Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127–128 dari 149
525 dari 650
5.241–5.250 dari 6.494
127.020 pan kawula kangmas rumiyin |[1] sampun madêg katong | asêsilih Sunan Ngêlagane | mangke lamun amisiha nami | saru praja aji | langkung naru wuwus ||
127.021 ya ta mèngsêm sang sri narapati | angandika alon | iya bênêr yayi mas ature | sira muliha aranmu lami | Pangran Adipati | Kapugêran iku [[f. 449r]] ||
127.022 ingkang rayi nuwun awotsari | tan lênggana katong | ya ta ingkang kawuwusa mangke | sêkathahe kang para bupati | sakilèn Sêmawis | wus kinèn anglurug ||
127.023 timbalan dalêm yèn mênang ajurit |[2] lamun Namrut danor[3] | nak putuning dèn tupêsa kabèh | kang mêtu lanang aja na kari | kang padha pawèstri | dèn boyonga iku ||
127.024 mring Salinga kang para bupati | sangking praja badhol | Ki Tumênggung Têkgal[4] têtidhine | lan Tumênggung Amangkuyudèki | Natayuda ari | katri samya têguh ||
127.025 winêtara wadya kang lumaris | nêmèwu gunge wong | ingkang matah tumbak bêdhil bae | pan kêjawi pikulan pêkathik | tan kawarnèng margi | lampahira rawuh ||
127.026 ing Gumêlêm samya nata baris | gênti winiraos | Raja Namrut miyarsa wartine | yèn gêgaman Kartasura prati | angrabasèng jurit | angrurah ing Namrut ||
127.027 asiyaga Namrut sawadyèki | sêdya arêrêmpon | wong pasisir wus manggut yudane | para bopati arsa angawaki |[5] panganjuring jurit | lir pêksi anurun ||
128. Dhandhanggula
128.001 para bupatya pan samya ngawaki |[6] pan sumahab manggut ing ayuda | wong Salinga rêmpêk prange | Raja Namrut puniku | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasamya mapag yuda | rame dènnya campuh | mêdalakên pêngabaran | Raja Namrut pêngabaran nora dadi | sampun karsaning Sukma ||
128.002 nadyan wongira kathah kang mati | tatupêsan Namrut balanira | norana tawa mimise | wus dhadhal barisipun | wadya Kartasura angusir | Raja Namrut kêcadhak[7] | rinampok wus lampus | dening Pangeran Pamênang | pan kêcadhak sêmona dèn baronjongi | mring kang para dipatya [[f. 449v]: di...patya] ||
525 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: amba punika kangmas rumiyin (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.30.1); amba nguni wus umadêg aji (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 185.29.1); ămba punika nênggih rumiyin (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.25.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: timbalan dalêm yèn mênang jurit (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.34.1). (kembali)
anor. Bandingkan: kawon (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.34.2). (kembali)
Têgal (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.33.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: pra dipati angawaki sami (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.37.4). (kembali)
Lebih satu suku kata: pra bupatya pan samya ngawaki. Bandingkan: gya têngara sagung pra dipati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.1.1). (kembali)
kêcandhak (dan di tempat lain). Bandingkan: kacandhak (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.2.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 186.6.6). (kembali)