Tembang macapat
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 59
161–162 dari 323
1.602–1.611 dari 3.223
34.029 | dèn abêcik olèhira akrami |[1] lan arinira ing Kapugêran | ingsun iki uga êmèh | na karsaning Hyang Agung | besuk kaki saungkur mami | darapon lastaria | jênêngira ratu | aja kuwur kang punggawa | lawan aja sira kaki bèncèng pikir | lan kadang warganira || |
34.030 | poma pamanira Adipati | Pugêr lawan adhi Cakraningrat | karo kulanana tyase | amriha sih[2] sirèku | wong kêkalih iku upami | têtampah pamanira | Pugêr iku wêngku | jêjête Si Cakraningrat | yèn sira tan tinunggu wong roro ugi | nora dadi wêwadhah || |
34.031 | ingsun iki liwat dening watir | atinggal kaprabon marang sira | durung pracaya salire | marmèng sun mandhêg mangu | yèn sira tan ngowah-owahi | ing salir tingkahira | agal lawan lêmbut | prakaraning mêngku praja | akèh lire ratu drêsananing Widdhi | warananing Hyang Suksma || |
34.032 | pangran kala ingandikan enjing | kongsi lingsir dènira winulang | ing rama anèng panêpèn | nitipraja winangun | jalengkara kalawan sruti | solahing asthabrata | kang kinarya muruk | paniti awantya-wantya | nisthaning narendra myang madyaning aji | lèn utamaning nata || |
34.033 | Pangran Dipati asêmu [[f. 142r]] tangis | tan kawêdal i driya anarka | ywan kang rama sang nata mèh | puput ing yuswanipun | pangran nêmbah anulya mijil | kondur mring dalêmira | kadipatèn rawuh | ganti warsa naranata | animbali ing putra grahnya ngranuhi | mèh praptèng dalêm ajal || |
34.034 | wus karsaning Hyang gêrahira ji | sangêt datan arsa ingusadan | madhêp ing Hyang Amurba Ngrèh | prapta ing sedanipun | Sêptu Kliwon Jumadilakhir | ing wayah sirêp bocah | tanggal tiga likur | taun Alif sinêngkalan | gora padha otêr wong sadalêm puri |[3] umyang sami karuna || |
34.035 | gumêr lir gêrah swaraning tangis | Pangeran Adipati nèng pura | kêrigan wong kadipatèn | samya abaris tugur | amêlatar ing Srimanganti | wadana jro wus prapta | sadaya umangsuk | ing pura laywan narendra | siniraman para gêrwa anungkêmi | ing pada sru karuna || |
34.036 | nulya pinarnahakên ing kathil | Pangeran Adipati nèng dagan | miwah para wayah kabèh | kinapan jawi umung | wong Kaparak baris ngidêri | capuri wong Kaparak | samya baris tugur | ing dalu tan kawarnaa | tatasiyang[4] sira Pangeran Dipati | pinarêk wijil pisan || |
34.037 | wadya kadipatèn agêng alit | sangkêp ing Srimanganti gumêrah | samapta sagêgamane | Pangeran Dipatya wus | pinarêk [[f. 142v]: pina...rêk] ing dhêdhampar rukmi | andhèr pratiwanira | supênuh ingayun[5] | myang wadana jro sadaya | nayaka jaba sadaya saos kardi | anèng ing pagêlaran || |
34.038 | miwah pasisir măncanêgari | pêpêk andhèr anèng pagêlaran | myang pangeran tri wusuwe[6] | gya Sumabrata matur | ing Pangeran Dipatya gusti | dhuh rama jêng paduka | pangeran katêlu | arsa wruh laywaning raka | Pangran Pugêr Panular Arya Matawis | samya anuhun lilah || |
161–162 dari 323
1 | Lebih satu suku kata: dèn abêcik olèhira krami. Bandingkan: dèn abêcik gonira akrami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.1); dèn abêcik gènira akrami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.29.1); dèn abêcik dènira akrami (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.1). (kembali) |
2 | Terdapat dua sandangan: sih atau sèh. (kembali) |
3 | Tanggal: Sêptu (Sêtu) Kliwon tiga likur (23) Jumadilakhir Alif (Alip): gora padha otêr wong (AJ 1627). Tahun Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Bandingkan: ardi kalih rasa tugil (AJ 1627) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.9). Tanggal ini menandai wafatnya Amangkurat II dan menjadi titik awal naiknya Pangeran Dipati Anom sebagai raja. (kembali) |
4 | tatas siyang. (kembali) |
5 | ing ngayun (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | wus suwe. (kembali) |