Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
148 dari 149
646–647 dari 650
6.457–6.466 dari 6.494
148.029 | dèn abêcik gènira akrami | lawan arinira Kapugêran | pan ingsun iki ta êmèh | ana karsa Yyang Agung | pamit ingsun saungkur mami | maring Kang Amaha Mulya |[1] aja kongsi kupur | ing panjênêngira nata | lêstaria aja na kang bèncèng pikir | lan kadang warganira || |
148.030 | poma sutèng ulun Ki Dipati | pamanira dhimas Kapugêran | lan si adhi Pamalange | kulanana satuhu | dene wanti dènira wit sih | wong roro iku uga | minăngka wawêngku [[f. 552r]: wa...wêngku] | jêjête Dipati Sampang | yèn ta tampah jêjêt wêngku dèn kalisi | măngsa dadia wadhah || |
148.031 | ingsun iki liwat sangking watir | yèn tinggala kaprabon ing sira | durung pracaya jatine | marma sun mandhêk mangu | lamun sira tan angowahi | salire solahira | babo sutèng ulun | rêmpit prakarane praja | akèh lire ratu măngka drêsananing | jalaraning Yyang Sukma || |
148.032 | ingkang putra ingandikan enjing | malah lingsir dènira wilulang[2] | duk samya mugèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara Surti | solahe Nitipraja | kang kinarya wuruk | apan niti wanti-wantya | pinasthika prabu myang sêdyanirèki | kaping tri utamanya || |
148.033 | kang putra winarnèng asmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anarka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ingkang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng jaba | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | ganti warsa sang nata grah angranuhi | praptèng ing sedanira || |
148.034 | apan[3] sampun karsaning Yyang Widi | grahira tan kêna ngusadan |[4] dilalah prapte sedane | nuju ing dina Saptu | ing Kaliwon Jumadilakir | wayah sirêping rayya[5] | tanggal tiga likur | tahun Alip kang lumampah | sangkalane ardi kalih rasa tunggil |[6] otêr wong Kartasura || |
148.035 | ing jro pura gumêrah kang tangis | Jêng Pangeran [[f. 552v]: Pange...ran] Dipati sawadya | kinêrik sêgêgamane | kabèh sênjatanipun | baris anèng ing sripanganti[7] | mantri wong jro sadaya | lumêbèng kadhatun | kang layon wus siniraman | garwa nata Ratu[8] Kêncona nungkêmi | myang Ratu Kulon samya || |
148.036 | mugèng dagan Pangeran Dipati | tuwin wayah prasamya nèng dagan | sampun kinapan layone | tangis abota[9] rubuh | abdi dalêm kaparak sami | cêpuri ingubêngan | binarisan tugur | yèn dalu datan winarna | wuse enjang wau Pangeran Dipati | munggèng pintu kapisan || |
148.037 | ingkang wadya kadipatèn sami | pêpêk ing srimanganti sadaya | sarta lawan gêgamane | Prangran[10] Dipati wau | paregolan dèn pinaraki | ing jawi kawarnaa | wadya myung gumuruh | sagunge para prawira | anung-anung punika kang anèng ngarsi | andhèr saos ing karsa || |
148.038 | wong pasisir lan măncanêgari | pan sêdaya munggèng panangkilan | tuwi[11] pangran katigane | Ki Sumabrata matur | marang Kangjêng Pangran Dipati | rama paduka tiga | yun wruh layonipun | dhumatêng wau kang raka | Pangran Pukêr[12] lan Pangran Arya Matawis | katri Pangran Panular || |
646–647 dari 650
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mring Kang Amaha Mulya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.29.6); mring Hyang Kang Maha Mulya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.6); darapon lastaria (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.29.6); ywan ingsun wus palastra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.6). (kembali) |
2 | winulang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.32.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.2). (kembali) |
3 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gêrahira tan kêna ngusadan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.2); sangêt datan arsa ingusadan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.2). (kembali) |
5 | raryya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.6). Bandingkan: janma (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.6); bocah (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.6). (kembali) |
6 | Tanggal: Saptu Kaliwon (Sêtu Kliwon) tiga likur (23) Jumadilakir Alip: ardi kalih rasa tunggil (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Sangkala ini mengacu pada tahun wafatnya Amangkurat II, Susuhunan Mataram dan Kartasura (bertakhta 1677–1703). Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.34.4–9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.4–9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.34.4–9; gora padha otêr wong (AJ 1627) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.9); BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 190); BTJ Meinsma (1874 hlm. 482). (kembali) |
7 | Bandingkan: srimanganti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.37.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.35.5). (kembali) |
8 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
9 | ambata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.38.4). (kembali) |
10 | Pangran (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.37.4). (kembali) |
11 | tuwin (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.38.3). (kembali) |
12 | Pugêr (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.38.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.38.9). (kembali) |