Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 20–39)

Judul
Sambungan
1. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 01–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 20–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 40–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 61–82). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 4, Van Dorp, 1926–7, #1098 (Pupuh 83–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 27-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

20. Gambuh

1. turăngga lir sêsulung | wong tampingan wong jro kutha bubul | wira-wiri kang mriksa gègèr ing jawi | wong tampingan kapêlayu | giris praptane kang mungsoh ||

2. bêbahak praptanipun | gêmpur ingkang dhusun agung-agung | wadya gêdhah ing Kusta lawan Surati | balane ratu pênganjur | ambêbahak ambêboyong ||

3. wau ta sang aprabu | Kaelani nênggih kang winuwus | sigra Prabu Kelanjêjali tinangkil | aglar punggawa gung-agung | miwah kang rama sang katong ||

4. sang prabu ing Mêdayun | Patih Gajahbihêr awotsantun | dhuh pukulun patikbra atur udani | pênganjuring mêngsah rawuh | anitik badhe pakuwon ||

5. urunan para ratu | tanah ajam satus pitung puluh | pêngajênge lampah Sang Rajèng Surati | ratu balane Lamdahur | Suratisdaham kang kinon ||

6. lan ratu bala ing Rum | Sang Prabu Turkiyah Raja Arnus | ratu satus pitung puluh kang angirid | Suratisdaham [Sura...]

--- 4: 95 ---

[...tisdaham] lan Arnus | pangirid kang para katong ||

7. ratu bang wetan urun | kang kilèn mung Yujana lan ing Rum | anênitik papan kang sami prayogi | kamota kang baris agung | gustine Jayèngpalugon ||

8. datan wande anglurug | Prabu Nusirwan ingkang jinujul | yèn paduka ngukuhi Rajèng Mêdayin | nêgari Kelan ginêmpur | tinumpês lanang lan wadon ||

9. para ratu pênganjur | wonge satus pitung puluh |[1] inggih gusti wontên kawan atus kêthi | dhusun paminggir supênuh | wontên ing dhusun Mariyo ||

10. jêmbar radin pukulun | angungkurakên bêngawan agung | kanan wukir wana agêng ingkang kering | ara-ara jêmbar ngayun | badhe papan ing prang popor ||

11. praptane têlik ulun | ingkang saking Yujana pukulun | inggih èstu Wong Agung Surayèng Bumi | lêt patang puluh dinèku | saking ing Yujana bodhol ||

12. balane pinartêlu | pinisah putra kêkalihipun | saibune kang sami putri prajurit | sampun binage wadya gung | dinum ingkang para katong ||

13. lampah lêt pitung dalu | rama lan putra kêkalihipun | angandika Sang Prabu Kelanjêjali | hèh Gajahbihêr nora wruh | yagene mêtu ing kono ||

14. apa nora na tutur | yèn iku marga gawat kêlangkung | ing Sindhula wukir ênggoning rasêksi | nambungi Raja Mêdayun | wus adat Jayèngpalugon ||

15. marga gawat tinêmpuh |

--- 4: 96 ---

botên watak nyinggahi pakewuh | kayu aèng lêmah sangar tawa sami | Sang Raja Kelan umatur | wiyahèn dèrèng kêtanggor ||

16. pan Sindhula pukulun | ênggèn dênawa Sang Raja Jamum | ditya sêkti mêrtapa amrih linuwih | ing kaprawiran pukulun | atmajane roro wadon ||

17. kaprawirèng prang ampuh | wontên balane wil tigang atus | sami kinèn mêrtapa amrih kasêktin | isining bumi pukulun | ciptane samia kasor ||

18. bumi kula puniku | apan inggih wit wontên ing ngriku | inggih minta lilah kawula sayêkti | sampun tigang dasa taun | wukir singub jurang singgrong ||

19. jangji kula pukulun | yèn kula minggah baya pakewuh | angawaki tumut mungkasi ngajurit | mila kèringan pukulun | samya jrih kang para katong ||

20. kula winastan ngingu | inggih dhatêng wil Sang Raja Jamum | tur punika inggih kajênge pribadi | kawula mênging tan purun | cinêgaha dadi mungsoh ||

21. luwung yèn dadi batur | ing ajigih kasêktènipun |[2] mila para ratu tanah ngajam wingwrin | winastan Sang Raja Jamum | kula kang darbe ngon-ingon ||

22. lawan ta kaananipun |[3] wayah ta Kelaswara puniku | yèn anggitik praja ratune nadhahi | kasor prang sêkaliripun | kèh parangmuka binoyong ||

23. lampahan kawan dalu | ing Sindhula lampah kang anêru | saking ngriki sêdhênge pan pitung ari | margine maripit [mari...]

--- 4: 97 ---

[...pit] gunung | wukir Sindhula kagêpok ||

24. hèh Gajahbihêr iku | iya măngsa ta wurunga gêmpur | Si Kêlana Jayèngmurti sawadyèki | binadhog ing Raja Jamum | dilalah tumpês ing kono ||

25. Patih Baktak amuwus | maring Gajahbihêr nora sêru | adhi Gajahbihêr kula pemut inggih | sisip tangguhe sang prabu | prakawis Jayèngpalugon ||

26. cinampah prang lan diyu | inggih ditya punapa puniku | buta dhêkêm andhêlik sok dikêp gênjik | wis numpês pitik tumurun | buta kere bêdhog babon ||

27. yèn esuk nyăngga pincuk | yèn têngange buruh amêmikul | lamun bêdhug pariman anggawa pithi | yèn asar amikul banyu | surup dhêlik ngarêp pawon ||

28. dika napa tan ngrungu | Raja Imprit lan Raja Pardiyu | sabalane yutan sintên kang matèni | siji botên bêkta batur | Wong Agung Jayèngpalugon ||

29. ratu dika puniku | lah punapa tan ngrungu ing catur | wontên ditya sirah sèwu gêgilani | astanipun kalih èwu | gêgêdhêging jagad wutoh ||

30. Si Jamum buta jagul | liwat tan patut ginawe umuk | buta kere pariman anggawa pithi | kaliwat nistha puniku | inggih dèrèng wruh wêwaton ||

31. Samaduna dhas sèwu | apan balane sayuta uluk | sirna dene Wong Agung Surayèng Bumi | Si Jamum puniku besuk | wong pêpikul kang anjotos ||

32. Gajahbihêr [Gajahbi...]

--- 4: 98 ---

[...hêr] andhêku | nuwun kakang wontên putrinipun | pan kêkalih sudira prawirèng jurit | Ki Patih Baktak angguguk | pikir dika liwat momrok ||

33. jompo botên lumaku | pikir sikêp arepoting tangguh | Kyana Patih Gajahbihêr dhêku malih | măngsa borong kakang nuwun | kang sampun jajah pamiyos ||

21. Mijil

1. kunêng ingkang gunêm lawan pikir | gêntya winiraos | rajaputri ing Cina budhale | saking Yujana sawadyanèki | baris Parangakik | ingkang tinut pungkur ||

2. nanging sinamar ragi anêbih | miwah yèn makuwon | tan kêtawis batin padunggale[4] | katon amêncil pakuwonnèki | mangkana winarni | duk angsal sêdalu ||

3. budhal saking nêgri Yujanèki | wontên ing pakuwon | tinimbalan ing dalu lampahe | marang Rajaputri Parangakik | putri Cina kering | nanging lampah pandung ||

4. Rêtna Sudara nganguk-anguki | jawine pakuwon | putri Cina mung lan turanggane | wau Rajaputri Parangakik | dènnya mêmanuki | inggih cara pandung ||

5. garudha yêksa sang rêtna nitih | jabaning pakuwon | pinggir wana wontên patayare | ngupacara Radèn Jayusmani | kang rama maringi | Cina kalih atus ||

6. lurah sêkawan binêkta kalih | pun Ting Guwiyang Koh | lawan pun Jong Cukun satunggale | kang kinarya jaruman nimbali | putri Cina kering | dene pun Jong Cukun ||

--- 4: 99 ---

7. mung caraka kêkalih kang ngiring | pun Ting Guwiyang Koh | pun Jong Cukun anilip lampahe | putri Cina mugèng[5] ing turanggi | wus cêlak lan baris | lampah mandhêg mangu ||

8. Rajaputri Cina ngandika ris | hèh Ting Guwiyang Koh | hèh Jong Cukun iki kaya priye | uwis parêk mèh manjing jro baris | yèn sinapa mangkin | paran saur ingsun ||

9. duk puniku putri Parangakik | gènira mirantos | nuju tanggal ping wolu wayahe | pukul sapuluh sang dyah kaèksi | Adaninggar prapti | sang ayu aniyup ||

10. sarwi nguwuh inggal yayi dèwi | ing kene gon ingong | Adaninggar kagyat apa kiye | pun Jong Cukun matur awotsari | punika jêng gusti | mênawi amêthuk ||

11. putri Cina miyarsa tan aris | saking kuda anjog | kapiandhêm tilar turanggane | Rêtna Sudara ngadêg nyêkêli | garudha yêksèki | cinandhak Jong Cukun ||

12. putri Cina kang nyandhak kudèki | pun Ting Guwiyang Koh | putri Cina ngrungkêbi padane | sarwi anjrit lara-lara nangis | pada kinapithing | sangsaya sru muwun ||

13. pêjahana kawula puniki | dèn inggal kakang bok | yèn gêsanga mêmirang wong akèh | kula isin dhatêng bumi langit | suku madal siti | sru panangisipun ||

14. papa cintakatêmên wak mami | gung dadi lêlakon | Adaninggar matia dèn age | urip karya jalêbuding bumi | atinggal praja di | tuwin rama ibu ||

--- 4: 100 ---

15. kadang warga tan ana katolih | praptèng paran ingong | durung wêruh ing rèh sêsikune | wêwadine Wong Agung sawiji | ati buta tuli | katanggor ing watu ||

16. Adaninggar aja awèt urip | hèh kaki Tupèkkong | ngur banjutên ingong Sang Hong Tete | lênyêpêna ing alam dunyèki | putri Cina iki | nyênyampuri tuwuh ||

17. ngapêsakên kang para nêrpati | kabèh para katong | ingkang sami putri tênayane | karya ojat Adaninggar iki | dêstun jêjêmbêri | pangus bêngus-bêngus ||

18. baya katingal wêrjit lan cacing | lintah ris-irispoh | nora katon manusa pantêse | amawongan tan ana nampani | amêmitra mami | mèh kêtawur-tawur ||

19. lah pêdhangên kakang bok dèn aglis | inggih raganingong | yèn wis layon ulihna dèn ake[6] | lah pêtakên bumi Parangakik | maring Cina pasthi | măngsa na kang ngaku ||

20. cêpurungên bumi Parangakik | candhinên aywa doh | ing kêpatèn anyèthi dhèwèke | aksamanên kakang bok wak mami | mung ngèsthi ring pati | suka nganyut umur ||

21. putri Cina kaku tyasirèki | satêmah ngêjojor | anglir kayu akancing astane | pangrangkule ing pada sang putri | sarira tan osik | malirik tan muwus ||

22. sêrandune wus kadi ngêmasi | kêkêtêg nèng tênggog | putri Cina sangêt kakon atèn | nora bisa ngampêt nêpsunèki | netra kadi cuki | ical kocakipun [kocakipu...]

--- 4: 101 ---

[...n] ||

23. maras tyase putri Parangakik | wungua riningong | kaya dudu anak ratu gêdhe | darungakên pikir tanpa kardi | salahing pawèstri | yèn kagêdhèn nêpsu ||

24. ginarayang kabèh sarirèki | kabèh sampun atos | kêkêtêge ngalih panggonane | mêmbêk-mêmbêk samataning pitik | wus asawang mayid | sang ayu dinulu ||

25. maras ing tyas sangêt wlas ningali | mring kang sawang layon | angur layon êmpuk gêrayange | iku sang putri atos tan sipi | kajêjênge kadi | kayu andêlujur ||

26. winungu-wungu mêksa tan osik | angling sang lir sinom | hèh Jong Cukun muliha dèn age | mring pakuwon pundhutên dèn aglis | si wulan piningit | ya jêmpananingsun ||

27. kang amikul aja liyan sami | padha sikêp wadon | kuda iku lah cancangên bae | atur sêmbah Jong Cukun tumuli | lumayu wus prapti | ing pakuwon agung ||

28. sampun binêkta jêmpana aglis | sikêp sami wadon | sigra-sigra ing wau lampahe | praptèng ngarsane sang rajaputri | ngatag sang rêtna glis | sikêp ingkang mikul ||

29. padha unggahna rampanên aglis | jêmpana riningong | dyan rumanggang wau pawongane | sampun munggèng jêmpana tan osik | putri Cina maksih | sangêt dènnya kantu ||

30. kundur Rajaputri Parangakik | wus praptèng pakuwon | tinurutkên saking jêmpanane | putri Cina pan [pa...]

--- 4: 102 ---

[...n] dèrèng anglilir | inginggahkên aglis | marang ing tilamrum ||

31. kocaping crita pan tigang ratri | ingkang mindha layon | panglilire saking kantakane | pungun-pungun winungu ngabêkti | putri Parangakik | pangucape arum ||

32. rèrèhêna tyasira ri mami | aja katêlangso | wong kagêdhèn nêpsu ala bae | nora duwe bêbêcik sathithik | ing wanodya yayi | aja ngingu nêpsu ||

33. etang-etange wong dhingin-dhingin | jênênge wong wadon | yèn angugung kagêdhèn nêpsune | nora antuk dadine ngakrami | duraka pinanggih | amanggih papa gung ||

34. putri Cina andhêku wotsari | pukulun kakang bok | sangêt sêsêk ing manah têmahe | anênutuh ing solah pribadi | gêtun ping sakêthi | solah kang wus luput ||

35. mangkya sumăngga tan darbe urip | kagungan kakang bok | siyang dalu anut sakarsane | pêpundhutan aglar kanèng[7] ngarsi | dhahar putri kalih | gunême mas timbul ||

22. Maskumambang

1. eca tyase dhaharan sang rajaputri | Rêtna Adaninggar | mopo sinarênga bukti | purune purun kapêksa ||

2. wusnya dhahar sumaos inuman sami | konyoh găndawida | Rajaputri Parangakik | Rêtna Sudarawêrtika ||

3. rungokêna yayi dèwi sun tuturi | duk pacangan ingwang | lan Wong Agung Jayèngmurti | bela samodra ludira ||

4. paman prabu ing Cina iku

--- 4: 103 ---

pan lali | jamak putri endah | yèn krama bêbantên jurit | wus ila-ilaning kuna ||

5. kramaningsun lawan Sang Surayèng Bumi | bêbantên ayutan | pêpati wong Parangakik | aprang mungsuh lawan ingwang ||

6. sun patèni kakang Prabu Parangakik | madyaning alaga | iku kandêle wak mami | lan yayi putri Karsinah ||

7. putri Cina kèngêtan matur wotsari | dhuh putri Karsinah | kangbok Sirtupilaèli | ing pundi kang pêsanggrahan ||

8. angandika Rajaputri Parangakik | adoh anèng wuntat | têlung dina saking ngriki | nindhihi baris pamuntat ||

9. mêngko sore sun undange yayi dèwi | lakon têlung dina | satêngange bae prapti | payo padha rêrêmbugan ||

10. sira iku yayi salina agami | badanmu sêpata | sira Eslama ta yayi | aja ngèmbèt balanira ||

11. Adaninggar umatur saha wotsari | pukulun sandika | badan kawula pribadi | sampun kawruhaning kathah ||

12. angucapa lailaha ilalahi | anêksèni ingwang | kang akarya bumi langit | kang satuhune pangeran ||

13. lawan malih Ibrahim khalilolahi | anêksèni ingwang | satuhu Nabi Ibrahim | iku dutane Hyang Suksma ||

14. kang ingakên pawong mitrane Hyang Widi | sang putri wus Eslam | ngindalah ing lair batin | batine nyata wus Eslam ||

15. pun Jong Cukun tinuduh paring udani | mring pakuwon Cina | aja na kelangan [ke...]

--- 4: 104 ---

[...langan] gusti | wau pakuwoning Cina ||

16. abusêkan gumuruh swaraning tangis | gustinipun ical | tigang dina ora prapti | jalwèstri lara karuna ||

17. sapraptane Jong Cukun mênêng kang tangis | lan gawa parentah | saking putri Parangakik | pakuwon Cina aywobah ||

18. aja owah kaya ana yayi dèwi | êmban roro samya | Siwang Siwung dèn timbali | barênga mring pêsanggrahan ||

19. sampun têntrêm sabalane rajaputri | ban kalih ngandikan | marang Jong Cukun tut wuri | praptanira pêsanggrahan ||

20. wau Radèn Jayusman praptanirèki | sing pakuwon paman | marêk ing ibu wotsari | lajêng alênggah ing ngandhap ||

21. putri Cina dhêrakalan angudhuni | ulap duk tumingal | ing cahya amindha sasi | kaesisan ing pawana ||

22. amor lawan parêkan dènira linggih | Sang Rêtna Sudara | anyandhak astanirèki | sira iki basakêna ||

23. wèh duraka sira dalih sapa yayi | yèku sutanira | Ki Jayusman anak mami | patute Kakungingrat |[8]|

24. wus tinarik astanira minggah malih | mulat ing rahadyan | eram amicorèng ati | mèh ngêblêgi ingkang rama ||

25. numbras têmên cahyane wong Pusêr Bumi | padha nuksmèng wulan | bêbayine anuruni | Rêtna Daninggar turira ||

26. kawulanggèr ngawu-awu ing sang pêkik | kamipurun ingwang | angakên sudarawèdi | dhatêng ibu jêngandika ||

27. sira

--- 4: 105 ---

Radèn Jayusman nuwun wotsari | putri Cina kagyat | sinêmbah ing radèn mantri | marêbêl awêtu waspa ||

28. angandika Sang Rêtna Sudarawêrti | yayi aja krama | marang ing sutanirèki | dadi was-uwas maringwang ||

29. sutaningsun iya sutanira pasthi | padha ujar pisan | nora bisa lomas-lamis | Rêtna Daninggar tur sêmbah ||

30. angandika Rajaputri Parangakik | kulup timbalana | pamanira dipun aglis | ingsun arsarêrêmbugan ||

31. atur sêmbah rahadèn lèngsèr pribadi | nguwuh ibunira | kulup bibinira kalih | sun wêruhne dhayoh ingwang ||

32. tan antara praptane sampun dèn irid | wau ingkang paman | lawan ingkang bibi kalih | putri Cina duk tumingal ||

33. pan kumêpyur têrataban tyasira glis | kesah arsa ngiwa | ampingan sêdyanirèki | Rêtna Sudara ngandika ||

34. sarwi latah jêrèh têmên sira yayi | umpêtan anapa | nora nana kêdhah-kêdhih | Adaninggar matur nêmbah ||

35. lah punika raka paduka kang prapti | Sang Sri Kakungingrat | ngandika Sudarawêrti | apan iku yayi Maktal ||

36. putranira Ki Jayusman ingkang ngiring | kang sun kon angundang | lamun wong lagi ningali | sapisan kèh kêsamaran ||

37. iya Maktal iya Sang Surayèng Bumi | kêmbar rupa swara | marma trêsnane tan sipi | alah ingkang tunggal wêlad ||

38. lunga ngunthul ambuwang kêprabon jurit | kadange tan kêna | milwa ing salah sawiji | Maktal [Makta...]

--- 4: 106 ---

[...l] nora kêna pisah ||

39. tunggu makam padha cukur wong kêkalih | Maktal prapta nêmbah | miwah ingkang garwa kalih | Maktal lênggah matur nêmbah ||

40. sarwi mèsêm sampeyan anggêgujêngi | ngandika punapa | kawula dipun raosi | Rêtna Sudara alatah ||

41. duk pangunthul duk pamakam sun rasani | duk patunggujarat | nora ana maning-maning | karo yayi Adaninggar ||

42. Jarahbanun Banawati marêpêki | dènira alênggah | Adaninggar angingsêri | Sajarahbanun anyandhak ||

43. ing wêntise kakang êmbok dhatêng pundi | wong pinarêpêkan | têka dadak angingsêri | punapa inggih tan sotah ||

44. akêkaruh kawula têtiyang Mêsir | Adaninggar mojar | mas ratu kula kang ajrih | lamun botên sinampara ||

45. Jarahbanun sumaur amindho kardi | sampun darbe cipta | liya lan kangbok ing ngriki | Adaninggar rêsêp ing tyas ||

46. Jarahbanun angawe sarwi lon agling | hèh kulup Jayusman | parènèkna jênggi mami | enggal pamucangan ingwang ||

47. rajaputra tur sêmbah marang kang bibi | marang ngarsanira | sarwi ngaturakên jênggi | putri Cina eram mulat ||

48. baya iki kadange Sang Jayèngmurti | têka nora basa | iya marang radèn mantri | Rêtna Sudara ngandika ||

49. yayi êmas Parangteja sun awarti | Rajaputri Cina | wus mèlu agama mami | dhêku Maktal atur sêmbah ||

50. inggih sokur kêdah lêstari basuki | nênggih [nêng...]

--- 4: 106 ---

[...gih] jêng paduka | utami atur upêksi | dhatêng raka jêngandika ||

51. iya yayi nanging iku yayi dèwi | awake sêpata | balane tan sun lilani | aja mutahakên kilang ||

23. Dhandhanggula

1. inggih lêrês ing karsa sang putri | gampil masalah mênggahing wadya | yèn sampun senapatine | pintên-pintên pukulun | rajaputri gumujêng angling | ya talah yayi talah | apa kêna besuk | yayi Dèwi Adaninggar | yèn puliha kaya ciptane duk lagi | mangkat saking nêgara ||

2. kêlakona mendah kaul mami | Arya Maktal matur awotsêkar | kadi wikana ing têmbe | yèn paduka kang mangun | kadi botên lêpat ing benjing | sêdhêng têlas kang aprang | kanthia pukulun | lan ature para raja | rama Nata Mêdayin dipun wêkasi | punika kang pangkalan ||

3. lagya eca imbal wêcanèki | kêsaru prapta putri Karsinah | Maktal mêthuk sagarwane | ngurmati ingkang rawuh | rajaputra mêthuk ing bibi | amung Rêtna Sudara | kang maksih alungguh | praptane putri Karsinah | angabêkti ing raka Sudarawêrti | Adaninggar tur sêmbah ||

4. matur Rêtna Sirtupilaèli | inggih puniki kangbok wong anyar | sapa sintên kêkasihe | Sudarawêrti muwus | lah badhenên ta iku yayi | kang dadi praptanira | kaduga sang ayu | dyan rinangkul Adaninggar | dhuh ragane sira iki yayi dèwi | putri adi ing Cina ||

5. aja susah wardayanira ri | dene panggawe [pang...]

--- 4: 108 ---

[...gawe] kang wus kaliwat | aja sira rasakake | panggawe ingkang durung | yèn wus kanthi kangbok sirèki | nadyan kaluputana | barang pakaryèku | sayêktine nora kêmba | nora eman bantên dhas mantri sakêthi | antêpe wong kêkadang ||

6. ngus[9] mangkana bubar kang apikir | cinarita Rajaputri Cina | wus tinampan pandasihe | kocap ing sabên dalu | nèng pakuwon ing Parangakik | siyang nèng pêsanggrahan | sira sang dyah ayu | amung yèn kala bubaran | sang dyah ayu nindhihi wadyanirèki | yèn kala mêsanggrahan ||

7. nora parêk iya nora têbih | sampun kalok yèn sang putri Cina | pamitrane pandasihe | mring Rêtna Sudarèku | pinanjingkên kadang sayêkti | wau ta budhalira | lamine Wong Agung | budhal saking ing Yujana | sampun jangkêp kalih têngah wulan nênggih | punjul satêngah dina ||

8. kantun lêlampahan kawan ari | praptanira jro kitha ing Kelan | kalimput têpis wiringe | mêngsah ngasut angêsut | abusêkan gègèr tan sipi | botên wontên nêgara | para ratu-ratu | kang karèh nêgari Kelan | măncapraja kasusu praptanirèki | samya tunggu jro kitha ||

9. pajêg baris wadya Kaelani | dene sagung para Ratu Ngarab | kang ngrêsiki saosane | kêkojor kang winangun | dhusun agung papane radin | nênggih maring Yobara | andina gumuruh | wadya kang anambutkarya | tuwin sagung pakuwone kang para ji | rakite [raki...]

--- 4: 109 ---

[...te] balakuswa ||

10. dene Wong Agung Surayèng Bami[10] | kèndêl cêngkrama têngahing wana | lèr wetan Sindhula gone | pan pacêngkraman agung | mêsanggrahan Sang Jayèngmurti | lawan sagarwa putra | kêlangên anutug | ya ta wau kawarnaa | Raja Jamum lawan putrane kêkalih | prasamya pirêmbagan ||

11. payo nini pan sêdhêng puniki | mêngko pukul siji linêkasan | sira manjinga pondhoke | Wong Agung Jayèngpupuh | apindha angkênya sirèki | kang luwih saking endah | sumandhinga gupuh | ing dagan nuli matura | yèn tinanya inggih kawularsa nyèthi | ngèstupada paduka ||

12. putra kalih matur nêmadosi | inggih bapa ji kawula arsa | nêlik anamur siyange | inggih ing benjang dalu | ingkang rama inggih nuruti | ature ingkang putra | kula mangke dalu | arsa amêlêng mêmuja | inggih karya pangabaran gora riris | pikêkêsing prahara ||

13. lamun datan katampèn ing benjing | datan sande lajêng băndayuda | inggih angabên kasêktèn | ditya kang tigang atus | nyurakana saking ing wuri | anglêkasakên măntra | kêkêsa kang ngrungu | Rêtna Mêrdawi Mêrdawa | mring pamujan gêntha kakêlèng munya tri | anglandêng dupanira ||

14. pan gumuruh bêrkasakan prapti | kang anggusti mring Rêtna Mêrdawa | Rêtna Mêrdawi wusdene | gandarwo ilu-ilu | tèpèng règès kang sami prapti | klunthung waluh lan godrah | pidhir lograg sênggrung | lungkrah pèlèr sidrubokan [sidrubo...]

--- 4: 110 ---

[...kan] | samya ngatas ing karsa gusti sang putri | bangsane bêrkasakan ||

15. lan tumurun kang sênjata gêni | sakêmbaran ciptane sang rêtna | wus katêkêm jagad kabèh | linuwar pujanipun | sigra marêk ing rama kalih | prapta matur tur sêmbah | dhuh rama pukulun | sampun Hyang Lata Walujwa | amaringi kang kawula cipta kêni | kang sênjata dahana ||

16. Raja Jamum angandika aris | iya dhenok sayêktine sira | malêsa lara patine | eyangira karuwun | liwat saking kawêlasasih | dadi pangewan-ewan | kupinge pinêrung | irunge ginaruwungan | panggawene Si Kêlana Jayèngmurti | rama anuli lunga ||

17. ngalih kêdhaton alas Sanggarsi | balane ditya kang tinumpêsan | ana sakêthi cacahe | kang kari ana sèwu | ingkang padha ginawa ngili | akèh ingkang kapisah | ngulati katêmu | panggonane eyangira | nèng jamane manungsa guwa Sanggarsi | kêdhatone hyangira ||

18. nuli lami-lami iku prapti | Kakungingrat Sanggarsi nêgara | iku eyangmu patine | pan dèn urupkên iku | kêkapane turangganèki | ya si askarduwijan | anake ditya gung | si ranès ingkang sêsuta | iya Patih Sanggarsi ingkang akardi | kêkapaning turăngga ||

19. Ratu Sanggarsi atur udani | lamun ana buta papêrungan | sarta garuwung irunge | iku nuli jinujul | mring Si Kakungingrat ing nguni | patine kakèkira | nèng Sanggarsi gunung [gu...]

--- 4: 111 ---

[...nung] | wong wus ngili dèn upaya | liwat luwih Si Kêlana Jayèngmurti | gawe sawênang-wênang ||

20. pan ing mêngko sira lawan mami | padha pêpulih dene wus lawas | gon ingsun mêrtapa kiye | ya wis nêmbêlas taun | sêdya sêkti angêluwihi | dene saananira | dhenok tapaningsun | limalas taun ya ana | nora ketang rasêksa ênggone sêkti | aja kudu atapa ||

21. iya amrih kang babar pisani | iku babo lan sira kewala | wong Arab iku tumpêse | tan kongsi nganggo tulung | ingkang jamak pan tumpês-tapis | ing sanjata dahana | wong Arab kawuwus | ditya tri atus ngandikan | praptèng jawi Mardu Jamum ngandika ris | hèh sagung sanak ingwang ||

22. dèn padha ngantêp sapisan iki | yèn kasora ngungsi ngêndi sira | jagad ingadhangan kabèh | suraka ta sirèku | dèn gumuruh têmpuhing jurit | tri atus matur samya | kadi yèn kacakup | balane pun Kakungingrat | pêsthi tumpês ing putra tuwan sang putri | sirna pun Jayèngrana ||

23. iya payo bubaran tumuli | kunêng malih ingkang kawuwusa | wadya Rab ing pakuwone | kang lagya klênthung-klênthung | sang dipati ing Guritwêsi | angidêri kang wana | sangsaya kêlantur | sang dipati tanpa rewang | ciptanira yun wruh trusing kang wanadri | têlatah bumi Kelan ||

24. Umarmaya manggih kali alit | langkung wêning kathah selanira | duk ing pukul tiga sore | lagyambil toya dhingkul [dhing...]

--- 4: 112 ---

[...kul] | mapan siram ki adipati | inguwuh saking wuntat | Marmaya anjumbul | tinolih si kaki tuwa | kang manggihi duk anèng alas Kuwari | Umarmaya gya nêmbah ||

25. kaki ijo tuwan saking pundi | kaki tuwa alon saurira | iya sasangkan-sangkane | atutur ing sirèku | ana mungsuh nyidra ing jurit | dudu janma manusa | ditya aran Jamum | dene kang arsa cinidra | Arya Maktal iya lan Si Jayèngmurti | nanjak karti sampeka ||

26. prawira dhustha amara sandi | widigdaya ewuh luwih awrat | yèn luputa pratikêle | iyaing limang dalu | arinira Wong Agung kalih | aja pisah panggonan | siyang dalunipun | rajaputri karo ika | putri adi Karsinah lan Parangakik | bubuhana anganglang ||

27. ing sajrone pêsanggrahan iki | dene patihmu kang karo padha | angirida sakancane | Si Sahngiyar puniku | lan Si Tajiwalar ngubêngi | sajabaning barisan | wongira kang pêthuk | pilihana kanthèkêna | aja luwih iya patang atus sisih | Tajiwalar Sihngiyar ||

28. kang wadya gung aja na kang mijil | nadyan ana aprang gêgêmpuran | padha andhêdhêpa bae | kang aduwe karyèku | iya amung sang putri kalih | wus muliha dèn yitna | musna tan kadulu | wau sira kaki tuwa | Ki Dipati Tasikwaja nêbah wêntis | umêsat kadi kilat ||

29. tan adangu pêsanggrahan prapti | wus apanggih lan Sang Kakungingrat | katur [ka...]

--- 4: 113 ---

[...tur] kabèh sasolahe | Marmaya nampèl pupu | mêsat kêsit pan kadi thathit | prapta pakuwonira | Sudarawêrtiku | panggih sampun jinarwanan | mêsat malih panggih Sirtupilaèli | jinarwanan sri nata ||

24. Sinom

1. rajaputri ing Karsinah | Rabingu Sirtupilèli | angrasuk kaprajuritan | seba mring Sudarawêrti | wus panggih awotsari | umatur Rêtna Rabingu | kangbok ngatas ing karya | punapa inggih tumuli | jêng paduka sowan dhatêng pêsanggrahan ||

2. alon dènnya angandika | Rajaputra[11] Parangakik | yayi nora seba rina | sênadyan ing mêngko bêngi | nora kudu pêpanggih | jujug jaba bae ingsun | lah iya ngarah apa | jêr pakewuh sun jagani | lamun kangên sira pribadi panggiha ||

3. malerok putri Karsinah | inggih paduka mênawi | kawula dhèrèk kewala | ing puniku Rajaputri | Cina nuju mêningi | Rêtna Sudara ling arum | aja ngregoni padha | mring Rajaputri Kuwari | Si Kisbandi kang mêntas kêpanggih anyar ||

4. têlungane raganingwang | nora kudu cipta rêsmi | sok sikarta sok sirnaa | kang dadi lawaning jurit | wong tuwa têmu buri | pan ora mikir kang iku | yayi ta mungsuhira | iki ta prawira luwih | dhasar bapa pan iku dudu manusa ||

5. arinira Parangteja | iku kang budhala dhingin | Arya Maktal tinimbalan | prapta ngarsa ngandika ris | Rêtna Sudarawêrti | yayi dhingina sirèku | aja [a...]

--- 4: 114 ---

[...ja] barê[12] lan ingwang | hèh poma yayi dèn eling | pitungkase si kaki marang ing sira ||

6. Arya Maktal matur nêmbah | kawula èstu rumiyin | ngandika Rêtna Sudara | iya dhingina sirèki | tur sêmbah lèngsè[13] aglis | Arya Parangteja laju | mung bala sawêtara | ingkang kari gunêm sami | putri kalih katiga lan putri Cina ||

7. tur sêmbah putri Karsinah | mênggah ta pun yayi dèwi | paran ta karsa paduka | punapa kenging kinanthi | mulane nora kêni | yèn muguh[14] arinirèku | sun ajak adol karya | sun ajak prang milu mami | mati urip aja pisah lawan ingwang ||

8. Adaninggar matur nêmbah | punika lêganing galih | ajura ayahaning prang | tan kumêdhèp praptèng pati | yèn dèrèng praptèng pati | pangraos jêng sampun-sampun | kakang bok ngawakana | ing kalih-kalihe sami | yèn ta dèrèng sêbit kadange taruna ||

9. kangbok kawula utusan | dhatêng pakuwon amêtik | kang pantês kawula bêkta | ngandika Sudarawêrti | wajib pan sira yayi | kasêktènmu gêni murub | pratikêlira ing prang | pêsthi wadyanira sami | padha konên saos kayu lawan lênga ||

10. sandika Rêtna Daninggar | ban Siwang Siwung tinuding | andhawuhi kyana patya | mêsat Siwang Siwung aglis | kya patih dèn dhawuhi | wong Cina kang saos kayu | miwah bala Karsinah | lawan bala Parangakik | sami saos ing kayu kêlawan lênga ||

11. nahan gêntya winurcita | Wong Agung Surayèng [Su...]

--- 4: 115 ---

[...rayèng] Bumi | wadyane wus ingundhangan | yèn dalu aja na mijil | Arya Maktal wus prapti | panggih winangsitan sampun | pandhapa mêsanggrahan | apan sampun dèn langsèni | pan ing ngriku inganggenan Arya Maktal ||

12. kunêng suruping baskara | budhal putri Parangakik | anitih garudha yêksa | putri Karsinah anitih | pêksindra saomahi | putri Cina kudanipun | jênggi nanging tan bisa | nênggih ngambah ing wiyati | dadya wau putri kalih lampahira ||

13. angèmpèr mung tigang asta | bênggange kêlawan siti | asih mring sang putri Cina | têgêse kang dèn kawruhi | kêkanthèn tan atêbih | lampahe putri katêlu | bayak samarga-marga | gunêman sarwi lumaris | angandika Rêtna Sudarawartika ||

14. yayi abote wong Arab | yèn minungsuh ing ajurit | sêktine akèh kang nyandhak | amung awase ta yayi | nora na kang nimbangi | tan kêna cinidra wêruh | unggule ing ayuda | miwah praptaning bilai | wus kawruhan iku punjule wong Arab ||

15. mungsuh ingkang laku cidra | mamak nora wruh ing warti | buta gunung tur alasan | sikara sêdya matèni | wong Cina Parangakik | Karsinah sêlung angusung | ing kayu lawan lênga | kabèh sami pinêdhati | pan tinumpuk sajawining pêdanggrahan[15] ||

16. wau patihnya Marmaya | Radèn Sihngiyar angirid | bawanaud mubêng ngiwa | Radèn Tajiwalar ngirid | pan kawan atus malih | mubêng [mu...]

--- 4: 116 ---

[...bêng] anêngên puniku | andêl kaumarmayan | prasami anandhang wangsit | sami sirêp sagunging wong pêsanggrahan ||

17. wau ingkang kawuwusa | Mêrdu Jamum saputrèki | Rêtna Mêrdawi Mêrdawa | ditya nêmatus tan kari | pukul sapuluh wanci | angkatira Raja Jamum | buta nêmatus ika | ing têgêse jalu èstri | buta lanang mung tri atus cacahira ||

18. matak prapta angin gora | mêsês bayu bajra ngidid | sindhung riwut ari wuntat | dalêdêg prahara mijil | dhèdhèt myang erawati | gêtêr-patêr kadi guntur | ing marga tan winarna | mèh prapta kikising baris | Raja Jamum miranti pangantinira ||

19. wau Sang Rêtna Sudara | miwah Sirtupilaèli | katiga Rêtna Daninggar | pakuwon prapta wus mranti | wadya ingantun jawi | anyamar ing lêbêtipun | amatak lêlimunan | Rêtna Sirtupilaèli | sampun ngagêm kêmandèn Rêtna Sudara ||

20. sampun tumut tan katingal | ing Cina sang rajaputri | Rêtna Sudara ngandika | nanging yayi yèn ajurit | padha ngatona maning | ana kalamangsanipun | yèn agung anyiluman | dudu pambêking prajurit | ing prawira jayamrata suramrata ||

21. anjêjêp mapan panggenan | putri katiga miranti | prayoga pandhêpèsira | praptane kang gora riris | Rêtna Sudara jawil | lah iki dutaning mungsuh | dudu angin pêsaja | kêkêse kêtara yayi | pan wus prapta pantêse si mungsuh cidra ||

22. yayi padha [pa...]

--- 4: 117 ---

[...dha] ngrungokêna | miwah swara kapiyarsi | mênawa kang pangabaran | matur Sirtupilaèli | punika ing wiyati | cat botên êcat karungu | hèh yayi Adaninggar | apa sira kaya mami | matur inggih ngandika Rêtna Sudara ||

23. yèn mêngko ana katingal | cumalorot saking langit | sarupa-rupane iya | nadyan arupaa pêksi | turăngga kêbo sapi | yèku panjanmaning satru | apadene manusa | hèh yayi Daninggar aglis | mêrpêkana sabêtên talikêm tular ||

24. nanging antinên sakêdhap | dulunên polahe dhingin | kunêng kang lagya rêmbugan | kawuwusa ing wiyati | kang arsa mara sandi | angucap Sang Raja Jamum | rara payo manjinga | ingsun nganti anèng ngriki | nora adoh nora parêk sêdhêng uga ||

25. pan Si Arya Parangteja | wus anunggal têlung bêngi | pêndhapane pêsanggrahan | ênggone kang dèn langsèni | wus parêk lan nêgari | Kelan baya ulah rêmbug | dilalah bêgjanira | ngumpul ingkang sira purih | sira padha arupaa wanodyendah ||

26. Rêtna Mêrdawa jujuga | iya Si Surayèng Bumi | Rêtna Mêrdawi jujuga | Si Maktal kang anèng jawi | pan ingsun angèstrèni | olèh sabda putraningsun | sigra amalih warna | putri manusa yu luwih | sigra nêmbah ing rama sarêng tumêdhak ||

27. cumalorot kadi kilat | manjing pêsanggrahan prapti | mayêng ngulati gènira | pakuwon [paku...]

--- 4: 118 ---

[...won] kêkojor panggih | korine kèh wong kêmit | anglêkaskên sirêpipun | wus manjing pêsanggrahan | tan ana ingkang udani | apan lajêng anjêjêp ing pêsanggrahan ||

28. anjawil putri Karsinah | kangbok puniki wus prapti | iya yayi Adaninggar | kinthilên dèn sada ririh | dulunên solahnèki | Adaninggar nêmbah maju | acancut pêkak madya | Rêtna Sirtupilaèli | anjagani Mêrdawi kang anèng jaba ||

29. kang anjêjêp pasarean | sêkala amalih warni | Mêrdawa warni kêlabang | manjing ing daganirèki | putri Cina kasilib | kumêpyur maras tyasipun | dhustha wêrni kêlabang | Adaninggar sigra manjing | miyak langse katingal wau kang nendra ||

30. pukul satêngah satunggal | Wong Agung wus eca guling | wau Sang Dèwi Mêrdawa | wus awarni janma malih | angadêg saking kering | Adaninggar kagyat jumbul | nanging Rêtna Mêrdawa | mring Adaninggar tan uning | ingagêman kêmandèn saking Ngajêrak ||

31. marang Sang Rêtna Sudara | mangkana sang rajaputri | ing Cina mundur angiwa | mulat ngawasakên malih | mêndhak daganira Mir | andulu wêdananipun | lir wimbaning baskara | liyêping netra anglungid | kadya sonar ing kartika udan kapat ||

32. wau Sang Rêtna Mêrdawa | mêsguling manah ningali | dangu-dangu anèng dagan | lali sêkala dènnya mrih | ing Sang Surayèng Bumi | angraos wêlas kêlangkung | yèn kongsia

--- 4: 119 ---

pralina | supe angiling-ilingi | mring Wong Agung duk anglawe astanira ||

33. kêju ing tyas ngunandika | ajrihing tyas yèn ngagèti | dadya angacung kewala | astane sang putri maling | kamanusan ing kapti | mila mangu rangu-rangu | wau sang putri Cina | sumuking ăngga lir gêni | lir balêdhos jajane bêrêk maesa ||

25. Durma

1. putri Cina angikal talikêm tular | gigire ingkang pinrih | dêrapon mêdala | saking ing pasarean | sumêlèt gigire kêni | pêdhês apanas | kagyat nolih ing wuri ||

2. nora nana katon wuri kering kanan | sapa anabêt mami | payo angatona | yèn uga nêdya ala | ingsun iki sêdya bêcik | arsa mawongan | maring ing Gusti Amir ||

3. lagi ngucap sinabêt talikêm tular | wêdanane kang kêni | sumaput apanas | kadya tinapuk wongwa | Dèwi Mardawa sru angling | angadêg sigra | wus ora sêdya bêcik ||

4. sangêt wilur rah gêsêng wêdananira | Rêtna Daninggar angling | setan bêlis lanat | dene gumêcik sira | ngêndi tandhamu yèn bêcik | alaku cidra | prapta tan ana ngirid ||

5. ngandêlakên si wewe sugih prawira | mêtua payo jurit | ya si bêrkasakan | Dèwi Mêrdawa tanya | nêdya apa sira iki | apa nyikua | marang ing laku mami ||

6. dhasar lanas Rêtna Dèwi Adaninggar | cinandhak astanèki | pan sinèrèt mêdal | Dèwi Mêrdawa nyandhak | ulêng atarik-tinarik | mêdal ing latar |

--- 4: 120 ---

panirat ing pêndhapi ||

7. sampun prapta jaba putri kalihira | wau kang anèng jawi | duk lagine prapta | jumênêng anèng latar | Rêtna Sirtupilaèli | sigra anjambak | sinêndhal saking wuri ||

8. pan kalumah Mêrdawi tangi anyandhak | mring Sirtupilaèli | pan udrêg-udrêgan | miwah Rêtna Mêrdawa | angêrik mulih rasêksi | arine samya | ngêrik wus salin warni ||

9. samya mulih rêksasa mumbul ngawiyat | kang rama kagyat mèksi | lan tri atus ditya | kang nganti ing gêgana | putrane prapta nungkêmi | wêdananira | goso[16] abuh abintit ||

10. adhuh rama polah kawula kawruhan | wong Arab langkung sêkti | kula kajêmpala | wonge botên kantênan | pundi kang sênjata gêni | kula umangsah | ing yuda apêpulih ||

11. Raja Jamum mangkrak krodha gora sabda | niyup sawadyanèki | Mêrdawi Mêrdawa | ngêrik mêdhun sêsumbar | ngatona payo ajurit | putri Kuparman | gumuruh ing wiyati ||

12. Rêtna Dèwi Sudarawêrti kang mêdal | marang jabaning baris | napak sawêtara | pan wontên pitung dhêpa | miwah Sirtupilaèli | Rêtna Daninggar | ngiring samya nauri ||

13. nguwuh-uwuh Rêtna Dèwi Adaninggar | mêdhuna sira bêlis | atandhing prawira | iki Si Adaninggar | kadang putri Parangakik | sudirèng laga | rêbutên ing ajurit ||

14. wadya Cina ing Parangakik Karsinah | sêdaya wus winangsit | akarya dahana |

--- 4: 121 ---

wadya kaumarmayan | Radèn Sihngiyar ngundhangi | lan Tajiwalar | surake alon ririh ||

15. alon huhu tan ana malih suraknya | ya huhu iya ririh | sira Ni Mêrdawa | kang sênjata dahana | miwah Ni Dèwi Mêrdawi | lumêpas sigra | ucul kang sênjatagni ||

16. udan gêni gênine sang putri Cina | mulad marang wiyati | sidhakêp sang rêtna | Adaninggar amatak | mênyan madu winêdhati | sigra sêdaya | ingêbyukakên gêni ||

17. mumbul mabul mulad-mulad ngalad-alad | prasami anadhahi | agnine kang mêngsah | kentar kumantar-kantar | pyur sumyur mawur muryani | amudhar asta | sang putri Cina anjrit ||

18. mabul malih dahanane putri Cina | gêtêr guntur mawêrdi | sindhung abarungan | pok pruk nungsu[17] dahana | langkung sukane ningali | Rêtna Sudara | lan Sirtupilaèli ||

19. saking gêni pangabaran putri Cina | gantya rampak nampêki | rame ngadu yasa | dèrèng wontên kasoran | swarane kang ditya angrik | krura mangêmah | gumuruh ing wiyati ||

20. nguwuh-uwuh Rêtna Mêrdawi Mêrdawa | nusula yèn prajurit | pidhir Arab sira | payo prang ing gêgana | dèn padha angungsi pati | ngrik krura sabda | wau duk amiyarsi ||

21. datan kêna sinayutan putri Cina | lanase tan sinipi | sigra dènnya nêmbah | mring putri kalihira | wus ingidèn putri kalih | manjing dahana | dêdêl anurut gêni ||

22. samya watir Rêtna [Rê...]

--- 4: 122 ---

[...tna] Sudarawêrtika | lan Sirtupilaèli | jagani prangira | kang rayi Adaninggar | nitih titihane sami | saking kadohan | wau ingkang ajurit ||

23. putri yêksa kagèt dènira tumingal | mungsuhe nurut gêni | hèh hèh babo sira | aranmu putri Arab | ngaton bisa nurut gêni | sumaur sugal | Adaninggar ran mami ||

24. kang ingakên kadang mring Rêtna Sudara | lan Sirtupilaèli | ditya sira sapa | kang arsa karya rusak | ingsun Mêrdawa Mêrdawi | mung roro sanak | sudibya ing ajurit ||

25. jinêmparing pawaka Kèn Adaninggar | sinabêt ing panangkis | kang talikêm tular | sumyur ponang dahana | ing prang kinarubut kalih | Rêtna Daninggar | tuhu prajurit luwih ||

26. datan kewran ing prang pinrih kering kanan | sigra langkap pinusthi | tajêm wus lumarap | kêna Dèwi Mêrdawa | kacundhuk jajanira ngrik | tiba sinăngga | ing ramanira aglis ||

27. sira Jamum ngrik nguwuh Rêtna Mêrdawa | pindhonên ingsun aglis | dimèn babar pisan | angur nuli matia | wau Sang Rêtna Mêrdawi | manah pawaka | ngêbyuki saking wuri ||

28. mawur ambyar sinabêt talikêm tular | gêni tan migunani | Mêrdawi pinanah | tiba sinăngga bapa | nguwuh ngrik akon mindhoni | dyan putri Cina | mênthang langkapira glis ||

29. kêna dene pamindhone putri Cina | kalihe urip malih | kalih sarêng mangsah | sami ngagar bêdhama | ambêdhamanganan kering |

--- 4: 123 ---

talikêm tular | pênangkis mobat-mabit ||

30. pan gumuruh surake ditya ngawiyat | nêmatus jalu èstri | wau ing dharatan | Sihngiyar Tajiwalar | samas ingkang surak ngering | kang samas surak | huhu gumêdêr sami ||

31. kang ayuda rame prang ngadu prabawa | rok băndawala pati | kuwêl kinalihan | sang putri Cina kuntal | kasingsal saking ing gêni | tiba lumarap | kumleyang dèn tadhahi ||

32. sigra Rêtna Sudarawêrti anyandhak | Dyan Sirtupilaèli | niyup aparentah | hèh wong Cina gêdhèkna | gênimu aja na kongsi | kêndhat urubnya | hèh wadya Parangakik ||

33. miwah bala Karsinah mèlua padha | angurubakên gêni | aja kongsi kêndhat | byak-byuk kayu lan lênga | sinusul mênyan saèsthi | sakêbo samya | inguncalakên gêni ||

34. mubal mumbul mabul lir yomani babal | Rêtna Sudarawêrti | paran yayi sira | apa maksih kuwawa | ing prang kinarubut kalih | matur tur sêmbah | kula maksih kuwawi ||

35. inguncalkên malih sajroning pawaka | dêdêl anurut gêni | Rajaputri Cina | nguwuh asumbar-sumbar | payo Mêrdawa Mêrdawi | bapakmu padha | jakên angrubut mami ||

36. aja tanggung payo ta barênga mara | rêbutên ing ajurit | iki putri Cina | kasub kaonang-onang | widigdaya tanpa tandhing | lêlanang laga | ing yuda kênaka di ||

26. Pangkur

1. payo dêrko anak buta | buta bêrêk cis Mêrdawa Mêrdawi |

--- 4: 124 ---

têdhake buta gêruwung | Si Samum papêrungan | buta bangkrah bêbêdholan madhul-madhul | pêdhot bêdhat ambêradhat | lumayu lunga angili ||

2. thukulane yèn thèkèla | bongkotane bungkik kuwalik-walik | bêkakrak kabêkuk-bêkuk | ngungsi Sanggarsi guwa | ingulatan jêlalatan duk kêpangguh | mènèk pangêrêt pinanah | kakèkamu rontang-ranting ||

3. mangkrak mangrik putri buta | babo-babo kumêsat kadi riris | sêsumbare dene wutuh | saèn bisa angucap | apa nora parungon solah tingkahmu | têtampikan adol karya | sira putri lènjèr lanji ||

4. mêngko yèn sira bêcika | măngsa dadak angunggahi tinampik | têdhake ratu kêkuncung | kêkucir anêlacar | kocar-kacir anyêrungus nora payu | sipiyêk dadi poyokan | lunga ngawar kowar-kawir ||

5. runtik mênthang langkapira | putri Cina lumêpas kang jêmparing | putri rêksasa kacundhuk | tiba malih sinăngga | mring kang rama Rêtna Mêrdawi tumanduk | pinanah tiba sinăngga | maring bapakipun malih ||

6. sêsambat dhuh pindhonana | pining kalih urip sarêng ngêbyuki | sang putri Cina rinêbut | Jamum têtulung ing prang | nawat wrêksa tinundhung sang dyah kabêntur | sinabêt talikêm tular | mawur sumyur mor ing gêni ||

7. wau èngêt ing wantehan | prange buta sang putri Parangakik | marêpêki nguwuh-uwuh | hèh yayi Adaninggar |

--- 4: 125 ---

mungsuh buta yèn wus katiban panahmu | sêsambat akon mindhoa | ngucapa mangkene yayi ||

8. nora kudu mindho ingwang | pan sapisan bae sira ngêmasi | yèn ngrungu wuwusirèka |[18] si buta niba-niba | pan binanting-banting dhewe awakipun | binantusakên ing sela | mati polahe pribadi ||

9. putri Cina sampun tămpa | ing wulange Rêtna Sudarawêrti | sêsumba[19] malih anguwuh | payo kene Mêrdawa | hèh Mêrdawi têdhake buta garuwung | duk miyarsa krodha mangkrak | angrik ambalik anjungkir ||

10. arsa nubruk tinadhahan | Sang Mêrdawa niba kêna jêmparing | Mêrdawi arsa anaut | binarêngan pinanah | pan anglanjak tibane sinăngga gupuh | mring bapa asru sêsambat | hèh pindhonên ingsun iki ||

11. angling Rajaputri Cina | nora kudu sapisan bae mati | putri ditya dupi ngrungu | wuwuse Adaninggar | anggaronjal tiba saking tanganipun | kang rama kagyat sêksana | Rajaputri Parangakik ||

12. anglêpasakên sênjata | Raja Jamum kacundhuk jajanèki | niba anggro jungkir jumbul | niba praptèng pratala | tan atêbih lawan kalih putranipun | ditya tigang atus bubar | giris mawur-mawur ngisis ||

13. rajaputri ing Karsinah | nguculakên sênjata panah ngungsir | Rajaputri Cina gupuh | têdhak saking dahana | narik kangkam tinigas ditya katêlu | anggane samya cinacah | kabèh ajur rontang-ranting ||

14. wau Sang Putri [Pu...]

--- 4: 126 ---

[...tri] Karsinah | ambêbujung ditya tri atus ngiring | Rêtna Sudara anusul | mring kang rayi Karsinah | buta ngungsi jurang wana gunung-gunung | akèh ana kang umpêtan | ing jurang ngêrong andhêlik ||

15. sirna dadi bêrkasakan | isèn-isèn ing jurang gunung têrbis | kêcandhak ingkang sapuluh | wadon pêpitu kèhnya | buta lanang apan ta namung têtêlu | kêkalih buta nonoman | siji buta kaki-kaki ||

16. byar raina praptanira | wus angumpul putri têtiga sami | Patih Tajiwalar sampun | miwah sira Sihngiyar | sakancane angadhêp putri katêlu | Adaninggar matur nêmbah | kakang bok kula rumiyin ||

17. mantuk mring pakuwon wuntat | angandika Rêtna Sudarawêrti | dadi sira nora mèlu | seba mring pasanggrahan | Rajaputri Karsinah nambungi wuwus | bêcike yayi mèlua | sira mêntas antuk kardi ||

18. utama angatok padha | bok ginanjar aja liya nampani | Sudarawêrti gumuyu | ana bênêre uga | Adaninggar malerok sarwi basêngut | ingkang raka kalih pisan | ingkang sami dèn pleroki ||

19. boya kudu adol karya | mring wong kana-kana sarira mami | mung dhèwèke karo iku | kang padha ingsun rêksa | nora ngarêp-arêp ganjaran wak ingsun | kadang tuwa nêmu karya | wong anom nanggulang pati ||

20. Sudarawêrti ngandika | karsanira yèn sirarsa dhingini | Adaninggar nêmbah laju | Sudarawêrti ngatag | hèh

--- 4: 127 ---

wong Parangakik mèlua rumuhun | aja angantèni ingwang | angiringa yayi dèwi ||

21. budhale sang putri Cina | pan ing wuri mangkat sang rajaputri | marang pêsanggrahan agung | bêkta bandhangan ditya | lawan sirah têtiga kang badhe katur | Wong Agung Surayèng Jagad | nèng pakuwon duk siniwi ||

22. dene sagung para raja | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | kang munggèng ngarsa Wong Agung | kêsaru praptanira | rajaputri kêkalih sarêng tumanduk | atur bêkti ngaras pada | ing raka Sang Jayèngmurti ||

23. ngaturkên boyongan ditya | dhasing Jamum lan Mêrdawa Mêrdawi | katur mulabukanipun | lamun sang putri Cina | kang marwasa ing ayuda kalihipun | langkung sudirèng alaga | sudira putus ing jurit ||

24. wasis sakathahing gêlar | titih têtêg atangginas têrampil | bisa mumbul mor ing kukus | bisa manjing dahana | kula lawan yayi dèwi eca ngadu | tan kewran binotan lawan | tuhu pratamèng ajurit ||

25. Wong Agung mèsêm ngandika | bênêr yayi pan ingsun wus ngrasani | èstu prawira pinunjul | Wong Agung Parangteja | nêmbah matur mring sang putri kalihipun | ing mangke rayi sampeyan | putri Cina wontên pundi ||

26. ngandika Rêtna Sudara | mulih dhingin tan arsa mèlu mampir | alon ngandika Wong Agung | yayi karo tutura | mring sang putri kaliwat tarimaningsun | ambuwang sêsukêr ingwang | putri Cina andanani ||

27. Asmaradana

1. Wong Agung ngandika

--- 4: 128 ---

malih | prakara boyongan ditya | iya iku karsaningong | nèng kene ginawe apa | tunggale nora nana | sun gawani layang iku | maringa nêgri Ngajêrak ||

2. sakarsane yayi Dèwi | Ismayawati ing kana | iya kang akèh tunggale | sugih boyongan dênawa | yèn tinari tan arsa | kula mèlu jinisipun | wênang uga pinatenan ||

3. yèn anut sakarsa mami | mari dadi buta desa | buta gunung adhêpèrèng | dadi buta ing nêgara | Dipati Tasikwaja | nênggih ingkang kinèn nantun | ature inggih sandika ||

4. Umarmaya mayu[20] malih | ingkang kêkalih punika | inggih prayogi kinèngkèn | anonjok sêrat mring Kelan | dhaharên tur kawula | nuruti sira Wong Agung | kang raka kinèn nênurat ||

5. tan adangu sêrat dadi | ditya kalih ingandikan | Ki Umarmaya têtakon | karo sapa namanira | ditya kalih tur sêmbah | pun Jawès kula pukulun | ingkang satunggal pun Bujar ||

6. ya gawanên surat iki | aturna Sang Raja Kelan | têkaa sadina bae | Bujar Jawès matur nêmbah | gusti inggih sandika | wus tinampan suratipun | kalih napak jumantara ||

7. ing pukul sêdasa enjing | mangkat saking pêsanggrahan | ya ta gantya winiraos | sira sang prabu ing Kelan | enjing duk siniwaka | lawan [...] Prabu Mêdayun | sangkêp pra mănca punggawa ||

8. lubalang satriya mantri |

--- 4: 129 ---

aglar ratu măncapraja | Kyana Patih Baktak jajare |[21] lawan ki patih ing Kelan | Gajahbihêr nèng ngarsa | ing wanci pukul sapuluh | dèrèng bubar siniwaka ||

9. dadya pêndhak praptanèki | ing Kelan pukul sêdasa | lampahira Bujar Jawès | niyup anjog ing dharatan | lajêng mring pênangkilan | sarwi mundhi suratipun | cingak praptane ngayunan ||

10. orêg sagung ingkang nangkil | praptane ngarsa sang nata | Gajahbihêr ngadêg age | ya ta alon tinakonan | buta ing ngêndi sira | buta kalih sauripun | huh hèh buta ing Sindhula ||

11. nanging praptaningsun iki | huh hèh angêmbani surat | aran ingsun Bujar Jawès | kang angutus maring ingwang | Wong Agung Surayèngrat | iya iku tunggulipun | kang baris Mariyobara ||

12. Raja Jamum ratu mami | kang anèng wukir Sindhula | tinumpês ingsun binoyong | Jamus[22] saputrane pêjah | aprang mung têlung êjam | mungsuh lawan balanipun | Wong Agung ing Tasikwaja ||

13. Radèn Sihngiyar namèki | lawan Radèn Tajiwalar | tan kongsi kawruhan ngakèh | ditya tri atus sasaran | sirna saking Sindhula | huh hèh sun iki ingutus | iya maringakên surat ||

14. mring Raja Kelanjêjali | kyana patih alon mojar | lah êndi layangmu kene | sun atur [...][23] sang nata | suratira cinandhak | katur marang sang aprabu | [...][24] kalih ngadêg samya ||

15. munggèng ngarsane sang

--- 4: 130 ---

aji | kumitir talinganira | mondar-mandir pandulune | miris wong ing panangkilan | mulat caraka ditya | kang surat binuka gupuh | winaca sinuksmèng driya ||

16. pèngêt bêbukaning tulis | Wong Agung Surayèng Jagad | Ambyah kang Jayèngpalugon | turase Dipati Mêkah | praptaa Raja Kelan | wruhanira sang aprabu | ratu kang aran Nusirwan ||

17. ingkang ngungsi Kaelani | apa sira kukuhana | ingkang dadi praptaningong | lawan saprajurit ingwang | apa sira aturna | miwah panungkulirèku | rajapèni aturêna ||

18. apa sira mapag jurit | ngukuhi Ratu Nusirwan | yèn èstu kaya mangkono | amapaga mêtonana | iya jabaning kutha | nora wande ingsun gêmpur | prajamu sun gawe karang ||

19. sawusnya amaos tulis | iya sapa namanira | sumaur sun Bujar Jawès | angling Bujar kayaparan | sang nata lakuningwang | sira Jawès asru muwus | huh hèh apa nungkul sira ||

20. huh hèh apa magut jurit | Sang Raja Kelan wuwusnya | ingsun amapag prang popor | apan Sang Surayèng Jagad | măngsa ingsun mirisa | rasêksa Bujar sru muwus | huh hèh ya luwih utama ||

21. rêksasa Jawès nambungi | huh hèh dèn prayitna sira | ingsun mulih wong kinongkon | mêsat saking pênangkilan | sapraptanirèng jaba | angêlih mêntas lêlaku | nyêkêl bocah siji sowang ||

22. binadhog sarwi lumaris | wayahe

--- 4: 131 ---

bocah kang kêna | lagi madhêp biraine | gègèr otêr bilulungan | katur marang sang nata | yèn ditya kongkonan wau | wêdale nyampe manungsa ||

23. binadhog sarwi lumaris | mangke sampun tan katingal | sampun lêpas ing lampahe | sri narendra angandika | Gajahbihêr kayapa | buta ing Sindhula gêmpur | têka apês ing ayuda ||

24. Patih Baktak anambungi | pukulun sri naranata | punika dede wong gêdhe | kajinêmane Marmaya | Sihngiyar Tajiwalar | ingkang sami anêlikung | kinarya dêdolan bocah ||

25. limrah bala Pusêr Bumi | sikêpe ngalenang buta | buta Sindhula gêmpure | wong gêdhe tan wontên pirsa | sami bocah kewala | ujar inggih gustinipun | mamah-mamahane buta ||

26. hèh anak rêkyana patih | kula tutur marang dika | ing mangke punapa linyok | dene punika tan gothang | cacak gunung Jabalkap | rêksasa maratu-ratu | balane sakêthi yuta ||

27. sirna dene wong sawiji | buta pira-pira pêjah | tumpêsing Jayèngpalugon | kadi nyuru bubur surba | wong Arab prang lan buta | Kelanjêjali kêlangkung | merang acum amiyarsa ||

28. kundur asuntrut sang aji | duk wau kinarya umbag | sapraptanirèng kêdhaton | lajêng amujung anendra | bubar ing pênangkilan | ing wau ta lampahipun | pun Bujar Jawès praptanya ||

29. katur solahe tinuding | yèn Rajèng [Ra...]

--- 4: 132 ---

[...jèng] Kelan mapag prang | ya ta sira Bujar Jawès | sampun pinaringan sêrat | kinèn wismèng Ngajêrak | mangkat kang ditya sapuluh | sampun salin kang agama ||

30. lampahe mêdal wiyati | kunêng ingkang winurcita | Rajèng Kelan sawungune | animbali ingkang putra | Ni Dèwi Kelaswara | praptèng ngarsanirèng prabu | kang rama alon ngandika ||

31. paran karsanira nini | mungsuhira iki prapta | luwih abot sêsanggane | Wong Agung Surayèng Jagad | kaya patingkah ingwang | buta ing Sindhula gêmpur | dene wong sikêp kewala ||

32. wong gêdhene tan udani | sirna buta ing Sindhula | kang urip padha binoyong | iku batur ulubalang | kang wus ngasorkên prangnya | mèsêm ingkang putra matur | inggih sokur yèn prawira ||

33. alêga rasaning ati | yèn mêngsah sami prawira | bobên[25] acuwa raose | sêdhêng ngantêp kaprawiran | kasora botên wirang | ing tyas kawula pukulun | langkung agêng saprabata ||

34. amanggih mungsuh linuwih | Kêlana Surayèng Jagad | yêkti gumadhug tibane | paduka sampun sungkawa | inggih nêdya punapa | kalah sirna mênang ngukup | sampun ambêking prawira ||

35. nêdya ngungsi dhatêng pundi | yèn sampun untunge kalah | aran inggih ing jênênge | ratu luhur lawan andhap | ingkang darbe kaskaya | laire ing bau suku | batin pratikêling manah ||

36. punika tuwan sêdhihi | kawula inggih kaduga | sagah tuwan kèh

--- 4: 133 ---

kêtlangso | angapêsakên wong Arab | dene wukir Sindhula | kang tuwan damêl gumlêdhug | dene lumrahing rêksasa ||

37. sami sinerenan sêkti | bineda lawan manusa | mangke satêmah macethot | kawula matur ing tuwan | kang nama Patih Baktak | tuwan angalêm pukulun | sêktine ditya Sindhula ||

38. langkung dènnya angèsêmi | muwus matêng uwa patya | bêbisik pan pamuwuse | anak patih kadiparan | ratu dika ing Kelan | moprok sisip tangguhipun | mamak tan wrin ing lukita ||

39. punapa tan amiyarsi | yèn ditya wukir Jabalkap | ayutan wêndran cacahe | abaran uluk-ulukan | ewon ratune ditya | tanpa bala gêmpur diyu | sirna de Sang Kakungingrat ||

40. lan malih kaku tyasnèki | puniku pun Patih Baktak | miyarsakkên umbag kapok | ratu kang wus kêlampahan | ingkang pininta sraya | samya umbag kumalungkung | mangkya kabala sêdaya ||

41. mring Kêlana Jayèngmurti | marma kamipurun amba | ing umbag têmah kacirèn | inggih yèn tan kêlampahan | surêm sêmbèring praja | Nusirwan puniku kawus | myarsa galudhuging umbag ||

42. cacad agêng paduka ji | pae ngumbagakên putra | Si Kelaswara bobote | esuk nyata sore nyata | ing têngah wêngi nyata | lingsir wêngi bangun esuk | uthuk-uthuk êbyar nyata ||

43. sadhadhuh nyata prajurit | pukul [pu...]

--- 4: 134 ---

[...kul] wolu pukul sanga | nyata ing kaprawirane | ing pukul sapuluh nyata | pukul sawêlas nyata | pukul rolas nyata punjul | pukul satu nyata dibya ||

44. pêndhak satu nyata luwih | aprakoswa widigdaya | nyata nyikêp para katong | nyata angêlar jajahan | nyata sugih boyongan | bănda para ratu-ratu | pan nyata sinêmbah-sêmbah ||

45. ing sêsama para putri | nyata agung onclang gajah | kaku tyase sang lir sinom | Rêtna Dèwi Kelaswara | wêdana dadi êrah | mêrbêl luh tur sêmbah mundur | saking ngarsane kang rama ||

46. sapraptanira sang putri | kaputrèn lajêng siyaga | angundhangi prajurite | putri kawan atus samya | ngrasuk kêpraboning prang | mêdal saking jro kêdhatun | pacak baris anèng taman ||

47. êmbane jalu tut wuri | lan wadya lanang binêkta | mung sêpalih wêtarane | tigang kêthi mantri samas | punggawa wolung lêksa | wus apajêg barisipun | wong kaputrèn anèng taman ||

48. tamane sang rajaputri | nênggih sajabaning kutha | tigang onjotan têbihe | pêsagi kori mêrapat | arêtêt nut sêkawan | ingubêngan lèpèn agung | wêning anggambuh toyanya ||

28. Gambuh

1. asri pêthetanipun | sangkêp kêmbang ing alam dunyèku | jinêmbangan kang sêkar alit tulya sri | ing gêdhah seta lan dadu | gêdhah abang gêdhah ijo ||

2. kêlawan gêdhah wungu | sêdhêng tumruna kêkayonipun [kêkayoni...]

--- 4: 135 ---

[...pun] | bata bumi kinarya sela cêndhani | winardi pêpojokipun | kang capuri akik ijo ||

3. akik bang akik wungu | kang kinarya wêwêdananipun | pancak suji malipit lêlarèn alit | rimumpaka ing mas tatur | botrawine katon mêlok ||

4. têmbaga kang ginangsur | palipitira wêsi balitung | talundhage bêbancik parunggu sari | sabên gêdhong mangku banyu | pancak suji dhapur endhong ||

5. amirit ing bêbatur | têmbaga tawa umpak parunggu | pagêr ingkang gêdhong sêdayanya akik | sinungging wêrdi mas tatur | yèn tinon pating pancorong ||

6. tundha sapta kang pintu | pipining kori ngapit wisma gung | kinakêpung têmbaga payone sami | ênggon dandanan prang pupuh | anggone prajurit wadon ||

7. dene prajurit kakung | ingkang sakêthi taman kinêmput | kang rong kêthi tinêbih panggenannèki | pra dipati baris ngayun | mor ing gusti sapratêlon ||

8. parentahe sang ayu | kinèn angradin ra-aranipun | binêrsihan kang lêgok dipun urugi | pinapar ingkang mêdhukul | badhe papan ing prang kono ||

9. wus pajêg barisipun | ing kaputrèn apratăndha sampun | kawarnaa Wong Agung Surayèng Bumi | siniwi ing para ratu | Wong Agung munggèng pakuwon ||

10. tur sêmbah sarwi matur | Risang Arya Maktal mring Wong Agung | dhuh pukulun kang mêngsah barise mijil | baris wontên taman lulut | tunggul prang

--- 4: 136 ---

prajurit wadon ||

11. putrinipun sang prabu | Dèwi Kelaswara namanipun | mung sajuga kêlangkung dene prajurit | mila ing Kelan pukulun | sugih bala para katong ||

12. pan saking putrinipun | kadya kajinan yèn aprang pupuh | datan wontên kang nandhang wawrating jurit | baris jawi kitha sampun | pajêg dènira angantos ||

13. nênggih ing taman lulut | tigang onjotan saking praja gung | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | ari mas pikirên iku | lawan sagung para katong ||

14. myang kakang Marmayèku | aprakara ingkang dadi rêmbug | mungguh ingsun apa nuli angawaki | yayi dèwi kalihipun | yèn kudu amrih prang popor ||

15. iya apa tinurut | Marmaya nolih sarwi amuwus | yayi Maktal paran budine sayêkti | Arya Maktal lon umatur | kakang yèn ta mungguh ingong ||

16. yèn nglilanana iku | sang rajaputri kalih umagut | rong prakara kaluputane sayêkti | kang dhingin marang Hyang Agung | manggih sasêmon binêndon ||

17. sire ingran têkabur | têkabure pan anêmu mungsuh | bêdhah praja mung wong wadon kinon jurit | kêna sumangkeyan iku | duwe garwa ing prang bobot ||

18. pan dede wajibipun | saengga ta yèn uwis kasêlut | bêbutuhan iku kanggoning pawèstri | lawan kurang taklimipun | mêmungsuhan padha katong ||

19. dene ta pindhonipun | yèn Sang Rêtna Parangakik magut [ma...]

--- 4: 137 ---

[...gut] | pêsthi lamun putri Cina mèlu jurit | amutahakên puniku | lêlingsêm ingkang winados ||

20. tumêrcêb ing lok patut | myarsa mèsêm ngandika Wong Agung | iya yayi wus bênêr pikirirèki | dhawuhana dipun gupuh | iya bok ayumu karo ||

21. yèn ingsun arsa maju | dene mungsuh barise wus mêtu | pêsanggrahan ing Mariyobara iki | iya ing saungkur ingsun | dèn gonana yayi karo ||

22. lawan ta malihipun | Rêtna Daninggar pakuwonipun | dipun rada amêncil adoh sathithik | sawetan kali puniku | ana desa gêng kinaot ||

23. ing tarulaya patut | sandika wau ing aturipun | atêtanya Wong Agung Surayèng Bumi | yayi ngêndi ingkang patut | mungguh ing panggonan ingong ||

24. Kewusnendar wotsantun | pukulun inggih kawula sampun | anyaosi prayogi sêdhêng dohnèki | lan gèning mêngsah pukulun | pêsanggrahan sampun dados ||

25. papan langkung panuju | inggih kanan kering lèpèn agung | rata wiyar dhusun Tatar Maledari | ara-ara wiyar sampun | rinata dene kang mungsoh ||

26. dyan ingundhangan sampun | sêkathahe budhalan ing besuk | baris maju dhatêng Tatar Maledari | datan kawarna ing dalu | enjinge bêngara[26] bodhol ||

27. garwa kêkalih wau | dhinawuhan satimbalanipun | pakuwone Mariyobara dèn goni | kang

--- 4: 138 ---

raka barise laju | nèng Tatar Maledar sinom ||

29. Sinom

1. wus gusis Mariyobara | wadyane Sang Jayèngmurti | makuwon Tatar Maledar | sira rajaputri kalih | Mariyobara prapti | makuwon sabalanipun | myang kalih radèn putra | tan pisah lan ibunèki | putri Cina wus makuwon tarulaya ||

2. rinêngga pakuwonira | kang minăngka pagêr bumi | sangkêlat abang bêranang | ingkang kinarya cêpuri | apan sangkêlat wilis | rêringgit kinayu apu | sutra diwăngga pita | sinusun dadu lan wilis | asri tinon wuwung sutra kapurănta ||

3. pêpayoning pêsanggrahan | kêrtas pita gênis wilis | tinumpangan ing renda mas | renda pêthak kang linungsir | pêpagêr tasik wilis | apanirat gênis wungu | têratag maliyo bang | kang kori linungsir-lungsir | lir kaswargan tan wus yèn winarnèng gita ||

4. pakuwone pra dipatya | têbih munggèng kanan kering | kyana patih munggèng ngarsa | ing wuri mantri ban sami | prasami mangku kali | langkung asri rakitipun | suka wadya ing Cina | amanggih papan rêspati | katon saking pakuwon Mariyobara ||

5. têbih lamun pinaranan | nanging dinulu kaèksi | bêrana pakuwon Cina | kadya parangmuka agni | sabên sontên lan enjing | pra dipati ting carêngklung | kênthung bèri biolah | ngêrangin kêndhang saruni | langkung asri rêsmining kang pêsanggrahan ||

6. sabên dalu Putri

--- 4: 139 ---

Cina | marêk ing Sudarawêrti | apan pêndhak patang dina | Rajaputri Parangakik | lan Sirtupilaèli | Karsinah Rêtna Rabingu | têdhak mring tarulaya | sang putri Cina angênting | sêsugune kasukan inum-inuman ||

7. langkung dènnya sih-sinihan | kadya yayah nunggil bibi | gantya paran-pinaranan | kunêng gênti kang winarni | Sang Prabu Kaelani | ngirabakên barisipun | wus mêdal jawi taman | lulut asinang kang baris | wadya Kelan kadya girindra pawaka ||

8. anêpungi barisira | kang putra sang rajaputri | nanging kapara kawuntat | lan pakuwone sang putri | pakuwon ing Mêdayin | kapering ragi kapungkur | lawan pakuwonira | Sang Prabu Kelanjêjali | moncol ngajêng pakuwone Kelaswara ||

9. Patih Gajahbihêr prapta | umarêk marang sang putri | ingandikan marang ngarsa | tur sêmbah rêkyana patih | pukulun pan pun patik | ingutus mring rama prabu | inggih paring wuninga | mêngsah tuwan wingi prapti | mêsanggrahan balane kadi samodra ||

10. wus kêkojor rakit pasang | dhusun Tatar Maledari | ênggone Sang Kakungingrat | lan paring uninga malih | garwane Jayèngmurti | kêkalih putri pinunjul | prawira măndraguna | widigdaya tanpa tandhing | pan wus kasub ing jagad kaonang-onang ||

11. kang numpês ditya Sindhula | kalintu kang matur uni[27] | sayêktine para garwa | Rajaputri Parangakik | Dèwi Sudarawêrti | ing pramudita [pramudi...]

--- 4: 140 ---

[...ta] pinunjul | lawan putri Karsinah | Rabingu Sirtupilèli | ingkang numpês rêksasa wukir Sindhula ||

12. sami napak jumantara | titihane yèn ajurit | anênggih garudha yêksa | lan pêksindra saomahi | mèsêm sang rajaputri | pan iku maksih kaliru | nora pati waspada | kang umatur ing rama ji | kang sayêkti ana putri nguladara ||

13. pan sami ngadu kewala | garwane Sang Jayèngmurti | nora ngawaki ngayuda | andhêku rêkyana patih | lan paran karsa gusti | yèn mêngsah miyosi pupuh | angling rêtna juwita | ingsun dhèwè kang ngawaki | aja kongsi angadu prajurit lanang ||

14. lan bapa patih kayapa | kang makuwon kidul iki | umatur rêkyana patya | inggih pun Raja Pêrganji | lawan Natèng Jêrjani | punika pangawakipun | barise rama tuwan | ngandika sang rajaputri | konên ngalih sompok lawan baris ingwang ||

15. aja kudu pinangawat | sun mêncil ngarsa kapering | kang parêk ing baris ingwang | padha dohna dipun aglis | besuk ta bapa patih | matura ing rama prabu | iya patêmpuhing prang | surake dèn ngati-ati | mungsuh iki undhagi gêlar wangunan ||

16. nadyan surake tinata | binobot lawan kang jurit | duk prang ing wukir Sindhula | iya ingkang anyuraki | dene kang aprang putri | tan luwih wong wolung atus | lawan nganggo ukara | pangrunguningsun wa patih | yèn kang aprang lagi padha ngêmbat langkap ||

17. surake

--- 4: 141 ---

cinara sênggak | nora kuwur piyarsi |[28] yèn kang aprang ana rêbah | sinusun surake sami | iku prajurit luwih | nganggo dhong dhing surakipun | yèn kang aprang kasoran | surake kadya nangisi | sinalahan ngangkat ênênge kang surak ||

18. maras têmên kêbatinan | tyas ingsun hèh uwa patih | sajêg ingsun manggih mêngsah | iya durung kaya iki | senapatining jurit | dudu ratu agêng luhur | nora angadu gagah | tan agahan angumbagi | apidêksa kang cahya nuksmèng sêsăngka ||

19. budine lir mênyan kobar | ambêke alus aririh | sabar ngasmara dilaga | ngugung mungsuh yèn ajurit | bagus tan ana tandhing | ki besan pawartanipun | măngsa ta pêparaba | Wong Agung Surayèng Bumi | soring wiyat durung ana nimbangana ||

20. wa patih duk purwanira | umur tiga wêlas warsi | wus ambănda para raja | praptaning pitulas warsi | sinêmbah ing para ji | andungkap sêlawe taun | kêlana andon aprang | bêdhah praja kanan kering | sugih garwa putri prajurit sêdaya ||

21. bêburone iku uwa | maratuwane pribadi | pan agung kinêmbar aprang | lan ratu kang luwih-luwih | kabèh samya kajodhi | kabala kang para ratu | Gajahbihêr miyarsa | mêlongo akêthip-kêthip | pêlongone ana kêrasa ing nala ||

22. kyana patih mêrnèng driya | salênthing mambu kalênyit | sarwi nyawang gustinira | sampun amêpêk birai | sêmune kangjêng

--- 4: 142 ---

gusti | angajap krama pinunjul | satriya murwèng laga | kang măngka dipaning bumi | lagu anyar mungsuh ginunggung kaliwat ||

23. kya patih mundur tur sêmbah | saking taman lulut mijil | parentah ngalih pondhokan | kang sompok lawan sang putri | samya kinèn anêbih | wus mêncil ing taman lulut | anglela moncol ngarsa | mangkana sang rajaputri | Kelaswara andina ajar olah prang ||

24. mangkana ing pêndhak dina | enjang anêmbang têngari | sang putri miyosi ing prang | aglar wadya tata baris | wong kaputrèn kang baris | tinêpungan para ratu | mijil saking ing taman | ginarêbêg pra prajurit | para putri kawan atus munggèng ngarsa ||

25. sri naranata ing Kelan | Sang Prabu Kelanjêjali | mijil saking pêsanggrahan | lawan Sang Prabu Mêdayin | anjênêngi ing jurit | barise kapang atêpung | wadya kaputrèn kadya | panjrahing puspitasari | kawuwusa pakuwon Tatar Maledar ||

26. Wong Agung Surayèng Jagad | nimbangi nêmbang têngari | gumuruh têtêg barungan | mijil barise para ji | sampun atata baris | kalangan kapang atêpung | aglar kang para nata | prasamya munggèng ing kursi | pan Wong Agung nèng amparan dirgasana ||

27. sampun asawang-sinawang | kadya mêndhung anglimputi | baris Arab lir wanarga | puspa anjrah udan katri | wau sang rajaputri | amundhut turangganipun | agêm tambang lautan | janggi ulês janjan wilis | binusanan [binusa...]

--- 4: 143 ---

[...nan] kadya daru gêbyar-gêbyar ||

28. kadya andaru liwêran | kumilat angilat thathit | sang rêtna ngrasuk busana | têdhak saking kursi gadhing | sigra nitih turanggi | rêspati amandhi lawung | nirig tambang kumala | tan măntra prajurit èstri | ngiwa nêngên lawunge mubèng nèng asta ||

29. wadya kaputrèn gumêrah | surake mawanti-wanti | praptèng papan asêsumbar | rêbutên wong Pusêr Bumi | prajurit Kaelani | widigdaya ing prang pupuh | payo barênga mara | sapa kang arsa ngêmasi | hèh Wong Agung Surayèng Jagad miyosa ||

30. ing kene ngadu prawira | angrok băndawala pati | jaya mrata sura mrata | sajêgmu anglêlanangi | durung mring Kaelani | anêmu prajurit punjul | iki Si Kelaswara | iya sang rêtna dipati | kang minăngka gustine wadon sajagad ||

31. lamun yèn tuhu prawira | hèh Kêlana Jayèngmurti | mêtua ngadu prabawa | angyasani ing ajurit | swaranira cumêngkling | heran kang sami angrungu | wagêde ing turăngga | mangkana wau miyarsi | Kewusnendar amit miyos ing ayuda ||

32. ingidèn lèngsèr tur sêmbah | sigra anitih turanggi | dhawuk bang pun simbarmega | jongwiyat sampun ngêmasi | asikêp pêdha[29] tamsir | wus anitih kuda mamprung | prapta ayun-ayunan | Kelaswara marêpêki | pan kinitêr kinalang Natèng Yujana ||

33. asru dènira ngandika | sirèki Surayèng Bumi | agagah dêdêg parusa | sêdhêng siniwi para ji | Kewusnendar [Kewusne...]

--- 4: 144 ---

[...ndar] nauri | Raja Yujana ya ingsun | Nêrpati Kewusnendar | ingakên sudarawèdi | mring Wong Agung Kêlana Surayèng Jagad ||

34. hèh kalingane ta sira | kang mêntas kasoran jurit | dene ratu sugih bala | kasub prawira ngajurit | sinêmbah ing para ji | munduran têka jalêbud | kalah prang asuwita | eman dhapurmu mantêsi | pêpatute tan kalah padha manungsa ||

35. dadi nyolong pêthèk sira | digdaya akurang ati | anauri Kewusnendar | sun mrih utamaning urip | tan arsa mati kapir | iya kaya kakèkamu | Raja Bardinilekan | bapakmu Kelanjêjali | sabèbètmu kang padha mati duraka ||

36. rudetya Ni Kelaswara | hèh payo Rajèng Yujani | apa kang anèng ing sira | Kewusnendar anauri | tan watak andhingini | sabalane gustiningsun | sira andhinginana | Dèwi Kelaswara angling | amasanga pariswaja ingsun tumbak ||

37. Kelaswara ngêtab kuda | sigra watange binalik | binuntar parisanira | sigar gigal tibèng siti | nêrus sirah turanggi | pêjah pêcah sirahipun | tiba Sri Kewusnendar | kuwalik pan kajumpalik | sru gumuruh surake bala ing Kelan ||

38. Prabu Yujana cinuthat | tiba sajabaning baris | kantaka Sri Kewusnendar | Sang Rêtna Suradiwati | mubêng kudanya nirig | payo sapa arsa lampus | mapaga tandang ingwang | êndi Si Surayèng Bumi | mêtonana ing kene angadu yasa ||

--- 4: 145 ---

39. amit miyos ing ayuda | sira Prabu Kaladini | ingidèn lèngsèr tur sêmbah | sri naranata ing Ngindi | sêksana nitih èsthi | asikêp gada sang prabu | prapta ayun-ayunan | sapa aranmu nêrpati | anauri yèngsun Kaladini Raja ||

40. ratu andêling ayuda | nêgaraningsun ing Ngindi | pan ingsun ratu wêdana | hèh payo wong Kaelani | sira putri kêmini | pêksa ngasorakên kakung | angling Ni Kelaswara | dèn prayitna sri bupati | ingsun tumbak tangkisa parise waja ||

41. marêpêki Kelasrawa | lawunge sigra binalik | rinanggèhakên andhêman | ingundha Sri Kaladini | sumêbut sri bupati | klaplêsat lan gajahipun | tibanira kantaka | sinurak Sang Kaladini | kadi guntur surake bala ing Kelan ||

42. Rêtna Dèwi Kelaswara | Kusuma Suradiwati | sêsumbar aminta lawan | sapa mapag tandang mami | bok aja mêjanani | êndi ratune gêgêdhug | aja si sok ratua | asêbêl rasaning ati | lamun ora tandhing durmaning alaga ||

30. Durma

1. amit nêmbah Raja Sadat Kadarisman | sang prabu ing Ngabêsi | ingidèn tumandang | dharat angundha gada | asikêp pêdhang ngajrihi | praptèng payudan | têdhak sang rajaputri ||

2. atêtanya prajurit sapa ranira | ingsun Raja Ngabêsi | Sadat Kadarisman | andêl ratu wêdana | hèh iya sri narapati | dèn aprayitna | sun tumbak [tumba...]

--- 4: 146 ---

[...k] sri bupati ||

3. dyan binalik lawungira Kelaswara | binuntar sri bupati | awas binarêngan | lawungira kinipat | paris waja sigar palih | tunjunging watang | tugêl tumibèng siti ||

4. Kadarisman marêpêki ngundha gada | ginada sang suputri | tinampèl ing asta | gadanira malêsat | tugêlan lawung binalik | sinampe kêna | gulu Rajèng Ngabêsi ||

5. pan karungkêb tiba kantaka sang nata | cinuthat sri bupati | Sadat Kadarisman | kadya ambuwang mêrang | tiba sajabaning baris | surak gumêrah | wong Kelan wong Mêdayin ||

6. pan kasaput ing dalu wus tinêtêgan | mundur kalih kang jurit | samya mêsanggrahan | mungsuh kêlawan rowang | wadya kang anandhang kanin | tinamban marang | Dipati Guritwêsi ||

7. wus waluya sagunge kang para nata | prasami dèn timbali | bujana ngajêngan | angling Sang Prabu Selan | hèh Kewusnendar sirèki | pagene kalah | mungsuh padhing pawèstri ||

8. anauri Lamdahur lawas sun aprang | durung nêmu prajurit | kaya Kelaswara | kuwat rosane rikat | ika si wong kaya angin | lah ayonana | yèn sira mêtu benjing ||

9. pan sêdalu dènira sami bujana | nêmbang têngara enjing | gumuruh swaranya | têtêg ewon barungan | kêndhang gong bèri saruni | bêndhe angangkang | kirab sagunging baris ||

10. ambêlabar nèng papan baris kalangan | têpung kang wadya alit | barise wong Kelan [Ke...]

--- 4: 146 ---

[...lan] | Mêdayin wus satata | mijil sagunge para ji | mungsuh lan rowang | sêdaya wus miranti ||

11. Rajaputri Kelaswara saha wadya | mijil sampun miranti | prajurit wanodya | Samas saos ing yuda | lênggah munggèng kursi gadhing | ngubêngi papan | sagung prajurit èstri ||

12. ya ta mijil Wong Agung Surayèng Jagad | praptèng papan alinggih | patarana êmas | kumala dirgasana | pinatêk ing mantên wilis | aglar ing ngarsa | prajurit kang para ji ||

13. apan sampun mêdal sang prabu ing Kelan | lan nata ing Mêdayin | prajurite aglar | wau ingkang kawarna | prajuritira sang putri | ingkang kinarya | lêlurah para putri ||

14. kawan atus lêlurahira sêkawan | sang putri ing Kirmani | lawan putri Kedah | lan putri Sulăndara | sêkawan putri Janarsi | sami prawira | putri andêling jurit ||

15. Rêtna Dèwi Kelaswara mèsêm mulat | yayi putri Kirmani | mêtua ngayuda | cacakên bala Ngarab | aja na sira patèni | padha kawusna | anèng madyaning jurit ||

16. nêmbah mundur angrasuk sikêping aprang | Ni Dèwi Joharmanil[30] | sampun nitih kuda | mubyar busananira | sinabêt kudane nirig | praptèng payudan | midêr anganan ngering ||

17. endhongira sinandhang munggèng walikat | sikêp gandhewa gadhing | munggèng asta kiwa | tumumpang ing kêkapa | ngiras olah apusnèki | astane kanan | agung ngikal camêthi ||

18. asêsumbar payo [pa...]

--- 4: 148 ---

[...yo] para Ratu Ngarab | sapa arsa ngêmasi | kene papagêna | lawan ingsun ayuda | angrok băndawala pati | padha prawira | wau duk amiyarsi ||

19. Raja Samsir Ibni Buldan amit nêmbah | Sang Prabu Kăndhabumi | ingidèn tumandang | mangsah nitih turăngga | praptèng ing payudan panggih | ayun-ayunan | tanya sang rajaputri ||

20. sapa ranmu wong Arab kang mêtu ing prang | ratu apa dipati | tuwin yèn satriya | ywa mati tanpa aran | ingsun Natèng Kăndhabumi | ratu gêgala | gul-aguling ajurit ||

21. iya iki Raja Samsir Ibni Buldan | sira ta putri ngêndi | mèsêm saurira | ingsun andêling aprang | putri saking ing Kirmani | ya ingkang parab | Ni Dèwi Joharmanik ||

22. dèn prayitna tangkisa parisanira | hèh Raja Kăndhabumi | gêrèt mênthang langkap | lumêpas kang sênjata | tumamèng parise wêsi | têrus nêratas | marang wêntise kering ||

23. putri abot sêsanggane ing ayuda | hèh payo Raja Samsir | kene amalêsa | tandhamu yèn prawira | aja kuciwa ing jurit | gumuyu latah | Ni Dèwi Joharmanik ||

24. angranuhi rudiranira drês muncar | niba saking turanggi | Samsir Ibni Buldan | kantaka ing bantala | saking ampuhe jêmparing | wus ginongsongan | Sang Prabu Kăndhabumi ||

25. amit nêmbah sira sang raja ing Miskat | Prabu Dabarun Ali | mangsah nitih kuda | kawot kêpraboning prang | praptèng

--- 4: 149 ---

rana wus apanggih | ayun-ayunan | angling putri Kirmani ||

26. sapa ranmu ratu mêtu ing ayuda | ingsun Dabarun Ali | narendra ing Miskat | sang prabu dèn prayitna | tadhahana panah mami | amênthang langkap | Sang Rêtna Joharmanik ||

27. wus lumêpas sigar parise malela | sigra pangipatnèki | parêng sigarira | lawan tikêling panah | Sang Prabu Dabarun Ali | ngayati pêdhang | sinampe ing camêthi ||

28. pêdhang tiba sang prabu ngêtab turăngga | marêpêki anarik | apan arsa nyêndhal | wau sang putri sigra | camêthinira binalik | pinukul kêna | Raja Dabarun Ali ||

29. pilingane aniba saking turăngga | kantaka sri bupati | sampun ginongsongan | wau Raja Salsiyah | midêr ing papan sêsirig | rêbutên ing prang | Sang Dèwi Joharmanik ||

30. putri saking Kirmani andêling aprang | payo wong Pusêr Bumi | sapa arsa pêjah | papagên tandang ingwang | ya ta wau duk miyarsi | Sang Raja Buldan | Raja Ambilagaji ||

31. amit nêmbah sigra anitih turăngga | sikêp gada ngajrihi | praptèng ranagana | panggih ayun-ayunan | tanya Dèwi Joharmanik | hèh bala Ngarab | sapa aranirèki ||

32. angakua aja mati tanpa aran | ingsun Ambilagaji | nagri ngong ing Buldan | ratu kapitu sanak | ingkang tinuduh ngêmongi | marang kang wayah | Wong Agung Jayèngmurti ||

33. Natèng Kaos Prabu Sayid Ibnu Ngumar | raja kapitu mami | kadang [ka...]

--- 4: 150 ---

[...dang] pitu pisan | bêbala mitung yuta | sira iki putri ngêndi | sumaur sugal | ingsun putri Kirmani ||

34. kang ingaku kadang mring Ni Kelaswara | sunaran Joharmanik | babo sri narendra | lah sira dèn prayitna | kinêtab kudanirèki | mingêr angiwa | pêdhangira tinarik ||

35. nora gayug amêdhang marang kang nunggang | sukune ingkang esthi | sinabêt kang ngarsa | rantas kalih wus rêbah | dipanggane angêmasi | tiba kalumah | Raja Ambilagaji ||

36. tangi mutêr gadane Sang Rajèng Buldan | ginada Joharmanik | anangkis ing pêdhang | pur sumyur kalihira | kêbat Dèwi Joharmanik | nunjangkên kuda | sarwi mukul camêthi ||

37. pan kapêrnah wêdanane Rajèng Buldan | pamukule anitir | kudane nêrajang | katunjang Rajèng Buldan | kantaka gumuling siti | surak gumêrah | wadya ing Kaelani ||

38. ginongsongan kadangira sigra prapta | Apgaji Bilagaji | dharat ngundha gada | Joharmanik têtanya | sapa aranmu nêrpati | ya ingsun raja | Apgaji Bilagaji ||

39. dyan pinêdhang winuwung saking turăngga | kudhung parise wêsi | pêdhange katulak | murub parisanira | ginada Sang Joharmanik | parisanira | kuda luluh wor siti ||

40. kapalêsat Joharmanik tibanira | tangi mangsah angukih | ginêbug gandhewa | tangkis gada sang nata | Sang Apgaji Bilagaji | krudha anyandhak | wangkingan Joharmanik ||

41. mèh binanting Joharmanik [Jo...]

--- 4: 151 ---

[...harmanik] sigra prapta | Sang Dèwi Maniklungid | Rajaputri Kedah | lajêng dènira mêdhang | parisira datan osik | panyêkêlira | uwal Sang Joharmanik ||

42. kinêrubut kalih mêdhang ngering nganan | siji saking turanggi | siji saking dharat | bingung panangkisira | Sang Apgaji Bilagaji | sigra kang prapta | kadangira taruni ||

43. sami Buldan Sri Apgaji Măndalika | turangganira ngering | sarwi mutêr gada | Maniklungid ing arga | sapa aranira putri | ngong putri Kedah | ran Dèwi Maniklungid ||

44. sira sapa sun Apgajimăndalika | pinêdhang gadanèki | tugêl parisira | sigra anarik pêdhang | pêdhang-pinêdhang angukih | gapyuk kang kuda | tujah pating balêrik ||

45. kang adharat Joharmanik ngadu yasa | Apgaji Bilagaji | asilih prabawa | Apgajimăndalika | lawan Rêtna Maniklungid | rame prangira | sapih kasaput wêngi ||

46. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | amêsanggrahan sami | para Ratu Arab | kathah kang sandhang brana | dene Dèwi Joharmanik | ngênês ing aprang | kang kasoran ing jurit ||

31. Pangkur

1. ing dalu sami bujana | ngiras gunêm sagung kang para aji | enjing atêngara umyung | têtêg munya sauran | gubar bèri kêndhang gong bêndhe angungkung | mungsuh rowang akêkirab | mijil barise para ji ||

2. Wong Agung Surayèng Jagad | praptèng papan ing patarana linggih | aglar ingkang para ratu | ingkang [ing...]

--- 4: 152 ---

[...kang] saos ing aprang | Rajèng Kelan lawan prabu ing Mêdayun | wus munggèng ing amparan mas | anjênêngi ing ajurit ||

3. sira Dèwi Kelaswara | sampun mijil anèng ing papan linggih | ing kursi kênaka murub | atap prajurit samas | ngatag putri Janarsi gêntya umagut | Rêtna Dèwi Tasikwulan | tur sêmbah nitih turanggi ||

4. kawot sakêpraboning prang | praptèng papan midêr kuda sêsirig | sêsumbar anguwuh-uwuh | payo bala Kuparman | para ratu papagêna tandang ingsun | ingkang Dèwi Tasikwulan | putrine Rajèng Janarsi ||

5. sapa kang arsa palastra | hèh prajurit Arab aja na gênti | ya ta wau duk angrungu | sira Radèn Kênahan | amit nêmbah anitih turăngga mamprung | praptèng papan wus apanggya | têtanya putri Janarsi ||

6. prajurit aranmu sapa | iya apa ratu miwah bupati | ingsun satriya pinunjul | aran Radèn Kênahan | pan arine Raja Ukman kakang ingsun | atmajane Raja Bahram | têrahing ratu prajurit ||

7. hèh wong Kelan sira sapa | anauri ingsun putri Janarsi | Rêtna Tasikwulan ingsun | apa kang anèng sira | sira Radèn Kênahan sumaur dudu | carane andhinginana | sawadyane gusti mami ||

8. angling Rêtna Tasikwulan | dèn prayitna Kênahan sun jêmparing | sang dyah mênthang langkap asru | sira Radèn Kênahan | parisane munggèng sirah kudanipun | lumêpas sênjatanira |

--- 4: 153 ---

Tasikwulan angênèni ||

9. tatas ingkang paris waja | nêrus sirahing kuda angêmasi | Radèn Kênahan gumêbrug | tiba saking turăngga | narik pêdhang amêdhang sarwi garêgut | sukune turăngga rantas | kapat pisan angêmasi ||

10. kaplêsat Sang Tasikwulan | tanginira ngadêg amarêpêki | Radèn Kênahan ginêbug | ing gandhewa aniba | ginongsongan wong Kelan surak gumuruh | prapta kang ngatêri kuda | Rêtna Tasikwulan nitih ||

11. sêsirig midêri papan | hèh wadya Rab sapa arsa ngêmasi | papagêna tandang ingsun | sigra Sang Raja Ukman | amit nêmbah ingidèn mangsah sang prabu | anitih turăngga mêsat | praptèng papan wus apanggih ||

12. sapa aranmu narendra | iya ingsun Ukman ratu prajurit | hèh sira sapa aranmu | ya ingsun Tasikwulan | dèn prayitna sun pêdhang sira sang prabu | akudhunga paris waja | sigra pinêdhang sang aji ||

13. tangkis lêgawa tan obah | wus pinêdhang wau putri Janarsi | tangkis kumêmprang pinanduk | rame pêdhang-pinêdhang | ukêl kuda nêngên sami nêngênipun | gapyuk tangkis sarêng mêdhang | têpung kuda sami ngering ||

14. surake mungsuh lan rowang | tri gumuruh yayah nêngkêr wiyati | rame lir kêkupu tarung | antuk sisih kang aprang | datan ana kuciwa prawiranipun | angadu pêdhang-pinêdhang | pêdhang wus tan migunani ||

15. sarêng dènnya buwang pêdhang | sarêng dènnya angêtab kang turanggi | rajang-rinajang apêluk | dangu rajange rantas | gapyuk luwêl[31] [lu...]

--- 4: 154 ---

[...wêl] turăngga caruk anubruk | tubruk-tinubruk kudanya | kang nitih tarik-tinarik ||

16. kasilib Sang Raja Ukman | turanggane sang putri mingêr ngering | sarêng gapyuk sarêng pêluk | sinêndhal Prabu Ukman | singsal saking turăngga mèh tibanipun | pambantinge Tasikwulan | wau kang prapta saryanjrit ||

17. rahadèn putra ing Selan | sigra nyandhak Ukman rinêbut kêni | Dèwi Tasikwulan muwus | sapa ranmu prawira | têka jail mungsuh sun banting rinêbut | angling Rajaputra Selan | ya ingsun Radèn Pirngadi ||

18. Lamdahur kang darbe putra | pan arine mring Radèn Banarungsit | lah sapa aranmu mungsuh | ya sun Ni Tasikwulan | Rajaputri Janarsi Pirngadi muwus | pêrange si pidhir Kelan | bêborosi para aji ||

19. pira bêtaha narendra | sabên mêtu sira sorkên ing jurit | iki satriya debyanung | prawira măndraguna | payo aprang Tasikwulan mêdhang gupuh | tinangkis parise waja | pêdhang-pinêdhang makangsi ||

20. anuk dinuk main pêdhang | dangu aprang tan ana nguciwani | rêmpu pêdhang salih pupuh | saking danguning aprang | buwang pêdhang pêdhang kalih sami rêmpu | agênti rajang-rinajang | rajang rantas salin tarik ||

21. adangu sêndhal-sinêndhal | Rajaputra Selan nyêndhal nguwati | singsal saking kudanipun | sira Ni Tasikwulan | mèh binanting Dèwi Ambarsirat rawuh | wus karêbat Tasikwulan | ingundurakên tan aris ||

22. tanya

--- 4: 155 ---

Rajaputra Selan | sapa ranmu si bêlèk pêksa wani | Rêtna Ambarsirat muwus | putri ing Sulăndara | sira sapa sun putra Prabu Lamdahur | putra boboting ayuda | pan ingsun Radèn Pirngadi ||

23. hèh putrane Rajèng Selan | dèn prayitna kudhunga paris wêsi | sarwi ngêtab kudanipun | Ambarsirat amêdhang | tinadhahan tinangkis parise putung | Radèn Pirngadi amêdhang | Dèwi Ambarsirat nangkis ||

24. sarwi ngipat parisira | tikêl pêdhangira Radèn Pirngadi | kuwêl kang turăngga gapyuk | uwal sarêng idêrnya | tri gumuruh surake rewang lan mungsuh | kang aprang sami digdaya | tan ana kasoran kalih ||

25. arame sêndhal-sinêndhal | saking kuda Ambarsirat kêtarik | singsal saking kudanipun | binanting saking kuda | tibèng siti wêntala anulya wungu | mangsah marêpêki kuda | kudane Radèn Pirngadi ||

26. tinapuk mukane pêcah | kapalêsat tiba Radèn Pirngadi | turangganira wus lampus | tangi gapyuk anyêngkah | parêng cêngkah tinarik sigra jinunjung | sira Dèwi Ambarsirat | dadya binanting ping kalih ||

27. bibèng[32] bantala kantaka | Ambarsirat anulya dèn gongsongi | sarêng kasaput ing dalu | kang aprang tinêtêgan | sarêng mundur baris bêdhol kalihipun | prasamya amêsanggrahan | kang kêbranan ngusap wèni ||

32. Sinom

1. kang tatu wus tinambanan | mring Dipati Guritwêsi | waluya kang para raja | ing dalu [da...]

--- 4: 156 ---

[...lu] bujana sami | pan sami gunêm warti | tingkahing aprang winuwus | sêktine Kelaswara | sawadyane bêcik-bêcik | ing ayuda luwês têrampil arikat ||

2. arame dènnya bujana | Wong Agung Surayèng Bumi | lan sawadya para nata | wau ta ingkang winarni | Mariyobara nênggih | ing wuri pakuwon agung | Rêtna Dèwi Sudara | miwah Sirtupilaèli | lawan Rajaputri Cina marêk ing dyah ||

3. tuwin ingkang para putra | kêkalih ngarsèng bunèki | aglar kang cèthi pawongan | ngandika Sudarawêrti | mring Sirtupilaèli | yayi dèwi sira ngrungu | wartane baris ngarsa | rame campuhing ajurit | rajaputri ing Karsinah matur nêmbah ||

4. inggih utusan kawula | wingi sontên kangbok prapti | mêningi têmpuhing yuda | inggih sampun kawan ari | langkung ramening jurit | nanging mêngsah dede kakung | kang măngka alad-alad | Rajaputri Kaelani | Kelaswara wantêr prawira digdaya ||

5. sun Mahraja Kewusnendar | ing aprang kang nacak dhingin | mungsuh Dèwi Kelaswara | kêlawan Sang Rajèng Ngindi | katri Rajèng Ngabêsi | kasoran raja katêlu | cinuthat buntar watang | tiba sajabaning baris | ratu katri langkung sangêting kantaka ||

6. kasaput ing dalu enjang | prang malih botên miyosi | Rajaputi[33] Kelaswara | ngabên prajurit pawèstri | kang nama Joharmanik | yudane kêlangkung ampuh | kathah ratu kuciwa | dene Dèwi Joharmanik | angandika [a...]

--- 4: 157 ---

[...ngandika] Rêtna Sudarawêrtika ||

7. iya talah yayi talah | mungguh sira lawan mami | milu anjajah nêgara | ngadhêpi sêdya ajurit | mêngko ana ngadhangi | marmane ginawe nganggur | ingsun ari lan sira | iya parentahing laki | lagi kinon anganggur nora milu prang ||

8. lah iya măngsa bodhoa | lagi rumêksa wêwadi | yèn mungguh sariraningwang | upamane mungsuh iki | putri ing Kaelani | andadra anguwus-uwus | mring para Ratu Ngarab | sun ora bêtah miyarsi | cinancanga kudu mêdhot amilu prang ||

9. putri Cina matur nêmbah | pan kawula tuwan tandhing | lan pun bungkêr Kelaswara | madonakên wong sabumi | duk kula kangbok maksih | wontên nêgari pukulun | inggih pun Kelaswara | anglantrah mukul Bêrdasi | apan cêlak saking jajahan ing Cina ||

10. pan kawula mèh lumampah | magut putri Kaelani | sumêdya nyilih kalangan | dhatêng Sang Natèng Bêrdasi | kula kakang bok pamit | inggih dhatêng rama prabu | langkung sangêt angampah | nini aja salah kardi | aja dahwèn Kelaswara bêdhah praja ||

11. dene lamun wani ngambah | ing jajahanira nini | lah iya sakarsanira | ing mangke inggih marêngi | yèn kakang bok ngajani | pan kawula sèwu untung | dene kapasang yogya | panggih pêpacangan lami | kadi sampun pêsthine pun Kelaswara ||

12. atandhing lawan kawula | ratu tanah ajam wingwrin | kang dèn ambah

--- 4: 158 ---

Kelaswara | kumlungkung kalêngki-lêngki | sêdya amutêr bumi | anapis jagad sawêgung | hèh babo Kelaswara | anglawan Surayèng Bumi | sumangkeyan putri prawira digdaya ||

13. wani mungsuh wong Kuparman | Kêlana Surayèng Bumi | ingkang para Ratu Ngarab | dèn wirangkên ing ajurit | tan ana dèn patèni | kumingsun kêlangkung-langkung | sarirane apanas | wêdanane dadi gêtih | watak wantun nêpsu angrungu pawarta ||

14. kunêng malih winurcita | sira putri Kaelani | ing dalu samya bujana | lan sawadya para putri | paran mau kang jurit | para ratu ingkang mêtu | abêcik êndi padha | lad[34] kang mêtu wingi-wingi | nêmbah matur sira Dèwi Ambarsirat ||

15. pukulun mênggah kawula | tan wontên kaote gusti | sami prawira sêdaya | bêgja-bêgja kang nadhahi | sami gêlaring jurit | awrat-awrat wawratipun | tur sêmbah Tasikwulan | miwah Dèwi Joharmanik | anêracak sêktine para Nata Rab ||

16. angandika Kelaswara | iya ing sadina benjing | sun têndha mêtua ing prang | Wong Agung Surayèng Bumi | aja liya nadhahi | eman sêktine pinunjul | ing dalu akasukan | lan prajurit para putri | tuwin prabu ing Kelan sarta Nusirwan ||

17. anayub sagung narendra | Sang Raja Kelanjêjali | tanya marang Patih Baktak | hèh paran rêkyana patih | prajurit Pusêr Bumi | kang padha magut kasambut | umatur Patih [Pa...]

--- 4: 159 ---

[...tih] Baktak | ingkang mijil kawan ari | namung gangsal inggih ratune wêdana ||

18. ratu pamingking sêkawan | satriyanipun kêkalih | inggih kang sami kasoran | kadi punika ing benjing | kathah ingkang miyosi | para ratune pêngayun | Lamdahur Rajèng Selan | ing Kohkarib Umarmadi | miwah Prabu Tamtanus Nêrpati Yunan ||

19. Rajèng Rum Iskal Iskalan | Natèng Kebar Lusupadi[35] | ingkang sami kasarira | Sang Raja Sarkab ing Turki | Sarsaban ing Pirkori | Kunawar Kuristam Kuljum | ing Biraji Tursina | akathah andêling jurit | tan winarna ing dalu samya kasukan ||

20. enjing anêmbang têngara | kêndhang gong têtêg munya tri | mijil Dèwi Kelaswara | lan prajurit para putri | aglar sampun miranti | wong Arab barise mêtu | muntab samya mrih papan | akapang têpung kang baris | sampun mijil Wong Agung Surayèng Jagad ||

21. munggèng patarana rêtna | aglar prajurit para ji | kang samya saos ing aprang | sira Sang Kelanjêjali | lawan Prabu Mêdayin | mijil kubêng barisipun | Ni Dèwi Kelaswara | Kusuma Suradiwati | mundhut kuda miyosi ing rananggana ||

22. kawot kêpraboning aprang | mangsah ing rana sêsirig | praptèng papan asêsumbar | payo Sang Surayèng Bumi | mêtua ing ajurit | atandhing kêlawan ingsun | kene angadu yasa | prabawa asilih tandhing | mêtonana Kêlana Surayèng Jagad ||

23. wau

--- 4: 160 ---

tan bêtah miyarsa | amit Sang Rajèng Sêrandil | ingidèn tur sêmbah mangsah | Lamdahur anitih èsthi | surak wong Pusêr Bumi | gumuntur gora gumuruh | praptèng papan apanggya | tanya putri Kaelani | apa sira Wong Agung Surayèng Jagad ||

24. dene dhapurira beda | lan sagung para nêrpati | sumaur Sang Rajèng Selan | sun andêl-andêling jurit | ratu prakoswa sêkti | pan ingsun Prabu Lamdahur | sinêmbah ratu dhomas | wolung lêksa pra nêrpati | ingkang karèh măncanêgara rong lêksa ||

25. angling Dèwi Kelaswara | mundura Rajèng Sêrandil | ing ayuda tundha bema | yèn dudu Si Jayèngmurti | eman tênaga mami | dudu tandhing ing prang pupuh | Prabu lamdahur sugal | ya ingsun sêlawe uwis | anguwisi bănda mungsuh kaya sira ||

26. mèsêm Dèwi Kelaswara | Kusuma Suradiwati | hèh Lamdahur dèn prayitna | sigra dènnya marêpêki | sang putri Kaelani | tumênga pandulunipun | gêng inggil munggèng gajah | kang alit munggèng turanggi | Kelaswara tumênga ngayati gada ||

27. ginada kumbaning liman | luluh ajur awor siti | kasingsal Lamdahur tiba | gumregah tangi mêrpêki | angikal gada aglis | ginada kusumaning Rum | tadhah sang putri Kelan | atangkis lawan cêmêthi | kapalêsat gadane Sang Rajèng Selan ||

28. Prabu Lamdahur ginada | tangkis parisane wêsi | sumyur mubyar kang dahana | Prabu Lamdahur nguwati |

--- 4: 161 ---

gumêtêr sri bupati | pining kalih kuntal rubuh | tinujahakên kuda | kantaka Natèng Sêrandil | kadya guntur surake bala ing Kelan ||

29. Lamdahur wus ginongsongan | amit Sang Prabu Marmadi | ingidèn sigra umangsah | bramatya Prabu Kohkarib | kadya tan napak siti | mulat Sang Prabu Lamdahur | kinasorakên ing prang | nitih turăngga sang aji | sikêp gada praptèng rana yun-ayunan ||

30. alon dènira ngandika | Kusuma Suradiwati | prajurit sapa ranira | sumaur sun Umarmadi | lêlurahing para ji | Kohkarib kêdhaton ingsun | Kelaswara ngandika | ragane sira nêrpati | nyananingsun sira pêranakan buta ||

31. sayêkti yèn akir jaman | iya sangisoring langit | ana ratu kaya sira | sênadyan padha mêmêdi | kêkêblak lawan pidhir | maksih ana bêcikipun | iya têka satuma | sira iki mêratani | ala kabèh tan duwe bêcik salingsa ||

32. wong ala ratuning ala | ngulatana ing sabumi | sayêkti măngsa antuka | alane kaya sirèki | kêjaba ing wanadri | baya ana èmpêripun | nging maksih duwe uga | bêbêcik têka sathithik | sira iku kêpati-pati andadra ||

33. ala nora tulus ala | dadak têka anyênyêngit | ulatmu jêmbrung akithal | apa widhungan ditya wil | bok iya nganggo gêmpil | dadak wadhuke mêdhudhug | anumsêsakên[36] bêras | pêsthi bêborosi pari | nora layak sira amor [a...]

--- 4: 162 ---

[...mor] ing nêgara ||

34. yêkti burêngakên jagad | sira amora wanadri | bara-bara lamun ana | iya rêksasa nusoni | yèn manusa nusoni | apa susune sagênuk | Umarmadi mundura | aja prang kêlawan mami | nora asab sira pranga lan manusa ||

35. Prabu Kohkarib bramatya | pira kèh isining bumi | yèn ayua kaya sira | hèh bêlis payo ta jurit | Kelaswara sru angling | paripêksa si mêdhudhug | tangkisa paris waja | ing aprang aja ngoncati | sèlèh gada nyandhak lawung Kelasrawa ||

36. binuntar parisanira | pangrasane Umarmadi | binandhêm ing gunung sela | sigaring paris nampêki | sirahing kuda mati | kasingsal tiba kumabruk | pinindho kapidhara | Marmadi gumuling siti | ginongsongan anggambuh kantakanira ||

33. Gambuh

1. ya ta wau Wong Agung | amundhut marang turangganipun | askardèwi sinaosakên ing ngarsi | kêpraboning aprang sampun | munggèng ing turăngga kawot ||

2. Ki Umarmaya matur | pan kawula inggih arsa tumut | watir saking sêkti putri Kaelani | iya sakarsanirèku | aja doh kêlawan ingong ||

3. sigra nitih Wong Agung | turangganira pun askardiyu | pan abuntut Adipati Guritwêsi | sinabêt turăngga mamprung | kadya thathit cumalorot ||

4. praptèng payudan pangguh | Kelaswara kagyat dènnya dulu | dene cahya amindha gêbyaring sasi | Kelaswara [Kelaswa...]

--- 4: 163 ---

[...ra] mulat jêtung | Wong Agung tumingal jomblong ||

5. samya pangungunipun | dangu dènira dulu-dinulu | ya ta wontên panyapihira Hyang Widi | ana swara gumaludhug | kadya ingkang langit ruboh ||

6. nimbangi lindhu kêtug | gora gra gêtêr-patêr gumuntur | awurahan prahara awêtu riris | mêsês bayu bajra lesus | dhêdhêt gumuruh ponang wong ||

7. gègèr gora gumuruh | wurahaning wong mawut sumiyut | tan katingal pêrnahan sawiji-wiji | wadya gung pating bilulung | angawag maring pakuwon ||

8. wau sang rêtnaning Rum | putri sêkawan dharat tut pungkur | angampingi nyêkêli ingkang kêndhali | gêbyaring kilat tinurut | praptèng taman sang lir sinom ||

9. têdhak sing kuda sampun | amasang lilin ing taman lulut | ya ta wau Wong Agung Surayèng Bumi | pisah lawan balanipun | makuwon kang para katong ||

10. Wong Agung katêlanjur | Marmaya buntut kuda tan ucul | askardiyu karsaning Hyang Maha Luwih | wruh marga mring taman lulut | prapta ing kori kapindho ||

11. wus mari ririsipun | prahara sirêp langit kadulu | pêtêng ilang mangkana Wong Agung kalih | ngungun dènira andulu | katon adêging kêkayon ||

12. dêduluwruh kêlaut | kuda amangsit pun askardiyu | bêrik-bêrik bêkèr-bêkèr angagèti | Kelaswara ngandika arum |[37] jaran apa muni kono ||

13. mara priksanên gupuh | tur sêmbah [sê...]

--- 4: 164 ---

[...mbah] kalih ingkang ingutus | Dèwi Ambarsirat lawan Joharmanik | kalih dèrèng wontên cucul | prapta ing kori kapindho ||

14. waspada nuntên wangsul | matur ing gusti saha wotsatun | inggih kuda kang muni punika gusti | Wong Agung kang arsa magut | ing aprang pijêr anjomblong ||

15. satunggil rencangipun | kang tumut wontên paprangan wau | duk miyarsa Kusuma Suradiwati | cèthi kêkalih tinuduh | aturana malêbèng jro ||

16. sênggrangana karuwun | lawan takonana ingkang putus | apa iya Wong Agung Surayèng Bumi | yèn èstu iridên masuk | yèn dudu wisana kono ||

17. cèthi kêkalih laju | prapta anyêkêli turangganipun |[38] lah wong êndi wani marang kene iki | sun rampasa sira patut | angakua kang sayêktos ||

18. Ki Umarmaya muwus | aja kacêkêl turăngga iku | apan iku Wong Agung Surayèng Bumi | cèthi prajurit turipun | yèn èstu Jayèngpalugon ||

19. inggih katuran laju | mênawi dede kinèn nalikung | bêlojodi angulihakên bêbayi | yèn nyata Sang Jayèngpupuh | suwawi lajêng manjing jro ||

20. ya ta kering Wong Agung | praptèng kori pamungkas tumurun | turanggane Umarmaya kang nyêkêli | Dèwi Kelaswara mêthuk | tundhuk anguswa pada lon ||

21. sarwi mèsêm umatur | tuwan punika inggih kêtlanjur | kadi bingung dening ampuhan kang prapti | bajra păncawara

--- 4: 165 ---

lesus | nyapih wong ngarsa prang popor ||

22. kawula dèrèng cucul | sawêg alênggah nuntên angrungu | kuda tuwan kang mungêl abêrik-bêrik | tan nyana paduka nusul | dene botên acêcolok ||

23. lah suwawi pukulun | dyan kinanthi astane Wong Agung | maras-maras nolih Ki Umarmayèki | Umarmaya kêjèpipun | inggih tinurut kemawon ||

24. praptèng made mas lungguh | Sang Jayèngmurti têka anurut | sampun sami atata dènira linggih | Dèwi Kelaswara matur | dèn eca paduka lunggoh ||

25. kawula arsa cucul | ngêjèpi êmban pawonganipun | kinèn sami sêsaos wau sêsaji | angiwa dènira cucul | Wong Agung sasmita alon ||

26. kapriye tingkah ingsun | dene mungsuh bêciki maring sun | Umarmaya kuda cinancang atêbih | marêpêki alon matur | botên kenging winiraos ||

27. apan sampun kabutuh | tan wontên akal amung anurut | pintên banggi luwih karsaning Hyang Widi | sang rêtna ing sêmunipun | botên sêdya damêl awon ||

28. kêtawis lamun tuhu | inggih wikana ing karsanipun | tuwan pasrah ing Hyang sampun walangati | kêsaru prapta sang ayu | lawan pêpundhutan miyos ||

34. Mijil

1. datan mawi rasukan sang dèwi | busanèng prang lorod | pan katingal cacah pamulune | tuhu lamun musthikaning èstri | sêmbada rêspati | salêlewanipun [salêle...]

--- 4: 166 ---

[...wanipun] ||

2. Jayèngmurti ningali sang putri | ana kang kêraos | wukirane akathah èmpêre | nginggil tênggak Rêtna Muninggarim | grana pipi lathi | alis miwah bathuk ||

3. karna pilingan sampun anunggil | tuwin ing gêgithok | gèning watês ing rema tan pae | mung kaote putri Kaelani | bêranyak tan wigih | Kelaswara patut ||

4. jatmikantêng Rêtna Muninggarim | ruruh tan winaon | Kelaswara sami bêranyake | lawan Kusuma Sudarawêrdi[39] | putri Parangakik | kêmbar solahipun ||

5. samya dhaharan ambênge nunggil | sawusnya linorod | Umarmaya adhahar sarênge | lurah putri inuman kang prapti | sang putri anglarih | tinampan Wong Agung ||

6. mundur inuman salin-sumalin | ingkang raos-raos | sampun ayêm kang tamu manahe | animbali ban Sumbita prapti | dèn parêkta bibi | ngarsane Wong Agung ||

7. kula punika matur sayêkti | ing tuwan tan linyok | pan pun êmban punika impène | lêt sêdalu kawula pribadi | supêna ing ratri | rumiyin pun biyung ||

8. mara matura biyung dèn aris | Sumbita wotsinom | duk paduka mangkat pangluruge | saking Yujana wontên ing margi | katingal ing ngriki | kêbanjiran marus ||

9. rayi tuwan jêng gusti sang putri | murca sing kêdhaton | abdi dalêm angulati kabèh | wontên kang warah gène sang putri | pan iku

--- 4: 167 ---

lininting | jro pudhak gènipun ||

10. pudhak kentir ing hèrnawa gêtih | nuntên wontên alok | saking wuri arame gègère | tungguling mungsuh iku kang prapti | nuntên kula nolih | paduka kang rawuh ||

11. sabusana tuwan botên salin | sêdaya pan wutoh | apan inggih punika kudane | kêkambile inggil botên salin | pudhak ingkang kentir | paduka tut pungkur ||

12. kuda punika nêngah anglangi | kang pudhak ginayoh | nuntên tuwan sangkêlit pudhake | tuwan wangsul pudhak sampun kêni | kula nuntên tangi | mêkatên pukulun ||

13. mèsêm Wong Agung dènnya miyarsi | Kelaswara alon | pan kawula inggih ngaturake | ing supêna kawula sayêkti | jroning taman ngriki | katingal pukulun ||

14. riris linkang[40] kawula mêndhêti | apan sarwi lunggoh | nuntên wulan kumabruk tibane | tibèng pangkon kula lajêng tangi | kawula tingali | lintang kula kandhut ||

15. sarwi mèsêm putri Kaelani | aturipun alon | dhuh pukulun paran wahanane | kula nuwun ing paduka Amir | atur pati urip | jarwakna pukulun ||

16. angandika Menak Jayèngmurti | beyane pan abot | hèh sang putri pan angèl tukone | lamun ora beya lara pati | tan bisa jarwani | supêna puniku ||

17. Kelaswara ature angukih | sampun walangatos | dyan wong agung [a...]

--- 4: 168 ---

[...gung] alon ngandikane | têgêse wahyu ingkang kaèksi | praptaningsun iki | maringakên wahyu ||

18. wêwadhahe pan agama suci | Eslama samêngko | Kelaswara sandika ature | wus winulang sahadat wus bangkit | nurut rajaputri | buwang prajanipun ||

19. lan anêdya mungkir ibu sori | sêdaya kêlakon | lawan sira nimas besuk têmbe | wahanane ngandhut lintang yayi | putranira benjing | jalu tur binagus ||

20. tanpa tandhing prawirèng ajurit | siniwèng pra katong | nuksmèng wulan purnama citrane | Kelaswara têdhak angabêkti | dhuh panutan mami | èstua pukulun ||

21. wontên parêkan matur wotsari | pukulun ing pojok | inggih banon ingkang kidul kilèn | wontên gajah lawan ingkang nitih | kadya samya arip | ingkang nunggang ngantuk ||

22. pan kêkalih samya jrum kang èsthi | dyan parêkan kinon | pariksanên wong ngêndi tuture | sigra mêsat cèthi awotsari | anguwuh bok cèthi | kang angantuk wungu ||

23. tinakonan andika wong pundi | sauripun alon | pan wong bingung puniki têgêse | duk ampuhan têngahing ajurit | tan wruh pêrnah mami | anut gajah ingsun ||

24. dene balaningsun pisah mami | ingsun iki katong | kadang ingsun ingkang siji kiye | Raja Harjan aran ingsun iki | Baritmari mami | nunggal padha bingung ||

25. cèthi wangsul prapta awotsari | pukulun [pu...]

--- 4: 169 ---

[...kulun] pan katong | bala Arab punika kalihe | samya bingung duk saking ajurit | Raja Harjan nênggih | satunggil rinipun ||

26. Raja Baritma ingkang satunggil | sang rêtna turnya lon | bala tuwan kasasar marene | timbalana gustine nèng ngriki | sêksana wus prapti | ratu kalihipun ||

27. cinarita Wong Agung wus kawin | lawan sang lir sinom | Umarmaya dadya pangulune | Raja Harjan sêksine satunggil | Raja Baritmani | jangkêp kalihipun ||

28. lajêng among asmara ing ratri | langkung sih karongron | pan sêdalu anutug karsane | ya ta enjing wadya Kaelani | Sang Kelanjêjali | têngara gumuruh ||

29. kang wadya Rab winangsit miyosi | Baritma kang kinon | yèn Wong Agung wus pêrnah ênggone | mijil barise ingkang para ji | têpung kadi nguni | tan owah trapipun ||

30. wadya Kelan wadya ing Mêdayin | barise wus miyos | samya nganti baris ing kaputrèn | taman lulut dhêdhêp tan miyosi | ana paran iki | sang putri tan mêtu ||

31. baris Arab saking doh kaèksi | kang siniwèng katong | Arya Parangteja ing silihe | Raja Kelan ngandika ing patih | paran nini putri | munduran tan mêtu ||

35. Durma

1. Patih Gajahbihêr tur sêmbah karuna | pukulun sri bupati | kawula miyarsa | kalênyit botên eca | salênthing wadhahing mangsin | kêcing gêgubras | tenja awor kasturi [kastu...]

--- 4: 170 ---

[...ri] ||

2. pun Kêlana Surayèng Jagad sumbaga | wontên ing tamansari | sampun apêpanggya | lawan putra paduka | apan sampun akaron sih | sapêjah gêsang | jangji kêlawan laki ||

3. praptanipun Lêlana[41] Surayèng Jagad | apan dipun aturi | dhatêng putra tuwan | pramila praptèng taman | Sang Prabu Kelanjêjali | duk amiyarsa | karnane lir sinêbit ||

4. jajanira kadya bêl mêtu dahana | sigra mundhut turanggi | anitih sang nata | kawot kêpraboning prang | sinabêt kang sikil wajik | turăngga ngêmprang | maring ing tamansari ||

5. wong Mêdayin tan ana miyarsa warta | iya ana pa iki | sang prabu ing Kelan | krodha nandêr mring taman | bêdhol baris Pusêr Bumi | mingêr mring taman | kadya robing jêladri ||

6. baris Kelan lumirig maring ing taman | mung baris ing Mêdayin | anggêgrêg kewala | bingung pikir kewuhan | Sang Raja Kelanjêjali | wus praptèng taman | têdhak saking turanggi ||

7. manjing prapta anèng ing kori kasapta | maksih kunci kang kori | anguwuh sêsumbar | payo Arab mêtua | solahmu kang nora bêcik | nêlutuh ing rat | kene payo ajurit ||

8. amiyarsa bubar kang cèthi pawongan | prajurit para putri | kawan atus samya | siyaga ing ayuda | baris pêndhêm tamansari | wau Marmaya | matur atur udani ||

9. rama tuwan punika manjing ing taman | Kêlana Jayèngmurti | alon angandika | yayi [ya...]

--- 4: 171 ---

[...yi] dèwi kaya pa | ramanira sri bupati | punika prapta | paran karsaning gusti ||

10. matur nêmbah sira Dèwi Kelaswara | kula ngatas ing karsi | yèn paduka lilah | aprang lawan pun bapa | nadyan wong tuwa yèn mungkir | agama tuwan | yêkti kula pêjahi ||

11. angandika Wong Agung Surayèng Jagad | sun dhewe yayi dèwi | amung lilanira | wantu wong băndayuda | mênawa yèn kabrangas dadi |[42] paran ing karsa | apan wong rêbut pati ||

12. kaya apa yayi karsanira mangkya | sang rêtna angabêkti | dhumatêng kang raka | matur Ni Kelaswara | sumăngga ing asta kalih | tuwan dhèndhènga | kula datan praduli ||

13. apan sami suwitèng Hyang sowang-sowang | sigra Sang Jayèngmurti | angrasuk busana | kêpraboning ayuda | mêdal prapta jawi kori | kori binuka | mring Sang Surayèng Bumi ||

14. kori mênga sigra dènnya narik pêdhang | Prabu Kelanjêjali | sarwi asru mojar | patimu Jayèngrana | lumarap pêdhangirèki | dyan binarêngan | cinandhak astanèki ||

15. dyan pinidih sang nata pêdhange tiba | cinandhak sri bupati | ikêt pinggangira | jinunjung wus ingikal | nèng asta tininggil-tinggil | asru ngandika | Wong Agung Jayèngmurti ||

16. paran karsa paduka sri naranata | angling Kelanjêjali | angur uripana | prandene putraningwang | uwis sira anggo rabi | sakarsanira | anut ing siyang ratri ||

--- 4: 172 ---

17. sinèlèhakên ing siti Sang Rajèng Kelan |[43] sira Sang Jayèngmurti | nêmbah ngaras pada | ingaras kang lungaya | adhuh anak ingsun gusti | lila pun bapa | rêngkuhên Kaelani ||

18. putra matur paduka salin agama | kang rama anuruti | sahadat wus bisa | anganthi ingkang putra | binêkta mring tamansari | wau kang mulat | duk aprang ngintip-intip ||

19. lurah putri sira Dèwi Ambarsirat | lan Dèwi Joharmanik | lumajêng tur wikan | ing Dèwi Kelaswara | rama paduka sang aji | sampun kasoran | nungkul ing Jayèngmurti ||

20. pan ing mangke punika kêkanthèn asta | sami manjing mariki | sigra dènnya têdhak | Ni Dèwi Kelaswara | kapêthuk sigra ngabêkti | suka kang rama | wusnya tata alinggih ||

21. prapta Patih Gajahbihêr ingandikan | Sang Prabu Kaelani | alon pêparentah | hèh patih wadyanira | para ratu myang dipati | tuwin satriya | asalina agami ||

22. sigra nêmbah Gajahbihêr praptèng jaba | sêdaya dèn timbali | sampun dhinawuhan | kabèh salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | kang luwih mulya | suci agama manis ||

36. Dhandhanggula

1. ya ta matur Menak Jayèngmurti | mring kang rama sang prabu ing Kelan | raka paduka ing mangke | sang prabu ing Mêdayun | inggih tuwan ecani galih | dimèn têntrêma ing tyas | bilih katêlanjur | anut aturipun Baktak | têmah inggih musakat [mu...]

--- 4: 173 ---

[...sakat] saba wanadri | mila pinalimarma ||

2. anauri Sang Kelanjêjali | luwih bêcik ingsun angipuka | Nusirwan amrih ayême | kunêng malih winuwus | sakathahe bala Nata Mir | kinèn sami wangsula | mring pakuwonipun | amunga urun kewala | ingkang sami saos maring tamansari | ngamungna pra dipatya ||

3. kunêng ingkang kawuwusa malih | pêsanggrahan ing Mariyobara | enjang siniwèng cèthine | parêkan atap ngayun | ingkang rayi wus dèn timbali | putri adi Karsinah | prapta awotsantun | lan Sang Rajaputri Cina | sampun anèng ngarsane Sudarawêrti | aglar pawonganira ||

4. angandika putri Parangakik | yayi Dèwi Karsinah tutura | ing paprangan pawartane | sor ungguling prang pupuh | matur nêmbah sang rajaputri | kasoran tan kasoran | unggul botên unggul | mung sampeyan katiwasan | para ratu laire unggul ing jurit | nanging paduka tiwas ||

5. digdayane putri Kaelani | Kelaswara tuhu măndraguna | kasoran ngêpak unggule | tuna daganganipun | ing laire bathi ing batin | têtêlasane uga | lair batin ngukup | prawirane Kelaswara | gêgitike lumayu anggitik alis | gêlaripun utama ||

6. sêlamine têmpuhing ajurit | tan wontên unggule kang wadya Rab | amanggung kasoran bae | picondhang singa magut |

--- 4: 174 ---

para ratu kang nandhang kanin | rinêjahakên kuda | nuju manggih unggul | putra sampeyan ing Selan | pun Pirngadi ambanting putri prajurit | pun Dèwi Ambarsirat ||

7. Kelaswara nuntên amiyosi | rayi tuwan sang prabu ing Selan | Lamdahur sor titih prange | nuntên ingkang têtulung | raka tuwan Natèng Kohkarib | kasoran kasêrakat | Kelaswara wuru | amung kang dèn undhamana | kang tinantang raka paduka Sang Amir | kang agung sinumbaran ||

8. mubêng nèng papan saru dènnya ngling | pamuwuse mring raka paduka | siya-siya sêsumbare | nuntên ki lurah magut | kang dipati ing Guritwêsi | maras sarêng tut wuntat | nèng kuda ambuntut | Kelaswara duk tumingal | yèn Wong Agung ingkang miyosi ngajurit | matak măntra wikrama ||

9. darbe tali sêrambut gêngnèki | askardiyu ingkang tinangsulan | datan kawruhan ing ngakèh | akirab rikmanipun | rajaputri ing Kaelani | gumaludhug ing wiyat | asêngara limut | prahara gora ru-ara | gêtêr-patêr guntur kêtug gêgêtêri | lesus mêsês sangsaran ||

10. baskara ri tidhêm wêtu riris | riwut siwat-siwut awurahan | kadya pinusus gègère | bingung pating bilulung | bubar kuwur ingkang abaris | sagung gêgaman gigal | saking astanipun | kuda pun askarduwijan | pan katuntun ing tali sêrambut prapti | manjing sajroning taman ||

--- 4: 175 ---

11. pan siniku praptaning turanggi | wus dinikêp lawan kang nunggang |[44] kêbandhang senapatine | rame prang taman lulut | gêlar rukêt asilih ukih | wong Menak gung kasoran | binănda ing sampur | binalênggu ing paprêman | enjingipun Kelaswara nuntên balik | amukul nagri Kelan ||

12. salin babah rame kang ajurit | bingang-bingung buh mungsuh di rowang | wong Arab mingêr barise | wadya Kelan lumurug | taman lulut pinurwèng jurit | Rajèng Kelan kasoran | wêsana anungkul | abêr ngasmaradilaga | mungsuh putra nungkul Sri Kelanjêjali | sampun amor ing taman ||

13. pan kapiran Sang Raja Mêdayin | mingak-minguk ngulon ngetan nora | nora ngidul nora ngalèr | anggêgrêg barisipun | enak-enuk ing tamansari | inggih pun Kelaswara | ngantuk nêmu gênuk | gênuk mas isi sêsotya | pira-pira jumantên isining bumi | kaduwe Kelaswara ||

14. asru krodha putri Parangakik | langar têmên putrine wong Kelan | têmu pèk dudu bojone | baya tan ana wong ayu |[45] para putri ngisoring langit | amung Si Kelaswara | gumampang-gumampang |[46] mamak ladak ngidak-idak | ngorakakên putrine wong Parangakik | dubilah nora talah ||

15. pan kumitir talingane kalih | gigit lathi akêcoh ludira | kadi siram karingête | kêndhitira marucut | rontog rantas arontang-ranting [arontang-ra...]

--- 4: 176 ---

[...nting] | pratăndha sangêt duka | netranya kumukus | hèh nanti mar Kelaswara | ayu têmên bêcik têmên angêngêrig | bêra begal angêntal ||

16. Kelaswara apa balung wêsi | balung waja otot rante kawat | têmbaga tawa kulite | budhêg bêdhat sagunung | tambung laku kêpati-pati | apa tan ngrungu warta | yèn ana ngêndhukur | kang kasongan ing awiyat | kang sinăngga ing bumi kang dèn idêri | sajêmbaring samodra ||

17. ana isine putri sawiji | nêgri Parangakik ana mungal | ing jagad anglela dhewe | ngumandhang dhuwur mêndhung | apêparab Sudarawêrti | kalok ing pramudita | gumawang ngênguwung | wus kasub kaonang-onang | măndraguna wirutama ing ajurit | prawira widigdaya ||

18. nora katon wong pan katon pitik | lagi tumurun kalêbu toya | Si Sudarawêrti kiye | putri Cina tumungkul | duk miyarsa waspa drês mijil | ketang nutuh sarira | lupute amuput | putrine Sang Rajèng Kelan | masang wuwu wuwungan iwak marani | nungsung jambale kêna ||

19. matur nêmbah Sirtupilaèli | lah kakang bok punapa dinukan | bok inggih têka kajênge | măngsa dadak puniku | ngasorêna paduka inggih | nanging Rêtna Sudara | mila sangêt nêpsu | wêlas mring kang rayi Cina | raya-raya wêkasan kari ing kardi | lan Dèwi Kelaswara ||

20. mung puniku kagagas ing galih | Rêtna Sudara lir anuwêka [anuwê...]

--- 4: 177 ---

[...ka] | wong sèwu sadina bae | kang tanpa dosanipun | ingkang rayi gung ngarih-arih | Rajaputri Karsinah | ingkang ngêlus-êlus | lan Sang Rajaputri Cina | pan ingarih maring Sirtupilaèli | dhuh yayi Adaninggar ||

21. sarèhêna nalanira yayi | amupusa iya pirang bara | wong anyêngkêr dhingin pinèt | anggêpên wong bêbruwun | rajaputri ing Kaelani | iya măngsa ngalahna | kang wus lawas iku | anyawèni sok sabara | tarimaa lawas inggale pinanggih | yayi subrangtanira ||

22. wusnya dalu bubar kang apikir | putri Cina tan bisa angucap | sêrêt andalit uwange | sadangunira nêpsu | ingkang raka Sudarawêrti | lan putri ing Karsinah | tan nambungi wuwus | pijêr tumungkul kewala | waspanira adrês kasok duk umijil | praptaning pêsanggrahan ||

23. niba kasur amujung aguling | langkung nguyang ing sariranira | dhasare gêdhe nêpsune | tan ana dharat ketung | supe marang kang raka kalih | Parangakik Karsinah | kalingan ing nêpsu | murub kadya binêranang | Kelaswara kang katon sajroning galih | kapusthi ing wardaya ||

24. kudanira kinambilan aglis | kêpraboning aprang wus sinandhang | kawot ing turăngga kabèh | anyilib sêdyanipun | wus ambêke wong Cina êdir | măngsa sun kangèlana | mocok murdanipun | mila datan tur uninga | mring kang raka Karsinah lan Parangakik | dene alampah dhustha [dhu...]

--- 4: 178 ---

[...stha] ||

25. nitih kuda ngithar rajaputri | maring taman lulut sêdyanira | pukul sêdasa angkate | saking pakuwonipun | êlêt wana tuwa sathithik | buron malang tinunjang | milar mungêl nguwuh | hèh putri Cina balia | mêrak muni cêngungong lor wetan saking | kadya mangsit wangsula ||

26. ula naga nèng marga ngadhangi | blêgêdaba warak purun nêrak | anggêrêngi pangèsthine | sang putri aja laju | abot putri ing Kaelani | Kelaswara prawira | pan lagi jinunjung | dêrajat kaprajuritan | ula naga tinunjang kèdêk kang pêthit | kumalangsar anasar ||

27. kèndêl pakuwon ing Maledari | tan adangu lajêng lampahira | ing taman lulut praptane | ing wanci têngah dalu | Adaninggar lajêng ngidêri | sawêwêngkoning taman | matak sirêpipun | sariranira sang rêtna | dadi gêni prawira angrasa sêbit | nanging sudira wuta ||

28. dhêdhêp sirêp rêrêp tamansari | wong akêthèn tan ana sêbawa | kêna pêngaribawane | kang adoh tamansantun | pakuwone kang pra dipati | gumêdêr swaranira | kang turut bata gung | jawi bata jroning bata | datan ana swarane walang asisik | manjing sang putri Cina ||

29. sirêp kabèh kang rumêksa kori | anggêlasah korine punika | kunci dèn watuki gogrok | lajêng lan kudanipun | sabên kori dipun watuki | praptèng kori kasapta | têdhake sang ayu | ngiwa marang kulon lawang | turanggane cilêncang[47] wit nagasari |

--- 4: 179 ---

lajêng mring gêdhong têngah ||

30. nèng panirat cèthi para putri | pawongane wus sirêp sêdaya | rêbah saênggèn-ênggène | ya ta wau Wong Agung | luwar saking dènnya mong rêsmi | asare sêkalihan | kaecan anutug | jêjêp sang rêtna juwita | sarwi nyangking gêndhewa lawan jêmparing | pêdhang lêntring curiga ||

31. ngangsêg-angsêg napase sang putri | dènnya sampun cêlak pêsarean | tansah pinênthang langkape | tumindak malih maju | mirèkakên pawongan guling | langse jaba winiyak | kang saos ing ngriku | inya babu miwah êmban | lan parêkan kênya kang dèrèng birai | sami rêbah bêlasah ||

32. kantun tigang sap winiyak kalih | panggenane saosan dhaharan | miwah inuman sakèhe | putri Cina andulu | kang inuman gêlas sumandhing | sangêt uyang kasatan | cinandhak dèn inum | miyak langsene wêkasan | pan katingal tunggil ulês kang aguling | lir lintang mor ing wulan ||

33. têbah jaja sumaput apipit | nalanira kêbak ing dêduka | kadya ingobar driyane | tumindak malih maju | binarengkal ingkang aguling | uwal dènnya rangkulan | katon cahyanipun | Kelaswara kadya lintang | mor ing sasi ngling alon sang rajaputri | ayu Si Kelaswara ||

34. angungkuli si dijuwing iki | para putri sangisoring wiyat | cacade têka têmu pèk | putri Cina adangu | ngunadika sajroning [sajro...]

--- 4: 180 ---

[...ning] galih | yèn bêcik ja alaa | eman têmên lampus | yèn sira aja kêthuha | pêsthi suwe ngulati kaya sirèki | hèh pidhir Kelaswara ||

35. sinawang-sawang kalih kang aguling |[48] lah ta dene layanane iya | têka gampang atut bae | tinubruk têka kabruk | mènthèl putri ing Kaelani | dangu sang putri Cina | mêtênggêngêndangu | sigra cancut pêkak madya | Kelaswara sinêndhal sukune kering | kagyat sigra kumlebat ||

36. Kelaswara sakêdhap ningali | mring kang nyêndhal ing sakalebatan | wêruh yèn dudu wong kene | graita lamun pandung | dhasar putri wantêring jurit | dèrèng kongsi siyaga | mêdal kalih pinjung | adandan sarwi lumampah | kuthetheran pêdhang liniga cinangking | lah maling antènana ||

37. payo angrok băndawala pati | wong ing ngêndi maling kliwat mamak | ora kulak parungune | adol warta sirèku | lamun putri ing Kaelani | Kelaswara prawira | widigdaya tangguh | hèh aja ngoncati dhustha | putri Cina sugal dènira nauri | ya kene Kelaswara ||

38. duk miyarsa prênahe dènnya ngling | tinêrajang kalingan jêmbangan | kadhupak ing pancolote | jêmbangan gêdhah sumyur | Kelaswara asru dènnya ngling | maling êndi ta baya | pagene lumayu | Adaninggar asru mojar | aja ganas pan ingsun nora ngoncati | Kelaswara anunjang ||

39. asru mêdhang putri Cina nangkis | sami

--- 4: 181 ---

pêdhang amêdhang-pinêdhang | rame rok ukêl pamuke | dangu rok pêdhang caruk | angakua aranmu maling | yèn sira tambuh ingwang | Adaninggar ingsun | putri adi saking Cina | Kelaswara angling kalingan sirèki | putri Cina kang gila ||

40. Kelaswara astanira kering | ambênêrakên ing gêlungira | durung tata sasuwene | saking kaburu nêpsu | asta têngên mêdhang anitir | kang kiwa kadhang nyandhak | gêlung lawan pinjung | mung asta têngên kang aprang | asta kiwa gujêngi gêlung lan tapih | sêdangune mangkana ||

41. tangkis-tinangkis pêdhang makangsi | udrêg uthik ukil main pêdhang | prawira sami rikate | sami prakosanipun | sami wantêr awase sami | mung kacèk putri Cina | wus siyaga dangu | Kelaswara durung dandan | parandene tan asor dènira jurit | dhasar putri digdaya ||

42. si balêdhos jurit tan wruh isin | si tampikan dene sae gêsang | dêlap urip sira mènthèl | eman rupamu ayu | mung cacade jalêbut bêngis | mêsum bêtah ing wirang | dhêrusul anjêmbrung | lamun putrine wong Kelan | nglakonana kaya sira nora sudi | pira laraning pêjah ||

43. têka imul putri apa iki | ingong têtela pratingkahira | si tampikan tanpa gawe | suwita bakal maru | acêcaya sira duk myarsi | putri Cina amêdhang | asru muwung-muwung | tinadhahan sami pêdhang | parêng rêmpu angling putri Kaelani | tan arsa mundur ingwang ||

--- 4: 182 ---

37. Durma

1. sira bêlis unggula jêr wus siyaga | ingsun pan mêntas guling | pantês kasorana | jêr maksih kuthetheran | lamun putri kang sayêkti | măngsa arêpa | mungsuh wong durung rakit ||

2. anauri sira Rajaputri Cina | dandana dijêjuwing | dilêntring dèn inggal | aja suwe kewala | Kelaswara sigra manjing | sampun siyaga | sakêpraboning jurit ||

3. mêdal prapta ing ênggène Adaninggar | ênya ta iki bindi | parise masanga | dèn aris aprang gada | putri Cina ngadêg aglis | nampani gada | gada-ginada gênti ||

4. mubal gêni parise katiban gada | gantya rok silih ukih | dangu main gada | tan ana kang kasoran | angling putri Kaelani | si bêra ngadhag | têka angarah pati ||

5. laku cidra pratingkahe si urakan | yèn putri kang sayêkti | lamun arsa aprang | nganggo nonjok pênantang | ambungên astanirèki | lah mambu apa | si amis si ditampik ||

6. apa arsa mèlu kaya Kelaswara | putri ing Kaelani | kariya prayoga | prawira kasêmbadan | kari pantês kari laris | kari pidêksa | kari sêdhêp prakati ||

7. kari manis gandrês luwês kaduluran | măngsa kaya sirèki | putri ngadhag-adhag | ana pinggir dêdalan | padha ewa kang ningali | ariyak mutah | ngumbêl-umbêl si juris ||

8. sapolahmu kithal nora kabênêran | olah prang olah pikir | anasar anasak | bêlasak [bêla...]

--- 4: 183 ---

[...sak] karosakan | endah trahing ratu bintit | bêntêt abantat | wong kucir kocar-kacir ||

9. măngsa dadak nimbangana Kelaswara | putri ing Kaelani | bêranyak acagak | ladak nora cak-êncak | putri Cina duk miyarsi | lara karuna | Kelaswara dijuwing ||

10. sumangkeyan putri ayu pinêrbutan | ing sagunge para ji | aja amêmanas | payu têka payua | tibane patinirèki | sigra ginada | jumêbrèt tibèng tangkis ||

11. dangu rame dènnya prang gada-ginada | gada tan migunani | sarêng buwang gada | rukêt jambak-jinambak | ulêng mubêng salin ukih | uwal kasingsal | gapyuk sarêng nêkani ||

12. sumyur ingkang jêmbangan gêdhah sinampar | dangu ramening jurit | pêthetan bêlasah | bosah-basih katunjang | kang aprang udrêg angukih | sêndhal-sinêndhal | marucut salin uncit ||

13. Kelaswara mênthang langkap binarêngan | putri Cina jêmparing | parêng pêsatira | panahe Kelaswara | cinandhak ing asta kering | pinutung sigra | tikêl binuwang siti ||

14. jêmparinge Adaninggar wus cinandhak | mring putri Kaelani | munggèng asta kiwa | tinikêl-tikêl samya | binuwang kinipat têbih | lantaran panah | sami digdayanèki ||

15. dangu sayah dènira panah-pinanah | tan ana migunani | wusnya aprang panah | lèrèn ngabên santika | nulya sami rukêt malih | candhak-cinandhak | ulêng tarik-tinarik ||

16. Kelaswara

--- 4: 184 ---

sor titih yèn rêrukêtan | kantun agêng lan inggil | inggil putri Cina | Kelaswara pidêksa | nanging kaduk wantêr ati | candhak-cinandhak | ukêl tarik-tinarik ||

17. Kelaswara sinabêt talikêm tular | sumêlèt ingkang kêni | walikate kiwa | jumbul pêdhês karasa | pinindho pilingan kêni | mumêt sang rêtna | krodha sru dènira ngling ||

18. jêrku apa putri ala prangmu cidra | nganggo gêgaman eblis | iya antènana | sun mulih mèt gêgaman | Adaninggar asru angling | amêdhatia | sêbit ingsun antèni ||

19. Kelaswara sapraptaning pasarean | brangkang ngulonirèki | panahe kang raka | Risang Surayèng Jagad | têturunan saking nabi | lêluhurira | Jêng Nabi Iskhak nguni ||

20. duk pinanggih anèng salêbêting taman | sarêng lawan turanggi | pan pun kalisahak | lawan kêpraboning prang | gêgaman kabèh mêpêki | panah punika | iya ingkang kinardi ||

21. duk anumpês dênawa diyu rêksasa | ditya gandarwo uwil | duk anèng Jabalkap | dene panah punika | wus karanggèh nulya mijil | prapta ing jaba | nudingi sarwi angling ||

22. payo bintit tadhahana panah ingwang | aja na nguciwani | gêrèt mênthang langkap | tajêm ingarah-arah | lumêpas ingkang jêmparing | gêbyaring wulan | padhange kang marêngi ||

23. pan kacundhuk jajanira putri Cina | nginggile susu kering | anrus ing walikat | niba

--- 4: 185 ---

Sang Putri Cina | gêladrahan anèng siti | asambat-sambat | kangbok Sudarawêrti ||

24. tulungana kakang bok kula palastra | wontên ing tamansari | kangbok tulungana | rêbutên jisim ingwang | gawanên mring Parangakik | nuwun apura | kangbok Sudarawêrti ||

25. dene kula aprang tan atur uninga | marang paduka inggih | mangke manggih papa | mimikan ing paduka | parêng orêg wukir gonjing | lindhu prakêmpa | gêtêr-patêr nêkani ||

26. Kelaswara anjêtung ngadhêp kewala | ngungun wêlas ing galih | riris wêtu gêlap | kilat thathit liwêran | kadya tangise kang langit | bela karuna | mring kang kadya mas kentir ||

38. Maskumambang

1. kêlangsaran putri Cina kawlasasih | mara Kelaswara | jurên pêdhangên wak mami | aja andêdawa lara ||

2. sambat-sambat kangbok Sirtupilaèli | ingsun tulungana | prang lan putri Kaelani | juputên kuwandaningwang ||

3. aturêna mring kangbok Sudarawêrti | dimèkne ginawa | marang bumi Parangakik | êbong candhinên ing kana ||

4. mèh sumaput tingale sang rajaputri | rama ji wêrtakna | putranira angêmasi | ibu kawula mit pêjah ||

5. salin cipta katon putri Parangakik | jêmparing nèng jaja | anrus ing walikat kering | ewuh lamun pinocota ||

6. èngêt ing tyas wulange Sudarawêrti | kalimah sahadat | kang ugêr ginawa mati | Adaninggar

--- 4: 186 ---

nungku cipta ||

7. dhuh kakang bok Rajaputri Parangakik | dulunên kawula | pocotên jêmparing iki | kang tumancêp anèng jaja ||

8. pan winatak sahadatira sang putri | wuruke kang raka | Rajaputri Parangakik | kalimah kalih tan gethang ||

9. pan sumêbut wau jêmparing kang manjing | malêsat umêsat | sumêmbur êrah nututi | sumirat rudira pêthak ||

10. Kelaswara langkung wêlas waspa mijil | lawan maras-maras | dukane Sudarawêrti | lawan sang putri Karsinah ||

11. ya ta wau Wong Agung Surayèng Bumi | wungune anendra | kang rayi datan kaèksi | wontên pawongan satunggal ||

12. angawruhi solahe gustinirèki | yèn aprang lan dhustha | andulu angintip-intip | nanging agiris tumingal ||

13. dadya wangsul ênggène ing dagan malih | tan tahan tumingal | dulu solahing ajurit | Wong Agung alon ngandika ||

14. ana ngêndi gustinira yayi dèwi | parêkan tur sêmbah | punika wontên ing jawi | aprang lawan duratmaka ||

15. sampun dangu wau wontên tamansari | kumêpyur tyasira | wau kalane miyarsi | Wong Agung Surayèng Jagad ||

16. sigra mijil jêmparing arsa cinangking | dinulu tan ana | nêrka binêkta kang rayi | maling saking êndi baya ||

17. praptèng jawi katingal sang rajaputri | angadhêp kewala | mungsuhe gumuling siti | wêntise kesisan sinjang ||

18. kasorotan dening gêbyaring kang

--- 4: 187 ---

sasi | tuwin kang wêdana | kadya kêncana sinangling | Kelaswara duk tumingal ||

19. mring kang raka ngadhêp ngadhêpêk ing siti | kathah aturira | lawan kathah kang kaèksi | tabêt rêrêmpon gêgaman ||

20. lan pêthetan rusak sami bosah-basih | tilas ramening prang | jêmbangan gêdhah sirnanting | angungun Sang Kakungingrat ||

21. eram saking tilas ramening kang jurit | maksih ngantak-antak | Adaninggar durung mati | animbali Umarmaya ||

22. pan Wong Agung ketang wêlase tan sipi | putrining narendra | angluwihi ing para ji | sinêmbah samaning raja ||

23. sugih brana wibawa angrèh upêkti | mangkya anèng paran | kungsul ing pratikêlnèki | nêmu pati siya-siya ||

24. dyan sinundhang mring Wong Agung Jayèngmurti | Rêtna Adaninggar | pêgat-pêgat matur aris | Wong Agung paringa toya ||

25. lan wontêna pangèstu antarèng pati | sampun ngantak-antak | pan kawula sampun manjing | dhatêng kakang bok Sudara ||

26. wus winulang mring kangbok Sudarawêrti | ing agama mulya | sarengat Nabi Ibrahim | agama ingkang minulya ||

27. Kelaswara prapta dènnya ngambil warih | ing conthang mutyara | inginumakên tumuli | wusnya nginum putri Cina ||

28. narik napas Adaninggar angêmasi | Umarmaya prapta | ingkang badhe ngusadani | sang rêtna sampun palastra ||

29. samya ngungun Wong Agung kang waspa mijil | miwah Umarmaya | eram dene rahnya putih | Umarmaya aturira [atur...]

--- 4: 188 ---

[...ira] ||

30. paran karsa langkung saru rèh puniki | saru loking jana | dene ta sang rajaputri | yèn maksih anèng ing taman ||

31. botên wande anggêpok ingkang wêwadi | lamine rinêksa | ing mangke pan sănggarunggi | kalêdhokan panggraita ||

32. sapêkantuk sakênane nêktiyari | yèn wontên ing taman | mendah putri Parangakik | lawan putri ing Karsinah ||

33. pêsthi duka dhatêng putri Kaelani | sayêkti dèn langgar | Kelaswara dèn pêjahi | sênadyan inggih runtika ||

34. botên dosa linyok anêkyari budi | pan amrih raharja | sampun kongsi dadi pati | Wong Agung nurut kewala ||

35. Umarmaya animbali ratu kalih | Baritma lan Harjan | kang kinèn angusung sami | kunarpane putri Cina ||

36. pinarnahkên jawi pakuwon Mêdayin | nuntên byar raina | Umarmaya lajêng maring | pakuwon Mariyobara ||

37. botên marêk ing Dèwi Sudarawêrti | mung putri Karsinah | Rêtna Sirtupilaèli | winartanan sarwi liwat ||

38. lajêng marêk ing Rêtna Sudarawêrti | putri ing Karsinah | umatur saha wotsari | wau pun kakang Marmaya ||

39. awawêrti[49] kang Dipati Guritwêsi | saking kakesahan | jawi pakuwon Mêdayin | wontên kunarpa wanodya ||

40. inggih rayi paduka sang rajaputri | yayi Adaninggar | tyas kula akêtir-kêtir | sêdalu mêgatruh uyang ||

39. Mêgatruh

1. yèn mêngkono sira

--- 4: 189 ---

padha lawan ingsun | sawêngi asênig-sênig | ana apa maras ingsun | Sumbita mênyanga aglis | mring tarulaya pakuwon ||

2. yayi dèwi timbalana dèn agupuh | Sumbita tur sêmbah mijil | ya ta gênti kang winuwus | pakuwon Natèng Mêdayin | opyak lamun wontên layon ||

3. pinariksa putri Cina layonipun | katur ing Raja Mêdayin | sigra-sigra wêdalipun | Nusirwan sêksana prapti | lênggah nèng nguloning layon ||

4. tiningalan nyata layoning sang ayu | ing Cina sang rajaputri | nora samar sang aprabu | anjêlih Raja Mêdayin | nangis sarwi bêkah-bêkoh ||

5. pan kêtawis tatu ulêng tingalipun | ngandika Raja Mêdayin | Baktak kapriye pikirmu | ing tingal kawula gusti | labêt aprang sami wadon ||

6. dhuh punika atur kawula pukulun | pan inggih botên andugi | ingkang dados mêngsahipun | kawula ajrih mêstani | inggih nuwun măngsa borong ||

7. iya patih pan uwis kaduga ingsun | iki karsaningsun patih | sun wadhahi karsaningsun | kêncana saosan mami | kyana patih awotsinom ||

8. yèn suwawi pinundhutakên pukulun | caosane para aji | alon ngandika sang prabu | măngsa padhaa apatih | kêlawan kagungan ingong ||

9. lawan iku iya Baktak karsaningsun | sun êtêrakên pribadi | layone sang putri iku | aku cara wong agrami | namur tan nganggo [ngang...]

--- 4: 190 ---

[...go] kêprabon ||

10. wus pinêndhêt kagunganira sang prabu | têgêse krêndha anênggih | apan tabêla puniku | lumrah kaprah nora kèri | saparane pan ginotong ||

11. kang tabêla êmas bobote rongèwu | kagungan Prabu Mêdayin | kang wus kaprah bobot sèwu | wau ta sang rajaputri | ingêmot anèng ing kono ||

12. angandika sira Sang Prabu Mêdayun | hèh Baktak sapungkur mami | kabèh bala ing Mêdayun | sumiwia anak mami | kabèh ingkang para katong ||

13. pan Si Irman Si Urmus lan Si Sêmangun | sumiliha kang siniwi | kabèh bala ing Mêdayun | ngiringa sebaa sami | marang Si Jayèngpalugon ||

14. yèn wong Menak atêtakon marang ingsun | mulih mring nêgri Mêdayin | ngong tinggal putra katêlu | kang sumiwi Jayèngmurti | sandika patih wotsinom ||

15. abusêkan ki patih dandan pêpikul | Nusirwan pijêr prihatin | agung jêtung ngadhah-adhuh | gèdhèg-gèdhèg anyalumik | tangi mawanggambar joto ||

16. sangêt nglamong yèn sampuna ratu agung | kunêng malih kang winarni | utusane kusuma yu | Rajaputri Parangakik | animbali sang lir sinom ||

17. putri Cina tinimbalan tan kêpangguh | suwêng kesahipun wêngi | malah mangke dèrèng rawuh | ban Siwang Siwung nulya glis | mring pasanggrahan Mariyo ||

18. prapta nêmbah mring Sudarawêrti matur | pukulun sang rajaputri | rayi paduka [pa...]

--- 4: 191 ---

[...duka] ing dalu | kesahe lawan turanggi | tan mawi bala sawiyos ||

19. malah mangke rayi paduka tan rawuh | tan kantênan purugnèki | pan kawula arsa nusul | sabêne tan liya mriki | sang rêtna brêbêl wêtu loh ||

20. wus kaduga ature kang rayi wau | Dèwi Sirtupilaèli | Karsinah Rêtna Rabingu | lamun pakuwon Mêdayin | ana kunarpa wong wadon ||

21. ngandika sru Sudarawêrti rawat luh | yayi Sirtupilaèli | sun têtela pakaryèku | tiwase arinirèki | andhustha maring pakuwon ||

22. pakuwone iya Sang Raja Mêdayun | ana kunarpa pawèstri | sun iki arsa umagut | sapa ingkang amatèni | pêsthi sun ukum ing kono ||

23. prajurite Cina dèn prayitnèng kewuh | Siwang Siwung nêmbah mijil | karuna turut dêlanggung | wau ta sang rajaputri | durmane angrêbut layon ||

 


Kurang dua suku kata: wonge cacah satus pitung puluh. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang aji gih kasêktènipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: lawan kaananipun. (kembali)
panunggale. (kembali)
munggèng. (kembali)
age. (kembali)
anèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: patutane Kakungingrat. (kembali)
wus. (kembali)
10 Bumi. (kembali)
11 Rajaputri. (kembali)
12 barêng. (kembali)
13 lèngsèr. (kembali)
14 mungguh. (kembali)
15 pêsanggrahan. (kembali)
16 gosong. (kembali)
17 nungsung. (kembali)
18 Biasanya guru lagu u: wuwusirèku. (kembali)
19 sêsumbar. (kembali)
20 matur. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: Kya Patih Baktak jajare. (kembali)
22 Jamum. (kembali)
23 maring. (kembali)
24 kalih. (kembali)
25 botên. (kembali)
26 têngara. (kembali)
27 uning. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: nora kuwur kapiyarsi. (kembali)
29 pêdhang. (kembali)
30 Joharmanik. (kembali)
31 kuwêl. (kembali)
32 tibèng. (kembali)
33 Rajaputri. (kembali)
34 lan. (kembali)
35 Yusupadi. (kembali)
36 anumpêsakên. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: Kelaswara ngandika rum. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: prapta nyêkêli turangganipun. (kembali)
39 Sudarawêrti. (kembali)
40 lintang. (kembali)
41 Kelana. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: mênawa kabrangas dadi. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: sinèlèhkên ing siti Sang Rajèng Kelan. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: wus dinikêp lawan kang anunggang. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: baya tan na wong ayu. (kembali)
46 Biasanya guru lagu u: gumampang-gumampung. (kembali)
47 cinancang. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: sinawang-sawang kalih kang guling. (kembali)
49 awêwarti. (kembali)