Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 189–256)

Judul
Sambungan
1. Almanak, H. Buning, 1938, #1130. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 001–050). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
3. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 050–116). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
4. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 117–188). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
5. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 189–256). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
6. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 257–331). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
Citra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Têtimbanganing Kawontênan-kawontênan ing Ngalam Donya.

Ing nêgari Amerikah wontên satunggaling tiyang juru pangêmong singa pêjah dipun cakot lêmut. Kawontênan punika sangêt anggumunakên lan botên timbang. Tiyang ingkang sabên dintênipun tansah kêmpal kalihan ratuning bêburon wana saha sagêd ugi pêjah margi dipun tapuk dening ratuning bêburon wau, têka ing têmbe wingking piyambakipun pêjah jalaran dipun cakot lêmut, satunggaling kewan ingkang alit sangêt.

Ing măngka kawontênan ingkang nêmbe kêdadosan punika kados ta: bilih tiyang pêjah dipun cakot lêmut punika botên agumunakên,[1] ing tanah Indhustan gunggungipun tiyang pêjah ingkang dipun cakot lêmut punika wontên satunggal yuta ing dalêm sêtaunipun, etangan punika namung gunggungipun tiyang-tiyang pêjah jalaran dipun cakot lêmut malariyah Anopheles kemawon.

Kadosdene ingkang sampun dipun sumêrêpi ing ngakathah lêmut punika namung murugakên sumêbaring sadaya pênyakit.

Miturut kawontênan pêrkawis pênyakit malariyah ingkang sampun kêdadosan, wontênipun pênyakit punika amargi saking kewan ingkang [kang...]

--- 190 ---

[...kang] anularakên pênyakit parasieten ingkang alit sangêt, ingkang dipun sêmprotakên dhatêng salêbêtipun rah tiyang.

Mila kêlêrêsan sangêt wontênipun obat kininê punika ingkang asalipun saking wit kinah, saking dayaning kininê punika kewan-kewan ingkang nularakên pênyakit sagêd dipun sirnakakên babar pisan.

Kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau ing ngalam donya punika sadaya wontên têtandhinganipun utawi têtimbanganipun, kula sadaya dipun ancam dening pênyakit malariyah, margi saking wontênipun lêmut-lêmut lan kewan-kewan ingkang anularakên pênyakit ingkang tansah anggodha kula sadaya, ananging kosokwangsulipun kula sadaya sagêd angsal pitulunganipun jampi kininê ingkang kangge nulak.

Sarana obat ingkang kasêbut ing nginggil wau kathah tiyang ingkang pikantuk pitulungan saingga saras babar pisan.

Kangge nêgari-nêgari ingkang wontên pênyakit malariyah mila kininê punika kathah sangêt paedahipun, ingkang dipun unjuk sawêtawis wêgdal, dene pangunjukipun kados cara jaman kina inggih punika ngantos pintên-pintên wulan punika sampun botên umum malih. Têtiyang nyambutdamêl ingkang sasampunipun ngunjuk sapintên jampi kininê sagêd nyambutdamêl têrus.

Pakêmpalan ingkang ngurus pêrkawis pênyakit malariyah Malaria

--- 191 ---

Commissie ingkang dipun wontênakên dening Volkenbond sampun mêrtelakakên bab paedahdipun[2] saha saenipun kininê punika.

Sampun dipun umumakên bilih têtiyang kêdah ngunjuk kininê kathahipun 1-1,2 gram, sadangunipun 5-7 dintên, sarta kalamăngsa pênyakit punika thukul, tiyang wau kêdah ngunjuk kininê malih sadangunipun wêgdal kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

__________

Yèn ana wong kasilêp ing kêdhunging kali, kabèh bae ing sabisa-bisa kajibah mitulungi, yagene yèn ana wong kolêg ing kêdhunging asèp, kang akèh têka malah kaèsi-èsi, tur iku padha bangsane nêmu kasusahan lan iya padha-padha arêp nyukupi butuh.

Sampun Ambabar.

Ingkang kaping VI.

Sêrat Wulangrèh anggitan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping IV, ing praja Surakarta. Amarsitakakên, nistha - madya - utamining lêlabêtan, pêrlu sangêt katupiksa dening para mudha - wrêda ingkang sami anggayuh kautamèning ngagêsang.

@@@@

--- 192 ---

PIRANTOS PAMANGSULING SOROT ABRIT (REFLECTOR) KANGGE PADAYANTRA.

Anjagi kawilujênganing para ingkang numpak Padayantra.

Kadosdene ingkang sampun sami kauningan, miturut bab 17 ayat 1 adêg-adêg d., ingkang kaping kalih ing salêbêting pranatan Wegverkeersverordening ingkang kasêbut ing staatsblad taun 1936 angka 451. Para ingkang numpak Padayantra ing wanci dalu, inggih punika ing antawising surup dumugi malêthèking surya, punika katêmtokakên kêdah mawi lêntera ingkang sagêd nyorotakên sunar abrit mawingking, dene pangrakitipun wontên ing perangan wingking, sarta kaangkaha sagêdipun sumorot têrang ing wêdal kasunaran dening lampu utawi pêpadhang ingkang nyoroti.

Pranatan wau amrih kalampahanipun, ugi katêrangakên ing bab 20 saking Wegverkeersverordening, lan sampun katêmtokakên sarana kêkancingan V en W bijblad 13699, ingkang nêrangakên yèn pirantos (Reflector) wau kêdah sagêd mangsulakên sorot dhatêng sadhengah pêpadhang ingkang anyoroti, dene pirantos wau katêmtokakên saking gêdhah abrit ingkang karakit ing Padayantra perangan wingking, sarta gagragipun kêdah ingkang sampun dipun akêni sae dening Directeur Verkeer en Waterstaat.

Miturut kabar ingkang kita pirêng, ing sapunika sampun wontên pintên-pintên gagraging pirantos pamangsuling sorot ingkang sampun kaanggêp sae dening Directeur kasêbut ing nginggil, sarta ugi sampun kawartosakên dhatêng pangagêng-pangagêng nagari saindênging tanah Hindia, dhatêng pangagênging provincialeraad, sarta dhatêng raad kabudayan ing Sumatra wetan.

Wara-wara sarta katrangan ingkang katêrangakên namaning

--- 193 ---

pirantos ingkang sampun kaangêp[3] wau, punika pangagêng-pangagêng nêgari pêrlu paring sumêrêp dhatêng sadaya têtiyang, sarta ugi dhatêng para pulisi utawi bêbahu pamarentah ingkang tinanggênah nindakakên babagan panêrak pranatan, yèn kawontênaning pranatan wau kangge sawatawis mangsa tumrapipun ingkang dèrèng anêtêpi cêkap kaèngêtakên rumiyin, sabab ing sasampuning pranatan wau tumindak, sadaya kemawon têmtu lajêng sami mangrêtos piyambak.

Ingkang punika, pranatan kasêbut ing nginggil, kados inggih prayogi yèn kita pacak wontên ing udiyana ngriki supados sagêd kawuningan dening ngakathah, ingkang tundonipun sagêd lajêng tumuntên sami ngangge pirantos ingkang sae wau wontên ing padayantranipun. Bab punika botên namung kangge anyêkapi pranatan ingkang sampun kadhawuhakên sarta kaêsahakên dening pamarintah wau, nanging ugi pêrlu kangge rumêksa dhatêng kawilujênganipun piyambak, inggih punika sampun ngantos kalampahan katumbuk dening sanèsing têtumpakan ingkang saking wingking.

Ing ngandhap punika katrangan saking kawontênaning pirantos pamangsuling sorot (Reflector) ingkang sampun kaanggêp sae dening Directeur Verkeer en Waterstaat.

Namaning pabrikTandha têngêring pirantosKatrangan
Aug. Maier K. G. Singen a/H.Aug. Maier. K. G. Singen a/H.Bulldog B. A. 13Gagrag agêng.
IdêmBulldogGagrag alit
Persons-Majestic Mfg. Co. Worcester Mass., U. S. A.Persons-Majestic Mrg. Co. Worcester Mass., U. S. A.-,-

--- 194 ---

Namaning pabrikTandha têngêring pirantosKatrangan
Joseph Lucas Ltd. EnglandJoseph Lucas Ltd. England-Approved No. 154-,-
Botên kasumêrêpanFairylitf Pat. No.233002. Prov.Pat.29094-33 N.P. No. 107.
J. A. Philips & Co. Ltd. Birmingham (England)Lamplyke regd. Crt. No. 157 P. Pt. 21809/36Tandha ciri mawi lètêr pêthak.
Fongers.F. G. 1.

pp.

__________

Êlunging waluh padha garagehan luru cêkêlan kang supaya aja kongsi kasimpar-simpar, ewadene akèh bae uwong kang ora ngêrti marang ajining awake, sok ngono apa pintêr waluh.

--- [195] ---

[Iklan]

--- [196] ---

[Iklan]

--- 197 ---

WÊWARAH PANGRUKTINING: SARIRA, BUSANA, SARTA TRAPSILA.

Angèling-angèl punika botên kados pandamêl "Pados jodho ingkang sagêd trêp kalayan idham-idhamanipun", sabab têtêping nama jodho punika makatên sadaya manising sêsadon kêdah sarwa mathis; ing mangka ingkang bakên piyambak punika sêsadoning ati-budi, lah kadospundi rekanipun anggèning sagêd nyumêrêpi ing sadèrènging kêkêmpalan, ing mangka miturut bakên kasusilan Jawi, nama omgang-omgangan punika botên tumindak, saya manawi ngangge wêwarahing Agami Mochamad.

Mila caraning para sêpuh kina, manawi badhe pados mantu utawi semah, punika dipun gagapi saking asaling naluri, dene kawontênanipun naluri punika gêrbanipun makatên:

1. Wijiling atapa.
2. Trahing ngawirya.
3. Turuning kaskaya.
4. Talitining tani.

Mila makatên sabab: Atèn-atèn utawi bêbudèning lare, punika padatan botên têbih kalayan tiyang sêpuhipun, jalaran kajawi saking katumusan, inggih margi saking pakulinan sarta sêsawangan, dados inggih angèmpêri wontêning bêbasan dhusun: Kacang mangsa tinggala lanjaran.

Nanging sayêktosipun dèrèng cêkap yèn ta namung ugêr sampun angsal saking salah satunggaling titikan kasêbut ing nginggil, nanging masih wontên saêbab malih ingkang pancèn wigatos, inggih punika bab: Pêthuking sêsawangan (kalêbêt ugi wêwijangan saranduning sarira).

Rèhning bab sêsawangan punika pancèn inggih ewoning wigatos, lah kadospundi dene têka botên kalêbêt dhatêng tatanan caraning pamilih; Bab punika dugi-dugi namung sabab saking saru tingalipun, langkung-langkung mênggahing wanita,

--- 198 ---

dados sanajan bab wau kawilang wigatos, nanging êtrapipun cêkap kalayan batos-batosan kemawon.

Ingkang punika, sanajan bab wau kagêmipun namung batos-batosan, naming rèhning nama wigatos, dados botên wontên awonipun yèn kawigatosan wau, inggih punika kawajibaning para wanita mênggahing sêsawangan kakung, sawatawis kababar ing udiyana ngriki, sokur sagêd kagêm mangka pemuting alimut, sabab:

Kathah-kathahipun para wanita bangsa Jawi, punika manawi dèrèng nambut silaning akrama, pancèn inggih katingal tabêri ngrukti sarira lan busana, nanging kapirsana, manawi sampun kalampahan krama, lêkas-lêkas ingkang pancèn sampun prayogi wau lajêng malik garembyang, langkung-langkung manawi sampun apêputra, adhakanipun tansah pating sêmboyot, rema ajêgan madhul-madhul rakiting balegriya ngalênthar kathetheran, manawi dipun aruh-aruhi utawi dipun èngêtakên, wangsulan ingkang sampun cumêpak makatên: Jaragan wong wis tuwa, ora kobêr sabab saka ngrumat bocah lan ngrêmbug butuh ngomah.

Wangsulan kados makatên wau dipun kintên sampun mapan, nanging supe yèn sisihanipun taksih bêtah sêsawangan ingkang ngrêsêpakên; Nuwun-nuwun, ing mangka mênggahing wanita punika bêtahipun ingkang wigatos, sagêda dipun rêsêpi utawi angsal sihing kakung, lho punika ngaturakên prasaja, mila upami wontên wanita lajêng anglirwakakên pamardining sarira, punika inggih prasasat anyênyuda rêsêp sêsawanganing kakung.

Ing sarèhning babagan ngrukti sarira, ngrukti busana lan ngrukti trapsila, punika sampun dados kawajiban mênggahing wanita, mila ingkang prayogi tumindakipun kaanggêp satunggaling sêsanggèn ingkang kêdah mêsthi katindakakên, sokur ngagêm wêwarahing sêrat Candrarini sarta Wulang Èstri, angèngêtana [angè...]

--- 199 ---

[...ngêtana] suraosing têmbung bojo = boja = sêsuguh; Bab punika ing dalêm raosing kakung ngantos dados wangsalan ingkang têmbungipun makatên:

Ora susah bok liwêtke, anggêre alus gêlunge, utawi: kêna lali bumbu pawon, aja lali bumbu paturon; Lho! Sanajan punika tuwuh saking basa cêclêmêdan, saking anggèning amrih rêsêping sêsawangan, sabab beraging manah kakung punika botên kados yèn ningali semahipun sarwa lêbda ngrukti sarira lan busana, botên kok purunipun dandos namung yèn badhe jagong utawi nêningali kemawon, malah lêrêsipun makatên ing ndalêm punika inggih langkung pêrlu, kapirsana yèn mênggahing wanita punika ingkang dipun pamèri sanès tangga utawi kanca sapajagongan, nanging mligi kakungipun (bab punika cêkap wontên ing pamrayogi piyambak).

Pêpancèning Pangeran, pakulitaning wanita punika beda yèn tinimbang lan kakung, dados upami ajêg rêsikan, ingkang pakulitanipun pêthak inggih sumêblak blengah-blengah, ingkang jêne inggih gumarining, mbok ingkang cêmêng pisan inggih mawi manis.

Bab pangangge.

Panganggening padintênan wanita ingkang sampun krama, punika botên kêdah sarwa inggal sarta sae, nanging anggêr rêsik singsêt lan prasaja, punapadene pêrlu kêdah sagêd anjodhokakên, upami: nyamping, rasukan lan kasêmêkanipun.

Wanita ingkang sampun krama, punika manawi ngagêm-agêm utawi badhe mundhut agêman, prayogi sumanta dhatêng kakungipun, sabab ingkang nama "pantês", punika botên namung gumantung dening karsa lan sênêngipun piyambak, nanging dhatêng panyawanging liyan. Mila kathah kemawon wanita ingkang kacêkapan sarta manawi ngagêm-agêm namung anut sênêngipun piyambak, sanajan agêmanipun wau sarwa sae, paribasan ngantos kados toko lêlampah, nanging dhawahipun [dhawah...]

--- 200 ---

[...ipun] lajêng dados raosan utawi gêgujêngan. Kosokwangsulipun, sanajan namung sarwa prasaja, nanging sagêd ngêtrapakên lan amêmatut, punika mêthi dados penginan.

Dene bakên ugêring agêman wanita, punika lênggahipun wontên ing tigang prakawis, inggih punika: nyamping, rasukan lan ukêl; Mila ing ngriki sawatawis badhe anêrangakên agêman tigang bab kasêbut wau inggih punika:

1. Bab nyampingan.

Nyampingan punika ingkang prayogi ing jangkah ngandhap kapara ciut nanging botên sarimpungan sarta botên jigrang, cêkapan lêrês ing polok, dene ing perangan nginggil, wiwit saking lêrês cêthik minggah prayogi ingkang radi kêndho; Pangagêming sêtagèn, urut saking nginggil mangandhap dumugi pocong nginggil ingkang karaos sami kêndho kêncêngipun.

2. Bab rasukan.

Saening agêm rasukan punika botên dumunung dhatêng sae utawi awising badhe, nanging ingkang pêrlu wontên ing bêdhahan, kaangkaha ingkang sagêd trêp turut kalihan potonganing sarira, sampun ngantos wontên ingkang muntir utawi malêndhung, dene landhungipun ing wingking kaangkah anggêr sampun sagêd nutupi sêtagèn sarta ing perangan ngajêng prayogi langkung landhung.

3. Bab ukêl.

Nama lan gagraging ukêl punika warni-warni, kados ta: ukêl malang, kondhe, bokor mangkurêp, kondhe cina, gondhèl, lugas lan sanès-sanèsipun malih.

Mênggahing sêsawangan paningal jalêr, ukêl punika ingkang prayogi lêkêring remo ing têngah sampun ngantos katingal mêncu, prayogi kapara kêndho, dene andhap inggilipun watawis anutupi githok, sarta ukêl punika prayogi kapara kagêngên tinimbang lan kalitên.

--- 201 ---

Bab trapsila.

Wajibing wanita, ing wanci enjing sadèrènging kakungipun badhe kesah nyambut damêl, punika kêdah sampun rêrêsik sarira sarta cêcawis ing sapêrlunipun, manawi dèrèng kobêr siram, inggih cêkap suryan rumiyin, anggêr agêman sampun singsêt botên kaleweran sarta rema botên madhul-madhul, pangkating kakungipun badhe nyambut damêl mawi kauntapakên dumugi latar ngajêng sarwa ulat ingkang manis lan patrap ingkang ngatingalakên bêktinipun; sabab mênggahing kakung, ningali istrinipun ingkang kados makatên wau, punika rumaos angsal pasangon ingkang botên kenging kapetang.

Ing wanci kakungipun wangsul saking padamêlan, cêcawisan sampun cumawis langkêp,[4] sarta sampun busana sarwa rêsik lan pantês; Dhatênging kakungipun dumugi ngajêng griya, kapêthukakên kanthi ulat sumèh sarta mawi pitakèn inggih bab punapa kemawon ingkang têmbungipun sajak amrehatosakên upami; kok kasèp rawuhipun, punapa kalêrês kathah padamêlan, punapa wontên sambekalaning margi, utawi kok kundur sadèrènging wanci, punapa sêlo padamêlan, punapa sarira kirang dhangan, makatên sasaminipun, kalayan ndhèrèkakên tindakipun ngantos dumugi ing dalêm, dene sadaya tindak-tindak wau kêdah botên tilar kawiragan.

Priyantun jalêr ingkang tansah kajuju dening putrinipun, kasusilan ingkang makatên wau, punika limrahipun sampun rumaos mukti sarta mêsthi kasok katrêsnaning pranggalihipun. (Makatên wau kajawi tiyang jalêr ingkang pancèn dhasar bambung). Ewodene kathah-kathahipun wanita inggih mêksa wontên, dupèh dhatênging kakungipun saking padamêlan botên lajêng têrus mêthuk dhatêng kambêngan abên kucing, wangsulipun sawêg dumugi latar kemawon sampun pêthrèk-pêthrèk sarwi anoncong sêlof badhe kaganjarakên kakungipun, ingkang makatên wau sumangga kemawon.

--- 202 ---

Cêkap samantên rumiyin bab andharan angrukti: sarira busana lan trapsila mênggahing wanita. Wasana kula prêcados yèn para priyantun putri botên kagungan panggalih: "Kuwi rak padune wong lanang kang pamrihe mung arêp mênang". O! Botên makatên, sabab andharan ing nginggil punika wau, ingkang badhe ngundhuh wohipun inggih panjênênganipun para putri piyambak, angêtrêpi bêbasan: Kalah lair, mênang batin. Sumangga kacobia.

k. Dw.

__________

Kautamaning budi iku angungkuli pangajining kadonyan. Suprandene arang kang ora mitambuhi, sok ngono apa pilih ala nampik kang bêcik?

--- 203 ---

Têdhakan Kuran VII.

Sambêtipun Sêrat Pananggalan Taun 1937.

Surat Ali Ngimran[5]

Tinurunake ana nagara Madinah, rongatus ayat.

Awit ingkang asma Allah, Kang Maha Murah tur Kang Maha Asih.

Alip lammim,[6] ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba amung Allah, kang gêsang tur kang jumênêng angrèh ulahing para titahe.

Kang wus andhawuhake kitab Kuran marang sira Mukhamad, kalawan nyata, tètès lan surasane kitab kuna-kuna ing sadurunge [sadu...]

--- [204] ---

[Iklan]

--- 205 ---

[...runge] andhawuhake kitab Kuran, Allah andhawuhake kitab Torèt lan kitab Injil, minăngka pituduh marang manusa. Lan uga andhawuhake sarupaning kitab kang ambedakake bênêr lan luput.

Sarupane wong kang maido ayating Allah, iku bakal dipatrapi siksa kang abot, dene Allah iku mulya tur kagungan siksa kang abot.

Allah iku ora kasamaran anggone nguningani samubarang kang ana ing bumi lan kang ana ing langit, Allah iku kang namtokake rupanira ana ing pranakane biyung miturut sakarsane. Ora ana sêsêmbahan kang bênêr kajaba mung Allah kang mulya tur kang wicaksana.

Iya iku kang andhawuhake kitab marang sira, ing kono ana ayat kang cêtha pirang-pirang, kabèh iku dadi baboning kitab, lan uga akèh ayat kang surasane samar. Dene wong kang atine ambêlasar, banjur padha milih ayat kang surasane samar mau, pamrihe dianggo maeka nasarake wong, lan disurasa sakarêpe dhewe, kang măngka ora

--- 206 ---

ana kang sumurup surasane ayat kang samar mau kajaba mung Allah. Dene wong kang wus padha kukuh kawruhe padha ngucap: aku mung ngandêl yèn ayat kang surasane samar iku, têrang saka karsane Pangeranku, kang mangkono iku ora ana kang ngèlingi kajaba wong kang padha ganêp akale.

Dhuh Pangeran kawula, sasampunipun tuwan nêdahakên dhumatêng kawula, mugi sampun lajêng ambêlasarakên manah kawula, punapadene Tuwan mugi paringa sih saking ngarsa Tuwan dhumatêng kawula. Tuwan punika Dat,[7] ingkang kaparêng sangêt pêparing.

Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika ingkang ngimpun sakathahing manusa binjing dintên kiyamat, ingkang sampun botên sumêlang badhe kêlampahanipun, Allah punika mêsthi botên nyidrani janji.

Sarupane wong kang padha kapir, iku bandhane lan anak putune ora ana bisa nulak siksaning Allah saka ing awake sathithik-thithika, dene wong kapir iku kabèh dadi urub-urubing naraka.

--- 207 ---

Kaya kalakuaning wadyabalane Raja Pirngon, lan para umat sadurunge Raja Pirngon: ana, iku padha maido ayating Allah, Allah nuli ngrusak wong mau kabèh marga saka dosane, dene Allah iku siksane abot.

He Mukhamad: sira dhawuha marang sarupane wong kang padha kapir, yèn bakal padha dikalahake lan padha digiring marang naraka jahanam, iya iku ala-alaning lèmèk.

Satêmêne sira wus padha duwe kupiya, iya iku wong rong golongan kang padha arêp-arêpan pêrang (nalika pêrang ing badar), kang sagolongan mangsah sabilullah, dene kang sagolongan liyane, iku wong kapir, golonganing wong Islam, andêlêng golonganing wong kapir kalawan pandêlêng mata, udakara kèhe tikêl loro, ewadene Allah nyantosakake wong kang dadi kaparênging karsane sarana pitulunge, kang mangkono iku mêsthi dadi kupiya tumrap marang wong kang padha duwe pikir.

Manusa iku diiming-imingi dhêmên sarupane pêpenginan, iya iku wong wadon ayu, lan anak akèh, lan sugih [su...]

--- 208 ---

[...gih] băndha kang nglumpuk, sugih êmas lan salaka, lan sugih jaran kang bêcik, lan sugih rajakaya, lan sugih têtanduran, kang mangkono mau kabèh padha kabungahaning kauripan ing donya, dene Allah iku kagungan bêcik ing wêkasan.

(He Mukhamad), sira dhawuha: kowe padha tak kandhani barang kang luwih bêcik ngungkuli kabèh mau, sarupane wong kang padha wêdi ing Allah, iku besuk ana pangayunane Pangerane duwe suwarga kang sangisoring kêkayone ana bêngawane mili, anggone manggon ing suwarga padha langgêng, lan padha duwe bojo widadari pirang-pirang kang padha suci, lan padha olèh karilane Allah, dene Allah iku mirsani para kawulane.

Iya iku wong kang padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, kawula punika ngandêl ing Tuwan, mila Tuwan mugi ngapuraa dosa kawula, sarta Tuwan anglêpatna siksa naraka dhumatêng kawula.

Tur kang padha sabar lan padha têmên pangandêle ing Allah lan padha [pa...]

--- 209 ---

[...dha] ngabêkti ing Allah lan padha wèwèh, lan padha nyuwun pangapuraning Allah ing wayah lingsir wêngi.

Allah nêksèni yèn satêmêne ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, apadene para malaekat lan para wong kang duwe kawruh uga nêksèni mangkono. Allah jumênêng kalawan sidik, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah kang mulya tur kang wicaksana.

Mungguhing Allah kang dianggêp agama, iku mung agama Islam, dene pasulayane wong akèh kang wis padha diparingi cêcêkêlan kitab kuna, iku kalakone mung sawise padha kalêbon kawruh, pamrihe mung padha têtukaran, dene sing sapa maido ayating Allah, iku wêruha yèn Allah iku panimbange rikat bangêt. (He Mukhamad) manawa wong kapir mau padha madoni ing sira, sira banjur mangsulana: aku ngênutake raiku ing Allah, wong kang padha manut ing aku, iku iya mangkono uga. Lan manèh sira dhawuha marang wong kapir kang padha duwe cêcêkêlan kitab lan kang ora duwe cêcêkêlan kitab: sira padha Islama dene yèn wong kapir mau [ma...]

--- 210 ---

[...u] banjur padha Islam, mêsthi padha olèh pituduh, nanging yèn padha mlengos, ingkang mêsthi kawajibanira mung andhawuhake dene Allah iku mirsani para kawula kabèh.

Dene wong kang padha maido ayating Allah lan padha matèni para nabi kalawan ora bênêr, lan padha matèni wong kang padha akon ngadil, iku padha sira surupna, yèn bakal padha dipatrapi siksa kang nglarani. Wong kang padha mangkono, iku sakèhing kabêcikane larut kabèh ana ing donya lan ana ing akherat, lan ora ana kang bakal nulungi ing wong mau. Sira apa ora wêruh wong kang padha diparingi panduman Kitab Torèt, supaya khukum pranataning Torèt mau tumindaka marang wong mau. Ing kono banjur ana wong sagolongan amlengos lan padha mopo. Anggone mangkono iku amarga wong mau padha ngucap: Aku ora bakal kacêmplung naraka langgêng, satêmêne mung sawatara dina bae kang karuwan cacahe. Dene anggone padha ngamandaka mangkono mau, nasarake marang awake bab agamane. Lah kapriye kadadiane wong iku [i...]

--- 211 ---

[...ku] ing besuk nalikane padha ingsun impun ana ing dina kiyamat kang wis ora sumêlang bakal kalakone, sarta sakèhing awak padha ditindakake wêwalêse barang kang wis padha dilakoni dhewe-dhewe, tur ora padha dikaniaya. (He Mukhamad) sira munjuka: Dhuh Allah, dhuh kang ngratoni para ratu, Tuwan punika ingkang maringi karaton dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan, saha ingkang mundhut karatonipun tiyang ingkang Tuwan karsakakên, punapadene Tuwan punika paring kamulyan dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan, saha nitahakên asor dhumatêng tiyang ingkang Tuwan karsakakên, awon kalayan sae punika wontên ing ngasta Tuwan, sayêktosipun Tuwan punika nguwasani samukawis. Tuwan punika ingkang nglêbêtakên dalu wontên ing siyang, saha nglêbêtakên siyang wontên ing dalu, punapadene Tuwan punika ingkang ngwêdalakên barang gêsang saking barang pêjah, saha ngwêdalakên barang pêjah saking barang gêsang, makatên ugi Tuwan punika paring rêjêki tanpa takêr dhumatêng tiyang ingkang dados kaparêngipun karsa Tuwan. Para wong mukmin aja padha asih

--- 212 ---

utawa pitaya marang wong kapir, sanajan uga pitaya marang wong mukmin, iya ora kêna, sing sapa nglakoni mangkono mêsthi ora kawilang barang-barang (warga) tumrap agamane Allah, kajaba yèn sira mawa kuwatir, wêdi marang si kapir mau. Allah mêdèkake sira kabèh, diwêdèkake marang sarirane, sira kabèh bakal padha diimpun bali marang pangayunaning Allah. (He Mukhamad) sira dhawuha: Allah iku nguningani sakrêntêging atinira kabèh, sanadyan sira êndhêm bae utawa sira wêdharake ora beda, lan uga nguningani samubarang isining langit lan isining bumi kabèh, Allah iku nguwasani samubarang. (He Mukhamad) sira nyaritakna dina kiyamat, kang ing kono sarupaning awak padha nêmu kabêcikan kang wis padha dilakoni, cumawis ana ing ngarêpe, dene piala kang wis padha dilakoni, iku karêpe kang duwe ala, adoha kang nganti katon nyamut-nyamut, Allah mêdèkake sira abèh marang sarirane, dene Allah iku wêlas mawang para kawula. (He Mukhamad) sira dhawuha: manawa kowe padha dhêmên mring Allah,

--- 213 ---

iya padha manuta marang aku, Allah mêsthi asih marang kowe lan uga ngapura marang sahèhing[8] dosamu, dene Allah iku maha ngapura tur maha asih. Lan manèh dhawuha: kowe padha manuta ing Allah lan rasul, dene manawa kowe padha mlengos, kowe padha wêruha yèn Allah iku ora rêmên wong kang padha kapir. Satêmê Allah milih Nabi Adam lan Nabi Nuh lan sarirane Nabi Ibrahim lan sarirane Kyai Ngimran, ngungkuli wong sajagad, turune sawênèhing nabi samono mau dipilih ngungkuli turuning liyane, Allah iku miyarsa tur nguningani. (He Mukhamad) sira nyaritakna wong wadon bojone Ngimran, nalikane munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, kawula aprasêtya ing Tuwan, bayi ingkang kawula kandhut punika kawula caosakên mardika ngladosi ing Tuwan, mila Tuwan mugi nêmbadanana sacipta kawula, saèstu Tuwan punika miyarsa tur nguningani. Bojone Ngimran mau barêng manak mêtu wadon, Allah wis nguningani lairing bayi mau, bojone Ngimran banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, anggèn kawula manak [ma...]

--- 214 ---

[...nak] têka mêdal èstri, ing măngka tiyang jalêr punika kêkiyatanipun botên namung kados tiyang èstri kemawon, dene anak kawula èstri punika kawula namèkakên pun Maryam, pun Maryam wau dalah saturun-turunipun kawula ungsèkakên ing Tuwan, sampun ngantos kenging panggodhanipun setan ingkang tinulak saking ngarsaning Pangeran.

Pangeran nuli nampèni Maryam sarta diprênahake lêlakon kang utama, apadene diwêlagangake awake lan kautamane, Maryam banjur diopèni dening Nabi Zakariya, dene Nabi Zakariya mau sabên malêbu ing pangimaman, wêruh ing sandhinge Maryam ana pêpanganan, banjur takon: He Maryam, pêpanganan iki saka ngêndi. Maryam mangsuli: Têtêdhan punika pêparingipun Allah. Satêmêne Allah iku maringi rêjêki tanpa takêr marang wong kang dadi kaparênging karsane.

Taksih wontên sambêtipun.

--- [215] ---

[Grafik]

--- 216 ---

Sêrat Cariyos Purwa Lampahan Ismaya Laku.

Sambêtipun Sêrat Pananggalan Taun 1937.

1. Pangkur

1. prajurit Nungswakancana | akèh rusak bagawan lan pra aji | kamantyan dukaning kalbu | sigra amênthang langkap | wus lumêpas kang panah maèwu-èwu | kabèh sami mawa wisa | winor surak sarosa tri ||

2. rêmêng-rêmêng ing paprangan | kadi mêndhung ngêndhanu nèng wiyati | kèbêkan panah maèwu | yutan miwah mawêndran | ting calorot kadi cancala atarung | wisa nyêmbur sumamburat | dinulu kadi garimis ||

3. Radèn Dewabrata sigra | mênthang langkap lumêpas kang jêmparing | sirna panah kang maèwu | dadya padhang trawangan | Panêmbahan Kanekabudha sru bêndu | myat sirnaning warastranya | sigra mêrak sawatawis ||

4. sora pangandikanira | hèh duskarta tăndha rêgêding budi | durga ngăngsa gawe dudu | mardi kanang rubeda | de sansaya andarung lakunira dur | mêmati mring sri narendra | dupèh sudibya ing jurit ||

5. lah Surya Dhadhari sira | angakua asalira ing

--- 217 ---

wuri | aywa pijêr andalurung | mudhar tyas kang angkara | yèn kabanjur tandhing lan ingsun tan wurung | praptèng ing antakanira | tangèh lamun nêmu urip ||

6. Surya Dhadhari wacana | tanpa karya jêr ingsun ngudanèni | yèn sirèku pandhita nung | sinêmbah pra sarjana | para ratu myang pandhita sapangrèh nut | tur wruh kang durung winêca | yêkti sira ngawikani ||

7. rèhning wus padha uninga | lah ta sira ywa anggung anênangi | myang mijilkên sabda dudu | tan pinikir ngêlangak | nguwus-uwus tan pantês lamun rinungu | sêru sora gawe rungyan | kadi bangkit angrampungi ||

8. ywa banjur angala-ala | ngèlingana lêlakon kang wus lali | yèn tan eling ingsun luluh | wurung dadi sardula | têmah dadi brêngkutis lan ilu-ilu | lêlêthêk jroning bantala | iku benjang lamun lalis ||

9. yèn wus eling laksitanta | lah pikirên êndi kang laku juti | angkara tyase tan putus | yèn ingsun nora tata | têtêp gawe rubeda tyase nalutuh | tatasên dèn kongsi kentas | dimèn aywa nyênyêpêti ||

10. nanging yèn sira kang durga | ati jail drêngki nora maligi | lah ing kono ingsun gugur | anèng jroning palagan |

--- 218 ---

candrasèngsun măngsa jangganta wus sanggup | nora yèn ngantia gagal | mungsuha sèwu tan wigih ||

11. sang pandhita duk miyarsa | saya liwung dukanira tan sipi | pangandikanira asru | lah monyèt sun tan arsa | aprang catur sanyata tan luput ingsun | sira aywa paripêksa | ngaku-aku nora sisip ||

12. sanadyan bênêr luputa | nora wurung sira tumêkèng pati | katiban warastraningsun | sarwi amênthang raras | wus lumêpas gayuh gêgana lir daru | Dyan Surya Dhadhari awas | gya mênthang panulak aglis ||

13. pur pupug anèng gêgana | asru merang panêmbahan duk uning | gya ngèsthi kang sanjata nung | katrima panuwunnya | gya ingêmbat sanjata pamungkasipun | sugal pangandikanira | hèh monyèt Surya Dhadhari ||

14. lah ing kene patinira | sira wurung mulat gêbyaring rawi | sambata wong atuwamu | gya lêpas kang sanjata | nèng gêgana mangkara-kara amurub | Dyan Surya Dhadhari awas | ngèsthi panulak wus prapti ||

15. lumêpas sanjata dibya | gya kacundhuk kontal panahe rêsi | sanjata dibya wus têrus | tan prayitna sang dwija | pan kasampe sirna saksana amumbul | dadya Hyang Kanekaputra | gya kondur mring

--- 219 ---

Suranadi ||

16. Rêkyana Patih Gurawa | myat sirnaning sang dwija mangsah jurit | sumbar minta tandhing pupuh | Rahadyan Dewabrata | sigra mênthang candrasa sampun sumêmprung | ki patih kênèng jajanya | têrus walikat kêkering ||

17. ambruk kang kuwănda sirna | dadyandini sigra mangawiyati | ya ta pra narendra agung | dupi miyat sirnanya | sang pandhita miwah Patih Gurawèku | sami sru kêkês tyasira | nyipta lamun tan kuwawi ||

18. mungsuh satriya têtiga | Sri Narendra Nungswatrêmbini angling | awrat sinanggi ing pupuh | sampun malih andika | yèn unggula cacak kangjêng sang aprabu | tanapi sang dwijawara | sumawana kyana patih ||

19. miris dewa suralaya | parandene sami kasoran jurit | kadospundi yogyanipun | rowangira manabda | botên langkung kula mung anut sakayun | paran ing prayoginira | nabda Măndrakumara Ji ||

20. lah suwawi asrah jiwa | bokmênawi darbe wêlas mring kami | pra narendra saur manuk | anut sapangrèhira | sigra undhang ngêndêlkên sagung têtabuh | myang bongkoki gêgamannya | pra narendra gya murugi ||

21. mring gyane radèn têtiga | mêndhak-mêndhak tyasira

--- 220 ---

dahat ajrih | prapta gya mangusap lêbu | ririh lon aturira | adhuh gusti pêjah gêsang ulun kunjuk | kunjuk ing ngarsa paduka | kawula sumanggèng kapti ||

22. sanadyan kinarya pêthak | miwah abrit botên grantês samênir | botên nêdya purun-purun | amêngsah jêng paduka | sêdyèng manah tarlèn ayun mulucumbu | saengga praptèng dêlahan | ayya pisah lawan gusti ||

23. Dyan Surya Dhadhari nabda | sarwi mèsêm prasêtyanira iki | ya bangêt panrimaningsun | muga dewa bathara | anjurungi widadèng tyas silèng ayu | yuwana sapandhuwurnya | ayya nêmu sukêr sêrik ||

24. lah ta ingsun atêtanya | saparanmu ngêndi prajanta yêkti | de nganggo anggoning ratu | baya sira narendra | kang dinangu atur sêmbah dhuh pukulun | lêrês sabda pangandika | pun Măndrakumara patik ||

25. Nungswatrêmbini prajamba | lyan punika nênggih sami nrêpati | saking măncaprajanipun | narendra têtêlukan | Radyan Surya Dhadhari ngandika arum | apa ana sêntananya | Sri Dewabudha kang lalis ||

26. Măndrakumara turira | botên wontên jêr sampun sami lalis | radyan malih lon andangu | praja Nungswakancana | duk ing nguni sapa kang

--- 221 ---

jumênêng ratu | sadurunge Dewabudha | mêngku anèng Nungswarukmi ||

27. ingsun duga kaya-kaya | durung lawas dènira madêg aji | Sri Măndrakumara matur | lêrês sabda paduka | sawêg wontên tri warsa dene rumuhun | ingkang umadêg narendra | wontên praja Nungswarukmi ||

28. pan inggih amung kawula | bapa ulun nguni kang madêg aji | dupi bapa sampun sêpuh | winaris mring kawula | ing puwara prajamba kêni rinêbut | dadya ulun angawula | duk wontên lowongan aji ||

29. ing Nungswatrêmbini praja | gya tinanêm ing ngriku praptèng mangkin | rèhning sri narendra surud | paduka jumênênga | amêngku rat praja Nungswakancana gung | amba samya sabipraya | amastuti lair batin ||

30. rahadyan aris ngandika | paman sira kang andarbèni waris | lah sira madêga ratu | ingsun iya kaduga | angêmongi sirèku darapon kukuh | aywa na mungsuh kang prapta | têtêp gyanta madêg aji ||

31. Sri Măndrakumara turnya | dahat mopo kawula madêg aji | sadarpèng tyas yun anjunjung | narendra jêng paduka | sakancamba tan wontên sawalèng kayun | rahadyan mèsêm ngandika | lah iya ta nurut mami ||

32. nanging mung lair kewala | batinira

--- 222 ---

sira kang andarbèni | têgêse mangkene ingsun | jaga pakewuhira | sining praja rajapèni barana gung | kadarbeya jênêng sira | lan manèh ing benjang yêkti ||

33. kalamun sira wus tuwa | atmajanta wajib gumantyèng aji | sabab iku warisipun | Măndrakumara nêmbah | alon matur mundhi timbalan pukulun | ri saksana ingaturan | manjing dhatêng jroning puri ||

2. Asmaradana

1. asmaradana ginanti | wau ingkang kawuwusa | kang wontên jroning kadhaton | pramèswarining narendra | miwah sagung sêlirnya | Dewabudha Mahaprabu | duk myarsa sang nata muksa ||

2. dahat sungkawaning galih | pinupus wus pasthinira | sabyantu yun dhèrèkake | saksana anglinang suksma | kondur marang kaswargan | para parêkan gumuruh | nangisi kang sami musna ||

3. ya ta Dyan Surya Dhadhari | miwah putra myang pra nata | ing pagêlaran praptane | Dyan Surya Dhadhari sigra | ngaturan lênggah dhampar | kancana ingkang binabut | baludru wilis rinendra ||

4. radyan tan lêngganèng kapti | wusira atata lênggah | dwi putra myang para katong | munggyèng kursi dênta pelag | Măndrakumara sigra | jumênêng pêngkêranipun | radèn sarwi nabda [na...]

--- 223 ---

[...bda] sora ||

5. hèh sagunging pra nrêpati | miwah kang para dipatya | tumênggung senapatine | awit pinarêng jawata | Surya Dhadhari Radyan | kula sêngkakkên ngaluhur | gumantya jumênêng nata ||

6. wontên praja Nungswarukmi | jêjuluk Maha Bathara | Surya Dhadhari kinaot | mangrèhkên samèng narendra | lah sintên kang darbe tyas | boya condhong dipun gupuh | matura sami sakala ||

7. pra narendra myang dipati | sadaya saur kulila | tan nêdya sawalèng tyase | ya ta sri narendra sigra | jumênêng lon ngandika | hèh sakèhing para ratu | sira padha ngawruhana ||

8. praja Nungswarukmi iki | dunung nyata warisira | Măndrakumara Sang Katong | marma kalamun ing benjang | sèlèh kaprabon ingwang | Sri Măndrakumara patut | ingkang gumantyèng narendra ||

9. mêngku praja Nungswarukmi | pra narendra atur sêmbah | sumăngga karsa sang katong | sang aprabu sigra lênggah | anut para dipatya | ya ta ngandika sang prabu | marang dwi atmajanira ||

10. hèh ta kulup karsa mami | benjang sawatara dina | sêdhêng sira uwus ngaso | yun angrata tanah Jawa | ana sêdèng[9] tyas ingwang | kang dadya rosing pikirku | mung narendra ing Ngastina [Ngasti...]

--- 224 ---

[...na] ||

11. putra dwi matur wotsari | pukulun amba tan beda | kapyadrêng agea campoh | tandhing prang lan tyang Ngastina | tan lêga raosing tyas | yèn dèrèng amalês ukum | minisakit pun candhala ||

12. Dewabrata nolèh wuri | sarwi angandika sora | hèh ta paman sadayane | mangke karsaning narendra | yun ngrata tanah Jawa | lah paman punapa kasdu | andhèrèk mring kangjêng rama ||

13. angadoni jayèng jurit | yèn kasdu dipun samapta | dhawuhna wadyabalane | narendra ing măncapraja | sarêng matur wotsêkar | kang abdi sampun sabyantu | andhèrèk sabaya pêjah ||

14. sampun ingkang nandhang kanin | sanadyan praptèng antaka | botên garantês yêktine | sri narendra angandika | sun trima prasêtyanta | prayogane budhal ingsun | benjang ri Soma ing ngarsa ||

15. tur sandika pra dipati | samana sri naradipa | ngaturan manjing pura ge | Măndrakumara tut wuntat | ya ta sagung dipatya | bibar saking sitiluhur | mring pondhokan sowang-sowang ||

16. kunêng wau tan winarni | duk prapta ing ari Soma | narendra wus pêpak kabèh | anganthi kang balakuswa | pênuh anèng bacira |

--- 225 ---

pra nata mring sitiluhur | sigra miyos sri narendra ||

17. lênggah ing dhampar rinukmi | dhawuh bikak gêdhongira | ingkang mèsi donyartane | pinaringkên pra punggawa | kang sinabdan sandika | saksana kang gêdhong agung | mèsi donyarta binuka ||

18. sinungkên sampun waradin | sagung ingkang balakuswa | bupati senapatine | sami sru sukèng wardaya | mangkin gambiraning tyas | dadya ngèsthi gea pangguh | lan mêsah[10] campuh ing yuda ||

19. ing kono pamalêsnèki | kadarmaning gustinira | samana sri narakatong | dhawuh nabuh kang têngara | tăndha budhaling wadya | saksana bêndhe tinabuh | ngangkang amunya ing tawang ||

20. gya budhal panganjur jurit | ana kang wahana rata | turăngga miwah èsthine | wênèh adharat kewala | ingiringkên tabuhan | suling sêlomprèt myang tambur | kêndhang gong bèri wurahan ||

21. winor pangriking turanggi | miwah gumêriting rata | kadi bêlahkên bumine | kathah kang sumambung wuntat | narendra măncapraja | sami anitih rata gung | gya Sang Prabu Nungswarukma ||

22. lawan atmaja kêkalih | anitih rata kêncana | kuda yêksa pangirite | yèn tinon saking mandrawa | lir praja kang alihan [a...]

--- 226 ---

[...lihan] | samarga-marga apênuh | lubèr marang wanawasa ||

23. kambah kang wadyabala ji | ebat kang sami tumingal | ginêlak wau lampahe | tantara praptèng muara | sigra anumpak palwa | giyota layar maèwu | duk nguni wus dhinawuhan ||

24. dening Sri Dewabudha Ji | dupyarsa mring tanah Jawa | ki patih kang dhawuhake | marma mangkya wus sadhiya | wusing kamot jro palwa | tandya bêdhol jangkaripun | lêpas lampahe wus prapta ||

25. sungapan Ngastina nagri | nulya minggah mring dharatan | akarya pasanggrahane | sagunging janma kang pêrak | kèh sami rinusakan | dadya gegeran lumayu | ngungsi marang jro nagara ||

26. sigêg gantya kang winarni | kocapa Sri Suyudana | kalawan para kadange | sadina-dina prayitna | panjaganing nagara | tan pêgat ing siyang dalu | asikêp kapraboning prang ||

27. nanging asrêping panggalih | Sri Narendra Suyudana | de wus sirna panyakite | tur rayi ing Madukara | anjaga jro kadhatyan | marma inguja sakayun | myang anggung sinuba-suba ||

28. ya ta duk ri Soma Manis | sang prabu miyos sineba | narendra têtêlukane | miwah pra kadang sadaya | tan [ta...]

--- 227 ---

[...n] ewah lênggahira | Sri Ngastina ngandika rum | mring raka Sri Baladewa ||

29. kaka prabu kadipundi | wartaning praja Ngastina | punapa nir bêbayane | Sri Baladewa turira | saking bêrkah paduka | praja tuwan yayi prabu | sirna kanang rubedanya ||

30. nadyan mêngsah ingkang prapti | sampun ngêpang jroning praja | wikan samangke puruge | kula upaya tan panggya | sampun dangu sirnanya | dadya têntrêming pra wadu | agêng alit padhusunan ||

31. Sri Ngastina ngandika ris | lêga raosing tyas kula | sampun nir sambekalane | nanging kakang paduka ywa | nyirnakkên tyas prayitna | jêr mêngsahe dèrèng têluk | manawi nukup sing wuntat ||

32. ya ta wau kang winarni | palayune wong padesan | ngungsi marang jro prajane | kagèt wong padesan jaba | dupi wus titipriksa | wontên mêngsah langkung agung | sigra katur ing sang nata ||

33. lamun wontên mêngsah prapti | saking praja Nungswarukma | kathah pra wadyabalane | ambêkira dahat rêsah | ngrisak janma padesan | têmah sami bubar kêbut | tinggal bale wismanira ||

34. sami ngungsi jro nagari | tan wontên purun anglawan | kalangkung agêng kang mungsoh | sri narendra duk miyarsa | langkung gugup tyasira [tyasi...]

--- 228 ---

[...ra] | Baladewa Sang Aprabu | duk myarsa atur kadyeka ||

35. bangun runtiking panggalih | jaja bang mawinga-winga | kadya bêl mijil agnine | goyang palênggahanira | kumitir kanang asta | kithal pangandikanipun | hèh yayi prabu parênga ||

36. kula mêthukakên jurit | nganthi kang sata Kurawa | myang Ngawăngga dipatine | Sri Ngastina saurira | inggih sumanggèng karsa | hèh paman patih dèn gupuh | andika mêdal ing jaba ||

37. dhawuhkên pra wadya sami | ki patih matur sandika | manêmbah saksana lèngsèr | Sri Baladewa ngandika | hèh yayi mas Arjuna | myang Karna lah payo gupuh | mapag mungsuh ingkang prapta ||

38. ywa kongsi manjing nagari | pinêthuk jabaning praja | kêkalih sumăngga ture | sampun pamit sigra bidhal | kêbut para narendra | adipati myang tumênggung | tumrun saking sitibêntar ||

39. sang nata gya manjing puri | jroning tyas dahat marasnya | kunêng wau winiraos | bala ing Nungswakancana | wusing karya pondhokan | saksana budhal angêsuk | marêpêki jro nagara ||

40. ya ta pra Kurawa sami | wus prapta jabaning praja | ayun-ayunan lan mungsoh | sigra ngrakit gêlaring prang | antuk papane rata | dupi

--- 229 ---

pêrak asru muwus | bala ing Nungswakancana ||

41. sun sawang ing ngarsa iki | baya prajurit Ngastina | ayun mêthukkên prang ingong | lah măngsa kêlara sira | mungsuh wong tanah sabrang | aja si kuwuk pêlêngus | bisaa unggul ing yuda ||

42. nadyan dewa Suranadi | giris mulat dibyaningwang | angur sira nungkul bae | nyêmbaha mring gustiningwang | narendra binathara | mahambêg pandhita tuhu | agung paramartanira ||

43. midêr ing rat tan nêmoni | narendra lir gustiningwang | sabar agung dariyahe | kasor dewa Cakrakêmbang | marmanira nungkula | sêlak kabanjur prang pupuh | tan wurung êntutmu minggat ||

44. tur nyawamu bakal manjing | marang naraka jahanam | ya ta dêling pamyarsane | sagunging bala Ngastina | anggung inguman-uman | lir sinêbit karnanipun | sora amangsuli sabda ||

45. hèh wong apa sira iki | wani amasang bandera | lêlayu myang daludage | de anggung angala-ala | prajurit ngêndi sira | wong sabrang sumaur asru | sun prajurit Nungswarukma ||

46. arsa ngrata tanah Jawi | yèn ratunta yun widada | lah aturana dèn age | anêmbah mring gustiningwang | lamun iku lumuha | nora wurung dadi awu |

--- 230 ---

nagaranta ing Ngastina ||

47. Kurawa saure bêcik | dubilah si setan alas | kadi sira lanang dhewe | kabèh titahing jawata | iku padha wanudya | hèh baring lamun arsa yu | yya kabanjur mangun yuda ||

48. bêcik muliha bae wis | yya kongsi mungsuh Kurawa | măngsa tulusa siranon | gêbyaring kang bagaskara | wong sabrang dupi myarsa | sigra mangkrak krura purun | kadi angundurkên yuda ||

3. Durma

1. mangsah ngrana sarwi asurak wurahan | swarane gong myang bèri | lir ruging kang arga | pra Kurawa samana | ngudankên warastranèki | wong tanah sabrang | kathah kang praptèng pati ||

2. katibanan warastra satêmah dhadhal | bubrah gêlaring jurit | Radèn Dewabrata | sigra têtulung yuda | mênthang candrasanira glis | sampun lumêpas | cumlorot kadi thathit ||

3. pra Kurawa katiban warastra dibya | kèh sami nandhang kanin | larut ing payudan | pan kadi sinaponan | Dyan Dursasana sru runtik | mangsah ing rana | nanging gya jinêmparing ||

4. datan pasah kapalêsat tibèng têbah | Dyan Sindurja udani | kamantyan dukanya | sigra mênthang sanjata | barubul mijil makêthi | Dyan Dewabrata | ngêmbat candrasa aglis ||

--- 231 ---

5. wus lumêpas kentas sanjataning mêngsah | siji tan miyatani | Arya Jayadrata | wimbuh ing dukanira | sigrarsa kiwul ing jurit | nging kadhinginan | pinanah Dewasêkti ||

6. jajanira kêna bêl mijil dahana | nora pasah ananging | dhawah sru kantaka | saksana ginongsongan | mring wadya binêktèng wuri | Sri Baladewa | duka yayah sinipi ||

7. sigra mangsah ing rana asru manabda | hèh wong sabrang kapati | gone dur angkara | gawe rusaking praja | bêcik kang tanggon sirèki | ayya ge oncat | tandhing lan sri bupati ||

8. Baladewa narendra gung binathara | lah sapa ranmu gênjik | yya mati tanpwaran | sumaur Dewabrata | hèh nata yèn takon mami | Dyan Dewabrata | putra ing Nungswarukmi ||

9. lah ta enggal katogna kadibyanira | pra wadyanta dèn kêrig | yèn kurang mintaa | bantu marang jawata | tan wurung prajanta mangkin | manira rusak | sun gawe karang api ||

10. nanging lamun sira nêmbah jênêng ingwang | yêkti tulus basuki | Baladewa myarsa | asru mawinga-winga | nanggala sigra pinusthi | mangsah ing yuda | murub nèng astanèki ||

11. Prabu Surya Dhadhari wrin Sri Madura | amusthi nanggala di | gya ngêmbat langkapnya [lang...]

--- 232 ---

[...kapnya] | wus lumêpas lir kilat | tan yitna Baladewa Ji | kênèng sanjata | kabuncang tibèng têbih ||

12. Dyan Arjuna sigra têtulung ing raka | wus mênthang kang jêmparing | lêpas lir cancala | wadya Nungswakancana | kênèng sanjata lir grimis | sru kagegeran | kèh sami ngungsi gusti ||

13. Sang Aprabu Măndrakumara umiyat | sirnaning wadyanèki | gya têtulung yuda | sarwi ngliga curiga | Dyan Arjuna pinarpêki | gya linarihan | kêsêl panyuduknèki ||

14. nora pasah gya cinandhak astanira | sinêndhal tibèng wuri | krungkêb sru kantaka | dupi arsa dinugang | Dyan Arjuna jinêmparing | mring Dewabrata | kontal dhawah ing têbih ||

15. Dyan Arjuna dahat merang ing wardaya | gya wangsul mangsah malih | sarwi atêtanya | sapa ranmu dene ta | rusuh tangkêpmu ajurit | yèn nyata sira | prajurit pilih tandhing ||

16. lah ta payo gosok godhi liru papan | singa tiwas ngêmasi | yya silip mangkana | dudu traping prawira | iku pêrange wong baring | nganggo sakarsa | ninggal pranatan jurit ||

17. kang tinanya sumaur Dyan Dewabrata | putra ing Nuswarukmi | balik sira sapa | bagus rurus sambada | Dyan Arjuna

--- 233 ---

anauri | kadang Ngastina | Pangran Madukarèki ||

18. Dyan Arjuna panêngah Pandhawa ingwang | Dewabrata nabda ris | hèh sira Arjuna | yya kaduk bela tămpa | jamak satriya samangkin | wrata sajagad | suka alaku silip ||

19. ayya sing prang jêr mamrih ungguling yuda | nadyan ayun mring yayi | umadêg narendra | ngêtrapkên laku cidra | iku pikirên pribadi | Radyan Arjuna | mèsêm dènnya nauri ||

20. yèn mangkono tan merang mring dewa mulya | Dewabrata nauri | tan isin manira | sabab dewa minulya | isih karsa laku juti | Radèn Janaka | nauri sabda wêngis ||

21. hèh si baring sanyata durmalaning rat | pantês rinuwat aglis | gya mênthang warastra | lêpas kadi cancala | Dewabrata anglêpasi | panah panulak | têmpuk anèng wiyati ||

22. Dewabrata gya nguculkên warastranya | awas Radèn Jênawi | nglêpasi panulak | kêkalih tanpa karya | panah-pinanah agênti | sami awasnya | tan ana kang ngênani ||

23. nanging Dewabrata èsmu karepotan | Prabu Surya Dhadhari | gya têtulung yuda | kang putra mundur sigra | nabda Sri Surya Dhadhari | lah wong Ngastina | sapa ranmu prajurit [praju...]

--- 234 ---

[...rit] ||

24. angakua mungpung sira maksih gêsang | mêngko tan wurung mati | tandhing prang lan ingwang | Narendra Nungswarukma | Sang Prabu Surya Dhadhari | mahambêk tama | sarjanèng rat di murti ||

25. Dyan Arjuna alon amangsuli sabda | ayya tambuh sun iki | satriya di tama | sudibya măndraguna | Arjuna pêparab mami | kadang narendra | ing Ngamarta praja di ||

26. Prabu Surya Dhadhari asru ngandika | kalingane sirèki | kang sun ajab-ajab | jêr sira satruningwang | kabênêran sira iki | prasasat uga | ula marani gitik ||

27. marmaningsun dadya nglurug angajawa | drapon lan sira panggih | dumadakan mangkya | sira amapag yuda | luwar punagèngsun mangkin | Dyan Parta nabda | barang karsanta dadi ||

28. nanging ingsun yun têtanya marang sira | mungguh darunanèki | sira ngancam-ancam | arsa nyikara ingwang | apa mung saka tyas jail | murka angkara | mahyakkên durga juti ||

29. apa dhasar manira wus darbe potang | potang lara myang pati | mênèk sudarmanta | utawa kadangira | ing nguni ingsun patèni | lamun mangkana | ingsun sarah sakapti ||

30. sri narendra manabda hèh wruhanira | kalamun jênêng mami | apan tuk wêwarah [wê...]

--- 235 ---

[...warah] | saka dewa minulya | yèn ing tanah Jawa iki | ana satriya | kang aran Si Prêmadi ||

31. bagus rurus tur sêkti amăndraguna | ing aprang pilih tandhing | dewa kasor ing prang | nanging tyase candhala | duskarta aluwih drêngki | kêrêp midosa | marang wong kang tan sisip ||

32. marmanira hyang jawata pêparentah | mring sun kinèn matèni | ywa kabacut sira | ngumbar niayanira | bubrah darmaning dumadi | titahing dewa | kabèh anggung makingkin ||

33. nora wignya ngasorakên jênêng sira | saliyane wak mami | marma sun upaya | lah iku karsaningwang | mêngko kabênêran yêkti | dene wus mapag | mêthukkên yuda mami ||

34. Dyan Arjuna mangsuli sru sabdanira | nyênyêngit si kumaki | angaku mêrsanak | kinadang dewa mulya | wruhanamu ingsun iki | kasihing dewa | lamun sun laku sisip ||

35. lah ing kono pra dewa paring sasmita | lêlakon ingkang sisip | ing mêngko katara | dora tyasmu candhala | hèh pantês jinuwing-juwing | nata sru duka | sigra mangsah ing jurit ||

36. sarwi ngagêm wangkingan ingkang lêligan | Dyan Parta anadhahi | anyothe pusaka | awas kêkalihira | duk pêrak sri narapati |

--- 236 ---

ngancup curiga | nging anggung dèn indhani ||

37. malês nyuduk marambah-rambah tan kêna | dangu kalihe gênti | suduk-sinudukan | tan ana antuk karya | sami wasising ajurit | mèh kêmbar warna | jumbuh ingkang ningali ||

38. dadya kèndêl suraking kang wadyabala | miwah gamêlannèki | katungkul anyawang | mring kang abăndayuda | kathah kang maras ing galih | eman lamun ta | tiwasa salah siji ||

39. duk samana Sang Adipati Ngawăngga | dhawuh mring wadya aglis | ngudani warastra | para wadya sandika | kanang bêndhenya tinitir | sarwi asurak | nguculkên warastra glis ||

40. kadi mêndhung dhêdhêt anèng dirgantara | tibèng mungsuh kèh mati | samya kagegeran | dewa sêkti saksana | têtulung wadya kang kanin | sigra lumêpas | panah panulaknèki ||

41. sirna larut sanjata sampun pinanah | dyan dewa sêkti aglis | nusuli sanjata | Sang Adipati Karna | ingkang dèn arah jêmparing | rèh tan wêweka | kacundhuk jajanèki ||

42. nora pasah ananging karaos roga | saksana mundur aris | pra wadya tut wuntat | lumajêng sêsingidan | ya ta wau kang ajurit | sri naranata | lawan Radèn Prêmadi ||

43. dangu dènnya [dè...]

--- 237 ---

[...nnya] angadu kanang curiga | tan ana antuk kardi | sigra kalihira | nyarungkên wangkingannya | saksana rukêting jurit | candhak-cinandhak | asru banting-binanting ||

44. Dyan Arjuna karepotan yudanira | kêrêp tiba kabanting | myang anggung kasêndhal | jinêjak dinugangan | nanging rèhning satriya di | merang mundura | suka matiyèng jurit ||

45. duk samana sariranya mangkin lungkrah | wus nyipta têkèng pati | saksana cinandhak | sru binanting ing kisma | kantêp wus satêngah lalis | tan arsa sambat | tandya cinandhak malih ||

46. gya binuwang sumêmprung kumbul ngawiyat | tan na wruh tibanèki | ya ta pra Kurawa | dupi wrin Dyan Arjuna | kasoran dènira jurit | sigra lumajar | tan ana tolèh wuri ||

4. Pangkur

1. sigêg gantya kang kocapa | Nata Krêsna lawan Sang Bayusiwi | têdhakira sampun rawuh | wêngkon praja Ngastina | sampun dangu nanging Sri Krêsna tan laju | manjing sajroning nagara | ana kang sinêdyèng galih ||

2. ya ta wau sri narendra | kumpul anèng pakuwon lawan ari | myang Gathutkaca kang sunu | dèn adhêp pra prawira | Wrêkodara matur ing raka sang prabu | hèh kakang paran karsanta | tan ayun manjing [ma...]

--- 238 ---

[...njing] nagari ||

3. apa kang sinêdyèng karsa | anèng alas mokal antuka kardi | sang nata ngandika arum | têka sira mèndêla | sêdyaningsun tan arsa manjing kadhatun | sabab praja ing Ngastina | wus ana mungsuh kang prapti ||

4. tandhane ingsun miyarsa | swaraning prang anèng jabaning nagri | Sang Wrêkodara umatur | saya lamun mangkana | payo enggal marang paprangan biyantu | yèn Arjuna anèng kana | ana marasing tyas mami ||

5. Bathara Krêsna ngandika | yya kasusu yayi prakara jurit | pasrahna ing jawata gung | tatanên dadyanira | kabèh padha sikêpa kaprabon pupuh | dèn alon ayya kasêsa | enakna tyase wadya lit ||

6. lah ta kulup Gathutkaca | dèn prayitna payo têtulung jurit | kang putra tur sêmbah nuwun | wusing parentah samya | pradandanan sangkêp tandya budhal gupuh | alon-lonan lampahira | ya ta kawuwusa malih ||

7. Dyan Arjuna kang binuwang | dhawah anèng jawi paprangan têbih | kantêp dangu datan emut | dupi duk kasiliran | samirana èngêt tyase pungun-pungun | wus pêpak pramananira | emut lamun tandhing jurit ||

8. yun wangsul marang paprangan | tan kawawa [ka...]

--- 239 ---

[...wawa] bayuning angga sami | dahat sungkawaning kalbu | suka menggal palastra | saya kathah ingkang ginagas ing kalbu | èngêt mring prêpat têtiga | sru mêminta gea lalis ||

9. ya ta wadya ing Pandhawa | kang pangarsa têrang dènira mèksi | wontên satriya alungguh | nèng wana tanpa rowang | kawistara dahat sungkawaning kalbu | nora pandung lamun pangran | Madukara Dyan Prêmadi ||

10. wontên mantri gya tur wikan | mring ngarsaning Sang Prabu Harimurti | matur saniskaranipun | sang prabu duk miyarsa | sru kampita gêgancangan têdhakipun | lawan Risang Bayusuta | myang satriya Pringgadani ||

11. duk têdhakira mèh prapta | gurawalan Dyan Parta mêthuk aglis | wus cundhuk tandya rinangkul | dening Sri Danardana | Dyan Arjuna manêmbah sarwi rawat luh | ngandika Sri Padmanaba | yayi kadang sun pribadi ||

12. paran sira anèng alas | ingsun sawang suntrut pasmonmu yayi | sirna bayuning anggamu | apa darunanira | Wrêkodara gêrêng-gêrêng nambung wuwus | hèh enggal sira kăndhawa | ayya ta pijêr anangis ||

13. Dyan Arjuna matur nêmbah | dhuh dewaji rinta nyuwun mit lalis | mèsêm ngandika sang prabu | e lah dene agampang | têka-têka

--- 240 ---

sira pintani mit lampus | lah ya yayi sakarsanta | manira jurung pamuji ||

14. ananging marganing lena | lah wêcakna mring jênêng sun kariyin | sabab sajatining lampus | iku apan dwi rupa | kang sapisan mati utama ranipun | ping pindho mati kêsasar | kang aran mati utami ||

15. rèh sira jênêng satriya | mati aprang dènnya nglabuhi nagri | nglabuhi kadange lampus | miwah mitra karuhnya | dene yayi kang ran kasasar ing lampus | kang kênèng godha rêncana | rêncanane setan eblis ||

16. lawan mati suduk jiwa | mung nuruti saka candhalèng galih | yayi kang mangkono iku | liya kang wus sampurna | uninga mring sangkan paraning tumuwuh | jumbuh ing gusti kawula | iku wus kajaba yayi ||

17. Dyan Arjuna matur nêmbah | dhuh pukulun amba merang tan sipi | dhatêng jawata linuhung | dene kasoran yuda | sami titah Sang Surya Dhadhari Prabu | kang nglurug dhatêng Ngastina | saking praja Nungswarukmi ||

18. ratu sêkti măndraguna | ulun papag ing yuda têmah klindhih | amba binucal sumêmprung | dhawah ngriki punika | badhe wangsul anggalêsah tanpa bayu | tuwan gya rawuh punika | Sang Wrêkodara miyarsi ||

--- 241 ---

19. hèh Janaka mungsuhira | anèng ngêndi sun arsa papag jurit | Sri Krêsna ngandika arum | mêngko yayi dèn sabar | sarwi mèsêm mring Parta ngandika arum | lah yayi ayya sungkawa | dupèh kasoran ing jurit ||

20. lan sri nata tanah sabrang | sira manèh yayi unggula jurit | nadyan para jawata gung | nora kawawa năngga | marma yayi aywa kudu nganyut lampus | èngêta kalamun sira | dadi prajurit linuwih ||

21. lan wus karsaning jawata | ratu sabrang Prabu Surya Dhadhari | tan ana tandhinging pupuh | tarlèn mung pêkênira | Dyan Arjuna umatur saha wotsantun | awrat sangganing ayuda | Sang Prabu Surya Dhadhari ||

22. Sri Krêsna mèsêm ngandika | bênêr abot jêr sirèku maligi | jago doh lan botoh igun | êndi marganing mênang | lah ta mêngko cobanên manira tunggu | Dyan Arjuna lon turira | sandika dhawuh dewaji ||

23. nanging prayoganing lampah | jêng paduka pêpanggiha kariyin | lan Ngastina kaka prabu | dimèn asrêping driya | kawistara badhe biyantu ing pupuh | Sri Krêsna alon ngandika | bêcik karsanira yayi ||

24. hèh ta kaki Gathutkaca | lah undhangna payo têrus tumuli | manjing mring jroning praja

--- 242 ---

gung | sandika kang sinabdan | wusing ngundhang tandya bidhalan gumuruh | lampahira wus mèh prapta | ya ta wau kang winarni ||

25. Surya Dhadhari Sang Nata | duk uninga Parta tan ana bali | nyipta wus satêngah lampus | gya ngudankên warastra | pra Kurawa kênèng sanjata kèh lampus | kang kantun lumayu nginthar | malêbêt jroning nagari ||

26. wong sabrang wus ngangsêg kitha | atut wuri manjing jroning nagari | jro kutha gègèr gumuruh | Sri Narendra Madura | myang Ngawăngga giris amapagna pupuh | dadya sêsingit kewala | Sri Ngastina samana glis ||

27. tutup kori sakèthèngnya | jroning pura pawèstri sami nangis | tambuh-tambuh solahipun | sri nata ngungun ing tyas | sigra undhang arsa lolos sing kadhatun | kunêng wau têdhakira | narendra ing Dwarawati ||

28. prapta sajroning nagara | myarsa warti mungsuh wus manjing nagri | tan ana mêthukkên pupuh | miris para Kurawa | Sri Bathara Krêsna anjujug ing pungkur | sarwi baris pêpêndhêman | narendra gya manjing puri ||

29. miwah Arya Wrêkodara | Dyan Arjuna sami andhèrèk manjing | Risang Suyudana Prabu | dupi wrin ingkang prapta | sigra mêthuk kamantyan sukaning kalbu | nyipta yèn maksih [ma...]

--- 243 ---

[...ksih] waluya | gya cinandhak Sri Krêsna Ji ||

30. kinanthi binêkta lênggah | miwah Arya Wrêkodara Prêmadi | wus sami satata lungguh | Sri Ngastina nambrama | mring Sri Krêsna miwah pra ari sadarum | sinauran sabda kilang | Sri Ngastina matur aris ||

31. kaka ji rawuh paduka | sru cumêplong kang rogantuk usadi | dene mèh bae ginêmpur | mêngsah umanjing kitha | marma kori sakèthèng tandya tinutup | Kurawa lumajêng bubar | sami ngupaya pangungsin ||

32. sèwu sumêlanging driya | yayi Parta kawarti soring jurit | kapupu madyaning pupuh | sokur dene samangkya | wutah wutuh andhèrèk ing yayi prabu | hèh yayi Arjuna paran | pawartane ing ajurit ||

33. Dyan Parta matur wotsêkar | kaka prabu awrat Surya Dhadhari | Kurawa pêrange ambyur | rakanta Sri Madura | lan Ngawăngga wikan puruge lumayu | sêsingid mring wanawasa | nunggil pra Kurawa sami ||

34. Sri Ngastina duk miyarsa | dahan[11] ngungun wasana ngandika ris | lah ta yayi jênêng ingsun | pasrah marang ing sira | apadene yayi mas Wrêkodarèku | dhasar prajanta priyăngga | pun kakang darma mêngkoni ||

35. ya ta sabdaning narendra | wus [wu...]

--- 244 ---

[...s] kapyarsa dening dewa linuwih | surya căndra myang sitèngsu | myang sèsining bawana | myarsakakên pangandikane sang prabu | sumawana Sri Dwaraka | miwah kang rayi kêkalih ||

36. samya nêksèni sabdanya | sigra wontên swara ingkang kapyarsi | nèng gêgana gumaludhug | sêsauran ungêlnya | gêtêr-patêr dhèdhèt erawati têdhuh | guntur kêtug bayu bajra | orêg lindhu bumi gonjing ||

37. sasirnaning gara-gara | Sri Ngastina nyipta dipun sêksèni | dening jawata linuhung | èsmu gêgêtuning tyas | nging sinamun ing netya nora kadulu | Sri Bathara Krêsna nabda | pun kakang sumanggèng kapti ||

38. mapan rinta Wrêkodara | praptèng ngriki ayun bêbantu jurit | marma mangke yayi prabu | rèh mêngsah manjing praja | lamun dangu tan wande praja ginêmpur | yayi Sena myang Arjuna | parênga mêthukkên jurit ||

39. pun kakang ingkang anjaga | Sri Ngastina kamantyan sukèng galih | matur sumăngga ing kayun | Sri Krêsna sigra têdhak | lawan ari kêkalih miyos ing pungkur | wus pangguh lan Gathutkaca | lawan wadyabala sami ||

40. sri narendra dhawuh sigra | ngangsêg marang gyaning mungsuhirèki | duk pêrak papane antuk | sigra nêmbang têngara |

--- 245 ---

mungsuh myarsa kagyat nèng bacira ngumpul | tan têbah lawan narendra | wus masang gêlaring jurit ||

41. ya ta Kurawa Ngastina | duk miyarsa Pandhawa byantu jurit | Sri Krêsna tungguling pupuh | langkung sukaning driya | sigra wangsul marang paprangan akumpul | lawan wadya ing Pandhawa | kamantyan gambirèng galih ||

42. tambah kèhe wadyabala | pan wus timbang lan wadya Nungswarukmi | samana Sri Krêsna dhawuh | malêbèng jro bacira | sisih wetan sandika kang tampi dhawuh | kagyat bala tanah sabrang | sigra ngudani jêmparing ||

43. wong Pandhawa myang Kurawa | sarêng anglêpasi panulaknèki | walês-winalês adangu | datan ana kabranan | Dyan Arjuna nèng ngarsa pribadi gupuh | nyandhak kanang sanjatanya | lumêpas saengga thathit ||

44. wadyabala tanah sabrang | katibanan warastra bosah-basih | kèlês pan kadi winasuh | kang urip langkung susah | sri narendra anarka kalamun mungsuh | iku Arjuna kang lêsah | duk prang ngudi dadak maksih ||

45. urip angadoni yuda | sri narendra mêngkap duka mawrêdi | yayah agea anyuduk | majêng ngarsaning wadya | sru ngandika sun sawang baya sirèku | kang sêsilih Si Janaka | ambêkmu [ambê...]

--- 246 ---

[...kmu] luwih kumaki ||

46. sun sêngguh sira palastra | dene mangke maksih umagut jurit | Dyan Parta sumaur sêru | wruhanta narèswara | sun palastra besuk barêng bumine rug | lah payo sakarsanira | nora manira unduri ||

47. yèn nyata si măndraguna | tanpa guna ngadu bala ing jurit | padha ijèn bae cukup | narendra sru bramantya | mangsah yuda kêkalih asarêng gapyuk | kêkêt kèkèt kêkalangan | rame parêng silih ungkih ||

48. ganti asêndhal-sinêndhal | dêdugangan sarêng banting-binanting | dangu dènira apupuh | Dyan Arjuna sru sayah | sigra narik curiga nata sinuduk | wanti-wanti nora pasah | Dyan Parta merang tan sipi ||

49. mangkana ing sabdanira | hèh narendra malêsa ganti larih | sun tadhahane kêrismu | sang prabu mèsêm nabda | kanggo apa jêr tanganku bae rampung | ngrampungi marang ing sira | Dyan Parta cinandhak aglis ||

50. binanting dhawah kantaka | datan obah ngalumpruk lir ngêmasi | Dyan Gathutkaca duk wêruh | kang paman sru kantaka | sigra mêngsah andêdêl ngakasa gupuh | nglimpe marang sri narendra | dhinupak jajane kêni ||

51. narendra

--- 247 ---

dhawah kalênggak | Dyan Arjuna sinaut sampun kêni | binêktèng gyaning Sang Prabu | Krêsna maksih kantaka | Wrêkodara tandang krodha mangsah gupuh | sarwi ngagêm gada gora | yayah angundurkên jurit ||

5. Durma

1. manrang baris ing Nungswarukmi balasah | kapilis kèh kang lalis | Arya Sena saya | molahkên gadanira | rusak baris Nungswarukmi | Dyan Dewabrata | duka yayah sinipi ||

2. Radèn Wrêkodara sigra sinanjata | kênèng lambunge kering | kaglimpang dhawahnya | sangêt gonira roga | wungu gya lumayu ngisis | Dyan Gathutkaca | mangsah anèng wiyati ||

3. sri narendra awas dènira amulat | yèn arsa dèn êjlogi | saking dirgantara | yèkang anèng gêgana | prayitna sri narapati | dupi lumarap | arsa nyambêr tandya glis ||

4. dyan cinandhak lambunge dening sang nata | nora wignya amosik | sumêmprung binuwang | tibèng jawi paprangan | sang nata anguwuh aglis | aminta lawan | lah payo dipun aglis ||

5. êndi manèh suruhane wong Ngastina | ingkang mêthukkên jurit | êntèkna kêrigna | janma satanah Jawa | togên sacindhile abrit | barênga mara | yêkti ingsun tadhahi ||

--- 248 ---

6. nadyan nyuruhana dewa suralaya | măngsa ingsun unduri | Sri Narendra Krêsna | duk Arjuna kantaka | samana ngungkulan aglis | sêkar wijaya- | kusuma tandya nglilir ||

7. Sri Bathara Krêsna alon angandika | yya ngenak-enak yayi | iku mungsuhira | anggung anguman-uman | nguwuh-uwuh minta tandhing | dahat mêmirang | yayi mangsaha aglis ||

8. yayi Wrêkodara miwah Gathutkaca | karone wus kalindhih | Dyan Parta turira | kaka prabu tyas amba | kalangkung dènira miris | umiyat mêngsah | prabawanya ngajrihi ||

9. sawêg mangke kawula abăndayuda | adarbe tyas kuwatir | wikan darunanya | mèsêm Narendra Krêsna | iya wus bênêre yayi | janma ngagêsang | walês-winalês gênti ||

10. salugune sira yayi darbe utang | potang agawe sakit | marang uwong ika | duk kuna-kunanira | lah mêngko pamalêsnèki | marmane sira | nganti kasoran jurit ||

11. karodene Si Surya Dhadhari ika | aja manèh sirèki | jawata kasoran | mêngkono kagaliha | baya kalimput sirèki | mara mrenea | yayi ingsun jarwani ||

12. gya winisik Arjuna gumuyu latah | sigrarsa mangsah

--- 249 ---

malih | nanging pinalangan | yayi kasuwèn aprang | mêngko ingsun kang ngrampungi | ya ta umangsah | Narendra Harimurti ||

13. Prabu Surya Dhadhari dupi umiyat | wontên kang mangsah jurit | gya nguwuh mangkana | sun sawang baya sira | suruhane Ngastina Ji | mêthukkên ingwang | yèn nyata dipun aglis ||

14. dikapara ing ngarsa atandhing yuda | singa tiwas ngêmasi | yèki nata dibya | praja Nungswakancana | narendrambêk silastuti | kontap triloka | sarjanèng rat di murti ||

15. mèsêm Prabu Padmanaba sarwi nabda | hèh Sri Surya Dhadhari | dhasar iya nyata | sraya Prabu Ngastina | ala-ala ingsun iki | sinêbut nata | nèng praja Dwarawati ||

16. apêparap Prabu Padmanaba ingwang | nora kontap ing warti | sarjanèng rat nora | ambêk pandhita ora | mung dadi ratu mêngkoni | kawulaningwang | Sang Prabu Nungswarukmi ||

17. sru gumuyu têka barès têmên sira | ngasorkên wak pribadi | Sri Krêsna ngandika | dhasare nora bisa | tur nora asugih sêkti | myang nora rupa | tan bagus lir sirèki ||

18. Prabu Surya Dhadhari gumuyu nabda | paran sira kumaki | gêlêm pinèt sraya | dening Prabu Ngastina | yèn suwung tan darbe sêkti |

--- 250 ---

măngsa wurunga | palastra dening mami ||

19. Sri Dwaraka mèsêm sarwi angandika | kang iku durung masthi | sabab jênêng sira | mapan uga tumitah | tan wênang agawe pasthi | pasthining titah | kapurba ing Hyang Widhi ||

20. nadyan ingsun nora sêkti măndraguna | lamun durung pinasthi | măngsa ta palastra | aprang kalawan sira | dene yèn uwus tinakdir | mati ing rana | măngsa ingsun selaki ||

21. Prabu Surya Dhadhari mangsuli nabda | suwe-suwe nyênyêngit | tega mring palastra | tan ngeman kaprabonnya | luwung nungkula sirèki | tulus kapenak | umadêg narapati ||

22. Prabu Padmanaba sugal saurira | lah ayya kèh pinikir | de wus nêdya aprang | prayoga linêkasan | tadhahana cakra mami | lamun kawawa | sun trima dadi abdi ||

23. wus lumêpas sanjata cakra lir kilat | lumarap angênèni | Sri Nungswakancana | babar kamulanira | Ki Sêmar ingkang kaèksi | kalangkung merang | gya lumayu sêsingit ||

24. dewa sêkti miyat sirnaning kang rama | sru bramantyaning galih | gya pêpulih yuda | Sri Krêsna mênthang cakra | wus lumêpas angênani | ruwat warnanya | dumadya Garèng yêkti ||

25. gya lumayu anututi Kyai Sêmar | ya ta

--- 251 ---

têrang mangèksi | Radèn Dewabrata | yèn kang rama lan raka | sami kasoran ing jurit | dahat dukanya | mangsah ngasta jêmparing ||

26. Dyan Arjuna sigra angêmbat langkapnya | lumêpas kadi thathit | kenging Dewabrata | sirna panganggenira | blêjêt Petruke nêkani | wong sabrang wikan | gustine malih warni ||

27. dadya miris rêmbag angoncati yuda | bodhol kêbut tan kèri | wangsul marang sabrang | dadya padhang trawangan | ngalun-alun Ngastinèki | kantun Kurawa | miwah Pandhawa nagri ||

28. Sêmar Garèng myang Petruk kewran ing driya | dènnya arsa sêsingid | kasêlak wus prapta | Dyan Parta rum ngandika | e lah kakang padha bêcik | sapraptanira | Sêmar kèndêl tanpa ngling ||

29. sigra prapta Sang Aprabu Padmanaba | mring Petruk ngandika ris | hèh Petruk de sira | anèng kene mèt apa | Petruk sumaur malangkrik | hèh Nata Krêsna | payo atandhing jurit ||

30. iki Radèn Dewabrata măndraguna | putrendra Nungswarukmi | umèsêm Sri Krêsna | ngêmbat langkap ngandika | hèh Dewabrata dèn bêcik | nadhahi cakra | Petruk maras ing galih ||

31. sigra lênggah pan sarwi matur mangkana | Dewabratane anis | Petruke [Pe...]

--- 252 ---

[...truke] kang ana | Nala Garèng wacana | Petruk apa kowe baring | wis malih rupa | bali rupamu kusi ||

32. ngaku aran Dyan Dewabrata digdaya | lakar bênêr ing nguni | saiki tan kêna | jêr bali wujud kuna | mula arsa sun ulati | mênèk kapanggya | ki tuwa sing maringi ||

6. Sinom

1. ganti pradapaning gita | Sri Krêsna ngandika aris | kakang Sêmar wruhanira | praptaningsun kene iki | ingutus yayi aji | Ngamarta kinèn angluru | ya marang pakênira | lan atmajanta kêkalih | bêgjaningsun dene gampange kapanggya ||

2. marma mêngko jênêng sira | barênga satindak mami | mulih mring praja Ngamarta | Ki Sêmar matur wotsari | lumuh dipun timbali | lah punapa pedahipun | amundhut abdi kompra | karya sukêring nagari | luwung baya ngalambranga turut wana ||

3. tutug ing sakarsa-karsa | botên rinèh marang gusti | Sri Krêsna alon ngandika | hèh Sêmar ayya kadyèki | turutên ujar mami | wruhanta sira rumuhun | anggung kinaniaya | têmêne sira tan sisip | jêr ta lagi ginodha dening jawata ||

4. marma ingsun kang dinuta | ngulati marang sirèki | drapon yya kadawa-dawa | lêlakon [lêla...]

--- 253 ---

[...kon] kang tan prayogi | lamun tulus kadyèki | tan wun ing Ngamarta thukul | thukuling sambekala | sêngkala mangrurah nagri | kadiparan kalamun sira lênggana ||

5. kakang sadarpèng tyas ingwang | mêminta marang sirèki | yya kabanjur pinggêt ing tyas | mring murkane Si Jênawi | karana ala bêcik | bênêr luput tarlèn amung | saka krêjêting driya | balik sapa kang akardi | mobah mosik kapurba ing Hyang Wisesa ||

6. kalamun kala samana | Arjuna tan mèngèng galih | binujuk sang mantri wrêda | mêminta gêtihirèki | bêbaya tanah Jawi | sayêkti mangkin tumruntun | êmbuh sababe kakang | tan prêlu jêjarwa mami | jêr sirèku wus ngawruhi rèh sanyata ||

7. lêlakon kang padha salah | ngrêrusak yudanagari | nanging satêmêne ana | karsane kang mamrih bêcik | lah pikirên pribadi | aja ta banjur asêndhu | ayun sêsabèng alas | mangkono nora ngèmpêri | lan dhawuhe Sang Hyang Wisesaning Tunggal ||

8. sira kinèn amomonga | mring turasing Hyang Pramèsthi | yèku darahing Saptarga | kongsi praptèng jaman akir | ing lair sira yêkti | kang ngawula marang iku | nanging batine iya | sira kang dèn kawulani | marma rusak [rusa...]

--- 254 ---

[...k] lamun sira ngoncatana ||

9. ya ta Sêmar trang miyarsa | dhawuhe Sri Harimurti | samana lilih tyasira | tur sandika rèh sang aji | Petruk wacana aris | yagene rama sirèku | banjur matur sandika | bêbayane tan pinikir | kaya-kaya iku ambujug kewala ||

10. yèn sira wus praptèng praja | kinrubut wong sanagari | pinèt rahira kinarya | tumbal praja mrih basuki | kabênêran saiki | wus anèng kene gyanipun | aja sira gumampang | ngandêl ujar ingkang manis | nora wurung si manis dumadya wisa ||

11. yogya payo ngulandara | saparan ugêr basuki | Sri Krêsna alon ngandika | kang ora-ora sirèki | tan watak jênêng mami | gawe rubedèng tumuwuh | wicara manis jaba | sêpêt jêro tan nglakoni | karodene apa ta kalimput sira ||

12. mring dhawuhe Sang Hyang Êsa | duk sira anèng wanadri | Ki Sêmar sumambung sabda | hèh Petruk turutên mami | sanadyan awak mami | ginêcêg dèn êjur-êjur | ugêr Sri Padmanaba | kang gawe ijo myang putih | datan nêdya suwala sabarang karsa ||

13. samana Sri Nata Krêsna | gya undhang bubarkên baris | wus kumpul kang para kadang | ya ta Radèn [Ra...]

--- 255 ---

[...dèn] Bayusiwi | uninga mring prêpat tri | suka Petruk gya jinênggung | sarwi alon ngandika | hèh Petruk minggat mring ngêndi | nora mulih dadya orêging nagara ||

14. sumaur Petruk anyêntak | têka-têka amrêsèni | jênggung kongsi mijil konang | Nala Garèng gumuyu ngling | lumrah yèn amrêsèni | rupa picis barana gung | nanging yèn Dara Bima | prêsène arupa bithi | ingkang myarsa sarêng gumujêng alatah ||

15. ya ta wau Sri Narendra | Suyudana duk miyarsi | mungsuh saking tanah sabrang | sirna datan wontên kari | asru sukaning galih | dhawuh bikak kanang pintu | gya têdhak arsa mapak | kang raka Sri Dwarawati | sampun cundhuk kanthèn asta kêkalihnya ||

16. têdhak marang sitibêntar | samana wus tata linggih | Sri Krêsna asung pawarta | miwiti malah mungkasi | sumawana atur wrin | praptaning prêpat têtêlu | Sri Suyudana myarsa | ngungun ing driya tan sipi | alon nabda dhuh kakang pêpundhèn kula ||

17. dahat ing panuwun kula | tuwan bangkit nulak wèsthi | de praja wus mèh rinusak | tinukup ing mêngsah sêkti | puwara kakang aji | nyirnakkên satru linuhung | Sri Krêsna lon ngandika | pun kakang namung sadêrmi | pan sumarah ing karsa Sang Hyang

--- 256 ---

Wisesa ||

18. ya ta Sri Nata Ngastina | dhatêngkên sukaning galih | mangun bujanandrawina | lawan sagung pra nrêpati | miwah pra kadang sami | tutug ing sakayun-kayun | Sri Nata Dwarawatya | lawan pra kadange sami | duk wus lama nèng Ngastina gya pamitan ||

19. kondur mring praja Ngamarta | wus linilan tandya aglis | bodhol kêbut saha wadya | lampahe datan winarni | anênggih sampun prapti | ing praja Ngamarta jujug | nèng jroning singasana | samana nata marêngi | siniwaka gya kasaru ingkang prapta ||

20. wusira atata lênggah | lawan para kadang sami | Sri Krêsna sinung kramarja | winangsulan sabda manis | Sri Krêsna sung pawarti | lêlakonira ingutus | purwa madya wasana | myang panggihe parêpat tri | Sri Ngamarta miyarsa sru sukèng driya ||

21. samana Kyai Ismaya | wus dhinawuhan tut wuri | mring satriya Madukara | miwah wêkanira kalih | sandika parêpat tri | ya ta wus bubaran kêbut | sri nata kalihira | uwus manjing jroning puri | andrawina nutug dènnya among suka ||

__________

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Hyang Jagadnata sakalihan Dèwi Umayi, cangkrama sanginggiling samodra anitih lêmbu andini.

--- [0] ---

[...]

--- [257] ---

 


anggumunakên. (kembali)
paedahipun. (kembali)
kaanggêp. (kembali)
jangkêp. (kembali)
§ Nyaritakake darah Ngimran. (kembali)
§ Kang pirsa têgêse mung Allah piyambak. (kembali)
§ Dat, iku têgêse: awak (makripat). (kembali)
sakèhing. (kembali)
sêdyèng. (kembali)
10 mêngsah. (kembali)
11 dahat. (kembali)