Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 257–331)

Judul
Sambungan
1. Almanak, H. Buning, 1938, #1130. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 001–050). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
3. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 050–116). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
4. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 117–188). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
5. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 189–256). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
6. Almanak, H. Buning, 1938, #1130 (Hlm. 257–331). Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Almanak.
Citra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Cariyos Dhalang Karurungan.

Nyariyosakên wiwit lairipun Sang Hyang Kala, ingga karuwat dening: Dhalang Karurungan, inggih Sang Hyang Wisnu.

--- [258] ---

[Grafik]

--- 259 ---

1. Dhandhanggula

1. lir sadpada kewran pamèting sri | sanityasa kawêkèning driya | tan tuk sarining artate | ingkang yogya sinêrung | truh kang karsa ngambara mèksi | kèh puspita kawuryan | mambak munggwing ranu | ewuh aya tyas katrêsan | yèku pindha driyane kang nawung ruwi | dènnya paksa mangemba ||

2. para ingkang awi carita di | myang mardawèng lagu nganyut prana | titi pèni pangikête | wahyaning kata wimbuh | wèh arsayèng para nupèksi | pae si mudha dama | ceda gung tumpang suh | ketang wrat sotaning nala | mung kayungyun mèt wasita jaman dhihin | nut pakêm padhalangan ||

3. rasaning tyas wani toh jiniwit | andupara karya kawismaya | dêstun karyewaning akèh | wah pinandarèng guyu | ingèsêman pra mardyèng kawi | wit tan wèh mandyasana | marma gung pamuwung | mung lowung kang măngka panglimbang[1] | dimèn dadya widada parasdyèng puri | hong lahèng mangarcana ||

4. hong ilahèng awigna mastuti | ingkang mugi patikbra tulusna | pangikêting gita mangke | dera dahat kayungyun | mèt wasita caritèng nguni | jaman purwa kadewan | kang sinawung lagu | kanang sêkar macapatan | ya ta ingkang kinăndha

--- 260 ---

jêjêring ruwi | duk Sang Hyang Caturboja ||

5. wusing jêngkar saking Suranadi | akahyangan ing Tangguru arga | sagarwa putra pan dene | para wandawa wandu | wus umiring tan ana kèri | praptèng tlatah Maendra | Sang Hyang Guru sampun | makahyangan Lawu arga | pambukaning rêtna dumilah duk nguni | karoncèn yèn winarna ||

6. Sang Hyang Guru alêlana niti | raras srining jagad pramudita | sakaroron lan garwane | Dèwi Uma Hyang Guru | karsa nitih Lêmbu Andini | munggwing gigir wrêsaba | parêng arka surup | yèku wayah sandikala | nèng luhuring udaya Hyang Guru duk wrin | cahyaning Dèwi Uma ||

7. kasunaran hyang pratănggapati | ingkang kadi malbèng jroning tirta | nglayung bang jênar sênêne | cahyaning garwa wimbuh | angalela wênês nêlahi | wadana maya-maya | sajroning pandulu | lir nèng alaming supêna | Sang Hyang Guru kadadak wungu ing galih | hyun mangrurah asmara ||

8. wrat sotaning tyas asmara gati | adrêng datan kêna sinayutan | kang garwa sinambut age | kinuswa-kuswa dangu | Dèwi Uma lêngganèng kapti | lumuh sakaron jiwa | nèng gigiring lêmbu | manganjali nyêngkah jaja | lon umatur dhuh Hong Siwah [Si...]

--- 261 ---

[...wah] Boja lêwih | ngêgungna pangaksama ||

9. rumêntahing sih wilasa mugi | amba merang mangun rarasmara | nèng gigiring lêmbu mangke | dhuh dewaning jagad gung | sarantosna jroning panggalih | yèn wus praptèng kahyangan | tan lênggana ulun | patikbra cumadhang karsa | tan kacuwan mohitèng tyas sakaron sih | nanging Hyang Girinata ||

10. saya adrêng tan kampah ing galih | umyat garwa wimbuh endahira | warna yu karya wirage | pasuryannya ngênguwung | amradapa manis liningling | Hyang Pramèsthi kagiwang | limut andalarung | nulya nandukkên wasesa | dyah cinandhak Hyang Guru mêksa sarêsmi | purusambêg angkara ||

11. Dèwi Uma saksana nginggati | kacarita Sang Hyang Girinata | parêng korut sêsotyane | dhawah mring samodra gung | baya pan wus karsaning Widhi | gyan karya kaelokan | tan kêna ginayuh | sotya kang tibèng samodra | asabawa jumêgur ngebat-ebati | ngèbêki jagad raya ||

12. tirtanira kanang jalanidhi | amalyawan umob lir kinocak | pindha hyun ngêlêm dharate | Dyah Uma amêrbêng luh | ing puwara manganjali ngling | pangraning tri bawana | têbihna sêsiku | tulah sarik aksamanta | patikbra

--- 262 ---

dhuh hong arcamaya Hyang Manik | ngrêntahna sih wilasa ||

13. dhuh pukulun kalimputing galih | darbe karsa ayun sacumbana | muhung saênggèn-ênggène | nistha lir budi diyu | tanpandhahar atur prayogi | ya ta Hyang Girinata | sanalika wau | kênèng upataning garwa | mawa siyung lir wêca kang wus pinasthi | nguni de Sang Hyang Tunggal ||

14. sangêt kagyat jêtung nglênggêr tan ling | dahat lingsêm sru rudatinira | wus kundur lan garwa age | têkèng kahyangan sampun | nulya karsa pêparab malih | Bathara Ratu Wandha | sabab cacad siyung | kocapa sêsotya salah | kang tumibèng samadyaning jalanidhi | murub gung ngalad-alad ||

15. yayah ngayuh ngakasa kang agni | mawa swara karya girising tyas | mring kadewatan sumuke | kapita dewa sagung | gurawalan samya nêdhaki | praptèng luhur samodra | myat warna kadulu | maujud angkara-kara | ngalad-alad murub lir soroting rawi | ngungun kodhêng pra dewa ||

16. samya gita-ginupita ing ling | datan bangkit anduga mring warna | kang mawa swara nyalênèh | sayuk tyas dewa sagung | atur wikan mring Sang Pramèsthi | Hyang Guru gya sinewa | pra dewa supênuh | myang putra wandu wandawa | Sang Hyang Endra Hyang Sambo Bathara [Batha...]

--- 263 ---

[...ra] Agni | Bayu Hyang Sakra Suman ||

17. Sang Hyang Wungku Bongkokan Wraspati | Sang Hyang Surya Tamburu Kuwera | Yamadipati maswèng rèh | Hyang Kamajaya sampun | pêpak para dewa sumiwi | Sang Hyang Guru sajarwa | mring Hyang Kaneka wus | anjola sang sinung sabda | wah winantu aturing pra dewa sami | wit sumuking kahyangan ||

18. Hyang Kaneka angguguk sarya ngling | Sang Hyang Guru pangraning rat raya | kênèng coba tyas kalalèn | hawa napsu angirup | ngrasuk tindak nganyar-anyari | umyat wênêsing cahya | warna sri ngênguwung | labêt kasunaran aka[2] | kang kawuryan pagut lan manising liring | kagiwang ambêk syarda ||

19. amahywakkên sotya salah dadi | warna murub nèng madyèng samodra | angkara-kara têmahe | kahyangan kênèng têdhuh | sru jumêgur keblat pat kanthih[3] | lir gêlap bandhung sasra | erawati lesus | gêtêr-patêr lêlimêngan | bagaskara sayarda katon sumilib | dhi Guru salah tindak ||

20. kabarêngan karsaning Hyang Widhi | akaryelok tan kêna dinuwa | kadiparan ing samangke | ngandika Sang Hyang Guru | hèh pra dewa wruhanta sami | kang murub nèng samodra | sotya salah yèku | lah payo enggal [engga...]

--- 264 ---

[...l] sirnakna | tumandanga ngêbyuki gêgaman sami | kang tinuduh gya mêsat ||

21. para dewa wus sawegèng jurit | praptaning don nandukkên warastra | bramastra hru gêgaman kèh | cabar warna tan surud | kwèh tikswara tan mitayani | wus pasthi karsanira | Hyang Kang Maha Agung | karya kaelokan titah | miwah tăndha yèn kuwasanira yêkti | angèl ginayuh janma ||

22. sangkin lama sayarda kaèksi | gêng kagiri salin sipat yaksa | jatine warastra kabèh | kang lumêpas cumundhuk | marang warna kang murub dadi | saranduning kang badan | sang yaksa gora sru | nabda marpêki pra dewa | têtanya hèh sapa kang yêyoga yêkti | pra dewa tiksnèng driya ||

23. asar-saran bubar angoncati | samya makswèng Sang Hyang Ratu Wandha | sang yaksa tut wuri age | prapta ngarsèng Hyang Guru | para dewa gugup sumingkir | sotya salah sru nabda | hah sapa aranmu | baya têtungguling dewa | mungging ngarsa sun watara nora wêdi | cahyanta lir sasăngka ||

24. Sang Hyang Ratu Wandha ngandika ris | rêngên ta hèh sun ratuning jagad | ambawani bawana ngrèh | Hyang Jagadnata ingsun | sotya salah sukèng tyas angling | lamun mangkono sira | wruh sudarmaningsun [sudarma...]

--- 265 ---

[...ningsun] | Sang Hyang Guru tanggap sabda | iya wikan sirèku yèn kudu uning | marang sudarmanira ||

25. ngabêktia marang jênêng mami | yèn tan manut sun suthik wêwarah | sotya salah tandya age | manêmbah mring Hyang Guru | nguswa pada mawanti-wanti | sotya salah ingasta | Hyang Girinata wus | anigas thi-athinira | myang kinêthok pucuking rema watawis | kagyat sang warna yaksa ||

26. gya tumênga siyungnya dwi kèksi | gya cinandhak pinugut saksana | lidhah cinublês tikswa ge | upas mijil sumêmbur | sotya salah goraya ngêrik | andheprok nir budaya | lir tan darbe bayu | upas myang pucuking jatha | karsaning Hyang Pramèsthi cinipta dadi | pasopati lan kunta ||

27. kadwi iku tikswara linuwih | de pucuking rema sotya salah | karsaning Hyang kang murwèng rèh | musna dadya lêlêmbut | brêkasakan para dhêdhêmit | nahên Hyang Girinata | mamardawèng wuwus | samêngko ingsun wêwarah | iya ingsun sudarmanta kang sayêkti | sira nganggoa aran ||

28. kang amirib kalanira lair | kapinujon wayah sandikala | yèku suruping srêngenge | Bathara Kala ranmu | risang warna raksasa angling | dhuh bapa Ratu Wandha | minta [mi...]

--- 266 ---

[...nta] pangan ulun | Sang Hyang Girinata nabda | hèh ta Kala bab panganira wus pasthi | manuta panduming Hyang ||

29. nging samangkya sira durung kêni | amamăngsa pêpancèning boga | hèh Kala mentara age | turutên tuduh ingsun | sira Kala tapaa dhihin | marang Nuswakambangan | tan sandeya besuk | sun jêjarwa panganira | Sang Hyang Kala manêmbah wisata aglis | wus lêpas tan winarna ||

30. wusing purna Hyang Guru siniwi | tandya kundur mring kaswarganira | Dyah Uma nguswa padane | ananging Sang Hyang Guru | dènnya duka mring garwa maksih | tan suda malah arda | myat sori tyas limut | kang garwa nulya ingasta | asarosa sinêndhal ukêling sori | pucung keswane wudhar ||

2. Pocung

1. rinêgêm wus kang garwa sampeyanipun | jinungkir saksana | Dyah Uma karuna anjrit | asêsambat sêbute mêmalad prana ||

2. dhuh pukulun purusangkara andarung | patikbra tan dosa | nadyan ginaliha sisip | mung paduka wajib paring pangaksama ||

3. Sang Hyang Guru tan pisan sarèh kang bêndu | nabda sru mêmirang | hèh ta Uma sira iki | sajatine pêpêthinganing wanita ||

4. warna ayu wênêsing cahya narawung | pindha [pi...]

--- 267 ---

[...ndha] căndrawela | keswanta wudhar ambalik | kareyaban jêrit lir pangriking yaksa ||

5. sakala wus kênèng upataning kakung | Dyah Uma saksana | dadya danawa pawèstri | gya nguncalkên Hyang Guru ngungun ing driya ||

6. sru anjêtung gêtun kaduwunging kalbu | minggu tri pandurat | sang dyah karuna mlasasih | ing puwara Hyang Guru ririh sabdanya ||

7. hèh Uma wus karsaning kang murwèng tuwuh | gyanta rupa yaksa | narimaa aywa nangis | wus mênênga lawan manèh sumurupa ||

8. yèn jodhomu wus pinasthi sutaningsun | Si Bathara Kala | ing Nuswakambangan nagri | lawan sira paraba Bathari Durga ||

9. lah digupuh mangkata Durga sirèku | ya ta sang sinabdan | mêsat musna wus tan kèksi | cêkaking rèh wus panggya Bathara Kala ||

10. Sang Hyang Guru samana sêngkêl ing kalbu | tambuh kang kadriya | tantara mangsah sêmadi | mêsu cipta amêpêti păncadriya ||

11. saksana pyuh myat cahya padhang ngênguwung | nglimputi rat raya | Hyang Guru wêning kang galih | wus tan samar yèn Sang Hyang Caturkanaka ||

12. baya lamun darbe garwa ayu kasub | pilih kang amemba | kalêngkaning rat Dyah Laksmi | citranira mèh kêmbar [kê...]

--- 268 ---

[...mbar] lan Dèwi Uma ||

13. duk rumuhun kala dèrèng sipat diyu | Dyah Laksmi winarna | cinipta ing Hyang Pramèsthi | mung sakêdhèp netra kewala wus prapta ||

14. sang rêtna yu nulya ginarwèng Hyang Guru | ngêtrapi pêparab | Bathari Uma lir dhihin | kacarita Hyang Guru nèng pulo Jawa ||

15. pan wus antuk watara pănca wlas taun | têrang ing pamyarsa | yèn Jêng Nabi Ngisa lalis | kawismaya jroning tyas Hyang Ratu Wandha ||

16. jêngkar sampun sing pulo Jawa akêbut | myang putra santana | wandu wandawa umiring | Sang Hyang Guru karsanjujug Selan praja ||

17. karya sampun kahyangan nèng Grani gunung | Kelasari nêngga | sêsotya nawarêtna di | sigêg kanang rêroncèning dhatulaya ||

18. gênti nawung kang tapa ngambang nèng ranu | madyaning samodra | saryyanggêgêm lingga manik | katrimèng hyang prabawa tumejwangkawa ||

19. anarawung saking kahyangan kadulu | Hyang Guru tan samar | yèn kang tapa iku rêsi | Hyang Naradha sutèng Hyang Caturkanaka ||

20. kang nahên kung ketung wrat sotaning wuyung | murcane kang garwa | kalêngkaning rat Dyah Laksmi | kongsi korut sotyanira winadhahan ||

21. ing cêcupu rêtna [rê...]

--- 269 ---

[...tna] lingga manik sampun | sinungkên mring putra | nênggih Hyang Naradha Rêsi | duk samana Hyang Guru parentah sigra ||

22. para wandu wandawa santana sunu | kinèn mariksaa | mring kang mawa teja luwih | wisata glis pra dewa praptèng samodra ||

23. trang mèksi wus mring kang ngambang luhur ranu | mêsat para dewa | wangsul maswèng Hyang Pramèsthi | atur wikan ing rèh sasolah dinuta ||

24. Sang Hyang Guru mangaknya pra dewa gupuh | payo timbalana | kèrida lakunira glis | kang liningan wisata sakêdhap prapta ||

25. sang manungku ginugah pra dewa minggu | têmah gêmpang ing tyas | sang tapa gya pinisakit | tan risana eca pitêkur kewala ||

26. cinêndhak wus pra dewa maswèng Hyang Guru | angaturkên wikan | cabaring pra duta sami | dadya rêngu Hyang Guru têdhak pribadya ||

27. panggya sampun myang sang tapa wawan wuwus | ngadu kalêpasan | mingiting budya Hyang Giri | têmah kasor ing kawruh sampurnèng gêsang ||

28. nabda arum kakang yèn paduka rujuk | condhong ing wardaya | muktia nèng Suranadi | măngsa borong dadya sêsêpuhing dewa ||

29. mangrèh sagung pra nata satlatah Hindhu | kang nungkul ing kula | ayya mawi wanwancak [wa...]

--- 270 ---

[...nwancak] galih[4] | muhung benjang ulun minta sih wilasa ||

30. babaripun wimbaning sasmita luhung | lir kang pangandika | mrih trang tyas ngumala wêning | Hyang Naradha tan lênggana tur sandika ||

31. kadwi sampun kundur mring kahyanganipun | kunêng Hyang Naradha | gya sung têdah Hyang Pramèsthi | pambabaring wimbaning sasmita tama ||

32. pranawa wus Hyang Guru dènira nyakup | wimbuh trang ing nala | ri wusnya antara warsi | Hyang Pramèsthi kundur mring Tangguru arga ||

33. wus akêbut putra santana tumutur | ring kaswargan lama | Junggringsalaka winarni | ingkang risak wus sami ingupakara ||

34. sangkêp sampun tan kuciwa lir rumuhun | sukèng tyas pra nata | satlatahing Hindhu nagri | lumastari mangidhêp mèt mamardawa ||

35. gênti nawung wus lama Hyang Kala tumrun | marang ngarcapada | nèng madyaning jalanidhi | amamăngsa sarupaning buron tirta ||

36. tyas margiyuh Hyang Gangga dewaning ranu | gya maswèng Hyang Kala | nguswa pada matur aris | dhuh Hyang Kala ywa anggung nangsayèng mina ||

37. yogyanipun ywa dhahar isining ranu | pênêt ing dharatan | Hyang Kala sumambung angling | kabèh bae bêburon isining tirta ||

38. wênang lamun sun măngsa

--- 271 ---

tan karya têruh | Sang Bathara Gangga | wacana sarywa ngaswasih | dhuh putraning jawata ingkang minulya ||

39. amba nuwun sabda jarwanana tuhu | asaling tumitah | punika punapa nunggil | ing kaanan jati mrih bondhèting sêdya ||

3. Kinanthi

1. Hyang Kala nabda wor guyu | cubluk têmên Gangga iki | mungguh asaling tumitah | anunggal kaanan jati | mara iya apa ora | Bathara Gangga suka ngling ||

2. yèn makatên padukèstu | sing pangraos amba sisip | de sampun karsa angrisak | băngsa pukulun pribadi | măngka tus wijil paduka | kajawi asal kang jati ||

3. têrang sing pamyarsa ulun | tumitah nèng jalanidhi | salèring kang pulo Jawa | dadya lair batin nunggil | asal sing bêburon toya | ing puwara kadipundi ||

4. Sang Hyang Kala dupi ngrungu | dahat merang jroning galih | blas musna barêng sakala | Hyang Gangga suka tan sipi | sigêg gênti kawuwusa | kang anèng Paparywa warni ||

5. iya Hyang Pramèsthi Guru | pêpak pra dewa sumiwi | lagyanggusthi kalêpasan | kawruh sampurnaning budi | wahyaning sasmita tama | katungka Hyang Kala prapti ||

6. dinangu puwara matur | nyuwun pêpancèning bukti | Hyang Naradha

--- 272 ---

nyêla sabda | dhi Guru murih prayogi | rèhne Kala maksih wuda | sinunga busana dhihin ||

7. Hyang Paramasidhi tundhuk | tantara ngandika ririh | sumăngga kakang Naradha | gupuh Hyang Naradha Rêsi | nyipta sandhanganing Kala | wus sangkêp rinasuk aglis ||

8. pra dewa myat sukèng kalbu | ya ta Hyang Naradha Rêsi | ngêngudang Bathara Kala | byong byong so guwarsa gwarsi | si cêkuthu busanantya | Kala bagus dhewe yêkti ||

9. mèsêm nabda Sang Hyang Guru | Kala sira nganggya ciri | juga bathuk kadwi dhadha | kang kaping katri ing gigir | Hyang Kala matur sumăngga | gya winangsit Hyang Pramèsthi ||

10. wahyaning ciri têtêlu | Hyang Kala sakêdhap tampi | Sang Hyang Ratu Wandha nabda | hèh Kala pancimu bukti | lamun surya tunggang arga | sang sinung sabda mèstuti ||

11. nguswa pada amit sampun | mêsat sing Paparywa warni | ngambara myat keblat papat | winawas-wawas mawanti | kêmput cakraning bawana | gênti kang rinênggèng kawi ||

12. kang ngudi raharja tulus | ratwagung mardawèng budi | ing Rum Kangjêng Sultan Albah | karsa amijèni janmi | yèku marang pulo Jawa | duk samana maksih sêpi ||

13. grêng awêrit kèh lêlêmbut | brêkasakan setan dhêmit |

--- 273 ---

wah sagung sato sambawa | jêng sultan wus karsa nuding | cundaka mring pulo Jawa | wisata duta narpati ||

14. kanthi janma dwi lêksa wus | jajodhon sapalakarti | kabèh kamot palwa layar | nèng udaya tan winarni | menggal praptèng pulo Jawa | asêlur tumamèng kisik ||

15. tantara anjujug gunung | Kandha laju nambut kardi | sakèh wana binabadan | kunêng wus antara warsi | pra janma kèh kang palastra | samya kaparak pagêring ||

16. tinêluh setan lêlêmbut | brêkasakan lan dhêdhêmit | kongsi kaping dwi rambahan | jêng sultan mijèni janmi | iya marang pulo Jawa | èmênging tyas tan winarni ||

17. sangsaraning janma sagung | cêndhaking gita lêstari | arja kang nèng pulo Jawa | tinumbalan sarana di | Sang Ngusman Aji Pandhita | dibya praja Bani Srail ||

18. yèku mula purwanipun | pulo Jawa kisèn janmi | nahên Hyang Bathara Kala | kang ngambara nèng wiyati | waspada dera umiyat | Hyang Surya nèng luhur wukir ||

19. cukat Hyang Kala manaut | Hyang Surya cinandhak wani | rinêgêm arsa inguntal | kapita Hyang Surya angling | Kala aywa salah karya | baya arsa măngsa mami ||

20. Bathara Kala sru muwus | sira arsa

--- 274 ---

ingsun bukti | sing pakoning Guru bapa | lamun Surya tunggang wukir | iku dadi pangan ingwang | Hyang Surya ngandika ririh ||

21. Kala kliru panampamu | Surya iku dudu mami | Surya arka têrangira | srêngenge tumunggang wukir | apa sira bisa mangan | lah uculna ingsun nuli ||

22. lamun ingsun sira ulu | sapa kang ngirid Hyang Rawi | têmah pêtêng sèsining rat | duhkita para dumadi | jagad tanpa bagaskara | ewuh gyan ta ngupa bukti ||

23. iya ing salawasipun | puwara kapriye binjing | yèn ora katrangan arka | lêgêg Hyang Kala duk myarsi | Hyang Surya nguculkên sigra | Bathara Kala mêsat ngrik ||

24. gora rèh maswèng Hyang Guru | mawa prabawa matistis | pra dewa bingung sar-saran | angungsi mring Hyang Pramèsthi | Hyang Jagadnata ngandika | Kala cira[5] ywa kuwatir ||

25. mringa marcapada gupuh | mêngko bakal ingsun panci | Hyang Kala sumambung sabda | bapa Guru ywa cidrèng ngling | ywa wacana lalawora | srêngenge kinèn ambukti ||

26. tangèh kalêksananipun | nyrekal ing basa basuki | bapa Guru minta janma | Hyang Guru rudah ing galih | tantara alon ngandika | hèh Kala rungunên dhihin ||

27. pangraning jagad mung ingsun [ing...]

--- 275 ---

[...sun] | tan bakal cidra ing jangji | sirarsa sun panci pangan | nging janma kang anêtêpi | ing rèh bêbasan sukrêta | liya iku nora kêni ||

28. Bathara Kala sru muwus | paran sukrêta kang êndi | bapa Guru apajarna | Hyang Sidhajati nabda ris | rêngênta hèh sira Kala | kaya ta wong ontang-anting ||

29. tanpa kadang têgêsipun | tuwin kadhana-kadhini | sakadang priya wanita | kêmbar mahya nunggal ari | yèku priya sami priya | lamun èstri padha èstri ||

30. gondhang kasih têgêsipun | yèku ingkang kêmbar ugi | nanging bule kang sajuga | dene kang sajuga langking | wungkak bungkus wêdalira | wungkus wahya tanpa bingbing ||

4. Sinom

1. lir tarunaning udaya | dhawuhing Hyang Sidhajati | akèh yèn winarnèng kata | jêmpina tan măngsa lair | kalawan tiba sampir | ingkang lair kalung usus | tiba ungkêr têgêsnya | kagubêt usus duk lair | julungwangi nuju palêthèking surya ||

2. julungsarab plonging surya | julungwujud surup lair | julungsungsang wêdalira | amarêngi madya ari | margana ingkang arti | lair nèng paran puniku | myang ana nèng prameyan | sarimpi kadang pat èstri | kadang papat priya ingaran sarămba [sară...]

--- 276 ---

[...mba] ||

3. pancuran kaapit sêndhang | priya juga èstri kadwi | sêndhang kaapit pancuran | wadon juga priya kalih | sadulur kalih èstri | kêmbang sapasang ranipun | myang ugêr-ugêr lawang | yèku kadang priya kadwi | yèn lêlima priya ran pancala putra ||

4. yèn kadang pawèstri lima | iku ran pancala putri | pipilan sadulur lima | èstri catur priya siki | padangan wadon siji | nanging ingkang jalu catur | wungle bule walika | yèku bajang wiwit bayi | wujil cebol dhêngkak bucu munggwing ngarsa ||

5. butun bucunirèng wuntat | wungkuk uga wiwit lair | Kala iku panganara[6] | Hyang Kala sumambung angling | paran tunggalnya malih | Hyang Sidhajati nabda rum | rungunên manèh Kala | wong tan dêdupa sêsaji | myang têtawur anglêlabuh lan mêmulya ||

6. karya sumur ngarsèng dwara | lumbung nora dèn dhasari | nugêlke gandhik pipisan | lan mêmipis durung mranti | racikaning jêjampi | mipis marêp ngalor ngidul | ngetan sawênèh janma | kang kêkêlut nganggo jarit | ambuwang wuh ana sajêroning longan ||

7. myang kêkêlut nganggo tangan | ngadêg satêngahing kori | manèh gêgandhulan lawang | asêsèndhèn pipi kori [ko...]

--- 277 ---

[...ri] | lan dhêmên ngore wèni | asăngga wang kêthok kuku | cinokotan kewala | lungguh nèng bantal myang tambir | ngingu-ingu rajakaya nèng jro wisma ||

8. samana Hyang Girinata | kanggêg gyanira mêmêling | mring putra Bathara Kala | awit Hyang Naradha Rêsi | datansah nyêndhu liring | ya ta Bathara Kala wus | prastawa sigra mêsat | tumrun mring ngarcapada glis | Sang Hyang Kala ingêmbanan Hyang Antaga ||

9. antuk wawênanging rama | nênggih Sang Hyang Sidhajati | dènnya ngupaya sukrêta | nahên ta gênti winarni | Sang Hyang Naradha Rêsi | giyuh ing tyas nabda sêndhu | dhi Guru wuru sabda | nir wêwekaning panggalih | tyas kalimput kabêndon kang murwèng gêsang ||

10. angaku pangraning jagad | ing puwara kadipundi | Kala dhatêng ngarcapada | ngupaya sukrêta janmi | pêpancènaning bukti | iba truhing janma sagung | kladuk dhi Guru nabda | Hyang Pramèsthi ngraos sisip | èmênging tyas ririh dènira ngandika ||

11. kakang Naradha ing mangkya | baya wus karsaning Widhi | katrucut kaladuk basa | wus măngsa boronga sami | Sang Hyang Naradha Rêsi | angguguk manabda arum | sajak cingkrang budaya | dhi Guru cupêt pamanggih | lah puniku pakolèhe ambêg syarda ||

--- 278 ---

12. mangke dhi Guru yèn karsa | kula tur rêmbug prayogi | mung manawi sotya salah | Kala miturut sakapti | sing parmaning suksma di | luwaring kanang bêbêndu | dhi Guru mrih widada | ambawani bawana tri | wus rinilan Hyang Naradha sigra têdhak ||

13. sakêdhap wus panggih lawan | Bathara Kala nulya ngling | hèh ta apa karanannya | sira wingsata ring ngriki | Sang Hyang Naradha Rêsi | anglètèr ngigêl nabda rum | Kala bêcik wurungna | ywa ngupa sukrêta janmi | Sang Bathara Kala sugal wuwusira ||

14. sun mung manut pandoning Hyang | nadyan sikarèng pakarti | kagawa witing dumadya | baya sira wus mangêrti | tan katambuhan yêkti | marang asal ngong tumuwuh | aja kang kaya ingwang | nadyan para dewa ugi | kasandhangan pêpêtênging kang wardaya ||

15. sangkêp dènira tumitah | rèhne padha sipat urip | nganggo ruwêding budaya | apês rusak murka lali | nora bisa sumingkir | pêpêtêng kang patang dhapur | ya uga bangkit ilang | nanging yèn wus têkèng jangji | Hyang Naradha latah saksana ngandika ||

16. wasis têmên sira Kala | nyata sutèng Hyang Pramèsthi | limpad mring laku tekadan | nglênggahi sandhangan urip | kang tan kêna tinampik [tinampi...]

--- 279 ---

[...k] | rêngên ta hèh Kala Martyu | lamun ingkang waspada | babagan kawruh sajati | yêkti wignya amberat rèhing angkara ||

17. ruwêding budaya papat | apês rusak murka lali | ingulihkên purwanira | sampurna lir wingi nguni | beda karo si pingging | tan wruh wudharing syarda gung | ardaning napsu hawa | kang tansah ngrêridhu amrih | sêmang-sêmang sasar susuring pangrasa ||

18. kalamun kang wujud titah | sipat manusa puniki | kang dadya warananing Hyang | wus jumênêng insan kamil | sayêkti nora pangling | ya marang pêpêtêng catur | nadyan wiwarèng raga | dadi warananing Widhi | iyèku kang ran babahan hawa sanga ||

19. sakala ripu Hyang Kala | tantara sumambung angling | kabèh bênêr ujarira | nging wus pandoning dumadi | sira pribadi myarsi | bapa Guru kanang dhawuh | kêni măngsa sukrêta | lir kang wus kacrita ngarsi | Hyang Naradha alon dènira wacana ||

20. kalingane sira Kala | mung kagawa drênging pikir | dènirarsa măngsa janma | têmah kliru ing panampi | sukrêta ingkang arti | wong kang pêtêng jroning kalbu | kang durung tinarbuka | ing kawruh kasidan jati | sangkan paran rêringkêsaning kang basa ||

21. dadi cingkrang ing budaya | tan wrin rasa pangrasa sir |

--- 280 ---

ana ing ngêndi dunungnya | miwah triloka kang dadi | adêg-adêging urip | kadunungan rasa mardu | Kala sira rasakna | hawa napsu sinrang budi | tangèh lamun syardikara bisa dadya ||

22. yèku măngka pindhanira | sira sikarèng pakarti | anglês Hyang Kala jroning tyas | tri pandurat datan mosik | puwara nabda wêngis | ingsun nora bakal manut | sanadyan Guru bapa | anjabêl sabda tan gingsir | nora wurung sun lêbur sèsining jagad ||

23. Bathara Kala ngambara | musna Hyang Naradha Rêsi | wus maswèng Hyang Ratu Wandha | ya ta Hyang Kala winarni | gora rèh gêgêtêri | lir sumilib Sang Hyang Banu | wrin Kala măngsa janma | nèng ngarcapada wèh giris | tiksnèng driya kumêlap para sukrêta ||

24. arda ru-araning nala | pra janma ing nuswa Jawi | kadadak gênging duhkita | Kala Martyu ngosak-asik | padesan wonge tistis | datan wruh darunanipun | yèn Kala măngsa janma | nyana kaparak pagêring | pagêblug gêng lara sore esuk pêjah ||

25. lara esuk sore pêjah | tambuh tyasing para janmi | dahat gêng rudatinira | kunêng gênti kang kawarni | Hyang Kala nyeluman glis | anjajah myat keblat catur | nèng gêgana [gê...]

--- 281 ---

[...gana] mor ima | nahan kang rinênggèng kawi | wontên juga pandhita kang gêntur tapa ||

26. yayah salingga bathara | waspada ing driya wêning | darbe wêka dwi ranira | Ulam Darma Ulam Darmi | marêngi ing nujwari | tinuduh sudarmanipun | kadwi kinèn suwita | Dhalang Karurungan binjing | awit iku kang bangkit ngruwat sukrêta ||

27. marmanira sang pandhita | sung agnya mring suta kadwi | wit ngusi[7] antuk sasmita | wangsiting jawata luwih | wus mêsat kang tinuding | wisata wêka dwi nglangut | samarga wirandhungan | andina ratri lumaris | nir bancana bêbaya manrang wikara ||

28. tilar guling minum boga | ketang susêtyèng tyas kadwi | lumaksana rèhing bapa | tan lyan kang ciniptèng galih | mantêp têtêp sang kalih | tanpa was sumlang ing kalbu | tan tolih pringgabaya | kasangsayèng marga sungil | anarima nalosa[8] ngandêl ing Suksma ||

29. ya ta Sang Bathara Kala | kang mahawan nèng wiyati | waspada dera umiyat | marang sang andon lumaris | marêngi madya ari | sumirat soroting banu | Hyang Kala niyup tandya | jlêg prapta ngarsèng sang kadwi | kagyat mulat Ulam Darma sajroning tyas ||

30. Bathara Kala wacana | sapa aranira janmi | kang pinăngka lan sêdyanta [sê...]

--- 282 ---

[...dyanta] | de têngange nèng wanadri | tan ngidung singsot sami | kang tinanya wacana rum | ya ingsun Ulam Darma | dene kang nèng wuri mami | Ulam Darmi yèki kadangong taruna ||

31. lumaksana rèhing bapa | kinèn suwita yèn panggih | marang Dhalang Karurungan | kang bangkit ngruwat sukrêti | wit si bapa kanang ling | kadhana-kadhini ingsun | têmah mulyèng sukrêta | ingsun lawan ari mami | sru angguguk manabda Bathara Kala ||

32. ing mangkya kapasang yogya | aku kang sira upadi | iya Dhalang Karurungan | kang ngruwat sukrêtanta dwi | sira arsa sun bukti | Ulam Darma kagyat muwus | hèh sapa aranira | prasajaa aywa kumbi | lah raksasa tan gampang ngruwat asmara ||

5. Asmaradana

1. Bathara Kala nglingnya ris | hah Ulam Darma wruhanta | Hyang Jagadnata sutane | ran ingwang Bathara Kala | kang misesèng sukrêta | sing dhawuhe bapa Guru | kabèh dadi pangan ingwang ||

2. paran sira dwi samangkin | rèh klêbu basa sukrêta | kadhana-kadhini kowe | wah têngange lumaksana | tan ngidung singsot samya | nêrak laranganing laku | rêngên ta hèh sun jêjarwa ||

3. Hyang Kala carita nuli | para janma kang sukrêta | kadi Hyang Guru sabane | sajuga [saju...]

--- 283 ---

[...ga] tan na kliwatan | lêgêg kang pinajaran | rinasa cocoging wuwus | myang warahe sang pandhita ||

4. cèplês tan ana nalisir | gya wacana mring rinira | lah yayi manjinga age | marang kancing gêlung ingwang | lan aywa mijil sira | saka jroning kancing gêlung | yèn tan na panguwuh ingwang ||

5. Ulam Darmi sigra manjing | mring kancing gêlunging raka | Ulam Darma lon wuwuse | hèh hèh ta Bathara Kala | sira ywa salah karya | ganggu gawe wong lumaku | Hyang Kala goraya nabda ||

6. budia sun sambadani | yèn băngga ngong rodapaksa | padha nut bapa sapangrèh | nadyan sira kadang dewa | kanthi suksma tan wêgah | Hyang Kala sigra manaut | trêngginas Dyan Ulam Darma ||

7. panggah tan nêdya gumingsir | nirbaya manrang wikara | rêbut jaya gunastine | muka Hyang Kala tinêpak | dening asta glayaran | jênggirat kurda pinupuh | Bathara Kala gumlimpang ||

8. tangi dyan sinaut aglis | cukat trêngginas malumpat | kadwi sudirèng jurite | bawane dwi trah bathara | rame wuru ing yuda | prabawa bantala kêtug | sindhung riwut bayu bajra ||

9. yayah manêngkêr wiyati | Bathara Kala kruraya | gora lir nglêbur jagade | sang

--- 284 ---

kadwi prang asiluman | tan katon dening janma | dyan oncat Hyang Kala bujung | ing saparan ngêtut wuntat ||

10. Ulam Darma èsmu miris | wit Kala tan kêni lena | dwi têkèng padesan age | kapanuju ana janma | lagya adandan wisma | kono ana juga bumbung | wungwang dyan manjing saksana ||

11. Hyang Kala bêndu tan sipi | mring janma kang nambut karya | awèh ewuh pamburune | têmah dyan manjing jro wungwang | kunêng kang karya wisma | ginigit ing Kala layu | rame busêkan pra janma ||

12. bingung wênèh ana nangis | tyas gugup tan wruh ing sabab | mring kang kadadak patine | Bathara Kala sru nabda | nanging maksih limunan | hah hah narakarya sagung | aywa gawe bumbung wungwang ||

13. yèku marganing pêpati | janma dadi pangan ingwang | Bathara Kala têmêne | lamun gawe bumbung wungwang | ya ta Bathara Kala | sumusup malbèng jro bumbung | Ulam Darma mêsat sigra ||

14. Hyang Kala tandya nututi | Ulam Darma ing saparan | prapta liyan desa manèh | dyan manjing sajuga wisma | tanpa tutup keyongnya | kang darbe wisma tan wêruh | gêmpung liwung Sang Hyang Kala ||

15. kang darbe wisma ginigit | kapisanan têkèng lena | pra warise bingung kabèh | swarèng tangis tanpa [ta...]

--- 285 ---

[...npa] rungyan | tan wrin darunanira | tambuh-tambuh solahipun | Hyang Kala nêbda limunan ||

16. hah janma kang karya panti | yèn tanpa tutup keyongnya | eling-eling yèku têmbe | dadi panganirèng Kala | kalêbu rèh sukrêta | pra waris dupi karungu | ing swara kang tanpa rupa ||

17. tiksnèng driya samya tistis | ya ta dyan wus tinututan | tantara wus manjing manèh | wisma kang dwara têrusan | giyuh Bathara Kala | dyan sinaut oncat laju | kang darbe wisma tan wikan ||

18. krura Hyang Kala mawêngis | kang darbe wisma cinandhak | ginigit têkèng patine | kapisanan tanpa sambat | Bathara Kala nabda | hah elinga janma sagung | lamun sira karya wisma ||

19. asujèn têrus kang kori | benjang dadi panganira | Bathara Kala têmahe | mangkana pra warisira | janma kang têkèng pêjah | wimbuh jrih rudatinipun | Bathara Kala wus mêsat ||

20. limunan ngumbara aglis | tut wuri saparanira | Ulam Darma ing playune | dahat kasangsayèng marga | nusup-nusup padesan | Hyang Kala tansah tut pungkur | gênti kang rinênggèng gita ||

21. Hyang Jagadnata siniwi | munggwing bale marcukundha | pra dewa sumahab andhèr | anggusthi Bathara

--- 286 ---

Kala | dera ngupa sukrêta | mawèh truhing janma sagung | ingkang anèng ngarcapada ||

22. Hyang Guru ngandika ririh | kakang Naradha ing mangkya | kadiparan wêkasane | Kala anggung măngsa janma | Sang Hyang Naradha nabda | kilap punapa dhi Guru | pinangran ing tri bawana ||

23. antuk parmaning Hyang Widhi | sinêmbah sèsining jagad | wrin krêntêging janma sakwèh | Sang Hyang Guru mangsul sabda | kakang Kanekaputra | lêrês kang sabda dhumawuh | nging manira kalah tuwa ||

24. sor kawruh sampurnèng urip | tan wruh sajatining tunggal | kaananing kang murwèng rèh | kawistara lamun mudha | kasoran kawruhira | Hyang Rêsi Naradha muwus | kabilêt gumuyu latah ||

25. ulun malih lamun dugi | cingkrang ing kawruh tan dungkap | kaananing Pangran mangke | myang malih duk maksih sunya | suwung wangwung kang jagad | dèrèng dumadi puniku | dhihin kang wontên punapa ||

26. ngong ugi cupêt pamanggih | ceda Naradha tinuwa | têtuwaning dewa kabèh | nging lamun ngrêmbag Si Kala | cobi dhi Guru mangkya | ingambalan manawantuk | parmaning Hyang Suksmanasa ||

27. adhi Guru mrih prayogi | pun Wisnu lawan garwanya | kinèn mring ngarcapada ge | dwi mancala namur kula | ran [ra...]

--- 287 ---

[...n] Dhalang Karurungan | ambêbarang ringgitipun | maring desa-ingadesa ||

28. kula ingkang manjak binjing | surendra kanang pradăngga | para dewa wiyagane | panggêndère Sri Utama | sandi ngruwat sukrêta | de benjang yèn Kala pangguh | Wisnu boya kêkilapan ||

29. marganing Kala lêstari | kèndêl datan măngsa janma | Wisnu tuhu dibya ing rèh | mêmayu hayuning jagad | mangruwat ambêk syarda | murka angkara sirna wuk | nging suthik andhinginana ||

30. lamun tan ingagnyan pasthi | dening rèhira sudarma | dhi Guru dhawuhna mangke | Sang Hyang Pramèsthi duk myarsa | Hyang Naradha kang sabda | dahat suka jroning kalbu | kawismaya rarasing tyas ||

6. Mijil

1. dhuh sutèngwang Wisnu sira kaki | tumruna karongron | myang garwanta Sri namura age | lir sabdaning kakang Nradha Rêsi | sira sun idini | ngruwat sukrêta dus ||

2. gya winêling wigatining sandi | Hyang Wisnu wotsinom | para dewa wus ingagnyan sakèh | kang tumutur namur dhalang ngringgit | anjajah ngadèsi | cêkaking gita yu ||

3. wus tumurun mring ngarcapada glis | sangkêping wigatos | para dewa mancala warnane | têdhakira wirandhungan sami | wus anjajah [anja...]

--- 288 ---

[...jah] dèsi | pangruwate kasub ||

4. dadya rame tumularing warti | wartaning pra nongton | mangkin lama para nanggap akèh | têmah arja nir uwasing ati | têtêp pangidhêping | trus pracayanipun ||

5. warna-warna pangalêming janmi | gunêming pra anon | anggupita ki dhalang wignyèng rèh | dènnya ngruwat pra sukrêta janmi | têmah kèh basuki | nir ridhuning idhup ||

6. wênèh ngalêm wiyagane wasis | panjak baut banyol | dhala[9] bagus ayu panggêndère | canthas bêrgas prabot ngringgit bêcik | tan na cacad thithik | gênti kang winuwus ||

7. ana juga buyut langkung sugih | duk ngrungu pawartos | dhalang bêrgas lêlana karyane | ambêbarang wignya ngruwat salwir | rèh sukrêta janmi | ki buyut gya nuduh ||

8. rowangira wisata ngulati | gancaring cariyos | wus kapangguh myang ki dhalang age | nulya kerid sarowangnya sami | glis prapta ing panti | kaki buyut gupuh ||

9. ngacarani mring kang têmbe prapti | awacana alon | dhuh kisanak raharja rawuhe | ingkang sinung pambagya basuki | amangsuli manis | dhuh kyai kasuwun ||

10. sing pangèstu kiyai basuki | tan kirang sawiyos | makatêna ing ngriki tan pae [pa...]

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Hyang Jagadnata nêdhêng siniwaka ing sitinggil, lajêng sowanipun Bathara Kala.

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Hyang Wisnu mancalawarni dados Dhalang Karurungan, dewa-dewa pandhèrèk sami mindha dados niyaga, ambêbarang ringgit urut padhusunan.

--- 289 ---

[...e] | kaki buyut sukèng tyas duk myarsi | nglocitèng jro ati | dhalang bagus tulus ||

11. andhap asor prasaja malad sih | kang gêndèr ayu nom | amradapa gumilang cahyane | lir hyang sita duk purnamasidhi | kanggêg buyut kyai | panglocitèng kalbu ||

12. wit katungka praptane kang èstri | mudyastuti alon | dhuh ki dhalang kang pinudyèng sihe | myang sarowang paduka basuki | kang tinanya angling | saking gêng pangèstu ||

13. karaharjan tan kirang sasiki | de wasta ambawon | Karurungan kang sudi naruwe | kaki buyut duk mulat kang èstri | rêngu nyêndhu liring | marang semahipun ||

14. kaki panjak wruh pasmon winadi | api-api tan wroh | mung maoni lungguhnya adhèhèm | nyocog prana sinamun nglus rawis | ngudasmarèng ati | butarêpan agung ||

15. kyai wisma wus pikun watawis | mêmpênge katongton | layak bae gêng butarêpane | wit bojone ênom moblong kuning | kênès ngrêspatèni | ki panjak lon muwus ||

16. kyai sanak kula nuwun inggih | aksamanta mawon | rèh kalepyan watawis wus kasèp | datan minta jatining kanang sih | dhuh ta sintên kyai | sinêbut ing arum ||

--- 290 ---

17. kang tinanya mangsuli manis[10] | kisanak wastèngong | Buyut Buwal katêlah wit rare | o ki dhalang kula nênuwun sih | miwah kănca èstri | minta gung pangèstu ||

18. măngka sampun wawrat sêpuh kyai | mamrih karahayon | mung sumarah ki dhalang sapangrèh | awit kadwi sami ontang-anting | kula kănca èstri | sakarsa tumutur ||

19. Kyai Buyut Buwal wus kawijil | panêdyaning batos | mring ki dhalang mrih rêntah kawruhe | bab patraping manêmbah mring Gusti | Ingkang Maha Suci | têmah nora ewuh ||

20. kyai dhalang amangsuli manis | kyai ywa kuwatos | sarantosna yèn wus purnèng gawe | nanging dahat gyan ngong minta jangji | cêgahên ywa kongsi | kawêtu sing tutuk ||

21. wit nyalênèh tumrap dewa sami | kêkêraning batos | boya gampil pinriha lêbdane | beda lan kang wus wikan sêsandi | wadi kang sinêlir | yêkti amung manthuk ||

22. rèh tan kasamaran panggayuhing | jati wasanèng don | marma kêdah bangkit ajur-ajèr | dhatêng tatacara kang lumaris | pranatan agami | yêkti kudu tinut ||

23. mangidhêp mring Dewa Budha sami | nging ywa prapkèng[11] batos | mung ing lair nut caraning ngakèh | jroning

--- 291 ---

batin têtêp angukuhi | manêmbah Hyang Widhi | Pangeran Maha Gung ||

24. kang tan arah tan gon kăntha warni | nora jaba jêro | ingkang têtêp langgêng salamine | Kyai Buyut Buwal mangèstuti | gênti kang winarni | Ki Buwal gya nuduh ||

25. wong sagotra tata-tata sami | wigatining ewoh | para èstri busêkan ing gawe | ngrêratêngi myang karya sêsaji | sadaya wus mranti | tinata mrih patut ||

26. ya ta wusing sangkêp dènnya ngrakit | gancaring cariyos | wus tumapak ing lêkasirèng rèh | kaprah têkèng samangkya puniki | para dhalang sami | ngruwat wiwit esuk ||

27. parêng wayah tabuh astha injing | purnaning wigatos | têngah rawi mung manawa biyèn | anglêluri duk ing kuna sami | ki dhalang sajati | kang widagdèng kewuh ||

28. nging kang mangun carita puniki | satata nyalêmong | pangikêting carita nawung rèh | mung miyagah tan wani ngêcupi | piyandêling dhiri | marma gung pamuwung ||

29. rarasing srat tangèh amranani | lajêr gugon tuhon | ngalangut trus mring akal malèsèt | angalela liding tulad kèksi | lukitaning urip | mulêt traping laku ||

30. sadèrènge dhalang wiwit ngringgit | sangkêping wigatos [wiga...]

--- 292 ---

[...tos] | sêsêndhonan lêlangên swarane | wahywèng kidung binarung lan gêndhing | nganyut-anyut galih | pindha wèh mamardu ||

31. ruming swara kang mrih maranani | sukèng tyas pra anon | duk angrungu tabuhan talune | kang pradăngga munya angrêrangin | kadya rakêting sih | lêlambaning pangkur ||

7. Pangkur

1. mardawèng lagu pra dewa | cêkaking rèh tan na cacad sathithik | trampil luwês wus sarujuk | tindak-tanduke mapan | kanthi duga-prayoga jatmikèng sêmu | sumèh prasaja kang solah | tantara wus wiwit ngringgit ||

2. kang sinawung ing gupita | lêlakone nênggih Sang Hyang Pramèsthi | sangkin kêni kala marcu | ing tyas mahambêk syarda | rèh kalimput masesa garwa salulut | dilalah wus karsaning Hyang | karya kaelokan luwih ||

3. dumadining Sang Hyang Kala | mawèh otêr pra dewa tiksnèng galih | mangkana pangringgitipun | Ki Dhalang Karurungan | purwa madya wasana ngêplêki lugu | sabarang kang wus tinêmah | dening Hyang Prasidhajati ||

4. sapisan jêjêr kahyangan | marcukundha Sang Hyang Guru siniwi | Lalêrmêngêng gêndhingipun | dupi pra dewa budhal | mring samodra hyun ambrastha cahya murub | gêndhing Lintang Karahinan | slendro

--- 293 ---

pathêt manyura glis ||

5. pangidunging kyai dhalang | Babad Kêncêng lasêm rarasing gêndhing | dadya muhung warna têlu | gêndhing parênging ngruwat | têkèng mangkya kang para dhalang lêstantun | nglêluri rèhirèng kuna | Dhalang Karurungan nuli ||

6. wus ambrastha rèh sukrêta | myang mêmulang mring para janma sami | bab kasunyataning kawruh | mrih waskitha pranawa | purnaning kang mêmalanirèng jro kalbu | supadya wruh uripira | putus ing kasidan jati ||

7. mring kang sinêmbah wus wikan | dununging don kang sêmbah datan sisip | myang tan nêdya ewah-ewuh | têmah kala samana | kathah janma kang limpad lèjêming kawruh | pralambang ingkang sinamar | sinamun sasmita lungid ||

8. nanging praptaning samangkya | têka maksih ana kang kliru tampi | gugon tuhon têmahipun | kandêl-kumandêl ing tyas | tan rinaras kang tumbuk lan jatinipun | êmpaning duga prayoga | wus kaprah marang pra pingging ||

9. ing rèh bêbasan sukrêta | kadya kang wus kawarsita ing ngarsi | sabdanira Sang Hyang Guru | dhumawuh mring Hyang Kala | pra katunan darung kadurus ing kalbu | uwas sumêlanging driya | têmah ambabar rudatin ||

10. samasa rudah kang nala | rangu-rangu ari ratri kuwatir | tuwas-tiwas kang pamangguh | gagal [ga...]

--- 294 ---

[...gal] ingkang sinêdya | tan katêkan sabarang kinarsan wurung | bubrah trênyuh nalar ura | nyataning rèh kurang titi ||

11. tan tiniti kang karana | kang ketang mung gugon tuhone dadi | kumandêl-kandêl ing kalbu | rusak traping dêduga | tuwuh manèh pracaya sukrêtanipun | ibut ngupaya pangruwat | tan ketang beyaning kardi ||

12. dadakan tanpa rinasa | saksana pyuh sanadyan utang silih | cinêndhak gênti winuwus | ki dhalang dènnya ngruwat | asarana aji prangruwating diyu | kala samana Ki Buwal | pinagas pucuking wèni ||

13. dening kang katga pusaka | sinarêng ing dupa ratus binasmi | wusing kadyeka gya dinus | dening tirta sugănda | kang minăngka sarana dènnya nrang kewuh | de lamun jaman samangkya | kang maksih kaprah linuri ||

14. sêsaji sajèn pangruwat | dimèn para nupiksa ngawikani | prayoga sinawung kidung | mung mrih dadya panglimbang | kèhing wragad binobot lan pêrlunipun | êmbuh bênêr luputira | kawêkèn kang nawung kawi ||

15. saji sajèn kawuwusa | pari têbu gêdhang tundhunan cêngkir | dara pitik enthong pêcut | sapu rakitan samya | kang jinajar kiwa têngên kêliripun | kêmbar mayang payung bantal | bêras sapitrah [sapi...]

--- 295 ---

[...trah] kêmiri ||

16. êndhog pitu kluwak brambang | bawang gêrèh dom waja winor siki | myang gêgêrangan wêsi wus | uga winor sawadhah | klasa anyar jarit anyar warna pitu | rong pangaron rasulannya | kalawan ambêng sarakit ||

17. tukon pasar saadunya | gêdhang ayu suruh ayu sarakit | jênang tumpêng warna pitu | lan rujak warna sapta | myang waragang sêga golong warna pitu | gêcok mêntah kupat luwar | banyu sêmbur ingkang wangi ||

18. tindhihe rong wang saprapat | kaping pitu lungguhe dhalang mori | kang rinuwat uga lungguh | mênggêp nèng mori pêthak | dhuh man dhoblang kadipundi pitu-pitu | ping pitu dèrèng ki dhalang | rowa têmên wragad kardi ||

19. nanging wus sabênêrira | bot-abote sakalih mamrih melik | boga yu măngka pikukuh | têtalining tumitah | nèng jagad gung marmanta kang yitnèng kewuh | aywa ninggal eling awas | mèt mamardu nora gampil ||

20. kèksi wuryaning ruwiya | ingkang ugi marang kasidan jati | kèh wasita wose kumpul | nunggal misahing rasa | sajatine para wignya dènira sung | sasmita tataning gêsang | sayêkti mawarni-warni ||

21. kang sinamar munggwing carma | myang ingukir pakir- | tyan èdi pèni |

--- 296 ---

winastan wayang purwèku | nunggal misah wosira | tan lyan muhung purwa madya wasana wus | sangkan paran ringkêsannya | murih pinarsudi binjing ||

22. sagunging suta sewaya | dimèn samya uninga purwèng dadi | dadi ananing tumuwuh | yèn nguni ora ana | dadi ana kapriye bisane wangsul | mulih mula-mulanira | wawasên jroning samadi ||

23. nahên ta kala samana | amarêngi ki dhalang dènnya ngringgit | wong jro wisma kang cinatur | iyèku somahira | Kyai Buwal dènira wawrat wus sêpuh | kaparêng wusing lèkira | nglairakên jabang bayi ||

24. priya kang warna sulistya | kyai dhalang kanggêg kapita myarsi | tangising jabang bayi sru | ri saksana têtanya | marang kulawarganing Ki Buwal sampun | kang tinanya asung wikan | sigêg mrih gancaring ruwi ||

25. ki jabang pininta sigra | dening kyai dhalang kang murwèng sandi | sinungakên dyan pinangku | wola-wali sinawang | tan antara kyai dhalang nabda arum | mring kang nêmbe darbe wêka | kiyai yèn condhong galih ||

26. ki jabang ngong akên suta | têngêrana wêkanta pêparap sih | Jaka Wahana puniku | mrih kalis sambekala | parêg [parê...]

--- 297 ---

[...g] arja suka rêna sakwèhipun | Kaki Buwal langkung suka | myang winêling kang wigati ||

27. têbiha sing păncabaya | wêwadine ki jabang wus sinung wrin | jabang bayi tinampèn wus | ing yayah renanira | kyai dhalang pangringgitira wus laju | nêngna gênti kacarita | Hyang Kala kang ngêtut wuri ||

28. saparan Dyan Ulam Darma | tinututan sarwi limunan sami | tan ana janma kang wêruh | dyan praptèng wismanira | Kyai Buwal kang nêdhêng rinuwat iku | ya ta risang kawlasarsa | nèng kono kewran ing galih ||

29. karana tyas kamigilan | wimbuh saking sayah dènnya lumaris | tan darana manjing gupuh | mring pawoning Ki Buwal | pra pawèstri kang olah-olah tan na wruh | Hyang Kala nututi sigra | malbèng jro pawon wus panggih ||

30. Hyang Kala dahat kruraya | dyan sinaut pupul tyas panggah jurit | Hyang Kala tinêbak limut | anjungkêl tanpa sambat | dupyantara èngêt dyan sinaut mrucut | cukat trêngginas malumpat | lir dênta timbul ing warih ||

8. Maskumambang

1. duk rikala malumpatnya sang kaswasih | anyinggol wran adang | kang sininggol kagèt nolih | kadadak dandangnya rêbah ||

2. kapitèng tyas alok [alo...]

--- 298 ---

[...k] busêkan pra èstri | wruh dang-dangan wutah | watak wantuning pawèstri | kang gugon tuhone kêkah ||

3. panggah puguh tan wrin êmpaning dêdugi | marang rèh sukrêta | têmah tan nganggo pinikir | mung kandêl-kumandêling tyas ||

4. kang mangkono kaprah pra kang kurang budi | nging sanyatanira | yèn manusa maksih urip | pasthi nora bisa ninggal ||

5. gugon tuhon sayêkti tansah kumanthil | rumakêt ing tekad | nèng panganggêping wong urip | tan mawang sadhengah băngsa ||

6. kawuwusa gêdêr rudahing pra èstri | eling rèh sukrêta | sawênèh ana kang angling | si adhi kudu diruwat ||

7. lamun nora mangkono sirèku mêsthi | dadi pangan Kala | kalêbu sukrêta janmi | wit ngrubuhake dang-dangan ||

8. ana manèh juga èstri pikun angling | tan susah diruwat | disranani bae ya wis | jogedan nèng têngah latar ||

9. dadya rame jroning pawon swarèng èstri | ana gumya latah | ana kang sumêla angling | tênèh ingaran wong edan ||

10. jêjogedan nèng têngah latar wong èstri | yèn rujuk prayoga | ngubêngana wisma nuli | nging ana sarate iya ||

11. ngure rambut [ra...]

--- 299 ---

[...mbut] wuda wudêlmu dinjêti | dadya wuwuh gumrah | pra èstri krungu dènnya ngling | uwas kang ngrubuhkên dandang ||

12. samana dyan wus mêsat Hyang Kala tan wrin | antuk parmaning Hyang | Suksmana Kang Maha Asih | mring titah kang kawlasarsa ||

13. risang prapta gyaning ki dhalang angringgit | mawor janma kathah | kang nêdhêng samya ningali | pangruwate Kyai Buwal ||

14. pra ningali mring Ulam Darma tan na wrin | risang kawlasarsa | samana wus trang umèksi | myang cêtha dènnya miyarsa ||

15. yèn puniku Dhalang Karurungan yêkti | tan darana radyan | marêpêki nulya linggih | andhêkukul anoraga ||

16. Kyai Dhalang Karurungan wus udani | mring kang nêmbe prapta | salêlakonira kang wis | myang sêdya pakoning bapa ||

17. ing puwara sang namur awlas ningali | ririh sung pujyarja | nilakrama mring kang prapti | sang sinung sabda ngrêrêpa ||

18. mêmalad sih manuhara ngasih-asih | dhuh kilap punapa | pukulun mring kawlasasih | sing kadrêng pakèning bapa ||

19. rèhning amba kalêbêt sukrêta sami | marma pinarêngna | ulun dahat mêminta sih | lêpata sing sambekala ||

20. myang mêminta wimbaning kawruh sajati | mrih nir sêmanging tyas | ing rèh tan samar kapusthi | kawaskithaning [ka...]

--- 300 ---

[...waskithaning] wardaya ||

21. kaki dhalang amangsuli sabda manis | kaki ywa sumêlang | ruwating sukrêtanta dwi | sira miwah arinira ||

22. myang wimbaning kawruh kasunyatan jati | kèsthi rèh tan samar | murih pranawa awêning | kaki sira kawruhana ||

23. rasa iku kanugrahaning Suksma Di | dinum sakwèh titah | manira sung tuduh margi | dhuh ki bagus sabarêna ||

24. aran tan ana babo yèn wus purnèng kardi[12] | mangruwat Ki Buwal | sakaroron lan kang èstri | sang sinung ling tan lênggana ||

25. sigêg gênti Hyang Kala krodha tan sipi | mring janmèstri adang | cinandhak ginigit nuli | kapisanan wus palastra ||

26. wit dinalih wèh marga kelangan lari | panautnya gagal | kalingan dandang gumuling | kang rubuh nèng ngarsa Kala ||

27. tambuh-tambuh solahing para pawèstri | tangis tanpa rungyan | pinaripurna kang mayit | kunêng Sang Hyang Kala tandya ||

28. mêsat ngayuh nèng madyantara manoni | akèh para janma | gêng alit samya myat ringgat |[13] Hyang Kala niyup saksana ||

29. prapta gyaning pra janma kang lagya mèksi | ki dhalang mangruwat | Hyang Kala arsayèng galih | kapiluyu myat pangruwat ||

30. nulya raryan nèng wurining wran ningali [ninga...]

--- 301 ---

[...li] sèndhèn wit kalapa | ki dhalang gênti winarni | samana dènira mayang ||

31. dungkap rampung purnaning nawung wigati | Dhalang Karurungan | maladi samadi êning | wus gambuh lan Hyang Wisesa ||

9. Gambuh

1. ki dhalang wus wrin kewuh | nora samar ing pamawasipun | jroning wisma ana ingkang mara sandi | yèku bangsaning lêlêmbut | anggung ngrusak karahayon ||

2. ya ta ki dhalang gupuh | nglinang suksma tilar raganipun | sang amindha tuhu widagdèng rèh lungid | wignya manjing agal lêmbut | waskitha tan kewran kewoh ||

3. saksana nabda asru | hèh ta sapa aranmu lêlêmbut | kang singidan nèng sênthong kiwa dèn aglis | balia marang dunungmu | sira ayya anèng kono ||

4. kang mara sandi muwus | kula Kala Undhung băngsa lêmbut | hah kiyai punapa wrin dunung mami | yèn tan wruh kula tan purun | wangsul marang dununging don ||

5. kyai dhalang nabda rum | mêsthi iya ngong wikan dunungmu | saka alam janaloka kono yêkti | asalira sotya wurung | wiji ka[14] kurang don-adon ||

6. sangkêping trimurtèku | karsaning Hyang kang nèng alam mau | kabèh padha nandhang cacad kanang warni | myang gêndhak sikara tuhu | kagawa

--- 302 ---

witing dumados ||

7. Kala Undhung amuwus | nadyan cêtha sabdanta puniku | ulun boya nêdya sumingkir sing ngriki | kyai dhalang nabda asru | yèn tan lunga mêngko klakon ||

8. sigra ki dhalang gupuh | matak măntra pangruwating diyu | blas wus sirna sotya salah durtèng kardi | ki dhalang malih nabda rum | kang nèng sênthong têngên kono ||

9. angakua sira dur | mara sandi kang nèng kono muwus | kula Kala pangantèn bangsaning êjin | kyai dhalang wacana rum | gya sumingkira kang adoh ||

10. sirèku băngsa alus | sotya salah ingkang adêdunung | nèng sajroning alam janaloka ugi | ing tundha loro dunungmu | de asalira dumados ||

11. sotya kang tanpa biyung | yèn tan têrang mangkene liripun | sotya kang tan katampan baganing èstri | marma tan cacad warnamu | nging gêndhak sikara yêktos ||

12. tan pae sotya wurung | glis minggata sing kono dèn gupuh | kang sinabdan amangsuli têmbung wêngis | hah janma tan nêdya ingsun | kapenak nèng kene manggon ||

13. ki dhalang dadya rêngu | nuli matak măntra kamayan wus | sakala blas sotya salah tan kaèksi | tantara ki dhalang muwus | sapa kang nèng

--- 303 ---

têngah sênthong ||

14. kang tinanya lon muwus | kula parayangan băngsa alus | asal kula saking alam sunyaruri | Kala Janggol wasta ulun | kyai dhalang nabda alon ||

15. sumingkira sirèku | yya nèng kono yya sikarèng laku | parayangan kang sinabdan amangsuli | tan nêdya sumingkir ulun | ki dhalang gya matak gupoh ||

16. aji kamayan sampun | kang kataman sirna tan kadulu | tan antara Dhalang Karurungan mèksi | băngsa pêri nèng jro sumur | sinapa wangsulannya lon ||

17. băngsa pêri pukulun | saking alam panasaran alus | ugi alam panasaran tundha katri | janaloka kang kasêbut | kilap punapa sang kaot ||

18. asaling băngsa ulun | Kyai Dhalang Karurungan muwus | asalira saka wiji kurang murni | sotya salah sotya wurung | nèng janaloka rêraton ||

19. alam kang tundha têlu | Hyang Ismaya kang rinatu-ratu | angratoni jroning alam sonyaruri | yèku kadanging Hyang Guru | Hyang Pramèsthi Jagad Katong ||

20. sumingkira sirèku | yya nèng kono myang ayya ngrêridhu | gora-godha gêndhak sikara dur kardi | balia marang asalmu | kana dunungira manggon [mang...]

--- 304 ---

[...gon] ||

21. pêri mangsuli wuwus | botên nêdya sumingkir sing sumur | Kyai Dhalang Karurungan matak aji | kamayan pêri tandya wus | blas sirna tan ana katon ||

22. tiniti karêridhu | ingulatan yèn panggya tinundhung | brêkasakan dhêmit prayangan jin pêri | kang nèng kori tritis lumbung | pawuhan aranira won ||

23. pawuhan Kala Umbuk | Kala Drêmba Kala Boros lumbung | Kala Ingsêr nèng kori kang anèng tritis | Kala Idêr sirna larut | sawiji tan ana katon ||

24. duk samana winuwus | wusing purna dènnya manrang kewuh | kyai dhalang saksana maluyèng dhiri | paripurna nging tan na wruh | mra[15] ki dhalang kang wigatos ||

25. Hyang Kala kang cinatur | duk manoni ing pangringgitipun | kyai dhalang samana arsa cinobi | Hyang Kala marani gupuh | sêsèndhèn kêlir mandhêlong ||

26. pra nongton tan ana wruh | mring Bathara Kala kang ngrêridhu | gora-godha gêndhak sikarèng pakarti | ki dhalang wrin Kala Martyu | gya ngêningkên tyas gumathok ||

27. pulih kadewannya wus | datan samar ing pamawasipun | Sang Bathara Kala sinapa mêmanis | rêngên ta hèh Kala Martyu | sira yya karya pakewoh ||

--- 305 ---

28. ngregoni wong mêmangun | mrih kaharjan arjaning tumuwuh | nir sakwèhing păncabayaning dumadi | berat para pakarti dur | puwara tan gugon tuhon ||

29. Bathara Kala muwus | paran baya sira kumapurun | ngruwat janma kang klêbu sukrêta sami | măngka yèku pangan ingsun | dhawuhe Hyang Giri Katong ||

30. ki dhalang nabda arum | kang sun ruwat pêpêtênging kalbu | mung mrih brastha sanggya mêmalaning ati | wikana nyataning kawruh | tan sêmang anggêpirèng don ||

31. yèn wus mangkono tamtu | mahyakakên bawa laksana yu | Sang Bathara Kala tandya sumambung ling | nadyan bawa laksana yu | sun tan wêgah mrih wirangrong ||

32. amèt kabêgjanipun | atas saka sabdaning Hyang Guru | Kyai Dhalang Karurungan nabda malih | bênêr sira Kala Martyu | mung pucunge durung manggon ||

10. Pocung

1. yèn si punggung kêna sira arubiru | rêngênta hèh Kala | yèn bawa laksanèng janmi | kang winantu cipta mardi martotama ||

2. sarya nulus marang kasutapan gêntur | adat pupuling tyas | mardu santosa ing budi | sun pasthèkkên tan kêna sira wasesa ||

3. kang sira nut nguni sabdaning Hyang Guru | pra janma sukrêta | măngka pancènira bukti |

--- 306 ---

dene lamun ana kang bawa laksana ||

4. sira muhung kinèn mêpêt bêgjanipun | myang sandhang pangannya | nanging yèn santosèng budi | Sang Hyang Guru dhawuh tan parêng masesa ||

5. têrang lamun titah tan kuwasa têmtu | masesa sasama | kajaba kang murwèng pasthi | lah rasakna badan kawasesèng nala ||

6. ati iku kawasesèng nyawa ayu | nyawa kawasesa | dening Hyang Kang Maha Luwih | sumarmanta ayya ninggal titipriksa ||

7. mungguh ratu wajib masesa wadya gung | nanging kawruhana | ratu kawasesèng adil | nitipraja adil kawasesèng nala ||

8. Kala Martyu minggata ayya ngrêridhu | Sang Bathara Kala | amangsuli gora wêngis | hah ki dhalang sun tan ulap kadibyanta ||

9. dumèh lamun bangkit manjing ajèr-ajur | ing rèh nora kewran | wus ayya kakehan angling | cêkak bae samêngko sun arsa wikan ||

10. nyatanipun dènira paksa kumlungkung | musthi osiking rat | ngruwat janma kang sukrêti | myang andumuk kaalusaning triloka ||

11. sajak wêruh mring asaling băngsa alus | kaananing asal | asaling jin sarta pêri | parayangan lawan asalmu priyăngga ||

12. risang namur Dhalang [Dha...]

--- 307 ---

[...lang] Karurungan muwus | rêngênta hèh Kala | asalmu beda lan mami | lamun sira sotya salah tibèng tirta ||

13. têgêsipun sotya salah Kala Martyu | sotya tan katampan | baganing biyung sayêkti | kang kadyèku wênèh sotyaning manusa ||

14. nuju turu kawawa narik wijèku | korutirèng sotya | lir cumbana jroning ngimpi | wiji mau uga banjur bangkit gêsang ||

15. adêdunung anèng alam kang kasêbut | ya ing janaloka | kaalusan tundha kadwi | lah ing kono băngsa alus gêgolongan ||

16. kang tinamtu tanpa cacad kanang wujud | nging gêndhak sikara | dadya beda lawan mami | asal ingsun saka jati rasaning Hyang ||

17. iya ingsun wahyuning bawana agung | musthikèng pêpadhang | hèh Kala minggata aglis | ywa ngregoni ngong mêmayu hayuning rat ||

18. tandya limut Bathara Kala nabda sru | hah ta dhalang syarda | si kêparat jêr cariwis | lamun nyata sira măngka wahyuning rat ||

19. pasthi tuhu sira wruh mring ciriningsun | manut ing ubaya | sun enggal lunga sing ngriki | kyai dhalang mèsêm puwara wacana ||

20. sayêkti wruh ciri kang munggwing anggamu | siji bathukira |

--- 308 ---

kapindho dhadhanirèki | kaping têlu dumunung nèng gigirira ||

21. ciri têlu iya kang munggwing anggamu | rajah kalacakra | hèh Kala rungunên dhihin | kawuwusa risang sampurna ing guna ||

22. matak sampun rajah kalacakra kasub | ya ta Sang Hyang Kala | lêsah anglês budaya nir | angalumpruk prasasat tan darbe kêrkat ||

23. tandya muwus sêrêt wijiling pamuwus | dhuh sang lêbdèng guna | yèn mangkono nrima mami | nora măngsa wong sukrêta jangjiningwang ||

24. nanging muhung isih ana pamintaku | mrih lêga tyas ingwang | jarwanana kang sayêkti | aja tanggung sira angucap triloka ||

25. mèsêm wuwus[16] Kala siraywa tumpang suh | kang ran janaloka | karaton wijining janmi | hèh ta Kala yèku alam kaalusan ||

26. kang sajuru alamira sotya wurung | mangkene têgêsnya | sotya wurung kanang arti | yèku wija ingkang maksih kêkurangan ||

27. sangkêpipun don-adoning trimurtèku | kaya ta wanodya | kang wus katon anggarbini | măngka têrag dadi wiji mau kurang ||

28. kanang wujud lagi ana sirahipun | myang sapêpadhanya | ewadene bangkit urip | nanging urip uriping

--- 309 ---

kaanan cacad ||

29. kaya kang wus kasêbut ing dhuwur mau | kabèh wiji samya | dumunung nèng kono ugi | kanang wujud nganggo kadunungan cacad ||

30. wuwuh-wuwuh padha gêndhak sikara dur | labêt kêkurangan | adon-adoning trimurti | manèh kaalusan tundha pindho yeka ||

31. alam iku maksih jroning wiji manus | iya janaloka | alaming jin sarta pêri | parayangan kang andudukwuluh samya ||

11. Dudukwuluh

1. hèh ta Kala kang kasêbut iku mau | sotya salah kang sayêkti | lah mangkene têgêsipun | sotya tan katampan dening | baganing biyung mangkono ||

2. upamèku sotyaning manusa turu | kawawa anarik wiji | de wêtuna[17] sotya mau | sarana ngimpi sarêsmi | lah ing kono sotya dados ||

3. bisa urip nèng alaming manusèku | kaalusan tundha kadwi | gêgolongan băngsa alus | manggonira nunggal jinis | myang gêndhak sikara yêktos ||

4. angrêridhu nanging nora cacad wujud | lir tataran kang kasiki | ing mangkya gênti ngong tutur | kaalusan tundha katri | rungunên dimèn mangêrtos ||

5. kang ingaran alam sunyaruri iku | ing kono kakwa

--- 310 ---

sayêkti | murbèng tundha kang katêlu | mangrèh sarupaning pêri | parayangan jin rêraton ||

6. ya ing kono Hyang Ismaya kang kadhatun | Kala salin crita gênti | rungokna ayya kaliru | pasang sopana karna dwi | pangrungumu aywa siwo ||

7. jroning alam Ngendraloka kang sinêbut | tan prabeda lan ing ngarsi | uga padha tundha têlu | têlung kaalusan pasthi | de babaraning wigatos ||

8. kaalusan iya kang kapisan iku | alaming manusa jati | kang wus badan rokhani yu | badan alus kanang wardi | mungguh kadunyane kang wong ||

9. kang mangkono klêbu dawêg ananipun | lire kang nora utami | nora murka nora luhur | nora bodho datan ngèlmi | de tataran kang kapindho ||

10. sajêroning alam Ngendraloka iku | alaming manusa ugi | kang ngêgungake cipta yu | wêlasasih mring sasami | kang munggah tataran karo ||

11. de tataran kaalusan kang katêlu | jroning Ngendraloka ugi | dêdununganing pra wiku | pandhita ulah wirangi | ana manèh kang nèng kono ||

12. yèn narendra kang luhur bêbudènipun | nunggal sang pandhita bangkit | mangkya gênti kang sun wuwus | jroning

--- 311 ---

alam kang kaping tri | rêngênta hèh Kala siwo ||

13. Guruloka kahyanganing Sang Hyang Guru | karatoning suksma luwih | iya uga tundha têlu | têlung kaalusan jati | arane sagolong-golong ||

14. kang sapisan lamun jaman purwa kasbut | teja maya ingkang dadi | alaming pra satriya nung | pra nata kang mardu budi | anggung pudyakara ayon ||

15. pujabrata tancêbing cipta marta yu | wêlasasih mring sasami | Kala priye panampamu | apa bênêr apa sisip | panggonan ingkang mangkono ||

16. piyarsakna ujarku dèn têkèng kalbu | gênti kaalusan kadwi | jroning Guruloka mau | janma uga bisa ngancik | angambah alam kaloro ||

17. nging manusa kang lêbda nawung pakewuh | lir para nata myang rêsi | wit ing kono alamipun | pandhita rêsi myang nabi | dadi ora sabên uwong ||

18. pungkasaning kaalusan tundha têlu | jroning Guruloka ugi | janma kang wus bangkit gayuh | ngambah alam kang sajati | iya alaming Hyang Manon ||

19. kang mangkono bali alaming rumuhun | yèku alaming trimurti | marmanta yèn sêdya gayuh | gêgayuhan kang prayogi | mligi ginigit yya anggop ||

20. rèh puniku [pu...]

--- 312 ---

[...niku] măngsa borong panampamu | gumantung lêpasing budi | dadia tanapi wurung | ana sarira pribadi | nut lêlabêt myang lêlakon ||

21. Sang Hyang Kala dangu tan bangkit amuwus | wit kapranan têmbung awig | kèlu warsita linuhung | unggyaning rasa mênuhi | ing puwara muwus alon ||

22. hèh ki dhalang mêngko ingsun nêdya manut | nging priye panciku bukti | kang wus kacrita rumuhun | lir dhawuhe Hyang Pramèsthi | Hyang Jagadnata maring ngong ||

23. măngka ingsun mung manut sabdèng Hyang Guru | sang namur ngandika ririh | iya bênêr Kala Martyu | abot pangrèhing sudarmi | sira kang sabar yya siwo ||

24. lamun nyata manut sabdaning Hyang Guru | anggugua ujar bêcik | lan elinga duk ing dangu | dhawuhe Hyang Sidhajati | tan parêng masesa kang wong ||

25. salawase mring kang santosa budya yu | Hyang Kala sumambung angling | iya wuwusmu ngong turut | nanging sun mêksa drêng ngudi | sakarêpmu mêngke dados ||

26. jêr wus nuduh sira marang awak ingsun | mêngko dak lakoni bêcik | Dhalang Karurungan muwus | Kala panjalukmu gampil | iki ana jangjiningong ||

27. sira kêna măngsa janma kang balilu | de yèn tan kêna kang dhiri |

--- 313 ---

mèta sandhang buktinipun | nanging mungguhing wong ngèlmi | sira tan kêna marono ||

28. saya lamun yèn ana janma kang wêruh | iya mring cirinta katri | lêbda jatining rasa wruh | rajah kalacakra yèki | sira minggata dèn adoh ||

29. Sang Hyang Kala prastawèng karna musna wus | sanalika tanpa pamit | Hyang Wrêga musna tumutur | ya ta gênti kang winarni | ki dhalang wus purnèng kewoh ||

30. Kyai Buwal dahat gyanira nênuwun | kawahya lêganing pikir | cêkaking gitaya sampun | babaran purna wigati | sowang-sowangan pra nongton ||

31. kyai dhalang sarowang wus pamit laju | prasamya andum basuki | tan kacrita kang nèng ênu | ki dhalang dènnya lumaris | ngèsthi sinom karahayon ||

12. Sinom

1. andina ratri lumampah | kalantur kalunta têbih | anjajah desa-ngadesa | gyanira manawung sandi | wus kawaratan sami | pra janma winulang kawruh | nyataning kawusanan | marma kèh prayitnèng wèsthi | kang ginusthi tarlèn wêkasing kasidan ||

2. dinuman sakwèhing rasa | rarasing wulang dumêling | labêtane linalêbda | lêlangên pungkasing dadi | wêlingnya sang sinandi | wus linakyan sakwèhipun | bab pangrurahing [pangru...]

--- 314 ---

[...rahing] Kala | panulaking satru sakti | lah iyèku kang ran rajah kalacakra ||

3. mangkene ing jarwanira | pangrancana kang linuwih | ilanga kasaktènira | hèh ta kang ambêbayani | maria durtèng kardi | hèh kang awèh lapa sagung | muga amarêgana | hèh sira kang karya miskin | nyukupêna hèh sira kang asikara ||

4. muga maria nangsaya | hèh sira kang murang bêcik | laruta kêkuwatannya | hèh kang para cidrèng kardi | kogêla ardèng juti | hèh ta kang dadi ama gung | yogya para asiha | purna rajah kang sinung wrin | samya kinèn anglakoni ulah brata ||

5. cacahe limang prakara | juga pasa wiwit wanci | surup arka praptèng wayah | têngange ingkang kaping dwi | wungu wit bangun enjing | têkan sirêpe wong turu | dene yèn arsa nendra | uga wayah sirêp janmi | kudu siram de lamun wungu sing nendra ||

6. siram parêng bangun enjang | nuli lumaksa sakarsi | sakuwating lampahira | tapa ambisu kaping tri | wiwit wungu sing guling | ing wanci mèh gagat bangun | kongsi plêthèking surya | nging jrone ambisu sarwi | mêsu budi nyipta rahayuning angga ||

7. dene kang kaping pat wadat | yèku [yè...]

--- 315 ---

[...ku] yèn arsa sarêsmi | kudu pêndhak satus dina | utawi salapan ari | kalima mangrèh pikir | sabar ing salawasipun | amêpêt napsu hawa | samana kèh kang lêstari | anglakoni ulah brata păncawarna ||

8. têmah duk jaman samana | kèh tuwuh bagya basuki | awit saka mantêping tyas | nalăngsa ngandêl mring Widhi | winantu ing têtèki | amêmardi budi mardu | dumadya kalaksanan | dadi saciptanya sami | myang katêkan sabarang ingkang sinêdya ||

9. tan lyan parmaning Pangeran | Kang Maha Murah myang Asih | kunêng duk pangruwatira | Hyang Wisnu kang namur sandi | mindha dhêdhalang ringgit | dènnya mêmangun rahayu | mêmayu hayuning rat | rikala tumurun saking | kadewatan amarêngi masa sitra ||

10. rampunging pangruwatira | masa palguna marêngi | kawuwusa Hyang Antaga | samana nulya manggihi | mring Hyang Narada mèt wrin | minta sabdaning Hyang Guru | kang dadya pancinira | mangsaning Kala pinasthi | Hyang Narada angguguk winor ing sabda ||

11. rêngênta kakang Antaga | sakèh lêlara puniki | waluya dening usada | bêcik tulusa basuki | rahayua salami | saka parmaning Hyang Agung | Sang Hyang Antaga merang | sakêdhap musna

--- 316 ---

tan kèksi | de Hyang Kala kapêksa tan tuk mêmangsan ||

12. kapêpêt kataman daya | dayaning ulah wirangi | winantu mardi kotaman | Kala tan bangkit nyêdhaki | sru merang jroning kapti | musna sanalika iku | wus tan bangkit ngêngarad | pangayam-ayaming ati | tarlèn muhung katrêsan gênging prabawa ||

13. gya ngumpulkên brakasakan | pra lêlêmbut lan dhêdhêmit | cêkaka rèh wus suwita | angidhêp Hyang Kala sami | akèh anggusti-gusti | puruhitèng Kala Martyu | parêng masa wisaka | jroning istrimuka warsi | kacarita Hyang Kala mêsu kadibyan ||

14. anggêlar kasaktènira | kèh janma kasmaran sami | têmah kathah sumawita | Hyang Kala nata agami | nyirêp gangsal agami | ingkang wus lumaku dangu | kaprah kanggo ing kathah | kaya ta Sambo agami | kadwi Brahma katêlu agama Endra ||

15. kacatur Bayu agama | kalima Wisnu agami | ing kono para manusa | kèh ninggal agama lami | ngrasuk Kala agami | nging kang santosa budyayu | kukuh agama lama | sowang-sowang dèn antêpi | Sang Hyang Kala amarêngi taun pawa ||

16. etanging suryasangkala | kalih atus langkung kadwi | anêmbah kang tanpa asta |[18] yèn [yè...]

--- 317 ---

[...n] candrasangkala warsi | ngèsthi sirnaning dhêsthi |[19] taun kalih atus wolu | nuju manggasri masa | Sang Hyang Kala yasa candhi | wasta Candhi Kamale asri kawuryan ||

17. nèng kiduling pulo Jawa | sajêroning jalanidhi | ya ta nuju taun ipa | warsa kalih atus katri | suryasangkala warsi | tinêngêran kanang têmbung | wruh barakan asêmbah |[20] de căndrasangkala warsi | tinêngêran gapura kang tanpa tambang |[21]|

18. taun kalih atus sanga | manggakala amarêngi | Sang Hyang Kala malih yasa | candhi nèng têpi udadi | pinindha gapura di | minăngka wiwaranipun | Candhi Kamale ngarsa | winastan Kalaka Candhi | ing sajrone taun tadu winursita ||

19. etanging suryasangkala | dwi atus sakawan warsi | têngran warna tanpa boja |[22] yèn căndrasangkalèng warsi | têtêngêr kanang tulis | patining janma kacaksuh |[23] kalih atus sadasa | masa sitra amarêngi | Sang Hyang Kala yasa Candhi Wanatulyan ||

20. salèring wukir Maendra | ardi Lawu yèn samangkin | yèku tanah Surakarta | kanan keringnya kang candhi | sinung pacrabakan sri | Candhi Sali wastanipun | nuju taun iswara | suryasangkala kang warsi | tinêngêran tata barakaning [bara...]

--- 318 ---

[...kaning] sêmbah |[24]|

21. taun kalih atus gangsal | yèn căndrasangkalèng warsi | wus kalih atus sawêlas | tinêngêran kanang warsi | manut unining ruwi | Pustakaraja jarwa nung | rupèstri kasikara |[25] masa kartika marêngi | para janma kang manut agama Kala ||

22. uga yasa candhi samya | nèng ngarêping Candhi Sali | Candhi Mali wastanira | karoncèn lamun winarni | yogya pinunggêl kawi | gênti samana Hyang Wisnu | wus wangsul makahyangan | myang pra dewa kang umiring | Hyang Narada mukswa mring kahyanganira ||

23. iti purnaning gitarja | sumăngga para nupèksi | pangayam-ayaming Kala | dènira sami manggalih | miwah sukrêtèng janmi | kang nawung gitaya punggung | mudha tunèng budaya | tangèh yèn bangkita manggih | rèh mung amèt caritaning para kuna ||

24. kang kamot Pustakaraja | pra sukrêta kathah yêkti | satus pitung dasa tiga | tan lyan ulun mêmalad sih | kuciwaning pangawin | de tan sadaya tinurun | jêr mung mrih sapêrlunya | kang pinèt mung sawatawis | kang minăngka pamèting kuswalalita ||

25. de ta kalamun yun wikan | para sukrêta sakalir | sayogya mundhuta sêrat | dhatêng toko Kolêf Buning | Ngayogyakarta nagri | kang sampun [sampu...]

--- 319 ---

[...n] kasusra dangu | cêcawis kwèh pustaka | piranti gambar myang tulis | amêpaki tur rêgi kalangkung mirah. ||

__________

--- [320] ---

[Grafik]

Nonah Olvia de Havilland sawêg nyobi satugiling[26] bêkakas Autoped ingkang dipun lampahakên dening motor.

--- [321] ---

[Grafik]

Ing alam palimunan Sang Hyang Wisnu manggihi Bathara Kala, anyuwak ingkang dados têdhanipun, inggih punika para janma sukrêta.

--- [322] ---

WARTA PENTING.

Kelangkapan, kacerdasan dan kaindahan tentang adanya persediaan kitab-kitab, perkakas tulis dan menggambar pada toko Kolff-Buning Jokja, pula tentang murahnya harga, itulah bukan perkara baru, tetapi sekarang masi pula diturunkan harganya yang sampei ta berarti, pengharapan yang supaya tambah meringankan kepada siapa jua.

Silahkan tuan-tuan dateng saksikan kabeneranya.

Menunggu pesanan dengan hormat.

Boekhandel-Drukkerij

KOLFF-BUNING

JOKJA.

--- [323] ---

Boekhandel en Drukkerij KOLFF-BUNING, Jokja.

Buku-buku wêdalan toko buku sarta pangêcapan Kolêf Buning Ngayogya.

Basa sarta aksara JawiRêgiBeya kintun
1Paromojăgo. Paramayoga, nyariyosakên wiwit Kangjêng Nabi Adam ingga têrah-tumêrahipun para dewa, anggitanipun swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing nagari Surakarta ...f 0.90f 0.15
2Pustokorojo Purwo. Pustakaraja Purwa, babon saking swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing nagari Surakarta.Jilid 1 dumugi 9, nyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi, Madura, Sumatrah tuwin Bali, wiwit taun sirah 1 dumugi taun 734.Jilid 1, 2, 6, 7, 8, 9, aJilid 3, 4, 5, ... af 1.-f 1.50f 0.15
f 0.15
3Babad Surokarto. Babad Giyanti, babon saking swargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujăngga ing Surakarta.

--- [324] ---

RêgiBeya kintun
Jilid 1-3, nyariyosakên adêgipun karaton Surakarta, lajêng nyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Mangkubumi andon pêrang ingga pêrang kalayan Kumpêni wontên ing Tidhar lan Banyudana. ... af 0.90f 0.15
4Paromosastro Jawi . Paramasastra Jawi jilid II. Anêrangakên têgês lan pangrimbaging têmbung, anggitanipun Radèn Ngabèi Dwijasewaya. ...f 0.75f 0.10
5Pangrimbaging Têmbung. Pangrimbaging Têmbung, kangge miwiti sinau sastra Jawi. ...f 0.25f 0.05
6Sêrat Rojoputro. Sêrat Rajaputra, nyariyosakên darah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogja ingkang kapisan dumugi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping VI. Babon saking swargi Bandara Pangeran Ariya Hadinagara kapisan. ...f 0.65f 0.10
7Wulangrèh. Wulangrèh, anggitan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping

--- [325] ---

RêgiBeya kintun
IV. ing Surakarta, amarsitakakên nistha, madya, utamining agêsang ingkang prayogi linampahan. ...f 0.75f 0.15
8Sultan Ibrahim Ibnu Akbar. Cariyosipun Kangjêng Sultan Ibrahim Ibnu Akbar Nata ing nagari Irak. ...f 0.45f 0.10
9Suluk Kogo Kridosăpono. Sêrat Suluk Kaga Kridhasopana, anggitanipun Radèn Sasradarsana ing Ngayogja, jilid 1, nyariyosakên pêpanggihanipun sang rêsi kadhal kalayan bango, cangak, walang kadhak, sami angginêm bab agami ingga sami wangsulipun sowang-sowang. ...f 0.60f 0.10
Jilid 2, nyariyosakên bango, cangak, walang kadhak sami puruhita bab ngèlmi kalêpasan ingga muksanipun sarêngan. ...f 0.85f 0.15
10Michrad. Sêrat Mikhradipun Kangjêng Nabi Mukhammad. ...f 0.60f 0.10
11Kitab Puntir Palakiyah. Kitab Puntir Pa-

--- [326] ---

RêgiBeya kintun
lakiyah, kenging kangge pitakenan ngantos 21 bab, sarana dhadhu 2 iji. ...f 1.-f 0.35
12Serat Jarwo. Sêrat Jarwa, pêthikan saking Kitab Manasik Haji. ...f 0.30f 0.10
13Darmo Kondo. Sêrat Darmakăndha, anggitanipun Mas Surajaya, wadana pènsiyun ing Balak - Magêlang, wêwarah bab lampah kasaenan. ...f 0.40f 0.10
14Pragiwo. Sêrat Pragiwa, kajarwakakên dening R.M. Sasradiwirya, nyariyosakên rabinipun Ariya Gathutkaca. ...f 0.60f 0.10
15Wuku Hari. Wuku dintên utawi wuku 35, kaimpun dening Ki Dewabrata ing Ngayogja, kangge nyumêrêpi wêwatêkaning lare utawi tiyang ingkang dintên wêdalanipun kapratelakakên jêngkap 35 dintên.f 1.-f 0.10
16Asmorogomo. Kitab Asmaragama, wêwarah bab anurunakên wiji utami sarta patraping salulut. ...f 0.40f 0.05

--- [327] ---

RêgiBeya kintun
17Katuronggo Sawung. Katurăngga Sawung Abênan, dalah pangrimat sarta patraping pangabên, kaimpun dening Ki Dewabrata ing Ngayogja. ...f 0.40f 0.05
18Pengrèhing Kapal. Pangêrèh sarta wêwijangan saranduning kapal tumpakan, babon saking swargi Tuwan F.L. Winter. ing Surakarta. ...f 0.50f 0.10
19Katurongga Kapal. Katurăngga Kapal, babon yasan dalêm swargi Ingkang Sinuhun ingkang kaping III. ing Surakarta. ...f 0.75f 0.10
20Olah-olah. Wulang olah-olah lawuhan, dhêdhaharan, unjukan, manisan warni-warni. ...f 0.90f 0.20
21Warnokriyo. Warnakriya, anggitanipun Mas Sastrawirya, kapala guru ing Kanigara, Madiun, wêwarah bab padamêlan warni-warni, dados panuntuning katabêrèn.f 0.45f 0.10
22Hariworo. Hariwara, warni-warni petang-

--- [328] ---

RêgiBeya kintun
an dintên, karanganipun Ki Padmasusastra, Surakarta. ...f 1.25f 0.10
23Jampi-Jawi . Primbon Jampi Jawi, racikan cara Jawi tulèn, tilaranipun para sêpuh kina. ...f 1.10f 0.10
24Wulangrèh-Tekowardi. Sêrat Wulangrèh Tekawardi lan Suluk Rêsi Driya, wêwarah sae dhatêng para kathah. ...f 2.-f 0.10
25Pawukon. Sêrat Pawukon, têdhakan saking karaton Surakarta. ...f 1.90f 0.10
26Katuronggo Perkutut. Katurangganipun Pêksi Pêrkutut, saha jampènipun, sarta prêdikanipun pêksi prênjak.f 0.50f 0.05
27Hidayat-jati. Wirid Hidayatjati, yasanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing Surakarta. ...f 1.-f 0.10
28Kohinur. Sêrat Kuhinur, jilid 1.f 0.75f 0.15
29Perang Nederland. Cariyos pêrang ing nagari Nèdêrlan ing taun 1815,

--- [329] ---

RêgiBeya kintun
saking basa Walandi kasantun ing basa Jawi dening swargi Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr, juru basa ing Surakarta. ...f 0.60f 0.10
30Pranasmoro . Sêrat Pranasara, anggitanipun Mas Sastraatmaja ing Batawi, jilid 1, 2, a rêgi. ...f 0.20f 0.05
31Trilokoyo . Trilokaya, gancarakên kawontênaning gunungan, anggitanipun Mas Sastraatmaja. ...f 0.30f 0.05
32Kartu Gambar Wayang. Kartu mawi gambar wayang, pulas langkung èdi: 1 wadhah isi 12 iji. ...Sarta taksih wontên pintên-pintên sêrat ingkang sagêt migunani mênggahing ngakathah.f 0.30f 0.05
33Bau Sastra Walandi-Jawi. Bausastra Walandi-Jawi, dening: W.Y.S. Purwadarminta, E.A.S. Hèrsaya lan A. Subrata. ...f 2.10f 0.10

Sarta taksih kathah malih buku-buku ingkang langkung wigatos.

--- [330] ---

Buku-buku Bahasa Melayu Huruf Latin.

1Buku Obat-obat buwat segala penyakit orang tuwa kanak-kanak, asal tinggalanya Nyonyah E. van Gent de Telle.f 0.90f 0.15
2Kitab ilmu tunggang dan memacu kuda, yaitu guna mengajar jalanya kuda naekan dan menjinakan kuda yang nakal. ...f 0.50f 0.05
3Kitab Obat dan katurangga kuda, iyaitu menerangkan macam, ciri dan mathi kuda yang baik dan busuk. ...f 1.-f 0.10
4Kitab Masak-masakan rupa-rupa menerangkan bagimana akan membuat masakan kwee-kwee, acar, manisan dan minuman. ...f 1.50f 0.15
5Aji Aamorogomo, menerangken perihal sopan santunnya bersetubuh.f 0.40f 0.05
6Kitab Achli Nujum, beberapa pertanyaan dan jawabanya, lantaran dengan 3 buah dadu. ...f 1.-f 0.05
7Bagawad-Gita, kutipan dari kitab Mahabharata bagian anem. ...f 0.90f 0.10
8Patenungan, beberapa pertanyaan dan jawabanya, lantaran pakai 2 buah dadu. ...f 1.-f 0.05

--- [331] ---

9Almanak buat 1 1/2 abat, iyaitu terpake mulai taun 1801 sampe 1950. ...f 1.-f 0.05
10Hekayat Mazeppa, dari bahasa Olanda tersalin oleh Tuwan Mohd. Syafei. ...f 0.50f 0.10
11Kapal Setan, suatu ceritera yang sangêt ajaib dan mengherankan. ...f 1.-f 0.15
12Documenten Dagang, oleh Lu Pao Ru.f 1.-f 0.15
13Romah Hantu, suatu ceritera yang mengherankan, telah kejadian di Tanjung Priuk. ...f 0.75f 0.10
14Holl-Mal, Mal-Holl. Zakwoordenboek. ...f 1.50f 0.10
15Hikayat Aladin, dengan lampu wasiat.f 0.50f 0.10
16Lie Tji Kwan, jodo yang gaib. ...f 0.40f 0.05
17Kitab Mikrad dan Perail, oleh S.A. Tohir. ...f 0.50f 0.10
18Jawaban memegang buku, deel I oleh H. Grevers. ...f 1.50f 0.10
19Memegang buku, deel I. oleh H. Grevers. ...f 2.75f 0.20
20Recept-batik, deel I, oleh Liem Boen Hwat. ...f 4.-f 0.20
21Recept-Batik, deel II. ...f 7.50f 0.20

Dan masi ada beberapa banyak pula kitab-kitab yang sanget berguna untuk umum.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


Lebih satu suku kata: mung lowung măngka panglimbang. (kembali)
arka. (kembali)
kandhih. (kembali)
Lebih satu suku kata: ayya mawi wancak galih. (kembali)
sira. (kembali)
panganira. (kembali)
nguni. (kembali)
nalăngsa. (kembali)
dhalang. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: kang tinanya amangsuli manis. (kembali)
11 praptèng. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: aran tan na babo yèn wus purnèng kardi. (kembali)
13 Biasanya guru lagu i: ringgit. (kembali)
14 kang. (kembali)
15 mring. (kembali)
16 muwus. (kembali)
17 wêtune. (kembali)
18 Tanggal: anêmbah kang tanpa asta (202 taun surya). (kembali)
19 Tanggal: ngèsthi sirnaning dhêsthi (208 taun căndra). (kembali)
20 Tanggal: wruh barakan asêmbah (203 taun surya). (kembali)
21 Tanggal: gapura kang tanpa tambang (209 taun căndra). (kembali)
22 Tanggal: warna tanpa boja (204 taun surya). (kembali)
23 Tanggal: patining janma kacaksuh (210 taun căndra). (kembali)
24 Tanggal: tata barakaning sêmbah (205 taun surya). (kembali)
25 Tanggal: rupèstri kasikara (211 taun căndra). (kembali)
26 satunggiling. (kembali)