Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
148 dari 149
647–648 dari 650
6.462–6.471 dari 6.494
148.034 apan[1] sampun karsaning Yyang Widi | grahira tan kêna ngusadan |[2] dilalah prapte sedane | nuju ing dina Saptu | ing Kaliwon Jumadilakir | wayah sirêping rayya[3] | tanggal tiga likur | tahun Alip kang lumampah | sangkalane ardi kalih rasa tunggil |[4] otêr wong Kartasura ||
148.035 ing jro pura gumêrah kang tangis | Jêng Pangeran [[f. 552v]: Pange...ran] Dipati sawadya | kinêrik sêgêgamane | kabèh sênjatanipun | baris anèng ing sripanganti[5] | mantri wong jro sadaya | lumêbèng kadhatun | kang layon wus siniraman | garwa nata Ratu[6] Kêncona nungkêmi | myang Ratu Kulon samya ||
148.036 mugèng dagan Pangeran Dipati | tuwin wayah prasamya nèng dagan | sampun kinapan layone | tangis abota[7] rubuh | abdi dalêm kaparak sami | cêpuri ingubêngan | binarisan tugur | yèn dalu datan winarna | wuse enjang wau Pangeran Dipati | munggèng pintu kapisan ||
148.037 ingkang wadya kadipatèn sami | pêpêk ing srimanganti sadaya | sarta lawan gêgamane | Prangran[8] Dipati wau | paregolan dèn pinaraki | ing jawi kawarnaa | wadya myung gumuruh | sagunge para prawira | anung-anung punika kang anèng ngarsi | andhèr saos ing karsa ||
148.038 wong pasisir lan măncanêgari | pan sêdaya munggèng panangkilan | tuwi[9] pangran katigane | Ki Sumabrata matur | marang Kangjêng Pangran Dipati | rama paduka tiga | yun wruh layonipun | dhumatêng wau kang raka | Pangran Pukêr[10] lan Pangran Arya Matawis | katri Pangran Panular ||
148.039 ngandika lon Pangran Adipati | sakarsane lumêbu ing pura [[f. 553r]] | wong arêp wruh sadulure | dyan Sumabrata mêtu | sampun kari pangeran katri | Pangran Pugêr ing têngah | ri Arya Mêntarum | anganthi mugèng ing kanan | Jêng Pangeran Panular mugèng ing kèri | sapraptanirèng pura ||
148.040 wau Kangjêng Pangeran Dipati | apan maksih munggèng paregolan | ingkang paman katigane | ngaturan kangjêng ratu | ugyaning kang layon nêrpati | sigra nungkêmi pada | pangran kalih wau | Pangran Pugêr duk sêmana | aningali kang raka kadya ing nguni | agupuh sinungkêman ||
148.041 sarwi angaras layon nêrpati | kacarita pangadêging kalam | kadya mêksih duk jênênge | nanging tan ana wêruh | Jêng Pangeran Pugêr ningali | ing kalam sri nalendra | ebat jroning kalbu | paningalira pangeran | pucuk kalam ana cahya anêlahi | gêdhene samêrica ||
148.042 dyan cinêcêp ing pangeran aglis | saicale cahya samarica | kalam mari pangadêge | wus karsane Yyang Agung | yèn nurbuwatira angalih | marang ing Kapugêran | pangran ri kayèku[11] | tan ana wikan ing cahya | iya namung Pangran Pugêr gênti waris | amêngku tanah Jawa ||
148.043 putra Kangjêng Pangeran Dipati | lamun kongsi madêga nalendra | pan ratu wawêla bae | mangkana pangran wau | ri katiga sarêng amijil [[f. 553v]] | wus prapta panangkilan | punang layon wau | ing kori kidul wêdalnya | pan sinare tunggil wontên ing Manggiri[12] | layone sri nalendra ||
647–648 dari 650

 


Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: gêrahira tan kêna ngusadan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.2); sangêt datan arsa ingusadan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.2). (kembali)
raryya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.6). Bandingkan: janma (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.6); bocah (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.6). (kembali)
Tanggal: Saptu Kaliwon (Sêtu Kliwon) tiga likur (23) Jumadilakir Alip: ardi kalih rasa tunggil (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Sangkala ini mengacu pada tahun wafatnya Amangkurat II, Susuhunan Mataram dan Kartasura (bertakhta 1677–1703). Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.34.4–9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.4–9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.34.4–9; gora padha otêr wong (AJ 1627) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.9); BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 190); BTJ Meinsma (1874 hlm. 482). (kembali)
Bandingkan: srimanganti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.37.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.35.5). (kembali)
Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
ambata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.38.4). (kembali)
Pangran (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.37.4). (kembali)
tuwin (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.38.3). (kembali)
10 Pugêr (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.38.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.38.9). (kembali)
11 karyèku (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.42.7). (kembali)
12 Magiri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.44.9). (kembali)