Tembang macapat

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 59
37–38 dari 323
370–379 dari 3.223
10.061 pan angangkat karya raja | Saradênta kalawan Saradinti[1] | kang dèn adêgakên ratu | wus angêlar jajahan | kanan kèri ing Ngajibarang sumuyud | seba maring Saradênta | tan ana anglawan jurit ||
10.062 yèn ana kang arsa băngga | glis ginêcak marang Ki Bun Jaladri | ajrih kang kari sumuyud | andadi barisira | amung kari jro kutha kang dèrèng cundhuk | ki tumênggung ing Toyamas | mêksih angawali jurit ||
10.063 mêmpên anèng jro nagara | ki tumênggung panggah gènira baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul | Bun Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi ||
10.064 maring kuthanira anyar | angadhaton Narendra Saradênti | Radèn Surapati wau | mongmong kang putra-putra | Bun Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agêng gêgamanira | mêngkana ikang winarni ||
10.065 sira Radèn Surapatya | abêbisik maring Ki Bun Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | maring nagri Kartasura sêdyaningsun | angabdi Suhnan Mêngkurat | yèn arsa ngabdèkên[2] kami ||
10.066 dening iku ratu dibya | pantês bisa angukuhi mring kami | dening yèn wis kandêl ingsun | sira bapa nusula | ingsun undang saparo kari sanakmu | saparo manira gawa | yèn ana takon ing kami ||
10.067 apadene [[f. 35r]: apade...ne] ratunira | awadêna ingsun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul | nanging wawêkas ingwang | lamun ana ing benjang utusan ingsun | sarta gawa singsim ingwang | ratumu cêkêlên aglis ||
10.068 sira gawaa bêbandan | poma bapa sira dèn ngati-ati | Bun Jaladriya lon matur | inggih dhatêng sandika | lan maninge bapa aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapungkur mami ||
10.069 sawusira apitungkas | nulya mangkat Rahadèn Surapati | wayahira têngah dalu | saking tanah Toyamas | datan pisah sarewangira rongpuluh | andarung lampahe ngetan | samarga angaji krami ||
10.070 asring mampir padhusunan | Surapati angaji tatakrami | sandine anjaluk sêkul | ngingoni ngrewangira | dadya randhat nèng marga samadya tèngsu | datan kawarna sêmona | prapta ing Kartasurènjing ||
37–38 dari 323

 


Saradênti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.61.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.56.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.61.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.60.2). (kembali)
ngabdèkkên. Bandingkan: angabdèkakên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.65.7). (kembali)