Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130 dari 170
583–584 dari 856
5.823–5.832 dari 8.560
130.037 ikang wadya kadipatèn sami | pêpêk anèng Srimênganti samya | sarta lawan gêgamane | Pangran Dipati wau | paregolan dèn pinaraki | ing jawi kawarnaa | wadya myang gumuruh | sagunging para pratiwa | myang pra Anung-anung anèng [[f. 504r]] Păncaniti | andhèr saos ing karsa ||
130.038 wong pasisir lan măncanêgari | pan sadaya mugèng panangkilan | tuwin pangran katigane | Ki Sumabrata matur | marang Kanjêng Pangran Dipati | igih rama panduka | katiga yun awruh | ing layonipun kang raka | Pangran Pugêr lan Pangran Arya Mêtawis | katri Pangran Panular ||
130.039 ngandika lon Pangran Adipati | sakarsane malêbu ing pura | wong arêp wruh ing sadulure |[1] Dyan Sumabrata mêtu | sampun kerid pangeran katri | Pangran Pugêr ing têngah | ri Arya Matarum | inganthi mugèng ing kanan | ri Pangeran Panular mugèng ing kering | sapraptanirèng pura ||
130.040 wau Kanjêng Pangeran Dipati | apan maksih anèng paregolan | ikang paman katigane | ngaturan kanjêng ratu | ugyanikang layon narpati | sigra nukngêmi pada | pangran kalih wau | Pangran Pugêr duk sêmana | aningali kang raka kadya duk urip | nungkêmi ngaras-aras ||
130.041 kalanangan ikang dèn sukêmi | pan kacatur pangadêging kalam | apan kadya duk gêsange | mangsane arsa pupul | lan pawèstri mugèng jinêm mrik | Pangran Pugêr sêmana | ebat jroning kalbu | paningalira pangeran | pucuk kalam ana cahya anêlahi | gêdhene samarica ||
130.042 dyan cinêcêp ing pangeran aglis | saicale cahya samarica | kalam mari [[f. 504v]: ma...ri] pangadêge | wus karsaning Yyang Luhur | yèn nurbuwatira angalih | marang ing Kapugêran | pangran ri karyèku | tan ana wikan ing cahya | iya amung Pangran Pugêr gênti waris | amêngku tanah Jawa ||
130.043 putra Kanjêng Pangeran Dipati | lamun kongsia madêg narendra | pan ratu wêwêla bae | mêngkana pangran wau | ri katiga sarêng umijil | wus prapta panangkilan | punang layon wau | ing kori kidul wêdalnya | pan sinarèkakên tugil ing Magiring[2] | layone sri narendra ||
130.044 kang andhèrèk layoning nrêpati | mantri gêdhong tinuduh sadaya | Ratu Kancana andhèrèk | ambêkta reyal sèwu | kaskayaning nata pribadi | dudu wêtuning praja | reyal muklis wau | saking karingêt sang nata | lawan Radèn Suryakusuma tinuding | ngiring layoning uwa ||
130.045 tan winarna wau kang lumaris | kawarnaa Pangran Adipatya | nimbali Sumabratane | prapta ngayuning rèku | angandika Pangran Dipati | hèh paran karêpira | isun madêg ratu | Ki Sumabrata tur sêmbah | batên mawi utusan dhatêng Kumpêni | tur uning nata seda ||
130.046 lan marcayakakên dika gusti | lamun arsa umadêg narendra | jêng pangeran andikane | yèn uwis madêg besuk | apracaya luwih abêcik | ing mêngko sun tan arsa | yèn aye wêruh |[3] lah uwis sira mêtua [[f. 505r]: mê...tua] | lan sakèhe pra niyaka aja mulih | sun lagia akampuhan |[4]|
583–584 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong arêp wruh sadulure (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.39.3); arsa wruh ing sadulure (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.39.3). (kembali)
Magiri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.44.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn asunga wêruh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.47.7); yèn awèha wêruh (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.46.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.46.7). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun lagi akampuhan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.180, Pupuh 130.46.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.46.10); mung arsa kêkampuhan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.47.10); ingsun arsa kampuhan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.46.10). (kembali)