Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 59
30 dari 323
291–300 dari 3.223
09.024 | inggar sadaya kinèn abukti | kumêroyok wong sawidak dhuwa | wusnya mangan nginang kabèh [[f. 28r]] | gêgamanira dinum | ana ikang amilih cundrik | wanèh amilih pêdhang | kêris berang suduk | ana amilih talêmpak | sampun jangkêp gêgamanira nyukupi | tinata barisira || |
09.025 | ya ta ana wong tuwa sawiji | anggarit lêmah asru lingira | hèh ta Untung ingsun mangke | lamun Wêlănda rawuh | yèn lungaa têka gêgarit | gèn ingsun mapag ing prang | nêdya amalayu | dudu anaking manusa | anak ajing[1] sapa kang tinggal gêgarit | baik bunuh priyăngga || |
09.026 | lutnanira dangu dènnya nganti | maring kang gilir jaga bêlokan | wus adangu antarane | koprale nora muncul | atanapi kang dèn giliri | jinujul i[2] sareyan | kagyat praptanipun | mulat baris jaban gudhang | gêdhong mênga kang jaga têtiga mati | sareyan gya lumajar || |
09.027 | bilang maring lutnanira aglis | bilang maring Rat Fêni Indiya[3] | gupuh amukul tambure | Kumpêni aglis kumpul | sabragada lumampah dhingin | mring gudhang pabêlokan | lajêng baris kêpung | Ki Untung sampun ayêtna | angabani rewangira nêmpuh wani | ngamuk parêng asurak || |
09.028 | binêrondong ing bêdhil tan gingsir | wong sawidak kalih ngamuk rampak | Kumpêni akathah longe | akuwêl dènnya tarung | mati bêdhil norana muni | caruk kêris lan pêdhang | tandange Ki Untung | lir yêksa sarewangira | ambêk pati Kumpêni dèn oyok wani | tumpês kang sabragada || |
09.029 | nanging wuri saya kèh [[f. 28v]] kang prapti | pangêdrèlira lir gunung rêbah | Ki Untung rusak rewange | saparo ikang kantun | ngamuk awor lawan Kumpêni | akathah ingkang pêjah | buri akèh rawuh | Ki Untung rewangya têlas | kaurugan ing mimis kadya dèn soki | tumpês kari priyăngga || |
09.030 | Untung rinêbut i ngarsa buri | kang kacandhak pinatrêm palastra | samya jrih kinandhang bae | saking loji wus mêtu | saparane dipun petari | mring bètèng ngalang-alang | nyalimpêt Ki Untung | Kumpêni padha kelangan | wus ingosak-asik tan ana kapanggih | Kumpêni padha bubar || |
09.031 | wus misuwur sanagri Batawi | yèn Untung ucul saking bêlokan | angamuk kabèh rewange | wong sapratungkon[4] ucul | ngamuk brastha awor Kumpêni | tintrim wong sanêgara | nahan kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang latri | tan ana kang uninga || |
09.032 | mêdal maring nêgara ngulari | wong sanake amomor lampahnya | manjing praja sapraptane | sanake kèh katêmu | sira Untung dipun tangisi | wong sanake sadaya | rêmbug arsa milu | mring Untung sabaya pêjah | pamuwuse Untung sun arsa naur sih- | ira manusa kathah || |
09.033 | wong têtiga ingkang milu dhingin | dalu angkate saking nagara | anggawa sagêgamane | bèntèng lang-alang rawuh | nuli karya gèn amirangti | ing sabên dina prapta | wong roro tatêlu | papat tanapi [[f. 29r]] lêlima | lawas-lawas tutur-tinuturan sami | sakèhe rewangira || |
30 dari 323
1 | anjing (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.37.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.32.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.38.9). (kembali) |
2 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | Raad van Indië (dan di tempat lain). Lihat juga: Rat Pêni [Indië]. (kembali) |
4 | sapatrungkon (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.43.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.38.4). (kembali) |