndhal-sinêndhal | wurahan surake atri | mungsuh lan rowang | dangu rame kang jurit ||

43. Raja Barikbarjahisor titihing prang | sinêndhal wus kêtarik | binanting kantaka | sigra wau kang prapta | sira Ki Patih Bunandir | sampun binănda | Raja Barikbarjahi ||

44. wus kêtawan sira Sang Rajèng Kudalba | mundur kasaput wêngi | sapih kang ayuda | Raja Dukyanus prapta | sinungsung kamulyan adi | sinungga-sungga | ing

--- 4: 444 ---

Gusti Malebari ||

45. para nata wus makuwon sowang-sowang | samya bujana ratri | ngiras pagunêman | wau kang kawarnaa | lampahe Raja Jaswadi | maring Kuparman | praptanira kinanthi ||

99. Kinanthi

1. langkung kapêrcayanipun | lampahe Raja Jaswadi | mila lami nèng Kuparman | tinari prakara rêmpid | Wong Agung Surayèng Jagad | asih mring Raja Jaswadi ||

2. sinrahakên pamongipun | pamonge Raja Jaswadi | wau ta Rajèng Suwăngsa | kinadang-kadang sayêkti | dènnya sangêt sih marmanya | mring kalih putranira Mir ||

3. dene kang kinèn rumuhun | praptaa ing Malebari | bêkta sêrat katur marang | Rajaputri Parangakik | surat malih katur marang | Sèh Wahas lan Sèh Bawadi ||

4. sêrat malih ingkang katur | Sultan Agung Malebari | lawan Jêng Pangeran Kelan | kabèh cinathêt ing galih | surat saking ing Kuparman | mangkana ingkang winarni ||

5. praptane kang baris agung | saking Kuparman nêgari | wadyane kang para putra | sêdaya ingkang rumiyin | Wong Agung wuri kewala | nilib miyos ing jêladri ||

6. nêrak pêbarisanipun | sang aprabu ing Kubarsi | orêg asalah graita | baris agêng saking wuri | katur yèn bala Kuparman | bantu maring Malebari ||

7. Sang Raja Maliyat Kustur | nimbali putra Mêdayin | lawan Kyana Patih Baktak | prapta ngandika sang aji | bapa patih sira myarsa | praptane gêgaman iki ||

--- 4: 445 ---

8. Patih Baktak nêmbah matur | inggih kawula miyarsi | para putra ing Kuparman | bantu maring Malebari | Maliyat Kustur ngandika | ngong esuk arsa udani ||

9. dèn aglis karyaa panggung | dadia sawêngi iki | pinggire pakuwon jaba | kang wadya karya wus dadi | kira mot wong karobêlah | ya ta kawuwusa enjing ||

10. sang nata minggah ing panggung | enjing kêlawan kang rayi | Irman Sêmangun lan Baktak | sira Sang Prabu Kubarsi | lawan sagung kang ampilan | wau bala Kuparmani ||

11. wontên gêgaman pênganjur | prapta kuda kalih kêthi | kalih lêksa kang dipăngga | tunggul banderane sami | binêkta nginggil dipăngga | miwah nginggiling turanggi ||

12. asri ngajrihi gumrêgut | ratune anitih èsthi | ginrêbêg ingapit gada | upacaranira asri | samas kang anèng dipăngga | ingayap para dipati ||

13. Sang Prabu Maliyat Kustur | tanya sapa prapta iki | Kya Patih Baktak turira | punika Rajèng Surati | kang nama Suratisdaham | andêle Rajèng Sêrandil ||

14. dene kang satunggilipun | ing Minangkabo Nêrpati | nama Prabu Giwangkara | andêle Natèng Sêrandil | ing wuri tunggul asinang | prajurit gajah sakêthi ||

15. patang kêthi kudanipun | kadya srine taru rêsmi | tunggule awarna-warna | putra kalih munggèng èsthi | sami songsong kalih wêlas | ginrêbêg upacara sri ||

16. tanya Sri Maliyat Kustur | Baktak iki ratu êndi | anom-anom [anom-a...]

--- 4: 446 ---

[...nom] padha gagah | punika putra Sêrandil | Banarungsid kang atuwa | kang anom Radèn Pirngadi ||

17. wontên malih kang kadulu | anggamêng gajah sakêthi | gumrêdêg gora gumêrah | wadya kang sami turanggi | patang kêthi jêjêl atap | tunggule sêdaya langking ||

18. nitih bakarlès gêng luhur | binusanan murub asri | sirah lêmbu awak macan | songsong kaputran buka sri | wadyane irêng sêdaya | siji tan ana kang kuning ||

19. Baktak sapa liwat iku | ngajrihi lampahing baris | samya sawega kartala | gagah anom kang dèn iring | Patih Baktak aturira | punika putra Ngabêsi ||

20. Radèn Kodrat Samadikun | Sri Sadat Kadarismani | punika kang darbe putra | mèsêm Sri Nata Kubarsi | wontên malih katingalan | barise dinulu asri ||

21. hèh apatih sapa iku | kang nitih sênuk rinukmi | punika ingkang pêputra | Sang Raja Sarkab ing Turki | Rahadèn Samardikaran | wontên malih kang kaèksi ||

22. anêdhêng wadya sumêngkud | kadya rèh giri kabêsmi | kang munggèng gajah salêksa | sakêthi munggèng turanggi | samya sikêp lêmbing cacap | asri busananing baris ||

23. gumuruh kêndhang gong umyung | songsong lar manyura asri | rinawis ing puspita bra | rêspati nitih jênggiri | awak macan sirah sangsam | ranggah sungu nênêm sisih ||

24. binêlongsong ing mas murub | sinuji sotya hèr gêni | winora-wari [winora-...]

--- 4: 447 ---

[...wari] binuntal | mutyara rêtna widuri | inganggit rinaja wêtha | bali sêrate kinitir ||

25. apradapa kuwung-kuwung | nêrawung angilat thathit | Maliyat Kustur têtanya | anyêle gêgaman iki | Patih Baktak matur nêmbah | putra Yujana puniki ||

26. Kaharkusmèn namanipun | Kewusnendar kang sêsiwi | ratu andêle Kuparman | kinarya sudarawèdi | Kewusnendar ratu ladak | sêmbada prawirèng jurit ||

27. wontên malih kang kadulu | gêgaman anggênggêng asri | abayak srining kartala | wadya gung anggêgirisi | tunggule munggèng dipăngga | bandera munggèng turanggi ||

28. dipăngga salêksa ngayun | turăngga sakêthi wuri | buka sri songsong kaputran | pangayape tinon asri | nitih angrimong pêlăngka | umyung kêndhang gong thongthonggrit ||

29. gumrêgut bala sumêngkud | têtanya Rajèng Kubarsi | lah iki satriya sapa | tingkahe anglêlanangi | puniki putra ing Kebar | putra Raja Yusupadi ||

30. ratu prakoswa dibya nung | tuhu katêngên ing kardi | punika Radèn Suptandar | sampun prawira ngajurit | gèdhèg agoyang kêpala | Sri Naranata Kubarsi ||

31. wontên malih kang kadulu | kumrutug baris lumaris | tangkêpe amangun estar | mung kalih èwu kang èsthi | titihane măncawarna | tan patyagung nanging asri ||

32. nitih mèmrèng cinapurung | rinawis kinitir-kitir | tunggul cêkak layu cêkak |

--- 4: 448 ---

cêkak banderane sami | cinoncong nginggil turăngga | baris rikat kêsit-kêsit ||

33. têtanya Maliyat Kustur | iku ta satriya ngêndi | umatur Ki Patih Baktak | ing Kangkan Radèn Dikwanis | atmajane Raja Ukman | putune Bahram prajurit ||

34. wontên malih kang kadulu | gêgaman prapta ngêbêki | wahana awarna-warna | blêgdaba sênuk karêndhi | mèmrèng lawan adal-adal | satriyane munggèng èsthi ||

35. tulya sri baris rok umyung | kadya girindra kabêsmi | gumlêdhêg pêngayapira | songsong manyura buka sri | Maliyat Kustur têtanya | lah iki satriya ngêndi ||

36. punika putra ing Ngêrum | Radèn Kiswarin Diswarin | wontên malih katingalan | bala gung busana asri | arja nitih adal-adal | jêjêl ingkang magêrsari ||

37. asri upacaranipun | têtanya sang prabu kalih | iku ta arane sapa | inggih putra ing Yunani | Tamtanus kang darbe putra | prakoswa prawirèng jurit ||

38. Rahadèn Sirat Mardanus | wus lajêng sawadyanèki | wontên malih katingalan | gêgaman ngêndhanu prapti | balane awarna-warna | prasamya anggambuh jurit ||

100. Gambuh

1. ya ta ana kadulu | prajurit gung kadya wun-awun |[35] tan petungan bandera tunggul nèng èsthi | sakêthi lan tigang èwu | prajurit nèng dipăngga ngrok ||

2. kang munggèng kuda agung | prajurit pitung kêthi nêm èwu | ingkang dharat bêlêg lir sela blêkithi | upacara

--- 4: 449 ---

payung agung | ampilan kabèh sinongsong ||

3. nitih dipăngga mungguh | payung kaputran buka sri murub | tanya sapa satriyane prapta iki | pra dipatine kumrutug | Patih Baktak matur alon ||

4. punika putranipun | Maktal patutan Sêjarahbanun | Radèn Kaos Ibnu Raja Banu Mêsir | putra prawirèng prang pupuh | tate mèt murdaning katong ||

5. lajêng kang baris agung | ing wuri malih ana kadulu | pêtêng dhêdhêt kadya giri gora riris | ngampak-ampak ingkang lêbu | malêdug umyus gora wor ||

6. kadya bubul kumêbul | dhomas srining kang bandera tunggul | anglir guntur-gumuntur girindra gonjing | gurnang thongthonggrit gumuruh | munggèng pêlăngka ginotong ||

7. asongsong patang puluh | rinênggèng mas jingga abra murub | apradapa kuwung-kuwung ambangunjring | gumaludhug kadya ladhu | kang wukir sayuta kobong ||

8. kagèt Maliyat Kustur | tuwin rayi Sri Wêrahat Kustur | sapa iki barise kacèk pribadi | satriyane nom abagus | nèng dirgasana ginotong ||

9. kang ngêbuti rong atus | luhur ngawiyat têdhuh ngêndhanu | gêbyar-gêbyar calèrète ngilat thathit | tan petungan barisipun | Patih Baktak matur alon ||

10. Radèn Ruslan puniku | putra patutan putri dibya nung | ing Karsinah Rabingu Sirtupilèli | putri digdayèng prang pupuh | kasub ing jagad kinaot ||

11. tate nyêngkalak ratu [ra...]

--- 4: 450 ---

[...tu] | bisa ngambah ing gêgana muluk | titihane pan pêksindra saomahi | aparêkan tigang atus | para putri kang binoyong ||

12. kang pêtêng kadya mêndhung | nginggile punika ibunipun | tan atêbih putrane kang dèn ungkuli | punika waspadèng tangguh | badhe aprang sami wadon ||

13. wus sami lajêng sampun | ya ta ing wuri ingkang sumambung | kawan èwu kang nitih jaran kariwik | nitih sapi bajang sèwu | sèwu nitih mèmrèng cebol ||

14. bajangan sênuk sèwu | nitih krêndhi bajang kalih èwu | kalih èwu ingkang nitih kuldi bungkik | sêdaya titihanipun | ingkang bajang ingkang cebol ||

15. prajurite kêkuluk | angudhuping turi panjangipun | pitung asta sêsambunge kudhup turi | kêlèwèr ing tampar jêmbul | samya ngagêm tulup sogok ||

16. lawan talêmpak wêrgu | kang sikêp pêdhang wilah rongèwu | panjangipun sadhêpanyaasta sami | kabèh kinalungkên gulu | sêdaya sami bêbadhong ||

17. tunggule ciyut-ciyut | padha ngiras anèng pundhakipun | ingkang kalung bumbung samakira sami | panggonan bandera tunggul | dinulu pating bareyot ||

18. jajar satriyanipun | kakang adhi mèh kêmbar dinulu | titihane bêlo kariwik binathil | tinopengan ing mas murub | mirah bêlo binêlongsong ||

19. kinathok ing mas tatur | kuda munggèng palăngka gènipun | kiniliran atêtawing kanan kering [ke...]

--- 4: 451 ---

[...ring] | bêlo pêlăngka gènipun | pêlangkane kang ginotong ||

20. kang nitih anèng luhur | bêlo jorongên amayug-mayug | ingkang nitih wuwuh wiraganirèki | pan mèlu saobahipun | tan kukuh adêging bêlo ||

21. pan manggung mayag-mayug | ingkang nunggang manut lênggak-lêngguk | pan asongsong êlaring dhandhang pininggir | laring kapodhang binungkul | Maliyat Kustur têtakon ||

22. sapa ta prapta iku | barise anèh lan mau-mau | kuldi bajang wêrata jaran kêriwik | apa sêdyane wong iku | kêlakuhan kang mangkono ||

23. Ki Patih Baktak matur | inggih ta kadipundi sang prabu | pan sêdyane aneje tan purun nunggil | lawan wadya gung puniku | kalih putra tanjunganom ||

24. Marmaya kang sêsunu | Radèn Mardani nênggih kang sêpuh | ingkang anèm awasta Radèn Marsandi | kalihe ing prang pinunjul | tate mèt murdaning katong ||

25. wuri ana kadulu | baris mêlatar asri kadulu | blêgêdaba dal-adal miwah karêndhi | mèmrèng angrimong lan sênuk | pêngayap mantri samyanom ||

26. tanya Maliyat Kustur | putra ngêndi ingkang prapta iku | nitih èsthi songsong kaputran buka sri | satriyane nom gung luhur | Patih Baktak matur alon ||

27. Umarjaman puniku | putra Kohkarib prawirèng pupuh | Umarjaman ing wuri baris tudya[36] sri | dhêdhêt lir akasa têdhuh | kadya giri puspita byor ||

28. kêthèn dipangganipun | yutan prajurit [praju...]

--- 4: 452 ---

[...rit] kuda ing ngayun | pêngayape jêjêl atap pra dipati | munggèng padmasana murub | rahadèn putra ginotong ||

29. asongsong patang puluh | ya ta têtanya Maliyat Kustur | lon umatur gih punika Rustamaji | putra patutan Marpinjun | kang wayah anom sang katong ||

101. Sinom

1. lajêng wadya gung ing wuntat | Prabu Darundiya Bangit | lan narendra pitung dasa | nandhêse wadyanirèki | kundur Rajèng Kubarsi | Sri Prabu Maliyat Kustur | wau bala Kuparman | pinêthuk Patih Bunandir | lawan sira Pangeran Bakdingujaman ||

2. wus panggih kang para putra | lan raka sri narapati | tuwin kang rayi ing Kelan | sêdaya sampun apanggih | putri Karsinah iki | jroning pura wus apangguh | kêlawan ingkang raka | Rajaputri Parangakik | wus winartan kasap lêmbut ingkang mêngsah ||

3. dalu marang pêbarisan | Rajaputri Parangakik | lawan kang rayi Karsinah | prapta kang putra nêdhaki | sigra wau sang aji | Kusniya nêmbah ing ibu | kang ibu ing Karsinah | putra kabèh dèn timbali | putra aglar munggèng ngarsane kang raka ||

4. tuwin sagung para nata | kerid Patih Abunandir | catur sasa ing ayuda | dene pêngajênging pikir | Kya Patih Abunandir | lawan Rajèng Suwăngsèku | raja jin wignya ing prang | sira Sang Raja Jaswadi | putus lamun mawas asor ungguling prang ||

5. narendra katri punggawa | sena pamungkasing baris | isèn-isèning wijoan | Kaliyah Raja

--- 4: 453 ---

Dukyadis | jajarira anênggih | ing Ngungsur Raja Dukyanus | samya munggèng ngajêngan | Kalbujèr Kulub nêgari | tyase samya sudirèng mêtyèng alaga ||

6. Sudarawêrti ngandika | hèh adhi Patih Bunandir | ika condakaning lawan | pangolah kêmating jurit | lawas nora nêkani | ing pangendrajalanipun | nanjak karti sampeka | sun anti Si Kadarwati | sun cacaka dhingin ngrusak kautaman ||

7. kyana patih atur sêmbah | miwah Sang Raja Jaswadi | pukulun kula miyarsa | kang anama Kadarwati | mila tan magut jurit | pun Raja Maliyat Kustur | punika dèrèng suka | kuwatos dipun wêdosi | pun Apatih Baktak wèh pangeram-eram ||

8. duk angsahipun ayuda | putra tuwan kangjêng gusti | Pangeran Bakdingujaman | mèh duka sang prabu kalih | tibane saking èsthi | pun Raja Maliyat Kustur | Patih Baktak ngrêrêpa | sampun ganas sri bupati | tingalana mêndhung kang pêtêng lèr wetan ||

9. punika Rêtna Sudara | balane sêlawe kêthi | samya bêkta panah barat | kêlawan panahe gêni | ngimbangi ing ajurit | yèn kasora putranipun | tuwan bilai dunya | sirna ing dintên puniki | pan mêkatên pemute Ki Patih Baktak ||

10. gumujêng Rêtna Sudara | miwah Sirtupilaèli | lan sagunge kang miyarsa | arame gujênge sami | Bunandir matur malih | lawan kala langkungipun | dêdamêl para putra | Maliyat Kustur ningali | atêtanya dhumatêng pun Patih [Pa...]

--- 4: 454 ---

[...tih] Baktak ||

11. marêngi praptaning wuntat | dêdamêle kangjêng gusti | putra tuwan Radèn Ruslan | wontên mêndhungipun kêdhik | nginggil ragi kawuri | Patih Baktak aturipun | dede mêndhung punika | Rêtna Sirtupilaèli | bêkta bala sakêthi napak gêgana ||

12. sami ngagêm panah gêlap | milane Rajèng Kubarsi | utusan mring ibunira | kang wontên Pataniburni | Sang Dèwi Samadrini | yèn kawratan mêngsahipun | kang putra dèrèng aprang | Rêtna Dèwi Kadarwati | ingkang ibu ngaturan praptaa inggal ||

13. putri Karsinah ngandika | hèh bapakane nak mami | Bakdingu ya Umi Kelan | si adhi ing Suwăngsèki | paran budinirèki | kakang êmbok karsanipun | anganti tinêkanan | aprang lan Si Kadarwati | dene ingsun kudu nêkani kewala ||

14. aran wus sêdyane ala | umatur Raja Jaswadi | pukulun mênggah kawula | dhèrèk ingkang karsa inggih | Jêng Gusti Parangakik | raka paduka pukulun | angantos dhinatêngan | utami amêthuk margi | kang dhatêngi sangêt têkaburing manah ||

15. ingkang dhinatêngan pasrah | minta tulung ing Hyang Widi | wus rêmpêg sagunging rêmbag | anut putri Parangakik | ngandika rajaputri | hèh Radèn Minsar nak ingsun | sira kulup nêlika | ing gunême mungsuh iki | Radèn Minsar nêmbah ature sandika ||

16. kunêng gantya kawuwusa | Sri Naranata Kubarsi | dènnya ngaturi ibunya | Ratu Mas Pataniburni [Pata...]

--- 4: 455 ---

[...niburni] | dhatêng sawadyanèki | bêrkasakan pitung atus | mung punika binêkta | kang patang èwu rumiyin | kang andhèrèk Kadarwati Sang Dyah Rêtna ||

17. prapta ing pakuwonira | Ratu Mas Pataniburni | anêmbah ing ibunira | sira sang aprabu kalih | myang Dèwi Kadarwati | alon ngandika kang ibu | kaki prabu kaya pa | abote mungsuhirèki | matur nêmbah Maliyat Kustur turira ||

18. inggih Sang Prabu Kusniya | ibune ingkang sinêkti | sagêd anapak gêgana | balane sêlawe kêthi | yèn ngambah ing wiyati | yèn aprang kêlangkung ampuh | prajurite pra kadang | satunggil langkung sinêkti | Jêng Pangeran Bakdingujaman ing Kelan ||

19. kula ngabên para nata | kasoran pêjah satunggil | kêkalih ingkang kêtawan | pramila susah ing ati | kula arsa ngawaki | pan akathah ingkang pemut | pun paman Patih Baktak | punika kang sangêt peling | mila inggal ibu ngaturi paduka ||

20. yèn wawrate prange kasap | sapuluh mantên kadugi | lawan pitung mantên êngkas | kula ibu dèrèng miris | sintên kêlar nadhahi | ing panggada kula ibu | yèn ratu ngalam dunya | inggih kawula jadhèni | botên wontên anăngga pêpukul kula ||

21. kang ibu alon lingira | lah iya ta mêngko bêngi | kaki prabu aywa maras | sun tumpêse mungsuh iki | sira lèrèna dhingin | aja mêtu ing prang pupuh | iya ing têlung dina | wus matêng dènira pikir |

--- 4: 456 ---

kawuwusa nuju daluning Jumuwah ||

22. dalu matak mantranira | Ratu Mas Pataniburni | tumanduk ngèlmune kêmat | mêsês bayu bajra midid | putêran gora riris | ubêkan bala lêlêmbut | badhe magut ing aprang | mring Kusniya Malebari | sigra mêsat andêdêl ngayuh gêgana ||

23. lawan anganthi kang putra | Ratu Mas Pataniburni | angirid bala lêlêmbat | lan kang putra Kadarwati | wau ingkang anêlik | Radèn Minsar praptanipun | tumamèng ngarsanira | ingkang ibu Parangakik | sampun katur solah pratikêling mêngsah ||

24. sigra Sang Rêtna Sudara | siyaga kêprabon jurit | lawan kang rayi Karsinah | tumut Patih Abunandir | miwah Raja Jaswadi | Raja Miswan datan kantun | lan putra Radèn Minsar | Pangeran Iman Karnèni | kêdah tumut ing ibu amucung ing prang ||

102. Pocung

1. duk puniku radèn mantri ing tyasipun | pan maksih kajinan | katimurane nglabêti | durung carêm cara-caraning manusa ||

2. durung tuwuk mulat ing sasolahipun | ambêke kang rama | Wong Agung Surayèng Bumi | pan katêlah pratikêle jin kewala ||

3. măngsa iku ing Mêkah abăngsa kufu | jin lawan manusa | tan pae sampun ajinis | yèn ing Mêkah yèn nagri liya pan ora ||

4. milanipun sarengate kangjêng rasul | bedane punika | lan sarengat para nabi | Ênuh Dawud Ibrahim Ngisa lan Musa ||

--- 4: 457 ---

5. umatipun padha manusa satuhu | amung rasulullah | umate manusa lan jin | awit amor băngsa êjin ing Ngajêrak ||

6. kaolipun waljinan sarengat tuhu | insan lan waljinan | têgêse sarengat nabi | amêngku rong prakara jin lan manusa ||

7. umatipun inggih samya manusèku | rasulullah ika | umate manusa lan jin | kabèh-kabèh amung manusa bêlaka ||

8. tan pininta nayakhala ratullahu | wau kawuwusa | Kusuma Sudarawêrti | dalunira budhal prapta jawi kitha ||

9. kang pinêthut[37] umagut cidraning mungsuh | wau ta kang putra | Pangeran Umi Kelani | èstu dhèrèk ing yudane ibunira ||

10. ya ta wau wancinipun têngah dalu | aniyup mêngandhap | Ratu Mas Pataniburni | kadi kilat Kadarwati atut wuntat ||

11. pêpilihan bala lêlêmbut mung sèwu | wor riris lampahnya | Raja Jaswadi amangsit | kakang Abunandir mungsuhira prapta ||

12. bêndaramu dimèkne ngadhêp kang ibu | ingsun lawan sira | payo mangsah ing ajurit | ngaku bala ing Parangakik kewala ||

13. balanipun iku kang padha pinagut | nora pati kathah | patut sèwu ora luwih | aja ana kang ngewuh-ewuhi ing prang ||

14. sigra magut Sudarawêrti angadu | ingaban umangsah | prajurite Jonggiraji | patang atus pêpilihan nora kathah ||

15. Sang Aprabu Miswan anyêbar rumuhun | panguriping bala | umangsah amêdhang wani | anyêrampang [a...]

--- 4: 458 ---

[...nyêrampang] anduduk lan ambêdhama ||

16. siwat-siwut tumanduk angrusak mungsuh | sêdaya sêsumbar | ngaku bala Parangakik | payo setan ing Kubarsi bêrkasakan ||

17. prange kuwur kacêkuthak kawur-kawur | wus kathah kêbranan | sêsambat akon mindhoni | saurira amindha Sultan Kuparman ||

18. nora kudu sapisan bae patimu | sang putri Karsinah | lan kang raka Parangakik | anjênêngi nèng wuntat munggèng awiyat ||

19. ting kalêpruk ting kalêprak sirah rêmuk | anggundam anggiwar | Ratu Mas Pataniburni | anèng wuntak[38] ngungak-ungak kang umangsah ||

20. ting talêbuk tibèng dharat ngumbuk-umbuk | langkung dukanira | Ratu Mas Pataniburni | sarêng mangsah lan kang putra têtulung prang ||

21. angsahipun Kadarwati panah lesus | sêkala kèh kontal | prajurite Jonggiraji | tuwin pra dipati ing nagri Suwăngsa ||

22. sigra Prabu Jaswadi panah pamêthuk | sindhung riwut bajra | ubêkan anèng wiyati | mangsah malih angrok popor maputêran ||

23. rame caruk êjin Jonggiraji nubruk | ingamuk kêsrakat | lêlêmbut nagri Kubarsi | karepotan abêr tangkêping ayuda ||

24. ya ta wau Kadarwati atêtulung | anglancangi bala | mênthang langkapira aglis | kang tinuju Raja Jaswadi tan kêna ||

25. ya ta gupuh pinindho Jaswadi luput | sigra Radèn Minsar | peling ing Raja Jaswadi | paman prabu paduka gung sinênjata ||

26. duk andulu [a...]

--- 4: 459 ---

[...ndulu] Pangeran Kelan gya rawuh | ngarsane kang bapa | kowe bapa jinêmparing | têka pijêr ngamuk balane kewala ||

27. iya iku kaya senapatinipun | Kadarwati mulat | cêngêng dènira ningali | baya iku ratuning jin ing Kusniya ||

28. dene bagus yèn manusa durung dulu | lamun mêngkonoa | sapa arane puniki | hèh wong bagus kang sok jaili wong aprang ||

29. mungsuh ingsun dèn alingi ngarsanipun | sintên kang sinambat | angakuwa mumpung urip | eman têmên wong bagus kêna lurugan ||

30. sira iku ngawulaa kakang prabu | luput ing lurugan | sayêkti ingsun alingi | lon sumaur iki arine sang nata ||

31. Sultan Agung Jayusman Mirijalsamsu | kadang ingsun tuwa | ing Kusniya Malebari | apan padha turase Sultan Kuparman ||

32. aran ingsun ya Pangeran Abu Laut | Radèn Banukelan | Radèn Iman Karnaèni | iya aku Pangeran Amiratmaja ||

33. parab ingsun Pangeran Ismayasunu | ya Jaswadiputra | iya Iman Jonggiraji | Senapati Kusniya mêdhang wong lanang ||

34. ya Bakdingujaman ya Banjaransantun | Iman ing Kusmara | Kusmara Akik Kusêrin | kangjêng ibu putri Kelan Kelaswara ||

35. duk angrungu Kadarwati asru muwus | bok saijab-ijab | jênêng sangisoring langit | dèn dhèwèki kadya rèh Sultan Iskandar ||

36. dene tumpuk angêpak angumpuk-umpuk |

--- 4: 460 ---

iya sumangkean | bagus tinitah prajurit | dene tanggên aja na mundur ing rana ||

103. Durma

1. dèn prayitna tadhahana panah ingwang | mênthang langkapira glis | wau Radèn Minsar | matak ngèlmu kêrajan | sênadyan samining êjin | tan ana wikan | nèng ngarsane kang rayi ||

2. nênggih ragi kapering nyandhaki panah | panahe Kadarwati | pira-pira ilang | ngarsane radèn putra | Ratu Mas Pataniburni | eram tumingal | nini lèrèna dhingin ||

3. tingalana panah pira-pira ilang | ngarêpe mungsuh iki | kêmat gêdhe rara | yudane wong Kusniya | kêmat ingsun racut iki | sira anggoa | wurung wong mêsthi kêni ||

4. yèn wus kêna sun tundhane panah cawang | lumuh ginawe bêcik | iku wong Kusniya | sigra wau tinampan | niyup kang anèng wiyati | putri Karsinah | lan putri Parangakik ||

5. Kadarwati sinambêr garudha yêksa | titihane sang putri | Sang Rêtna Sudara | Kadarwati Sang Rêtna | sirahe dèn cangkrêm sikil | kagèt anjola | Kusuma Kadarwati ||

6. gêlung lukar borak-barik ting sarêmpal | bajone Kadarwati | Kusuma Sudara- | wêrti sampun tumêdhak | surawean anudingi | angujar-ujar | marang Pataniburni ||

7. hèh si laknat ana wong prang padha bocah | andadak dèn tuwani | payo ayonana | ing kene padha tuwa | Ratu Mas Pataniburni | kagèt [kagè...]

--- 4: 461 ---

[...t] tumingal | sarwi mênthang jêmparing ||

8. sapa ranmu iya prajurit wanodya | asru dènnya nauri | mamak tambuh sira | si bêlis bêrkasakan | ya ingsun Sudarawêrti | ibuning nata | Kusniya Malebari ||

9. putri moncol ing pramudita anglela | ingsun garwa kêkasih | mring Sultan Kuparman | tate mong maru kathah | sinêmbah pra maru mami | putri dandanan | tate mungkasi kardi ||

10. tate bengkas rêruwêde kang bicara | hèh payo laknat aglis | apa anèng sira | hèh curis lêkasana | Ratu Mas Pataniburni | iya dèn yitna | sun panah ywa gumingsir ||

11. mênthang langkap lumêpas sênjata cawang | Radèn Minsar nulya glis | cinandhak kang panah | katur saha tur sêmbah | Rêtna Sudara nampèni | panah binuwang | winangsulakên malih ||

12. ênya laknat panahmu payo mindhoa | ngungun Pataniburni | Kadarwati sigra | wau dènira dandan | prang lan Sirtupilaèli | ibunya aprang | lan putri Parangakik ||

13. danguning prang adangu lantaran panah | Rêtna Sudarawêrti | gêrèt mênthang langkap | tajêm ingarah-arah | sirahe Pêtaniburni | dèn agag-agag | lumêpase dèn pinrih ||

14. gandhewane lan jêmpole tangan kiwa | sinipat ing jêmparing | tugêl kang gandhewa | jajêmpolira pêcah | muncrat kang rah kocar-kacir | rahnya drodosan | sarwi pringas-puringis ||

15. lah ta payo lokira Rêtna Sudara [Su...]

--- 4: 462 ---

[...dara] | tan lara jêmpol mami | mara ta salina | gandhewa kang pamungkas | rêbutên Sudarawêrti | dangu prang yasa | rok bănda jayèng jurit ||

16. mêdhatia panahira bêrkasakan | [...]wi Kadarwati | adangu prang panah | putri Karsinah têdhak | saking titihanirèki | dangu dènnya prang | Kadarwati kajodhi ||

17. yèn pinanah putri Karsinah tan kêna | Ni Dèwi Kadarwati | luput yèn pinanah | sami lantaran panah | Rêtna Sirtupilaèli | amanah gandar | datan nganggo jêmparing ||

18. pilingane Kadarwati kang dèn arah | kêna pilingan kering | jêmpling galintingan | mumêt abuntayangan | Ratu Mas Pataniburni | asru ngandika | dudu wadine iki ||

19. abot bangêt sêsanggane wong Kusniya | dudu wadine nini | ora ngarah pêjah | amrih wirang kewala | dèn inggal cupumu manik | nini wêngakna | sigra Ni Kadarwati ||

20. mêngakakên cupu manik astagina | byar ilang saking wêngi | padhang sanalika | katon kadi raina | lawan kêbon kang kaèksi | katon nêgara | sang rajaputri kalih ||

21. pan kalêbu jroning cupu astagina | sampun dipun ingkêmi | sang putri Karsinah | matur marang kang raka | kakang bok paran puniki | mungsuhe sirna | inggih dhatêng ing pundi ||

22. wau maksih dalu punika raina | lawan kêbon puniki | waune tan ana | lawan punika taman | graita Sudarawêrti | yayi dèn yitna | kêna gêlar sirèki ||

--- 4: 463 ---

23. sira iki anèng jroning astagina | payo jinajah yayi | kêmate si laknat | ywa sira amelikan | wowohan [...] katon iki | kabèh pan kêmat | dèn tambuh dèn aeling ||

24. yayi sutra kêmandèn ingkang pamungkas | saking Ngajêrak uni | kalungna ing jaja | watêke bêrkasakan | kabèh dhêmit tan udani | tan antuk mulat | wangsite kangbok uni ||

25. sigra sami kalung kêmandèn Ngajêrak | jajah jro cupu manik | amanggih jêmbangan | jumêrut opake mas | lambene jêmbangan ciri | yèn toya gêsang | saking lulmat ing nguni ||

26. pangambile duk alam Sultan Iskandar | Iskandar Dulkarnèni | duk marang ing lulmat | rêksasa atut wuntat | antuk kêdhik toya urip | Sultan Iskandar | tan antuk dènnya ngambil ||

27. cinarita bêkta wadya kalih dasa | lampahe sri bupati | bingung manjing lulmat | pisah lawan kang bêkta | kang ngirid Bagendha Khilir | duk praptèng lulmat | sira Bagendha Khilir ||

28. pan kapisah lawan Jêng Sultan Iskandar | Bagendha Khilir prapti | gène toya gêsang | nulya mêndhêt kang toya | pan amung antuk saguci | kêndhi walulang | dangu dènnya ngulati ||

29. tan kêpanggih ênggène Sultan Iskandar | sampun wontên ing jawi | dadya guci tiba | kocar-kacir toyanya | setan lan ditya kêkinthil | ingkang angalap | toya kang kocar-kacir ||

30. duk puniku

--- 4: 464[39] ---

[...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||

31. nguripakên bala kang wus mati aprang | [...] Kadarwati | payo lumêbua | ing kathil astagina | [...] |

--- 4: 465 ---

[...] | [...] ||

32. tinupi[...] [...]dadyan ing toya | pan ingsun iki amit | mulih maring [ma...]

--- 4: 466 ---

[...ring] lulmat | wus lawas anèng sira | siranggo sikara budi | pan asal ingwang | dudu sira dèn wèhi ||

33. ingkang pinètakên Jêng Sultan Iskandar | dene Bagendha Khilir | wutah anèng marga | canggahmu nyolong ngalap | mangke ta kang duwe waris | iki wus prapta | putri ing Parangakik ||

34. Raja Perid iku ingkang apêputra | Raja Perid namèki | Sang Raja Marisman | Raja Parisman iya | Raja Pirdu kang sêsiwi | Pirdu punika | nênggih ingkang sêsiwi ||

35. Ratu Agung Sang Raja Parisdingalam | punika putranèki | dene Raja Darab | Darab kapindho ika | putune sayêkti dening | Sultan Iskandar | Iskandar Dulkarnèni ||

36. ujar sira mêmungsuhan kurang awas | putri ing Parangakik | dudu mungsuhira | têdhak Sultan Iskandar | Ratu Mas Pataniburni | dupi miyarsa | mungkur dadi rasêksi ||

104. Pangkur

1. sirah satus tanganira | kalih atus angêrik angajrihi | bala sêkarine lampus | limang atus wêtara | samya dadya rêksasa wil ditya diyu | sang putri kalih wus mêdal | prapta gèn Patih Bunandir ||

2. adhi Bunandir dèn inggal | tampanana bandan Si Kadarwati | Bunandir nampani gupuh | sigra Rêtna Sudara | arsa magut kang putra nêmbah umatur | Pangeran Bakdingujaman | paduka aso rumiyin ||

3. kawula lawan pun bapa | ingkang magut Jaswadi anambungi | paduka sayah prang dangu | kula ingkang

--- 4: 467 ---

mangsaha | prange ditya tiwikrama sirah satus | Rêtna Sudara ngandika | hèh yayi Prabu Jaswadi ||

4. dèn bêcik sira rumêksa | putranira kalih sarêng wotsari | sabalanira tumanduk | nadhahi prange ditya | rame ulêng têngah papan udan watu | gumêr panggêroning ditya | ubêkan rame kang jurit ||

5. Jêng Pangeran Umi Kelan | nitih kuda mangsah kangkam tinarik | praptane wil sangsaya gung | kang nusuli gustinya | têmpuh popor Raja Miswan pamukipun | lan Radèn Minsar manêngah | angukih Raja Jaswadi ||

6. rêksasa gora wurahan | tri gumuruh gègère pamuknèki | Pangeran Ismayasunu | Radèn Amiratmaja | kadya babad bung pacing anacah timun | wuru riwuting ayuda | rêksasa lir udan wukir ||

7. atajêm lan ingkang bapa | Natèng Suwăngsa Sang Raja Jaswadi | kadya bajra gora nêmpuh | miwah Sang Raja Miswan | Radèn Minsar nêngah pamêdhange liwung | rug rêbah ingkang kaambah | ambêlasah bosah-basih ||

8. Kusuma Rêtna Sudara | lan kang rayi Dyah Sirtupilaèli | anjênêngi anèng pungkur | nauri sambatira | ingkang ditya kon mindhoni sinung wuwus | sapisan bae palastra | lingira sang putri kalih ||

9. kang aprang tan bisa mojar | samya gêtêm butêng wuru ing jurit | kadya ladhu gumaludhug | tinundha prahara bajra |[40] rêbah ingkang dênawa pating galêbrug | kang anumbuk gunung sela | gora rèh kagiri-giri ||

--- 4: 468 ---

10. kadya gunung sèwu gugrag | swaraningkang rêksasa nandhang kanin | kèh ditya matêmah wêrtu | kang wikrama katulak | ting galêmbor nêmpuh wrêksasol gumêbruk | wurahan ing antariksa | suraking jin Jonggiraji ||

11. tuwin bala jin Suwăngsa | mawurahan gumuruh ing wiyati | ratune nyêbar rum-arum | wadya jin datan kêna | nèng awiyat mambu bacin ting talêbuk | mila gung anyêbar gănda | Sang Raja Miswan Jaswadi ||

12. wau ta kang kawuwusa | ingkang lagya lêlampah ing jêladri | lawan ratu kawan atus | amung lan upacara | tan wontên kang liya upacaranipun | sanadyan Sang Kakungingrat | tan ambêkta wadya malih ||

13. mung kang ngampil kaprabon prang | tan winuwus lamine nèng jêladri | mangkana ing pukul têlu | praptanirèng muara | ing Kusniya malipir pasisiripun | miyarsa swara gumêrah | kadya swaraning ajurit ||

14. samya numpak ing dharatan | para ratu ngrangkêp gêgaman jurit | angin midid mêsês musus | kagyat Rêtna Sudara | mambêt gănda ratusing jin ingkang rawuh | yèn dede Sultan Kuparman | sayêkti Ismayawati ||

15. marani rêkyana patya | hèh ta adhi sungsungên gănda iki | apa kakang bok kang rawuh | apa Sultan Kuparman | têka êlor kulon kene gandanipun | iki mêlêk pan wis pêrak | gawanên Si Kadarwati ||

16. tinggalên ora pêrcaya | sigra nêmbah Ki Patih Abunandir | tan adangu sigra dulu | wong angapani

--- 4: 469 ---

kuda | saking palwa ki patih prayitnèng laku | winawas kang cêlak kuda | Wong Agung Surayèng Bumi ||

17. Patih Bunandir anyêlak | matur nêmbah ngaras padanira Mir | kula puniki pukulun | nut ing putra paduka | miwah rayi dalêm kêkalih prangipun | lan ditya dèrèng kasoran | gugup Sang Surayèng Bumi ||

18. bêbandan kang kula bêkta | inggih gusti putri Natèng Kubarsi | kasoring prang wus kapikut | dhatêng rayi paduka | saking mangke maksih rame prang pukulun | Wong Agung nitih turăngga | sinabêt tan dangu prapti ||

19. ênggone ingkang ayuda | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | lan Kewusnendar Tamtanus | kang nusul sami prapta | lajêng napung ing ayuda dènnya magut | mêngsah mung kantun satunggal | Mas Ratu Pataniburni ||

20. krura gora astane molah |[41] kalih atus angagêm sela sami | ana ngagêm kayu-kayu | obah asru tumindak | gora gêtêr dhèdhèt erawati wagyut | wau putri kalih nêmbah | gumantya rahadèn siwi ||

21. sigra têdhak saking kuda | lan kang putra Wong Agung Jayèngmurti | rêksasa nibakkên watu | miwah wrêksa pinolah | dyan sinandêr anarik pêdhang Wong Agung | tumrancag angancik pundhak | amêdhangi nganan ngering ||

22. kang putra nusul sêksana | lawan bapa sira Raja Jaswadi | amêdhangi ngarsa pungkur | kumrutug sirah tiba | Prabu Miswan Radèn Minsar tumut napung | sirna onggaotanira | Mas Ratu Pataniburni ||

--- 4: 470 ---

23. badan rêbah angandika | yayi Prabu Suwăngsa Jonggiraji | padha atagên balamu | ambuwang mring samodra | kuwandane Si Pataniburni iku | wadya jin sigra tumandang | anglabuh maring jêladri ||

24. sirna mungsuh wus raina | Kadarwati sinadatakên nuli | lajêng pinaringkên sampun | wangsul Rêtna Sudara | bubar ngumpul ing pabarisan Wong Agung | ing suratsari kocapa | duk saking pakuwon mijil ||

105. Mijil

1. watir marang ingkang ibu kalih | risang narendra nom | lan kang rayi ing Kelan yudane | praptèng jawi pakuwon ningali | yèn kang rama prapti | lawan ingkang ibu ||

2. Maktal Adipati Guritwêsi | miwah para katong | nanging datan amawi bala kèh | mêlajêngi sang prabu taruni | mring rama ngabêkti | ibu kalihipun ||

3. prawirèng Kusniya Malebari | ingkang para katong | sami ngaras ing dêlamakane | sira Wong Agung Wiradimurti | wus tata alinggih | sagung para ratu ||

4. kawuwusa Sang Prabu Kubarsi | atas ing pawartos | yèn kang ibu kajodhi yudane | mungsuh lan sang putri Parangakik | tumpês ing ajurit | lan sêbalanipun ||

5. lan kang rayi Mari Kadarwati | kacandhak binoyong | mila gègèr sang nata galihe | awuyungan kêlangkung prihatin | ciptanira aji | abela tumuntur ||

6. Patih Baktak awas ing pawarti | sumiwèng sang katong | dhêdhêmitan prapta ing ngarsane |

--- 4: 471 ---

Maliyat Kustur ngandika aris | bênêr sira patih | tuturira mring sun ||

7. nyata abot putri Parangakik | tan kêna minungsoh | kangjêng ibu tumpêsan wadyane | pira-pira lêlêmbut sirnanting | putri Parangakik | kang mrawasèng pupuh ||

8. Patih Baktak aturira aris | pundi ta sang katong | atur kula pemut sayêktine | dene punika sami pinanggih | punapa kang sisip | sakathahing pemut ||

9. mila purun saênggène bumi | madêgakên katong | mring putrane inggih ing batine | jagad sêdaya munggèng astèki | botên walangati | wong Arab puniku ||

10. singa-singa bumi dèn adêgi | tan susah rinêngkoh | paran karsa paduka ing mangke | botên wande kasoran ing jurit | mungsuh rare sami | ijab nisthanipun ||

11. punapa tan sagêd anyuruhi | ingkang para katong | ingkang tate abot sêsanggane | tinandhingkên Menak Jayèngmurti | saurira aris | Sri Maliyat Kustur ||

12. paman Baktak ingsun iki eling | dhingin rama katong | maring ingsun mangkene wêlinge | sira lamun madêg narapati | angandoni jurit | aja salah dudu ||

13. ngandêlêna ing bala dhêdhêmit | kang padha tan katon | aprang cidra iku tanpa gawe | ngilangakên prawira sayêkti | amung iku dadi | minăngka bêbuwuh ||

14. mung muwuhi kabêsaran jurit | ngeramakên mungsoh | dene kang bala lêlêmbut kiye | iku dadi [da...]

--- 4: 472 ---

[...di] kaluhuran pêsthi | mung gadanirèki | pêdhang lan parismu ||

15. lawan kuwatira ing pênangkis | kuwating pamupoh | iku ratu kang kuwat yêktine | utamèng prang taline turanggi | ing dharat tan winggih | kuwating panjunjung ||

16. ibunira iku amung dadi | pangemuting mungsoh | lamun nêmu mungsuh kèh kanthine | iya dadi sugihira dening | bala warni-warni | manusa lêlêmbut ||

17. kang jinagan bok mungsuh nyidrani | tabêri anyolong | iya iku amung cawisane | lamun lawanira anyidrani | lamun padha bêcik | utama prang tangguh ||

18. apan sira iku sun pasrahi | kabèh dibyaningong | kasudiran miwah ing kasêktèn | arinira mung nunut sirèki | sapa kang nadhahi | marang panggadamu ||

19. lawan sira dèn awas ing wèsthi | ing wawêkas ingong | guruningsun ing aprang tabête | barêng ingsun gêguru lan mami | padha dibya sêkti | tunggal ingsun guru ||

20. dene ingkang gêguru mring mami | kabèh para katong | apan ana sapuluh kathahe | singgahana yèn sira ajurit | yèn wurukan mami | lawan tunggal guru ||

21. Ratu Talsiyah tunggal guru mami |[42] bala para katong | Rukwatil Polad rane ratune | dene Rokam Gulangge namèki | lamun duwe kardi | labuhana utu[43] ||

22. lamun sira yèn amangun jurit | nêmu mungsuh abot | aturana sayêkti dhangane | ora beda anggêpe lan mami | de wurukan mami | kabèh

--- 4: 473 ---

para ratu ||

23. iya ratu ing Polad nêgari | dudu raning katong | Sri Kuwari Usman Ratu rane | dene Talsiyah raning nêrpati | Rukwatil Poladi | iku ratu agung ||

24. Raja Rukwatil Polad ing Talsih | Polad aran katong | siji Polad nêgara ratune | Kuwari Usman Polad nêgari | Baktak matur aris | aturana gupuh ||

25. inggih dhatêng nêgari ing Talsih | narendra kinaot | Raja Rukwatil Polad wartine | otot kawat bêbalunge wêsi | kulit têmbaga brit | gala sungsumipun ||

26. yèn paduka sang prabu wus jinis | lan narendra kaot | inggih tuwan aturana age | rama paduka tuwan aturi | Prabu Nyakrawati | sayêktine rawuh ||

27. sarta kula ingkang ngarih-arih | ing rama sang katong | pêsthi inggal punika praptane | lamun kathah para ratu prapti | ngêpung Malebari | ratu agung-agung ||

28. sigra mêsat caraka Kubarsi | nyuruhi pra katong | kunêng ingkang kawuwusa age | pamit ing rama Amir Anjilin | Radèn Banuarli | sarêng budhalipun ||

29. Raja Kuwari Usman tut wuri | sawadya pra katong | lampah agêng anambuh sêdyane | wadya Polad wadya ing Kohkarip | gunême wus dadi | wadya kinèn napung ||

30. ya ta sira Dyan Amir Anjilin | lan sira sang katong | Kwari Usman kang dadya êmbane | Banuarli êmban Wajahjami | badhe angayoni | kaprawiranipun ||

31. mring kang

--- 4: 474 ---

raka tumandhing ajurit | ènthènge lan abot | ingkang rayi arsa wruh bobote | Banuarli arsa angayoni | raka lan ramèki | cinoba ing pupuh ||

32. anèng marga kapêthuk dutèki | Kubarsi Sang Katong | sinungakên sang nata surate | wus winaca ingaturkên aglis | ing Amir Anjilin | tinupiksa sampun ||

33. mèsêm Rahadèn Amir Anjilin | karsa kapênujon | hèh caraka dhingina dèn age | ingsun iki nêdya anulungi | ing Natèng Kubarsi | apan bubar ingsun ||

34. saking praja nêdya bantu jurit | mila sun parungon | ing lakune gustinira dene | nora nimbali marang ing mami | caraka wotsari | budhale rumuhun ||

35. langkung suka kapêthuk ing margi | dutane sang katong | tan winuwus ing marga lampahe | prapta katur Sang Rajèng Kubarsi | yèn Polad Nêrpati | nèng marga kapêthuk ||

36. niyat ambêbantu ing ajurit | mring paduka katong | duk miyarsa kêlangkung sukane | Patih Baktak tinimbalan aglis | mojar ngêntrog wêntis | Sri Maliyat Kustur ||

37. hèh kya patih kèh kapêthuk margi | kang bantu maring ngong | Sri Kuwari Usman mèh praptane | yèn wis aprang sapisan hèh patih | nuli sun aturi | Sang Prabu Mêdayun ||

38. wuwusên Radèn Amir Anjilin | rêmbuge wus dados | putra kalih nampa pratikêle | ambuwang laku ngaku putrèki | Kuwari [Kuwa...]

--- 4: 475 ---

[...ri] Usmani | Banuarli ngaku ||

39. putranira Raja Wajahjami | ing Kurub[44] kêdhaton | tan antara wau ta praptane | Wrahat Kustur sang prabu taruni | kapêthuk wus kerid | panggih nata sêpuh ||

40. Maliyat Kustur sukanya ngênting | wus kinèn makuwon | tigang yuta sêdaya balane | kunêng ing dalu wuwusên enjing | Kusniya Mlebari | miyos nêmbang gambuh ||

106. Gambuh

1. Raja Maliyat Kustur | nêmbang têngara gong bèri umyung | andalêdêg wêdale bala Kubarsi | barise kalangan têpung | Maliyat Kustur wus lunggoh ||

2. ing amparan murub |[45] munggèng kursi ingkang para ratu | para putra nunggil para raja sami | barise Kusniya mêtu | bêlabar lir samodra rob ||

3. wijoan palowanu | Sultan Kuparman dènira lungguh | nèng amparan rêtna sang prabu taruni | têpung para arinipun | ambanjêng kang para katong ||

4. amit marang sang prabu | putra Kuwari Usman umagut | kang anama Rahadèn Amir Anjilin | nitih kuda awotsampun | sagung dandanan prang pupoh ||

5. adheyan kudanipun | praptèng rananggana nguwuh mungsuh | payo Sultan Kuparman mêtua jurit | papagêna tandang ingsun | iki prajurit kinaot ||

6. ya ta tan bêtah ngrungu | putra Ngabêsi amit umagut | wus ingidèn mangsah putra ing Ngabêsi | surake bala gumuruh | nitih bakarlès anjojog ||

7. wus kawot gamanipun | praptèng [pra...]

--- 4: 476 ---

[...ptèng] payudan sampun apangguh | tinakonan sapa kang mêtu ing jurit | yèngsun Kodrat Samadikun | putrèng Ngabêsi kinaot ||

8. lah sira sapa ranmu | sumaur Amir Anjilin ingsun | Sang Aprabu Kuwari Usman sêsiwi | payo apa nèng sirèku | tandhing prakosèng prang popor ||

9. ngling Kodrat Samadikun | dhingini prang dudu caranipun | lah ta iya dèn eling putra Ngabêsi | akudhunga parisamu | ing aprang dèn padha tanggon ||

10. kudhung parisanipun | sira Radèn Kodrat Samadikun | ngêtab kuda Rahadèn Amir Anjilin | sarwi mutêr gadanipun | sêksana gada tumêmpoh ||

11. jumêbrèt swaranipun | kadya kang gêlap sakêthi barung | mubal agni parise putra Ngabêsi | Radèn Kodrat Samadikun | malês mutêr gada gupoh ||

12. rame pupuh-pinupuh | surake bala asru gumuruh | kang ayuda agênti bindi-binindi | Radèn Kodrat Samadikun | katèmpêr sami kalêson ||

13. pinupuh Samadikun | gêtêm nguwati pênangkisipun | rosaning kang anggada kuwating tangkis | gigiring bakarlès putung | Samadikun tiba lunggoh ||

14. gumêtêr adêgipun | Amir Anjilin sigra tumurun | wus cinandhak ingikal putra Ngabêsi | putra Turki praptanya wus | anitih kuda binarong ||

15. Amir Anjilin sampun | anitihi malih kudanipun | sapa ranmu wong

--- 4: 477 ---

Kusniya kang mêtoni | putra Sarkab Turki ingsun | Samardikaran ran ingong ||

16. lajêng pupuh-pinupuh | Amir Anjilin sangêt amupuh | Radèn Samardikaran kuwating tangkis | gada-ginada adangu | sarêng sèlèh gada karo ||

17. pêdhang-pinêdhang dangu | wagêding pêdhang sami wasisipun |[46] wus adangu pêdhang datan migunani | sèlèh pêdhang kalihipun | tarik-tinarik prang popor ||

18. sêndhal-sinêndhal dangu | sami sanginggiling kudanipun | Radèn Samardikaran sampun katarik | ingikal binanting muluk | ing kudanira tinanggor ||

19. pêjah turangganipun | tiba ing siti kantaka dangu | Radèn Samardikaran wus dèn gongsongi | putra Kewusnendar rawuh | ayun-ayunan tinakon ||

20. iku ta sapa ranmu | dene kawênang-wênang polahmu | lah bantingên Kaharkusmèn iya iki | sutane ratu dibya nung | Kewusnendar ratu moncol ||

21. alon dènnya sumaur | Amir Anjilin pêparab ingsun | dèn prayitna Kaharkusmèn ingsun bindi | kudhunga paris dèn gupuh | aja gumingsir dèn tanggon ||

22. angêtab kudanipun | radèn sarwi mutêr gadanipun | dyan pinupuh putra Yujana nguwati | ing tangkis parise murub | Kaharkusmèn malês mupoh ||

23. rame pupuh pinupuh | Amir Anjilin sangêt amupuh | Radèn Kaharkusmèn anitih jênggiri | awanti-wanti pinupuh | jênggiri anjrit mêncolot ||

24. angulêr kilan wangsul | Kaharkusmèn [Ka...]

--- 4: 478 ---

[...harkusmèn] sigra malês mupuh | wanti-wanti kuwate Amir Anjilin | saking sami kuwatipun | satriyane kalih bobot ||

25. yuda gada wus dangu | gada datanpa guna pamupuh | sarêng sèlèh ing gada pêdhang tinarik | pêdhang-pinêdhang rok caruk | adangu tan wontên kasor ||

26. wau ta duk kadulu | Sultan Kuparman awas andulu | ing tangkêpe mungsuh ingkang anom pêkik | alon ngandika Wong Agung | sanak-sanak dèn waspaos ||

27. dudu wadine iku | bisa nganggo ing sasolah ingsun | guruningsun prang Malekat Jabarail | parandene bisa tiru | kabèh iki para katong ||

28. kang nora pisah ingsun | sadina-dina wruh tandang ingsun | parandene durung ana kang para ji | bisa telad solah ingsun | saking gaib guruningong ||

29. awasna mungsuh iku | bisa ambuka ing wuruk ingsun | guruningsun prang Malekat Jabarail | mêngko yèn uwis si kulup | Kaharkusmèn nuli ingong ||

30. tan ana kêlar iku | ngladèni prang maring mungsuh iku | lamun dudu ingsun dhewe kang ngawaki | matur Radèn Abu Laut | ing rama sarwi wotsinom ||

31. amba mangke kang magut | saduka-duka kawula suwun | saking kêdah kawula arsa ngraosi | mêngsah kang prawirèng pupuh | malah kênia cinangkok ||

32. alah dene sinau | lamun amanggih prajurit punjul | bapa mêngko tegakêna awak mami | kang Minsar aja têtulung [tê...]

--- 4: 479 ---

[...tulung] | sandika kang bapa karo ||

33. wau kang aprang dangu | datanpa gawe gêgaman agung | kalih sarêng ambuwang gêgaman jurit | têdhak ajunjung-jinunjung | surak wurahan mrih sinom ||

107. Sinom

1. putra Yujana anyandhak | jinunjung Amir Anjilin | ingangkat-angkat tan kangkat | malah tumètès kang gêtih | saking pucuk dariji | prandene ora kajunjung | Kaharkusmèn cinandhak | mring Radèn Amir Anjilin | wus kajunjung binanting putra Yujana ||

2. sigra anitih turăngga | nandêr Iman Karnaèni | praptèng rana panggih lawan | sigra nitih kuda malih | angling Amir Anjilin | wong Kusniya sapa ranmu | tanpa gawe mêtu prang | yèn dudu Si Jayèngmurti | konên mêtu dèn inggal Sultan Kuparman ||

3. ing kene angadu yasa | rukêt băndawala pati | apragola wêntis jăngga | sira iku rare mêksih | durung pantês ajurit | amungsuh kêlawan ingsun | angling Bakdingujaman | ingsun andêle putra Mir | kangjêng ibu putri Kelan Kelaswara ||

4. putri adi măndraguna | tate bănda para aji | wudhu ing prang tanpa lawan | ingsun Iman Karnaèni | Radèn Kusmara Kusrin | Rahadèn Ismayasunu | sira iku ta sapa | ya ingsun Amir Anjilin | atmajane Sang Raja Kuwari Usman ||

5. iya payo aprang ada[47] | sun gada aja gumingsir | Pangeran Amiratmaja | saksana amasang tangkis | Radèn Amir Anjilin [Anji...]

--- 4: 480 ---

[...lin] | mutêr gada sigra mupuh | surak mungsuh lan rowang | kadya manêngkêr wiyati | kang ayuda antuk sisihing prawira ||

6. arame gada-ginada | sami kuwating panangkis | sami rosaning panggada | kadya mandhêlong kang bumi | gada gêng tibèng tangkis | mêtyagni mubal kumêbul | murub kumatar-katar | heran kang samya ningali | ing yudane rahadèn kalih prasamya ||

7. miwah pêkike kang aprang | miwah cahyanira kalih | nyirnakkên langêning jagad | pantês tajêm ing ajurit | dèrèng wontên kang misik | ing puspita kalihipun | raras kadya tinêmbang | pantêse kang aprang tandhing | karya êla-êla sawadya ninditya ||

8. kadya kartika kèsisan | ing ima anuksmèng sasi | lintang-lintang aliwêran | sêsiring kilat lan thathit | cêngêng kang aningali | eman mênawa na lampus | ilang rêtnaning jagad | baskara lampahe ririh | lir anganti palimirma mring kang aprang ||

9. wèh onênging pramudita | wèh rêntêng isining bumi | masguling jagad wiryawan | cêngêng mangu kang ningali | sorote cahya kalih | liwêran kadya andaru | surake ginêndhingan | talompe anglir anapih | kêndhang gonge kadya karuna angampah ||

10. rêkatake kêmbang-kêmbang | pinêrcondhang maruta ris | kadya angrapu kang aprang | anguda-uda kang jurit | aywa kabanjur sami | mangkana sasmitanipun | langêne sabuwana | wau ta ingkang ajurit | dangu dènnya prang gada datanpa karya ||

--- 4: 481 ---

11. sarêng dènnya buwang gada | sarêng angêtab turanggi | mubêng angatepang nganan | satunggil adheyan ngering | dangu main turanggi | sarêng ngitêr mutêr pagut | sarêng anarik pêdhang | lir laraping kilat thathit | gêbyar-gêbyar wor sunaring diwangkara ||

12. kumêsar ingkang asurak | ana têmah wêtu tangis | caruk pan pêdhang-pinêdhang | kumêmprang tibaning tangkis | dangu datanpa kardi | pêdhang kalih sarêng rêmpu | sarêng ambuwang pêdhang | sarêng angêtab turanggi | sarêng candhak-cinandhak sêndhal-sinêndhal ||

13. adangu main turăngga | mubêng sami ubêngnèki | dangu sarêng tilar kuda | paran-pinaranan sami | rukêt tarik-tinarik | adangu junjung-jinunjung | gantya buwang-binuwang | yèn Radèn Amir Anjilin | dipun buwang mring Pangeran Banukelan ||

14. kapalêsat patang dhêpa | dohira tibane linggih | tangi wangsul ênggènira | yèn Pangran Iman Karnèni | binuwang ora têbih | mung sadhêpa plêsatipun | kontal ngadêg kewala | wangsule ambuwang malih | ingkang paman sadumuk rada kasoran ||

15. dènira aprang sadina | malah kasaput ing wêngi | baris sampun tinêtêgan | mundur kalih kang ajurit | suka wadya ningali | rahayune kalihipun | Radèn Jaswadiputra | ing dalu bujana sami | nèng ngarsane kang rama Sultan Kuparman ||

16. kang rama alon ngandika | mring sagung ratu prajurit | hèh sagunge pra prawira | ing yudane [yu...]

--- 4: 482 ---

[...dane] anak mami | padha awas ningali | ing yudane putraningsun | mungguh bobote mêngsah | umatur kang para aji | pan kapara unggul putra jêng paduka ||

17. Pangeran Bakdingujaman | alon dènira nambungi | mring kang paman Parangteja | paman inggih kang sayêkti | mêngsah wau wêtawis | ing ayuda ukur-ukur | ing wêtawis kawula | botên patos angladosi | pangraose mêngsah prang kalawan bocah ||

18. pan amung raka paduka | ingkang cinipta ing batin | gumujêng kang para nata | punapa mêkatên gusti | wong prang arêbut pati | măngsa nganggo ukur-ukur | mèsêm Sang Kakungingrat | pantês ing rèh duwe wadi | durung aprang lan ingsun ingkang sinêdya ||

19. lah iya ing benjang enjang | ingsun ngawaki pribadi | kunêng wau gunêmira | ing Kusniya Malebari | ucapên sri bupati | Sang Raja Maliyat Kustur | ing dalu abujana | gunêm masalahing jurit | winêtara angrês prajurit Kuparman ||

20. Maliyat Kustur lingira | nambungi ingkang para ji | lêrês pangandika tuwan | bêbêcike kathah kanin | para putraning aji | kapêrcondhang singa magut | inggih amung satunggal | kang wêntala ing ajurit | kang anama Pangeran Amiratmaja ||

21. prasami suka sêdaya | para prawira Kubarsi | tuwin Kyai Patih Baktak | badhe sida angaturi | sampun akarya tulis | mring bathara ing Mêdayun | lumampah

--- 4: 483 ---

dutanira | wau Sang Amir Anjilin | pan sêdalu sinuba sinungga-sungga ||

22. ing dalu tan kawurcita | nênggih kawuwusa enjing | muni têngaraning yuda | gong bèri gurnang thongthonggrit | têtêg awanti-wanti | kêndhang gong munya gumuruh | baris mijil mêlatar | sagung prajurit para ji | gumarêgut yayah tan mundur ing aprang ||

Candhakipun cariyos punika ing mangke sawêg kaêcap, kapacak ing Sêrat Menak ăngka 5.

__________

Ingkang ngaturi babonipun sêrat Menak punika, wadana ing Magêtan, ondêrsêtan Radèn Panji Jayasubrata.

 


Lebih satu suku kata: kêmpit sirahipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: arinira ingsun pasrahakên kalih. (kembali)
Kurang satu suku kata: wau rahadèn putra. (kembali)
Kalbujèr. (kembali)
yutan. (kembali)
guntur. (kembali)
Kurang satu suku kata: Natèng Sidhangdhayang pan sampun cinandhak. (kembali)
Kurang satu suku kata: Dirkudahananèku. (kembali)
pinaringkên. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: sami tamuan sanakane para jin. (kembali)
11 kiyai. (kembali)
12 gaib. (kembali)
13 pakuwonipun. (kembali)
14 talam. (kembali)
15 nèng. (kembali)
16 anjêjarah. (kembali)
17 pajêg. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: Damiya Jumirilsuta. (kembali)
19 winalês. (kembali)
20 Sampaltinaim. (kembali)
21 tumpês. (kembali)
22 ingsun. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: mêngsahipun sangsaya gung. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: kèh warni endah-endah. (kembali)
25 dhatêng. (kembali)
26 ngarsane. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: de sanès jinisipun. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: pêjah wontên ing wana Mêdayun. (kembali)
29 gêgobogmu. (kembali)
30 prajurit. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: Karbu Makmu Rijal. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: cahya nuksmèng sitèngsi. (kembali)
33 arsa. (kembali)
34 surak. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: prajurit gung kadya awun-awun. (kembali)
36 tulya. (kembali)
37 pinêthuk. (kembali)
38 wuntat. (kembali)
39 Halaman 464-465 sobek. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: tundha prahara bajra. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: krura gora asta molah. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: Ratu Talsyah tunggal guru mami. (kembali)
43 tuhu. (kembali)
44 Kulub. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: ing amparan mas murub. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: wagêd pêdhang sami wasisipun. (kembali)
47 gada. (kembali)